Surah Yunus with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah Yunus | يونس - Ayat Count 109 - The number of the surah in moshaf: 10 - The meaning of the surah in English: Jonah.

الر ۚ تِلْكَ آيَاتُ الْكِتَابِ الْحَكِيمِ(1)

 Ingsun, Allah, Ingkang- Angudanèni. Iki ayat-ayating Kitab kang wicaksana

أَكَانَ لِلنَّاسِ عَجَبًا أَنْ أَوْحَيْنَا إِلَىٰ رَجُلٍ مِّنْهُمْ أَنْ أَنذِرِ النَّاسَ وَبَشِّرِ الَّذِينَ آمَنُوا أَنَّ لَهُمْ قَدَمَ صِدْقٍ عِندَ رَبِّهِمْ ۗ قَالَ الْكَافِرُونَ إِنَّ هَٰذَا لَسَاحِرٌ مُّبِينٌ(2)

 Apa tumrapé para manusa anggumunaké, déné Ingsun wus amedhar sabda marang sawijining wong lanang saka bangsané, pangandika: Apepélinga marang para manusa sarta awèha warta bubungah marang para kang padha angèstu, yèn dhèwèké bakal padha olèh dhadhasar kukuh ana ing ngarsaning Pangérané. Para kafir padha calathu: sayekti temen iki ahli kemayan kang tétéla

إِنَّ رَبَّكُمُ اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ ۖ يُدَبِّرُ الْأَمْرَ ۖ مَا مِن شَفِيعٍ إِلَّا مِن بَعْدِ إِذْنِهِ ۚ ذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمْ فَاعْبُدُوهُ ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ(3)

 Sayekti, Pangéranira iku Allah, Kang wus anitahaké langit- langit lan bumi ing dalem nem mangsaa sartab Panjenengané angasta purba wisésa ing karaton iku,c anata sagung prakara; ora ana pantara, kajaba ing sawisé idin-É;d mangkono iku Allah, Pangéranira, mulané padha ngabdia Panjene- ngané; lah apa ta sira padha ora éling

إِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيعًا ۖ وَعْدَ اللَّهِ حَقًّا ۚ إِنَّهُ يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ لِيَجْزِيَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ بِالْقِسْطِ ۚ وَالَّذِينَ كَفَرُوا لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيمٍ وَعَذَابٌ أَلِيمٌ بِمَا كَانُوا يَكْفُرُونَ(4)

 Marang Panjenengané bali- nira, kabèh baé; janjining Allah kalawan nyata; sayekti Panjene- ngané amiwiti purwaning tumitah, tumuli angambal-ambali iku, amurih Panjenengané aparing wales kalawan jejeg para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik; wondéné para kang padha kafir, iku bakal padha olèh ombèn-ombèn wèdang panas sarta siksa kang nglarani, amarga saka anggoné padha angafiri

هُوَ الَّذِي جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاءً وَالْقَمَرَ نُورًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِينَ وَالْحِسَابَ ۚ مَا خَلَقَ اللَّهُ ذَٰلِكَ إِلَّا بِالْحَقِّ ۚ يُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ(5)

 Panjenengané iku Kang wus andadèkaké srengéngé sumorot gumebyar sarta rembulan cahya sumunu sarta anamtokaké wa- wangunan tumrap iku, supaya sira padha weruha wilanganing taun sarta pétungan. Anggoné Allah anitahaké iku ora liya kajaba kala- wan yekti; tandha-tandha yekti tumrap wong kang padha we- ruh

إِنَّ فِي اخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللَّهُ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يَتَّقُونَ(6)

 Sayekti, ing dalem gilir gu- mantiné wengi kalawan rina, sarta apa kang katitahaké déning Allah ing langit-langit lan bumi, iku temen tandha-tandha tumrap wong kang padha anjaga dhiriné

إِنَّ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا وَرَضُوا بِالْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَاطْمَأَنُّوا بِهَا وَالَّذِينَ هُمْ عَنْ آيَاتِنَا غَافِلُونَ(7)

 Sayekti para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun, sarta apirena kalawan kauripan donya, tuwin wus marem marang iku, apa déné para kang padha léna ing tandha-tandha Ningsun

أُولَٰئِكَ مَأْوَاهُمُ النَّارُ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ(8)

 Iki, geni padunungané, amar- ga saka apa kang wus padha ditindakaké

إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ يَهْدِيهِمْ رَبُّهُم بِإِيمَانِهِمْ ۖ تَجْرِي مِن تَحْتِهِمُ الْأَنْهَارُ فِي جَنَّاتِ النَّعِيمِ(9)

 Sayekti, para kang padha angèstu sarta padha anglakoni panggawé becik, Pangérané bakal anuntun dhèwèké kalawan imané;a bakal mili kali-kaliné saka ing sangisoré, ing sajroning patamanan nugraha

دَعْوَاهُمْ فِيهَا سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ وَتَحِيَّتُهُمْ فِيهَا سَلَامٌ ۚ وَآخِرُ دَعْوَاهُمْ أَنِ الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ(10)

 Bakal panguwuhé ana ing kono: Mahasuci Tuwan punika dhuh Allah! sarta bakal pakurma-té ing kono: Rahayu! Sarta bakal wekasaning panguwuhé: sadaya pangalembana punika kagunga- nipun Allah, Pangéraning sadaya ngalam

۞ وَلَوْ يُعَجِّلُ اللَّهُ لِلنَّاسِ الشَّرَّ اسْتِعْجَالَهُم بِالْخَيْرِ لَقُضِيَ إِلَيْهِمْ أَجَلُهُمْ ۖ فَنَذَرُ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ(11)

 Lan saupama Allah angéng- galaké ala tumrap para manusa kaya déné anggoné padha angajab énggalé ing becik, amasthi, putu- sané wus tinamtu tumrap marang dhèwèké; ananging para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun, Ingsun togaké baé abilulungan ing dalem pan- daluyané

وَإِذَا مَسَّ الْإِنسَانَ الضُّرُّ دَعَانَا لِجَنبِهِ أَوْ قَاعِدًا أَوْ قَائِمًا فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُ ضُرَّهُ مَرَّ كَأَن لَّمْ يَدْعُنَا إِلَىٰ ضُرٍّ مَّسَّهُ ۚ كَذَٰلِكَ زُيِّنَ لِلْمُسْرِفِينَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(12)

 Lan samangsa manusa ka- taman susah, anguwuh marang Ingsun, kalawan miring, utawa kalawan ngadeg; ananging bareng kasusahané wus Ingsun birat saka ing awaké, anglungani, kaya-kaya ora tau anguwuh marang Ingsun karana kasusahan kang ang- gepok awaké; kaya mangkono, apa kang padha dilakoni dipaès-paèsi tumrap para wong kang padha langkah wates

وَلَقَدْ أَهْلَكْنَا الْقُرُونَ مِن قَبْلِكُمْ لَمَّا ظَلَمُوا ۙ وَجَاءَتْهُمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ وَمَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْقَوْمَ الْمُجْرِمِينَ(13)

 Lan yekti temen Ingsun wus anglebur umat ing sadurungé sira, bareng padha atindak dudu, lan para utusané wus padha anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti te- rang, lan dhèwèké padha ora gelem angèstu; kaya mangkono anggon- Ingsun males para wong duraka

ثُمَّ جَعَلْنَاكُمْ خَلَائِفَ فِي الْأَرْضِ مِن بَعْدِهِمْ لِنَنظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُونَ(14)

 Tumuli Ingsun andadèkaké sira dadi para pamaréntah ing bumi ing sapungkuré dhèwèké, amurih Ingsun amirsanana, kapriyé tin- dakira

وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ ۙ قَالَ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا ائْتِ بِقُرْآنٍ غَيْرِ هَٰذَا أَوْ بَدِّلْهُ ۚ قُلْ مَا يَكُونُ لِي أَنْ أُبَدِّلَهُ مِن تِلْقَاءِ نَفْسِي ۖ إِنْ أَتَّبِعُ إِلَّا مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ ۖ إِنِّي أَخَافُ إِنْ عَصَيْتُ رَبِّي عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ(15)

 Lan samangsa timbalan-tim- balan-Ingsun kang terang diwaca- kaké marang dhèwèké, para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun acalathu: Ane- kakna Quran saliyané iki, utawa iku owahana. Calathua: ora layak tumrapé aku yèn ta ango- wahana iki saka mogaku dhéwé; aku ora liya mung manut apa kang diwedharaké marang aku: sayekti aku iki wedi siksa ing dina kang agung, yèn ta aku andhaga ing Pangéranku

قُل لَّوْ شَاءَ اللَّهُ مَا تَلَوْتُهُ عَلَيْكُمْ وَلَا أَدْرَاكُم بِهِ ۖ فَقَدْ لَبِثْتُ فِيكُمْ عُمُرًا مِّن قَبْلِهِ ۚ أَفَلَا تَعْقِلُونَ(16)

 Calathua: Upama Allah angarsakna , ora bakal iku dakwacakaké marang kowé, sarta ora bakal iku di- wulangaké kowé; lah temen sadu- rungé iki aku salawasé manggon nunggal kowé; lah apa ta kowé padha ora ngerti

فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ كَذَّبَ بِآيَاتِهِ ۚ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الْمُجْرِمُونَ(17)

 Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawé doracara marang Allah utawa anggorohaké tim- balan-timbalan-É? Sayekti para dosa iku ora bakal begja

وَيَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنفَعُهُمْ وَيَقُولُونَ هَٰؤُلَاءِ شُفَعَاؤُنَا عِندَ اللَّهِ ۚ قُلْ أَتُنَبِّئُونَ اللَّهَ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِي السَّمَاوَاتِ وَلَا فِي الْأَرْضِ ۚ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَىٰ عَمَّا يُشْرِكُونَ(18)

 Lan dhèwèké padha angabdi marang barang saliyané Allah, kang ora bisa mitunani lan ora bisa migunani marang dhèwèké, sarta padha calathua: Iki pantaraku ana ing ngarsaning Allah. Calathua: Apa ta kowé padha amartani Allah barang kang Panjenengané ora udani ing langit-langit lan ing bumi? Mahasuci Panjenengané lan Mahaluhur saka barang kang padha didadèkaké sisihan-É

وَمَا كَانَ النَّاسُ إِلَّا أُمَّةً وَاحِدَةً فَاخْتَلَفُوا ۚ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِن رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ فِيمَا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ(19)

 Lan manusa iku ora liya kajaba umat sawiji,a wasana padha sulaya; lan saupama oraa wus ana sabda saka Pangéranira kang andhisiki, yekti ing kono tumrap barang kang dhèwèké padha sulaya wis dipancasi ing antarané dhèwèké

وَيَقُولُونَ لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِّن رَّبِّهِ ۖ فَقُلْ إِنَّمَا الْغَيْبُ لِلَّهِ فَانتَظِرُوا إِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُنتَظِرِينَ(20)

 Lan dhèwèké padha calathu: Yagéné ora ana tandha tinurunaké marang dhèwèké saka Pangérané? Lan calathua: Barang kang ora katon iku mung kagungané Allah, mulané padha sira ngentènana; sayekti aku iki barenganira, uga golongané para kang padha angen- tèni

وَإِذَا أَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً مِّن بَعْدِ ضَرَّاءَ مَسَّتْهُمْ إِذَا لَهُم مَّكْرٌ فِي آيَاتِنَا ۚ قُلِ اللَّهُ أَسْرَعُ مَكْرًا ۚ إِنَّ رُسُلَنَا يَكْتُبُونَ مَا تَمْكُرُونَ(21)

 Lan samangsa Ingsun angi- cipaké manusa ing wilasa ing sawisé kasusahan angenani dhè- wèké, lah, ing kono dhèwèké padha angrékadaya lumawan ing timbalan-timbalan-Ingsun. Cala- thua: Allah iku luwih rikat ing pangrékadaya; sayekti para utusan- Ingsun iku padha anulisi apa pang- rékadayanira

هُوَ الَّذِي يُسَيِّرُكُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا كُنتُمْ فِي الْفُلْكِ وَجَرَيْنَ بِهِم بِرِيحٍ طَيِّبَةٍ وَفَرِحُوا بِهَا جَاءَتْهَا رِيحٌ عَاصِفٌ وَجَاءَهُمُ الْمَوْجُ مِن كُلِّ مَكَانٍ وَظَنُّوا أَنَّهُمْ أُحِيطَ بِهِمْ ۙ دَعَوُا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ لَئِنْ أَنجَيْتَنَا مِنْ هَٰذِهِ لَنَكُونَنَّ مِنَ الشَّاكِرِينَ(22)

 Panjenengané iku Kang ang- lakokaké sira ana ing dharatan lan sagara; nganti, nalika sira padha ana ing prau, lan alalayaran ange- mot dhèwèké kalawan angin becik, sarta padha seneng déning mang- kono iku, angin ribut tumiyup anekani kono, sarta alun anempuh dhèwèké saka sadhéngah pang- gonan, tuwin dadi padha yakin yèn awaké kalimputan déning iku, padha nyunyuwun ing Allah, kalawan tulus ing pam- bangun-turut marang Panjenenga- né: Manawi Tuwan amilujengaken saking punika, saèstu kawula badhé dados golonganipun para ingkang angaturaken panuwun

فَلَمَّا أَنجَاهُمْ إِذَا هُمْ يَبْغُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ ۗ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّمَا بَغْيُكُمْ عَلَىٰ أَنفُسِكُم ۖ مَّتَاعَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ ثُمَّ إِلَيْنَا مَرْجِعُكُمْ فَنُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(23)

 Ananging bareng padha Di- slametaké, ing kono banjur padha mirong ana ing bumi kalawan ora bener. É, para manusa! Pamirong- ira iku mung mitunani marang jiwanira dhéwé – pasadhi- yané kauripan donya iki – tumuli marang Ingsun bakal enggonira bali, banjur Ingsun bakal amartani sira tumrap apa kang wus padha sira lakoni

إِنَّمَا مَثَلُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا كَمَاءٍ أَنزَلْنَاهُ مِنَ السَّمَاءِ فَاخْتَلَطَ بِهِ نَبَاتُ الْأَرْضِ مِمَّا يَأْكُلُ النَّاسُ وَالْأَنْعَامُ حَتَّىٰ إِذَا أَخَذَتِ الْأَرْضُ زُخْرُفَهَا وَازَّيَّنَتْ وَظَنَّ أَهْلُهَا أَنَّهُمْ قَادِرُونَ عَلَيْهَا أَتَاهَا أَمْرُنَا لَيْلًا أَوْ نَهَارًا فَجَعَلْنَاهَا حَصِيدًا كَأَن لَّمْ تَغْنَ بِالْأَمْسِ ۚ كَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ(24)

 Sanépané kauripan donya iku mung kaya banyu, kang Ingsun turunaké saka ing mendhung, ban- jur nuwuhaké angrembaka tutuwu- haning bumi, kang minangka panganing manusa lan rajakaya; nganti, samangsa bumi manganggo panganggoné mas-masan sarta apapaès, lan wongé padha nyana yèn dhèwèké anguwasani marang iku, paréntah-Ingsun tumeka mro- no ing wengi utawa ing raina; mulané, iku Ingsun dadèkaké kaya wus dienèni, kaya-kaya iku dhèk wingi ora ana; kaya mangkono Ingsun amijangaké timbalan- timbalan tumrap wong kang padha mikir-mikir

وَاللَّهُ يَدْعُو إِلَىٰ دَارِ السَّلَامِ وَيَهْدِي مَن يَشَاءُ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ(25)

 Lan Allah iku anguwuh ma- rang enggon karahayon sarta anun- tun sapa kang dadi karsané marang dalan kang bener

۞ لِّلَّذِينَ أَحْسَنُوا الْحُسْنَىٰ وَزِيَادَةٌ ۖ وَلَا يَرْهَقُ وُجُوهَهُمْ قَتَرٌ وَلَا ذِلَّةٌ ۚ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ(26)

 Tumrap para kang padha anindakaké kabecikan, becik, lan luwih ; sarta keluwus ora bakal anglimputi rai-rainé, mangkono uga ina; yaiki wonging patamanan, padha ana ing kono pamanggoné

وَالَّذِينَ كَسَبُوا السَّيِّئَاتِ جَزَاءُ سَيِّئَةٍ بِمِثْلِهَا وَتَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۖ مَّا لَهُم مِّنَ اللَّهِ مِنْ عَاصِمٍ ۖ كَأَنَّمَا أُغْشِيَتْ وُجُوهُهُمْ قِطَعًا مِّنَ اللَّيْلِ مُظْلِمًا ۚ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ(27)

 Wondéné para kang padha amakolih ing ala, pidanané ala iku samurwaté, sarta ina bakal anekani dhèwèké – ora bakal duwé tata- mèng panulaking Allah – kaya- kaya rainé kalimputan ing péra- nganing wengi kang peteng lilimengan: ya iki wonging geni, padha ana ing kono pamanggoné

وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا ثُمَّ نَقُولُ لِلَّذِينَ أَشْرَكُوا مَكَانَكُمْ أَنتُمْ وَشُرَكَاؤُكُمْ ۚ فَزَيَّلْنَا بَيْنَهُمْ ۖ وَقَالَ شُرَكَاؤُهُم مَّا كُنتُمْ إِيَّانَا تَعْبُدُونَ(28)

 Lan ing dina bakalé Ingsun angimpun dhèwèké kabèh, tumuli Ingsun bakal angandika marang para kang padha anjèjèraké sesem- bahan : Tetepa ing panggonanira, sira sarta jèjèranira! Tumuli bakal Ingsun pisahaké antarané dhèwèké, sarta jèjèrané acalathu: Rak ora marang aku anggonira padha angawula

فَكَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ إِن كُنَّا عَنْ عِبَادَتِكُمْ لَغَافِلِينَ(29)

 Lah wis cukup Allah minang- ka saksi antarané aku lan kowé, yèn aku marang pangawulamu temen ora ngrumangsani

هُنَالِكَ تَبْلُو كُلُّ نَفْسٍ مَّا أَسْلَفَتْ ۚ وَرُدُّوا إِلَى اللَّهِ مَوْلَاهُمُ الْحَقِّ ۖ وَضَلَّ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ(30)

 Ing kono siji-sijining jiwa padha dadi weruh apa kang wus padha dilakoni ing dhingin-dhi- ngin, sarta bakal padha dibalèkaké marang Allah, Bandarané kang satuhu, sarta sirna saka ing dhè- wèké apa bawa-anggité dhéwé

قُلْ مَن يَرْزُقُكُم مِّنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ أَمَّن يَمْلِكُ السَّمْعَ وَالْأَبْصَارَ وَمَن يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَمَن يُدَبِّرُ الْأَمْرَ ۚ فَسَيَقُولُونَ اللَّهُ ۚ فَقُلْ أَفَلَا تَتَّقُونَ(31)

 Calathua: Sapa sing angrije- kèni sira saka ing langit lan bumi? Utawa sapa kang anguwasani pangrungu lan pandeleng? Lan sapa kang angetokaké barang urip saka barang mati sarta angetokaké barang mati saka barang urip? Lan sapa kang mranata sakèhing pra- kara? Lah dhèwèké bakal padha mangsuli: Allah. Tumuli calathua: Lah apa ta sira ora bakal anjaga dhiri

فَذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمُ الْحَقُّ ۖ فَمَاذَا بَعْدَ الْحَقِّ إِلَّا الضَّلَالُ ۖ فَأَنَّىٰ تُصْرَفُونَ(32)

 Lah yaiku Allah, Pangéra- nira, kang satuhu. Lah apa manèh saliyané kang satuhu kajaba kang sasar; lah kapriyé anggonira padha diéngokaké

كَذَٰلِكَ حَقَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى الَّذِينَ فَسَقُوا أَنَّهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ(33)

 Kaya mangkono, kayektèn sabdaning Pangéranira anibani para kang padha murang yekti, déné padha ora angèstu

قُلْ هَلْ مِن شُرَكَائِكُم مَّن يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ ۚ قُلِ اللَّهُ يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ(34)

 Calathua: Apa sawenèhé para jèjèranira ana kang bisa analesi dumadi, banjur andadèkaké iku? Calathua: Allah kang analesi dumadi banjur andadèkaké iku; lah kapriyé anggonira padha diéngokaké

قُلْ هَلْ مِن شُرَكَائِكُم مَّن يَهْدِي إِلَى الْحَقِّ ۚ قُلِ اللَّهُ يَهْدِي لِلْحَقِّ ۗ أَفَمَن يَهْدِي إِلَى الْحَقِّ أَحَقُّ أَن يُتَّبَعَ أَمَّن لَّا يَهِدِّي إِلَّا أَن يُهْدَىٰ ۖ فَمَا لَكُمْ كَيْفَ تَحْكُمُونَ(35)

 Calathua: Apa sawenèhé para jèjèranira ana kang nuntun marang yakti? Calathua: Allah kang nun- tun marang yakti, iku sing luwih bener tinuruta, apa ta sing ora ngambah dalan bener kajaba yèn tinuntuna? Lah apa ta iku tumrapé sira: kapriyé anggonira padha mutusi

وَمَا يَتَّبِعُ أَكْثَرُهُمْ إِلَّا ظَنًّا ۚ إِنَّ الظَّنَّ لَا يُغْنِي مِنَ الْحَقِّ شَيْئًا ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِمَا يَفْعَلُونَ(36)

 Lan akèh-akèhé ora liya kajaba padha manut panyana; sayekti panyana iku ora makolèhi apa-apa ingatasé barang yekti; sayekti Allah iku udani marang apa kang padha dilakoni

وَمَا كَانَ هَٰذَا الْقُرْآنُ أَن يُفْتَرَىٰ مِن دُونِ اللَّهِ وَلَٰكِن تَصْدِيقَ الَّذِي بَيْنَ يَدَيْهِ وَتَفْصِيلَ الْكِتَابِ لَا رَيْبَ فِيهِ مِن رَّبِّ الْعَالَمِينَ(37)

 Lan ora pisan kok Quran iki kena dianggit ing saliyané Allah, ananging iku minangka ambe- neraké kang sangarepéa sarta kate- rangan awijang kitab, ora ana semangé ing kono, saka Pangéraning ngalam ka- bèh

أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَاهُ ۖ قُلْ فَأْتُوا بِسُورَةٍ مِّثْلِهِ وَادْعُوا مَنِ اسْتَطَعْتُم مِّن دُونِ اللَّهِ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(38)

 Apa ta dhèwèké padha cala- thu: Iku dhèwèké sing nganggit? Calathua: lah mara nekakna saebab kang padha karo iku, sarta ngajaka sapa sabisamu, saliyané Allah, manawa kowé padha temen.a

بَلْ كَذَّبُوا بِمَا لَمْ يُحِيطُوا بِعِلْمِهِ وَلَمَّا يَأْتِهِمْ تَأْوِيلُهُ ۚ كَذَٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۖ فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الظَّالِمِينَ(39)

 Ora, balik padha anggoro- haké marang barang kang dhèwèké ora amumpuni kawruhé, sarta wekasaning kadadéané durung tumeka marang dhèwèké; kaya mangkono para ing sadurungé anggorohaké ; lah delengen, kapriyé temahané para wong atindak dudu

وَمِنْهُم مَّن يُؤْمِنُ بِهِ وَمِنْهُم مَّن لَّا يُؤْمِنُ بِهِ ۚ وَرَبُّكَ أَعْلَمُ بِالْمُفْسِدِينَ(40)

 Lan sawenèhé ana kang angèstu ing iku, sarta sawenèhé ana kang ora angèstu iku, lan Pangéranira iku luwih Angudanèni marang para kang agawé wisuna

وَإِن كَذَّبُوكَ فَقُل لِّي عَمَلِي وَلَكُمْ عَمَلُكُمْ ۖ أَنتُم بَرِيئُونَ مِمَّا أَعْمَلُ وَأَنَا بَرِيءٌ مِّمَّا تَعْمَلُونَ(41)

 Lan manawa dhèwèké padha anggorohaké sira, lah calathua: Tumanja aku dhéwé panggawéku, lan tumanja sira dhéwé panggawé- nira; sira lebaran saka panggawéku lan aku lebaran saka panggawé sira

وَمِنْهُم مَّن يَسْتَمِعُونَ إِلَيْكَ ۚ أَفَأَنتَ تُسْمِعُ الصُّمَّ وَلَوْ كَانُوا لَا يَعْقِلُونَ(42)

 Lan sawenèhé ana kang padha angrungokaké marang sira, nanging apa ta sira bisa awèh rungu wong budheg, sanajan padha ora gelem ngerti

وَمِنْهُم مَّن يَنظُرُ إِلَيْكَ ۚ أَفَأَنتَ تَهْدِي الْعُمْيَ وَلَوْ كَانُوا لَا يُبْصِرُونَ(43)

 Lan sawenèhé ana kang ang- ingetaké marang sira, ananging apa ta sira bisa anuduhaké dalan wong wuta sanajan padha ora gelem andeleng

إِنَّ اللَّهَ لَا يَظْلِمُ النَّاسَ شَيْئًا وَلَٰكِنَّ النَّاسَ أَنفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ(44)

 Sayekti Allah iku ora atindak dudu marang manusa, ananging manusa iku kang atindak dudu marang awaké dhéwé

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ كَأَن لَّمْ يَلْبَثُوا إِلَّا سَاعَةً مِّنَ النَّهَارِ يَتَعَارَفُونَ بَيْنَهُمْ ۚ قَدْ خَسِرَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِلِقَاءِ اللَّهِ وَمَا كَانُوا مُهْتَدِينَ(45)

 Lan ing dinané Panjenengané bakal angimpun dhèwèké, kaya- kaya ora liya mung saejam ing wayah raina anggoné manggon, bakal padha weruh siji marang sijiné. Temen rusak para kang padha anggorohaké marang sapa- temon karo Allah, sarta dudu wong kang padha manut dadalan bener

وَإِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِي نَعِدُهُمْ أَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَإِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ ثُمَّ اللَّهُ شَهِيدٌ عَلَىٰ مَا يَفْعَلُونَ(46)

 Lan lamuna Ingsun ameruh- aké sira sawenèhé kang Ingsun ancamaké dhèwèké, utawa Ingsun agawé patinira, lah iya marang Ingsun baliné, sartaa Allah iku Saksi tumrap sabarang panggawé- né

وَلِكُلِّ أُمَّةٍ رَّسُولٌ ۖ فَإِذَا جَاءَ رَسُولُهُمْ قُضِيَ بَيْنَهُم بِالْقِسْطِ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ(47)

 Lan tumrap siji-sijining bang- sa wis ana Utusan; Lah sa- mangsa Utusané wis teka, prakara antarané dhèwèké dipancasi kala- wan jejeg, sarta ora bakal padha kinaniaya

وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(48)

 Lan dhèwèké padha calathu: Kapan kalakoné pangancam iki, manawa kowé temen

قُل لَّا أَمْلِكُ لِنَفْسِي ضَرًّا وَلَا نَفْعًا إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۗ لِكُلِّ أُمَّةٍ أَجَلٌ ۚ إِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ فَلَا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً ۖ وَلَا يَسْتَقْدِمُونَ(49)

 Calathua: Marang awakku dhéwé aku ora anguwasani kang mitunani lan kang migunani, ka- jaba apa kaparenging Allah; siji-sijining bangsa iku ana wa- wangening mangsané; samangsa wawange-ning mangsané wis teka, lah ora bakal angèrèni saejam sarta ora bakal andhisiki

قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُهُ بَيَاتًا أَوْ نَهَارًا مَّاذَا يَسْتَعْجِلُ مِنْهُ الْمُجْرِمُونَ(50)

 Calathua: Aku kandhanana manawa siksa-Né anekani sira ing wengi utawa raina! Apa ta kara- nané, déné prakara iku para wong duraka padha anggégé

أَثُمَّ إِذَا مَا وَقَعَ آمَنتُم بِهِ ۚ آلْآنَ وَقَدْ كُنتُم بِهِ تَسْتَعْجِلُونَ(51)

 Apa ta samangsa wis kalakon sira bakal angèstu ing iku? Apa! saiki ! lan temen sira wus padha anggégé ing prakara iku

ثُمَّ قِيلَ لِلَّذِينَ ظَلَمُوا ذُوقُوا عَذَابَ الْخُلْدِ هَلْ تُجْزَوْنَ إِلَّا بِمَا كُنتُمْ تَكْسِبُونَ(52)

 Tumuli dipangandikakaké marang para kang padha atindak dudu: Padha ngrasakana siksa kang awèt; ora pisan sira winales kajaba karana apa kang wus padha sira pakolih

۞ وَيَسْتَنبِئُونَكَ أَحَقٌّ هُوَ ۖ قُلْ إِي وَرَبِّي إِنَّهُ لَحَقٌّ ۖ وَمَا أَنتُم بِمُعْجِزِينَ(53)

 Lan dhèwèké padha nyuwun nerang marang sira: Apa nyata iku? Kandhanana: Iya, dhemi Pa- ngéranku, sayekti iku temen nyata, lan ora bakal sira bisa suminggah

وَلَوْ أَنَّ لِكُلِّ نَفْسٍ ظَلَمَتْ مَا فِي الْأَرْضِ لَافْتَدَتْ بِهِ ۗ وَأَسَرُّوا النَّدَامَةَ لَمَّا رَأَوُا الْعَذَابَ ۖ وَقُضِيَ بَيْنَهُم بِالْقِسْطِ ۚ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ(54)

 Lan manawa siji-sijining jiwa kang atindak dudu andarbènana sabarang kang ana ing bumi, iku masthi arep dienggo nebusi sarta angatonaké piduwungé kalané andeleng siksa lan ing kono prakara iku dipancasi kalawan jejeg, tuwin dhèwèké padha ora dianiaya

أَلَا إِنَّ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۗ أَلَا إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ(55)

 O, sayekti kagungané Allah sabarang kang ana ing langit-langit lan bumi; O, sayekti janjiné Allah iku nyata, ananging kèh-kèhané padha ora weruh

هُوَ يُحْيِي وَيُمِيتُ وَإِلَيْهِ تُرْجَعُونَ(56)

 Panjenengané iku kang apa- ring urip lan aparing pati, lan marang Panjenengané sira bakal dibalèkaké

يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَتْكُم مَّوْعِظَةٌ مِّن رَّبِّكُمْ وَشِفَاءٌ لِّمَا فِي الصُّدُورِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِينَ(57)

 É, para manusa! temen wis tumeka marang sira pitutur saka Pangéranira, sarta tamba tumrap apa kang ana ing sajroning ati-ati, sarta tuntunan tuwin wilasa tumrap para angèstu

قُلْ بِفَضْلِ اللَّهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذَٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوا هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُونَ(58)

 Calathua: Kalawan lubèring paparingé Allah sarta kalawan wilasa-Né, _ lah iya kalawan iku anggoné bakal padha seneng; iku luwih becik tinimbang apa kang diklumpukaké

قُلْ أَرَأَيْتُم مَّا أَنزَلَ اللَّهُ لَكُم مِّن رِّزْقٍ فَجَعَلْتُم مِّنْهُ حَرَامًا وَحَلَالًا قُلْ آللَّهُ أَذِنَ لَكُمْ ۖ أَمْ عَلَى اللَّهِ تَفْتَرُونَ(59)

 Calatuhua: aku kandhanana barang kang katurunaké déning Allah marang sira arupa rejeki, banjur iku kang sawenèh sira dadèkaké larangan sarta kaidèn. Calathua: Apa Allah aparing idin marang sira apa ta sira agawé-gawé goroh tumrap marang Allah

وَمَا ظَنُّ الَّذِينَ يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَذُو فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَشْكُرُونَ(60)

 Lan apa baya panyanané para kang padha agawé-gawé goroh tumrap marang Allah ing dinané kiyamat? Sayekti Allah iku temen Kang kagungan lubèring paparing marang para manusa, ananging kèh-kèhané padha ora atur panu- wun

وَمَا تَكُونُ فِي شَأْنٍ وَمَا تَتْلُو مِنْهُ مِن قُرْآنٍ وَلَا تَعْمَلُونَ مِنْ عَمَلٍ إِلَّا كُنَّا عَلَيْكُمْ شُهُودًا إِذْ تُفِيضُونَ فِيهِ ۚ وَمَا يَعْزُبُ عَن رَّبِّكَ مِن مِّثْقَالِ ذَرَّةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَلَا أَصْغَرَ مِن ذَٰلِكَ وَلَا أَكْبَرَ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُّبِينٍ(61)

 Lah ora kena ora, manawa sira lagi anglakoni apa-apa, utawa lagi maca sapérangané Quran, utawa lagi anindakaké sawijining panggawé masthi Ingsun dadi Saksi ingatasé sira, kalané sira tumindak ing kono apa déné ora pisan kasamaran ing Pangéranira bobot samen- dhang ing bumi utawa ing langit, sarta ora kena ora kang luwih cilik saka iku utawa luwih gedhé, masthi ana ing jeroning kitab kang terang

أَلَا إِنَّ أَوْلِيَاءَ اللَّهِ لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ(62)

 O, sayekti para mitraning Allah – iku ora bakal padha kata- man wedi sarta ora bakal susah

الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ(63)

 Para kang padha angèstu sarta padha prayitna

لَهُمُ الْبُشْرَىٰ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ ۚ لَا تَبْدِيلَ لِكَلِمَاتِ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ(64)

 Bakal padha olèh warta bubu- ngah ing dalem kauripan donya lan ing dalem akhirat; Ora ana owah-owahé tumrap sabdaning Allah; iku pakolèh kang gedhé

وَلَا يَحْزُنكَ قَوْلُهُمْ ۘ إِنَّ الْعِزَّةَ لِلَّهِ جَمِيعًا ۚ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ(65)

 Lan aja nganti pangucapé anusahaké sira, sayekti kawasa iku kagungané Allah kabèh; Panjene- ngané iku Ingkang-Miyarsa, Ing- kang-Ngudanèni

أَلَا إِنَّ لِلَّهِ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَمَن فِي الْأَرْضِ ۗ وَمَا يَتَّبِعُ الَّذِينَ يَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ شُرَكَاءَ ۚ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَإِنْ هُمْ إِلَّا يَخْرُصُونَ(66)

 O, sayekti kagungané Allah sadhéngah kang ana ing langit- langit lan sadhéngah kang ana ing bumi; lan para kang padha anguwuh saliyané Allah iku ora temenan manuté sekuthoné; ora liya kajaba mung padha manut panyana lan ora liya kajaba mung padha goroh

هُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ اللَّيْلَ لِتَسْكُنُوا فِيهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يَسْمَعُونَ(67)

 Panjenengané iku Kang anda- dèkaké wengi tumrap ing sira, supaya ing kono sira padha lerem, sarta raina kang amadhangi; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong ngru- ngokaké

قَالُوا اتَّخَذَ اللَّهُ وَلَدًا ۗ سُبْحَانَهُ ۖ هُوَ الْغَنِيُّ ۖ لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ إِنْ عِندَكُم مِّن سُلْطَانٍ بِهَٰذَا ۚ أَتَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ(68)

 Dhèwèké padha calathu: Allah iku angalap putra! Mahasuci Panjenengané; Panjenengané iku Ingkang-Sugih; kagungan-É samu- barang kang ana ing langit-langit lan samubarang kang ana ing bumi; sira ora duwé wisésa tumrap iki; apa ta sira iku padha calathu amitunani Allah barang kang sira padha ora weruh

قُلْ إِنَّ الَّذِينَ يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ لَا يُفْلِحُونَ(69)

 Calathua: Sayekti, para kang padha agawé-gawé goroh marang Allah, iku ora bakal begja

مَتَاعٌ فِي الدُّنْيَا ثُمَّ إِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ ثُمَّ نُذِيقُهُمُ الْعَذَابَ الشَّدِيدَ بِمَا كَانُوا يَكْفُرُونَ(70)

 pasadhiyan ing donya, tumuli marang Ingsun bakal padha baliné, banjur bakal padha Ingsun icipaké siksa kang abanget, amarga saka anggoné padha angafiri

۞ وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ نُوحٍ إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ يَا قَوْمِ إِن كَانَ كَبُرَ عَلَيْكُم مَّقَامِي وَتَذْكِيرِي بِآيَاتِ اللَّهِ فَعَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْتُ فَأَجْمِعُوا أَمْرَكُمْ وَشُرَكَاءَكُمْ ثُمَّ لَا يَكُنْ أَمْرُكُمْ عَلَيْكُمْ غُمَّةً ثُمَّ اقْضُوا إِلَيَّ وَلَا تُنظِرُونِ(71)

 Lan sira macakna marang dhèwèké warta marang lalakoné Nuha nalika calathu marang bangsané: É, bangsaku! Manawa pamanggonku sarta pépélingku kalawan timba- lan-timbalané Allah abot ingatasé sira, _ lah marang Allah anggonku suméndhé – lah pancasana praka- ranira sarta para seku- tonira, tumuli aja nganti prakara- nira iku semang-semang ing atasé sira, banjur padha ngrampungana marang aku, ora susah aku sira wènèhi sumené

فَإِن تَوَلَّيْتُمْ فَمَا سَأَلْتُكُم مِّنْ أَجْرٍ ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَى اللَّهِ ۖ وَأُمِرْتُ أَنْ أَكُونَ مِنَ الْمُسْلِمِينَ(72)

 Déné manawa sira padha mlèngos, lah ora pisan aku anjaluk pituwas ing sira; ora liya pitu- wasku kajaba ana ing Allah, sarta aku didhawuhi supaya aku dadi golongané wong sing padha sumarah

فَكَذَّبُوهُ فَنَجَّيْنَاهُ وَمَن مَّعَهُ فِي الْفُلْكِ وَجَعَلْنَاهُمْ خَلَائِفَ وَأَغْرَقْنَا الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۖ فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنذَرِينَ(73)

 Ananging padha angemohi dhèwèké, mulané Ingsun anyala- metaké dhèwèké karo réwangé ana ing prau sarta padha Ingsun dadèkaké pamaréntah lan para kang padha angemohi ing timba- lan-timbalan Ingsun padha Ingsun kelem;a Lah delengan kapriyé katemahané wong kang padha diélingaké

ثُمَّ بَعَثْنَا مِن بَعْدِهِ رُسُلًا إِلَىٰ قَوْمِهِمْ فَجَاءُوهُم بِالْبَيِّنَاتِ فَمَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا بِمَا كَذَّبُوا بِهِ مِن قَبْلُ ۚ كَذَٰلِكَ نَطْبَعُ عَلَىٰ قُلُوبِ الْمُعْتَدِينَ(74)

 Tumuli ing sawisé dhèwèké Ingsun anjumenengaké utusan- utusan marang bangsa-bangsané; mulané padha anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti cetha, ana- nging dhèwèké padha ora gelem angèstu marang apa kang padha diemohi dhèk sadurungé; kaya mangkono Ingsun angecap ati-ati- né para kang mlangkah wates

ثُمَّ بَعَثْنَا مِن بَعْدِهِم مُّوسَىٰ وَهَارُونَ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ بِآيَاتِنَا فَاسْتَكْبَرُوا وَكَانُوا قَوْمًا مُّجْرِمِينَ(75)

 Tumuli ing sawisé dhèwèké Ingsun anjumenengaké Musa lan Harun marang Fir’aun sarta kepala-kepalanéa kalawan tandha- tandha-Ningsun,b ananging dhèwè- ké padha gumedhé sarta dhèwèké iku bangsa kang duraka

فَلَمَّا جَاءَهُمُ الْحَقُّ مِنْ عِندِنَا قَالُوا إِنَّ هَٰذَا لَسِحْرٌ مُّبِينٌ(76)

 Lah bareng kanyataan saka ngarsa-Ningsun anekani dhèwèké, padha calathu: Sayekti iki temen kemayan kang terang

قَالَ مُوسَىٰ أَتَقُولُونَ لِلْحَقِّ لَمَّا جَاءَكُمْ ۖ أَسِحْرٌ هَٰذَا وَلَا يُفْلِحُ السَّاحِرُونَ(77)

 Musa calathu: Apa sira padha angarani barang yakti bareng wus anekani sira? Apa ta iki kemayan? Lan para ahli kemayan iku ora bakal begja

قَالُوا أَجِئْتَنَا لِتَلْفِتَنَا عَمَّا وَجَدْنَا عَلَيْهِ آبَاءَنَا وَتَكُونَ لَكُمَا الْكِبْرِيَاءُ فِي الْأَرْضِ وَمَا نَحْنُ لَكُمَا بِمُؤْمِنِينَ(78)

 Dhèwèké padha calathu: Apa tekanira mréné amriha aku padha oncat saka apa kang padha dak temu ing bapak-bapakku, sarta kaagungan ing bumi dadia darbèkira wong loro? Lan ora pisan aku bakal angèstu ing sira sakaroné

وَقَالَ فِرْعَوْنُ ائْتُونِي بِكُلِّ سَاحِرٍ عَلِيمٍ(79)

 Lan Fir’aun calathu: Tekakna mréné sarupané ahli kemayan kang wegig

فَلَمَّا جَاءَ السَّحَرَةُ قَالَ لَهُم مُّوسَىٰ أَلْقُوا مَا أَنتُم مُّلْقُونَ(80)

 Lah bareng para ahli kema- yan wus padha teka, Musa acalathu marang dhèwèké kabèh: Padha tibakna apa kang bakal padha kok tibakaké

فَلَمَّا أَلْقَوْا قَالَ مُوسَىٰ مَا جِئْتُم بِهِ السِّحْرُ ۖ إِنَّ اللَّهَ سَيُبْطِلُهُ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُصْلِحُ عَمَلَ الْمُفْسِدِينَ(81)

 Lah bareng dhèwèké wis padha anibakaké, Musa acalathu: Apa kang padha kotekakaké iku kemayan; sayekti Allah bakal anjugaraké iku;a sayekti Allah iku ora bakal nyempuluraké pangga- wéné para kang agawé wisuna

وَيُحِقُّ اللَّهُ الْحَقَّ بِكَلِمَاتِهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُونَ(82)

 Lah Allah bakal anetepaké kayektèning barang yakti kalawan sabda-sabda-Né sanajan para dura- ka padha gething

فَمَا آمَنَ لِمُوسَىٰ إِلَّا ذُرِّيَّةٌ مِّن قَوْمِهِ عَلَىٰ خَوْفٍ مِّن فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِمْ أَن يَفْتِنَهُمْ ۚ وَإِنَّ فِرْعَوْنَ لَعَالٍ فِي الْأَرْضِ وَإِنَّهُ لَمِنَ الْمُسْرِفِينَ(83)

 Ananging ora ana wong angèstu marang Musa kajaba turuning bangsané, saking wediné marang Fir’aun sarta kepala- kepalané yèn bakal padha kinuya- kuya; lan sayekti Fir’aun iku luhur temenan ana ing bumi , lan sayekti dhèwèké iku èwoné wong kang padha keladuk

وَقَالَ مُوسَىٰ يَا قَوْمِ إِن كُنتُمْ آمَنتُم بِاللَّهِ فَعَلَيْهِ تَوَكَّلُوا إِن كُنتُم مُّسْلِمِينَ(84)

 Lan Musa acalathu: É, bang- saku, manawa kowé padha angèstu ing Allah, lah padha suméndhéa marang Panjenengané , manawa kowé iku padha wong sumarah

فَقَالُوا عَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْنَا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِّلْقَوْمِ الظَّالِمِينَ(85)

 Mulané dhèwèké padha cala- thu: Ing Allah sèndhèn kawula: Dhuh Pangéran kawula! mugi kawula sampun Tuwan dadosaken puruging panguya-uyanipun titi- yang ingkang atindak aniaya

وَنَجِّنَا بِرَحْمَتِكَ مِنَ الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ(86)

 Saha mugi kawula Tuwan wilujengaken saking titiyang ing- kang kafir kalayan wilasa Tuwan

وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ وَأَخِيهِ أَن تَبَوَّءَا لِقَوْمِكُمَا بِمِصْرَ بُيُوتًا وَاجْعَلُوا بُيُوتَكُمْ قِبْلَةً وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ(87)

 Lan Ingsun amedhar sabda marang Musa sarta saduluré, sabda-Ningsun: Ameka omah ing Mesir kanggo wong-wongira, sarta omah-omahira padha sira dadèkna pasalatan, tuwin padha anju- menengna salat, apa déné awèha warta bubungah marang para angèstu

وَقَالَ مُوسَىٰ رَبَّنَا إِنَّكَ آتَيْتَ فِرْعَوْنَ وَمَلَأَهُ زِينَةً وَأَمْوَالًا فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا رَبَّنَا لِيُضِلُّوا عَن سَبِيلِكَ ۖ رَبَّنَا اطْمِسْ عَلَىٰ أَمْوَالِهِمْ وَاشْدُدْ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوا حَتَّىٰ يَرَوُا الْعَذَابَ الْأَلِيمَ(88)

 Sarta Musa munjuk: Pangé- ran kawula! Saèstu Tuwan sampun maringi Fir’aun dalah para kepala- kepalanipun papaès saha bandha ing salebetipun gesang ing donya, Pangéran kawula! temah sami dipun anggé nasaraken saking margi Tuwan: Pangéran kawula! mugi Tuwan nyirnakaken bandhanipun saha angatosaken manah-manahipun, lah piyam- bakipun sami boten angèstu ngan- tos sami aningali siksa ingkang nyakiti

قَالَ قَدْ أُجِيبَت دَّعْوَتُكُمَا فَاسْتَقِيمَا وَلَا تَتَّبِعَانِّ سَبِيلَ الَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ(89)

 Panjenengané angandika: Te- men wis sinembadan panyuwunira wong loro, mulané padha ditetep ing dadalan kang bener lan aja padha manut dadalané para kang padha ora weruh

۞ وَجَاوَزْنَا بِبَنِي إِسْرَائِيلَ الْبَحْرَ فَأَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ وَجُنُودُهُ بَغْيًا وَعَدْوًا ۖ حَتَّىٰ إِذَا أَدْرَكَهُ الْغَرَقُ قَالَ آمَنتُ أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا الَّذِي آمَنَتْ بِهِ بَنُو إِسْرَائِيلَ وَأَنَا مِنَ الْمُسْلِمِينَ(90)

 Lan Ingsun ngarsakaké ing turuning Israil anyabrang sagara,a tumuli Fir’aun sawadyabalané anututi dhèwèké karana panindhe- san lan panganiaya, nganti nalika pangelem anempuh dhèwèké, dhè- wèké acalathu: kula angèstu, bilih boten wonten sesembahan kajawi ingkang dipun èstu para turun Israil, sarta kula punika èwonipun para ingkang sami sumarah

آلْآنَ وَقَدْ عَصَيْتَ قَبْلُ وَكُنتَ مِنَ الْمُفْسِدِينَ(91)

 Apa! saiki! Lan temen mauné sira andaga lan sira dadi èwoné para kang agawé wisuna

فَالْيَوْمَ نُنَجِّيكَ بِبَدَنِكَ لِتَكُونَ لِمَنْ خَلْفَكَ آيَةً ۚ وَإِنَّ كَثِيرًا مِّنَ النَّاسِ عَنْ آيَاتِنَا لَغَافِلُونَ(92)

 Ananging tumrap badanira, ing dina iki sira bakal Ingsun slametaké, supaya sira dadia tan- dha tumrap sapa-sapa ing sa- pungkurira, lan sayekti kèh-kèhé manusa iku marang tandha-tandha- Ningsun temen padha léna

وَلَقَدْ بَوَّأْنَا بَنِي إِسْرَائِيلَ مُبَوَّأَ صِدْقٍ وَرَزَقْنَاهُم مِّنَ الطَّيِّبَاتِ فَمَا اخْتَلَفُوا حَتَّىٰ جَاءَهُمُ الْعِلْمُ ۚ إِنَّ رَبَّكَ يَقْضِي بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كَانُوا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ(93)

 Lan sayekti temen Ingsun agenggonaké turuning Israil ana ing panggonan kang utama sarta padha Ingsun paringi rejeki arupa barang apik-apik; lah dhèwèké pa- dha ora pasulayan nganti satekané kawruh ing dhèwèké; sayekti Pangéranira bakal amancasi ing antarané dhèwèké, ing dina kiya- mat, tumrap prakara, kang ing kono dhèwèké padha apasulayan

فَإِن كُنتَ فِي شَكٍّ مِّمَّا أَنزَلْنَا إِلَيْكَ فَاسْأَلِ الَّذِينَ يَقْرَءُونَ الْكِتَابَ مِن قَبْلِكَ ۚ لَقَدْ جَاءَكَ الْحَقُّ مِن رَّبِّكَ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِينَ(94)

 Lah lamun sira ana ing dalem semang-semang marang apa kang wus Ingsun dhawuhaké ma- rang sira, lah takokna para kang padha maca Kitab ing saduru- ngira; sayekti temen wus tumeka marang sira kanyataan saka Pangé- ranira, mulané aja sira dadi éwoné wong kang padha amadoni

وَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِ اللَّهِ فَتَكُونَ مِنَ الْخَاسِرِينَ(95)

 Lan aja sira dadi èwoné para wong kang padha anggorohaké marang timbalan-timbalaning Allah, mundhak sira dadi èwoné wong kang padha kapitunan

إِنَّ الَّذِينَ حَقَّتْ عَلَيْهِمْ كَلِمَتُ رَبِّكَ لَا يُؤْمِنُونَ(96)

 Sayekti ora bakal angèstu para kang sabdaning Pangéranira wus kanyataan anibani dhèwèké

وَلَوْ جَاءَتْهُمْ كُلُّ آيَةٍ حَتَّىٰ يَرَوُا الْعَذَابَ الْأَلِيمَ(97)

 Lan sanajan sarupané tandha- tandha wus tumeka dhèwèké, nganti tumeka dhèwèké padha amanoni siksa kang nglarani

فَلَوْلَا كَانَتْ قَرْيَةٌ آمَنَتْ فَنَفَعَهَا إِيمَانُهَا إِلَّا قَوْمَ يُونُسَ لَمَّا آمَنُوا كَشَفْنَا عَنْهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَمَتَّعْنَاهُمْ إِلَىٰ حِينٍ(98)

 Lah yagéné ora ana kutha sa- wiji kang angèstu, kang satemah anggoné angèstu iku amigunani marang dhèwèké, kajaba bangsané Yunus? Bareng padha angèstu, Ingsun ambirat siksa kang anga- soraké ing dalem kauripan donya saka dhèwèké, sarta Ingsun apa- ring pasadhiyan dhèwèké tumeka samangsa

وَلَوْ شَاءَ رَبُّكَ لَآمَنَ مَن فِي الْأَرْضِ كُلُّهُمْ جَمِيعًا ۚ أَفَأَنتَ تُكْرِهُ النَّاسَ حَتَّىٰ يَكُونُوا مُؤْمِنِينَ(99)

 Lan lamun Pangéranira angar- sakna, amasthi sapa baé sarupané kang ana ing bumi padha angèstu kabèh; lah apa ta sira bakal meksa wong-wong iku nganti dadi wong angèstu

وَمَا كَانَ لِنَفْسٍ أَن تُؤْمِنَ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَيَجْعَلُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِينَ لَا يَعْقِلُونَ(100)

 Lan ora mungguh tumrapé jiwa yèn ta angèstua, kajaba kala- wan idining Allah; Panjenengané andhawahaké jejember marang pa- ra kang padha ora gelem ngerti

قُلِ انظُرُوا مَاذَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَمَا تُغْنِي الْآيَاتُ وَالنُّذُرُ عَن قَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُونَ(101)

 Calathua: Padha awasna, apa ta kang ana ing langit-langit lan ing bumi. Lan tandha-tandha sarta juru-pépéling iku ora mako- lèhi marang wong kang padha ora angèstu

فَهَلْ يَنتَظِرُونَ إِلَّا مِثْلَ أَيَّامِ الَّذِينَ خَلَوْا مِن قَبْلِهِمْ ۚ قُلْ فَانتَظِرُوا إِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُنتَظِرِينَ(102)

 Lah dhèwèké padha anga- rep-arep apa ta kajaba sapadhané dina-dinané para kang wus padha kliwat sadurungé? Calathua: Lah padha angarep-arepa; lan sayekti, aku iki barenganira, éwoné para wong kang padha angarep-arep

ثُمَّ نُنَجِّي رُسُلَنَا وَالَّذِينَ آمَنُوا ۚ كَذَٰلِكَ حَقًّا عَلَيْنَا نُنجِ الْمُؤْمِنِينَ(103)

 Tumuli Ingsun anylametaké para utusan-Ingsun sarta para kang padha angèstu – kaya mangkono, wus wajib ingatasé Ingsun Ingsun anyalametaké para wong kang padha angèstu

قُلْ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِن كُنتُمْ فِي شَكٍّ مِّن دِينِي فَلَا أَعْبُدُ الَّذِينَ تَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ وَلَٰكِنْ أَعْبُدُ اللَّهَ الَّذِي يَتَوَفَّاكُمْ ۖ وَأُمِرْتُ أَنْ أَكُونَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ(104)

 Calathua: É, para manusa, manawa sira padha dumunung ana ing sajroning semang-semang ma- rang agamaku, lah aku ora angawulani kang padha sira kawulani saliyané Allah, ananging aku ngawulani Allah, kang bakal agawé patinira, sarta aku didhawuhi supaya aku dadi golongané wong kang padha angèstu

وَأَنْ أَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ حَنِيفًا وَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِينَ(105)

 Sarta supaya sira anjejegna adhepira marang agama kanthi tulus, lan aja sira dadi golongané wong kang manembah pangéran akèh

وَلَا تَدْعُ مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَنفَعُكَ وَلَا يَضُرُّكَ ۖ فَإِن فَعَلْتَ فَإِنَّكَ إِذًا مِّنَ الظَّالِمِينَ(106)

 Lan aja anyunyuwun ing saliyané Allah, sabarang kang ora bisa amakolèhi sira sarta ora bisa amitunani sira; amarga manawa sira tumindak , lah sayekti sira ing kono bakal dadi golongané para kang atindak dudu

وَإِن يَمْسَسْكَ اللَّهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهُ إِلَّا هُوَ ۖ وَإِن يُرِدْكَ بِخَيْرٍ فَلَا رَادَّ لِفَضْلِهِ ۚ يُصِيبُ بِهِ مَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۚ وَهُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ(107)

 Lan manawa Allah ange- nani sira kalawan pituna, lah iku ora ana kang bisa ambirat kajaba Panjenengané; lan manawa Panje- nengané angarsakaké sira antuk becik, lah ora ana kang bisa nulak ing lubèring-paparing-É; Panjene- ngané amatedhakaké iku marang kawula-Né, endi kang dadi kapa- reng-É; lan Panjenengané iku Kang-Aparamarta, Kang-Mahaasih

قُلْ يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَكُمُ الْحَقُّ مِن رَّبِّكُمْ ۖ فَمَنِ اهْتَدَىٰ فَإِنَّمَا يَهْتَدِي لِنَفْسِهِ ۖ وَمَن ضَلَّ فَإِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَا ۖ وَمَا أَنَا عَلَيْكُم بِوَكِيلٍ(108)

 Calathua: É, para manusa! temen wis tumeka ing sira kasu- nyatan saka Pangéranira; mulané, sapa sing angambah dalan bener, pangambahé dalan bener iku iya mung makolèhi marang jiwané dhéwé, lan sapa sing nasar, lah nasaré iku uga mung mitunani mrono, lan aku iki dudu kang rumeksa marang sira

وَاتَّبِعْ مَا يُوحَىٰ إِلَيْكَ وَاصْبِرْ حَتَّىٰ يَحْكُمَ اللَّهُ ۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحَاكِمِينَ(109)

 Lan mituruta apa kang dhinawuhaké marang sira sarta disabar nganti Allah aparing pan- casan, lan Panjenengané iku becik- beciké para ahli mancasi


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah Yunus with the voice of the most famous Quran reciters :

surah Yunus mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter Yunus Complete with high quality
surah Yunus Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Yunus Bandar Balila
Bandar Balila
surah Yunus Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Yunus Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Yunus Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Yunus Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Yunus Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Yunus Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Yunus Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Yunus Fares Abbad
Fares Abbad
surah Yunus Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Yunus Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Yunus Al Hosary
Al Hosary
surah Yunus Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Yunus Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Sunday, November 24, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب