Surah At-Tawbah with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah Tawbah | التوبة - Ayat Count 129 - The number of the surah in moshaf: 9 - The meaning of the surah in English: The Repentance.

بَرَاءَةٌ مِّنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ إِلَى الَّذِينَ عَاهَدتُّم مِّنَ الْمُشْرِكِينَ(1)

 panyuwak déning Allah lan Utusan-É, marang para manembah brahala kang padha prajanjian karo sira

فَسِيحُوا فِي الْأَرْضِ أَرْبَعَةَ أَشْهُرٍ وَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ غَيْرُ مُعْجِزِي اللَّهِ ۙ وَأَنَّ اللَّهَ مُخْزِي الْكَافِرِينَ(2)

 Mulané lulungana ing bumi, patang sasi, sarta padha weruha, yèn sira kabèh iku ora bisa angapesaké Allah, sarta yèn Allah angasoraké para wong kafir

وَأَذَانٌ مِّنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ إِلَى النَّاسِ يَوْمَ الْحَجِّ الْأَكْبَرِ أَنَّ اللَّهَ بَرِيءٌ مِّنَ الْمُشْرِكِينَ ۙ وَرَسُولُهُ ۚ فَإِن تُبْتُمْ فَهُوَ خَيْرٌ لَّكُمْ ۖ وَإِن تَوَلَّيْتُمْ فَاعْلَمُوا أَنَّكُمْ غَيْرُ مُعْجِزِي اللَّهِ ۗ وَبَشِّرِ الَّذِينَ كَفَرُوا بِعَذَابٍ أَلِيمٍ(3)

 Lan undhang-undhang saka Allah lan Utusan-É marang wong- wong ing dina haji gedhé, yèn Allah lan Utusan-É wudhar saka tanggungan marang para manem- bah brahala; mulané manawa sira padha tobat, lah iku luwih becik tumrapé sira, lan manawa sira padha mléngos, lah padha weruha, manawa sira kabèh iku ora bisa angapesaké Allah; sarta angebang- ebanga para kang padha kafir kalawan siksa kang nglarani

إِلَّا الَّذِينَ عَاهَدتُّم مِّنَ الْمُشْرِكِينَ ثُمَّ لَمْ يَنقُصُوكُمْ شَيْئًا وَلَمْ يُظَاهِرُوا عَلَيْكُمْ أَحَدًا فَأَتِمُّوا إِلَيْهِمْ عَهْدَهُمْ إِلَىٰ مُدَّتِهِمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِينَ(4)

 Kajaba para manembah bra- hala kang padha prajanjian karo sira, tumuli ora ambalénjani sira sathithik-thithika sarta ora ambi- yantu sapa-sapa anglawan sira; lah sira padha anyampurnakna marang dhèwèké, prajanjiané, tumeka wa- wangené: sayekti Allah iku remen marang kang padha prayitna

فَإِذَا انسَلَخَ الْأَشْهُرُ الْحُرُمُ فَاقْتُلُوا الْمُشْرِكِينَ حَيْثُ وَجَدتُّمُوهُمْ وَخُذُوهُمْ وَاحْصُرُوهُمْ وَاقْعُدُوا لَهُمْ كُلَّ مَرْصَدٍ ۚ فَإِن تَابُوا وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَآتَوُا الزَّكَاةَ فَخَلُّوا سَبِيلَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(5)

 Mulané, samangsa sasi-sasi suci wus kaliwat, lah para manem- bah brahala padha patènana ana ing ngendi katemunira dhèwèké, sarta padha sira cekela lan sira kepunga, tuwin sira adhanga ing sarupaning pandhedhepan; ana- nging manawa dhèwèké padha mratobat sarta padha anjumene- ngaké salat lan ambayar zakat, lah padha sira mardikakna dadalané; sayekti, Allah iku Aparamarta, Mahaasih

وَإِنْ أَحَدٌ مِّنَ الْمُشْرِكِينَ اسْتَجَارَكَ فَأَجِرْهُ حَتَّىٰ يَسْمَعَ كَلَامَ اللَّهِ ثُمَّ أَبْلِغْهُ مَأْمَنَهُ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَعْلَمُونَ(6)

 Lan manawa ana sawijining wong manembah brahala anjaluk pangayoman ing sira, lah iku sira ayomana, nganti dhèwèké angru- ngu sabdaning Allah, tumuli tekak- na enggon kaslametané; mangkéné iki amarga saka dhèwèké iku wong sing ora weruh

كَيْفَ يَكُونُ لِلْمُشْرِكِينَ عَهْدٌ عِندَ اللَّهِ وَعِندَ رَسُولِهِ إِلَّا الَّذِينَ عَاهَدتُّمْ عِندَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ ۖ فَمَا اسْتَقَامُوا لَكُمْ فَاسْتَقِيمُوا لَهُمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِينَ(7)

 Kapriyé bisané ana prajanjian tumrapé para manembah brahala kalawan Allah sarta kalawan Utusan-É, kajaba tumrapé para kang wis padha aprajanjian kala- wan sira ing sacedhaké Masjid Suci? Mulané ing sajroné dhèwèké padha anuhoni marang sira, lah sira padha nuhonana marang dhèwèké; sa- yekti Allah iku remen marang wong kang padha prayitna

كَيْفَ وَإِن يَظْهَرُوا عَلَيْكُمْ لَا يَرْقُبُوا فِيكُمْ إِلًّا وَلَا ذِمَّةً ۚ يُرْضُونَكُم بِأَفْوَاهِهِمْ وَتَأْبَىٰ قُلُوبُهُمْ وَأَكْثَرُهُمْ فَاسِقُونَ(8)

 Kapriyé ! kang mangka, manawa dhèwèké unggula angalahaké sira, ing dalem prakaranira dhèwèké padha ora angélingi tatalining kulawarga tuwin ora angélingi tatalining pra- janjian; dhèwèké padha angre- nakaké sira kalawan cangkem- cangkemé ananging atiné padha angemohi; lan kèh-kèhané dhè- wèké iku para murang yekti

اشْتَرَوْا بِآيَاتِ اللَّهِ ثَمَنًا قَلِيلًا فَصَدُّوا عَن سَبِيلِهِ ۚ إِنَّهُمْ سَاءَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(9)

 Dhèwèké padha anampani pangaji sathithik ijolé timbalan- timbalaning Allah, mulané padha nyimpang saka dadalan-É; sayekti, ala apa kang padha dilakoni

لَا يَرْقُبُونَ فِي مُؤْمِنٍ إِلًّا وَلَا ذِمَّةً ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُعْتَدُونَ(10)

 Ing dalem prakarané wong kang angèstu dhèwèké padha ora angélingi tatalining kulawarga tuwin ora angélingi tatalining prajanjian; lan iki para kang padha mlangkah wates

فَإِن تَابُوا وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَآتَوُا الزَّكَاةَ فَإِخْوَانُكُمْ فِي الدِّينِ ۗ وَنُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ(11)

 Ananging manawa dhèwèké padha tobat sarta padha anjume- nengaké salat tuwin ambayar zakat, lah iku padha sadulurira ing dalem agama; lan Ingsun amijang- mijangaké timbalan-timbalan tu- mrap wong kang padha weruh

وَإِن نَّكَثُوا أَيْمَانَهُم مِّن بَعْدِ عَهْدِهِمْ وَطَعَنُوا فِي دِينِكُمْ فَقَاتِلُوا أَئِمَّةَ الْكُفْرِ ۙ إِنَّهُمْ لَا أَيْمَانَ لَهُمْ لَعَلَّهُمْ يَنتَهُونَ(12)

 Lan manawa dhèwèké padha anerak sepatané ing sawisé prajan- jiné, sarta padha angala-ala ing agamanira, lah padha perangana para pangareping kakafiran – sayekti, sepatané iku dudu barang-barang – supaya dhèwèké padha marènana

أَلَا تُقَاتِلُونَ قَوْمًا نَّكَثُوا أَيْمَانَهُمْ وَهَمُّوا بِإِخْرَاجِ الرَّسُولِ وَهُم بَدَءُوكُمْ أَوَّلَ مَرَّةٍ ۚ أَتَخْشَوْنَهُمْ ۚ فَاللَّهُ أَحَقُّ أَن تَخْشَوْهُ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ(13)

 Apa! apa sira ora bakal padha merangi wong-wong kang padha anerak sepatané sarta padha angrantam anundhung Utusan tuwin padha amiwiti nyerang sira dhisik; apa ta sira padha wedi marang dhèwèké? Ananging Allah iku, luwih bener yèn sira padha wedia ing Panjenengané, manawa sira iku padha wong angèstu

قَاتِلُوهُمْ يُعَذِّبْهُمُ اللَّهُ بِأَيْدِيكُمْ وَيُخْزِهِمْ وَيَنصُرْكُمْ عَلَيْهِمْ وَيَشْفِ صُدُورَ قَوْمٍ مُّؤْمِنِينَ(14)

 Padha merangana dhèwèké; Allah bakal aniksa dhèwèké kala- wan tangan-tanganira sarta bakal angasoraké dhèwèké tuwin amitu- lungi sira ngalawan dhèwèké, apa déné bakal anglipur atiné para wong angèstu

وَيُذْهِبْ غَيْظَ قُلُوبِهِمْ ۗ وَيَتُوبُ اللَّهُ عَلَىٰ مَن يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ(15)

 Sarta bakal angilangi pamuri- nging ati-atiné, sarta Allah bakal bali marang sapa kang dadi kapareng-É, lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana

أَمْ حَسِبْتُمْ أَن تُتْرَكُوا وَلَمَّا يَعْلَمِ اللَّهُ الَّذِينَ جَاهَدُوا مِنكُمْ وَلَمْ يَتَّخِذُوا مِن دُونِ اللَّهِ وَلَا رَسُولِهِ وَلَا الْمُؤْمِنِينَ وَلِيجَةً ۚ وَاللَّهُ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ(16)

 Apa ta sira padha angira manawa sira bakal padha ditogaké baé, kang mangka Allah durung anguningani golonganira kang padha anderpati sarta padha ora ngalap mitra dharma saliyané Allah lan Utusan-É tuwin para angèstu; lan Allah iku waspada marang apa kang padha sira lakoni

مَا كَانَ لِلْمُشْرِكِينَ أَن يَعْمُرُوا مَسَاجِدَ اللَّهِ شَاهِدِينَ عَلَىٰ أَنفُسِهِم بِالْكُفْرِ ۚ أُولَٰئِكَ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ وَفِي النَّارِ هُمْ خَالِدُونَ(17)

 Para manembah brahala ora wenang yèn anekanana masjid- masjiding Allah, kalawan ange- dhèngaké awaké yen kafir; iki para kang panggawé-panggawéné pa- dha muspra,a lan ana ing geni anggoné bakal padha manggon

إِنَّمَا يَعْمُرُ مَسَاجِدَ اللَّهِ مَنْ آمَنَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَأَقَامَ الصَّلَاةَ وَآتَى الزَّكَاةَ وَلَمْ يَخْشَ إِلَّا اللَّهَ ۖ فَعَسَىٰ أُولَٰئِكَ أَن يَكُونُوا مِنَ الْمُهْتَدِينَ(18)

 Kang anekani masjid-masjid- ing Allah iku mung sapa kang angèstu ing Allah lan dina akhir sarta anjumenengaké salat tuwin ambayar zakat, apa déné ora wedi sapa-sapa kajaba Allah; mulané manawa-manawa, iki bakal padha dadi golongané wong kang padha manut ing dalan kang bener

۞ أَجَعَلْتُمْ سِقَايَةَ الْحَاجِّ وَعِمَارَةَ الْمَسْجِدِ الْحَرَامِ كَمَنْ آمَنَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَجَاهَدَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۚ لَا يَسْتَوُونَ عِندَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ(19)

 Apa awèh ngombé para kang anindakaké haji sarta anjaga Masjid Suci sira anggep padha kaya wong sing angèstu ing Allah lan dina akhir sarta anderpati ing dadalaning Allah? iku ora padha mungguhing Allah; lan Allah iku ora nuntun marang wong kang padha atindak dudu

الَّذِينَ آمَنُوا وَهَاجَرُوا وَجَاهَدُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ أَعْظَمُ دَرَجَةً عِندَ اللَّهِ ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَائِزُونَ(20)

 Para kang padha angèstu sarta padha ngili atinggal apa déné anderpati ing dadalaning Allah kalawan ban- dhané lan nyawané, iku luwih gedhé darajaté mungguhing Allah; lan iki para kang padha katekan

يُبَشِّرُهُمْ رَبُّهُم بِرَحْمَةٍ مِّنْهُ وَرِضْوَانٍ وَجَنَّاتٍ لَّهُمْ فِيهَا نَعِيمٌ مُّقِيمٌ(21)

 Pangérané amartani becik kalawan wilasa saka Panjenengané sarta pirena tuwin patamanan, kang ana ing kana bakal padha olèh nugraha kang tetep lestari

خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۚ إِنَّ اللَّهَ عِندَهُ أَجْرٌ عَظِيمٌ(22)

 Padha manggon ing kono salawasé; sayekti Allah iku kang kagungan ganjaran kang agung

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا آبَاءَكُمْ وَإِخْوَانَكُمْ أَوْلِيَاءَ إِنِ اسْتَحَبُّوا الْكُفْرَ عَلَى الْإِيمَانِ ۚ وَمَن يَتَوَلَّهُم مِّنكُمْ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ(23)

 É, sira kang padha angèstu, aja sira padha angalap pangayo- man para bapanira lan para sa- dulurira, manawa dhèwèké padha luwih dhemen kakafiran tinimbang iman; lan sapa golonganira sing angalap pangayoman dhèwèké lah iku wong kang padha atindak dudu

قُلْ إِن كَانَ آبَاؤُكُمْ وَأَبْنَاؤُكُمْ وَإِخْوَانُكُمْ وَأَزْوَاجُكُمْ وَعَشِيرَتُكُمْ وَأَمْوَالٌ اقْتَرَفْتُمُوهَا وَتِجَارَةٌ تَخْشَوْنَ كَسَادَهَا وَمَسَاكِنُ تَرْضَوْنَهَا أَحَبَّ إِلَيْكُم مِّنَ اللَّهِ وَرَسُولِهِ وَجِهَادٍ فِي سَبِيلِهِ فَتَرَبَّصُوا حَتَّىٰ يَأْتِيَ اللَّهُ بِأَمْرِهِ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ(24)

 Calathua: Manawa bapak-ba- pakira lan anak-anakira lanang lan sadulur-sadulurira lan rabi-rabinira lan kulawarganira sarta bandha- bandhanira olèhira angupajiwa, tu- win dagangan kang sira kuwatiraké bubruké apa déné omah-omah kang nyenengaké sira, iku luwih tinresnan marang sira tinimbang Allah lan Utusan-É tuwin ander- pati ing dadalan-É, lah padha sira ngentènana nganti Allah anekak- aké paréntah-É; lan Allah iku ora nuntun wong-wong kang murang yekti

لَقَدْ نَصَرَكُمُ اللَّهُ فِي مَوَاطِنَ كَثِيرَةٍ ۙ وَيَوْمَ حُنَيْنٍ ۙ إِذْ أَعْجَبَتْكُمْ كَثْرَتُكُمْ فَلَمْ تُغْنِ عَنكُمْ شَيْئًا وَضَاقَتْ عَلَيْكُمُ الْأَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ ثُمَّ وَلَّيْتُم مُّدْبِرِينَ(25)

 Sayekti temen Allah wus mitulungi sira ing paprangan sapirang-pirang sarta ing dinané Hunain, nalika kèhing cacahira andadèkaké kumalungkungira na- nging ora migunani apa-apa marang sira, sarta bumi dadi rupek ingatasé sira, sanajan ta jembar; tumuli sira padha ambalik mun- dur

ثُمَّ أَنزَلَ اللَّهُ سَكِينَتَهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ وَعَلَى الْمُؤْمِنِينَ وَأَنزَلَ جُنُودًا لَّمْ تَرَوْهَا وَعَذَّبَ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ وَذَٰلِكَ جَزَاءُ الْكَافِرِينَ(26)

 Tumuli Allah anurunaké katentreman-É marang Utusan-É lan marang para angèstu, sarta anurunaké wadyabala kang sira ora weruh lan aniksa para kang padha kafir, lan ya iku piwalesing para kafir

ثُمَّ يَتُوبُ اللَّهُ مِن بَعْدِ ذَٰلِكَ عَلَىٰ مَن يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(27)

 Tumuli Allah bakal bali ing sawisé iku marang sapa kang dadi kaparenging karsa- Né, lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّمَا الْمُشْرِكُونَ نَجَسٌ فَلَا يَقْرَبُوا الْمَسْجِدَ الْحَرَامَ بَعْدَ عَامِهِمْ هَٰذَا ۚ وَإِنْ خِفْتُمْ عَيْلَةً فَسَوْفَ يُغْنِيكُمُ اللَّهُ مِن فَضْلِهِ إِن شَاءَ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ حَكِيمٌ(28)

 É, sira kang padha angèstu, para manembah brahala iku lugu jember mulané sapungkuré taun iki aja padha cedhak-cedhak Masjid Suci; lan manawa sira padha kuwatir kamlaratan, lah Allah bakal anyugihaké sira saka lubèring paparingé, manawa dadi kaparenging karsa-Né; sayekti Allah iku Angudanéni, Wicak- sana

قَاتِلُوا الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَلَا بِالْيَوْمِ الْآخِرِ وَلَا يُحَرِّمُونَ مَا حَرَّمَ اللَّهُ وَرَسُولُهُ وَلَا يَدِينُونَ دِينَ الْحَقِّ مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ حَتَّىٰ يُعْطُوا الْجِزْيَةَ عَن يَدٍ وَهُمْ صَاغِرُونَ(29)

 Padha peranga lumawan para kang padha ora angèstu ing Allah lan ing dina akhir sarta ora padha anglarangi apa kang dilarangi déning Allah lan Utusan-É, apa déné padha ora manut agama sanyata, yaiku éwoné para kang padha kaparingan Kitab, nganti dhèwèké padha ambayar pajeg, du- munung angakoni kang kinawasa tuwin dhèwèké tun- dhuké

وَقَالَتِ الْيَهُودُ عُزَيْرٌ ابْنُ اللَّهِ وَقَالَتِ النَّصَارَى الْمَسِيحُ ابْنُ اللَّهِ ۖ ذَٰلِكَ قَوْلُهُم بِأَفْوَاهِهِمْ ۖ يُضَاهِئُونَ قَوْلَ الَّذِينَ كَفَرُوا مِن قَبْلُ ۚ قَاتَلَهُمُ اللَّهُ ۚ أَنَّىٰ يُؤْفَكُونَ(30)

 Wong-wong Yahudi ujar, "Esra iku putrane Allah," dene wong-wong Nasrani ujar, "Mesias iku putrane Allah." Pratelan kasebut tanpa dhasar, mung ngandharake tembung-tembung saka wong-wong kafir sadurunge. Muga-muga Allah ngukum dheweke! Kepiye carane bisa disalahake - saka kasunyatane

اتَّخَذُوا أَحْبَارَهُمْ وَرُهْبَانَهُمْ أَرْبَابًا مِّن دُونِ اللَّهِ وَالْمَسِيحَ ابْنَ مَرْيَمَ وَمَا أُمِرُوا إِلَّا لِيَعْبُدُوا إِلَٰهًا وَاحِدًا ۖ لَّا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۚ سُبْحَانَهُ عَمَّا يُشْرِكُونَ(31)

 Dheweke njupuk rabine lan biksu uga Mesias, putrane Maria, dadi raja saliyane Allah, sanajan dheweke diprentah supaya ora nyembah kajaba mung Siji Gusti Allah. Ora ana déwa sing pantes nyembah˺ kajaba Panjenengane. Dheweke kaluhurake luwih saka apa sing digandhengake karo Panjenengane

يُرِيدُونَ أَن يُطْفِئُوا نُورَ اللَّهِ بِأَفْوَاهِهِمْ وَيَأْبَى اللَّهُ إِلَّا أَن يُتِمَّ نُورَهُ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ(32)

 Dhèwèké padha arep nyirep papadhanging Allah kalawan cang- kem-cangkemé, ananging Allah ora marengaké, kajaba malah arsa nyampurnakaké papadhang-É, sa- najan para kafir padha gething

هُوَ الَّذِي أَرْسَلَ رَسُولَهُ بِالْهُدَىٰ وَدِينِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهُ عَلَى الدِّينِ كُلِّهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُشْرِكُونَ(33)

 Panjenengané iku kang wus angutus Utusan-É kalawan tuntu- nan sarta agama sanyata, supaya Panjenengané anglindhihaké iki marang agama sakabèhé, sanajan para manembah brahala padha gething

۞ يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّ كَثِيرًا مِّنَ الْأَحْبَارِ وَالرُّهْبَانِ لَيَأْكُلُونَ أَمْوَالَ النَّاسِ بِالْبَاطِلِ وَيَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ ۗ وَالَّذِينَ يَكْنِزُونَ الذَّهَبَ وَالْفِضَّةَ وَلَا يُنفِقُونَهَا فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَبَشِّرْهُم بِعَذَابٍ أَلِيمٍ(34)

 É, sira para kang padha angèstu, sayekti akèh-akèhé para winasis sarta para pandhita mau temen padha mangan bandhané wong-wong kalawan ora bener sarta padha anyimpangaké lan para kang padha anumpuk emas lan salaka sarta ora ditanjakaké ing dadalaning Allah, lah padha sira bubungaha kalawan siksa kang nglarani

يَوْمَ يُحْمَىٰ عَلَيْهَا فِي نَارِ جَهَنَّمَ فَتُكْوَىٰ بِهَا جِبَاهُهُمْ وَجُنُوبُهُمْ وَظُهُورُهُمْ ۖ هَٰذَا مَا كَنَزْتُمْ لِأَنفُسِكُمْ فَذُوقُوا مَا كُنتُمْ تَكْنِزُونَ(35)

 Ing dinané manawa iku diobong ana ing genining naraka, banjur bathuk-bathuké lan lam- bung-lambungé sarta geger-gegeré diecos nganggo iku: Iki apa kang sira tumpuk kanggo awakmu dhé- wé, mulané padha rasakna apa kang wus padha sira tumpuk

إِنَّ عِدَّةَ الشُّهُورِ عِندَ اللَّهِ اثْنَا عَشَرَ شَهْرًا فِي كِتَابِ اللَّهِ يَوْمَ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ مِنْهَا أَرْبَعَةٌ حُرُمٌ ۚ ذَٰلِكَ الدِّينُ الْقَيِّمُ ۚ فَلَا تَظْلِمُوا فِيهِنَّ أَنفُسَكُمْ ۚ وَقَاتِلُوا الْمُشْرِكِينَ كَافَّةً كَمَا يُقَاتِلُونَكُمْ كَافَّةً ۚ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ(36)

 Sayekti wilangané sasi iku mungguhing Allah ana rolas ing dalem kitabing Allah, wiwit dina nalika Panjenengané nitahaké langit-langit lan bumi, iku sing papat suci;a iku pétungan kang jejeg; mulané ing dalem prakara iku aja padha atindak dudu marang awakira dhéwé, sarta padha merangana para manembah bra- hala kaya anggoné dhèwèké ame- rangi sira kabèh; sarta padha weruha, manawa Allah iku anyar- tani para kang padha anjaga dhiriné

إِنَّمَا النَّسِيءُ زِيَادَةٌ فِي الْكُفْرِ ۖ يُضَلُّ بِهِ الَّذِينَ كَفَرُوا يُحِلُّونَهُ عَامًا وَيُحَرِّمُونَهُ عَامًا لِّيُوَاطِئُوا عِدَّةَ مَا حَرَّمَ اللَّهُ فَيُحِلُّوا مَا حَرَّمَ اللَّهُ ۚ زُيِّنَ لَهُمْ سُوءُ أَعْمَالِهِمْ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْكَافِرِينَ(37)

 Nyumenèkaké iku lugu angundhaki ing kakafiran, kang andadèkaké sasaré para kang padha kafir, ing sawijining taun padha nerak iku, ing liyané taun padha anucèkaké iku, amrih dhèwèké bisa ange- plokaké wilanganing kang disucèkaké déning Allah, mulané dadi padha nerak apa kang disucèkaké déning Allah; alaning panggawé-panggawéné pinaès- paès tumrap dhèwèké;a lan Allah iku ora nuntun para wong kang padha kafir

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا مَا لَكُمْ إِذَا قِيلَ لَكُمُ انفِرُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ اثَّاقَلْتُمْ إِلَى الْأَرْضِ ۚ أَرَضِيتُم بِالْحَيَاةِ الدُّنْيَا مِنَ الْآخِرَةِ ۚ فَمَا مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا فِي الْآخِرَةِ إِلَّا قَلِيلٌ(38)

 É, para kang padha angèstu! apa ta karananira, déné nalika sira didhawuhi: Padha mangkata sira ing dadalaning Allah, sira padha abot kudu andhéprok menyang bumi; apa sira wus legawa kala- wan kauripan donya tinimbang akhirat? Ananging pasadhiyan kauripan donya iku katimbang karo akhirat mung sapélé

إِلَّا تَنفِرُوا يُعَذِّبْكُمْ عَذَابًا أَلِيمًا وَيَسْتَبْدِلْ قَوْمًا غَيْرَكُمْ وَلَا تَضُرُّوهُ شَيْئًا ۗ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ(39)

 Manawa sira padha ora mang- kat, Panjenengané bakal aniksa sira kalawan siksa kang nglarani sarta bakal nyalini wong sali- yanira, lan sira ora bakal mitunani Panjenengané barang-barang; lan Allah iku marang samubarang kawasa

إِلَّا تَنصُرُوهُ فَقَدْ نَصَرَهُ اللَّهُ إِذْ أَخْرَجَهُ الَّذِينَ كَفَرُوا ثَانِيَ اثْنَيْنِ إِذْ هُمَا فِي الْغَارِ إِذْ يَقُولُ لِصَاحِبِهِ لَا تَحْزَنْ إِنَّ اللَّهَ مَعَنَا ۖ فَأَنزَلَ اللَّهُ سَكِينَتَهُ عَلَيْهِ وَأَيَّدَهُ بِجُنُودٍ لَّمْ تَرَوْهَا وَجَعَلَ كَلِمَةَ الَّذِينَ كَفَرُوا السُّفْلَىٰ ۗ وَكَلِمَةُ اللَّهِ هِيَ الْعُلْيَا ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ حَكِيمٌ(40)

 Manawa sira padha ora mitu- lungi dhèwèké, lah temen Allah mitulungi dhèwèké nalika para kang padha kafir anundhung dhè- wèké, dhèwèké iku angka loroné loro nalika sakaroné padha ana ing guwa, nalika dhèwèké anyalathu marang mitrané: Aja susah, sayekti Allah anyartani aku kabèh; tumuli Allah anurunaké katentre- man-É marang dhèwèké sarta anguwataké dhèwèké kalawan wadyabala kang ora katon ing sira, tuwin andadèkaké asor tembungé para kang padha kafir; lan sab- daning Allah iku kang luhur; lan Allah iku Minulya, Wicaksana

انفِرُوا خِفَافًا وَثِقَالًا وَجَاهِدُوا بِأَمْوَالِكُمْ وَأَنفُسِكُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ(41)

 Padha mangkata, kalawan ènthèng lan kalawan abot, sarta padha andarpatia kalawan bandha- nira lan awakira ing dadalaning Allah; iki luwih becik tumrapé sira, manawa sira padha weruh

لَوْ كَانَ عَرَضًا قَرِيبًا وَسَفَرًا قَاصِدًا لَّاتَّبَعُوكَ وَلَٰكِن بَعُدَتْ عَلَيْهِمُ الشُّقَّةُ ۚ وَسَيَحْلِفُونَ بِاللَّهِ لَوِ اسْتَطَعْنَا لَخَرَجْنَا مَعَكُمْ يُهْلِكُونَ أَنفُسَهُمْ وَاللَّهُ يَعْلَمُ إِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ(42)

 Manawa iku kauntungan kang parek sarta lalakon kang cedhak, amasthi dhèwèké padha andhèrèk ing sira, ananging lala- kon rekasa iku kadohan ingatasé dhèwèké; sarta dhèwèké padha sepata kalawan Allah: Manawi kula sami sageda, saèstu kula sami mangkat andhèrèk sampéyan. Dhèwèké pa- dha angrusak jiwané dhéwé, sarta Allah Angudanèni, manawa dhè- wèké temen padha wong doracara

عَفَا اللَّهُ عَنكَ لِمَ أَذِنتَ لَهُمْ حَتَّىٰ يَتَبَيَّنَ لَكَ الَّذِينَ صَدَقُوا وَتَعْلَمَ الْكَاذِبِينَ(43)

 Allah amuwung ing sira! yagéné sira angidini marang dhè- wèké ing sadurungé dadi terang tumrapé sira para kang padha temen sarta sira weruh para wong doracara

لَا يَسْتَأْذِنُكَ الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ أَن يُجَاهِدُوا بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِالْمُتَّقِينَ(44)

 Ora padha njaluk pamit ma- rang sira para kang padha angèstu ing Allah lan dina akhir saka ing anderpati kala- wan bandhané sarta awaké, lan Allah iku Angudanèni ing wong- wong kang padha anjaga dhiriné

إِنَّمَا يَسْتَأْذِنُكَ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَارْتَابَتْ قُلُوبُهُمْ فَهُمْ فِي رَيْبِهِمْ يَتَرَدَّدُونَ(45)

 Mung para kang padha ora angèstu ing Allah lan dina akhir kang anjaluk pamit ing sira sarta kang atiné padha semang-semang, mulané ing sajroning semang- semangé dhèwèké padha malang tumolih

۞ وَلَوْ أَرَادُوا الْخُرُوجَ لَأَعَدُّوا لَهُ عُدَّةً وَلَٰكِن كَرِهَ اللَّهُ انبِعَاثَهُمْ فَثَبَّطَهُمْ وَقِيلَ اقْعُدُوا مَعَ الْقَاعِدِينَ(46)

 Lan manawa dhèwèké padha nedya mangkat, iku dhèwèké mas- thi anyadhiyakaké ubarampèné, ananging Allah ora rena marang gumrégahé, mulané Panjenengané angendhakaké dhèwèké sarta di- pangandikani: Padha karia karo wong kang padha kari

لَوْ خَرَجُوا فِيكُم مَّا زَادُوكُمْ إِلَّا خَبَالًا وَلَأَوْضَعُوا خِلَالَكُمْ يَبْغُونَكُمُ الْفِتْنَةَ وَفِيكُمْ سَمَّاعُونَ لَهُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِالظَّالِمِينَ(47)

 Manawa dhèwèké padha mangkata tunggal sira, ora angun- dhaki apa-apa ing sira kajaba karusakan, lan masthi padha agawé onar ing antaranira, padha angarah cocongkrahan ing antara- nira, lan ing golonganira ana kang padha angrungokaké marang dhè- wèké; lan Allah iku Angudanèni marang wong kang padha atindak dudu

لَقَدِ ابْتَغَوُا الْفِتْنَةَ مِن قَبْلُ وَقَلَّبُوا لَكَ الْأُمُورَ حَتَّىٰ جَاءَ الْحَقُّ وَظَهَرَ أَمْرُ اللَّهِ وَهُمْ كَارِهُونَ(48)

 Sayekti temen ing sadurungé iku dhèwèké wis padha angarah cocongkrahan sarta padha ambudidaya nandukaké upaya lumawan sira, nganti tekaning kanyataan sarta menangé parén- tahing Allah, sanajan dhèwèké padha gething

وَمِنْهُم مَّن يَقُولُ ائْذَن لِّي وَلَا تَفْتِنِّي ۚ أَلَا فِي الْفِتْنَةِ سَقَطُوا ۗ وَإِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيطَةٌ بِالْكَافِرِينَ(49)

 Lan sawenèhé ana kang cala- thu: Mugi aparing pamit dhateng kula, sarta sampun anyobi ing kula. Sayekti dhèwèké iku wis padha tumiba ing sajroning coba, lan sayekti temen naraka iku angliputi para kafir

إِن تُصِبْكَ حَسَنَةٌ تَسُؤْهُمْ ۖ وَإِن تُصِبْكَ مُصِيبَةٌ يَقُولُوا قَدْ أَخَذْنَا أَمْرَنَا مِن قَبْلُ وَيَتَوَلَّوا وَّهُمْ فَرِحُونَ(50)

 Manawa becik tumiba ing sira iku anusahaké dhèwèké lan manawa bilai angenani sira, padha calathu: Temen, aku wis padha prayitna ing sadurungé marang prakaraku dhéwé; karo padha mlè- ngos sarta padha bungah

قُل لَّن يُصِيبَنَا إِلَّا مَا كَتَبَ اللَّهُ لَنَا هُوَ مَوْلَانَا ۚ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ(51)

 Calathua: Ora ana kang ange- nani aku, kajaba apa kang wus tinamtu dening Allah tumrap marang aku: Panjenengané iku Pa- ngayomanku; lan, mulané, marang Allah kuduné anggoné suméndhé para angèstu

قُلْ هَلْ تَرَبَّصُونَ بِنَا إِلَّا إِحْدَى الْحُسْنَيَيْنِ ۖ وَنَحْنُ نَتَرَبَّصُ بِكُمْ أَن يُصِيبَكُمُ اللَّهُ بِعَذَابٍ مِّنْ عِندِهِ أَوْ بِأَيْدِينَا ۖ فَتَرَبَّصُوا إِنَّا مَعَكُم مُّتَرَبِّصُونَ(52)

 Calathua: Apa sira padha angajap tumrap marang aku kajaba salah sijiné becik loro? Lan aku padha angajap tumrap marang sira, supaya Allah anibani sira kalawan siksa saka ngarsa-Né utawa asarana tangan-tanganku. Mulané padha angajapa; aku iya padha angajap barengan karo sira

قُلْ أَنفِقُوا طَوْعًا أَوْ كَرْهًا لَّن يُتَقَبَّلَ مِنكُمْ ۖ إِنَّكُمْ كُنتُمْ قَوْمًا فَاسِقِينَ(53)

 Calathua: Sira padha cucula bandha, kalawan pambangun turut utawa kalawan kepeksa, iku ora bakal tinarima; sayekti sira iku wong kang murang yekti

وَمَا مَنَعَهُمْ أَن تُقْبَلَ مِنْهُمْ نَفَقَاتُهُمْ إِلَّا أَنَّهُمْ كَفَرُوا بِاللَّهِ وَبِرَسُولِهِ وَلَا يَأْتُونَ الصَّلَاةَ إِلَّا وَهُمْ كُسَالَىٰ وَلَا يُنفِقُونَ إِلَّا وَهُمْ كَارِهُونَ(54)

 Ora ana kang angalang-alangi bisané katarima anggoné padha cucul bandha, kajaba anggoné angafiri marang Allah lan marang Utusan-É sarta anggoné ora ane- kani salat kajaba kalawan bot- boten, apa déné anggoné ora padha cucul bandha kajaba kalawan kepeksa

فَلَا تُعْجِبْكَ أَمْوَالُهُمْ وَلَا أَوْلَادُهُمْ ۚ إِنَّمَا يُرِيدُ اللَّهُ لِيُعَذِّبَهُم بِهَا فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَتَزْهَقَ أَنفُسُهُمْ وَهُمْ كَافِرُونَ(55)

 Mulané aja angédabaké sira bandha-bandhané lan anak-anaké, iku Allah mung angarsakaké ka- agem lantaran niksa dhèwèké ana ing kauripan donya iki lan nyawané padha oncat sajroné dhèwèké isih padha wong kafir

وَيَحْلِفُونَ بِاللَّهِ إِنَّهُمْ لَمِنكُمْ وَمَا هُم مِّنكُمْ وَلَٰكِنَّهُمْ قَوْمٌ يَفْرَقُونَ(56)

 Lan dhèwèké padha sepata kalawan Allah, yèn dhèwèké iku temen padha golonganira, lan ora pisan dhè- wèké iku padha golonganira, ananging dhèwèké iku wong kang padha wedi

لَوْ يَجِدُونَ مَلْجَأً أَوْ مَغَارَاتٍ أَوْ مُدَّخَلًا لَّوَلَّوْا إِلَيْهِ وَهُمْ يَجْمَحُونَ(57)

 Upama olèha pangungsèn utawa guwa, utawa pandhelikan, amasthi padha nuju mrono sarta padha énggal anggendring lumayu

وَمِنْهُم مَّن يَلْمِزُكَ فِي الصَّدَقَاتِ فَإِنْ أُعْطُوا مِنْهَا رَضُوا وَإِن لَّمْ يُعْطَوْا مِنْهَا إِذَا هُمْ يَسْخَطُونَ(58)

 Lan sawenèhé ana kang nyatur ala ing sira ing dalem prakara dana; lah manawa ana sing diwènèhaké dhèwèké padha lega atiné, lan manawa ora ana sing diwènèhaké, sanalika padha banget muring-muringé

وَلَوْ أَنَّهُمْ رَضُوا مَا آتَاهُمُ اللَّهُ وَرَسُولُهُ وَقَالُوا حَسْبُنَا اللَّهُ سَيُؤْتِينَا اللَّهُ مِن فَضْلِهِ وَرَسُولُهُ إِنَّا إِلَى اللَّهِ رَاغِبُونَ(59)

 Lan manawa dhèwèké padha narima apa paparingé Allah lan Utusan-É marang dhèwèké sarta padha angucap: Allah wus nyukupi marang aku: Allah bakal énggal amaringi aku saka lubè- ring paparing-É, lan mangkono uga Utusan-É; sayekti marang Allah anggonku padha nyunyu- wun

۞ إِنَّمَا الصَّدَقَاتُ لِلْفُقَرَاءِ وَالْمَسَاكِينِ وَالْعَامِلِينَ عَلَيْهَا وَالْمُؤَلَّفَةِ قُلُوبُهُمْ وَفِي الرِّقَابِ وَالْغَارِمِينَ وَفِي سَبِيلِ اللَّهِ وَابْنِ السَّبِيلِ ۖ فَرِيضَةً مِّنَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ(60)

 Dana iku mung tumanja marang para wong kacingkrangan lan wong kebutuh lan para kang katetep tumandang gawé ingatasé prakara iku lan para kang atiné ditumiyungaké lan kanggo nebusi kawula tawanan lan para kang keblebek ing utang lan ana ing dadalané Allah lan wong lalaku: undhanging Allah; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana

وَمِنْهُمُ الَّذِينَ يُؤْذُونَ النَّبِيَّ وَيَقُولُونَ هُوَ أُذُنٌ ۚ قُلْ أُذُنُ خَيْرٍ لَّكُمْ يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَيُؤْمِنُ لِلْمُؤْمِنِينَ وَرَحْمَةٌ لِّلَّذِينَ آمَنُوا مِنكُمْ ۚ وَالَّذِينَ يُؤْذُونَ رَسُولَ اللَّهِ لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ(61)

 Lan sawenèhé ana kang padha banget angribedaké Nabi sarta acalathua: Dhèwèké iku wong sing anggugu sabarang kang dirungu. Calathua: Wong kang angrungokaké kang becik tumrapé sira, angèstu ing Allah lan ngandel marang para angèstu, sarta wilasa tumrap sawenèhira kang padha angèstu; wondéné para kang padha banget angribedaké nabi, iku bakal olèh siksa kang nglarani

يَحْلِفُونَ بِاللَّهِ لَكُمْ لِيُرْضُوكُمْ وَاللَّهُ وَرَسُولُهُ أَحَقُّ أَن يُرْضُوهُ إِن كَانُوا مُؤْمِنِينَ(62)

 Dhèwèké padha supata kala- wan Allah marang sira, amurih pirenanira; lan Allah sarta Utusan-É, iku luwih bener yèn dhèwèké padha angre- nakna Panjenengané, manawa dhè- wèké iku padha wong angèstu

أَلَمْ يَعْلَمُوا أَنَّهُ مَن يُحَادِدِ اللَّهَ وَرَسُولَهُ فَأَنَّ لَهُ نَارَ جَهَنَّمَ خَالِدًا فِيهَا ۚ ذَٰلِكَ الْخِزْيُ الْعَظِيمُ(63)

 Apa padha ora weruh, yèn sapa sing anglawan Allah lan Utusan-É sayekti bakal olèh geni naraka, bakal manggon ing kono? Iku asor kang gedhé

يَحْذَرُ الْمُنَافِقُونَ أَن تُنَزَّلَ عَلَيْهِمْ سُورَةٌ تُنَبِّئُهُم بِمَا فِي قُلُوبِهِمْ ۚ قُلِ اسْتَهْزِئُوا إِنَّ اللَّهَ مُخْرِجٌ مَّا تَحْذَرُونَ(64)

 Para wong lamis padha kuwatir, yen ana surat tinurunaké marang dhèwèké, kang bakal ameruhaké marang dhèwèké apa kang ana ing sajroning ati-atiné. Calathua: Padha angguguyua, sa- yekti Allah iku bakal anglahiraké apa kang padha sira kuwatiraké

وَلَئِن سَأَلْتَهُمْ لَيَقُولُنَّ إِنَّمَا كُنَّا نَخُوضُ وَنَلْعَبُ ۚ قُلْ أَبِاللَّهِ وَآيَاتِهِ وَرَسُولِهِ كُنتُمْ تَسْتَهْزِئُونَ(65)

 Lan manawa dhèwèké padha sira takoni, masthi padha mang- suli: Aku iki mung padha caturan sembranan lan guguyon. Calathua: Apa marang Allah sarta timbalan- timbalan-É tuwin Utusan-É ang- gonmu padha angguguyu

لَا تَعْتَذِرُوا قَدْ كَفَرْتُم بَعْدَ إِيمَانِكُمْ ۚ إِن نَّعْفُ عَن طَائِفَةٍ مِّنكُمْ نُعَذِّبْ طَائِفَةً بِأَنَّهُمْ كَانُوا مُجْرِمِينَ(66)

 Aja padha agawé santolan; temen sira padha angafiri ing sawisé sira angèstu; manawa Ingsun angapura sawenèhira sagolongan, Ingsun bakal aniksa sagolongan amarga saka anggoné padha dosa

الْمُنَافِقُونَ وَالْمُنَافِقَاتُ بَعْضُهُم مِّن بَعْضٍ ۚ يَأْمُرُونَ بِالْمُنكَرِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمَعْرُوفِ وَيَقْبِضُونَ أَيْدِيَهُمْ ۚ نَسُوا اللَّهَ فَنَسِيَهُمْ ۗ إِنَّ الْمُنَافِقِينَ هُمُ الْفَاسِقُونَ(67)

 Para wong lamis lanang lan para wong lamis wadon iku kabèh padha; padha maréntahaké marang ala sarta menging marang becik tuwin padha anggegem tangan- tangané; padha anglirwakaké Allah, mulané Panjenengané ang- lirwakaké dhèwèké; sayekti para wong lamis iku para murang yekti

وَعَدَ اللَّهُ الْمُنَافِقِينَ وَالْمُنَافِقَاتِ وَالْكُفَّارَ نَارَ جَهَنَّمَ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ هِيَ حَسْبُهُمْ ۚ وَلَعَنَهُمُ اللَّهُ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ مُّقِيمٌ(68)

 Allah wis anyagahi geni naraka marang para lamis lanang lan para lamis wadon sarta para kafir, dimèn padha manggon ing kono; iku wis nyukupi dhèwèké; sarta Allah ambendoni dhèwèké tuwin bakal padha olèh siksa kang mindeng

كَالَّذِينَ مِن قَبْلِكُمْ كَانُوا أَشَدَّ مِنكُمْ قُوَّةً وَأَكْثَرَ أَمْوَالًا وَأَوْلَادًا فَاسْتَمْتَعُوا بِخَلَاقِهِمْ فَاسْتَمْتَعْتُم بِخَلَاقِكُمْ كَمَا اسْتَمْتَعَ الَّذِينَ مِن قَبْلِكُم بِخَلَاقِهِمْ وَخُضْتُمْ كَالَّذِي خَاضُوا ۚ أُولَٰئِكَ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ(69)

 Kaya déné para ing saduru- ngira: iku padha luwih banget saka sira mungguhing kakuwatan sarta luwih akèh mungguhing bandha lan anak, mulané dhèwèké padha olèh pandumé; lah sira iya padha olèh pandumira, kaya déné para ing sadurungira anggoné olèh pan- dumé; sarta sira padha cacaturan ngayawara kaya anggoné dhèwèké wus caturan ngayawara. Iki kang panggawé-panggawéné padha mus- pra ing dalem donya lan akhirat; lan iki para kang padha kapitunan

أَلَمْ يَأْتِهِمْ نَبَأُ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ قَوْمِ نُوحٍ وَعَادٍ وَثَمُودَ وَقَوْمِ إِبْرَاهِيمَ وَأَصْحَابِ مَدْيَنَ وَالْمُؤْتَفِكَاتِ ۚ أَتَتْهُمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ ۖ فَمَا كَانَ اللَّهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلَٰكِن كَانُوا أَنفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ(70)

 Apa ora wus tumeka marang dhèwèké pawartané para ing sadu- rungé; wongé Nuh lan ‘Ada lan Tsamudb sarta wongé Ibrahim tuwin para wong ing Madyanc apa déné ing kutha-kutha kang padha karubuhakéd; utusané wis padha anekani dhèwèké kala- wan tandha-tandha yekti; mulané dudu Allah Kang atindak dudu marang dhèwèké, nanging dhè- wèké dhéwé kang atindak dudu marang awaké

وَالْمُؤْمِنُونَ وَالْمُؤْمِنَاتُ بَعْضُهُمْ أَوْلِيَاءُ بَعْضٍ ۚ يَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنكَرِ وَيُقِيمُونَ الصَّلَاةَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَيُطِيعُونَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ أُولَٰئِكَ سَيَرْحَمُهُمُ اللَّهُ ۗ إِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ حَكِيمٌ(71)

 Wondéné para wong lanang angèstu lan wong wadon angèstu, iku padha dadi pangayoman sa- wenèh marang sawenèhé; padha maréntahaké marang becik sarta menging marang ala tuwin padha anjumenengaké salat apa déné padha ambayar zakat lan amba- ngun turut ing Allah lan utusan-É; iki, Allah bakal amaringi wilasa dhèwèké; sayekti Allah iku Maha- mulya, Wicaksana

وَعَدَ اللَّهُ الْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا وَمَسَاكِنَ طَيِّبَةً فِي جَنَّاتِ عَدْنٍ ۚ وَرِضْوَانٌ مِّنَ اللَّهِ أَكْبَرُ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ(72)

 Allah wus anyagahi patama- nan wong lanang angèstu lan wong wadon angèstu, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, dimèn padha manggon ing kono, sarta padunungan kang becik ing sa- jroné patamanan kang langgeng, sarta kabèh iku kang becik dhéwé yaiku pirena saka ing Allah – mangkono iku pakolih kang gedhé

يَا أَيُّهَا النَّبِيُّ جَاهِدِ الْكُفَّارَ وَالْمُنَافِقِينَ وَاغْلُظْ عَلَيْهِمْ ۚ وَمَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۖ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ(73)

 É, Nabi! dianderpati marang para kafir sarta para lamis tuwin di kenceng marang dhèwèké; lan padunungané ing naraka, sarta ala wusanané

يَحْلِفُونَ بِاللَّهِ مَا قَالُوا وَلَقَدْ قَالُوا كَلِمَةَ الْكُفْرِ وَكَفَرُوا بَعْدَ إِسْلَامِهِمْ وَهَمُّوا بِمَا لَمْ يَنَالُوا ۚ وَمَا نَقَمُوا إِلَّا أَنْ أَغْنَاهُمُ اللَّهُ وَرَسُولُهُ مِن فَضْلِهِ ۚ فَإِن يَتُوبُوا يَكُ خَيْرًا لَّهُمْ ۖ وَإِن يَتَوَلَّوْا يُعَذِّبْهُمُ اللَّهُ عَذَابًا أَلِيمًا فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ ۚ وَمَا لَهُمْ فِي الْأَرْضِ مِن وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ(74)

 Dhèwèké padha supata kala- wan Allah, yèn ora angucap apa-apa, mangka sayekti temen padha angucapaké pangucap kakafiran, sarta padha kafir sawisé Islamé, sarta padha anjangka marang barang kang dhè- wèké padha ora bisa katekan, lan dhèwèké padha ora nyawadi, mung amarga déné Allah lan Utusan-É anyugihaké dhèwèké saka lubèring paparing-É; mulané, manawa dhèwèké padha tobat, iku bakal becik tumrapé dhèwèké, lan manawa padha mlé- ngos, Allah bakal aniksa dhèwèké kalawan siksa kang nglarani ing dalem donya lan akhirat, lan ana ing bumi padha ora duwé pangayo- man lan ora panulung

۞ وَمِنْهُم مَّنْ عَاهَدَ اللَّهَ لَئِنْ آتَانَا مِن فَضْلِهِ لَنَصَّدَّقَنَّ وَلَنَكُونَنَّ مِنَ الصَّالِحِينَ(75)

 Lan sawenèhé ana kang apra- janji marang Allah: Manawa Pan- jenengané amaringaké lubèring paparing-É marang aku, amasthi aku padha awèh dana lan amasthi aku dadi golongané para wong becik

فَلَمَّا آتَاهُم مِّن فَضْلِهِ بَخِلُوا بِهِ وَتَوَلَّوا وَّهُم مُّعْرِضُونَ(76)

 Lah bareng Allah amaringi dhèwèké saka lubèring paparing-É, ing kono banjur padha kumed sarta padha mléngos lan padha mundur

فَأَعْقَبَهُمْ نِفَاقًا فِي قُلُوبِهِمْ إِلَىٰ يَوْمِ يَلْقَوْنَهُ بِمَا أَخْلَفُوا اللَّهَ مَا وَعَدُوهُ وَبِمَا كَانُوا يَكْذِبُونَ(77)

 Mulané Panjenengané anung- ka dhèwèké asarana andhèdhèki lalamisan ing sajroning ati-atinè, tumeka ing dina sapatemoné karo Panjenengané, amarga saka ang- goné anyidrani Allah apa kang disanggemaké marang Panjene- ngané sarta amarga saka anggoné padha goroh

أَلَمْ يَعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ سِرَّهُمْ وَنَجْوَاهُمْ وَأَنَّ اللَّهَ عَلَّامُ الْغُيُوبِ(78)

 Apa dhèwèké padha ora weruh, yèn Allah iku Angudanéni pagedhongané sarta rantamané kang winadi, apa déné yèn Allah iku Ingkang-Mahawikan ing samu- barang kang tan katon

الَّذِينَ يَلْمِزُونَ الْمُطَّوِّعِينَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ فِي الصَّدَقَاتِ وَالَّذِينَ لَا يَجِدُونَ إِلَّا جُهْدَهُمْ فَيَسْخَرُونَ مِنْهُمْ ۙ سَخِرَ اللَّهُ مِنْهُمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ(79)

 Para kang padha anyawadi marang para angèstu kang kalawan mulungé dhéwé anggoné adadana lan para kang padha tinemu ora bisa kajaba kalawan sakuwasané, dadi padha anggu- guyu marang dhèwèké; Allah males marang dhèwèké anggoné angguguyu sarta dhèwèké bakal olèh siksa kang nglarani

اسْتَغْفِرْ لَهُمْ أَوْ لَا تَسْتَغْفِرْ لَهُمْ إِن تَسْتَغْفِرْ لَهُمْ سَبْعِينَ مَرَّةً فَلَن يَغْفِرَ اللَّهُ لَهُمْ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ كَفَرُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الْفَاسِقِينَ(80)

 Dhèwèké padha sira suwunna pangapura, utawa aja padha sira suwunaké pangapura; sanajan ta padha sira suwunaké pangapura rambah ing pitung puluh, lah ora bakal Allah angapura marang dhèwèké, amarga saka anggoné angafiri ing Allah lan Utusan-É, lan Allah iku ora anuntun ing wong kang padha murang yekti

فَرِحَ الْمُخَلَّفُونَ بِمَقْعَدِهِمْ خِلَافَ رَسُولِ اللَّهِ وَكَرِهُوا أَن يُجَاهِدُوا بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَقَالُوا لَا تَنفِرُوا فِي الْحَرِّ ۗ قُلْ نَارُ جَهَنَّمَ أَشَدُّ حَرًّا ۚ لَّوْ كَانُوا يَفْقَهُونَ(81)

 Para kang tininggal kari pa- dha bungah, amarga saka anggoné thethenguk sapungkuré Utusaning Allah sarta padha gething yèn anderpatia ing dadalaning Allah kalawan bandhané lan awaké, tuwin padha calathu: Aja padha mangkat ing papanas. Calathua: Genining naraka iku luwih banget panasé. Yèn ta dhèwèké padha ngretia

فَلْيَضْحَكُوا قَلِيلًا وَلْيَبْكُوا كَثِيرًا جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ(82)

 Mulané bakal padha sathithik angguyuné lan akèh nangisé, mi- nangka wawales marang apa kang wus padha dilakoni

فَإِن رَّجَعَكَ اللَّهُ إِلَىٰ طَائِفَةٍ مِّنْهُمْ فَاسْتَأْذَنُوكَ لِلْخُرُوجِ فَقُل لَّن تَخْرُجُوا مَعِيَ أَبَدًا وَلَن تُقَاتِلُوا مَعِيَ عَدُوًّا ۖ إِنَّكُمْ رَضِيتُم بِالْقُعُودِ أَوَّلَ مَرَّةٍ فَاقْعُدُوا مَعَ الْخَالِفِينَ(83)

 Mulané, manawa Allah angu- lihaké sira katemu papanthan golo- ngané, dhèwèké padha anja- luk palilah arep mangkat, lah sira wangsulana: ora pisan sira bakal mangkat karo aku, salawasé, lan ora pisan sira bakal merangi mung- suh karo aku; sayekti sira iku dhèk sapisanané dhemen thethenguk, mulané saiki padha thethenguka karo wong kang padha kèri

وَلَا تُصَلِّ عَلَىٰ أَحَدٍ مِّنْهُم مَّاتَ أَبَدًا وَلَا تَقُمْ عَلَىٰ قَبْرِهِ ۖ إِنَّهُمْ كَفَرُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ وَمَاتُوا وَهُمْ فَاسِقُونَ(84)

 Lan salawasé aja pisan sira anyalataké salah sawiji saka golo- ngané, kang mati, lan aja sira ngadeg ing kuburé; sayekti dhè- wèké iku padha angafiri marang Allah lan Utusan-É, sarta bakal padha mati sajroné murang yekti

وَلَا تُعْجِبْكَ أَمْوَالُهُمْ وَأَوْلَادُهُمْ ۚ إِنَّمَا يُرِيدُ اللَّهُ أَن يُعَذِّبَهُم بِهَا فِي الدُّنْيَا وَتَزْهَقَ أَنفُسُهُمْ وَهُمْ كَافِرُونَ(85)

 Lan aja anggawokaké marang sira bandhané lan anak-anaké; iku karsaning Allah mung kagem sarana aniksa dhèwèké ing donya, sarta supaya bakal pecating jiwané dhèwèké isih padha wong kafir

وَإِذَا أُنزِلَتْ سُورَةٌ أَنْ آمِنُوا بِاللَّهِ وَجَاهِدُوا مَعَ رَسُولِهِ اسْتَأْذَنَكَ أُولُو الطَّوْلِ مِنْهُمْ وَقَالُوا ذَرْنَا نَكُن مَّعَ الْقَاعِدِينَ(86)

 Lan samangsa surat tinuru- naké andhawuhaké: Padha angès- tokna ing Allah sarta padha anderpatia anyartani Utusan-É, sawenèhé kang kasérénan kasu- gihan padha anjaluk pamit marang sira sarta calathu: Mugi kula ka- tilar kémawon, kajengipun angan- cani ingkang sami thethenguk punika

رَضُوا بِأَن يَكُونُوا مَعَ الْخَوَالِفِ وَطُبِعَ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَفْقَهُونَ(87)

 Dhèwèké padha seneng yèn anyartanana para kang padha kari, sarta wus diecap ana ing ati-atiné, mulané padha ora mangerti

لَٰكِنِ الرَّسُولُ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ جَاهَدُوا بِأَمْوَالِهِمْ وَأَنفُسِهِمْ ۚ وَأُولَٰئِكَ لَهُمُ الْخَيْرَاتُ ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ(88)

 Ananging utusan lan para kang padha angèstu, kanthiné, padha anderpati kalawan bandhané lan awaké; lan ya iki kang bakal padha olèh barang becik-becik, lan yaiki kang bakal padha begja

أَعَدَّ اللَّهُ لَهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ ذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ(89)

 Allah wus anyadhiyani pata- manan marang dhèwèké, kang ing jeroné kali-kaliné padha mili, dimèn padha manggon ing kono; iku pakolèh kang gedhé

وَجَاءَ الْمُعَذِّرُونَ مِنَ الْأَعْرَابِ لِيُؤْذَنَ لَهُمْ وَقَعَدَ الَّذِينَ كَذَبُوا اللَّهَ وَرَسُولَهُ ۚ سَيُصِيبُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِنْهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ(90)

 Lan kang padha anglirwa- kaké, yaiku wong-wong sagara wedhi, padha teka, amrih padha diwènèhna pamit lan para kang padha anggorohaké Allah lan Utusan-É padha thethenguk ; golongané, para kang padha kafir, bakal ditibani siksa kang nglarani

لَّيْسَ عَلَى الضُّعَفَاءِ وَلَا عَلَى الْمَرْضَىٰ وَلَا عَلَى الَّذِينَ لَا يَجِدُونَ مَا يُنفِقُونَ حَرَجٌ إِذَا نَصَحُوا لِلَّهِ وَرَسُولِهِ ۚ مَا عَلَى الْمُحْسِنِينَ مِن سَبِيلٍ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(91)

 Ora pisan ala ingatasé wong apes, lan wong-wong lara, lan para kang padha kasepèn waragad samangsané padha tulus marang Allah lan Utusan-É: Ora ana dalan marang wong kang padha agawé becik ; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

وَلَا عَلَى الَّذِينَ إِذَا مَا أَتَوْكَ لِتَحْمِلَهُمْ قُلْتَ لَا أَجِدُ مَا أَحْمِلُكُمْ عَلَيْهِ تَوَلَّوا وَّأَعْيُنُهُمْ تَفِيضُ مِنَ الدَّمْعِ حَزَنًا أَلَّا يَجِدُوا مَا يُنفِقُونَ(92)

 Lan ora pisan ing atasé para kang, nalika tumeka marang sira amrih padha sira emota, padha sira kandhani: Aku ora bisa olèh saranané kanggo angemot sira; dhèwèké padha bali kalawan mripaté andarojos luhé amarga saka susahé, déné padha ora éntuk apa kang dienggo waragad

۞ إِنَّمَا السَّبِيلُ عَلَى الَّذِينَ يَسْتَأْذِنُونَكَ وَهُمْ أَغْنِيَاءُ ۚ رَضُوا بِأَن يَكُونُوا مَعَ الْخَوَالِفِ وَطَبَعَ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ(93)

 Dalan iku mung tumrap marang para kang padha anjaluk pamit marang sira, sanajan padha sugih; padha dhemen anyartani para kang padha kari, lan Allah wis angecap ing ati- atiné, mulané dhèwèké padha ora weruh

يَعْتَذِرُونَ إِلَيْكُمْ إِذَا رَجَعْتُمْ إِلَيْهِمْ ۚ قُل لَّا تَعْتَذِرُوا لَن نُّؤْمِنَ لَكُمْ قَدْ نَبَّأَنَا اللَّهُ مِنْ أَخْبَارِكُمْ ۚ وَسَيَرَى اللَّهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُولُهُ ثُمَّ تُرَدُّونَ إِلَىٰ عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(94)

 Dhèwèké bakal padha angan- dhakaké santolan marang sira sa- mangsa padha bali katemu dhè- wèké. Calathua: Aja padha angan- dhakaké santolan, ora bakal aku padha ngandel marang sira; temen Allah wus martani marang aku prakara kaananira, sarta Allah lan Utusan-É bakal amriksani pang- gawénira; tumuli sira bakal padha dibalèkaké marang Ingkang-Angu- danèni barang kang tan katon lan kang katon; lah Panjenengané bakal amartani sira apa kang wus padha sira lakoni

سَيَحْلِفُونَ بِاللَّهِ لَكُمْ إِذَا انقَلَبْتُمْ إِلَيْهِمْ لِتُعْرِضُوا عَنْهُمْ ۖ فَأَعْرِضُوا عَنْهُمْ ۖ إِنَّهُمْ رِجْسٌ ۖ وَمَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ(95)

 Dhèwèké bakal padha sepata kalawan Allah marang sira samangsa sira padha bali katemu dhèwèké, amrih sira padha méngoa saka dhèwèké; sa- yekti dhèwèké iku jember lan pang- gonané naraka: wawales tumrap apa kang wus padha dilakoni

يَحْلِفُونَ لَكُمْ لِتَرْضَوْا عَنْهُمْ ۖ فَإِن تَرْضَوْا عَنْهُمْ فَإِنَّ اللَّهَ لَا يَرْضَىٰ عَنِ الْقَوْمِ الْفَاسِقِينَ(96)

 Dhèwèké bakal padha sepata marang sira, amrih sira padha apirena marang dhèwèké; ana- nging manawa sira apirena marang dhèwèké, lah sayekti Allah iku ora rena marang wong kang padha murang yekti

الْأَعْرَابُ أَشَدُّ كُفْرًا وَنِفَاقًا وَأَجْدَرُ أَلَّا يَعْلَمُوا حُدُودَ مَا أَنزَلَ اللَّهُ عَلَىٰ رَسُولِهِ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ(97)

 Para wong segara wedhi iku luwih abanget ing kakafirané lan lalamisané, lan luwih mungguh yèn ta padha ora weruha wawates kang kadhawuhaké déning Allah marang Utusan-É; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana

وَمِنَ الْأَعْرَابِ مَن يَتَّخِذُ مَا يُنفِقُ مَغْرَمًا وَيَتَرَبَّصُ بِكُمُ الدَّوَائِرَ ۚ عَلَيْهِمْ دَائِرَةُ السَّوْءِ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ(98)

 Lan sawenèhé wong ing sagara wedhi ana sing nganggep kapitunan marang apa sing diwè- wèhaké, sarta padha angadhang- adhang giliraning tumiba ing sira: tumiba ing dhèwèké giliraning ala iku; lan Allah iku Amiyarsa, Angudanèni

وَمِنَ الْأَعْرَابِ مَن يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَيَتَّخِذُ مَا يُنفِقُ قُرُبَاتٍ عِندَ اللَّهِ وَصَلَوَاتِ الرَّسُولِ ۚ أَلَا إِنَّهَا قُرْبَةٌ لَّهُمْ ۚ سَيُدْخِلُهُمُ اللَّهُ فِي رَحْمَتِهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(99)

 Lan sawenèhé wong ing sagara wedhi ana sing angèstu ing Allah lan dina akhir sarta angang- gep apa sing diwèwèhaké mi- nangka pamarek ing ngarsaning Allah sarta pandongané Utusan; Allah bakal anglebokaké dhèwèké marang ing wilasa-Né; sayekti Allah iku Aparamarta Mahaasih

وَالسَّابِقُونَ الْأَوَّلُونَ مِنَ الْمُهَاجِرِينَ وَالْأَنصَارِ وَالَّذِينَ اتَّبَعُوهُم بِإِحْسَانٍ رَّضِيَ اللَّهُ عَنْهُمْ وَرَضُوا عَنْهُ وَأَعَدَّ لَهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي تَحْتَهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا أَبَدًا ۚ ذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ(100)

 Lan para kang padha andhi- siki, wiwit-wiwitané para Muha- jirin lan Anshâr, lan para kang padha manut dhèwèké ing kabe- cikan, Allah apirena ing dhèwèké lan dhèwèké padha apirena ing Panjenengané sarta Panjenengané anyadhiyani patamanan marang dhèwèké, kang ing jeroné kali- kaliné padha mili, dimèn padha manggon ing kono salawasé; iku pakolih kang agung

وَمِمَّنْ حَوْلَكُم مِّنَ الْأَعْرَابِ مُنَافِقُونَ ۖ وَمِنْ أَهْلِ الْمَدِينَةِ ۖ مَرَدُوا عَلَى النِّفَاقِ لَا تَعْلَمُهُمْ ۖ نَحْنُ نَعْلَمُهُمْ ۚ سَنُعَذِّبُهُم مَّرَّتَيْنِ ثُمَّ يُرَدُّونَ إِلَىٰ عَذَابٍ عَظِيمٍ(101)

 Lan sawenèhé para wong wonging sagara wedhi ing sakiwa tengenira , iku para wong lamis lan sawenèhé wong-wonging kutha Madinah ; dhè- wèké padha ambrekunung ing lalamisan; sira ora weruh marang dhèwèké; Ingsun Angudanèni marang dhèwèké. Ingsun bakal aniksa dhèwèké rong rambahan, tumuli bakal padha dibalèkaké marang siksa kang gedhé

وَآخَرُونَ اعْتَرَفُوا بِذُنُوبِهِمْ خَلَطُوا عَمَلًا صَالِحًا وَآخَرَ سَيِّئًا عَسَى اللَّهُ أَن يَتُوبَ عَلَيْهِمْ ۚ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(102)

 Lan liyané iku padha anga- koni kaluputané; dhèwèké pa- dha angemor panggawé becik karo panggawé ala; mbok manawa- manawa Allah bakal bali marang dhèwèké; sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih

خُذْ مِنْ أَمْوَالِهِمْ صَدَقَةً تُطَهِّرُهُمْ وَتُزَكِّيهِم بِهَا وَصَلِّ عَلَيْهِمْ ۖ إِنَّ صَلَاتَكَ سَكَنٌ لَّهُمْ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ(103)

 Tampanana bandhané du- munung dana, iku sira anggoa anucèni dhèwèké lan angresikaké dhèwèké, apa déné sira andongak- na dhèwèké; sayekti donganira iku anentremaké dhèwèké; lan Allah iku Amiyarsa, Angudanèni

أَلَمْ يَعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ هُوَ يَقْبَلُ التَّوْبَةَ عَنْ عِبَادِهِ وَيَأْخُذُ الصَّدَقَاتِ وَأَنَّ اللَّهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ(104)

 Apa ta padha ora weruh, yèn Allah iku anampèni pitobat saka kawula-Né sarta anampi dana-danané, lan yèn Allah iku Ingkang Tansah bola bali , Ingkang-Mahaasih

وَقُلِ اعْمَلُوا فَسَيَرَى اللَّهُ عَمَلَكُمْ وَرَسُولُهُ وَالْمُؤْمِنُونَ ۖ وَسَتُرَدُّونَ إِلَىٰ عَالِمِ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(105)

 Lan acalathua: Padha tu- mandanga; tumuli Allah bakal amriksani panggawénira lan Utusan-É sarta para angèstu; lan sira bakal padha dibalèkaké marang ingkang Angu- ningani barang kang ora katon lan kang katon, tumuli Panjenengané bakal amartani sira ing barang kang wus padha sira lakoni

وَآخَرُونَ مُرْجَوْنَ لِأَمْرِ اللَّهِ إِمَّا يُعَذِّبُهُمْ وَإِمَّا يَتُوبُ عَلَيْهِمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ(106)

 Déné liya-liyané, padha di- srantèkaké ing paréntahing Allah, apa ta Panjenengané arsa aniksa dhèwèké lan apa ta Panjenengané arsa bali marang dhè- wèké; lan Allah iku Angudanèni, Wicaksana

وَالَّذِينَ اتَّخَذُوا مَسْجِدًا ضِرَارًا وَكُفْرًا وَتَفْرِيقًا بَيْنَ الْمُؤْمِنِينَ وَإِرْصَادًا لِّمَنْ حَارَبَ اللَّهَ وَرَسُولَهُ مِن قَبْلُ ۚ وَلَيَحْلِفُنَّ إِنْ أَرَدْنَا إِلَّا الْحُسْنَىٰ ۖ وَاللَّهُ يَشْهَدُ إِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ(107)

 Lan para kang padha angedegaké masjid karana amrih karusakan lan kakafiran tuwin pepecahan antaraning para angès- tu, apa déné minangka pandho- dhotan tumrap wong kang dhèk anu amerangi Allah lan Utusan-É; lan sayekti dhèwèké bakal padha sepata: Aku padha ora duwé karep liya kajaba becik; lan Allah iku aneksèni yèn satemené dhèwèké iku padha wong goroh

لَا تَقُمْ فِيهِ أَبَدًا ۚ لَّمَسْجِدٌ أُسِّسَ عَلَى التَّقْوَىٰ مِنْ أَوَّلِ يَوْمٍ أَحَقُّ أَن تَقُومَ فِيهِ ۚ فِيهِ رِجَالٌ يُحِبُّونَ أَن يَتَطَهَّرُوا ۚ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُطَّهِّرِينَ(108)

 Aja anjenengi ing kono salawasé; sayekti, masjid kang tinalesan ing bekti saking dina wiwitan pisan iku luwih prayoga yèn ta sira anjumenengana ing kono; ing kono ana wong-wongé kang padha dhemen yèn ta padha disucènana; lan Allah iku remen marang wong kang padha nucèni diriné

أَفَمَنْ أَسَّسَ بُنْيَانَهُ عَلَىٰ تَقْوَىٰ مِنَ اللَّهِ وَرِضْوَانٍ خَيْرٌ أَم مَّنْ أَسَّسَ بُنْيَانَهُ عَلَىٰ شَفَا جُرُفٍ هَارٍ فَانْهَارَ بِهِ فِي نَارِ جَهَنَّمَ ۗ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ(109)

 Lah apa ta kang analesi yayasané kalawan bekti maring Allah sarta pirena-Né iku sing luwih becik, apa ta kang analesi yayasané ing gampènging juju- rang, banjur jugrug angatutaké iki menyang ing genining naraka; lan Allah iku ora nuntun wong-wong kang atindak dudu

لَا يَزَالُ بُنْيَانُهُمُ الَّذِي بَنَوْا رِيبَةً فِي قُلُوبِهِمْ إِلَّا أَن تَقَطَّعَ قُلُوبُهُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ حَكِيمٌ(110)

 Yayasané kang diedegaké iku ora pegat tansah dadi sumber ing semang ing sajroning ati-atiné, kajaba manawa ati-atiné wis re- muk; lan Allah iku Angudanéni, Wicaksana

۞ إِنَّ اللَّهَ اشْتَرَىٰ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ أَنفُسَهُمْ وَأَمْوَالَهُم بِأَنَّ لَهُمُ الْجَنَّةَ ۚ يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ فَيَقْتُلُونَ وَيُقْتَلُونَ ۖ وَعْدًا عَلَيْهِ حَقًّا فِي التَّوْرَاةِ وَالْإِنجِيلِ وَالْقُرْآنِ ۚ وَمَنْ أَوْفَىٰ بِعَهْدِهِ مِنَ اللَّهِ ۚ فَاسْتَبْشِرُوا بِبَيْعِكُمُ الَّذِي بَايَعْتُم بِهِ ۚ وَذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ(111)

 Sayekti Allah wus anuku saka para angèstu, awak-awaké lan bandha-bandhané, yaiku dhèwèké bakal olèh patamanan; padha pe- rang ing dadalaning Allah, banjur padha amrajaya lan pinrajaya; janji kang nyata ingatasé Panjenengané, ing sajroning Taurat lan Injil sarta Qur’an; lan sapa ta kang luwih anuhoni janjiné tinimbang Allah? Mulané sira padha di- bungah ing janjinira kang sira janjèkaké; lan mangkono iku pakolih kang gedhé

التَّائِبُونَ الْعَابِدُونَ الْحَامِدُونَ السَّائِحُونَ الرَّاكِعُونَ السَّاجِدُونَ الْآمِرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَالنَّاهُونَ عَنِ الْمُنكَرِ وَالْحَافِظُونَ لِحُدُودِ اللَّهِ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ(112)

 Para kang padha tobat kang padha alaladi kang padha manga- lembana , kang padha puasa, kang padha ruku’, kang padha sujud, kang padha aparéntah ing panggawé becik lan kang padha anyegah ing panggawé ala lan kang padha rumeksa ing wawatesing Allah: lan awèha war- ta bubungah marang para angèstu

مَا كَانَ لِلنَّبِيِّ وَالَّذِينَ آمَنُوا أَن يَسْتَغْفِرُوا لِلْمُشْرِكِينَ وَلَوْ كَانُوا أُولِي قُرْبَىٰ مِن بَعْدِ مَا تَبَيَّنَ لَهُمْ أَنَّهُمْ أَصْحَابُ الْجَحِيمِ(113)

 Ora mungguh tumrapé Nabi lan para kang padha angèstu, yèn ta padha anyuwunaké pangapura para manembah brahala, sanajan ta iku krabat, ing sawisé terang tu- mrap dhèwèké, yèn dhèwèké iku padha wongé geni kang murub

وَمَا كَانَ اسْتِغْفَارُ إِبْرَاهِيمَ لِأَبِيهِ إِلَّا عَن مَّوْعِدَةٍ وَعَدَهَا إِيَّاهُ فَلَمَّا تَبَيَّنَ لَهُ أَنَّهُ عَدُوٌّ لِّلَّهِ تَبَرَّأَ مِنْهُ ۚ إِنَّ إِبْرَاهِيمَ لَأَوَّاهٌ حَلِيمٌ(114)

 Lan panyuwuné pangapura Ibrahim tumrap wong tuwané iku ora liya kajaba saka prajanjian kang wus dijanjèkaké marang dhè- wèké; ananging bareng wus terang tumrapé dhèwèké, yèn dhèwèké iku mungsuh tumrapé Allah, wisuh saka dhèwèké; sayekti Ibrahim iku banget akèh panga- dhuhé, lembah manah

وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُضِلَّ قَوْمًا بَعْدَ إِذْ هَدَاهُمْ حَتَّىٰ يُبَيِّنَ لَهُم مَّا يَتَّقُونَ ۚ إِنَّ اللَّهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ(115)

 Lan ora pisan Allah iku agawé sasaré sawijining bangsa ing sawisé Panjenengané aparing katerangan marang dhèwèké apa kang kudu diprayitnani; sayekti Allah iku marang samubarang udani

إِنَّ اللَّهَ لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ يُحْيِي وَيُمِيتُ ۚ وَمَا لَكُم مِّن دُونِ اللَّهِ مِن وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ(116)

 Sayekti Allah iku, karato- ning langit-langit lan bumi iku kagungan-É; Panjenengané adamel urip lan adamel pati; lan saliyané Allah sira ora duwé Pangayoman lan Panulung

لَّقَد تَّابَ اللَّهُ عَلَى النَّبِيِّ وَالْمُهَاجِرِينَ وَالْأَنصَارِ الَّذِينَ اتَّبَعُوهُ فِي سَاعَةِ الْعُسْرَةِ مِن بَعْدِ مَا كَادَ يَزِيغُ قُلُوبُ فَرِيقٍ مِّنْهُمْ ثُمَّ تَابَ عَلَيْهِمْ ۚ إِنَّهُ بِهِمْ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ(117)

 Lan sayekti temen Allah wis bali marang Nabi lan para kang padha mlayu ating- gal balé omahé sarta para panu- lung kang padha manut dhèwèké ing wayahé rekasa ing sawisé ati- atiné sapérangané dhèwèké mèh baé mlèncèng, tumuli Panjene- ngané bali marang dhèwèké; sayekti Panjenengané iku marang dhèwèké kabèh Welas, Mahaasih

وَعَلَى الثَّلَاثَةِ الَّذِينَ خُلِّفُوا حَتَّىٰ إِذَا ضَاقَتْ عَلَيْهِمُ الْأَرْضُ بِمَا رَحُبَتْ وَضَاقَتْ عَلَيْهِمْ أَنفُسُهُمْ وَظَنُّوا أَن لَّا مَلْجَأَ مِنَ اللَّهِ إِلَّا إِلَيْهِ ثُمَّ تَابَ عَلَيْهِمْ لِيَتُوبُوا ۚ إِنَّ اللَّهَ هُوَ التَّوَّابُ الرَّحِيمُ(118)

 Lan tumrap wong tetelu, kang padha katinggal kari, nganti nalikané bumi rupek ingatasé dhè- wèké, sanajan jembar, lan jiwané padha dadi rupek ingatasé dhè- wèké; lan padha yakin, manawa ora ana pangungsèn saka Allah, kajaba marang Pan- jenengané; tumuli Panjenengané bali marang dhèwèké, supaya dhèwèké padha balia ; sayekti Allah iku Kang-Tansah-aboli-bali , Kang-Mahaasih

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَكُونُوا مَعَ الصَّادِقِينَ(119)

 É, sira kang padha angèstu! padha diprayitna ing Allah, sarta padha anyar- tanana para susatya

مَا كَانَ لِأَهْلِ الْمَدِينَةِ وَمَنْ حَوْلَهُم مِّنَ الْأَعْرَابِ أَن يَتَخَلَّفُوا عَن رَّسُولِ اللَّهِ وَلَا يَرْغَبُوا بِأَنفُسِهِمْ عَن نَّفْسِهِ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ لَا يُصِيبُهُمْ ظَمَأٌ وَلَا نَصَبٌ وَلَا مَخْمَصَةٌ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَلَا يَطَئُونَ مَوْطِئًا يَغِيظُ الْكُفَّارَ وَلَا يَنَالُونَ مِنْ عَدُوٍّ نَّيْلًا إِلَّا كُتِبَ لَهُم بِهِ عَمَلٌ صَالِحٌ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجْرَ الْمُحْسِنِينَ(120)

 Ora mungguh tumrapé wong Madinah sarta wong-wong sagara wedhi ing sakiwa-tengené dhèwèké, yèn ta padha karia ing pengkerané Utusaning Allah, sarta ora yèn ta padha amriha suka tumrap awaké dhéwé angungkuli sarirané; mangkono iku amarga ngelak lan rekasa sarta luwé ora angenani dhèwèké kabèh ana ing dadalaning Allah; lan padha ora angambah dalan, kang andadèkaké muringé para kafir, apa déné dhèwèké padha ora apakolih saka musuh apa kang padha pinakolih, ana- nging amarga saka iku panggawé becik wus katulis tumrap dhèwèké; sayekti Allah iku ora amusprakaké ganjarané wong-wong kang padha agawé becik

وَلَا يُنفِقُونَ نَفَقَةً صَغِيرَةً وَلَا كَبِيرَةً وَلَا يَقْطَعُونَ وَادِيًا إِلَّا كُتِبَ لَهُمْ لِيَجْزِيَهُمُ اللَّهُ أَحْسَنَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(121)

 Sarta dhèwèké padha ora mèwèhaké pawèwèh, cilik utawa gedhé, apa déné padha ora anya- brang ing jujurang kajaba iku wus tinulis becik tumrap dhèwèké, amrih Allah aparing wawales kang luwih becik marang dhèwèké, amarga saka apa kang wus padha dilakoni

۞ وَمَا كَانَ الْمُؤْمِنُونَ لِيَنفِرُوا كَافَّةً ۚ فَلَوْلَا نَفَرَ مِن كُلِّ فِرْقَةٍ مِّنْهُمْ طَائِفَةٌ لِّيَتَفَقَّهُوا فِي الدِّينِ وَلِيُنذِرُوا قَوْمَهُمْ إِذَا رَجَعُوا إِلَيْهِمْ لَعَلَّهُمْ يَحْذَرُونَ(122)

 Lan ora layak para angèstu iku yèn ta padha budhala akerig lampit; lah yagéné ora ana sagolo- ngan saka saben-saben papanthané dhèwèké, kang budhal, dimèn pa- dha marsudi mamrih mangerti ing dalem prakara agama, supaya dhèwèké padha apépéling marang panunggalané samangsa padha bali katemu dhèwèké, supa-ya dhèwèké padha angati-ati

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قَاتِلُوا الَّذِينَ يَلُونَكُم مِّنَ الْكُفَّارِ وَلْيَجِدُوا فِيكُمْ غِلْظَةً ۚ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللَّهَ مَعَ الْمُتَّقِينَ(123)

 É, sira kang padha angèstu! padha merangana para kafir kang ana ing sacedhak-cedhakira sar- ta dimèn padha ngerti kekerasan kang ana ing sira; sarta padha weruha yèn Allah iku anyartani para kang prayitna

وَإِذَا مَا أُنزِلَتْ سُورَةٌ فَمِنْهُم مَّن يَقُولُ أَيُّكُمْ زَادَتْهُ هَٰذِهِ إِيمَانًا ۚ فَأَمَّا الَّذِينَ آمَنُوا فَزَادَتْهُمْ إِيمَانًا وَهُمْ يَسْتَبْشِرُونَ(124)

 Lan samangsa-mangsa ana surat didhawuhaké sawenèhé ana kang calathu: Kowé kabèh sapa sing mundhak ing piandel déning iki? Wondéné para kang padha angèstu, lah, iku angundhakaké piandelé sarta dhèwèké padha bungah

وَأَمَّا الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ فَزَادَتْهُمْ رِجْسًا إِلَىٰ رِجْسِهِمْ وَمَاتُوا وَهُمْ كَافِرُونَ(125)

 Wondhéné para kang ing jeroning ati-atiné ana lalarané,a iku angundhakaké jejember marang jejemberé, sarta padha mati ing sajroné dhèwèké isih padha wong kafir

أَوَلَا يَرَوْنَ أَنَّهُمْ يُفْتَنُونَ فِي كُلِّ عَامٍ مَّرَّةً أَوْ مَرَّتَيْنِ ثُمَّ لَا يَتُوبُونَ وَلَا هُمْ يَذَّكَّرُونَ(126)

 Apa ta ora andeleng, yèn awaké padha cinoba ing dalem saben taun sapisan utawa rong rambahan; èwadéné padha ora mratobat sarta padha ora éling

وَإِذَا مَا أُنزِلَتْ سُورَةٌ نَّظَرَ بَعْضُهُمْ إِلَىٰ بَعْضٍ هَلْ يَرَاكُم مِّنْ أَحَدٍ ثُمَّ انصَرَفُوا ۚ صَرَفَ اللَّهُ قُلُوبَهُم بِأَنَّهُمْ قَوْمٌ لَّا يَفْقَهُونَ(127)

 Lan samangsa-mangsa ana surat diturunaké, padha pandeng- pinandeng sawenèh marang sawe- nèhé: apa Ana wong sawiji kang angingetaké kowé? Tumuli padha sumingkir. Allah wis anyingkiraké ati-atiné, amarga dhèwèké iku wong kang padha ora mangerti

لَقَدْ جَاءَكُمْ رَسُولٌ مِّنْ أَنفُسِكُمْ عَزِيزٌ عَلَيْهِ مَا عَنِتُّمْ حَرِيصٌ عَلَيْكُم بِالْمُؤْمِنِينَ رَءُوفٌ رَّحِيمٌ(128)

 Sayekti temen wus anekani sira sawijining Utusan, saka ing bangsanira; abot ingatasé dhèwèké tumibanira ing kasangsaran, ba- nget pangémané ing sira, marang para angèstu welas, asih A

فَإِن تَوَلَّوْا فَقُلْ حَسْبِيَ اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ ۖ وَهُوَ رَبُّ الْعَرْشِ الْعَظِيمِ(129)

 Ananging manawa dhèwèké padha malèngos, lah calathua: Allah iku wus cukup tumrapé aku, ora ana sesembahan kajaba Panje- nengané; marang Panjenengané suméndhéku, lan Panjenengané iku Pangéraning pangawasa kang agung.a


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah At-Tawbah with the voice of the most famous Quran reciters :

surah At-Tawbah mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter At-Tawbah Complete with high quality
surah At-Tawbah Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah At-Tawbah Bandar Balila
Bandar Balila
surah At-Tawbah Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah At-Tawbah Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah At-Tawbah Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah At-Tawbah Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah At-Tawbah Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah At-Tawbah Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah At-Tawbah Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah At-Tawbah Fares Abbad
Fares Abbad
surah At-Tawbah Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah At-Tawbah Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah At-Tawbah Al Hosary
Al Hosary
surah At-Tawbah Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah At-Tawbah Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Monday, April 29, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب