الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَجَعَلَ الظُّلُمَاتِ وَالنُّورَ ۖ ثُمَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ(1) Kabèh pangalembana iku kagunganing Allah, kang wus anitahaké langit-langit lan bumi, sarta wus andadèkaké pepeteng lan papadhang; éwadéné para kang padha kafir padha agawé sisiha- ning Pangérané |
هُوَ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن طِينٍ ثُمَّ قَضَىٰ أَجَلًا ۖ وَأَجَلٌ مُّسَمًّى عِندَهُ ۖ ثُمَّ أَنتُمْ تَمْتَرُونَ(2) Panjenengané iku kang ani- tahaké sira saka ing lemah, tumuli amutus sawijinng wawangen, lan munggguhing Panjenengané ana wawangen kang tinamtu; éwadéné sira padha madoni |
وَهُوَ اللَّهُ فِي السَّمَاوَاتِ وَفِي الْأَرْضِ ۖ يَعْلَمُ سِرَّكُمْ وَجَهْرَكُمْ وَيَعْلَمُ مَا تَكْسِبُونَ(3) Lan Panjenengané iku Allah ing langit-langit lan ing bumi; Panjenengané anguningani page- dhongan--nira sarta gume- lar-ira, apa déné anguningani apa kang padha sira lakoni |
وَمَا تَأْتِيهِم مِّنْ آيَةٍ مِّنْ آيَاتِ رَبِّهِمْ إِلَّا كَانُوا عَنْهَا مُعْرِضِينَ(4) Lan ora kena ora, yèn ana timbalan tumeka marang dhèwèké tunggalé timbalan-timbalaning Pa- ngérané, masthi iku padha diplé- ngosi |
فَقَدْ كَذَّبُوا بِالْحَقِّ لَمَّا جَاءَهُمْ ۖ فَسَوْفَ يَأْتِيهِمْ أَنبَاءُ مَا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ(5) Dadi temen padha anggoroh- aké ing yakti nalikané anekani dhèwèké, mulané yakti kang padha diguguyu iku bakal padha anyoroti dhèwèké |
أَلَمْ يَرَوْا كَمْ أَهْلَكْنَا مِن قَبْلِهِم مِّن قَرْنٍ مَّكَّنَّاهُمْ فِي الْأَرْضِ مَا لَمْ نُمَكِّن لَّكُمْ وَأَرْسَلْنَا السَّمَاءَ عَلَيْهِم مِّدْرَارًا وَجَعَلْنَا الْأَنْهَارَ تَجْرِي مِن تَحْتِهِمْ فَأَهْلَكْنَاهُم بِذُنُوبِهِمْ وَأَنشَأْنَا مِن بَعْدِهِمْ قَرْنًا آخَرِينَ(6) Apa ta ora padha mawas, wis sapira kèhé para bangsa ing sadurungé, kang wus Ingsun sirnakaké, kang mauné Ingsun tetepaké ana ing bumi, kaya enggon Ingsun ora anetepaké ing sira, sarta Ingsun angutus men- dhung angesokaké udan marang dhèwèké, lan Ingsun andadèkaké kali-kali kang padha mili ing sangisoré; banjur dhèwèké padha Ingsun sirnakaké amarga saka kaluputané, sarta ing sawisé dhè- wèké Ingsun anuwuhaké bangsa liya |
وَلَوْ نَزَّلْنَا عَلَيْكَ كِتَابًا فِي قِرْطَاسٍ فَلَمَسُوهُ بِأَيْدِيهِمْ لَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ مُّبِينٌ(7) Lan saumpama Ingsun anu- runaké marang sira tulis ing kertas, dhèwèké banjur anggrayang iku kalawan tangan-tangané, amasthi para kang padha kafir padha aca- lathu: Iki ora liya kajaba kamayan kang cetha |
وَقَالُوا لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْهِ مَلَكٌ ۖ وَلَوْ أَنزَلْنَا مَلَكًا لَّقُضِيَ الْأَمْرُ ثُمَّ لَا يُنظَرُونَ(8) Sarta padha calathu: Yagéné ora ana malaikat kang katurunaké marang dhèwèké? Lan saupama Ingsun anurunaké malaikat, amas- thi prakara iki wis kaputus, banjur dhèwèké ora bakal padha di- sumènèkaké |
وَلَوْ جَعَلْنَاهُ مَلَكًا لَّجَعَلْنَاهُ رَجُلًا وَلَلَبَسْنَا عَلَيْهِم مَّا يَلْبِسُونَ(9) Lan saupama sing Ingsun dadèkaké dhèwèké iku malaikat, masthi dhèwèké iya Ingsun dadèkaké wong, sarta mas- thi Ingsun gawé peteng tumrap dhèwèké kaya anggoné padha peteng |
وَلَقَدِ اسْتُهْزِئَ بِرُسُلٍ مِّن قَبْلِكَ فَحَاقَ بِالَّذِينَ سَخِرُوا مِنْهُم مَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ(10) Lan yekti temen para utusan ing sadurungira padha diguguyu, ananging apa kang padha di- guguyu, anglimputi dhèwèké sing padha angguguyu |
قُلْ سِيرُوا فِي الْأَرْضِ ثُمَّ انظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِينَ(11) Calathua: Padha lalakua ana ing bumi, tumuli padha sira delenga, kapriyé wasanané para kang padha anggorohaké |
قُل لِّمَن مَّا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ قُل لِّلَّهِ ۚ كَتَبَ عَلَىٰ نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ۚ لَيَجْمَعَنَّكُمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ لَا رَيْبَ فِيهِ ۚ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ(12) Calathua: Sapa ta sing andar- bèni sabarang ing langit-langit lan bumi? Sira tutura: Kagungané Allah; Panjenengané wus amasthi ing Sarira-Né wilasa; yekti temen Panjenengané bakal angimpun sira ing dina kiyamat – tanpa ana semangé prakara iki. para kang padha nunakaké jiwané, lah iku padha ora angèstu |
۞ وَلَهُ مَا سَكَنَ فِي اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ(13) Lan kagungan-É sabarang kang manggon ing wengi lan raina; lan Panjenengané iku Ingkang- Miyarsa, Ingkang-Angudanèni |
قُلْ أَغَيْرَ اللَّهِ أَتَّخِذُ وَلِيًّا فَاطِرِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَهُوَ يُطْعِمُ وَلَا يُطْعَمُ ۗ قُلْ إِنِّي أُمِرْتُ أَنْ أَكُونَ أَوَّلَ مَنْ أَسْلَمَ ۖ وَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِينَ(14) Calathua: Apa aku iki anga- lap pangayoman saliyané Allah, Kang-Anitahaké langit-langit lan bumi, sarta Panjenengané Angi- ngoni, ora diingoni. Calathua: Aku kadhawuhan dadia wiwitané wong sing sumarah, lan poma sira aja padha dadi golongané para sing manembah Pangéran akèh |
قُلْ إِنِّي أَخَافُ إِنْ عَصَيْتُ رَبِّي عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ(15) Calathua: Sayekti aku wedi siksa ing dina kang agung, mana- wa aku andagaa marang Pangéran- ku |
مَّن يُصْرَفْ عَنْهُ يَوْمَئِذٍ فَقَدْ رَحِمَهُ ۚ وَذَٰلِكَ الْفَوْزُ الْمُبِينُ(16) Sapa sing ing dina iku diluputaké saka ing iku, lah temen sihing Allah marang dhèwèké; lan iki pakolih kang tétéla |
وَإِن يَمْسَسْكَ اللَّهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهُ إِلَّا هُوَ ۖ وَإِن يَمْسَسْكَ بِخَيْرٍ فَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ(17) Lan manawa Allah ang- grayang sira asarana sangsara, lah iku ora ana kang bisa ambirat, kajaba Panjenengané, lan manawa Panjenengané amatedhani becik, lah Panjenengané iku marang samubarang kawasa |
وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهِ ۚ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ(18) Lan Panjenengané iku Ing- kang-Mahawisésa angungkuli para kawula-Né; lan Panjenengané iku Ingkang-Wicaksana, Ingkang- Waspada |
قُلْ أَيُّ شَيْءٍ أَكْبَرُ شَهَادَةً ۖ قُلِ اللَّهُ ۖ شَهِيدٌ بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ ۚ وَأُوحِيَ إِلَيَّ هَٰذَا الْقُرْآنُ لِأُنذِرَكُم بِهِ وَمَن بَلَغَ ۚ أَئِنَّكُمْ لَتَشْهَدُونَ أَنَّ مَعَ اللَّهِ آلِهَةً أُخْرَىٰ ۚ قُل لَّا أَشْهَدُ ۚ قُلْ إِنَّمَا هُوَ إِلَٰهٌ وَاحِدٌ وَإِنَّنِي بَرِيءٌ مِّمَّا تُشْرِكُونَ(19) Calathua: Apa ta barang kang luwih gedhé pasaksiné? Calathua: Allah iku saksi antarané aku karo sira; lan diwedharaké marang aku Quran iki, supaya iki dakanggo mémélingi sira lan sapa-sapa kang katekan. Apa ta sira iku temen padha aneksèni yèn ana sesem- bahan liyané, kanthiné Allah. Calathua: aku ora neksèni. Calathua: Panjenengané iku se- sembahan kang mung Sawiji, lan sayekti aku lebaran saka barang kang padha sira sakuthokaké |
الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَعْرِفُونَهُ كَمَا يَعْرِفُونَ أَبْنَاءَهُمُ ۘ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ فَهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ(20) Para kang padha Ingsun paringi Kitab padha weruh marang dhèwèké kaya weruhé marang anak-anaké; para kang padha mitunani jiwané dhéwé, iku ora padha angèstu |
وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ كَذَّبَ بِآيَاتِهِ ۗ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الظَّالِمُونَ(21) Lan sapa ta kang luwih atin- dak dudu tinimbang wong kang agawé doracara tumrap marang Allah utawa anggorohaké timbalan-timbalan-É; sayekti wong kang atindak dudu iku ora bakal padha begja |
وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا ثُمَّ نَقُولُ لِلَّذِينَ أَشْرَكُوا أَيْنَ شُرَكَاؤُكُمُ الَّذِينَ كُنتُمْ تَزْعُمُونَ(22) Lan ing dinané Ingsun angimpun dhèwèké kabèh, tumuli Ingsun bakal ngandika marang para kang padha anjèjèri sisihan : Endi para kanthinira kang padha sira kandhakaké iku |
ثُمَّ لَمْ تَكُن فِتْنَتُهُمْ إِلَّا أَن قَالُوا وَاللَّهِ رَبِّنَا مَا كُنَّا مُشْرِكِينَ(23) Tumuli ora ana pawadané kajaba anggoné padha ngucap: Dhemi Allah, Pangéran kawula, kawula punika sanès tiyang ing- kang sami manembah pangéran kathah |
انظُرْ كَيْفَ كَذَبُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ ۚ وَضَلَّ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ(24) Delengen, kapriyé anggoné padha anggorohi jiwané dhéwé, lan barang bawa anggité dhéwé padha sirna saka dhèwèké |
وَمِنْهُم مَّن يَسْتَمِعُ إِلَيْكَ ۖ وَجَعَلْنَا عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ أَكِنَّةً أَن يَفْقَهُوهُ وَفِي آذَانِهِمْ وَقْرًا ۚ وَإِن يَرَوْا كُلَّ آيَةٍ لَّا يُؤْمِنُوا بِهَا ۚ حَتَّىٰ إِذَا جَاءُوكَ يُجَادِلُونَكَ يَقُولُ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ(25) Lan dhèwèké, sawenèhé ana kang angrungokaké marang sira, lan Ingsun andèkèki aling-aling ing atiné, supaya iku dhèwèké padha ora mangerti, sarta tin- dhih-abot ana ing kuping-kupingé; lan sanajan weruha sa-dhéngah pratandha, iku iya padha ora angès- tu; nganti manawa dhèwèké ane- kani sira, mung arep amadoni sira; para kang padha kafir padha cala- thu: iki ora liya kajaba dongèngé para wong kuna |
وَهُمْ يَنْهَوْنَ عَنْهُ وَيَنْأَوْنَ عَنْهُ ۖ وَإِن يُهْلِكُونَ إِلَّا أَنفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُونَ(26) Lan dhèwèké padha menging sarta dhèwèké dhéwé angedohi iku, lan ora liya kajaba padha angrusak jiwané dhéwe lan ora padha rumasa |
وَلَوْ تَرَىٰ إِذْ وُقِفُوا عَلَى النَّارِ فَقَالُوا يَا لَيْتَنَا نُرَدُّ وَلَا نُكَذِّبَ بِآيَاتِ رَبِّنَا وَنَكُونَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ(27) Lan yèn ta sira weruha nali- kané dhèwèké padha diendheg ing sangareping geni, tumuli padha calathu: O, mbok aku iki dibalèk- aké, lan ora bakal aku anggorohaké timbalan-timbalané Pangéranku sarta aku bakal padha dadi golo- ngané para angèstu |
بَلْ بَدَا لَهُم مَّا كَانُوا يُخْفُونَ مِن قَبْلُ ۖ وَلَوْ رُدُّوا لَعَادُوا لِمَا نُهُوا عَنْهُ وَإِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ(28) O, balik dadi kawedhar tumrap dhèwèké apa kang padha kasingidaké dhèk biyèn lan yèn ta padha dibalèkna, masthi padha bakal padha ambalèni apa kang padha kalarangan, lan sayekti dhèwèké iku temen padha wong goroh |
وَقَالُوا إِنْ هِيَ إِلَّا حَيَاتُنَا الدُّنْيَا وَمَا نَحْنُ بِمَبْعُوثِينَ(29) Lan dhèwéke pada calathu: ora ana kajaba kauripanku ing donya iki lan ora bakal aku padha ditangèkaké |
وَلَوْ تَرَىٰ إِذْ وُقِفُوا عَلَىٰ رَبِّهِمْ ۚ قَالَ أَلَيْسَ هَٰذَا بِالْحَقِّ ۚ قَالُوا بَلَىٰ وَرَبِّنَا ۚ قَالَ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنتُمْ تَكْفُرُونَ(30) Lan yèn ta sira weruha nalikané dhèwèké padha diendheg ing ngarsaning Pangérané. Panje- nengané bakal angandika: Apa ta iki dudu yakti? Bakal padha mun- juk: inggih dhemi Pangéran kawu- la. Panjenengané bakal angandika: Lah padha angrasakna siksa iku, déning anggonira padha angafiri |
قَدْ خَسِرَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِلِقَاءِ اللَّهِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا جَاءَتْهُمُ السَّاعَةُ بَغْتَةً قَالُوا يَا حَسْرَتَنَا عَلَىٰ مَا فَرَّطْنَا فِيهَا وَهُمْ يَحْمِلُونَ أَوْزَارَهُمْ عَلَىٰ ظُهُورِهِمْ ۚ أَلَا سَاءَ مَا يَزِرُونَ(31) Temen padha wong kapitu- nan para kang padha anggorohaké marang sapatemoning Allah; nganti nalikané wayahé wis teka kalawan ngegèt, padha acalathu: Dhuh, cilaka awakku, déning anggonku anglirwakaké marang iku! Lan dhèwèké bakal padha anggéndhong sasanggané ana ing gegeré; lah ala temen apa kang padha disangga iku |
وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَعِبٌ وَلَهْوٌ ۖ وَلَلدَّارُ الْآخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِينَ يَتَّقُونَ ۗ أَفَلَا تَعْقِلُونَ(32) Lan kauripan donya iku ora liya kajaba dodolanan sarta kabu- ngahan kang nglalèkaké; lan padu- nungan akhirat iku luwih becik tumrape para kang padha bekti; apa ta sira padha ora mangerti |
قَدْ نَعْلَمُ إِنَّهُ لَيَحْزُنُكَ الَّذِي يَقُولُونَ ۖ فَإِنَّهُمْ لَا يُكَذِّبُونَكَ وَلَٰكِنَّ الظَّالِمِينَ بِآيَاتِ اللَّهِ يَجْحَدُونَ(33) Temen Ingsun angudanèni, manawa apa pangucapé yekti anusahaké sira, ananging temen dhèwèké ora padha anggorohaké sira, ananging para wong kang atindak dudu iku padha maido marang timbalan-timbalaning Allah |
وَلَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِّن قَبْلِكَ فَصَبَرُوا عَلَىٰ مَا كُذِّبُوا وَأُوذُوا حَتَّىٰ أَتَاهُمْ نَصْرُنَا ۚ وَلَا مُبَدِّلَ لِكَلِمَاتِ اللَّهِ ۚ وَلَقَدْ جَاءَكَ مِن نَّبَإِ الْمُرْسَلِينَ(34) Lan sayekti para utusan ing sadurungira temen padha digo- rohaké, ananging padha sabar marang anggoné padha digorohaké sarta dikuya-kuya, nganti rawuhé pitulung-Ingsun marang dhèwèké; lan ora ana kang angowahi marang sabdaning Allah; lan temen- temen wus tumeka marang sira satengah saka pawarta prakara para utusan |
وَإِن كَانَ كَبُرَ عَلَيْكَ إِعْرَاضُهُمْ فَإِنِ اسْتَطَعْتَ أَن تَبْتَغِيَ نَفَقًا فِي الْأَرْضِ أَوْ سُلَّمًا فِي السَّمَاءِ فَتَأْتِيَهُم بِآيَةٍ ۚ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ لَجَمَعَهُمْ عَلَى الْهُدَىٰ ۚ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْجَاهِلِينَ(35) Lan manawa anggoné padha anulak iku abot ingatasé sira, lah manawa sira bisa mamrih trowo- ngan ing bumi, utawa andha ing langit, dadi sira bisa anekakaké tandha marang dhèwèké – lan manawa Allah angarsakaké, amas- thi Panjenengané angimpun dhè- wèké kabèh dumunung ing pitu- duh; mulané aja sira padha dadi èwoné wong bodho-bodho |
۞ إِنَّمَا يَسْتَجِيبُ الَّذِينَ يَسْمَعُونَ ۘ وَالْمَوْتَىٰ يَبْعَثُهُمُ اللَّهُ ثُمَّ إِلَيْهِ يُرْجَعُونَ(36) Mung para kang padha angrungokaké, kang nampa; déné para wong mati, Allah bakal na- ngèkaké, tumuli bakal padha di- balèkaké marang Panjenengané |
وَقَالُوا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِّن رَّبِّهِ ۚ قُلْ إِنَّ اللَّهَ قَادِرٌ عَلَىٰ أَن يُنَزِّلَ آيَةً وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ(37) Lan dhèwèké padha calathu: Yagéné ora ana tandha saka Pangérané kang diturunaké marang dhèwèké? Tutura: Sayekti Allah iku Kawasa anurunake tandha, ananging dhèwèké iku sing akèh padha ora weruh |
وَمَا مِن دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا طَائِرٍ يَطِيرُ بِجَنَاحَيْهِ إِلَّا أُمَمٌ أَمْثَالُكُم ۚ مَّا فَرَّطْنَا فِي الْكِتَابِ مِن شَيْءٍ ۚ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّهِمْ يُحْشَرُونَ(38) Lan ora liya gegremet ing bumi, lan manuk kang miber kalawan suwiwiné loro iku kajaba umat papadhanira; ora ana apa-apa kang Ingsun lirwakaké ing jeroné kitab, tumuli bakal padha diimpun marang Pangérané |
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا صُمٌّ وَبُكْمٌ فِي الظُّلُمَاتِ ۗ مَن يَشَإِ اللَّهُ يُضْلِلْهُ وَمَن يَشَأْ يَجْعَلْهُ عَلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ(39) Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan Ingsun, iku padha budheg lan bisu ana ing sajroning pepeteng kang lilimengan; sapa sing dikar- sakaké déning Allah, disasaraké,a lan sapa sing dikarsakaké, didamel ngambah ing dadalan kang bener |
قُلْ أَرَأَيْتَكُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُ اللَّهِ أَوْ أَتَتْكُمُ السَّاعَةُ أَغَيْرَ اللَّهِ تَدْعُونَ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(40) Calathua: Mara aku kandha- nana, manawa siksaning Allah tumeka marang sira utawa wayahé anékani sira, apa sira bakal padha anguwuh saliyané Allah, manawa sira iku padha wong temen |
بَلْ إِيَّاهُ تَدْعُونَ فَيَكْشِفُ مَا تَدْعُونَ إِلَيْهِ إِن شَاءَ وَتَنسَوْنَ مَا تُشْرِكُونَ(41) Balik marang Panjenengané panguwuhira, banjur Panjenengané bakal ambirat apa kang padha sira suwun , manawa Panjene- ngané kapareng sarta sira bakal padha lali marang apa kang padha sira dadèkaké sisihan |
وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا إِلَىٰ أُمَمٍ مِّن قَبْلِكَ فَأَخَذْنَاهُم بِالْبَأْسَاءِ وَالضَّرَّاءِ لَعَلَّهُمْ يَتَضَرَّعُونَ(42) Lan yekti temen Ingsun wus angutus marang para umat ing sadurungira, tumuli padha Ingsun tibani sangsara lan kasusahan, supaya padha adhe- dhépé |
فَلَوْلَا إِذْ جَاءَهُم بَأْسُنَا تَضَرَّعُوا وَلَٰكِن قَسَتْ قُلُوبُهُمْ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(43) Lah, yagéné nalika pidana- Ningsun anekani dhèwèké ora padha adhedhepé? Lan malah padha atos atiné sarta sétan amamaèsi tumrap dhèwèké apa kang wus padha dilakoni |
فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ فَتَحْنَا عَلَيْهِمْ أَبْوَابَ كُلِّ شَيْءٍ حَتَّىٰ إِذَا فَرِحُوا بِمَا أُوتُوا أَخَذْنَاهُم بَغْتَةً فَإِذَا هُم مُّبْلِسُونَ(44) Ananging bareng dhèwèké padha anglirwakaké apa kang wus dipépélingaké, Ingsun ambukakaké dhèwèké lawang-lawangé samu- barang, nganti, nalikané padha abungah-bungah déning apa kang wus kaparingaké, Ingsun patrapi kalawan ngegèt; lah, mara, ing kono padha putung pangarep- arepé |
فَقُطِعَ دَابِرُ الْقَوْمِ الَّذِينَ ظَلَمُوا ۚ وَالْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ(45) Banjur wong kang padha atindak dudu oyodé dikethok; lan sakèhing pangalembana iku kagu- ngané Allah, Pangéraning ngalam kabèh. A |
قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ أَخَذَ اللَّهُ سَمْعَكُمْ وَأَبْصَارَكُمْ وَخَتَمَ عَلَىٰ قُلُوبِكُم مَّنْ إِلَٰهٌ غَيْرُ اللَّهِ يَأْتِيكُم بِهِ ۗ انظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ ثُمَّ هُمْ يَصْدِفُونَ(46) Calathua: Apa ta sira wis padha animbang-nimbang, saum- pama Allah amundhut pangrungu- nira, lan pandelengira sarta ange- cap marang ati-atinira, iku sapa pangéran saliyané Allah kang bisa awèh marang sira? Delengen, kapriyé enggon-Ingsun angambal- ambali tandha yekti; éwadéné dhèwèké padha mléngos |
قُلْ أَرَأَيْتَكُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُ اللَّهِ بَغْتَةً أَوْ جَهْرَةً هَلْ يُهْلَكُ إِلَّا الْقَوْمُ الظَّالِمُونَ(47) Calathua: Apa ta sira wis padha nimbang-nimbang, saupama siksaning Allah anekani sira kala- wan ngegèt utawa kalawan nge- blak, sapa ta kang dirusak kajaba wong kang padha atindak dudu |
وَمَا نُرْسِلُ الْمُرْسَلِينَ إِلَّا مُبَشِّرِينَ وَمُنذِرِينَ ۖ فَمَنْ آمَنَ وَأَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ(48) Lan ora liya Ingsun angutus para utusan iku kajaba minangka juru-awèh warta bungah sarta minangka juru-pépéling; mulané, sapa sing angèstu lan alaku becik, iya ora bakal kataman wedi sarta ora bakal padha susah |
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا يَمَسُّهُمُ الْعَذَابُ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ(49) Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun, siksa bakal ange- nani dhèwèké amarga anggoné padha murang yekti |
قُل لَّا أَقُولُ لَكُمْ عِندِي خَزَائِنُ اللَّهِ وَلَا أَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَا أَقُولُ لَكُمْ إِنِّي مَلَكٌ ۖ إِنْ أَتَّبِعُ إِلَّا مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ ۚ قُلْ هَلْ يَسْتَوِي الْأَعْمَىٰ وَالْبَصِيرُ ۚ أَفَلَا تَتَفَكَّرُونَ(50) Calathua: Aku ora kandha marang sira: aku andarbeni kasugi- haning Allah; lan aku ora weruh barang kang ora katon; lan aku ora kandha marang sira, yèn aku iki sawijining malaikat; ora liya aku iki kajaba miturut apa kang kawedharaké marang aku. Cala- thua: Apa padha ta wong kang wuta karo wong kang andeleng? Apa ta sira ora padha mikir |
وَأَنذِرْ بِهِ الَّذِينَ يَخَافُونَ أَن يُحْشَرُوا إِلَىٰ رَبِّهِمْ ۙ لَيْسَ لَهُم مِّن دُونِهِ وَلِيٌّ وَلَا شَفِيعٌ لَّعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ(51) Lan sira apépélinga nganggo iki marang para kang padha wedi, manawa dhèwèké bakal padha diimpun marang Pangérané – ora bakal padha duwé pangreksa saliyané Allah sarta ora pantara – supaya padha bektia |
وَلَا تَطْرُدِ الَّذِينَ يَدْعُونَ رَبَّهُم بِالْغَدَاةِ وَالْعَشِيِّ يُرِيدُونَ وَجْهَهُ ۖ مَا عَلَيْكَ مِنْ حِسَابِهِم مِّن شَيْءٍ وَمَا مِنْ حِسَابِكَ عَلَيْهِم مِّن شَيْءٍ فَتَطْرُدَهُمْ فَتَكُونَ مِنَ الظَّالِمِينَ(52) Lan aja sira nundhung para kang padha anguwuh Pangérané ing wajah ésuk lan soré mung mamrih karenaning Panjenengané; sira ora kepokoh sathithik-thithika marang pétungané lan marang pa- tunganira dhèwèké iya padha ora kepokoh sathithik-thithika, mulané padha sira tundhung, sira bakal padha dadi golongané para kang padha atindak dudu |
وَكَذَٰلِكَ فَتَنَّا بَعْضَهُم بِبَعْضٍ لِّيَقُولُوا أَهَٰؤُلَاءِ مَنَّ اللَّهُ عَلَيْهِم مِّن بَيْنِنَا ۗ أَلَيْسَ اللَّهُ بِأَعْلَمَ بِالشَّاكِرِينَ(53) Lan kaya mangkono anggon- Ingsun anyoba sawenèhé déning liyané, dimèn padha ngucap: Apa iki wong-wong panungggalané golonganku, kang wus kapari- ngan kanugrahan déning Allah? Apa Allah iku ora luwih udani marang para kang padha weruh ing panarima |
وَإِذَا جَاءَكَ الَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِآيَاتِنَا فَقُلْ سَلَامٌ عَلَيْكُمْ ۖ كَتَبَ رَبُّكُمْ عَلَىٰ نَفْسِهِ الرَّحْمَةَ ۖ أَنَّهُ مَنْ عَمِلَ مِنكُمْ سُوءًا بِجَهَالَةٍ ثُمَّ تَابَ مِن بَعْدِهِ وَأَصْلَحَ فَأَنَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(54) Lan kalané para kang padha angèstu marang timbalan-timba- lan-Ingsun teka marang sira, lah calathonana: Rahayu tumibaa ing sira, Pangéran wus anggaris wilasa tumrap marang Sarira-Né, yaiku, sira sapa sing atindak ala amarga saka ora weruhé, sawisé iku tumuli tobat sarta alaku becik, lah Panje- nengané iku Aparamarta, Maha- asih |
وَكَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ وَلِتَسْتَبِينَ سَبِيلُ الْمُجْرِمِينَ(55) Lan kaya mangkono Ingsun amijang-mijangaké timbalan-tim- balan, lan supaya dadi cetha dadalané para kang padha dosa iku |
قُلْ إِنِّي نُهِيتُ أَنْ أَعْبُدَ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ ۚ قُل لَّا أَتَّبِعُ أَهْوَاءَكُمْ ۙ قَدْ ضَلَلْتُ إِذًا وَمَا أَنَا مِنَ الْمُهْتَدِينَ(56) Calathua: Sayekti aku iki dilarangi alaladi marang kang padha sira uwuh saliyané Allah. Calathua: Aku ora manut hawa- nafsunira, amarga yèn mangkono, temen aku iki sasar sarta ora kagolong wong kang padha olèh tuntunan |
قُلْ إِنِّي عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّي وَكَذَّبْتُم بِهِ ۚ مَا عِندِي مَا تَسْتَعْجِلُونَ بِهِ ۚ إِنِ الْحُكْمُ إِلَّا لِلَّهِ ۖ يَقُصُّ الْحَقَّ ۖ وَهُوَ خَيْرُ الْفَاصِلِينَ(57) Calathua: Sayekti aku iki angemban tandha yekti cetha saka Pangéranku lan iku kowé padha anggorohaké; ora ana ing aku apa kang padha kogégé; pancasané iku mung ana ing Allah piyambak; Panjenengané anyariyosaké yekti sarta Panjenengané iku becik- beciké para juru-mancasi |
قُل لَّوْ أَنَّ عِندِي مَا تَسْتَعْجِلُونَ بِهِ لَقُضِيَ الْأَمْرُ بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ ۗ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِالظَّالِمِينَ(58) Calathua: Yèn ta apa kang padha kogégé iku anaa ing aku, amasthi prakara antarané aku lan kowé iku wis kapupus; lan Allah iku luwih angudanèni marang para atindak dudu |
۞ وَعِندَهُ مَفَاتِحُ الْغَيْبِ لَا يَعْلَمُهَا إِلَّا هُوَ ۚ وَيَعْلَمُ مَا فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ ۚ وَمَا تَسْقُطُ مِن وَرَقَةٍ إِلَّا يَعْلَمُهَا وَلَا حَبَّةٍ فِي ظُلُمَاتِ الْأَرْضِ وَلَا رَطْبٍ وَلَا يَابِسٍ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُّبِينٍ(59) Lan ana ing Panjenengané gedhonging barang kang ora katon iku – ora ana nyumurupi kajaba Panjenengané; lan Panjene- ngané iku angudanéni apa kang ana ing daratan lan sagara; lan ora ana godhong runtuh, kajaba Pan- jenengané angudanéni, mangkono manèh ora ana wiji ing sajroné petenging bumi, apa déné ora ana barang sing ijo utawa garing, kajaba ing sajroning kitab kang cetha |
وَهُوَ الَّذِي يَتَوَفَّاكُم بِاللَّيْلِ وَيَعْلَمُ مَا جَرَحْتُم بِالنَّهَارِ ثُمَّ يَبْعَثُكُمْ فِيهِ لِيُقْضَىٰ أَجَلٌ مُّسَمًّى ۖ ثُمَّ إِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ ثُمَّ يُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(60) Lan Panjenengané iku Kang mundhut jiwanira ing wengi sarta Panjenengané angudanéni apa kang padha sira pakolih ing raina; tumuli Panjene- ngané anangèkaké sira ana ing kono, supaya pinutus wawangen kang wus tinamtu; tumuli marang Panjenengané balinira; banjur Pan- jenengané amartani sira sabarang kang wus padha sira lakoni |
وَهُوَ الْقَاهِرُ فَوْقَ عِبَادِهِ ۖ وَيُرْسِلُ عَلَيْكُمْ حَفَظَةً حَتَّىٰ إِذَا جَاءَ أَحَدَكُمُ الْمَوْتُ تَوَفَّتْهُ رُسُلُنَا وَهُمْ لَا يُفَرِّطُونَ(61) Lan Panjenengané iku Ing- kang-Mahawisésa, sadhuwuring kawula-Né, lan Panjenengané angutus para juru-rumeksa marang sira; nganti, samangsané pati ane- kani salah sawijinira, para utusan- Ingsun agawé patiné, sarta ora padha ora pépéka |
ثُمَّ رُدُّوا إِلَى اللَّهِ مَوْلَاهُمُ الْحَقِّ ۚ أَلَا لَهُ الْحُكْمُ وَهُوَ أَسْرَعُ الْحَاسِبِينَ(62) Tumuli padha dibalèkaken marang Allah, Gustiné, Ingkang- Mahayekti; o, diéling, kaasta ing Panjenengané pancasan iku, lan Panjenengané iku kang abanget gelisé ing panimbang |
قُلْ مَن يُنَجِّيكُم مِّن ظُلُمَاتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ تَدْعُونَهُ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً لَّئِنْ أَنجَانَا مِنْ هَٰذِهِ لَنَكُونَنَّ مِنَ الشَّاكِرِينَ(63) Calathua: Sapa ta kang anglu- waraké sira saka ing babayaning dharatan lan sagara, sira padha anguwuh ing Panjenengané , kalawan adhe- dhépé, lan kalawan sesidheman: Manawa Panjenengané angluwa- raké aku saiki, sayekti aku iki padha dadi golongané para kang padha weruh ing panarima |
قُلِ اللَّهُ يُنَجِّيكُم مِّنْهَا وَمِن كُلِّ كَرْبٍ ثُمَّ أَنتُمْ تُشْرِكُونَ(64) Calathua: Allah kang anglu- waraké sira saka ing kono lan saka ing sarupaning kasusahan, ana- nging tumuli sira anjèjèraké sisi- han |
قُلْ هُوَ الْقَادِرُ عَلَىٰ أَن يَبْعَثَ عَلَيْكُمْ عَذَابًا مِّن فَوْقِكُمْ أَوْ مِن تَحْتِ أَرْجُلِكُمْ أَوْ يَلْبِسَكُمْ شِيَعًا وَيُذِيقَ بَعْضَكُم بَأْسَ بَعْضٍ ۗ انظُرْ كَيْفَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ لَعَلَّهُمْ يَفْقَهُونَ(65) Calathua: Panjenengané iku kawasa yèn ta angirimna siksa marang sira saka ing sadhuwurira utawa saka sangisoré sikilira, uta- wa amrih bingungira panthan-panthan sarta sawenèhira digawé angrasakaké panyikarané sawenèh liyané. Delengen, kapriyé anggon-Ingsun angambal-ambali timbalan-timbalan, supaya dhè- wèké padha mangerti |
وَكَذَّبَ بِهِ قَوْمُكَ وَهُوَ الْحَقُّ ۚ قُل لَّسْتُ عَلَيْكُم بِوَكِيلٍ(66) Lan iku golonganira anggorohaké, mangka iku yekti temenan. Calathua: Aku iki ora kepokoh rumeksa marang sira |
لِّكُلِّ نَبَإٍ مُّسْتَقَرٌّ ۚ وَسَوْفَ تَعْلَمُونَ(67) Sawarnaning weca iku ana semayaning mangsané lan sira bakal padha weruh |
وَإِذَا رَأَيْتَ الَّذِينَ يَخُوضُونَ فِي آيَاتِنَا فَأَعْرِضْ عَنْهُمْ حَتَّىٰ يَخُوضُوا فِي حَدِيثٍ غَيْرِهِ ۚ وَإِمَّا يُنسِيَنَّكَ الشَّيْطَانُ فَلَا تَقْعُدْ بَعْدَ الذِّكْرَىٰ مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ(68) Lan samangsané sira ande- leng para kang padha anggunem ala ing timbalan-timbalan-Ingsun, iku sira angedohana, nganti dhè- wèké padha anggunem rembug liyané;a déné manawa sira di- lalèkaké déning sétan, lah sawisé éling aja sira lulungguhan karo wong kang padha atindak dudu |
وَمَا عَلَى الَّذِينَ يَتَّقُونَ مِنْ حِسَابِهِم مِّن شَيْءٍ وَلَٰكِن ذِكْرَىٰ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ(69) Lan wohing iku ora pisan bakal angenani para kang padha bekti, ananging mung pépéling, manawa- manawané bakal padha bekti |
وَذَرِ الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَهُمْ لَعِبًا وَلَهْوًا وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا ۚ وَذَكِّرْ بِهِ أَن تُبْسَلَ نَفْسٌ بِمَا كَسَبَتْ لَيْسَ لَهَا مِن دُونِ اللَّهِ وَلِيٌّ وَلَا شَفِيعٌ وَإِن تَعْدِلْ كُلَّ عَدْلٍ لَّا يُؤْخَذْ مِنْهَا ۗ أُولَٰئِكَ الَّذِينَ أُبْسِلُوا بِمَا كَسَبُوا ۖ لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيمٍ وَعَذَابٌ أَلِيمٌ بِمَا كَانُوا يَكْفُرُونَ(70) Lan togna baé para kang padha anganggep dodolanan lan lalahanan marang agamané, lan kang padha kacinthung déning kauripan donya, lan sira angéling- na kalawan iku, supaya aja ana jiwa sawiji kang kasrah marang karusakan déning pakolehé panggawéné dhéwé; kajabané Allah, dhèwèké ora ana panjagané, mangkono uga pantarané, lan ma- nawa dhèwèké angaturna sadhé- ngah tebusan, iku ora bakal tinompa; iki para kang bakal padha kasrah marang karusakan déning pakolehé panggawéné dhéwé; dhèwèké bakal padha olèh ombèn- ombèn arupa banyu umob sarta siksa kang anglarani, amar- ga saka anggoné padha angafiri |
