Surah An-Nur with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah An Nur | النور - Ayat Count 64 - The number of the surah in moshaf: 24 - The meaning of the surah in English: The Light.

سُورَةٌ أَنزَلْنَاهَا وَفَرَضْنَاهَا وَأَنزَلْنَا فِيهَا آيَاتٍ بَيِّنَاتٍ لَّعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ(1)

 Iki surat kang kasebut ing dalam al-Qur’an kang Ingsun turunake sarta ingsun wajibake nindakake hukum - hukum kang kasebut ana ing surat mau, sarta Ingsun nurunake pirang - pirang ayat kang terang ana ing sak jerone surat supaya sira kabeh tansah ngestokake

الزَّانِيَةُ وَالزَّانِي فَاجْلِدُوا كُلَّ وَاحِدٍ مِّنْهُمَا مِائَةَ جَلْدَةٍ ۖ وَلَا تَأْخُذْكُم بِهِمَا رَأْفَةٌ فِي دِينِ اللَّهِ إِن كُنتُمْ تُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ ۖ وَلْيَشْهَدْ عَذَابَهُمَا طَائِفَةٌ مِّنَ الْمُؤْمِنِينَ(2)

 Dene wong wadon kang tindak zina, sarta wong lanang kang uga nindakake zina iku sira patrapona digitik kaping satus, sarta sira aja welas marang karo - karone kang pamrihe sira banjur ora nindakake agamane Allah menawa sira temen - temen iman marang Allah lan dina Akherat. Lan tumindake ukuman marang wong - wong kang zina mau supaya disaksekake marang sakwetara saka wong - wong kang mu’min

الزَّانِي لَا يَنكِحُ إِلَّا زَانِيَةً أَوْ مُشْرِكَةً وَالزَّانِيَةُ لَا يَنكِحُهَا إِلَّا زَانٍ أَوْ مُشْرِكٌ ۚ وَحُرِّمَ ذَٰلِكَ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ(3)

 Dene wong lanang kang tumindak zina iku ora kena ngrabeni kajaba wong wadon kang zina utawa wong wadon - wadon kang musyrik. Dene wong wadon kang tumindak zina ora kena omah - omah kajaba karo wong lanang kang tumindak zina utawa wong lanang kang musyrik. Lan wong mu’min padha diharamake laki-rabi karo wong kang tumindak zina (padha uga lanang utawa wadon)

وَالَّذِينَ يَرْمُونَ الْمُحْصَنَاتِ ثُمَّ لَمْ يَأْتُوا بِأَرْبَعَةِ شُهَدَاءَ فَاجْلِدُوهُمْ ثَمَانِينَ جَلْدَةً وَلَا تَقْبَلُوا لَهُمْ شَهَادَةً أَبَدًا ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ(4)

 Dene wong kang ndakwa tumindak zina marang wong wadon kang becik* (muhsonah), Lan dheweke ora bisa nganakake saksi wong lanang papat kang kang nyumurupi anggone tumindak zina, wong sing dakwa mengkono mau sira patrapana gitik kaping . Lan sak banjure menawa arep dadi saksi aja sira anggep saklawase. ya wong - wong kaya mengkono iku kang diarani wong kang ala

إِلَّا الَّذِينَ تَابُوا مِن بَعْدِ ذَٰلِكَ وَأَصْلَحُوا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(5)

 Kajaba wong kang ndakwa tumindak zina mau banjur tobat sarta banjur becik kelakuane iku kena dadi saksi. Saktemene Allah iku maha pangapura sarta maha asih

وَالَّذِينَ يَرْمُونَ أَزْوَاجَهُمْ وَلَمْ يَكُن لَّهُمْ شُهَدَاءُ إِلَّا أَنفُسُهُمْ فَشَهَادَةُ أَحَدِهِمْ أَرْبَعُ شَهَادَاتٍ بِاللَّهِ ۙ إِنَّهُ لَمِنَ الصَّادِقِينَ(6)

 Dene wong kang ndakwa zina marang rabine dhewe ing mangka ora duwe saksi kejaba awake iku wajib anggone nekseni kaping papat nganggo supata demi Allah, menawa dheweke iku temen - temen anggone ndakwa tumindake zina marang rabine

وَالْخَامِسَةُ أَنَّ لَعْنَتَ اللَّهِ عَلَيْهِ إِن كَانَ مِنَ الْكَاذِبِينَ(7)

 Dene saksi kaping lima yaiku dheweke sumpah, menawa pendakwane mau goroh muga - muga dibendoni dening Allah

وَيَدْرَأُ عَنْهَا الْعَذَابَ أَن تَشْهَدَ أَرْبَعَ شَهَادَاتٍ بِاللَّهِ ۙ إِنَّهُ لَمِنَ الْكَاذِبِينَ(8)

 Dene wong wadon (rabine) kang didakwa tumindak zina mau iya bisa ora kepatrapan patrapane wong kang tumindak zina sarana nganti nekseni kaping papat nganggo supata Demi Allah. Lan saktemene pendakwane wong lanang mau goroh

وَالْخَامِسَةَ أَنَّ غَضَبَ اللَّهِ عَلَيْهَا إِن كَانَ مِنَ الصَّادِقِينَ(9)

 Dene saksi kang kaping lima yaiku dheweke sumpah, menawa pendakwane zina bojone mau temen, wong wadon kang didakwa mau muga - muga kena benduning Allah

وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ وَأَنَّ اللَّهَ تَوَّابٌ حَكِيمٌ(10)

 Sak upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira kabeh (mesthi bab pendakwa zina kang mengkono mau, digoleki keterangane) nanging kersane Allah ora mengkono. Saktemene Allah iku kepareng ngapura dosane wong kang tobat tur wicaksana

إِنَّ الَّذِينَ جَاءُوا بِالْإِفْكِ عُصْبَةٌ مِّنكُمْ ۚ لَا تَحْسَبُوهُ شَرًّا لَّكُم ۖ بَلْ هُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۚ لِكُلِّ امْرِئٍ مِّنْهُم مَّا اكْتَسَبَ مِنَ الْإِثْمِ ۚ وَالَّذِي تَوَلَّىٰ كِبْرَهُ مِنْهُمْ لَهُ عَذَابٌ عَظِيمٌ(11)

 (Muhammad) saktemene wong - wong kang padha nggowo kabar goroh iku iya saka golonganira uga, nanging pawarta kang disebarake dening wong - wong iku aja sira anggep ala mungguhing Allah, nanging iku becik tumrap risa, (nalika semana ana saweneh wong mu’min kang ndakwa zina marang rabinira Siti ’Aisyah). SIji - sijine wong mesthi bakal kapatrapan dosa apa kang ditindakake dhwee. Dene golonganira kang kapatrapan dosa gedhe ndakwa zina mau, mesthi bakal pikantuk siksa kang abot

لَّوْلَا إِذْ سَمِعْتُمُوهُ ظَنَّ الْمُؤْمِنُونَ وَالْمُؤْمِنَاتُ بِأَنفُسِهِمْ خَيْرًا وَقَالُوا هَٰذَا إِفْكٌ مُّبِينٌ(12)

 (He wong mukmin) nalika sira padha krungu pendakwa zina mau apa ora banjur ngira menawa golongan mukmin iku becik, sarta banjur padha ngucap pendakwa iki cetha goroh

لَّوْلَا جَاءُوا عَلَيْهِ بِأَرْبَعَةِ شُهَدَاءَ ۚ فَإِذْ لَمْ يَأْتُوا بِالشُّهَدَاءِ فَأُولَٰئِكَ عِندَ اللَّهِ هُمُ الْكَاذِبُونَ(13)

 Yogene wong kang padha ndakwa tumindak zina (marang sita ’Aisyah) mau teka ora bisa nekakake sakwi wong lanang papat. Sarehning wong mau ora bisa ngenekake saksi papat wong - wong mau ana ing ngarsane Allah tetep wong kang goroh pendakwane

وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ لَمَسَّكُمْ فِي مَا أَفَضْتُمْ فِيهِ عَذَابٌ عَظِيمٌ(14)

 (He wong kang padha ndakwa tumindak zina marang siti ’Aisyah) sak upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira ana ing donya lan ana ing akherat, sira mesthi padha pikantuk siksa kang abot

إِذْ تَلَقَّوْنَهُ بِأَلْسِنَتِكُمْ وَتَقُولُونَ بِأَفْوَاهِكُم مَّا لَيْسَ لَكُم بِهِ عِلْمٌ وَتَحْسَبُونَهُ هَيِّنًا وَهُوَ عِندَ اللَّهِ عَظِيمٌ(15)

 Marga anggonira wani - wani andakwa zina mau lisanira padha ngucapake barang kang sira ora sumurup, lan sira ngira barang kang kaya mengkono mau remeh wae. Sumurupa bab ndakwa tumindak zina iku mungguhing Allah perkara kang gedhe

وَلَوْلَا إِذْ سَمِعْتُمُوهُ قُلْتُم مَّا يَكُونُ لَنَا أَن نَّتَكَلَّمَ بِهَٰذَا سُبْحَانَكَ هَٰذَا بُهْتَانٌ عَظِيمٌ(16)

 Yogene nalika sira krungu ora gelem ngucap mengkene, "Ora prayoga menawa melu - melu ngucap kang kaya mengkne iki". Dhuh Allah panjenengan punika maha suci. Wicaksana tenan mekaten punika gegorohan ingkang agung

يَعِظُكُمُ اللَّهُ أَن تَعُودُوا لِمِثْلِهِ أَبَدًا إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ(17)

 Menawa sira iman marang Allah, Allah paring piwulang marang sira, sira aja pisan - pisan mbaleni ngucapake kang kaya mengkono mau

وَيُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ ۚ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ(18)

 Lan Allah nerangake dhawuh marang sira kanthi pirang - pirang tandha yekti. Dene Allah maha ngudaneni tur wicaksana

إِنَّ الَّذِينَ يُحِبُّونَ أَن تَشِيعَ الْفَاحِشَةُ فِي الَّذِينَ آمَنُوا لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنتُمْ لَا تَعْلَمُونَ(19)

 Saktemene wong kang padha remen nyiar - nyiarake pawarta ala marang wong mu’min, iku bakal kapatrapan siksa kang nglarani ana ing donya lan akherat. Dene Allah iku nguningani nanging sira ora padha sumurup

وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ وَأَنَّ اللَّهَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ(20)

 Sak upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira (mesthi sira padha dipatrapi siksa sak nalika). Saktemene Allah iku maha welas lan asih marang kawulane

۞ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ وَمَن يَتَّبِعْ خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ فَإِنَّهُ يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ ۚ وَلَوْلَا فَضْلُ اللَّهِ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَتُهُ مَا زَكَىٰ مِنكُم مِّنْ أَحَدٍ أَبَدًا وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يُزَكِّي مَن يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ(21)

 He wong kang padha iman sira aja padha manur marang tumindak syetan. SIng sapa manut marang tumindak syetan iku sumurupa menawa syetan iku prentah marang tumindak jember lan ala. Lan upama ora ana kanugrahan lan rahmate Allah marang sira yekti ora bisa resik saka dosane saklawase. Nanging Allah kersa ngresikake saka dosane marang wong - wong kang dadi kersane. Dene Allah iku maha midhanget sarta maha ngudaneni

وَلَا يَأْتَلِ أُولُو الْفَضْلِ مِنكُمْ وَالسَّعَةِ أَن يُؤْتُوا أُولِي الْقُرْبَىٰ وَالْمَسَاكِينَ وَالْمُهَاجِرِينَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۖ وَلْيَعْفُوا وَلْيَصْفَحُوا ۗ أَلَا تُحِبُّونَ أَن يَغْفِرَ اللَّهُ لَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(22)

 Lan wong - wong kang duweni keluwihan sarta kajembaran (sugih) aja sumpah, yen dheweke ora arep weweh marang sanak sedulure, wong - wong miskin sarta wong - wong kang padha gelem pindah krana ngleboni agamane Allah, lan wong - wong mau kudu lila lan legawa. Apa sira kabeh ora remen menawa ALlah iku paring pangapuramarang sira. Dene Allah iku maha pangapura sarta maha asih

إِنَّ الَّذِينَ يَرْمُونَ الْمُحْصَنَاتِ الْغَافِلَاتِ الْمُؤْمِنَاتِ لُعِنُوا فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ(23)

