Перевод суры Гафир на Яванский язык

  1. Сура mp3
  2. Другие суры
  3. Яванский
Священный Коран | Перевод Корана | Язык Яванский | Сура Гафир | غافر - получите точный и надежный Яванский текст сейчас - Количество аятов: 85 - Номер суры в мушафе: 40 - Значение названия суры на русском языке: The Forgiver (God).

حم(1)

 Haa Miim

تَنزِيلُ الْكِتَابِ مِنَ اللَّهِ الْعَزِيزِ الْعَلِيمِ(2)

 Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulia tur nguningani samu barang

غَافِرِ الذَّنبِ وَقَابِلِ التَّوْبِ شَدِيدِ الْعِقَابِ ذِي الطَّوْلِ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ إِلَيْهِ الْمَصِيرُ(3)

 Kang kuasa ngapura dosa lan narima tobat, tur kang siksane abot. Kang kagungan kasugihan tur kepareng paring kabungahan warna - warna. Ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah piyambak. Samu barang iki ing tembe padha bali marang ngarsane Allah

مَا يُجَادِلُ فِي آيَاتِ اللَّهِ إِلَّا الَّذِينَ كَفَرُوا فَلَا يَغْرُرْكَ تَقَلُّبُهُمْ فِي الْبِلَادِ(4)

 Ora ana kang madoni al-Quran kajaba wong kafir, mulane sira aja kalorob anggone lunga-teka (bebas) saka kutho siji marang kutho liyane

كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ وَالْأَحْزَابُ مِن بَعْدِهِمْ ۖ وَهَمَّتْ كُلُّ أُمَّةٍ بِرَسُولِهِمْ لِيَأْخُذُوهُ ۖ وَجَادَلُوا بِالْبَاطِلِ لِيُدْحِضُوا بِهِ الْحَقَّ فَأَخَذْتُهُمْ ۖ فَكَيْفَ كَانَ عِقَابِ(5)

 Sakdurunge dheweke, para ummate Nuh lan para kumpulan sawuse padha maido marang Rosule, siji - sijining ummat mahu padha madoni kelawan nasar murih sirnane agama kang bener. Wusana ummat mau padha Ingsun tumpes. Mara sira pikira kapriye kahanane siksaningsun

وَكَذَٰلِكَ حَقَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى الَّذِينَ كَفَرُوا أَنَّهُمْ أَصْحَابُ النَّارِ(6)

 Wis mangkono Pangandikane Allah Pangeranira, nemtokake saruane wong kafir padha dadi hisining neraka

الَّذِينَ يَحْمِلُونَ الْعَرْشَ وَمَنْ حَوْلَهُ يُسَبِّحُونَ بِحَمْدِ رَبِّهِمْ وَيُؤْمِنُونَ بِهِ وَيَسْتَغْفِرُونَ لِلَّذِينَ آمَنُوا رَبَّنَا وَسِعْتَ كُلَّ شَيْءٍ رَّحْمَةً وَعِلْمًا فَاغْفِرْ لِلَّذِينَ تَابُوا وَاتَّبَعُوا سَبِيلَكَ وَقِهِمْ عَذَابَ الْجَحِيمِ(7)

 (Malaikat) kang padha mikul ’Arsy lan kang padha baris ana kiwa tengene padha nyebut Maha Suci memuji ing Allah Pangerane, padha setiya tuhu ing Allah, sarta padha nyuwunake pangapura kaluputane wong kang padha percaya Allah tembunge, "Pangeran kawula pangawikan saha ramat paduka langkung jembar maradini samu kawis. Paduka mugi ngapuraha kaleparanipun para kawula ingkang sami tobat, sarta sami manut margi panjenengan (agama Islam).Mugi kareksa saking siksa neraka Jahim

رَبَّنَا وَأَدْخِلْهُمْ جَنَّاتِ عَدْنٍ الَّتِي وَعَدتَّهُمْ وَمَن صَلَحَ مِنْ آبَائِهِمْ وَأَزْوَاجِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ ۚ إِنَّكَ أَنتَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ(8)

 Pangeran, kawula para Mukmin sadaya dalah para leluhuripun bojonipun para turunipun ingkang alampah sahe, mugi paduka parengaken mlebet suwarga. Ingkang sampun Paduka prasetyakaken badhe kaparingaken dhumateng kula sadaya. Paduka punika Maha mulya tur wicaksana

وَقِهِمُ السَّيِّئَاتِ ۚ وَمَن تَقِ السَّيِّئَاتِ يَوْمَئِذٍ فَقَدْ رَحِمْتَهُ ۚ وَذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ(9)

 Para luhuripun, turunipun, bojonipun para mukmin mugi paduka reksa sampun ngantos kenging patrapipun tiyang nglampahi awon. Patrapan dinten punika sinten ngatos - ngatos boten nglampahi pihawon, temtu angsal sih paduka. Makaten punika nama kabegjan ageng

إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا يُنَادَوْنَ لَمَقْتُ اللَّهِ أَكْبَرُ مِن مَّقْتِكُمْ أَنفُسَكُمْ إِذْ تُدْعَوْنَ إِلَى الْإِيمَانِ فَتَكْفُرُونَ(10)

 Sarupane wong kafir padha didhawuhi mangkene: "Siksaning Allah marang kowe luwih abot tinimbang anggonmu nyiksa marang awakmu dhewe. Awit biyen kowe didhawuhi percaya ing Allah nanging padha maido

قَالُوا رَبَّنَا أَمَتَّنَا اثْنَتَيْنِ وَأَحْيَيْتَنَا اثْنَتَيْنِ فَاعْتَرَفْنَا بِذُنُوبِنَا فَهَلْ إِلَىٰ خُرُوجٍ مِّن سَبِيلٍ(11)

 Wong kafir matur, "Pangeran, kawula punika paduka pejahi rambah kaping kalih, sarta panjenengan gesangaken ugi kaping kalih. Sapunika kula ngakeni kalepatan kawula sadaya. Punapa kepareng sakpunika nyuwun medal saking neraka. Lajeng wangsul dhateng donya

ذَٰلِكُم بِأَنَّهُ إِذَا دُعِيَ اللَّهُ وَحْدَهُ كَفَرْتُمْ ۖ وَإِن يُشْرَكْ بِهِ تُؤْمِنُوا ۚ فَالْحُكْمُ لِلَّهِ الْعَلِيِّ الْكَبِيرِ(12)

 Anane siksa mangkono mahu marga manawa Allah piyambak disebut tanpa nyebut brahala, sira padha maido. Nanging manawa anggone nyebut Allah mau dibarengi nyebut brahala sira padha percaya. Dene hukum siksa iku ana panguasane Allah kang Maha Luhur tur Maha Agung

هُوَ الَّذِي يُرِيكُمْ آيَاتِهِ وَيُنَزِّلُ لَكُم مِّنَ السَّمَاءِ رِزْقًا ۚ وَمَا يَتَذَكَّرُ إِلَّا مَن يُنِيبُ(13)

 Allah kang nuntun sira marang tandha yekti pirang - pirang. Sarta nurunake rizki saka langit. Dene kang ngestokake pitutur iki kajaba wong - wong kang padha bali (marang Allah)

فَادْعُوا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ وَلَوْ كَرِهَ الْكَافِرُونَ(14)

 Mula sira padha nyembaha Allah kalawan suci murni ngawula marang Panjenengane, sanadiyan wong kafir padha gething

رَفِيعُ الدَّرَجَاتِ ذُو الْعَرْشِ يُلْقِي الرُّوحَ مِنْ أَمْرِهِ عَلَىٰ مَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ لِيُنذِرَ يَوْمَ التَّلَاقِ(15)

 Allah iku kang junjung derajat wong mukmin ana suwarga tur kang yasa ’Ars, kang ngutus Jibril kanthi ngasta dhawuhe (pangandikane Allah) marang kawulane kang dadi parenging kersane, supaya ngelingake marang manungsa bakal kelakone Qiyamat

يَوْمَ هُم بَارِزُونَ ۖ لَا يَخْفَىٰ عَلَى اللَّهِ مِنْهُمْ شَيْءٌ ۚ لِّمَنِ الْمُلْكُ الْيَوْمَ ۖ لِلَّهِ الْوَاحِدِ الْقَهَّارِ(16)

 Hiya iku dina nalikane wong kang wis mati padha tangi saka kubure. Ing kono Allah ora kasamaran sethithik - thithika marang wong kang padha tangi saka kubur mau. Ing dina iku kang nguwasani (jumeneng - marintah) mung Allah kang Esa lan Masesa

الْيَوْمَ تُجْزَىٰ كُلُّ نَفْسٍ بِمَا كَسَبَتْ ۚ لَا ظُلْمَ الْيَوْمَ ۚ إِنَّ اللَّهَ سَرِيعُ الْحِسَابِ(17)

 Ing dina iku sarupane wong padha diwales miturut kang wis dilakoni nalika ing donya. Ora ana wong kang kinaniaya. Satemene Allah rikat panimbange

وَأَنذِرْهُمْ يَوْمَ الْآزِفَةِ إِذِ الْقُلُوبُ لَدَى الْحَنَاجِرِ كَاظِمِينَ ۚ مَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ حَمِيمٍ وَلَا شَفِيعٍ يُطَاعُ(18)

 Manungsa padha sira elinga dina Qiyamat, nalika atine manjuluk tekan gulu saking weine, sakehing wong padha nekem gulune. Sarupane wong kafir ora duwe mitra lan handel - handel kang mikolehake

يَعْلَمُ خَائِنَةَ الْأَعْيُنِ وَمَا تُخْفِي الصُّدُورُ(19)

 Allah nguningani (pandelenging) mripat kang khianat lan krenteking ati

وَاللَّهُ يَقْضِي بِالْحَقِّ ۖ وَالَّذِينَ يَدْعُونَ مِن دُونِهِ لَا يَقْضُونَ بِشَيْءٍ ۗ إِنَّ اللَّهَ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ(20)

 Allah ngukumi kelawan ’adil. Dene brahala kang disembah dening wong kafir ora bisa ngukumi apa - apa, Allah iku miyarsa tur ningali sapari polahe lan pangucape

۞ أَوَلَمْ يَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَيَنظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِينَ كَانُوا مِن قَبْلِهِمْ ۚ كَانُوا هُمْ أَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً وَآثَارًا فِي الْأَرْضِ فَأَخَذَهُمُ اللَّهُ بِذُنُوبِهِمْ وَمَا كَانَ لَهُم مِّنَ اللَّهِ مِن وَاقٍ(21)

 Apa dheweke (kafir) padha ora hanjajah bumi, yen hanjajah mesthi weruh patilasane wong kuna pirang - pirang kang padha dirusak dening Allah marga dosane. Kapriye wekasane para ummat zaman kuna sadurunge wong kafir. Dheweke duwe kekuatan luwih hebat lan (luwih akeh) patilasane ana ing bumi. Hewadene Allah nyiksa wong mau marga dosane. Dheweke tanpa daya lan ora duwe mitra kang ngreksa awake nulak siksane Allah

ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ كَانَت تَّأْتِيهِمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ فَكَفَرُوا فَأَخَذَهُمُ اللَّهُ ۚ إِنَّهُ قَوِيٌّ شَدِيدُ الْعِقَابِ(22)

 Anane siksa mangkono mau, awit para ummat kuna katekan rasule kanthi tandha yekti pirang - pirang nanging padha maido mulane Allah ngrusak ummat mau. Satemene Allah iku santosa sarta siksane abot

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا مُوسَىٰ بِآيَاتِنَا وَسُلْطَانٍ مُّبِينٍ(23)

 Ingsun temen wis ngutus Musa kanthi tonda yekti pirang - pirang lan wewaton kang nyata

إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَهَامَانَ وَقَارُونَ فَقَالُوا سَاحِرٌ كَذَّابٌ(24)

 Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir’aun lan Haman lan Qarun. Nanging kabeh padha ngucap, "Musa iku jur sihir, pangucape kabeh goroh

فَلَمَّا جَاءَهُم بِالْحَقِّ مِنْ عِندِنَا قَالُوا اقْتُلُوا أَبْنَاءَ الَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ وَاسْتَحْيُوا نِسَاءَهُمْ ۚ وَمَا كَيْدُ الْكَافِرِينَ إِلَّا فِي ضَلَالٍ(25)

 Bareng Musa menehi tandha yekti saka ngarsaningsun (Fir’aun lan Haman) banjur parintah balane, "Wong kang percaya marang Musa lan anake lanang padha patenana. Nanging anake wadon ben padha urip". Hewa dene pahekane wong kafir mau tanpa gawe

وَقَالَ فِرْعَوْنُ ذَرُونِي أَقْتُلْ مُوسَىٰ وَلْيَدْعُ رَبَّهُ ۖ إِنِّي أَخَافُ أَن يُبَدِّلَ دِينَكُمْ أَوْ أَن يُظْهِرَ فِي الْأَرْضِ الْفَسَادَ(26)

 Fir’aun dhawuh, "Aku togna bae. Musa tak patenane. Hiya sambata Pangerane, aku mongsa wediya, awit aku kuatir bok menawa Musa bakal ngijoli agamamu lan gawe rusak ana bumi

وَقَالَ مُوسَىٰ إِنِّي عُذْتُ بِرَبِّي وَرَبِّكُم مِّن كُلِّ مُتَكَبِّرٍ لَّا يُؤْمِنُ بِيَوْمِ الْحِسَابِ(27)

 Musa dhawuh (marang Bani Israil), "Satemene aku ngayom ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu. Supaya aja nganti kena pahekane wong kang padha gumedhe. Ora percaya marang Qiyamat

وَقَالَ رَجُلٌ مُّؤْمِنٌ مِّنْ آلِ فِرْعَوْنَ يَكْتُمُ إِيمَانَهُ أَتَقْتُلُونَ رَجُلًا أَن يَقُولَ رَبِّيَ اللَّهُ وَقَدْ جَاءَكُم بِالْبَيِّنَاتِ مِن رَّبِّكُمْ ۖ وَإِن يَكُ كَاذِبًا فَعَلَيْهِ كَذِبُهُ ۖ وَإِن يَكُ صَادِقًا يُصِبْكُم بَعْضُ الَّذِي يَعِدُكُمْ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي مَنْ هُوَ مُسْرِفٌ كَذَّابٌ(28)

 Ing kono ana wong mukmin klebu sentanane Fir’aun, percaya ing Allah kelawan delikan, matur marang Fir’aun, "Manapa panjenegan padha mejahi tiyang jaler dupeh wicanten Pangeranku Allah. Ing mangkono sowanipun Musa dhateng panjenengan kanthi tandha yekti kehelokan pinten - pinten saking Pangeran. Manawi Musa dora temtu badhe tinempuh siksa patrapipun anggenipun dora (duraka). Dene menawi Musa wahu temen lan panjenengan pahiben badhe tinempuh dosa, ingkang dipun ancamaken Allah utawi Musa. Sayektosipun Allah boten kersa nedahaken margi ingkang leres dhateng tiyang ingkang kasangeten anggenipun mahiben

يَا قَوْمِ لَكُمُ الْمُلْكُ الْيَوْمَ ظَاهِرِينَ فِي الْأَرْضِ فَمَن يَنصُرُنَا مِن بَأْسِ اللَّهِ إِن جَاءَنَا ۚ قَالَ فِرْعَوْنُ مَا أُرِيكُمْ إِلَّا مَا أَرَىٰ وَمَا أَهْدِيكُمْ إِلَّا سَبِيلَ الرَّشَادِ(29)

 (Musa ngandika), "Para sedherek, ing dinten punika sampyan sami luhur, menang wonten bumi Mesir. Kaluhuran sarta kamenangan ingkang samanten wahu, mugi sampun karisak piyambak. Bokmenawi kedhatengan siksaning Allah, sinten ingkang kuwawi tetulung dhateng kula?" Fir’aun mangsuli, "Anggonku gelarake rembug iki, meetu saka pamikir kang bening, aku ora nasarake nanging nuduhake dalan bener

وَقَالَ الَّذِي آمَنَ يَا قَوْمِ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُم مِّثْلَ يَوْمِ الْأَحْزَابِ(30)

 Wong mukmin mau celathu, "Para sedherek, kula kuwatos bokmenawi panjenengan tinempuh siksa kados para ummat kina rumiyin ingkang pepanthan

مِثْلَ دَأْبِ قَوْمِ نُوحٍ وَعَادٍ وَثَمُودَ وَالَّذِينَ مِن بَعْدِهِمْ ۚ وَمَا اللَّهُ يُرِيدُ ظُلْمًا لِّلْعِبَادِ(31)

 Kados siksaning para ummatipun Nuh lan tiyang ’Aad, punapa dene tiyang Tsamud rumiyin". Sarta siksanipun para tiyang kafir sasampunipun ummat kina ingkang kasebat wahu. Allah punika boten pisan remen nganiaya para kawulanipun

وَيَا قَوْمِ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ يَوْمَ التَّنَادِ(32)

 Para sadherek, kula nguwatosaken dhateng panjenengan kados pundi polah panjenengan benjing qiyamat

يَوْمَ تُوَلُّونَ مُدْبِرِينَ مَا لَكُم مِّنَ اللَّهِ مِنْ عَاصِمٍ ۗ وَمَن يُضْلِلِ اللَّهُ فَمَا لَهُ مِنْ هَادٍ(33)

 Nalika panjenengan mundur saking tampi karampunging Allah, nunten dipun cemplungaken neraka. Panjenengan boten gadhah handel - handel ingkang nulak siksaning Allah. Sinten ingkang dipun pesthi kesasar dening Allah, mesthi boten saged ingkang nedhahaken margi leres

وَلَقَدْ جَاءَكُمْ يُوسُفُ مِن قَبْلُ بِالْبَيِّنَاتِ فَمَا زِلْتُمْ فِي شَكٍّ مِّمَّا جَاءَكُم بِهِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا هَلَكَ قُلْتُمْ لَن يَبْعَثَ اللَّهُ مِن بَعْدِهِ رَسُولًا ۚ كَذَٰلِكَ يُضِلُّ اللَّهُ مَنْ هُوَ مُسْرِفٌ مُّرْتَابٌ(34)

 Kala rumiyin panjenengan sampun kedhatengan Yusuf kanthi tandha yekti pinten - pinten nanging sampeyan maiben dhateng dhawuhipun. Sareng sampun seda sampeyan sami wicanten, "Sanadyan sapungkure Yusuf, Allah ora bakal ngutus Rasul". Inggih makaten punika Allah anggenipun nasaraken tiyang ingkang kasangaten mamang dhateng agama

الَّذِينَ يُجَادِلُونَ فِي آيَاتِ اللَّهِ بِغَيْرِ سُلْطَانٍ أَتَاهُمْ ۖ كَبُرَ مَقْتًا عِندَ اللَّهِ وَعِندَ الَّذِينَ آمَنُوا ۚ كَذَٰلِكَ يَطْبَعُ اللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ قَلْبِ مُتَكَبِّرٍ جَبَّارٍ(35)

 Inggih punika tiyang ingkang sami mabeni ayating Allah tanpa wewantah tandha yekti paringing Allah. Pabenipun ingkang mekaten wahu menggahing Allah lan para mukmin badhe ageng siksanipun. Kados mekaten punika Allah anggenipun mesthi dhateng manahipun tiyang ingkang gumedhe sadaya

وَقَالَ فِرْعَوْنُ يَا هَامَانُ ابْنِ لِي صَرْحًا لَّعَلِّي أَبْلُغُ الْأَسْبَابَ(36)

 Fir’aun banjur dhawuh, "Hai Hama, aku gawekna panggung dhuwur supaya bisa munggah tekan lawang pirang - pirang

أَسْبَابَ السَّمَاوَاتِ فَأَطَّلِعَ إِلَىٰ إِلَٰهِ مُوسَىٰ وَإِنِّي لَأَظُنُّهُ كَاذِبًا ۚ وَكَذَٰلِكَ زُيِّنَ لِفِرْعَوْنَ سُوءُ عَمَلِهِ وَصُدَّ عَنِ السَّبِيلِ ۚ وَمَا كَيْدُ فِرْعَوْنَ إِلَّا فِي تَبَابٍ(37)

 Hiya iku lawang - lawang langit bok menawa bisa ketemu karo Pangerane Musa. Kiraku kandhane Musa mau goroh. Wis mangkono karsaning Allah. Fir’aun kena godha. Dhemen banget nglestarekake anggone nglakoni penggawe hala. Firaun disasarake saka ing dalan bener. Lekase Fir’aun ngreka daya (ngarah sirnane Musa) tanpa gawe

وَقَالَ الَّذِي آمَنَ يَا قَوْمِ اتَّبِعُونِ أَهْدِكُمْ سَبِيلَ الرَّشَادِ(38)

 Lan (wong kang percaya marang Musa) celathu, "Para sadherek, sampyan manut dhateng kula. Kula tedahaken margi ingkang leres

يَا قَوْمِ إِنَّمَا هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا مَتَاعٌ وَإِنَّ الْآخِرَةَ هِيَ دَارُ الْقَرَارِ(39)

 Para sadherek, gesang wonten donya punika kabingahan namung sawatawis mongsa, dene gesang wonten akherat punika panggenan ingkang tetep sayektos

مَنْ عَمِلَ سَيِّئَةً فَلَا يُجْزَىٰ إِلَّا مِثْلَهَا ۖ وَمَنْ عَمِلَ صَالِحًا مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَىٰ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَأُولَٰئِكَ يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ يُرْزَقُونَ فِيهَا بِغَيْرِ حِسَابٍ(40)

 Sinten ingkang nglampahi awon, patrapanipun boten langkung samurwating kalepatanipun. Nanging sinten ingkang ngelampahi kasahenan jaler utawi estri uger tiyang mukmin mesthi mlebet suwarga, wonten ing ngriku sami dipun paringi rizki tanpa wates

۞ وَيَا قَوْمِ مَا لِي أَدْعُوكُمْ إِلَى النَّجَاةِ وَتَدْعُونَنِي إِلَى النَّارِ(41)

 Para sadherek, sampeyan sami kula jak wilujeng. Kenging punapa sampeyan sami ngajak kula dhateng neraka

تَدْعُونَنِي لِأَكْفُرَ بِاللَّهِ وَأُشْرِكَ بِهِ مَا لَيْسَ لِي بِهِ عِلْمٌ وَأَنَا أَدْعُوكُمْ إِلَى الْعَزِيزِ الْغَفَّارِ(42)

 Sampeyan sami ngajak - ngajak kula supados kafir mahiben malih tingal ing Allah, nyembah brahala ingkang kula boten sumerap kateranganipun. Kang mongko kula ngajak - ajak dhateng sampeyan supados sumungkem nyembah Allah ingkang Maha Mulya tur ngapura dosa

لَا جَرَمَ أَنَّمَا تَدْعُونَنِي إِلَيْهِ لَيْسَ لَهُ دَعْوَةٌ فِي الدُّنْيَا وَلَا فِي الْآخِرَةِ وَأَنَّ مَرَدَّنَا إِلَى اللَّهِ وَأَنَّ الْمُسْرِفِينَ هُمْ أَصْحَابُ النَّارِ(43)

 Sampun mesthi kemawon anggen sampeyan ngajak kula nyembah brahala punika tanpa guna. Awit brahala punika wonten donya boten nedha dipun sembah, wonten akherat badhe nyelaki panyembah sampeyan ing benjing kula sampeyan badhe wangsul dhateng ngarsaning Allah. Dene para kafir sami dipun cemplungaken dhateng neraka

فَسَتَذْكُرُونَ مَا أَقُولُ لَكُمْ ۚ وَأُفَوِّضُ أَمْرِي إِلَى اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ بَصِيرٌ بِالْعِبَادِ(44)

 Benjing yen sampeyan sampun ningali neraka mesthi kengetan atur kula. Kula nyumanggakaken kawontenanipun badan kula punika dhateng Allah. Sayektosipun Allah punika mirsani dhateng para kawulanipun

فَوَقَاهُ اللَّهُ سَيِّئَاتِ مَا مَكَرُوا ۖ وَحَاقَ بِآلِ فِرْعَوْنَ سُوءُ الْعَذَابِ(45)

 Allah ngreksa marang wong lanang mukmin mahu, kalis saka pihalane Fir’aun anggone ngancam arep mateni. Fir’aun sabalane padha tinempuh siksa kang hala

النَّارُ يُعْرَضُونَ عَلَيْهَا غُدُوًّا وَعَشِيًّا ۖ وَيَوْمَ تَقُومُ السَّاعَةُ أَدْخِلُوا آلَ فِرْعَوْنَ أَشَدَّ الْعَذَابِ(46)

 (Pangandikaning Allah), Fir’aun sabalen sawise padha mati saben isuk lan sore padha dikon ngicipi siksa neraka, nganti Qiyamat. Dhawuhing Allah, "Fir’aun sabalane padha cemplungna ing neraka. Siksa kang luwih dening abot

وَإِذْ يَتَحَاجُّونَ فِي النَّارِ فَيَقُولُ الضُّعَفَاءُ لِلَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا إِنَّا كُنَّا لَكُمْ تَبَعًا فَهَلْ أَنتُم مُّغْنُونَ عَنَّا نَصِيبًا مِّنَ النَّارِ(47)

 (Muhammad) Sira nyeritakna ana akherat nalikane wong neraka padha grejegan karo kancane. Wong mong helu - helu bae. Padha celathu marang wong kang gumedhe, "Anggonku kafir biyen mung manut marang kowe. Saiki piye apa kowe bisa nulak neraka iki

قَالَ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا إِنَّا كُلٌّ فِيهَا إِنَّ اللَّهَ قَدْ حَكَمَ بَيْنَ الْعِبَادِ(48)

 Wong kang gumedhe padha mangsuli, "Apa kang kok ucapake kowe weruh dhewe. Aku lan kowe padha ana neraka. Satemene Alah wis nindakake kebenaran marang para kawulane

وَقَالَ الَّذِينَ فِي النَّارِ لِخَزَنَةِ جَهَنَّمَ ادْعُوا رَبَّكُمْ يُخَفِّفْ عَنَّا يَوْمًا مِّنَ الْعَذَابِ(49)

 Wong kang ana neraka padha matur marang para malaikat kang rumeksa neraka, "Kula panjenengan suwunaken dhateng Pangeran sampeyan supados kula dipun paringana mayar. Sadinten kemawon kula boten kuwawi awerating siksa

قَالُوا أَوَلَمْ تَكُ تَأْتِيكُمْ رُسُلُكُم بِالْبَيِّنَاتِ ۖ قَالُوا بَلَىٰ ۚ قَالُوا فَادْعُوا ۗ وَمَا دُعَاءُ الْكَافِرِينَ إِلَّا فِي ضَلَالٍ(50)

 Para malaikat mangsuli, "Apa biyen kowe ora diterangake dening Rasulmu kanthi pirang - pirang tandha yekti?". Padha mangsuli, "Inggih sampun dipun terangake". Malaikat mangsuli, "Yen mangkono padha nyuwuna dhewe - dhewe ing Allah". Nanging panyuwune wong kafir ora bakal diparengake

إِنَّا لَنَنصُرُ رُسُلَنَا وَالَّذِينَ آمَنُوا فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَيَوْمَ يَقُومُ الْأَشْهَادُ(51)

 (Pangandikaning Allah), "Ingsn paring pitulung marang utusaningsun lan para mukmin ana donya lan besuk ana akherat

يَوْمَ لَا يَنفَعُ الظَّالِمِينَ مَعْذِرَتُهُمْ ۖ وَلَهُمُ اللَّعْنَةُ وَلَهُمْ سُوءُ الدَّارِ(52)

 Hiya iku dina nalikane wong kang nganiaya ora ana gunane maneh padha nyuwun ngapura, padha kena bebendune Allah lan panggonan (neraka) mau panggonan kang hala dhewe tumrap dheweke

وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَى الْهُدَىٰ وَأَوْرَثْنَا بَنِي إِسْرَائِيلَ الْكِتَابَ(53)

 Ingsun wis paring pituduh bener marang Musa (hiya iku kitab Taurat). Sapungkure Musa wong Bani Israil padha Ingsun parengake lestari nganggo wewaton Kitab

هُدًى وَذِكْرَىٰ لِأُولِي الْأَلْبَابِ(54)

 Minangka pituduh bener lan dadi wewulang marang wong kang ana akale

فَاصْبِرْ إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ وَاسْتَغْفِرْ لِذَنبِكَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ بِالْعَشِيِّ وَالْإِبْكَارِ(55)

 (Muhammad) sira shabara, prasetyane Allah bakal paring pitulung marang para kekasihe iku temen. Sira mung nyuwuna pangapuraning dosanira. Lan nyebuta Maha Suci memuji ing Pangeranira ing wayah esuk lan sore

إِنَّ الَّذِينَ يُجَادِلُونَ فِي آيَاتِ اللَّهِ بِغَيْرِ سُلْطَانٍ أَتَاهُمْ ۙ إِن فِي صُدُورِهِمْ إِلَّا كِبْرٌ مَّا هُم بِبَالِغِيهِ ۚ فَاسْتَعِذْ بِاللَّهِ ۖ إِنَّهُ هُوَ السَّمِيعُ الْبَصِيرُ(56)

 Sarupane wong kang madoni ayating Allah tanpa tandha yekti paparinging Allah. Wong mangkono mahu atine kisenan gumedhe kumudu ngungkuli sira. Sira banjur ngayom (nyuwun rineksa) ing Allah dikalisake saka pihalane wong gumedhe mahu. Allah iku miyarsa tur mirsani

لَخَلْقُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ أَكْبَرُ مِنْ خَلْقِ النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ(57)

 Gawe bumi lan langit kang samono gedhene iku luwih angel tinimbang gawe manungsa (ewa dene Allah kaleksanan) nanging akeh - akehing uwong ora weruh kang mangkono mau

وَمَا يَسْتَوِي الْأَعْمَىٰ وَالْبَصِيرُ وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَلَا الْمُسِيءُ ۚ قَلِيلًا مَّا تَتَذَكَّرُونَ(58)

 Lan mesthi ora padha wong wuta lan wong awas, mengkono maneh wong mukmin kang padha ngelakoni penggawe becik hiya ora padha wong ala. Hewa dene wong kang pasrah pitutur iki mung sethithik banget

إِنَّ السَّاعَةَ لَآتِيَةٌ لَّا رَيْبَ فِيهَا وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُونَ(59)

 Dina Qiyamat (inggal lawas) mesthi kelakon. Ora sumeleng bakal kelaksanane, hewa dene akeh wong kang ora ngandel

وَقَالَ رَبُّكُمُ ادْعُونِي أَسْتَجِبْ لَكُمْ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَسْتَكْبِرُونَ عَنْ عِبَادَتِي سَيَدْخُلُونَ جَهَنَّمَ دَاخِرِينَ(60)

 Allah pangeranira ngandika, "Sira padha nyuwuna marang Ingsun, Ingsun bakal marengake panyuwunira". Sarupane wong kang gumedhe, ngemohi nyembah marang Ingsun, bakal dicemplungake neraka jahannam tanpa aji

اللَّهُ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ اللَّيْلَ لِتَسْكُنُوا فِيهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۚ إِنَّ اللَّهَ لَذُو فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَشْكُرُونَ(61)

 Allah iku kang nganakake wengi kanggo palerenan sarta nganakake awan padhang (kanggo nindhake sabarang panggawean). Allah iku paring kanugrahan marang manungsa, hewa dene akeh wong kang ora syukur

ذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمْ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ لَّا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ(62)

 Kang mangkono mahu Allah Pangeranira hiya iku kang gawe samubarang iki kabeh. Ora ana sesembahan kelawan bener kejaba mung Allah, kapriye anggonira arep ngemahi nyembah Allah

كَذَٰلِكَ يُؤْفَكُ الَّذِينَ كَانُوا بِآيَاتِ اللَّهِ يَجْحَدُونَ(63)

 Mangkono mahu wong kang maido ayating Allah padha disingkirake saka rahmate Allah

اللَّهُ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ الْأَرْضَ قَرَارًا وَالسَّمَاءَ بِنَاءً وَصَوَّرَكُمْ فَأَحْسَنَ صُوَرَكُمْ وَرَزَقَكُم مِّنَ الطَّيِّبَاتِ ۚ ذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمْ ۖ فَتَبَارَكَ اللَّهُ رَبُّ الْعَالَمِينَ(64)

 Allah iku kang ngenengake bumi kanggo papan panggonanira apa dene ngenekake langit prasasat dadi payon, wis ngenekake sira, gawe becik rupanira, paring rizki pangan kang enak - enak, mangkono iku Allah Pangeranira Allah Pangerane alam kabeh Maha Luhur

هُوَ الْحَيُّ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ فَادْعُوهُ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ ۗ الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ(65)

 Allah iku kang gesang, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah, sira padha nyembaha sarta nyuwuna ing Allah ngelakonona Agama mligi konjuk ing Allah. Sakehing puji kagungane Allah, Pangerane alam kabeh

۞ قُلْ إِنِّي نُهِيتُ أَنْ أَعْبُدَ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ لَمَّا جَاءَنِيَ الْبَيِّنَاتُ مِن رَّبِّي وَأُمِرْتُ أَنْ أُسْلِمَ لِرَبِّ الْعَالَمِينَ(66)

 (Muhammad) Dhawuha, "Sawise aku diparingi tandha yekti yen Allah iku mung siji, aku dilarangi nyembah liyane Allah, sawise teka keterangan - keterangan saka Pangeranira lan aku didhawuhi manut ing Allah Pangerane alam kabeh

هُوَ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن تُرَابٍ ثُمَّ مِن نُّطْفَةٍ ثُمَّ مِنْ عَلَقَةٍ ثُمَّ يُخْرِجُكُمْ طِفْلًا ثُمَّ لِتَبْلُغُوا أَشُدَّكُمْ ثُمَّ لِتَكُونُوا شُيُوخًا ۚ وَمِنكُم مَّن يُتَوَفَّىٰ مِن قَبْلُ ۖ وَلِتَبْلُغُوا أَجَلًا مُّسَمًّى وَلَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ(67)

 Allah iku kang gawe awakira saka lemah, tumuli gawe awakira saka "nutfah" nuli dadi getih kenthel, nuli metokake sira dadi bayi banjur dadi wong dewasa, sawise mempeng nuli dadi wong tua. Mulane ditindakake mangkono, supaya sira tekan ing titi mangsa kang tinemtokake patinira. Kang mangkono mau supaya sira ngrasakake (mikir)

هُوَ الَّذِي يُحْيِي وَيُمِيتُ ۖ فَإِذَا قَضَىٰ أَمْرًا فَإِنَّمَا يَقُولُ لَهُ كُن فَيَكُونُ(68)

 Allah iku kang nguripi lan mateni. Manawa Allah ngersakake kelakone sawijining perkara, Allah mung ngandika, "Sira anaa, sanalika barang kang dikarsakake banjur ana

أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ يُجَادِلُونَ فِي آيَاتِ اللَّهِ أَنَّىٰ يُصْرَفُونَ(69)

 Apa sira ora handeleng wong kang padha madoni ayat - ayate Allah? Kapriye anggone sumingkir saka agama kang bener

الَّذِينَ كَذَّبُوا بِالْكِتَابِ وَبِمَا أَرْسَلْنَا بِهِ رُسُلَنَا ۖ فَسَوْفَ يَعْلَمُونَ(70)

 Kang padha maido Kitab al-Quran lan maido barang kang didhawuhake dening para utusaningsun, ing tembe wong mahu bakal weruh patrapane anggone padha maido

إِذِ الْأَغْلَالُ فِي أَعْنَاقِهِمْ وَالسَّلَاسِلُ يُسْحَبُونَ(71)

 Ing besuk blengguning Allah ana ing gulune wong kafir rantene sinambung ana blenggu mahu

فِي الْحَمِيمِ ثُمَّ فِي النَّارِ يُسْجَرُونَ(72)

 Dilebokake ing banyu panas, banjur dihurubake ing geni

ثُمَّ قِيلَ لَهُمْ أَيْنَ مَا كُنتُمْ تُشْرِكُونَ(73)

 Wong kafir mau banjur di dangu, "Hendi rupane barang kang sira nggone mangro tingal biyen

مِن دُونِ اللَّهِ ۖ قَالُوا ضَلُّوا عَنَّا بَل لَّمْ نَكُن نَّدْعُو مِن قَبْلُ شَيْئًا ۚ كَذَٰلِكَ يُضِلُّ اللَّهُ الْكَافِرِينَ(74)

 (Sing dianggo sesembahab) liyane Allah? Dheweke mangsuli, "Sami boten ketingal malih. Kala rumiyin kula boten rumaos nyembah punapa - punapa". Kaya mangkono uga Allah nasarake marang para wong kafir

ذَٰلِكُم بِمَا كُنتُمْ تَفْرَحُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَبِمَا كُنتُمْ تَمْرَحُونَ(75)

 Siksa mangkono mahu amarga sira padha bungah - bungah kelawan barang kang ora bener ana bumi, lan marga anggonira padha banget bungah ngelakoni duraka

ادْخُلُوا أَبْوَابَ جَهَنَّمَ خَالِدِينَ فِيهَا ۖ فَبِئْسَ مَثْوَى الْمُتَكَبِّرِينَ(76)

 Mara padha malebua ing lawanging neraka Jahannam sira padha langgeng ana kono. Hala temen anggone wong kang padha gumedhe

فَاصْبِرْ إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ ۚ فَإِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِي نَعِدُهُمْ أَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَإِلَيْنَا يُرْجَعُونَ(77)

 (Muhammad) Sira shabara, prasetiya lan pangancame Allah iku mesthi nyata. Terkadhang sawenehing kang wis Ingsun ancamake mahu ana uga kang Ingsun tontonake lan ana uga kang Ingsun tindakake sadurunge besuk dina Qiyamat wong kafir padha dihimpun bali marang ngarsaningsun

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا رُسُلًا مِّن قَبْلِكَ مِنْهُم مَّن قَصَصْنَا عَلَيْكَ وَمِنْهُم مَّن لَّمْ نَقْصُصْ عَلَيْكَ ۗ وَمَا كَانَ لِرَسُولٍ أَن يَأْتِيَ بِآيَةٍ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ فَإِذَا جَاءَ أَمْرُ اللَّهِ قُضِيَ بِالْحَقِّ وَخَسِرَ هُنَالِكَ الْمُبْطِلُونَ(78)

 Ingsun temen wis ngutus rasul pirang - pirang. Rasul mahu ana kang Ingsun kandhakake, lan ana uga kang ora Ingsun kandhakake. Siji - sijine rasul mau ora gelem handhawuhake ayat kajaba yen wis oleh dhawuhing Allah. Samongsa wis ana dhawuhing Allah pasulayaning Rasul lan kang maido banjur dirampungi kaliyan bener. Pangandikaning Allah, "Para wong kang maido iku tetela padha kapitunan

اللَّهُ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ الْأَنْعَامَ لِتَرْكَبُوا مِنْهَا وَمِنْهَا تَأْكُلُونَ(79)

 Allah iku kang aggawekake raja-kaya marang sira, supaya sira tunggangi lan kena sira pangan daginge

وَلَكُمْ فِيهَا مَنَافِعُ وَلِتَبْلُغُوا عَلَيْهَا حَاجَةً فِي صُدُورِكُمْ وَعَلَيْهَا وَعَلَى الْفُلْكِ تُحْمَلُونَ(80)

 Raja kaya mau akeh paedahe tumrap sira, hiya iku kena dianggo nekani kekarepanira kang ana ing atinira (gawa barang abot marang liya negara). Sira bisa nunggang raja - kaya ana dharatan, utawa nunggang perahu ana ing segara

وَيُرِيكُمْ آيَاتِهِ فَأَيَّ آيَاتِ اللَّهِ تُنكِرُونَ(81)

 Allah hanuntunake ayate marang sira, kang nuduhake yen Allah iku mung siji. Lan endi ayate Allah kang sira paido

أَفَلَمْ يَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَيَنظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۚ كَانُوا أَكْثَرَ مِنْهُمْ وَأَشَدَّ قُوَّةً وَآثَارًا فِي الْأَرْضِ فَمَا أَغْنَىٰ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَكْسِبُونَ(82)

 Manungsa apa ora padha hanjajah ing bumi, banjur padha handeleng patilasane wong kuna pirang - pirang. Kapriye wusanane wong kang padha duraka kafir biyen tur iku luwuh akeh gaweyane, hewa dene dirusak dening Allah. Gawiyane ora bisa nulak siksaning Allah

فَلَمَّا جَاءَتْهُمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ فَرِحُوا بِمَا عِندَهُم مِّنَ الْعِلْمِ وَحَاقَ بِهِم مَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ(83)

 Barang wong kafir mau katekan ing rasul kanthi mu’jizat kahelokan banjur bungah, nanging anggeguyu kaweruhe rasul mau Banjur tinempuk siksa anggone geguyu

فَلَمَّا رَأَوْا بَأْسَنَا قَالُوا آمَنَّا بِاللَّهِ وَحْدَهُ وَكَفَرْنَا بِمَا كُنَّا بِهِ مُشْرِكِينَ(84)

 Bareng wong kafir padha weruh siksaningsun banjur ngucap, "Kula sapunika ngandel ing Allah piyambak lan mahiben dhateng brahala ingkang sami kula angge malih tingal

فَلَمْ يَكُ يَنفَعُهُمْ إِيمَانُهُمْ لَمَّا رَأَوْا بَأْسَنَا ۖ سُنَّتَ اللَّهِ الَّتِي قَدْ خَلَتْ فِي عِبَادِهِ ۖ وَخَسِرَ هُنَالِكَ الْكَافِرُونَ(85)

 Sarehne wong kafir mau wis handeleng siksaningsun mulane pangandele marang Ingsun wis ora migunani hiya iku prenataning Allah kang wis tumindak marang para kawulaning kunamakuna. Ing kono wong kafir padha kapitunan


Больше сур в Яванский:


Аль-Бакара Аль-'Имран Ан-Ниса'
Аль-Маида Юсуф Ибрахим
Аль-Хиджр Аль-Кахф Марьям
Аль-Хадж Аль-Касас Аль-'Анкабут
Ас-Саджда Я-Син Ад-Духан
Аль-Фатх Аль-Худжурат Каф
Ан-Наджм Ар-Рахман Аль-Ваки'а
Аль-Хашр Аль-Мульк Аль-Хакка
Аль-Иншикак Аль-А'ла Аль-Гашия

Скачать суру Ghafir с голосом самых известных рекитаторов Корана:

Сура Ghafir mp3: выберите рекитатора, чтобы прослушать и скачать главу Ghafir полностью в высоком качестве
surah Ghafir Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Ghafir Bandar Balila
Bandar Balila
surah Ghafir Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Ghafir Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Ghafir Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Ghafir Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Ghafir Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Ghafir Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Ghafir Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Ghafir Fares Abbad
Fares Abbad
surah Ghafir Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Ghafir Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Ghafir Al Hosary
Al Hosary
surah Ghafir Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Ghafir Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Thursday, November 21, 2024

Помолитесь за нас хорошей молитвой