قُلْ أَنَدْعُو مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَنفَعُنَا وَلَا يَضُرُّنَا وَنُرَدُّ عَلَىٰ أَعْقَابِنَا بَعْدَ إِذْ هَدَانَا اللَّهُ كَالَّذِي اسْتَهْوَتْهُ الشَّيَاطِينُ فِي الْأَرْضِ حَيْرَانَ لَهُ أَصْحَابٌ يَدْعُونَهُ إِلَى الْهُدَى ائْتِنَا ۗ قُلْ إِنَّ هُدَى اللَّهِ هُوَ الْهُدَىٰ ۖ وَأُمِرْنَا لِنُسْلِمَ لِرَبِّ الْعَالَمِينَ(71) Calathua : Apa ta aku kumu- du anguwuh liyané Allah, barang kang ora makolehi marang aku lan ora mitunani marang aku, lan dibalik marang tungkakku ing sawisé Allah anun- tun aku, kaya déné wong kang kobeng ing bumi amarga ditibak- aké déning para sétan? Dhèwèké duwé mitra, kang padha angajak- ajak dhèwèké marang dadalan bener, : Tekaa marang aku kéné. Calathua: Sayekti, tuntu- naning Allah iku tuntunan , lan aku padha didhawuhi supaya padha sumarah marang Pangéraning kabèh ngalam |
وَأَنْ أَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَاتَّقُوهُ ۚ وَهُوَ الَّذِي إِلَيْهِ تُحْشَرُونَ(72) Lan supaya kowé padha anjumenengaké salat sarta bekti marang Panjenengané; lan Panje- nengané iku kang – marang Panje- nengané anggonira bakal padha diimpun |
وَهُوَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ ۖ وَيَوْمَ يَقُولُ كُن فَيَكُونُ ۚ قَوْلُهُ الْحَقُّ ۚ وَلَهُ الْمُلْكُ يَوْمَ يُنفَخُ فِي الصُّورِ ۚ عَالِمُ الْغَيْبِ وَالشَّهَادَةِ ۚ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ(73) Lan Panjenengané iku kang anitahaké langit-langit lan bumi kalawan yekti; lan ing dina Panje- nengané ngandika: Anaa, banjur ana |
۞ وَإِذْ قَالَ إِبْرَاهِيمُ لِأَبِيهِ آزَرَ أَتَتَّخِذُ أَصْنَامًا آلِهَةً ۖ إِنِّي أَرَاكَ وَقَوْمَكَ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ(74) Pangandika-Né iku yekti, lan kagungan-É karaton iku ing dinané cengkorongan padha tiniyup; Ingkang-Anguningani sing ora katon lan sing katon; lan Panjene- ngané iku Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Waspada |
وَكَذَٰلِكَ نُرِي إِبْرَاهِيمَ مَلَكُوتَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَلِيَكُونَ مِنَ الْمُوقِنِينَ(75) Lan nalikané Ibrahim calathu marang tutuwané, Azar: Punapa sampéyan angalap brahala minang- ka sesembahan? Saèstu kula anyu- rupi sampéyan dalah golongan sampéyan punika sami dumunung ing sasar ingkang tétéla |
فَلَمَّا جَنَّ عَلَيْهِ اللَّيْلُ رَأَىٰ كَوْكَبًا ۖ قَالَ هَٰذَا رَبِّي ۖ فَلَمَّا أَفَلَ قَالَ لَا أُحِبُّ الْآفِلِينَ(76) Lan kaya mangkono Ingsun anuduhi Ibrahim karatoning langit- langit lan bumi lan supaya dhèwèké dadi golongané wong kang padha yakin |
فَلَمَّا رَأَى الْقَمَرَ بَازِغًا قَالَ هَٰذَا رَبِّي ۖ فَلَمَّا أَفَلَ قَالَ لَئِن لَّمْ يَهْدِنِي رَبِّي لَأَكُونَنَّ مِنَ الْقَوْمِ الضَّالِّينَ(77) Mulané, bareng wengi ang- limputi dhèwèké, dhèwèké ande- leng lintang sawiji. Acalathu: Apa iki Pangéranku? Ananging bareng surup, acalathu: Aku ora tresna marang barang sing nganggo surup |
فَلَمَّا رَأَى الشَّمْسَ بَازِغَةً قَالَ هَٰذَا رَبِّي هَٰذَا أَكْبَرُ ۖ فَلَمَّا أَفَلَتْ قَالَ يَا قَوْمِ إِنِّي بَرِيءٌ مِّمَّا تُشْرِكُونَ(78) Mulané, bareng andeleng rembulan andadari, acalathu: Apa iki Pangéranku? Ananging bareng surup, acalathu: Yèn ta Pangé- ranku ora nuntun aku, sayekti aku iki dadi golongané wong kang padha sasar |
إِنِّي وَجَّهْتُ وَجْهِيَ لِلَّذِي فَطَرَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ حَنِيفًا ۖ وَمَا أَنَا مِنَ الْمُشْرِكِينَ(79) Mulané, bareng andeleng srengéngé mlethèk, acalathu: Apa iki Pangéranku? Ananging, bareng surup, acalathu: É, kaumku, sayek- ti aku iki lebaran saka kang koanggep sisihané |
وَحَاجَّهُ قَوْمُهُ ۚ قَالَ أَتُحَاجُّونِّي فِي اللَّهِ وَقَدْ هَدَانِ ۚ وَلَا أَخَافُ مَا تُشْرِكُونَ بِهِ إِلَّا أَن يَشَاءَ رَبِّي شَيْئًا ۗ وَسِعَ رَبِّي كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا ۗ أَفَلَا تَتَذَكَّرُونَ(80) Sayekti aku iki angadhepaké adhepku marang kang andadèkaké langit-langit lan bumi, kalawan legawa, lan ora pisan aku iki golongané para kang manembah Pangéran akèh |
وَكَيْفَ أَخَافُ مَا أَشْرَكْتُمْ وَلَا تَخَافُونَ أَنَّكُمْ أَشْرَكْتُم بِاللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِ عَلَيْكُمْ سُلْطَانًا ۚ فَأَيُّ الْفَرِيقَيْنِ أَحَقُّ بِالْأَمْنِ ۖ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ(81) Kaumé padha amadoni dhè- wèké. Dhèwèké acalathu: Apa ta kowé padha amadoni aku ing bab Allah? Lan temen Panjenengané wus anuntun aku, sarta ora pisan aku wedi marang apa kang koanggep sisihané Panjenengané, kajaba manawa ana kaparengé Pangéranku; Pangéranku Ngélmu- Né amaratani samubarang; lah apa ta kowé ora padha ngangen-angen |
الَّذِينَ آمَنُوا وَلَمْ يَلْبِسُوا إِيمَانَهُم بِظُلْمٍ أُولَٰئِكَ لَهُمُ الْأَمْنُ وَهُم مُّهْتَدُونَ(82) Kapriyé oléhku wedi marang apa kang koanggep sisihané , ing mangka kowé padha ora wedi anjèjèraké sisihan ing Allah barang kang Panjene- ngané ora anurunaké wewenang iku marang kowé; lah papanthan loro iku sing endi sing luwih andarbèni wenang ing karaharjan, manawa kowé padha weruh |
وَتِلْكَ حُجَّتُنَا آتَيْنَاهَا إِبْرَاهِيمَ عَلَىٰ قَوْمِهِ ۚ نَرْفَعُ دَرَجَاتٍ مَّن نَّشَاءُ ۗ إِنَّ رَبَّكَ حَكِيمٌ عَلِيمٌ(83) Para kang padha angèstu sarta padha ora nyampuri anggoné angèstu iku kalawan tindak dudu, iku bakal padha olèh karaharjan tuwin dhèwèké iku wong kang padha olèh pituduh |
وَوَهَبْنَا لَهُ إِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ ۚ كُلًّا هَدَيْنَا ۚ وَنُوحًا هَدَيْنَا مِن قَبْلُ ۖ وَمِن ذُرِّيَّتِهِ دَاوُودَ وَسُلَيْمَانَ وَأَيُّوبَ وَيُوسُفَ وَمُوسَىٰ وَهَارُونَ ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ(84) Lan iki bukti-Ningsun kang Ingsun paringaké marang Ibrahim nglindhihaké kaumé; Ingsun angunggahaké drajad ma- rang sapa kapareng-Ingsun; sayekti Pangéranira iku Wicaksana, Udani |
وَزَكَرِيَّا وَيَحْيَىٰ وَعِيسَىٰ وَإِلْيَاسَ ۖ كُلٌّ مِّنَ الصَّالِحِينَ(85) Lan Ingsun aparing marang dhèwèké Ishaq lan Ya’qub; siji- sijiné padha Ingsun paringi pituduh, sarta Nuh Ingsun paringi pituduh ing sadurungé, apa déné sawenèhing tedhaké, Dawud lan Sulaiman lan ‘Ayyub lan Yusuf sarta Musa tuwin Harun; lan kaya mangkono Ingsun angganjar para kang agawé becik ing liyan |
وَإِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَيُونُسَ وَلُوطًا ۚ وَكُلًّا فَضَّلْنَا عَلَى الْعَالَمِينَ(86) Lan Zakariya sarta Yahya tuwin ‘Isa lan Ilyas; siji-sijiné pada èwoné para wong tulus |
وَمِنْ آبَائِهِمْ وَذُرِّيَّاتِهِمْ وَإِخْوَانِهِمْ ۖ وَاجْتَبَيْنَاهُمْ وَهَدَيْنَاهُمْ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ(87) Lan ‘Ismail sarta Ilyasa’ tuwin Yunus sarta Luth; lan siji- sijiné padha Ingsun luwihaké utama angungkuli ngalam kabèh |
ذَٰلِكَ هُدَى اللَّهِ يَهْدِي بِهِ مَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۚ وَلَوْ أَشْرَكُوا لَحَبِطَ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ(88) Lan sapa antaraning para bapak-bapaké sarta para tedhak turuné tuwin sadulur-saduluré, lan Ingsun wus milih dhèwèké sarta anuntun dhèwèké marang dalan kang bener |
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ ۚ فَإِن يَكْفُرْ بِهَا هَٰؤُلَاءِ فَقَدْ وَكَّلْنَا بِهَا قَوْمًا لَّيْسُوا بِهَا بِكَافِرِينَ(89) Iki tuntunaning Allah, di- agem nuntun kawula-Né sapa kang dadi kapareng-É, lan manawa dhèwéké anjèjèraké sisihan , sayekti tumrap dhèwèké bakal tanpa guna apa kang wus padha dilakoni |
أُولَٰئِكَ الَّذِينَ هَدَى اللَّهُ ۖ فَبِهُدَاهُمُ اقْتَدِهْ ۗ قُل لَّا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ أَجْرًا ۖ إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرَىٰ لِلْعَالَمِينَ(90) Iki para kang wus padha Ing- sun paringi Kitab lan pancasan tuwin weca; mulané manawa iki padha angafiri marang iku lah temen iku wus Ingsun pasrahaké kaum kang dudu wong kafir marang iku |
وَمَا قَدَرُوا اللَّهَ حَقَّ قَدْرِهِ إِذْ قَالُوا مَا أَنزَلَ اللَّهُ عَلَىٰ بَشَرٍ مِّن شَيْءٍ ۗ قُلْ مَنْ أَنزَلَ الْكِتَابَ الَّذِي جَاءَ بِهِ مُوسَىٰ نُورًا وَهُدًى لِّلنَّاسِ ۖ تَجْعَلُونَهُ قَرَاطِيسَ تُبْدُونَهَا وَتُخْفُونَ كَثِيرًا ۖ وَعُلِّمْتُم مَّا لَمْ تَعْلَمُوا أَنتُمْ وَلَا آبَاؤُكُمْ ۖ قُلِ اللَّهُ ۖ ثُمَّ ذَرْهُمْ فِي خَوْضِهِمْ يَلْعَبُونَ(91) Iki para kang padha katuntun déning Allah, mulané sira nuruta tuntunané. Calathua: Aku ora anja- luk pituas marang sira ingatasé prakara iki; iki ora liya kajaba pépéling tumrap wong ngalam kabéh |
وَهَٰذَا كِتَابٌ أَنزَلْنَاهُ مُبَارَكٌ مُّصَدِّقُ الَّذِي بَيْنَ يَدَيْهِ وَلِتُنذِرَ أُمَّ الْقُرَىٰ وَمَنْ حَوْلَهَا ۚ وَالَّذِينَ يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ يُؤْمِنُونَ بِهِ ۖ وَهُمْ عَلَىٰ صَلَاتِهِمْ يُحَافِظُونَ(92) Lan dhèwèké padha ora ang- regani Allah kalawan rega-Né sa- nyatané nalikané padha angucap ora pisan Allah andhawuhaké apa- apa marang manusa. Calathua: Sa- pa kang andhawuhaké Kitab kang kaampil Musa, sawijining papa- dhang lan tuntunan tumrap para manusa, kang padha sira dadèkaké tulis kang abosah-basih, sira katonaké lan kang akèh padha sira umpetaké? lan sira padha diweruhaké barang kang sira padha ora weruh, sira apa déné bapak-bapakira. Sira tutura: Allah; banjur padha sira togna baé ang- goné padha mainan ing dalem omongé lalahanan |
وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ قَالَ أُوحِيَ إِلَيَّ وَلَمْ يُوحَ إِلَيْهِ شَيْءٌ وَمَن قَالَ سَأُنزِلُ مِثْلَ مَا أَنزَلَ اللَّهُ ۗ وَلَوْ تَرَىٰ إِذِ الظَّالِمُونَ فِي غَمَرَاتِ الْمَوْتِ وَالْمَلَائِكَةُ بَاسِطُو أَيْدِيهِمْ أَخْرِجُوا أَنفُسَكُمُ ۖ الْيَوْمَ تُجْزَوْنَ عَذَابَ الْهُونِ بِمَا كُنتُمْ تَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ غَيْرَ الْحَقِّ وَكُنتُمْ عَنْ آيَاتِهِ تَسْتَكْبِرُونَ(93) Lan iki Kitab kang Ingsun turunaké, kang binarkahan, dumu- nung ambeneraké kang ana ing sangarepéa lan supaya sira apépé- linga ibuning praja lan sapa ing sakiwa tengené; lan para kang padha angèstu ing akhirat pada angèstu marang iku sarta marang salaté padha tuhu- tuhu rumeksa |
وَلَقَدْ جِئْتُمُونَا فُرَادَىٰ كَمَا خَلَقْنَاكُمْ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَتَرَكْتُم مَّا خَوَّلْنَاكُمْ وَرَاءَ ظُهُورِكُمْ ۖ وَمَا نَرَىٰ مَعَكُمْ شُفَعَاءَكُمُ الَّذِينَ زَعَمْتُمْ أَنَّهُمْ فِيكُمْ شُرَكَاءُ ۚ لَقَد تَّقَطَّعَ بَيْنَكُمْ وَضَلَّ عَنكُم مَّا كُنتُمْ تَزْعُمُونَ(94) Lan sapa kang luwih atindak dudu tinimbang kang agawé-gawé goroh marang Allah, utawa aca- lathu: Sabda kawedharaké marang aku; Ing mangka ora ana sabda apa-apa kang kawedharaké marang dhèwèké, lan sapa sing calathu: Aku bisa anurunaké papadhané apa kang katurunaké déning Allah? Lan yèn ta sira weruha nalikané para kang atindak dudu ana sajroné sakarating pati sarta para malaikat padha anguluraké tangané: Padha wetokna jiwanira. Ing dina iki sira bakal winales siksa kang anginak- aké, amarga saka anggonira pada calathu amitunani Allah kang dudu beneré lan saka anggon- ira padha gumedhé marang tim- balan-timbalan-É |
۞ إِنَّ اللَّهَ فَالِقُ الْحَبِّ وَالنَّوَىٰ ۖ يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَمُخْرِجُ الْمَيِّتِ مِنَ الْحَيِّ ۚ ذَٰلِكُمُ اللَّهُ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ(95) Lan sayekti temen sira padha tumeka marang Ingsun ijèn, kaya anggon-Ingsun anitahakè sira saka- wit, lan apa kang wus Ingsun paringakè marang sira padha sira tinggal ana ing saburining geger- ira, lan Ingsun ora mirsani para pantaranira anyartani sira, kang padha sira sengguh, yèn dhèwèké iku para sisihané tu- mrapé sira; yekti temen wis pedhot antarané sira, sarta wis sirna saka ing sira apa kang padha sira sengguh mau |
فَالِقُ الْإِصْبَاحِ وَجَعَلَ اللَّيْلَ سَكَنًا وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ حُسْبَانًا ۚ ذَٰلِكَ تَقْدِيرُ الْعَزِيزِ الْعَلِيمِ(96) Sayekti Allah adamel male- thèké wiji lan isi kurma; Panjene- ngané angetokaké barang urip saka barang mati sarta Panjenengané iku kang angetokaké barang mati saka barang urip; yaiku Allah! lah kapriyé margané anggonira padha kebalik |
وَهُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ النُّجُومَ لِتَهْتَدُوا بِهَا فِي ظُلُمَاتِ الْبَرِّ وَالْبَحْرِ ۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ(97) Panjenengané malethèkaké bangun-ésuk sarta andadèkaké we- ngi minangka palereman apa déné srengéngé lan rembulan minangka pétungan; iki tatanané Ingkang- Minulya, Ingkang-Angudanèni |
وَهُوَ الَّذِي أَنشَأَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ فَمُسْتَقَرٌّ وَمُسْتَوْدَعٌ ۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَفْقَهُونَ(98) Lan Panjenengané iku kang andadèkaké lintang-lintang tumrap marang sira, supaya sira padha ka- tuntun nurut dalan kang bener ana ing pepetenging dharatan lan sa- gara; temen Ingsun wus amijang- mijangaké timbalan-timbalan-Ing- sun tumrap wong kang padha weruh |
وَهُوَ الَّذِي أَنزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَخْرَجْنَا بِهِ نَبَاتَ كُلِّ شَيْءٍ فَأَخْرَجْنَا مِنْهُ خَضِرًا نُّخْرِجُ مِنْهُ حَبًّا مُّتَرَاكِبًا وَمِنَ النَّخْلِ مِن طَلْعِهَا قِنْوَانٌ دَانِيَةٌ وَجَنَّاتٍ مِّنْ أَعْنَابٍ وَالزَّيْتُونَ وَالرُّمَّانَ مُشْتَبِهًا وَغَيْرَ مُتَشَابِهٍ ۗ انظُرُوا إِلَىٰ ثَمَرِهِ إِذَا أَثْمَرَ وَيَنْعِهِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكُمْ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ(99) Lan Panjenengané iku kang wus anuwuhaké sira saka ing jiwa sawiji, tumuli ana enggon palèrènan sarta panyimpe- nan; temen Ingsun wus amijang- mijangaké timbalan-timbalan tum- rap wong kang padha mangerti |
وَجَعَلُوا لِلَّهِ شُرَكَاءَ الْجِنَّ وَخَلَقَهُمْ ۖ وَخَرَقُوا لَهُ بَنِينَ وَبَنَاتٍ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۚ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَىٰ عَمَّا يَصِفُونَ(100) Lan Panjenengané iku kang anurunaké banyu saka mendhung; tumuli iku Ingsun anggo anru- busaké sarupané tanem tuwuh, tumuli saka ing kono Ingsun angetokaké ijo-ijo, saka ing kono Ingsun angetokaké wiji matumpa-tumpa ; lan saka ing wit kurma, saka mancungé, sarta dhodhompolan , kena diranggèh; apa déné kebon anggur lan zaitun sarta dlima kang madharupa tuwin kang ora madharupa; padha andelenga marang wohé nalikané awoh sarta matengé; sayekti ing dalem mang- kono iku temen tandha-yekti tu- mrap wong kang padha angèstu |
بَدِيعُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ أَنَّىٰ يَكُونُ لَهُ وَلَدٌ وَلَمْ تَكُن لَّهُ صَاحِبَةٌ ۖ وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ ۖ وَهُوَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ(101) Lan dhéwéké padha anda- dèkaké jin dadi sisihané Allah, mangka iku kabèh Allah kang anitahaké, sarta dhéwéké padha angakokaké putra lanang lan putra wadon marang Panjenengané, ka- lawan tanpa kawruh; Mahasuci Panjenengané iku lan Mahaluhur saka anggoné padha anyipati |
ذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمْ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ خَالِقُ كُلِّ شَيْءٍ فَاعْبُدُوهُ ۚ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ وَكِيلٌ(102) Ingkang-Amurwani langit- langit lan bumi!a Kapriyé anggoné Panjenengané kagungan putra, kang mangka Panjenengané ora kagungan garwa, sarta Panjene- ngané anitahaké samu- barang, apa déné Panjenengané iku Ingkang-Angudanéni ing sa- mubarang! A |
لَّا تُدْرِكُهُ الْأَبْصَارُ وَهُوَ يُدْرِكُ الْأَبْصَارَ ۖ وَهُوَ اللَّطِيفُ الْخَبِيرُ(103) Yaiku Allah, Pangéranira, ora ana sesembahan kajaba Panje- nengané; Ingkang-Anitahaké sa- mubarang; mulané padha ngabdia ing Panjenengané, sarta Panje- nengané iku Ingkang-murba ing samubarang |
قَدْ جَاءَكُم بَصَائِرُ مِن رَّبِّكُمْ ۖ فَمَنْ أَبْصَرَ فَلِنَفْسِهِ ۖ وَمَنْ عَمِيَ فَعَلَيْهَا ۚ وَمَا أَنَا عَلَيْكُم بِحَفِيظٍ(104) Pandeleng ora bisa nyakup ing Panjenengané, lan Panjene- ngané nyakup marang sakèhing pandeleng, sarta Panjenengané iku Ingkang-Angudanèni ing lembut, Ingkang-Waspada |
وَكَذَٰلِكَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ وَلِيَقُولُوا دَرَسْتَ وَلِنُبَيِّنَهُ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ(105) Temen wus teka marang sira tandha-tandha yekti saka Pa- ngéranira; mulané sapa sing gelem andeleng, lah iya makolèhi marang jiwané dhéwé, lan sapa sing micak, lah iya mitunani marang dhèwèkè dhéwé; lan aku iki dudu juru- ngreksa tumrap marang sira |
اتَّبِعْ مَا أُوحِيَ إِلَيْكَ مِن رَّبِّكَ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ وَأَعْرِضْ عَنِ الْمُشْرِكِينَ(106) Lan kaya mangkono ang- gon Ingsun angambali timbalan- timbalan, lan dimèn dhèwèké padha ngucap: Èntukmu maca; lan iku supaya Ingsun anerangaké marang wong kang padha weruh |
وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا أَشْرَكُوا ۗ وَمَا جَعَلْنَاكَ عَلَيْهِمْ حَفِيظًا ۖ وَمَا أَنتَ عَلَيْهِم بِوَكِيلٍ(107) Manuta apa kang kawe- dharaké marang sira saka Pangéra- nira; ora ana sesembahan kajaba Panjenengané; lan sira méngoa saka wong kang padha anjèjèri |
وَلَا تَسُبُّوا الَّذِينَ يَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ فَيَسُبُّوا اللَّهَ عَدْوًا بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ كَذَٰلِكَ زَيَّنَّا لِكُلِّ أُمَّةٍ عَمَلَهُمْ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّهِم مَّرْجِعُهُمْ فَيُنَبِّئُهُم بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(108) Lan yèn ta Allah angar- sakna, dhèwèké ora bakal padha anjèjèri , sarta Ingsun ora andadèkaké sira dadi panjaga tumrap dhèwèké, lan sira dudu juru-ngreksa ma- rang dhèwèké |
وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ لَئِن جَاءَتْهُمْ آيَةٌ لَّيُؤْمِنُنَّ بِهَا ۚ قُلْ إِنَّمَا الْآيَاتُ عِندَ اللَّهِ ۖ وَمَا يُشْعِرُكُمْ أَنَّهَا إِذَا جَاءَتْ لَا يُؤْمِنُونَ(109) Lan aja padha nyanyamah kang padha diuwuh saliyané Allah, mundhak dhèwèké padha anyanya- mah Allah angliwati wates amarga saka ora ngertiné. Kaya mangkono anggon-Ingsun amamaèsi tumrap siji-sijining umat pangga- wéné; tumuli marang Pangérané bakal enggoné bali, Panjenengané banjur bakal amartani dhèwèké apa kang wus padha dilakoni |
وَنُقَلِّبُ أَفْئِدَتَهُمْ وَأَبْصَارَهُمْ كَمَا لَمْ يُؤْمِنُوا بِهِ أَوَّلَ مَرَّةٍ وَنَذَرُهُمْ فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ(110) Lan dhèwèké padha supata dhemi Allah kalawan supatané kang abanget, yèn ana tandha yekti tumeka marang dhèwèké, iku mas- thi dhèwèké bakal padha angèstu. Calathua: Tandha-tandha yekti iku mung ana ing ngarsaning Allah; lan apa ta kang bakal meruhaké ing sira, yèn samangsa iku teka, dhèwèké bakal padha ora angèstu |
۞ وَلَوْ أَنَّنَا نَزَّلْنَا إِلَيْهِمُ الْمَلَائِكَةَ وَكَلَّمَهُمُ الْمَوْتَىٰ وَحَشَرْنَا عَلَيْهِمْ كُلَّ شَيْءٍ قُبُلًا مَّا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا إِلَّا أَن يَشَاءَ اللَّهُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ يَجْهَلُونَ(111) Lan Ingsun bakal amba- likaké ati-atiné lan pandeleng- pandelengé, kaya anggoné padha ora angèstu ing iku dhèk sakawit lan padha Ingsun togaké ing pan- daluyané kanthi padha bingung |
وَكَذَٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا شَيَاطِينَ الْإِنسِ وَالْجِنِّ يُوحِي بَعْضُهُمْ إِلَىٰ بَعْضٍ زُخْرُفَ الْقَوْلِ غُرُورًا ۚ وَلَوْ شَاءَ رَبُّكَ مَا فَعَلُوهُ ۖ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُونَ(112) Lan sanajan ta Ingsun anurunna para malaikat marang dhèwèké lan para wong mati padha angandhanana dhèwèké sarta Ingsun angimpun samubarang ana ing ngarepé, ora bakal dhèwèké padha angèstu kajaba manawa Allah angarsakaké, ananging kèkèhanè dhèwèké iku padha bodho |
وَلِتَصْغَىٰ إِلَيْهِ أَفْئِدَةُ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ وَلِيَرْضَوْهُ وَلِيَقْتَرِفُوا مَا هُم مُّقْتَرِفُونَ(113) Lan kaya mangkono, Ing- sun andadékaké mungsuh tumrap saben-saben nabi sétan manusa lan jin, kang sawenèh abibisik ma- rang sawenèhé pangucap pupu- lasan pangapus-krama, lan saupa- ma Pangéranira angarsakna, dhè- wèkè ora bakal padha anindakaké iku, mulané sira togna baé dhèwèké dalah sabarang dora- carané |
أَفَغَيْرَ اللَّهِ أَبْتَغِي حَكَمًا وَهُوَ الَّذِي أَنزَلَ إِلَيْكُمُ الْكِتَابَ مُفَصَّلًا ۚ وَالَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يَعْلَمُونَ أَنَّهُ مُنَزَّلٌ مِّن رَّبِّكَ بِالْحَقِّ ۖ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِينَ(114) Lan supaya ati-atiné para kang padha ora angèstu marang akhirat tumiyunga mrono sarta supaya padha kasdua marang iku apa déné dimèn padha apakolih apa kang bakal pinakolih |
وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ صِدْقًا وَعَدْلًا ۚ لَّا مُبَدِّلَ لِكَلِمَاتِهِ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ(115) Lah apa ta aku dadak golèk juru-mutusi saliyané Allah? Mang- ka Panjenengané iku kang anu- runaké marang sira kitab kang terang-awijang; lan para kang padha Ingsun paringi kitab padha weruh yèn sayektiné iku katu- runaké saka Pangéranira ing dalem yekti; mulané aja sira padha dadi èwoné kang padha madoni |
وَإِن تُطِعْ أَكْثَرَ مَن فِي الْأَرْضِ يُضِلُّوكَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ ۚ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَإِنْ هُمْ إِلَّا يَخْرُصُونَ(116) Lan wis kalakon sabdaning Pangéranira kalawan nyata lan adil; ora ana kang bisa angowahi marang sabda-Né, lan Panjene- ngané iku Ingkang-Miyarsa, Ing- kang-Ngudanèni |
إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ مَن يَضِلُّ عَن سَبِيلِهِ ۖ وَهُوَ أَعْلَمُ بِالْمُهْتَدِينَ(117) Lan yèn sira manut kèh- kèhané kang ana ing bumi, iku bakal padha nasaraké sira saka dadalaning Allah; ora liya dhè- wèké iku mung padha manut panyana, lan ora liya mung padha goroh |
فَكُلُوا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ إِن كُنتُم بِآيَاتِهِ مُؤْمِنِينَ(118) Sayèkti, Pangéranira – Pan- jenengané iku luwih ngudanèni sapa kang sasar saka dadalan-É, sarta Panjenengané iku luwih ngudanèni marang kang padha nurut dalan bener |
وَمَا لَكُمْ أَلَّا تَأْكُلُوا مِمَّا ذُكِرَ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ وَقَدْ فَصَّلَ لَكُم مَّا حَرَّمَ عَلَيْكُمْ إِلَّا مَا اضْطُرِرْتُمْ إِلَيْهِ ۗ وَإِنَّ كَثِيرًا لَّيُضِلُّونَ بِأَهْوَائِهِم بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ أَعْلَمُ بِالْمُعْتَدِينَ(119) Mulané padha mangana apa kang asmaning Allah nganggo disebut ing kono, manawa sira iku wong kang angèstu marang timbalan-timbalan-É |
وَذَرُوا ظَاهِرَ الْإِثْمِ وَبَاطِنَهُ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَكْسِبُونَ الْإِثْمَ سَيُجْزَوْنَ بِمَا كَانُوا يَقْتَرِفُونَ(120) Lan apa ta karanané, déné sira padha ora gelem mangan apa kang asmaning Allah nganggo disebut ing kono, lan temen Pan- jenengané wis amijangaké ing sira apa kang Panjenengané anglarangi ingatasé sira – kajaba barang kang sira kepeksa mangkono; lan sayek- ti temen akèh kang arep anasaraké kalawan pépénginané kang asor, jalaran tanpa kawruh; sayek- ti, Pangéranira – Panjenengané iku luwih angudanèni marang wong kang padha anglangkahi wates |
وَلَا تَأْكُلُوا مِمَّا لَمْ يُذْكَرِ اسْمُ اللَّهِ عَلَيْهِ وَإِنَّهُ لَفِسْقٌ ۗ وَإِنَّ الشَّيَاطِينَ لَيُوحُونَ إِلَىٰ أَوْلِيَائِهِمْ لِيُجَادِلُوكُمْ ۖ وَإِنْ أَطَعْتُمُوهُمْ إِنَّكُمْ لَمُشْرِكُونَ(121) Lan padha atinggala dosa lahir lan dosa batin; sayekti para kang padha amakolih dosa, bakal winales kalawan apa kang wis padha pinakolih |
أَوَمَن كَانَ مَيْتًا فَأَحْيَيْنَاهُ وَجَعَلْنَا لَهُ نُورًا يَمْشِي بِهِ فِي النَّاسِ كَمَن مَّثَلُهُ فِي الظُّلُمَاتِ لَيْسَ بِخَارِجٍ مِّنْهَا ۚ كَذَٰلِكَ زُيِّنَ لِلْكَافِرِينَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(122) Lan aja padha mangan barang kang ing kono asmaning Allah ora disebut, lan sayekti iku temen panerak; lan sayekti para sétan iku temen padha abibisik marang para mitrané, supaya padha madonana sira; lan manawa sira ambangun turut dhèwèké, sayekti sira iku wong kang manembah pangéran akèh |
وَكَذَٰلِكَ جَعَلْنَا فِي كُلِّ قَرْيَةٍ أَكَابِرَ مُجْرِمِيهَا لِيَمْكُرُوا فِيهَا ۖ وَمَا يَمْكُرُونَ إِلَّا بِأَنفُسِهِمْ وَمَا يَشْعُرُونَ(123) Apa ta wong kang mauné mati banjur Ingsun uripaké, lan Ingsun gawèkaké papadhang kanggo lumaku ing antarané para manusa, iku padha karo wong kang sanépané ana sajroning pepeteng kang lilimengan, kang dhèwèké tanpa bisa metu saka ing kono? Kaya mangkono iku anggoné tumrapé para wong kafir pinaès- paès apa kang wus padha dilakoni |
وَإِذَا جَاءَتْهُمْ آيَةٌ قَالُوا لَن نُّؤْمِنَ حَتَّىٰ نُؤْتَىٰ مِثْلَ مَا أُوتِيَ رُسُلُ اللَّهِ ۘ اللَّهُ أَعْلَمُ حَيْثُ يَجْعَلُ رِسَالَتَهُ ۗ سَيُصِيبُ الَّذِينَ أَجْرَمُوا صَغَارٌ عِندَ اللَّهِ وَعَذَابٌ شَدِيدٌ بِمَا كَانُوا يَمْكُرُونَ(124) Lan kaya mangkono ing dalem siji-sijining nagara Ingsun andadèkaké para gedhéné dadi wongé sing duraka, dimèn padha agawé upaya ana ing kono; lan ora liya anggoné padha agawé upaya iku kajaba tumama ing jiwané dhé- wé sarta padha ora rumasa |
فَمَن يُرِدِ اللَّهُ أَن يَهْدِيَهُ يَشْرَحْ صَدْرَهُ لِلْإِسْلَامِ ۖ وَمَن يُرِدْ أَن يُضِلَّهُ يَجْعَلْ صَدْرَهُ ضَيِّقًا حَرَجًا كَأَنَّمَا يَصَّعَّدُ فِي السَّمَاءِ ۚ كَذَٰلِكَ يَجْعَلُ اللَّهُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ(125) Lan kalané ana timbalan, tumeka ing dhèwèké, padha acala- thu: Aku ora bakal padha angèstu nganti tumekané aku kaparingan padhané barang kang kaparingaké para utusaning Allah. Allah iku luwih angudanèni ing ngendi ang- goné Panjenengané amapanaké ayahan-É. Para kang padha du- raka bakal padha katiban asor ing ngarsaning Allah sarta siksa kang abanget, amarga saka anggoné padha agawé upaya |
وَهَٰذَا صِرَاطُ رَبِّكَ مُسْتَقِيمًا ۗ قَدْ فَصَّلْنَا الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَذَّكَّرُونَ(126) Mulané, sapa sing dikarsak- aké déning Allah bakal katuntun ing dalan kang bener, Panjenenga- né anjembaraké dhadhané marang Islam, lan sapa sing dikarsakaké bakal kasasaraké, Panjenengané andadèkaké dhadhané rupak lan sesak, kaya-kaya arep sumengkaa mandhuwur; kaya mangkono ang- goné Allah andèkèki lelethek marang para kang padha ora angèstu |
۞ لَهُمْ دَارُ السَّلَامِ عِندَ رَبِّهِمْ ۖ وَهُوَ وَلِيُّهُم بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(127) Lan iki dadalané Pangéra- nira, kang bener; temen Ingsun wus amijang-mijangaké timbalan-timbalan tumrap wong kang padha éling |
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ قَدِ اسْتَكْثَرْتُم مِّنَ الْإِنسِ ۖ وَقَالَ أَوْلِيَاؤُهُم مِّنَ الْإِنسِ رَبَّنَا اسْتَمْتَعَ بَعْضُنَا بِبَعْضٍ وَبَلَغْنَا أَجَلَنَا الَّذِي أَجَّلْتَ لَنَا ۚ قَالَ النَّارُ مَثْوَاكُمْ خَالِدِينَ فِيهَا إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۗ إِنَّ رَبَّكَ حَكِيمٌ عَلِيمٌ(128) Dhèwèké bakal padha olèh enggon karahayon ing ngarsaning Pangérané, sarta Panjenengané iku pangayomané, amarga saka barang kang wus padha dilakoni |
وَكَذَٰلِكَ نُوَلِّي بَعْضَ الظَّالِمِينَ بَعْضًا بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ(129) Lan ing dinané Panjene- ngané angimpun dhèwèké kabèh; É, grombolaning Jin! temen kowé wis anjupuki kèh-kèhaning manusa. Lan para mitrané, saka antaraning para manusa, bakal aca- lathu: Pangéran kawula! kawula sami mamrih pakolih sawenèh sawenèhipun saha kawula sampun sami dumugi ing ubaya kawula ingkang sampun Tuwan ubayak- aken ing kawula. Panjenengané bakal ngandika: Geni iku pang- gonanira, bakal padha dudunung ing kono, kajaba manawa ana kaperenging karsané Allah; sayekti Pangéranira iku Wicaksana, Angudanèni |
يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ أَلَمْ يَأْتِكُمْ رُسُلٌ مِّنكُمْ يَقُصُّونَ عَلَيْكُمْ آيَاتِي وَيُنذِرُونَكُمْ لِقَاءَ يَوْمِكُمْ هَٰذَا ۚ قَالُوا شَهِدْنَا عَلَىٰ أَنفُسِنَا ۖ وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا وَشَهِدُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ أَنَّهُمْ كَانُوا كَافِرِينَ(130) Lan kaya mangkono ang- gon Ingsun agawé mimitrané sawenèhé para wong kang atindak dudu marang sawenèhé, amarga saka barang kang wus padha pinakolih |
ذَٰلِكَ أَن لَّمْ يَكُن رَّبُّكَ مُهْلِكَ الْقُرَىٰ بِظُلْمٍ وَأَهْلُهَا غَافِلُونَ(131) E, grombolaning para jin lan manusa! apa ora ana utusan saka ing antaranira kang padha anekani sira, anyaritakaké tim- balan-timbalan-Ingsun marang sira sarta apépéling ing sira prakara sapatemon ing dinanira iki? Bakal padha matur: “Kawula aneksèni dhateng badan kawula piyambak,” sarta kauripan donya iki wus angapusi dhèwèké, apa déné dhèwèké bakal padha anek- sèni marang jiwané dhéwé, yèn sajatiné padha wong kafir |
وَلِكُلٍّ دَرَجَاتٌ مِّمَّا عَمِلُوا ۚ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا يَعْمَلُونَ(132) Mangkono iku amarga Pangéranira ora bakal angrusak kutha-kutha kalawan panganiaya, kang mangka wongé padha léna |
وَرَبُّكَ الْغَنِيُّ ذُو الرَّحْمَةِ ۚ إِن يَشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَسْتَخْلِفْ مِن بَعْدِكُم مَّا يَشَاءُ كَمَا أَنشَأَكُم مِّن ذُرِّيَّةِ قَوْمٍ آخَرِينَ(133) Lan kabèh iku padha duwé drajat salaras karo apa kang padha dilakoni; lan ora pisan Pangéranira iku léna marang apa kang padha dilakoni |
إِنَّ مَا تُوعَدُونَ لَآتٍ ۖ وَمَا أَنتُم بِمُعْجِزِينَ(134) Lan Pangéranira iku Ing- kang-Sugih, Ingkang-Kagungan wilasa; manawa Panjenengané ngarsakaké, saged Panjenengané amecat sira lan anggentèkaké sapa kang dadi karsa-Né ing sapung- kurira, kaya déné anggoné Panje- nengané wus anuwuhaké sira saka wijining wong liya |
قُلْ يَا قَوْمِ اعْمَلُوا عَلَىٰ مَكَانَتِكُمْ إِنِّي عَامِلٌ ۖ فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ مَن تَكُونُ لَهُ عَاقِبَةُ الدَّارِ ۗ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الظَّالِمُونَ(135) Sayekti apa kang dianca- maké sira, masthi kalakon lan ora pisan sira bisa ngoncati . A |
وَجَعَلُوا لِلَّهِ مِمَّا ذَرَأَ مِنَ الْحَرْثِ وَالْأَنْعَامِ نَصِيبًا فَقَالُوا هَٰذَا لِلَّهِ بِزَعْمِهِمْ وَهَٰذَا لِشُرَكَائِنَا ۖ فَمَا كَانَ لِشُرَكَائِهِمْ فَلَا يَصِلُ إِلَى اللَّهِ ۖ وَمَا كَانَ لِلَّهِ فَهُوَ يَصِلُ إِلَىٰ شُرَكَائِهِمْ ۗ سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ(136) Calathua: E, bangsaku! pa- dha anglakonana ing sabisanira; déné aku iya nglakoni; lah sira bakal tumuli padha weruh, sapa sing bakal olèh wekasaning eng- gon ; sayekti ora begja para wong kang atindak dudu |
وَكَذَٰلِكَ زَيَّنَ لِكَثِيرٍ مِّنَ الْمُشْرِكِينَ قَتْلَ أَوْلَادِهِمْ شُرَكَاؤُهُمْ لِيُرْدُوهُمْ وَلِيَلْبِسُوا عَلَيْهِمْ دِينَهُمْ ۖ وَلَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا فَعَلُوهُ ۖ فَذَرْهُمْ وَمَا يَفْتَرُونَ(137) Lan dhèwèké padha nisi- haké sabagéan kanggo Allah saka barang kang katitahaké déning Panjenengané kang arupa tatandu- ran lan rajakaya, banjur padha calathu: Iki bagéané Allah – mang- kono panemuné – lan iki bagéané kanthi-kanthiku; déné apa kang dadi bagéané kanthi-kanthiné lah ora tumeka marang Allah, lah apa kang dadi bagéané Allah, lah iku tumeka marang kanthi-kanthiné; ala barang kang padha dipancasi iku |
وَقَالُوا هَٰذِهِ أَنْعَامٌ وَحَرْثٌ حِجْرٌ لَّا يَطْعَمُهَا إِلَّا مَن نَّشَاءُ بِزَعْمِهِمْ وَأَنْعَامٌ حُرِّمَتْ ظُهُورُهَا وَأَنْعَامٌ لَّا يَذْكُرُونَ اسْمَ اللَّهِ عَلَيْهَا افْتِرَاءً عَلَيْهِ ۚ سَيَجْزِيهِم بِمَا كَانُوا يَفْتَرُونَ(138) Lan kaya mangkono para kanthi-kanthiné anggoné amaès- maèsi tumrap kèh-kèhané para manembah pangéran akèh amatèni anak-anaké, supaya bisa ang- rusakaké dhèwèké sarta supaya ametengaké agamané marang dhè- wèké; lan manawa Allah angar- sakna, ora bakal dhèwèké padha nindakaké iku, mulané padha sira togna baé dalah sabarang dora- carané |
وَقَالُوا مَا فِي بُطُونِ هَٰذِهِ الْأَنْعَامِ خَالِصَةٌ لِّذُكُورِنَا وَمُحَرَّمٌ عَلَىٰ أَزْوَاجِنَا ۖ وَإِن يَكُن مَّيْتَةً فَهُمْ فِيهِ شُرَكَاءُ ۚ سَيَجْزِيهِمْ وَصْفَهُمْ ۚ إِنَّهُ حَكِيمٌ عَلِيمٌ(139) Sarta padha calathu: Iki raja-kaya sarta tanduran kekeran: ora ana kena mangan iki, kajaba sapa kang dadi sarju-Ku _ mang- kono panemuné _ sarta rajakaya kang dilarangi gegeré, apa déné rajakaya kang ing kono ora ngang- go anyebut asmaning Allah – agawé doracara marang Panjene- ngané; Panjenengané bakal males dhèwèké amarga saka anggoné padha adoracara |
قَدْ خَسِرَ الَّذِينَ قَتَلُوا أَوْلَادَهُمْ سَفَهًا بِغَيْرِ عِلْمٍ وَحَرَّمُوا مَا رَزَقَهُمُ اللَّهُ افْتِرَاءً عَلَى اللَّهِ ۚ قَدْ ضَلُّوا وَمَا كَانُوا مُهْتَدِينَ(140) Sarta padha acalathu: Apa kang ana ing jeroné wetengé rajakaya iki mung mligi tumrap para wong-wongku lanang, lan la- rangan ing ngatasé wong-wongku wadon, lan manawa metu wis mati lah ing kono dhèwèké kabèh padha olèh bagéan; Panjenengané bakal males dhèwèké amarga saka ang- goné anyifati ; sayekti Panjenengané iku Wicaksana, Udani |
۞ وَهُوَ الَّذِي أَنشَأَ جَنَّاتٍ مَّعْرُوشَاتٍ وَغَيْرَ مَعْرُوشَاتٍ وَالنَّخْلَ وَالزَّرْعَ مُخْتَلِفًا أُكُلُهُ وَالزَّيْتُونَ وَالرُّمَّانَ مُتَشَابِهًا وَغَيْرَ مُتَشَابِهٍ ۚ كُلُوا مِن ثَمَرِهِ إِذَا أَثْمَرَ وَآتُوا حَقَّهُ يَوْمَ حَصَادِهِ ۖ وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ(141) Temen kapitunan para kang padha matèni anaké kalawan kabodhoan tanpa kawruh sarta angaramaké paparinging Allah marang Allah; temen dhèwèké padha sasar sarta dudu wong kang padha manut dadalan kang bener |
وَمِنَ الْأَنْعَامِ حَمُولَةً وَفَرْشًا ۚ كُلُوا مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ وَلَا تَتَّبِعُوا خُطُوَاتِ الشَّيْطَانِ ۚ إِنَّهُ لَكُمْ عَدُوٌّ مُّبِينٌ(142) Lan Panjenengané iku Kang anukulaké kebon , kang dianjang-anjangi lan kang tanpa anjang-anjang, sarta kurma tuwin pekahing wiji, kang wohé abéda- béda, apa déné zaitun lan dalima, kang madha-rupa lan kang ora madha-rupa, padha mangana wohé kalané awoh sarta ambayara zakaté apa beneré ing dina pangundhuhé, sarta aja sira padha keladuk; sa- yèkti Panjenengané iku ora remen marang wong kang padha keladuk |
ثَمَانِيَةَ أَزْوَاجٍ ۖ مِّنَ الضَّأْنِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْمَعْزِ اثْنَيْنِ ۗ قُلْ آلذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ أَمِ الْأُنثَيَيْنِ أَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ أَرْحَامُ الْأُنثَيَيْنِ ۖ نَبِّئُونِي بِعِلْمٍ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(143) Lan sawenèhé rajakaya ana kang kadadèkaké kéwan momotan sarta sembelèhan; Padha manga- na apa paparingé Allah ing sira, sarta aja padha manut garis- garising sétan; sayekti dhèwèké iku tumraping sira mungsuh kang tétéla |
وَمِنَ الْإِبِلِ اثْنَيْنِ وَمِنَ الْبَقَرِ اثْنَيْنِ ۗ قُلْ آلذَّكَرَيْنِ حَرَّمَ أَمِ الْأُنثَيَيْنِ أَمَّا اشْتَمَلَتْ عَلَيْهِ أَرْحَامُ الْأُنثَيَيْنِ ۖ أَمْ كُنتُمْ شُهَدَاءَ إِذْ وَصَّاكُمُ اللَّهُ بِهَٰذَا ۚ فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا لِّيُضِلَّ النَّاسَ بِغَيْرِ عِلْمٍ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ(144) Wolu ajodhon-jodhon sing wedhus gibas loro sing wedhus kacang loro. Calathua: Apa lana- ngé loro sing Dilarangi, apa wédokané loro iku, apa ta kang kinandhut ing talanakané wédokan loro iku? Aku wartanana kalawan nganggo kawruh manawa sira padha wong temen |
قُل لَّا أَجِدُ فِي مَا أُوحِيَ إِلَيَّ مُحَرَّمًا عَلَىٰ طَاعِمٍ يَطْعَمُهُ إِلَّا أَن يَكُونَ مَيْتَةً أَوْ دَمًا مَّسْفُوحًا أَوْ لَحْمَ خِنزِيرٍ فَإِنَّهُ رِجْسٌ أَوْ فِسْقًا أُهِلَّ لِغَيْرِ اللَّهِ بِهِ ۚ فَمَنِ اضْطُرَّ غَيْرَ بَاغٍ وَلَا عَادٍ فَإِنَّ رَبَّكَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(145) Lan sing unta loro, sing sapi loro. Calathua: Apa lanange loro sing Dilarangi, apa wédokané loro iku, apa ta kang kinandhut ing talanakané wédokan loro iku? Apa ta sira padha aneksèni kalané Allah masiyataké iki marang sira? Lah sapa sing luwih atindak dudu saka wong kang agawé doracara ma- rang Allah, mamrih anasaraké wong-wong, tanpa kawruh? Sa- yekti Allah iku ora anuntun wong kang padha atindak dudu |
وَعَلَى الَّذِينَ هَادُوا حَرَّمْنَا كُلَّ ذِي ظُفُرٍ ۖ وَمِنَ الْبَقَرِ وَالْغَنَمِ حَرَّمْنَا عَلَيْهِمْ شُحُومَهُمَا إِلَّا مَا حَمَلَتْ ظُهُورُهُمَا أَوِ الْحَوَايَا أَوْ مَا اخْتَلَطَ بِعَظْمٍ ۚ ذَٰلِكَ جَزَيْنَاهُم بِبَغْيِهِمْ ۖ وَإِنَّا لَصَادِقُونَ(146) Calathua: Ing sajroné apa kang kawedharaké marang aku, aku ora mrangguli barang kang dilarangi tumrap wong kang ma- ngan, yèn ta mangana iku, kajaba yèn iku bathang, utawa getih mili, utawa daging cèlèng – amarga iku pancèn jember – utawa yèn iku panerak, saliyané Allah kang nganggo sinebut ing kono; ananging sapa sing kepeksa déning kepépét, ora saka kapéngin lan ora angliwati wates, lah sayekti Pangéranira iku Aparamarta, Mahaasih |
فَإِن كَذَّبُوكَ فَقُل رَّبُّكُمْ ذُو رَحْمَةٍ وَاسِعَةٍ وَلَا يُرَدُّ بَأْسُهُ عَنِ الْقَوْمِ الْمُجْرِمِينَ(147) Lan tumrapé para kang pa- dha Yahudi Ingsun wus anglarangi sarupané kang mawa kuku, won- déné sapi lan wedhus Ingsun ang- larangi gajihé tumrap dhèwèké, kajaba kang ana ing gigiré sakaro- né, utawa jeroan utawa kang kalèt karo balung; iki pidana-Ningsun marang dhèwèké, amarga saka anggoné padha mirong, lan sayekti Ingsun iki sanyata Tuhu |
سَيَقُولُ الَّذِينَ أَشْرَكُوا لَوْ شَاءَ اللَّهُ مَا أَشْرَكْنَا وَلَا آبَاؤُنَا وَلَا حَرَّمْنَا مِن شَيْءٍ ۚ كَذَٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ حَتَّىٰ ذَاقُوا بَأْسَنَا ۗ قُلْ هَلْ عِندَكُم مِّنْ عِلْمٍ فَتُخْرِجُوهُ لَنَا ۖ إِن تَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَإِنْ أَنتُمْ إِلَّا تَخْرُصُونَ(148) Lah manawa dhèwèké pa- dha anggorohaké ing sira, banjur calathua: Pangéranira iku gustining wilasa kang jembar-anglimputi; lan pidana-Né ora kena tinulak saka para wong kang duraka |
قُلْ فَلِلَّهِ الْحُجَّةُ الْبَالِغَةُ ۖ فَلَوْ شَاءَ لَهَدَاكُمْ أَجْمَعِينَ(149) Para kang padha manembah pangéran akèh bakal padha cala- thu: Manawa Allah angarsakna, ora bakal aku padha nyakuthokna , mangkono uga bapak-bapakku; sarta ora bakal aku padha angla- rangana apa-apa ; kaya mangkono uga para wong ing sadurungé iya padha anggorohaké, nganti padha ang- rasakaké pidana-Ningsun. Cala- thua: apa kowé padha duwé kawruh; lah padha lahirna marang aku? Ora liya sira mung padha manut ing panyana sarta ora liya sira iku mung adoracara |
قُلْ هَلُمَّ شُهَدَاءَكُمُ الَّذِينَ يَشْهَدُونَ أَنَّ اللَّهَ حَرَّمَ هَٰذَا ۖ فَإِن شَهِدُوا فَلَا تَشْهَدْ مَعَهُمْ ۚ وَلَا تَتَّبِعْ أَهْوَاءَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَالَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ وَهُم بِرَبِّهِمْ يَعْدِلُونَ(150) Calathua: Lah kagungané Allah bukti kang sampurna iku; mulané manawa Panjenengané angarsakaké, amasthi bakal anun- tun ing sira kabéh |
۞ قُلْ تَعَالَوْا أَتْلُ مَا حَرَّمَ رَبُّكُمْ عَلَيْكُمْ ۖ أَلَّا تُشْرِكُوا بِهِ شَيْئًا ۖ وَبِالْوَالِدَيْنِ إِحْسَانًا ۖ وَلَا تَقْتُلُوا أَوْلَادَكُم مِّنْ إِمْلَاقٍ ۖ نَّحْنُ نَرْزُقُكُمْ وَإِيَّاهُمْ ۖ وَلَا تَقْرَبُوا الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ ۖ وَلَا تَقْتُلُوا النَّفْسَ الَّتِي حَرَّمَ اللَّهُ إِلَّا بِالْحَقِّ ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُم بِهِ لَعَلَّكُمْ تَعْقِلُونَ(151) Calathua: Nekakna saksi- saksinira, kang bakal padha anek- sèni, manawa Allah anglarangi iki; lah manawa dhèwèké padha anek- sèni, kowé iya aja mélu dhèwèké aneksèni; lan aja kowé manut pépénginané asor para kang padha anggorohaké timbalan-Ingsun sarta para kang padha ora angèstu ing akhirat tuwin padha amadhakaké karo Pangérané |
وَلَا تَقْرَبُوا مَالَ الْيَتِيمِ إِلَّا بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ حَتَّىٰ يَبْلُغَ أَشُدَّهُ ۖ وَأَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيزَانَ بِالْقِسْطِ ۖ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا ۖ وَإِذَا قُلْتُمْ فَاعْدِلُوا وَلَوْ كَانَ ذَا قُرْبَىٰ ۖ وَبِعَهْدِ اللَّهِ أَوْفُوا ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُم بِهِ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ(152) Calathua: Padha mrénéa, dak wacané apa kang dilarangi Pangéranira ingatasé sira – yaiku aja sira padha anyaku- thokaké apa-apa karo Panjenenga- né, sarta marang wong tuwa saka- loron dibecik, lan aja sira padha amatèni anak-anakira, amarga saka kamlaratan – Ingsun kang angrejekèni sira sarta marang dhèwèké – lan aja sira padha ace- dhak-cedhak laku nistha; apa kang lahir apa kang batin, lan aja amatè- ni jiwa kang dilarangi déning Allah, kajaba beneré; iki welingé Panjenengané marang sira, supaya sira padha ngerti |
وَأَنَّ هَٰذَا صِرَاطِي مُسْتَقِيمًا فَاتَّبِعُوهُ ۖ وَلَا تَتَّبِعُوا السُّبُلَ فَتَفَرَّقَ بِكُمْ عَن سَبِيلِهِ ۚ ذَٰلِكُمْ وَصَّاكُم بِهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ(153) Lan aja padha cedhak- cedhak bandhané bocah yatim, kajaba kalawan laku kang utama, nganti tumekané déwasa- né; lan padha dikebak ing panaker sarta dikalawan jejeg ing panraju. Ingsun ora mardi-mardi ing jiwa, kajaba sakuwasané; lan samangsa sira calathu, lah padha sing adil, sanajan ta ing krabat, sarta padha anetepana ing janjiné Allah; iki anggoné meling Panje- nengané marang sira, supaya sira padha éling |
ثُمَّ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ تَمَامًا عَلَى الَّذِي أَحْسَنَ وَتَفْصِيلًا لِّكُلِّ شَيْءٍ وَهُدًى وَرَحْمَةً لَّعَلَّهُم بِلِقَاءِ رَبِّهِمْ يُؤْمِنُونَ(154) Lan , yèn iki da- dalan-Ingsun, kang bener; mulané sira padha manuta iku, sarta aja padha manut ing dalan-dalan kang satemah anyimpangaké ing sira saka dadalané Panjenengané; iki anggoné meling Panjenengané marang sira, supaya sira padha suminggah saka ing ala |
وَهَٰذَا كِتَابٌ أَنزَلْنَاهُ مُبَارَكٌ فَاتَّبِعُوهُ وَاتَّقُوا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ(155) Tumuli Ingsun amaringi Ki- tab marang Musa, minangka nyam- purnakaké ma- rang kang agawé becik , sarta minangka pamijang tumrap sakèhing barang apa déné minang- ka tuntunan tuwin wilasa, supaya dhèwèké padha angèstu marang bakal sapatemoning Pangérané |
أَن تَقُولُوا إِنَّمَا أُنزِلَ الْكِتَابُ عَلَىٰ طَائِفَتَيْنِ مِن قَبْلِنَا وَإِن كُنَّا عَن دِرَاسَتِهِمْ لَغَافِلِينَ(156) Lan iki Kitab, kang Ingsun- wedharaké, kang binarkahan; mu- lané iku padha sira enuta sarta di padha bekti, supaya sira padha sinihan |
أَوْ تَقُولُوا لَوْ أَنَّا أُنزِلَ عَلَيْنَا الْكِتَابُ لَكُنَّا أَهْدَىٰ مِنْهُمْ ۚ فَقَدْ جَاءَكُم بَيِّنَةٌ مِّن رَّبِّكُمْ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ ۚ فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّن كَذَّبَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَصَدَفَ عَنْهَا ۗ سَنَجْزِي الَّذِينَ يَصْدِفُونَ عَنْ آيَاتِنَا سُوءَ الْعَذَابِ بِمَا كَانُوا يَصْدِفُونَ(157) Supaya sira ora bakal padha angucap, Kitab iku mung kawe- dharaké marang rong golongan ing sadurungku sarta Ingsun léna marang kang padha diwaca |
هَلْ يَنظُرُونَ إِلَّا أَن تَأْتِيَهُمُ الْمَلَائِكَةُ أَوْ يَأْتِيَ رَبُّكَ أَوْ يَأْتِيَ بَعْضُ آيَاتِ رَبِّكَ ۗ يَوْمَ يَأْتِي بَعْضُ آيَاتِ رَبِّكَ لَا يَنفَعُ نَفْسًا إِيمَانُهَا لَمْ تَكُنْ آمَنَتْ مِن قَبْلُ أَوْ كَسَبَتْ فِي إِيمَانِهَا خَيْرًا ۗ قُلِ انتَظِرُوا إِنَّا مُنتَظِرُونَ(158) Utawa sira bakal padha ngucap: Manawa Kitab iku kawedharna marang aku, amasthi aku padha luwih olèh tuntunan tinimbang dhèwèké; mulané temen wus tumeka marang sira bukti kang terang saka Pangéranira sarta tuntunan tuwin wilasa. Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang kang anggorohaké timbalan-timbalaning Allah sarta amaléngosi iku? Ingsun bakal amales para kang padha amaléngosi timbalan-timbalan- Ingsun kalawan siksa kang ala, amarga saka anggoné padha ma- léngos |
إِنَّ الَّذِينَ فَرَّقُوا دِينَهُمْ وَكَانُوا شِيَعًا لَّسْتَ مِنْهُمْ فِي شَيْءٍ ۚ إِنَّمَا أَمْرُهُمْ إِلَى اللَّهِ ثُمَّ يُنَبِّئُهُم بِمَا كَانُوا يَفْعَلُونَ(159) Dhèwèké padha ora angen- tèni apa-apa, kajaba tekané para malaikat marang dhèwèké, utawa rawuhé Pangéranira, utawa teka- né sawenèhing tandha-tandhané Pangéranira. Ing dina bakal tekané sawenèhing tandha-tandhané Pa- ngéranira, sawijining jiwa kang ing sadurungé iku ora angèstu, ora bakal piandelé maédahi, utawa apakolèh kabecikan amarga saka piandelé. Calathua: Padha angentènana, mangkono uga aku iya angentèni |
مَن جَاءَ بِالْحَسَنَةِ فَلَهُ عَشْرُ أَمْثَالِهَا ۖ وَمَن جَاءَ بِالسَّيِّئَةِ فَلَا يُجْزَىٰ إِلَّا مِثْلَهَا وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ(160) Sayekti para kang padha amecah-mecah agamané sarta padha dadi panthan-panthan, ora pisan sira kalebu ing golongané; prakarané dhèwèké iku mung gu- mantung marang Allah, tumuli Panjenengané bakal amartani dhè- wèké apa kang wus padha dilakoni |
قُلْ إِنَّنِي هَدَانِي رَبِّي إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ دِينًا قِيَمًا مِّلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا ۚ وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ(161) Sapa kang teka kalawan ka- becikan, bakal olèh sapuluh mono, lah sapa sing teka kalawan pang- gawé ala, lah ora bakal winales kajaba satimbangé, sarta ora bakal padha dianiaya |
قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ(162) Calathua: aku, sayekti Pangéranku wus anuntun aku marang dalan kang bener, agama kang bener, agama- né Ibrahim, wong tulus, sarta dudu golongané para manembah pangé- ran-akèh |
لَا شَرِيكَ لَهُ ۖ وَبِذَٰلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُسْلِمِينَ(163) Calathua: Sayekti salatku, lan pangorbananku sarta uripku tuwin matiku iku kagu- ngané Allah, Pangéraning ngalam kabèh |
قُلْ أَغَيْرَ اللَّهِ أَبْغِي رَبًّا وَهُوَ رَبُّ كُلِّ شَيْءٍ ۚ وَلَا تَكْسِبُ كُلُّ نَفْسٍ إِلَّا عَلَيْهَا ۚ وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِزْرَ أُخْرَىٰ ۚ ثُمَّ إِلَىٰ رَبِّكُم مَّرْجِعُكُمْ فَيُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ فِيهِ تَخْتَلِفُونَ(164) Tanpa kanthi Panjenengané iku; lan iki didhawuhaké marang aku, lan aku wiwitané wong kang padha sumarah |
وَهُوَ الَّذِي جَعَلَكُمْ خَلَائِفَ الْأَرْضِ وَرَفَعَ بَعْضَكُمْ فَوْقَ بَعْضٍ دَرَجَاتٍ لِّيَبْلُوَكُمْ فِي مَا آتَاكُمْ ۗ إِنَّ رَبَّكَ سَرِيعُ الْعِقَابِ وَإِنَّهُ لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ(165) Calathua: Apa aku golèk Pangéran liyané Allah? Lan Pan- jenengané iku Pangéraning samu- barang; lan siji-sijining jiwa ora amakolih kajaba tumrap dhèwèké dhéwé, lan ora bakal wong anyongga sasangganing liyan; tumuli marang Pangéra- nira enggonira bali, Panjenengané banjur bakal amartani sira barang kang ing kono sira padha apasu- layan. Lan Panjenengané iku kang wus amisuda sira dadi pamarén- tahing bumi, sarta angunggulaké sawenèhira apangkat-pangkat ang- ungkuli sawenèhé, pamurih-É anyoba ing sira tumrap apa kang wus kaparingaké ing sira; sayekti Pangéranira iku rikat ing pamales , lan sayekti Panjenengané iku temen Aparamarta, Mahaasih |