 Saktemene wog kang padha ndakwa zina marang wong wadon kang becik (muhsonah) kang nyingkur saka tumindak ala lan padha iman, iku padha nyandhang bebendune Allah ana ing donya lan ana ing akherta, (ana ing donya dipatrapi menurut hukum syara’, ing mbesuk ana ing akherat bakal disiksa ana ing neraka). Sarta dheweke padha kapatrapan siksa kang abot

يَوْمَ تَشْهَدُ عَلَيْهِمْ أَلْسِنَتُهُمْ وَأَيْدِيهِمْ وَأَرْجُلُهُم بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(24)

 Ana ing dina nalika lisan, tangan sarta sikil dadi saksine dheweke tumrap apa barang kang ditindakake nalika semana

يَوْمَئِذٍ يُوَفِّيهِمُ اللَّهُ دِينَهُمُ الْحَقَّ وَيَعْلَمُونَ أَنَّ اللَّهَ هُوَ الْحَقُّ الْمُبِينُ(25)

 Iya ana ing dina iku Allah nuhoni janjine matrapi siksa marang wong kang tumindak dosa kanthi bener lan wong durhaka padha sumurup menawa Allah iku kang bener lan kang nereangake apa kang wis didhawuhake ana ing donya

الْخَبِيثَاتُ لِلْخَبِيثِينَ وَالْخَبِيثُونَ لِلْخَبِيثَاتِ ۖ وَالطَّيِّبَاتُ لِلطَّيِّبِينَ وَالطَّيِّبُونَ لِلطَّيِّبَاتِ ۚ أُولَٰئِكَ مُبَرَّءُونَ مِمَّا يَقُولُونَ ۖ لَهُم مَّغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ(26)

 Wong - wong wadon kang tumindak ala iku patute kanggo wong - wong lanang kang tumindak ala, dene wong - wong lanang kang tumindak ala iku patute uga kanggo wong - wadon kang tumindak ala. Dene wong wadon kang tumindak becik iku patute kanggo wong - wong lanang kang tumindak becik, serta wong lanang kang tumindak becik iku patute kanggo wong - wong wadon kang tumindak becik. Wong - wong mau (siti ’Aisyah lan Sofwan) iku tetep resik saka ucapan wong - wong kang padha ndakwa mau, sarta dheweke bakal tampa pangapura sarta rejeki kang mulya

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَدْخُلُوا بُيُوتًا غَيْرَ بُيُوتِكُمْ حَتَّىٰ تَسْتَأْنِسُوا وَتُسَلِّمُوا عَلَىٰ أَهْلِهَا ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ(27)

 He wong kang padha iman sira aja mlebu omah kang dudu omahira, kajaba menawa wis pikanthuk palilahe kang duwe omah, lan kudu uluk salam marang kang ana omah kono. Iya kang mengkono iku kang luwih becik tumrap sira, supaya sira pikantuk pitutur (elinga lan ngestokna)

فَإِن لَّمْ تَجِدُوا فِيهَا أَحَدًا فَلَا تَدْخُلُوهَا حَتَّىٰ يُؤْذَنَ لَكُمْ ۖ وَإِن قِيلَ لَكُمُ ارْجِعُوا فَارْجِعُوا ۖ هُوَ أَزْكَىٰ لَكُمْ ۚ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ عَلِيمٌ(28)

 Menawa omah iku pinuju suwung ora ana wong siji - sijia sira aja mlebu ing omah, ngentenana yen wis pikantuk palilahe kang duwe omah marang sira. Dene menawa anggonira njaluk palilahe diwangsuli, "Kowe balia", sira banjur iya baliya (aja mung ngadeg ana ing ngarep lawang wae). kang mengkono iku luwih prayoga marang sira. Dene Allah iku ngudaneni marang kabeh barang kang padha ditindakake dening wong - wong mau

لَّيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَن تَدْخُلُوا بُيُوتًا غَيْرَ مَسْكُونَةٍ فِيهَا مَتَاعٌ لَّكُمْ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تُبْدُونَ وَمَا تَكْتُمُونَ(29)

 Lan sira ora kapatrapan dosa klebu omah kang ora dinggoni wong kang temtu malah sira duwe wewenang sawatara marang omah mau (ngeyup, leren lan sakpadane kayata srambi, pondokan kang disediyakake lan sakpanunggalane). Dene Allah iku nguningani kabeh kang sira lahirake lan kang sira umpetake

قُل لِّلْمُؤْمِنِينَ يَغُضُّوا مِنْ أَبْصَارِهِمْ وَيَحْفَظُوا فُرُوجَهُمْ ۚ ذَٰلِكَ أَزْكَىٰ لَهُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا يَصْنَعُونَ(30)

 (Muhammad) sira dhawuha marang para wong mukmin lanang dheweke ngeremake mripake (saka haram) lan supaya padha rumeksa mrang kehormatane dhewe - dhewe (saka tindak zina). Kang mengkono iku luwih prayoga (suci) tumrap dheweke. Saktemene Allah iku maha Waspada marang barang kang padha ditindakake dening wong - wong mau

وَقُل لِّلْمُؤْمِنَاتِ يَغْضُضْنَ مِنْ أَبْصَارِهِنَّ وَيَحْفَظْنَ فُرُوجَهُنَّ وَلَا يُبْدِينَ زِينَتَهُنَّ إِلَّا مَا ظَهَرَ مِنْهَا ۖ وَلْيَضْرِبْنَ بِخُمُرِهِنَّ عَلَىٰ جُيُوبِهِنَّ ۖ وَلَا يُبْدِينَ زِينَتَهُنَّ إِلَّا لِبُعُولَتِهِنَّ أَوْ آبَائِهِنَّ أَوْ آبَاءِ بُعُولَتِهِنَّ أَوْ أَبْنَائِهِنَّ أَوْ أَبْنَاءِ بُعُولَتِهِنَّ أَوْ إِخْوَانِهِنَّ أَوْ بَنِي إِخْوَانِهِنَّ أَوْ بَنِي أَخَوَاتِهِنَّ أَوْ نِسَائِهِنَّ أَوْ مَا مَلَكَتْ أَيْمَانُهُنَّ أَوِ التَّابِعِينَ غَيْرِ أُولِي الْإِرْبَةِ مِنَ الرِّجَالِ أَوِ الطِّفْلِ الَّذِينَ لَمْ يَظْهَرُوا عَلَىٰ عَوْرَاتِ النِّسَاءِ ۖ وَلَا يَضْرِبْنَ بِأَرْجُلِهِنَّ لِيُعْلَمَ مَا يُخْفِينَ مِن زِينَتِهِنَّ ۚ وَتُوبُوا إِلَى اللَّهِ جَمِيعًا أَيُّهَ الْمُؤْمِنُونَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ(31)

 Lan (Muhammad) sira dhawuha marang para wong mukmin wadon, supaya dheweke padha ngeremake mripate (saka haram) lan supaya padha dumeksa marang kehormatane dhewe - dhewe (saka tindak zina) lan aja ngatonake pepaese (rerenggane), kajaba pepaes (rerenggan) kang adate wis katon. Lan supaya padha nutupana sirah, gulu tumeka dhadha kelawan kudhunge sarta aja ngatonake pepaesane (rerenggane) kajaba marang bojone, utawa marang bapak - bapakne, utawa marang bapak - bapakne bojone, utawa marang anak - anake, utawa anak - anake bojone utawa marang sedulur - sedulure lanang utawa anak - anake sedulure wadon, utawa marang wong - wong wadon liya utawa wong wadon amat (kang dimiliki dening tangan tengene) utawa pengiring - pengiringe (wong tuwa) kang wis ora duwe syahwat marang wong wadon, utawa marang bocah lanang kang durung nglahirake (karep syahwat) marang aurat - aurate wong wadon. Lan menawa mlaku, anggone tumindak aja seru - seru, murih katona renggane (pepaese) kang mesthine ora katon. He para wong mukmin sira kabeh padha tobata marang Allah, supaya sira padha pikantuk kabegjan

وَأَنكِحُوا الْأَيَامَىٰ مِنكُمْ وَالصَّالِحِينَ مِنْ عِبَادِكُمْ وَإِمَائِكُمْ ۚ إِن يَكُونُوا فُقَرَاءَ يُغْنِهِمُ اللَّهُ مِن فَضْلِهِ ۗ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ(32)

 Lan sira padha ngomah - ngomahna (nikahna) wong wadonira kang isih legan, sarta pada kawulanira lan umatira kang mukmin lan saleh. Menawa dheweke padha fakir, Allah bakal paring kecukupan (paring kesugihan) marang dheweke awit saka kanugrahane. Dene Allah iku maha Jembar lan Maha Ngudaneni

وَلْيَسْتَعْفِفِ الَّذِينَ لَا يَجِدُونَ نِكَاحًا حَتَّىٰ يُغْنِيَهُمُ اللَّهُ مِن فَضْلِهِ ۗ وَالَّذِينَ يَبْتَغُونَ الْكِتَابَ مِمَّا مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ فَكَاتِبُوهُمْ إِنْ عَلِمْتُمْ فِيهِمْ خَيْرًا ۖ وَآتُوهُم مِّن مَّالِ اللَّهِ الَّذِي آتَاكُمْ ۚ وَلَا تُكْرِهُوا فَتَيَاتِكُمْ عَلَى الْبِغَاءِ إِنْ أَرَدْنَ تَحَصُّنًا لِّتَبْتَغُوا عَرَضَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۚ وَمَن يُكْرِههُّنَّ فَإِنَّ اللَّهَ مِن بَعْدِ إِكْرَاهِهِنَّ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(33)

 LAn kabeh wong kang ora duwe weragad kanggo rabi, becik dipadha ngati - ati rumeksa awake dhewe, nyingkiri zina, ngentenana nganti diparingi kecukupan (kesugihan) dening Allah saka kanugrahane. Dene para kawulanira lan amat ira (wong kang dimiliki dening tangan tengenira), menawa duwe penyuwun merdika sarana nicil anggone mbayar sarta sira pikir prayoga, iya sira turutna kawula mau anggone nicil, sira urunana nganggo bandha peparinge Allah marang sira. Sarehne para kawulanira padha wajib rumeksa awake dhewe - dhewe, sira aja meksa nindakake zina marang para amatira (kawulanira), murih sira pikatuk untung kebungahan ing donya. Dene sing sapa meksa nindakake laku zina marang amate (kawulane), iku sumurupa, sawise kelakon dumindak zina, Allah paring pangapura sarta rahmat marang amatira (kawulanira) kang dipeksa zina mau, dene bendara kang meksa, menawa banjur tobat, iya uga diparingi pangapura

وَلَقَدْ أَنزَلْنَا إِلَيْكُمْ آيَاتٍ مُّبَيِّنَاتٍ وَمَثَلًا مِّنَ الَّذِينَ خَلَوْا مِن قَبْلِكُمْ وَمَوْعِظَةً لِّلْمُتَّقِينَ(34)

 He manungsa, Ingsun wis nurunake ayat pirang - pirang marang sira, kang nerangake ala lan becik, lan nerangake tepa tuladha tumindake para wong - wong sadurungira, lan wis nerangake minangka pitutur tumrap wong kang padha wedi ing Allah

۞ اللَّهُ نُورُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ مَثَلُ نُورِهِ كَمِشْكَاةٍ فِيهَا مِصْبَاحٌ ۖ الْمِصْبَاحُ فِي زُجَاجَةٍ ۖ الزُّجَاجَةُ كَأَنَّهَا كَوْكَبٌ دُرِّيٌّ يُوقَدُ مِن شَجَرَةٍ مُّبَارَكَةٍ زَيْتُونَةٍ لَّا شَرْقِيَّةٍ وَلَا غَرْبِيَّةٍ يَكَادُ زَيْتُهَا يُضِيءُ وَلَوْ لَمْ تَمْسَسْهُ نَارٌ ۚ نُّورٌ عَلَىٰ نُورٍ ۗ يَهْدِي اللَّهُ لِنُورِهِ مَن يَشَاءُ ۚ وَيَضْرِبُ اللَّهُ الْأَمْثَالَ لِلنَّاسِ ۗ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ(35)

 Panjenengane Allah iku (paring) pepadhang marang langit lan bumi. Dene pepadhanging Allah kang tumrap atine wong mukmin iu sanepane kayadene lentera kang njerone diiseni diyan. Diyan iku ana ing sajrone kaca kang luwih dening bening, mencorong kaya lintang kang sumunar kaya mutiara, kang disumed kanthi lenga zaetun kang uwite oleh berkah, ana ing panggonan tengar, ora ana ing pinggir desa kang kulon utawa kang wetan. Lenga zaetun mau, saking bengine, senadyan durung disumed diyane, meh duwe padhang dhewe. Bareng wis dipasang lan disumed luwih dening padhang, awit padhange diyan ngungkuli padhange lenga zaitun. Panjenengane Allah paring pituduh marang wong kang dikarsakake, diparingi pituduh marang pepadhange Allah mau, apa dene nerangake tepa tuladha marang para manungsa. ALlah iku ngudaneni marang kabeh barang

فِي بُيُوتٍ أَذِنَ اللَّهُ أَن تُرْفَعَ وَيُذْكَرَ فِيهَا اسْمُهُ يُسَبِّحُ لَهُ فِيهَا بِالْغُدُوِّ وَالْآصَالِ(36)

 Diyan mau disumet (dipasang) ana ing masjid - masjid kang adeke wis pikantuk idzine Allah, minangka kanggo panggonan ngluhurake lan nyebut asmane Allah, banjur akeh wong kang nyebut marang Allah ana ing masjid mau ana ing wayah esuk lan sore

رِجَالٌ لَّا تُلْهِيهِمْ تِجَارَةٌ وَلَا بَيْعٌ عَن ذِكْرِ اللَّهِ وَإِقَامِ الصَّلَاةِ وَإِيتَاءِ الزَّكَاةِ ۙ يَخَافُونَ يَوْمًا تَتَقَلَّبُ فِيهِ الْقُلُوبُ وَالْأَبْصَارُ(37)

 Yoiku wong - wong kang nyebut asmane Allah lan anggone nindakake sholat sarta anggone bayar zakat, ora kether dene ketungkul dedagangan utawa nindakake dol tinuku, sarta padha wedi marang dina Qiyamat kang ing kono wong - wong padha entek atine lan peteng pendelenge

لِيَجْزِيَهُمُ اللَّهُ أَحْسَنَ مَا عَمِلُوا وَيَزِيدَهُم مِّن فَضْلِهِ ۗ وَاللَّهُ يَرْزُقُ مَن يَشَاءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ(38)

 Wusana Allah paring ganjaran marang wong mau, minangka piwalese anggone becik kelakuane ana ing donya, sarta nambahi ganjaran maneh saka sih kamurahane Allah. Dene Allah paring rejeki marang wong kang dikersakake kanthi tanpa petung

وَالَّذِينَ كَفَرُوا أَعْمَالُهُمْ كَسَرَابٍ بِقِيعَةٍ يَحْسَبُهُ الظَّمْآنُ مَاءً حَتَّىٰ إِذَا جَاءَهُ لَمْ يَجِدْهُ شَيْئًا وَوَجَدَ اللَّهَ عِندَهُ فَوَفَّاهُ حِسَابَهُ ۗ وَاللَّهُ سَرِيعُ الْحِسَابِ(39)

 Dene lakune wong kafir iku, sanepane kaya amun - amun (fatamorgana), ana ing gunung pasir rumangsane wong kang ngelak amun - amun mau dikira banyu, nanging bareng diparani ana ing panggonan kona ora ana apa - apa (wong kafir mau ngira yen lakune iki bakal entuk ganjarang suwarga) malah nemu patrapane Allah wujud siksa neraka. Dene Allah anggone matrapi marang wong kafir mau wis timbang karo keluputane. Dene Allah iku rikat banget pangitunge

أَوْ كَظُلُمَاتٍ فِي بَحْرٍ لُّجِّيٍّ يَغْشَاهُ مَوْجٌ مِّن فَوْقِهِ مَوْجٌ مِّن فَوْقِهِ سَحَابٌ ۚ ظُلُمَاتٌ بَعْضُهَا فَوْقَ بَعْضٍ إِذَا أَخْرَجَ يَدَهُ لَمْ يَكَدْ يَرَاهَا ۗ وَمَن لَّمْ يَجْعَلِ اللَّهُ لَهُ نُورًا فَمَا لَهُ مِن نُّورٍ(40)

 Utawa sanepane kaya pepeteng ana telenging segara, katempuh ing alun kang molak - malik. Sakdhuwure alun ana alun maneh, sakdhuwure alun mau ana mendhung. Dadi pepeteng mau tumpa - tumpa telung werna, petenge mendhung, petenge segara lan petenge alun, siji - sijine peteng mau numpangi petenge liyane, ing kono mau wong ndeleng tangane wae ora paja - paja weruh. Sing sapa ora diparingi pepadhang dening Allah dheweke iya ora duwe pepadang, dadi mesthi kesasar

أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ يُسَبِّحُ لَهُ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَالطَّيْرُ صَافَّاتٍ ۖ كُلٌّ قَدْ عَلِمَ صَلَاتَهُ وَتَسْبِيحَهُ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِمَا يَفْعَلُونَ(41)

 Apa sira sumurp menawa kabeh barang kang ana ing langit lan bumi iku kabeh padha nyebut maha sucine Allah. Sanajan manuk iya padha ngegarake suwiwine ana ing awang - awang nyebut maha sucine Allah? Panjenengane Allah nguningani salate lan manggone maha nyucekake kawulane mau. Dene Allah iku ngudaneni marang kabeh barang kang padha dilakone dening para kawulane kang ana ing langit lan kang ana ing bumi

وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ وَإِلَى اللَّهِ الْمَصِيرُ(42)

 Kratone langit lan bumi iku kagungane Allah, sarta kabeh iku bakal bali marang Allah

أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ يُزْجِي سَحَابًا ثُمَّ يُؤَلِّفُ بَيْنَهُ ثُمَّ يَجْعَلُهُ رُكَامًا فَتَرَى الْوَدْقَ يَخْرُجُ مِنْ خِلَالِهِ وَيُنَزِّلُ مِنَ السَّمَاءِ مِن جِبَالٍ فِيهَا مِن بَرَدٍ فَيُصِيبُ بِهِ مَن يَشَاءُ وَيَصْرِفُهُ عَن مَّن يَشَاءُ ۖ يَكَادُ سَنَا بَرْقِهِ يَذْهَبُ بِالْأَبْصَارِ(43)

 Apa sira durung sumurup menawa Allah iku nglakokake mega, banjur nglumpukake, banjur nyarup nuli dadi mendung, nuli sira sumurup banyu udan metu saka tengahing mendung. Dene Allah nurunake udan es saking langit, (yaiku) saking (gumpalan - gumpalan mega kados) gunung - gunung, udan mau banjur nyiksa marang wong kang dikersakake lan uga nyingkiri wong kang dikersakake. Meh - meh cahyane kilat mau ngilangake pandeleng - pandeleng

يُقَلِّبُ اللَّهُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّأُولِي الْأَبْصَارِ(44)

 Panjenengane Allah iku malah malihake rina lan wengi, kang mengkono mau kabeh yekti dadi piwulang tumrap wong kang duwe pikiran

وَاللَّهُ خَلَقَ كُلَّ دَابَّةٍ مِّن مَّاءٍ ۖ فَمِنْهُم مَّن يَمْشِي عَلَىٰ بَطْنِهِ وَمِنْهُم مَّن يَمْشِي عَلَىٰ رِجْلَيْنِ وَمِنْهُم مَّن يَمْشِي عَلَىٰ أَرْبَعٍ ۚ يَخْلُقُ اللَّهُ مَا يَشَاءُ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ(45)

 Panjenengane ALlah iku nitahake kabeh gegremetan (makhluk urip) saka banyu. Dene gegremetan mau ana kang lakune nlosor nganggo wetenge, lan ana kang lakune nganggo sikil loro, lan ana uga kang lakune brangkang nganggo sikil papat. Allah iku nitahake kabeh barang sak kersane. Saktemene Allah iku nguasani kabeh barang

لَّقَدْ أَنزَلْنَا آيَاتٍ مُّبَيِّنَاتٍ ۚ وَاللَّهُ يَهْدِي مَن يَشَاءُ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ(46)

 Saktemene Ingsun wis nurunake al-Qur’an isi pirang - pirang ayat kang nerangake pernatane agama Islam. Allah iku paring pituduh wong kang dadi kersane marang dalan kang bener

وَيَقُولُونَ آمَنَّا بِاللَّهِ وَبِالرَّسُولِ وَأَطَعْنَا ثُمَّ يَتَوَلَّىٰ فَرِيقٌ مِّنْهُم مِّن بَعْدِ ذَٰلِكَ ۚ وَمَا أُولَٰئِكَ بِالْمُؤْمِنِينَ(47)

 Lan wong - wong munafik mau padha ngucap menkene, "Kita punika sami iman ing Allah sarta Rasul, punapa dene sami ngestokaken dhawuhing Allah ingkang dipun asto dening para Rasul". Sak wise ngucap mengkono banjur ana sak golongan kang nglirwakake dhawuhing Allah. Dadi saktemene wong munafir mau dudu wong mu’min

وَإِذَا دُعُوا إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ إِذَا فَرِيقٌ مِّنْهُم مُّعْرِضُونَ(48)

 Wong - wong munafik mau menawa ditimbali marang ngersane Allah lan utusane, supaya utusan mau ngukumi marang dheweke, ing kono banjur ana sak golongan kang padha mlengos (ora ngandikani)

وَإِن يَكُن لَّهُمُ الْحَقُّ يَأْتُوا إِلَيْهِ مُذْعِنِينَ(49)

 Nanging menawa wong - wong munafik ngira yen bakal pikantuk kemenangan, banjur padha rerikatan sowan ing Rasul nyuwun diparingi putusan

أَفِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ أَمِ ارْتَابُوا أَمْ يَخَافُونَ أَن يَحِيفَ اللَّهُ عَلَيْهِمْ وَرَسُولُهُ ۚ بَلْ أُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ(50)

 Apa atine wong kang mengkono mau ana lelarane, utawa padha mamang - mamang menawa Rasul iku utusaningsun temenan, utawa padha kuatir menawa Pangadilane Allah lan utusane ora sakbenere (ora mengkono) balik wong - wong kang munafik iku wong kang nganiaya marang awake dhewe

إِنَّمَا كَانَ قَوْلَ الْمُؤْمِنِينَ إِذَا دُعُوا إِلَى اللَّهِ وَرَسُولِهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ أَن يَقُولُوا سَمِعْنَا وَأَطَعْنَا ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ(51)

 Saktemene para wong mu’min iku menawa ditimbali marang ngersane, "Kita sami sendika nampi pengadilane Allah tuwin Rasul". Debe wibg - wong mukmin iku wong kang pikantuk kabegjan

وَمَن يُطِعِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ وَيَخْشَ اللَّهَ وَيَتَّقْهِ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَائِزُونَ(52)

 Lan sing sapa ngestokake prentahe Allah lan Rasule sarta wedi ing Allah lan Rasule sarta wedi ing Allah lan bekti marang panjenengane iya wong - wong kang mengkono iku wong kang pikantuk kebegjan (slamet saka siksane Allah)

۞ وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ لَئِنْ أَمَرْتَهُمْ لَيَخْرُجُنَّ ۖ قُل لَّا تُقْسِمُوا ۖ طَاعَةٌ مَّعْرُوفَةٌ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ(53)

 Lan wong - wong munafiq padha supata methentheng, nganggo nyebut Asmane Allah. Menawa sira prentah mangsah (maju) perang saguh padha metu perang. (Muhammad) sira dhawuha, "SIra aja pethenthengan supata, dhawuhing ALlah, sira mung dikersakake ngestokake prentah, iuk luwih becik tinimbang supta kang ora sira tuhoni". Saktemene Allah iku maha waspada mrang kabeh barang kang sira tindakake

قُلْ أَطِيعُوا اللَّهَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ ۖ فَإِن تَوَلَّوْا فَإِنَّمَا عَلَيْهِ مَا حُمِّلَ وَعَلَيْكُم مَّا حُمِّلْتُمْ ۖ وَإِن تُطِيعُوهُ تَهْتَدُوا ۚ وَمَا عَلَى الرَّسُولِ إِلَّا الْبَلَاغُ الْمُبِينُ(54)

 (Muhammad) sira dhawuha, "Sira padha ngestokake dhawuhe Allah lan marang para Rasul". Dene menawa wong munafik padh mlengos, iku ora dadi apa. Wajibe Rasul ora liya mung nglakoi prentahe Allah. Dene wajibira kudu ngestokake dhawuhe Allah. Menawa sira padha nderek prentahe Allah lan Rasul mesthi pikantuk pituduh kang bener. Dene Rasul ora diwajibake apa - apa kejaba mung dhawuhake prentah lan nerang-nerangake

وَعَدَ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنكُمْ وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَيَسْتَخْلِفَنَّهُمْ فِي الْأَرْضِ كَمَا اسْتَخْلَفَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ وَلَيُمَكِّنَنَّ لَهُمْ دِينَهُمُ الَّذِي ارْتَضَىٰ لَهُمْ وَلَيُبَدِّلَنَّهُم مِّن بَعْدِ خَوْفِهِمْ أَمْنًا ۚ يَعْبُدُونَنِي لَا يُشْرِكُونَ بِي شَيْئًا ۚ وَمَن كَفَرَ بَعْدَ ذَٰلِكَ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ(55)

 Panjenengane ALlah wis paring janji marang wong - wong mu’min saka sira kabeh lan sarta padha nglakoni penggawe becik bakal padha dikersakake angenteni para wong kafir manggon ana ing bumi (wong kafir padha keplayu anggone perang) kaya wong - wong mu’min sak durungira, anggone padha nggenteni wong kafir kang dirusak dening Allah. Sarta Allab bakal nglulusake adeke agama Islam agamane wong mu’min kang wis dadai keparenge Allah. Apa dene sakwise nandhang kuwatir sawatara kuwatir mau bakal diganti katentreman. (pangandikane Allah), "Wong mu’min mau padha manembah ing Ingsun tanpa musyrik marang sapa -sapa. Sakwise ana dhawuh iki, sing sapa kafir marang peparinge Allah iku tetep wong kang durhaka

وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَأَطِيعُوا الرَّسُولَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ(56)

 (Lan sira dhawuha), "Sira padha nyempurnakna sholat lan padha bayara zakat, apa dene ndhereka mrang Rasul supaya sira pikantuk rahmate Allah

لَا تَحْسَبَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا مُعْجِزِينَ فِي الْأَرْضِ ۚ وَمَأْوَاهُمُ النَّارُ ۖ وَلَبِئْسَ الْمَصِيرُ(57)

 Sira aja sepisan - pisan duwe pangira menawa wong - wong kafir iku luput saka siksa ana ing bumi bakal panggonane wong kafir iku ana ing neraka, ala temen kawusanan kang mengkono iku

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لِيَسْتَأْذِنكُمُ الَّذِينَ مَلَكَتْ أَيْمَانُكُمْ وَالَّذِينَ لَمْ يَبْلُغُوا الْحُلُمَ مِنكُمْ ثَلَاثَ مَرَّاتٍ ۚ مِّن قَبْلِ صَلَاةِ الْفَجْرِ وَحِينَ تَضَعُونَ ثِيَابَكُم مِّنَ الظَّهِيرَةِ وَمِن بَعْدِ صَلَاةِ الْعِشَاءِ ۚ ثَلَاثُ عَوْرَاتٍ لَّكُمْ ۚ لَيْسَ عَلَيْكُمْ وَلَا عَلَيْهِمْ جُنَاحٌ بَعْدَهُنَّ ۚ طَوَّافُونَ عَلَيْكُم بَعْضُكُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ ۚ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ(58)

 He para wong mu’min para kawulanira kang kadarbe ing tanganira, apa dene bocah merdika kang wis ana pangertine sanajan durung baligh, iku menawa arep mlebu ketemu sira ana sawijining wayah telu, anjaluka palilah (idzin) dhisik marang sira. Dene wayah telu mau yoku sepisan wayah sak durunge sholat shubuh, kapindho wayah dzuhur, nalikane sira cucul penganggo waktu turu, aktelu, sawise sholat ’Isya. Wayah telu iku wektu suratira (wayah anggonira nyelehake sandhangan). Dene liyane wayah tetelu mau ora ana pekewuhe sira nglilani kawula utawa bocah mau mlebu ketemu ing sira, lan ora ana larangane kawula utawa bocah mau mlebu keteme sira tanpa njaluk palilah luwih dhisik. Sira lan para kawulanira apadene bocah mau kena padha wira - wiri patemonan karo sira. Mengkono iku Allah anggone paring keterangan ayat - ayate marang sira. Dene Allah iku maha ngudaneni marang para kawulane tur maha wicaksana

وَإِذَا بَلَغَ الْأَطْفَالُ مِنكُمُ الْحُلُمَ فَلْيَسْتَأْذِنُوا كَمَا اسْتَأْذَنَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۚ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آيَاتِهِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ(59)

 Lan menawa para bocah (kang merdika) wis padha baligh (dhewasa), iku yen arep mlebu ketemu ing sira, ana ing sadhengah mangsa, kaprentahna njaluk palilah (idzin) luwih dhisik marang sira, kaya tumindake wong - wong sadurunge, anggone padha njaluk palilah (idzin). Kaya mengkono iku ALlah anggone paring keterangan ayat - ayate marang sira kabeh. Dene panjenengane Allah iku maha ngudaneni marang kahanane kawulane sarta maha wicaksana

وَالْقَوَاعِدُ مِنَ النِّسَاءِ اللَّاتِي لَا يَرْجُونَ نِكَاحًا فَلَيْسَ عَلَيْهِنَّ جُنَاحٌ أَن يَضَعْنَ ثِيَابَهُنَّ غَيْرَ مُتَبَرِّجَاتٍ بِزِينَةٍ ۖ وَأَن يَسْتَعْفِفْنَ خَيْرٌ لَّهُنَّ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ(60)

 Dene wong wadon kang wis luwas getih (wis leren/menopouse), ora nggarap sari saking wis tuw, wis ora duwe kepengin duwe bojo maneh, iku ora ana pekewuhe nyelehake sandhangane kang jaba, kang nganti ora ngetokake rerenggane kang ana ing jero. Nanging kang luwih prayoga minangka anjaga kehormatane, wong wadon mau iya becik brukut (nutupi aurate nganggo sandhangan lan penganggone). Dene Allah iku maha midanget marang pangucapira sarta ngudaneni marang bathinira

لَّيْسَ عَلَى الْأَعْمَىٰ حَرَجٌ وَلَا عَلَى الْأَعْرَجِ حَرَجٌ وَلَا عَلَى الْمَرِيضِ حَرَجٌ وَلَا عَلَىٰ أَنفُسِكُمْ أَن تَأْكُلُوا مِن بُيُوتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ آبَائِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أُمَّهَاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ إِخْوَانِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَخَوَاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَعْمَامِكُمْ أَوْ بُيُوتِ عَمَّاتِكُمْ أَوْ بُيُوتِ أَخْوَالِكُمْ أَوْ بُيُوتِ خَالَاتِكُمْ أَوْ مَا مَلَكْتُم مَّفَاتِحَهُ أَوْ صَدِيقِكُمْ ۚ لَيْسَ عَلَيْكُمْ جُنَاحٌ أَن تَأْكُلُوا جَمِيعًا أَوْ أَشْتَاتًا ۚ فَإِذَا دَخَلْتُم بُيُوتًا فَسَلِّمُوا عَلَىٰ أَنفُسِكُمْ تَحِيَّةً مِّنْ عِندِ اللَّهِ مُبَارَكَةً طَيِّبَةً ۚ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمُ الْآيَاتِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ(61)

 Dene wong kang wuta, wong kang pincang, wongkang padha lara, apadene awakira dhewe, kabeh iku ora ana pekewohe mangan isining omahira, utawa omahe bapakira, utawa omahe ibunira, utawa omahe sadulurira wadon, utawa omahe pamanira aka bapa utawa omahe bibekira saka bapak, utawa omahe pamanira saka biyung, utawa omahe bibekira saka biyung, utawa omah kang sogoke (kuncine) sira kuwasani, utawa omah darbeke mitranira kang kenthel, sira ora ana pekewuhe mangan bebarengan utawa manga dhewe - dhewe. Dene menawa sira mlebu ing omahira, luwih dhisik sira uluk salama marang awakira dhewe lan marang wongkang ana jero ngomah kono, klawan pekurmatan kang becik tur mawa berkah terang saka dhawuhe Allah. Kaya mengkono, Allah wis paring keterangan ayat - ayate marang sira, supaya sira padha mengerti lang ngrasak - ngrasake (mikir - mikirake)

إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ الَّذِينَ آمَنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَإِذَا كَانُوا مَعَهُ عَلَىٰ أَمْرٍ جَامِعٍ لَّمْ يَذْهَبُوا حَتَّىٰ يَسْتَأْذِنُوهُ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَسْتَأْذِنُونَكَ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ ۚ فَإِذَا اسْتَأْذَنُوكَ لِبَعْضِ شَأْنِهِمْ فَأْذَن لِّمَن شِئْتَ مِنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمُ اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(62)

 Saktemene wong - wong kang padha mu’min iu, yaiku wong - wong kang padha percaya marang Allah lan Utusane, lan menawa pinuju ngadep Rusulullah, ana ing pekumpulan, ora gelem lunga ninggalake pekumpulan mau, menawa arep ninggalake nganggo nyuwun idzin (palilah) luwih dhisik marang panjenengane. (Muhammad) Iya wong - wong kang padha nyuwun palilah (idzin) marang sira iku wong kang padha percaya marang Allah lan Rosule, mulane menawa wong mau nyuwun palilah (idzin) marang sira arep ninggalake pakumpulan, perlu nekani kebutuhane (kaperluwane), sira ngilanana marang wong kang sira karepake. Wong - wong mau sira suwuna pangapura ing Allah. Saktemene Allah iku maha pangapura sarta maha asih

لَّا تَجْعَلُوا دُعَاءَ الرَّسُولِ بَيْنَكُمْ كَدُعَاءِ بَعْضِكُم بَعْضًا ۚ قَدْ يَعْلَمُ اللَّهُ الَّذِينَ يَتَسَلَّلُونَ مِنكُمْ لِوَاذًا ۚ فَلْيَحْذَرِ الَّذِينَ يُخَالِفُونَ عَنْ أَمْرِهِ أَن تُصِيبَهُمْ فِتْنَةٌ أَوْ يُصِيبَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ(63)

 (He wong kang padha mu’mom) Menawa sira matur marang Rasulullah, kanthi nyebut asmane, iku aja kaya menawa sira kandha lan cecaturan marang sepapadhanira, nanging kanthi atur kang becik, Allah nguningani para kancanira kang padha metu (saka ing masjid nalikane padha ngrungokake Khutbah). Wong - wong kang padha nyulayani dhawuh (parentahe) Rasulullah, padha diati - ati lan wediya, ora wurung bakal padha tinempuh ing bebaya utawa ing siksa kang nglarani ana ing akherat

أَلَا إِنَّ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ قَدْ يَعْلَمُ مَا أَنتُمْ عَلَيْهِ وَيَوْمَ يُرْجَعُونَ إِلَيْهِ فَيُنَبِّئُهُم بِمَا عَمِلُوا ۗ وَاللَّهُ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ(64)

 Elinga, saktemene kabeh kang ana ing langit lan bumi iku mung kagungane ALlah. (Temen panjenengane nguningani kabeh kang sira tindakake (setya tuhu ing percaya utawa mangro tingal)). Lan nguningani dina anggone wong - wong mau bakal dibalekake marang ngarsane Allah. Ingkono Allah bakal paring keterangan barang - barang kang wis padha ditindakake dening wong - wong (munafiq) mau nalika ana ing donya. Dene Allah iku ngudaneni marang kabeh barang


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah An-Nur with the voice of the most famous Quran reciters :

surah An-Nur mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter An-Nur Complete with high quality
surah An-Nur Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah An-Nur Bandar Balila
Bandar Balila
surah An-Nur Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah An-Nur Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah An-Nur Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah An-Nur Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah An-Nur Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah An-Nur Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah An-Nur Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah An-Nur Fares Abbad
Fares Abbad
surah An-Nur Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah An-Nur Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah An-Nur Al Hosary
Al Hosary
surah An-Nur Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah An-Nur Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Sunday, December 22, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب