الم(1) Alif-Laam-Miim |
تَنزِيلُ الْكِتَابِ لَا رَيْبَ فِيهِ مِن رَّبِّ الْعَالَمِينَ(2) Ora semelang yen tumuruning Kitab (al-Qur’an) iku saka Allah Pangerane jagad saisine |
أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَاهُ ۚ بَلْ هُوَ الْحَقُّ مِن رَّبِّكَ لِتُنذِرَ قَوْمًا مَّا أَتَاهُم مِّن نَّذِيرٍ مِّن قَبْلِكَ لَعَلَّهُمْ يَهْتَدُونَ(3) Wong (kafir) mau padha celathu, "al-Qur’an iku gaweyane (Muhammad) dhewe?". Ora, iku kasuyatan saka Pangeranira, amrih sira aweh pepeling marang bangsa sadurungira. Ora anajuru pepeling kang nekani mrono. Supaya dheweke padha miturut dalan kang bener |
اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ ۖ مَا لَكُم مِّن دُونِهِ مِن وَلِيٍّ وَلَا شَفِيعٍ ۚ أَفَلَا تَتَذَكَّرُونَ(4) ALlah iku kang gawe bumi lan langit sarta barang antarane, lawase mung rampung dina. Sawise dadi Allah banjur murbawasesa ing kratone(arsy). Sira ora duwe andel - andel liyane Allah. Kang bakal mitulungi utawa nggenepi kekuranganira murungake siksane Allah. Ya gene sira padha ora ngrasak - ngrasakake kang mangkono mahu |
يُدَبِّرُ الْأَمْرَ مِنَ السَّمَاءِ إِلَى الْأَرْضِ ثُمَّ يَعْرُجُ إِلَيْهِ فِي يَوْمٍ كَانَ مِقْدَارُهُ أَلْفَ سَنَةٍ مِّمَّا تَعُدُّونَ(5) Allah nindakake lan niti priksa urusan saka langit tumeka bumi. Tumuli urusan - uran mau kanjuk ing Allah ana ing dina (Qiyamat) sing ukurane sewu tahun miturut petungmu |
ذَٰلِكَ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ الْعَزِيزُ الرَّحِيمُ(6) Alah nguningani barang kang samar - samar lan kasat mata. Kagungan sifat Mulya lan Asih |
الَّذِي أَحْسَنَ كُلَّ شَيْءٍ خَلَقَهُ ۖ وَبَدَأَ خَلْقَ الْإِنسَانِ مِن طِينٍ(7) Allah kang becikake wangune samu barang dedamelane sarta murwani gawe manungsa saka lemah (Adam) |
ثُمَّ جَعَلَ نَسْلَهُ مِن سُلَالَةٍ مِّن مَّاءٍ مَّهِينٍ(8) Banjur gawe turune manungsa saka sari pathine banyu helek (mani) |
ثُمَّ سَوَّاهُ وَنَفَخَ فِيهِ مِن رُّوحِهِ ۖ وَجَعَلَ لَكُمُ السَّمْعَ وَالْأَبْصَارَ وَالْأَفْئِدَةَ ۚ قَلِيلًا مَّا تَشْكُرُونَ(9) Allah damel rupa mangungsa banjur dipanjingi ruh sarta padha diparingi pangrungu lan pandeleng lan pikir. Ewadene kang syukur ing Allah mung sathithik |
وَقَالُوا أَإِذَا ضَلَلْنَا فِي الْأَرْضِ أَإِنَّا لَفِي خَلْقٍ جَدِيدٍ ۚ بَلْ هُم بِلِقَاءِ رَبِّهِمْ كَافِرُونَ(10) (Wong kang maido qiyamat) padha ngucap, "Malaikat pati kang tinanggenah dening Allah bakal hanglolos nyawamu. Wusana ing tembe kowe bakal padha bali disowanake ana ngarsane Allah Pangeranmu |
۞ قُلْ يَتَوَفَّاكُم مَّلَكُ الْمَوْتِ الَّذِي وُكِّلَ بِكُمْ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّكُمْ تُرْجَعُونَ(11) Sira dhawuha, "Malaikat pati kang tinanggenah dening Allah bakal hanglolos nyawamu. WUsana ing tembe kowe bakal padha bali disowanake ana ngarsane Allah Pangeranmu |
وَلَوْ تَرَىٰ إِذِ الْمُجْرِمُونَ نَاكِسُو رُءُوسِهِمْ عِندَ رَبِّهِمْ رَبَّنَا أَبْصَرْنَا وَسَمِعْنَا فَارْجِعْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا إِنَّا مُوقِنُونَ(12) Sira bakal handeleng para wong kafir padha hanjungkel ana ngarsane Pangerane, tumungkul, sarta padha munjuk, "Pangeran kawula ! Sapunika kawula sampun sumerep piyambak saha sampun mireng dhawuh Paduka (bab temenipun para Rasul). Sakpunika panyuwun kawula mugi wontena kepareng Paduka mangsulaken (dhateng donya malih), Kawula sanggem badhe nglampahi pandamel sahe. Sapunika kawula sampun ngandel (sayektos dhateng para Rasul) |
وَلَوْ شِئْنَا لَآتَيْنَا كُلَّ نَفْسٍ هُدَاهَا وَلَٰكِنْ حَقَّ الْقَوْلُ مِنِّي لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ(13) Upama Ingsun kersa, manungsa iku kabeh diparingi pituduh bener. Nanging kersaningsun ora mangkono. Pangandikaningsun, "Neraka jahannma bakal Ingsun kebaki hisine Jin lan Manungsa |
فَذُوقُوا بِمَا نَسِيتُمْ لِقَاءَ يَوْمِكُمْ هَٰذَا إِنَّا نَسِينَاكُمْ ۖ وَذُوقُوا عَذَابَ الْخُلْدِ بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(14) Mara padha ngrasakna siksa, patrapane anggonmu padha ora perduli lan ora percaya anane akhera. Aku uga ora perduli marang kowe. Saiki padha ngrasakna siksa langgeng patrapane anggonmu padha tumindak (kafir) |
إِنَّمَا يُؤْمِنُ بِآيَاتِنَا الَّذِينَ إِذَا ذُكِّرُوا بِهَا خَرُّوا سُجَّدًا وَسَبَّحُوا بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَهُمْ لَا يَسْتَكْبِرُونَ ۩(15) Kang mesthi ngandel marang al-Qur’an (ayat - ayatingsun) mung wong kang yen dipituturi kelawan surasaning al-Quran, banjur sungkem sujud ing Allah, Sarta nyebut Maha Suci kelawan memuji ALlah Pangerane. Apadene ora gumedhe |
تَتَجَافَىٰ جُنُوبُهُمْ عَنِ الْمَضَاجِعِ يَدْعُونَ رَبَّهُمْ خَوْفًا وَطَمَعًا وَمِمَّا رَزَقْنَاهُمْ يُنفِقُونَ(16) Hing wayah wengi padha tangi saka turune, banjur sholat lan nyenyuwun ing Pangeran. Wedi siksane lan kepengin ganjarane. Apa dene padha dhangan mewehake rizki peparing Ingsun |
فَلَا تَعْلَمُ نَفْسٌ مَّا أُخْفِيَ لَهُم مِّن قُرَّةِ أَعْيُنٍ جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(17) Wong siji wae ora ana kang weruh kanugrahan apa kang isih disamar dening Allah, bakal diparingake marang wong mahu, minangka ganjaraning pangabekti kang wis dilakoni |
أَفَمَن كَانَ مُؤْمِنًا كَمَن كَانَ فَاسِقًا ۚ لَّا يَسْتَوُونَ(18) Wong kang percaya lan ngestokake ing Allah, apa padha bae karo wong kang duraka? mesthi ora |
أَمَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فَلَهُمْ جَنَّاتُ الْمَأْوَىٰ نُزُلًا بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(19) Dene wong kang padha percaya ing Allah, sarta padha nglakoni panggawe becik, iku bakal padha holeh ganjaran suwarga Ma’wa. Minangka ganjaring pangabekti kang wis padha dilakoni |
وَأَمَّا الَّذِينَ فَسَقُوا فَمَأْوَاهُمُ النَّارُ ۖ كُلَّمَا أَرَادُوا أَن يَخْرُجُوا مِنْهَا أُعِيدُوا فِيهَا وَقِيلَ لَهُمْ ذُوقُوا عَذَابَ النَّارِ الَّذِي كُنتُم بِهِ تُكَذِّبُونَ(20) Dene wong kang padha duroko panggone ana neraka, saben arep metu saka neraka dibalekake ana ing panggonane ing neraka. Malah padha didhawuhi, "Pada ngrasakna siksa neraka, kang padha sira paido biyen |
وَلَنُذِيقَنَّهُم مِّنَ الْعَذَابِ الْأَدْنَىٰ دُونَ الْعَذَابِ الْأَكْبَرِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ(21) (Wong kafir mau) ana ing donya Ingsun weruhake rasaning siksa kang mayar, iya iku diboyong lan pahilan sapadhane, sadurunge Ingsun weruhake rasaning siksa kang gedhe ana akhirat kang mangkono mahu supaya padha marenana (anggone kafir) |
وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّن ذُكِّرَ بِآيَاتِ رَبِّهِ ثُمَّ أَعْرَضَ عَنْهَا ۚ إِنَّا مِنَ الْمُجْرِمِينَ مُنتَقِمُونَ(22) Ora ana wong kang luwih duraka katimbang wong kang dipituturi kelawan surasaning al-QUr’an, nanging banjur mlengos, satemene Ingsun mesthi niksa para wong kafir |
وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ فَلَا تَكُن فِي مِرْيَةٍ مِّن لِّقَائِهِ ۖ وَجَعَلْنَاهُ هُدًى لِّبَنِي إِسْرَائِيلَ(23) Ingsun wis maringi kitab (taurat) marang Musa. sira aja sumelang anggonira papatemon karo Musa (nalikane sira Ingsun timbali munggah marang langit) dheweke Ingsun dadekake panuduh dalan bener marang prakara turune Israil |
وَجَعَلْنَا مِنْهُمْ أَئِمَّةً يَهْدُونَ بِأَمْرِنَا لَمَّا صَبَرُوا ۖ وَكَانُوا بِآيَاتِنَا يُوقِنُونَ(24) Turuning Israel hiya ana kang Ingsun dadekake pangareping manungsa, hiya iku para Nabi padha nuduhake wong akeh ngestokake parentah Ingsun, awit para Nabi mau padha teguh atine, sarta padha ngandel ayatngsun |
إِنَّ رَبَّكَ هُوَ يَفْصِلُ بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كَانُوا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ(25) Satemene Allah Pangeranira iku bakal mancas prakara pasulayane para Nabi mahu lan para umate kang pada maido besuk dina qiyamat |
أَوَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ أَهْلَكْنَا مِن قَبْلِهِم مِّنَ الْقُرُونِ يَمْشُونَ فِي مَسَاكِنِهِمْ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ ۖ أَفَلَا يَسْمَعُونَ(26) Wong kafir apa ora wis dituduhake dening Allah para ummat kuna kang padha ditumpesi marga kafir. Wong kafir padha mlaku andeleng patilasane. Kang mangkono mahu mesthi dadi tandha yekti. Ya gene wong kafir ora padha ngrasak - ngrasakake |
أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّا نَسُوقُ الْمَاءَ إِلَى الْأَرْضِ الْجُرُزِ فَنُخْرِجُ بِهِ زَرْعًا تَأْكُلُ مِنْهُ أَنْعَامُهُمْ وَأَنفُسُهُمْ ۖ أَفَلَا يُبْصِرُونَ(27) Wong kafir apa ora padha handeleng hanggoningsun ngilekake banyu marang palemahan kang bera. Banjur Ingsun anggo nukulake tetanduran ana ing palemahan mahu, wusana banjur dadi pangane wong kafir dalah ingon - ingone. Apa padha ora deleng kahanan kang mangkono mahu |
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْفَتْحُ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(28) (Wong kafir) padha celathu (marang wong mukmin) yen kandhamu mau temen, besuk apa bedhahe negara Mekkah |
قُلْ يَوْمَ الْفَتْحِ لَا يَنفَعُ الَّذِينَ كَفَرُوا إِيمَانُهُمْ وَلَا هُمْ يُنظَرُونَ(29) (Muhammad) dhawuha, "Bab bedhahe Mekkah utawa dina Qiyamat (Allah piyambak kang wuninga) ing kono tobate wis ora migunani sarta wis ora disrantekake maneh paniksane |
فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ وَانتَظِرْ إِنَّهُم مُّنتَظِرُونَ(30) Mulane sira malengosa marang wong kafir, sarta ngarep - arep pitulunging Allah, wong kafir uga ngarep - arep menange |