سورة العنكبوت بالجاوية

  1. استمع للسورة
  2. سور أخرى
  3. ترجمة السورة
القرآن الكريم | ترجمة معاني القرآن | اللغة الجاوية | سورة العنكبوت | Ankabut - عدد آياتها 69 - رقم السورة في المصحف: 29 - معنى السورة بالإنجليزية: The Spider.

الم(1)

Alif Laam Miim

أَحَسِبَ النَّاسُ أَن يُتْرَكُوا أَن يَقُولُوا آمَنَّا وَهُمْ لَا يُفْتَنُونَ(2)

Apa para manungsa duwe pangira menawa wis ngucap, "Ingsun percaya ing Allah lan marang rasul", iku banjur ditogake bae, tanpa diparingi coba, (dinyatakake keimanane kang wis diucapake mau)

وَلَقَدْ فَتَنَّا الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۖ فَلَيَعْلَمَنَّ اللَّهُ الَّذِينَ صَدَقُوا وَلَيَعْلَمَنَّ الْكَاذِبِينَ(3)

Para ummat ing jaman kuna sadurunge umat MUhammad iki wis padha Ingsun paringi coba. Allah banjur wuningo marang wong kang padha temen anggone iman lan wong kang padha goroh anggone iman

أَمْ حَسِبَ الَّذِينَ يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ أَن يَسْبِقُونَا ۚ سَاءَ مَا يَحْكُمُونَ(4)

Wong kang padha nindakake barang ala, musyrik utawa duraka liyane, apa padha duwe kira, bakal anglancangi marang Ingsun. (tegese ora bisa nglarani marang dheweke). Ala temen panemune wong - wong mau

مَن كَانَ يَرْجُو لِقَاءَ اللَّهِ فَإِنَّ أَجَلَ اللَّهِ لَآتٍ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ(5)

Sing sapa percaya sarta ngarep - arep menawa ing tembe bakal sowan ana ing ngarsane Allah, iku padha sedhiyaha bae awit satemene wewangene Allah mesthi bakal kaleksanan. Allah iku midhanget sarta Nguningani

وَمَن جَاهَدَ فَإِنَّمَا يُجَاهِدُ لِنَفْسِهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَغَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ(6)

Lan sing sapa kang temen - temen (perang lan berjuang) ana ing agamane Allah, ganjarane anggone tumindak kaa mangkono mau tumrap marang awake dhewe. Satemene Allah iku yekti Dzat Kang Maha Sugih (ora mbutuhake) marang ’alam saisine iki

وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَنُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَلَنَجْزِيَنَّهُمْ أَحْسَنَ الَّذِي كَانُوا يَعْمَلُونَ(7)

Dene wong - wong mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku tindake kang ala padha Ingsun paringi pangapura, lan bakal Ingsun paringi ganjaran kang luwih becik tinimbang amal kang ditindakake

وَوَصَّيْنَا الْإِنسَانَ بِوَالِدَيْهِ حُسْنًا ۖ وَإِن جَاهَدَاكَ لِتُشْرِكَ بِي مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ فَلَا تُطِعْهُمَا ۚ إِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَأُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(8)

Parintah Ingsun marang para manungsa, padha ngajenana (gaweya kabecikan) lan ngabektiya marang wong tuwane loro. Dene menawa wong tuwanira loro mau meksa marang sira ngakon supaya sira musyrik anggonira Mangeran marang Ingsun, kang sira ora sumurup tandha yektine iku sira aja manut. Sira iku ora wurung bakal padha bali sowan marang ngarsaningsun. Ing kono Ingsun maringi keterangan kabeh barang kang wis padha sira tindakake

وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَنُدْخِلَنَّهُمْ فِي الصَّالِحِينَ(9)

Dene wong kang padha mukmin lan padha nindakake kebecikan, iku padha Ingsun lebokake (golongane) para wong becik

وَمِنَ النَّاسِ مَن يَقُولُ آمَنَّا بِاللَّهِ فَإِذَا أُوذِيَ فِي اللَّهِ جَعَلَ فِتْنَةَ النَّاسِ كَعَذَابِ اللَّهِ وَلَئِن جَاءَ نَصْرٌ مِّن رَّبِّكَ لَيَقُولُنَّ إِنَّا كُنَّا مَعَكُمْ ۚ أَوَلَيْسَ اللَّهُ بِأَعْلَمَ بِمَا فِي صُدُورِ الْعَالَمِينَ(10)

Sawenehe manungsa ana kang ngucap: "Kitra pracaya ing Allah". Nanging menawa dialani dening wong kafir, wedine marang brahalaning manungsa digawe padha karo wedine marang siksane Allah. Dene menawa ana pitulungane Pangeranira marang wong mukmin, banjur celathu, "Temen aku iki salawase bareng sira kabeh". "Allah iku apa ora wuninga marang sakrenteging atine sa-alam kabeh

وَلَيَعْلَمَنَّ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا وَلَيَعْلَمَنَّ الْمُنَافِقِينَ(11)

Lan yekti Allah mesthi wuninga wong kang temen - temen anggone nglakoni agma, sarta ngudaneni para wong lamis

وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِلَّذِينَ آمَنُوا اتَّبِعُوا سَبِيلَنَا وَلْنَحْمِلْ خَطَايَاكُمْ وَمَا هُم بِحَامِلِينَ مِنْ خَطَايَاهُم مِّن شَيْءٍ ۖ إِنَّهُمْ لَكَاذِبُونَ(12)

Wong - wong kafir padha ngucap marang para wong mukmin, "Sira padha manuta marang dalan (agama) ningsun iki, menawa sira keluputan anggonira manut marang Ingsun, Ingsun kang nanggung patrapane. Pangucape wong kafir kaduga nanggung iku goroh. Wong kafir ora bisa nanggung kaluputane wong kang manut ing dheweke sethithik - thithika

وَلَيَحْمِلُنَّ أَثْقَالَهُمْ وَأَثْقَالًا مَّعَ أَثْقَالِهِمْ ۖ وَلَيُسْأَلُنَّ يَوْمَ الْقِيَامَةِ عَمَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ(13)

Lan yekti wong kafir bakal mikul dosa kang ditindakake dhewe anggone kafir, lan dosa anggone nasarake dosa. Ing besuk dina Qiyamat, bakal padha didangu anggone padha gawe - gawe

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ فَلَبِثَ فِيهِمْ أَلْفَ سَنَةٍ إِلَّا خَمْسِينَ عَامًا فَأَخَذَهُمُ الطُّوفَانُ وَهُمْ ظَالِمُونَ(14)

Lan yekti temen Ingsun wis ngutus Nuh, nuduhake manungsa para umate. Nuh anggone nerang - nerangake para ummate mau tansah dipadone bae. Bareng wis cetha para umate padha maido, banjur tinumpes sarana dikeleming banyu banjir Thufan, kabeh padha mati kafir

فَأَنجَيْنَاهُ وَأَصْحَابَ السَّفِينَةِ وَجَعَلْنَاهَا آيَةً لِّلْعَالَمِينَ(15)

Nuh sakancane kang padha ana perahu, padha Ingsun paringi selamet, ora melu tumpes. Perahune Nuh Ingsun dadekake lupira lan tandha yekti dening wong sangalam kabeh. (Perahu mahu ngangrang ana pucuking gungung nganti pirang - pirang tahun lawase)

وَإِبْرَاهِيمَ إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاتَّقُوهُ ۖ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُمْ تَعْلَمُونَ(16)

Lan maneh Ingsun ngutus Ibrahim, nalika samana Ibrahim maringi pitutur marang umate, "Sira padha manembaha ing Allah lan bektia ing Panjenengane. Kang kaya mengkono iku luwih becik tumrap ing sira menawa sira padha mangerti

إِنَّمَا تَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ أَوْثَانًا وَتَخْلُقُونَ إِفْكًا ۚ إِنَّ الَّذِينَ تَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ لَا يَمْلِكُونَ لَكُمْ رِزْقًا فَابْتَغُوا عِندَ اللَّهِ الرِّزْقَ وَاعْبُدُوهُ وَاشْكُرُوا لَهُ ۖ إِلَيْهِ تُرْجَعُونَ(17)

Sejatine sira iku padha manembah saliyane Allah, yaiku brahala, sarta padha gawe - gawe, ngucap goroh, ngarani menawa brahala iku Pangeran ngembari Allah. Bareng liyane Allah kang sira sembah iku ora kagungan rejeki kaya kang sira pangan iku (rejeki iku kagungane Allah). Mulane sira padha nyuwuna rejeki marang Allah, sarta gelema syukur ing Allah. Lan ing tembe sira bakal disowanake bali ana ing ngarsane Allah

وَإِن تُكَذِّبُوا فَقَدْ كَذَّبَ أُمَمٌ مِّن قَبْلِكُمْ ۖ وَمَا عَلَى الرَّسُولِ إِلَّا الْبَلَاغُ الْمُبِينُ(18)

(Pangandikane Allah), "WOng kafir apa ora sumurup anggone Allah miwitit nitahake barang kang dumadi. Besuk ana ing akherat banjur disowanake marang ngarsane Allah kang mengkono iku mungguhing Allah gampang bae

أَوَلَمْ يَرَوْا كَيْفَ يُبْدِئُ اللَّهُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ(19)

Lan manawa kowé padha anggorohaké (kasunyatan), lah para umat ing sadurungmu wus padha anggorohaké (kasunyatan); lan tanggunganing utusan iku ora liya kajaba mung anekakaké (ayahan) kalawan terang

قُلْ سِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانظُرُوا كَيْفَ بَدَأَ الْخَلْقَ ۚ ثُمَّ اللَّهُ يُنشِئُ النَّشْأَةَ الْآخِرَةَ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ(20)

(Muhammad) Sira dhawuha marang wong kang padha maido bakal tangine wong kang wis padha mati, mara padha anjajaha ing bumi, andelenga kabeh patilasan, lan mikira. Allah anggone nganakake kabeh kang dumadi kang semono akeheh, sawise padha dirusak, ing tembe Allah nguripake barang kang wis padha mati, Satemene Allah iku kuwasa nganakake kabeh barang

يُعَذِّبُ مَن يَشَاءُ وَيَرْحَمُ مَن يَشَاءُ ۖ وَإِلَيْهِ تُقْلَبُونَ(21)

Panjenengane Allah paring siksa marang wong kang dadi kepareng kersane, lan sih marang wong kang dadi kepareng kersane, Kabeh mau padha dibalekake marang ngersane Allah

وَمَا أَنتُم بِمُعْجِزِينَ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ ۖ وَمَا لَكُم مِّن دُونِ اللَّهِ مِن وَلِيٍّ وَلَا نَصِيرٍ(22)

Sira kebh senadyan ana ing bumi utawa ing langit, padha ora bisa nguwasani pangadilane Allah, lan ora ana kang nguwasani marang sira utawa kang bisa menehi pitulungan marang sira, kajaba mung Allah

وَالَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِ اللَّهِ وَلِقَائِهِ أُولَٰئِكَ يَئِسُوا مِن رَّحْمَتِي وَأُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ(23)

(Pangandikane Allah) "Kabeh wong kang maido ing ayate Allah lan maido bakal tangine wong kang wis mati, iku kabeh padha adoh saka rahmatingsun, sarta padha diparingi patrapan siksa kang nglarani

فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهِ إِلَّا أَن قَالُوا اقْتُلُوهُ أَوْ حَرِّقُوهُ فَأَنجَاهُ اللَّهُ مِنَ النَّارِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ(24)

Para ummate Ibrahim tanpa mangsuli apa - apa, mung padha ngucap mangkene, "Ibrahim iku patenana bae, utawa obongen (wusana Ibrahim kelakon diobong)", nanging dheweke Ingsun paringi selamet saka ing geni, (geni mau tumrape Ibrahim dadi adhem), kang mangkono mau mesthi dadi tandha yekti tumrap wong kang padha mukmin

وَقَالَ إِنَّمَا اتَّخَذْتُم مِّن دُونِ اللَّهِ أَوْثَانًا مَّوَدَّةَ بَيْنِكُمْ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ ثُمَّ يَوْمَ الْقِيَامَةِ يَكْفُرُ بَعْضُكُم بِبَعْضٍ وَيَلْعَنُ بَعْضُكُم بَعْضًا وَمَأْوَاكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُم مِّن نَّاصِرِينَ(25)

(Ibrahim) ngendika, "Sira padha mangeran marang brahala, kanggo lantaran anggonira sih sinisihan karo kancanira ana ing donya iki, nanging sira padha sumurupa besuk ing dina Qiyamat, wong kang dadi penuntun manembah braha iku bakal mungkin (nyelaki) marang kang dituntun, dheweke, iya bakal nyelaki marang wong kang menuntun. Ora wurung panggonanira bakal ana ing nereka, sarta ora ana kang bakal bisa nulungi marang sira

۞ فَآمَنَ لَهُ لُوطٌ ۘ وَقَالَ إِنِّي مُهَاجِرٌ إِلَىٰ رَبِّي ۖ إِنَّهُ هُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ(26)

Luth banjur percaya marang Ibrahim, Pangucape, "Ingsun iki nglungani, ninggal para ummatingsun, dherek marang Allah Pangeraningsun. Satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana

وَوَهَبْنَا لَهُ إِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ وَجَعَلْنَا فِي ذُرِّيَّتِهِ النُّبُوَّةَ وَالْكِتَابَ وَآتَيْنَاهُ أَجْرَهُ فِي الدُّنْيَا ۖ وَإِنَّهُ فِي الْآخِرَةِ لَمِنَ الصَّالِحِينَ(27)

Ibrahim (sawise duwe putra Isma’il) Ingsun paringi putra maneh aran Ishaq, lan Ya’qub. Ingsun temtokake padha turune Ibrahim dhadhi Utusan lan padha Ingsun paringi kitab. Ibrahing Ingsun paringi ganjaran ana ing donya, (yaiku diaji - aji lan dialembana dening para wong agama). Dene ana ing akherat Ingsun golongake wong kang becik - becik

وَلُوطًا إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ إِنَّكُمْ لَتَأْتُونَ الْفَاحِشَةَ مَا سَبَقَكُم بِهَا مِنْ أَحَدٍ مِّنَ الْعَالَمِينَ(28)

(Muhammad) Sira nyritakna lelakone Luth, nalikane paring pangandika marang para ummate, "Sira iku padha nindakake penggawe ala, (cumbana padha wong lanang). Wong - wong kuna ing jama iki durung nate kang nglakoni ala kaya mengkono iku

أَئِنَّكُمْ لَتَأْتُونَ الرِّجَالَ وَتَقْطَعُونَ السَّبِيلَ وَتَأْتُونَ فِي نَادِيكُمُ الْمُنكَرَ ۖ فَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهِ إِلَّا أَن قَالُوا ائْتِنَا بِعَذَابِ اللَّهِ إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ(29)

Ja gene sira teka cumbana padha wong lanang, sarta padha ambegal ana ing dalan, apa dene padha tumindak ala ana ing pakumpulanira". Para umate Luth wangsulane ora ana mung mengkene,"Dhuh Luth, manawi pangandika panjenengan punika leres, cobi panjenengan andhadhatengaken siksaning ALlah kajengipun dipun dhawahaken dhateng kita

قَالَ رَبِّ انصُرْنِي عَلَى الْقَوْمِ الْمُفْسِدِينَ(30)

Luth munjuk ing Allah, "Dhuh Allah Pangeran kawula, Panjenengan mugi maringi pitulungan dhumateng kawula, ngawonaken para tiyang ingkang sami damel kerisakan punika". (Para umate Nabi Luth banjur dituruni udan watu sarta diwalik bumine)

وَلَمَّا جَاءَتْ رُسُلُنَا إِبْرَاهِيمَ بِالْبُشْرَىٰ قَالُوا إِنَّا مُهْلِكُو أَهْلِ هَٰذِهِ الْقَرْيَةِ ۖ إِنَّ أَهْلَهَا كَانُوا ظَالِمِينَ(31)

Para malaikat utusaningsun (sadurunge numpes para umate Nabi Luth) teka ing daleme Ibrahim, paring khabar marang panjenengane, (menawa bakal kaparingan putra lanang). Kajaba iku para Malaikat matur mengkene, "Kita punika badhe numpes para tiyang ing Sadzum (Sodom), umatipun Luth, awit piyambake sami nganiaya, duraka kafir

قَالَ إِنَّ فِيهَا لُوطًا ۚ قَالُوا نَحْنُ أَعْلَمُ بِمَن فِيهَا ۖ لَنُنَجِّيَنَّهُ وَأَهْلَهُ إِلَّا امْرَأَتَهُ كَانَتْ مِنَ الْغَابِرِينَ(32)

Ibrahim matur marang Malaikat utusan mau, "Ing Sadzum(Sodom) punika wonten tiyangipun sae, inggih punika Luth". Malaikat mangsuli, "Kita sampun sumerap para tiyang sae ingkang sami wonten ing Sodom (Sadzum). Luth dalah para pendherekipun temtu kita wilujengaken, namung semahipun Luth, sarehne piyambakipun ngrojongi tiyang awon, mila pinasthi tumut katumpes

وَلَمَّا أَن جَاءَتْ رُسُلُنَا لُوطًا سِيءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَقَالُوا لَا تَخَفْ وَلَا تَحْزَنْ ۖ إِنَّا مُنَجُّوكَ وَأَهْلَكَ إِلَّا امْرَأَتَكَ كَانَتْ مِنَ الْغَابِرِينَ(33)

Para Malaikat utusaningsun mau bareng wis teka ing daleme Luth, dheweke sedhih lan bingung (amarga katemunan wong - wong bagus, kuwatir ora wurung digrejeg dicumbaana ing para umate). Ature, "Dhuhu Luth, panjenengan dalah pandherek panjenengan, kita wilujengaken, namung garwa panjenengan, punika pinasthi kantun, tumut katumpes". (awit piyambakipun ngrodjongi tiyang awon)

إِنَّا مُنزِلُونَ عَلَىٰ أَهْلِ هَٰذِهِ الْقَرْيَةِ رِجْزًا مِّنَ السَّمَاءِ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ(34)

(Sapunika panjenengan kula aturi sumingkir tebih saking mriki), kita lajeng nurunaken siksa (jawah sela) saking langit, dhateng para tiyang Sadzum (Sodom) punika (sarta lajeng kita walik buminipun), amargi anggenipun sami duraka

وَلَقَد تَّرَكْنَا مِنْهَا آيَةً بَيِّنَةً لِّقَوْمٍ يَعْقِلُونَ(35)

Dene patilasane (wong ing sadzum/sodom kang tinumpes mau), Ingsun lestarekake anane, minangka tandha yekti kang cetha tumrap wong kang padha gelem migunakake akale

وَإِلَىٰ مَدْيَنَ أَخَاهُمْ شُعَيْبًا فَقَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَارْجُوا الْيَوْمَ الْآخِرَ وَلَا تَعْثَوْا فِي الْأَرْضِ مُفْسِدِينَ(36)

Ingsun wis ngutus Syu’aib, Ingsun kersakake nekakake lan nerang - nerangake marang para sedulure, yaiku wong - wong ing Madyan, Syu’aib ngendika mengkene, "Para seduluringsun kabeh, sira padha manembaha ing Allah, wediya bakal tekane dina Qiyamat. Lan aja padha gawe kerusakan ana ing bumi

فَكَذَّبُوهُ فَأَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دَارِهِمْ جَاثِمِينَ(37)

Wong ing Madyan anggorohake marang Syu’aib, wusana padha tumpes dening lindu gedhe anempuh ingkono padha mati ing ngenggon, ana ing padunungane

وَعَادًا وَثَمُودَ وَقَد تَّبَيَّنَ لَكُم مِّن مَّسَاكِنِهِمْ ۖ وَزَيَّنَ لَهُمُ الشَّيْطَانُ أَعْمَالَهُمْ فَصَدَّهُمْ عَنِ السَّبِيلِ وَكَانُوا مُسْتَبْصِرِينَ(38)

Lan maneh Ingsun wis numpes wong ’Aad lan Tsamud, sira wis padha sumurup cetha patilasan panggonane. Syetan anggodha marang wong ’Aad lan Tsamud mau, padha dhemen marang tindake dhewe, anggone duraka lan nasarake banjur nyimpang sadalan keselametan, tur dheweke mau padha duwe akal kang waskitha

وَقَارُونَ وَفِرْعَوْنَ وَهَامَانَ ۖ وَلَقَدْ جَاءَهُم مُّوسَىٰ بِالْبَيِّنَاتِ فَاسْتَكْبَرُوا فِي الْأَرْضِ وَمَا كَانُوا سَابِقِينَ(39)

Lan maneh Ingsun wis numpes Qarun lan Fir’aun sarta Haman, kabeh mau sadurunge ingsun tumpes, wis ditekake dening Musa, kanthi tandha yekti pirang - pirang nanging meksa padha gumedhe ana ing bumi. Kabeh mau ora bisa ngoncati saka siksaningsun

فَكُلًّا أَخَذْنَا بِذَنبِهِ ۖ فَمِنْهُم مَّنْ أَرْسَلْنَا عَلَيْهِ حَاصِبًا وَمِنْهُم مَّنْ أَخَذَتْهُ الصَّيْحَةُ وَمِنْهُم مَّنْ خَسَفْنَا بِهِ الْأَرْضَ وَمِنْهُم مَّنْ أَغْرَقْنَا ۚ وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيَظْلِمَهُمْ وَلَٰكِن كَانُوا أَنفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ(40)

Siji - sijine wong kafir kasebut mau kabeh, padha Ingsun paringi patrapan siksa, amarga dosane. Saweneh ana Ingsun udani watu, lan ana kang diuntal ing bumi, lan ana kang Ingsun kelem ing banyu banjir. Lan Allah iku ora pisan - pisan nganiaya marang para wong kafir mau, nanging wong kafir mau sing nganiaya marang awake dhewe

مَثَلُ الَّذِينَ اتَّخَذُوا مِن دُونِ اللَّهِ أَوْلِيَاءَ كَمَثَلِ الْعَنكَبُوتِ اتَّخَذَتْ بَيْتًا ۖ وَإِنَّ أَوْهَنَ الْبُيُوتِ لَبَيْتُ الْعَنكَبُوتِ ۖ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ(41)

Sanepane wong kang padha mangeran marang liyane Allah, iku kaya upamane khewan kemangga gawa omah. Sumurupa, omah kang kemangga, lamun-ta dheweke padha weruha

إِنَّ اللَّهَ يَعْلَمُ مَا يَدْعُونَ مِن دُونِهِ مِن شَيْءٍ ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ(42)

Satemene Allah iku nguningani brahala kang padha disembah dening wong kafir. Dene Allah iku Maha Mulya tur Maha Wicaksana

وَتِلْكَ الْأَمْثَالُ نَضْرِبُهَا لِلنَّاسِ ۖ وَمَا يَعْقِلُهَا إِلَّا الْعَالِمُونَ(43)

Lupiya utawa gegambaran kang padha kasebut ing al-QUr’an iki Ingsun terang - terangake marang para manungsa kabeh. Nanging ora ana kang bisa mangerti kajaba wong kang anduweni kaweruh saka Allah

خَلَقَ اللَّهُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ بِالْحَقِّ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِّلْمُؤْمِنِينَ(44)

Panjenengane Allah wis nitahake langit lan bumi iku klawan bener lan nyata, satemene kang mengkono iku, mesthi dadi tandha yekti kasampurnane Allah tumrap wong - wong mukmin

اتْلُ مَا أُوحِيَ إِلَيْكَ مِنَ الْكِتَابِ وَأَقِمِ الصَّلَاةَ ۖ إِنَّ الصَّلَاةَ تَنْهَىٰ عَنِ الْفَحْشَاءِ وَالْمُنكَرِ ۗ وَلَذِكْرُ اللَّهِ أَكْبَرُ ۗ وَاللَّهُ يَعْلَمُ مَا تَصْنَعُونَ(45)

(Muhammad) Sira macaa kang wis didhawuhake marang sira yaiku kitab sarta nglakonana shalat, awit sholat iku ngalang - alangi laku hala lan duraka. Eling ing Allah iku (luwih gedhe ganjarane) ngungkuli kabecikan liyane. Allah nguningani semu barang kang padha sira lakoni

۞ وَلَا تُجَادِلُوا أَهْلَ الْكِتَابِ إِلَّا بِالَّتِي هِيَ أَحْسَنُ إِلَّا الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْهُمْ ۖ وَقُولُوا آمَنَّا بِالَّذِي أُنزِلَ إِلَيْنَا وَأُنزِلَ إِلَيْكُمْ وَإِلَٰهُنَا وَإِلَٰهُكُمْ وَاحِدٌ وَنَحْنُ لَهُ مُسْلِمُونَ(46)

Sira aja pasulayan (rembug) karo wong kang duwe cecekelan kitab, kajaba yen luwih becik, lan kitab, kajaba yen luwih becik, (hiya iku nganggo wewatin Al-Qur’an) kajoba ana kang ngelawan perang (banjur sira layanana). Lan ucapna mengkene, "Aku percaya marang al-Qur’an kang wis didhawuhake marang aku, lan uga percaya marang kitab kuna kang wis didhawuhake marang kowe, Pangeranku tunggal karo Pangeranmu, hiya iku Allah kang Esa. Aku kabeh padha ngabekti marang Allah

وَكَذَٰلِكَ أَنزَلْنَا إِلَيْكَ الْكِتَابَ ۚ فَالَّذِينَ آتَيْنَاهُمُ الْكِتَابَ يُؤْمِنُونَ بِهِ ۖ وَمِنْ هَٰؤُلَاءِ مَن يُؤْمِنُ بِهِ ۚ وَمَا يَجْحَدُ بِآيَاتِنَا إِلَّا الْكَافِرُونَ(47)

Mangkono uga Ingsun nurunake Kitab Al-Quran marang sira (Muhammad) dene wong kang padha Ingsun paringi cecekelan Kitab Taurat padha ngestokake Al-Quran. Sawenehe wong Mekkah hiya ana kang ngestokake. Dene maido ayatingsun iku ora ana maneh kajaba wong kafir

وَمَا كُنتَ تَتْلُو مِن قَبْلِهِ مِن كِتَابٍ وَلَا تَخُطُّهُ بِيَمِينِكَ ۖ إِذًا لَّارْتَابَ الْمُبْطِلُونَ(48)

Sira ora pisan maca Kitab kuna sadurunge Al-QUr’an, lan uga ora nulis al-Qur’an kelawan tanganira. Upama sira bisa maca lan nulis, patut wong yahudi kang padha maido iku mamang

بَلْ هُوَ آيَاتٌ بَيِّنَاتٌ فِي صُدُورِ الَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ ۚ وَمَا يَجْحَدُ بِآيَاتِنَا إِلَّا الظَّالِمُونَ(49)

Al-Qur’an iku tondha yekti kang terang, tumrap ana ing atine para wong. Mukmin kang padha pinaringan goroh. Dene wong kang maido al-Qur’an iku ora ana maneh kajaba wong kafir. Dheweke nganiaya awake dhewe

وَقَالُوا لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْهِ آيَاتٌ مِّن رَّبِّهِ ۖ قُلْ إِنَّمَا الْآيَاتُ عِندَ اللَّهِ وَإِنَّمَا أَنَا نَذِيرٌ مُّبِينٌ(50)

Wong kafir padha ngucap, "Ya gene dheweke ora diparingi tandha yekti kahelokan dening Pangerane kaya Nabi kang kuna?". Sira dhawuha, "Kahelokan iku ana ngastane Allah. Diturunake miturut saka parenging Allah. Wajibku mung ngelingake

أَوَلَمْ يَكْفِهِمْ أَنَّا أَنزَلْنَا عَلَيْكَ الْكِتَابَ يُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَرَحْمَةً وَذِكْرَىٰ لِقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ(51)

Apa wis cukup Ingsun nurunake Kitab al-Qur’an marang sira sabanjure wong padha diwacakake. Satemene al-Qur’an mahu isi rohmat lan wulangan marang para wong mukmin

قُلْ كَفَىٰ بِاللَّهِ بَيْنِي وَبَيْنَكُمْ شَهِيدًا ۖ يَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۗ وَالَّذِينَ آمَنُوا بِالْبَاطِلِ وَكَفَرُوا بِاللَّهِ أُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ(52)

(Muhammad) Sira dhawuha mangkene, "Anggonku pasulayan marang kowe, cukup disekseni dening Allah piyambak". Allah nguningani isining barang ing langit lan bumi. Dene sarupane wong kang percaya marang barang kang luput, nyembah liyane Allah sarta maido, iku tetep wong kang kapitunan

وَيَسْتَعْجِلُونَكَ بِالْعَذَابِ ۚ وَلَوْلَا أَجَلٌ مُّسَمًّى لَّجَاءَهُمُ الْعَذَابُ وَلَيَأْتِيَنَّهُم بَغْتَةً وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ(53)

Wong kafir padha nantang marang sira (Muhammad) anggege tekane siksa. Upama ora wis tetep wewangene kang pinasthi, wong kafir mesthi katekan siksa, Sanalika sarta ngagetake. Nganti padha ora ngerti

يَسْتَعْجِلُونَكَ بِالْعَذَابِ وَإِنَّ جَهَنَّمَ لَمُحِيطَةٌ بِالْكَافِرِينَ(54)

Wong kafir padha nantang marang sira (Muhammad) anggege siksa ana ing donya, satemene besuk dina Qiyamat, neraka Jahanam nungkebi marang wong kafir

يَوْمَ يَغْشَاهُمُ الْعَذَابُ مِن فَوْقِهِمْ وَمِن تَحْتِ أَرْجُلِهِمْ وَيَقُولُ ذُوقُوا مَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(55)

Ing dina Qiyamat iku, siksa neraka nempuh marang wong kafir saka dhuwur lan ngisore sikile. Allah ngandika, "Padha ngrasakna wewalese barang kang wis padha sira lakone biyen

يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ آمَنُوا إِنَّ أَرْضِي وَاسِعَةٌ فَإِيَّايَ فَاعْبُدُونِ(56)

Para kawulaningsun kang padha mukmin, bumi iku jembar, mulane padha nembaha marang Ingsun

كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ ۖ ثُمَّ إِلَيْنَا تُرْجَعُونَ(57)

Sarupane awak kang urip mesthi ngrasakake mati, tumuli banjur padha dibalekake marang ngarsaningsun

وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَنُبَوِّئَنَّهُم مِّنَ الْجَنَّةِ غُرَفًا تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ نِعْمَ أَجْرُ الْعَامِلِينَ(58)

Wong mukmin kang padha ngelakoni penggawe becik, mesthi Ingsun panggonake ana ing panggonan kang luhur ing suwarga, kang ana banyune mili ana sangisore kekayon kang langgeng. Becik temen ganjaren wong kang padha ngelakoni bekti

الَّذِينَ صَبَرُوا وَعَلَىٰ رَبِّهِمْ يَتَوَكَّلُونَ(59)

Hiya iku wong kang teguh atine anggone ketaman pihalane wong kafir, sarta padha pasrah ing Allah

وَكَأَيِّن مِّن دَابَّةٍ لَّا تَحْمِلُ رِزْقَهَا اللَّهُ يَرْزُقُهَا وَإِيَّاكُمْ ۚ وَهُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ(60)

Pira bahe hewan kang ora anggawa rizkine, nanging Allah paring rizki marang hewan mahu. Apa maneh marang sira. Allah Mirsa tur Nguningani

وَلَئِن سَأَلْتَهُم مَّنْ خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ لَيَقُولُنَّ اللَّهُ ۖ فَأَنَّىٰ يُؤْفَكُونَ(61)

Menawa sira takon marang wong kafir, "Sapa kang gawe bumi lan langit. Kang marentah srengenge lan rembulan. Padha mangsuli, "Inggih Allah". Yen mangkono apa kang makewuhi anggone arep percaya ing Allah

اللَّهُ يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ وَيَقْدِرُ لَهُ ۚ إِنَّ اللَّهَ بِكُلِّ شَيْءٍ عَلِيمٌ(62)

Allah paringi rizki marang para kawulane kang dadi parenging kersane, lan ana uga kang diparingi rizki kurang, satemene Allah Nguningani samu barang

وَلَئِن سَأَلْتَهُم مَّن نَّزَّلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَحْيَا بِهِ الْأَرْضَ مِن بَعْدِ مَوْتِهَا لَيَقُولُنَّ اللَّهُ ۚ قُلِ الْحَمْدُ لِلَّهِ ۚ بَلْ أَكْثَرُهُمْ لَا يَعْقِلُونَ(63)

Menawa sira takon marang dheweke sapa kang nurunake banyu udan saka langit, banjur dianggo nguripake bumi kang wis mati? Padha mangsuli, "Inggih Allah". DHawuha, "Sakabehing puji iku konjuk Allah. (Aku bungah dene kowe padha weruh kuwasaning Allah). Hewa dene wong akeh padha ora duwe pikir

وَمَا هَٰذِهِ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا لَهْوٌ وَلَعِبٌ ۚ وَإِنَّ الدَّارَ الْآخِرَةَ لَهِيَ الْحَيَوَانُ ۚ لَوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ(64)

Kahuripan donya iki kena dibasakake dholanan lan tanpa guna. Menawa padha weruh menawa pomahan akherat iku panguripan kang sejati, menawa padha ngerti

فَإِذَا رَكِبُوا فِي الْفُلْكِ دَعَوُا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ فَلَمَّا نَجَّاهُمْ إِلَى الْبَرِّ إِذَا هُمْ يُشْرِكُونَ(65)

Nalikane nunggang kapal (ana satengahing segara), banjur kuwatir kelem, banjur padha sumungkem nyuwun selamet ing Alah kaya wong kang suci atine, anggone ngelakoni agama konjen ing Allah. bareng wis selamet tekan dharatan, banjur bali kafir maneh

لِيَكْفُرُوا بِمَا آتَيْنَاهُمْ وَلِيَتَمَتَّعُوا ۖ فَسَوْفَ يَعْلَمُونَ(66)

Wusana wong kafir mahu tanpa panarima anggone diparingi kabungahan, Pahd bungah - bungah anggone pakumpulan nyembah brahala. Ing tembe bakal weruh kawusanane

أَوَلَمْ يَرَوْا أَنَّا جَعَلْنَا حَرَمًا آمِنًا وَيُتَخَطَّفُ النَّاسُ مِنْ حَوْلِهِمْ ۚ أَفَبِالْبَاطِلِ يُؤْمِنُونَ وَبِنِعْمَةِ اللَّهِ يَكْفُرُونَ(67)

Apa padha ora weruh yen Ingsun dhadekake Tanah Suci Mekkah negara santosa lan tata tentrem. Lan negara kiwatengenen padha ngrebut ngrampas ? Apa dheweke percaya perkara kang batal lan maido marang kabungahan paringe Allah

وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ كَذَّبَ بِالْحَقِّ لَمَّا جَاءَهُ ۚ أَلَيْسَ فِي جَهَنَّمَ مَثْوًى لِّلْكَافِرِينَ(68)

Ora ana wong kang luwih duraka katimbang wong kang gawe - gawe celathu goroh dikandhakake dhawuhing Allah. Lan maido marang kang bener sawuse didhawuhe (dening Muhammad) ? Apa ora ana panggonan neraka jahannam kanggo wong sing ora percaya

وَالَّذِينَ جَاهَدُوا فِينَا لَنَهْدِيَنَّهُمْ سُبُلَنَا ۚ وَإِنَّ اللَّهَ لَمَعَ الْمُحْسِنِينَ(69)

Sarupane wong kang padha berjuang karana ngelakoni parintah Ingsun, mesthi padha dituduhake dalan marang keselametan. Satemene Allah iku hanjungkung wong kang padha ngelakoni kabecikan


المزيد من السور باللغة الجاوية:

سورة البقرة آل عمران سورة النساء
سورة المائدة سورة يوسف سورة ابراهيم
سورة الحجر سورة الكهف سورة مريم
سورة السجدة سورة يس سورة الدخان
سورة النجم سورة الرحمن سورة الواقعة
سورة الحشر سورة الملك سورة الحاقة

تحميل سورة العنكبوت بصوت أشهر القراء :

قم باختيار القارئ للاستماع و تحميل سورة العنكبوت كاملة بجودة عالية
سورة العنكبوت أحمد العجمي
أحمد العجمي
سورة العنكبوت خالد الجليل
خالد الجليل
سورة العنكبوت سعد الغامدي
سعد الغامدي
سورة العنكبوت سعود الشريم
سعود الشريم
سورة العنكبوت عبد الباسط عبد الصمد
عبد الباسط
سورة العنكبوت عبد الله عواد الجهني
عبد الله الجهني
سورة العنكبوت علي الحذيفي
علي الحذيفي
سورة العنكبوت فارس عباد
فارس عباد
سورة العنكبوت ماهر المعيقلي
ماهر المعيقلي
سورة العنكبوت محمد جبريل
محمد جبريل
سورة العنكبوت محمد صديق المنشاوي
المنشاوي
سورة العنكبوت الحصري
الحصري
سورة العنكبوت العفاسي
مشاري العفاسي
سورة العنكبوت ناصر القطامي
ناصر القطامي
سورة العنكبوت ياسر الدوسري
ياسر الدوسري



Friday, November 22, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب