الر ۚ تِلْكَ آيَاتُ الْكِتَابِ الْحَكِيمِ(1) Ingsun, Allah, Ingkang- Angudanèni. Iki ayat-ayating Kitab kang wicaksana |
أَكَانَ لِلنَّاسِ عَجَبًا أَنْ أَوْحَيْنَا إِلَىٰ رَجُلٍ مِّنْهُمْ أَنْ أَنذِرِ النَّاسَ وَبَشِّرِ الَّذِينَ آمَنُوا أَنَّ لَهُمْ قَدَمَ صِدْقٍ عِندَ رَبِّهِمْ ۗ قَالَ الْكَافِرُونَ إِنَّ هَٰذَا لَسَاحِرٌ مُّبِينٌ(2) Apa tumrapé para manusa anggumunaké, déné Ingsun wus amedhar sabda marang sawijining wong lanang saka bangsané, pangandika: Apepélinga marang para manusa sarta awèha warta bubungah marang para kang padha angèstu, yèn dhèwèké bakal padha olèh dhadhasar kukuh ana ing ngarsaning Pangérané. Para kafir padha calathu: sayekti temen iki ahli kemayan kang tétéla |
إِنَّ رَبَّكُمُ اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ ۖ يُدَبِّرُ الْأَمْرَ ۖ مَا مِن شَفِيعٍ إِلَّا مِن بَعْدِ إِذْنِهِ ۚ ذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمْ فَاعْبُدُوهُ ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ(3) Sayekti, Pangéranira iku Allah, Kang wus anitahaké langit- langit lan bumi ing dalem nem mangsaa sartab Panjenengané angasta purba wisésa ing karaton iku,c anata sagung prakara; ora ana pantara, kajaba ing sawisé idin-É;d mangkono iku Allah, Pangéranira, mulané padha ngabdia Panjene- ngané; lah apa ta sira padha ora éling |
إِلَيْهِ مَرْجِعُكُمْ جَمِيعًا ۖ وَعْدَ اللَّهِ حَقًّا ۚ إِنَّهُ يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ لِيَجْزِيَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ بِالْقِسْطِ ۚ وَالَّذِينَ كَفَرُوا لَهُمْ شَرَابٌ مِّنْ حَمِيمٍ وَعَذَابٌ أَلِيمٌ بِمَا كَانُوا يَكْفُرُونَ(4) Marang Panjenengané bali- nira, kabèh baé; janjining Allah kalawan nyata; sayekti Panjene- ngané amiwiti purwaning tumitah, tumuli angambal-ambali iku, amurih Panjenengané aparing wales kalawan jejeg para kang padha angèstu sarta anglakoni panggawé becik; wondéné para kang padha kafir, iku bakal padha olèh ombèn-ombèn wèdang panas sarta siksa kang nglarani, amarga saka anggoné padha angafiri |
هُوَ الَّذِي جَعَلَ الشَّمْسَ ضِيَاءً وَالْقَمَرَ نُورًا وَقَدَّرَهُ مَنَازِلَ لِتَعْلَمُوا عَدَدَ السِّنِينَ وَالْحِسَابَ ۚ مَا خَلَقَ اللَّهُ ذَٰلِكَ إِلَّا بِالْحَقِّ ۚ يُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ(5) Panjenengané iku Kang wus andadèkaké srengéngé sumorot gumebyar sarta rembulan cahya sumunu sarta anamtokaké wa- wangunan tumrap iku, supaya sira padha weruha wilanganing taun sarta pétungan. Anggoné Allah anitahaké iku ora liya kajaba kala- wan yekti; tandha-tandha yekti tumrap wong kang padha we- ruh |
إِنَّ فِي اخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ وَمَا خَلَقَ اللَّهُ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يَتَّقُونَ(6) Sayekti, ing dalem gilir gu- mantiné wengi kalawan rina, sarta apa kang katitahaké déning Allah ing langit-langit lan bumi, iku temen tandha-tandha tumrap wong kang padha anjaga dhiriné |
إِنَّ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا وَرَضُوا بِالْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَاطْمَأَنُّوا بِهَا وَالَّذِينَ هُمْ عَنْ آيَاتِنَا غَافِلُونَ(7) Sayekti para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun, sarta apirena kalawan kauripan donya, tuwin wus marem marang iku, apa déné para kang padha léna ing tandha-tandha Ningsun |
أُولَٰئِكَ مَأْوَاهُمُ النَّارُ بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ(8) Iki, geni padunungané, amar- ga saka apa kang wus padha ditindakaké |
إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ يَهْدِيهِمْ رَبُّهُم بِإِيمَانِهِمْ ۖ تَجْرِي مِن تَحْتِهِمُ الْأَنْهَارُ فِي جَنَّاتِ النَّعِيمِ(9) Sayekti, para kang padha angèstu sarta padha anglakoni panggawé becik, Pangérané bakal anuntun dhèwèké kalawan imané;a bakal mili kali-kaliné saka ing sangisoré, ing sajroning patamanan nugraha |
دَعْوَاهُمْ فِيهَا سُبْحَانَكَ اللَّهُمَّ وَتَحِيَّتُهُمْ فِيهَا سَلَامٌ ۚ وَآخِرُ دَعْوَاهُمْ أَنِ الْحَمْدُ لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ(10) Bakal panguwuhé ana ing kono: Mahasuci Tuwan punika dhuh Allah! sarta bakal pakurma-té ing kono: Rahayu! Sarta bakal wekasaning panguwuhé: sadaya pangalembana punika kagunga- nipun Allah, Pangéraning sadaya ngalam |
۞ وَلَوْ يُعَجِّلُ اللَّهُ لِلنَّاسِ الشَّرَّ اسْتِعْجَالَهُم بِالْخَيْرِ لَقُضِيَ إِلَيْهِمْ أَجَلُهُمْ ۖ فَنَذَرُ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ(11) Lan saupama Allah angéng- galaké ala tumrap para manusa kaya déné anggoné padha angajab énggalé ing becik, amasthi, putu- sané wus tinamtu tumrap marang dhèwèké; ananging para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun, Ingsun togaké baé abilulungan ing dalem pan- daluyané |
وَإِذَا مَسَّ الْإِنسَانَ الضُّرُّ دَعَانَا لِجَنبِهِ أَوْ قَاعِدًا أَوْ قَائِمًا فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُ ضُرَّهُ مَرَّ كَأَن لَّمْ يَدْعُنَا إِلَىٰ ضُرٍّ مَّسَّهُ ۚ كَذَٰلِكَ زُيِّنَ لِلْمُسْرِفِينَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(12) Lan samangsa manusa ka- taman susah, anguwuh marang Ingsun, kalawan miring, utawa kalawan ngadeg; ananging bareng kasusahané wus Ingsun birat saka ing awaké, anglungani, kaya-kaya ora tau anguwuh marang Ingsun karana kasusahan kang ang- gepok awaké; kaya mangkono, apa kang padha dilakoni dipaès-paèsi tumrap para wong kang padha langkah wates |
وَلَقَدْ أَهْلَكْنَا الْقُرُونَ مِن قَبْلِكُمْ لَمَّا ظَلَمُوا ۙ وَجَاءَتْهُمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ وَمَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي الْقَوْمَ الْمُجْرِمِينَ(13) Lan yekti temen Ingsun wus anglebur umat ing sadurungé sira, bareng padha atindak dudu, lan para utusané wus padha anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti te- rang, lan dhèwèké padha ora gelem angèstu; kaya mangkono anggon- Ingsun males para wong duraka |
ثُمَّ جَعَلْنَاكُمْ خَلَائِفَ فِي الْأَرْضِ مِن بَعْدِهِمْ لِنَنظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُونَ(14) Tumuli Ingsun andadèkaké sira dadi para pamaréntah ing bumi ing sapungkuré dhèwèké, amurih Ingsun amirsanana, kapriyé tin- dakira |
وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ ۙ قَالَ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا ائْتِ بِقُرْآنٍ غَيْرِ هَٰذَا أَوْ بَدِّلْهُ ۚ قُلْ مَا يَكُونُ لِي أَنْ أُبَدِّلَهُ مِن تِلْقَاءِ نَفْسِي ۖ إِنْ أَتَّبِعُ إِلَّا مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ ۖ إِنِّي أَخَافُ إِنْ عَصَيْتُ رَبِّي عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ(15) Lan samangsa timbalan-tim- balan-Ingsun kang terang diwaca- kaké marang dhèwèké, para kang padha ora angarep-arep sapatemon Ingsun acalathu: Ane- kakna Quran saliyané iki, utawa iku owahana. Calathua: ora layak tumrapé aku yèn ta ango- wahana iki saka mogaku dhéwé; aku ora liya mung manut apa kang diwedharaké marang aku: sayekti aku iki wedi siksa ing dina kang agung, yèn ta aku andhaga ing Pangéranku |
قُل لَّوْ شَاءَ اللَّهُ مَا تَلَوْتُهُ عَلَيْكُمْ وَلَا أَدْرَاكُم بِهِ ۖ فَقَدْ لَبِثْتُ فِيكُمْ عُمُرًا مِّن قَبْلِهِ ۚ أَفَلَا تَعْقِلُونَ(16) Calathua: Upama Allah angarsakna , ora bakal iku dakwacakaké marang kowé, sarta ora bakal iku di- wulangaké kowé; lah temen sadu- rungé iki aku salawasé manggon nunggal kowé; lah apa ta kowé padha ora ngerti |
فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ كَذَّبَ بِآيَاتِهِ ۚ إِنَّهُ لَا يُفْلِحُ الْمُجْرِمُونَ(17) Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawé doracara marang Allah utawa anggorohaké tim- balan-timbalan-É? Sayekti para dosa iku ora bakal begja |
وَيَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَضُرُّهُمْ وَلَا يَنفَعُهُمْ وَيَقُولُونَ هَٰؤُلَاءِ شُفَعَاؤُنَا عِندَ اللَّهِ ۚ قُلْ أَتُنَبِّئُونَ اللَّهَ بِمَا لَا يَعْلَمُ فِي السَّمَاوَاتِ وَلَا فِي الْأَرْضِ ۚ سُبْحَانَهُ وَتَعَالَىٰ عَمَّا يُشْرِكُونَ(18) Lan dhèwèké padha angabdi marang barang saliyané Allah, kang ora bisa mitunani lan ora bisa migunani marang dhèwèké, sarta padha calathua: Iki pantaraku ana ing ngarsaning Allah. Calathua: Apa ta kowé padha amartani Allah barang kang Panjenengané ora udani ing langit-langit lan ing bumi? Mahasuci Panjenengané lan Mahaluhur saka barang kang padha didadèkaké sisihan-É |
وَمَا كَانَ النَّاسُ إِلَّا أُمَّةً وَاحِدَةً فَاخْتَلَفُوا ۚ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِن رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ فِيمَا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ(19) Lan manusa iku ora liya kajaba umat sawiji,a wasana padha sulaya; lan saupama oraa wus ana sabda saka Pangéranira kang andhisiki, yekti ing kono tumrap barang kang dhèwèké padha sulaya wis dipancasi ing antarané dhèwèké |
وَيَقُولُونَ لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْهِ آيَةٌ مِّن رَّبِّهِ ۖ فَقُلْ إِنَّمَا الْغَيْبُ لِلَّهِ فَانتَظِرُوا إِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُنتَظِرِينَ(20) Lan dhèwèké padha calathu: Yagéné ora ana tandha tinurunaké marang dhèwèké saka Pangérané? Lan calathua: Barang kang ora katon iku mung kagungané Allah, mulané padha sira ngentènana; sayekti aku iki barenganira, uga golongané para kang padha angen- tèni |
وَإِذَا أَذَقْنَا النَّاسَ رَحْمَةً مِّن بَعْدِ ضَرَّاءَ مَسَّتْهُمْ إِذَا لَهُم مَّكْرٌ فِي آيَاتِنَا ۚ قُلِ اللَّهُ أَسْرَعُ مَكْرًا ۚ إِنَّ رُسُلَنَا يَكْتُبُونَ مَا تَمْكُرُونَ(21) Lan samangsa Ingsun angi- cipaké manusa ing wilasa ing sawisé kasusahan angenani dhè- wèké, lah, ing kono dhèwèké padha angrékadaya lumawan ing timbalan-timbalan-Ingsun. Cala- thua: Allah iku luwih rikat ing pangrékadaya; sayekti para utusan- Ingsun iku padha anulisi apa pang- rékadayanira |
هُوَ الَّذِي يُسَيِّرُكُمْ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا كُنتُمْ فِي الْفُلْكِ وَجَرَيْنَ بِهِم بِرِيحٍ طَيِّبَةٍ وَفَرِحُوا بِهَا جَاءَتْهَا رِيحٌ عَاصِفٌ وَجَاءَهُمُ الْمَوْجُ مِن كُلِّ مَكَانٍ وَظَنُّوا أَنَّهُمْ أُحِيطَ بِهِمْ ۙ دَعَوُا اللَّهَ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ لَئِنْ أَنجَيْتَنَا مِنْ هَٰذِهِ لَنَكُونَنَّ مِنَ الشَّاكِرِينَ(22) Panjenengané iku Kang ang- lakokaké sira ana ing dharatan lan sagara; nganti, nalika sira padha ana ing prau, lan alalayaran ange- mot dhèwèké kalawan angin becik, sarta padha seneng déning mang- kono iku, angin ribut tumiyup anekani kono, sarta alun anempuh dhèwèké saka sadhéngah pang- gonan, tuwin dadi padha yakin yèn awaké kalimputan déning iku, padha nyunyuwun ing Allah, kalawan tulus ing pam- bangun-turut marang Panjenenga- né: Manawi Tuwan amilujengaken saking punika, saèstu kawula badhé dados golonganipun para ingkang angaturaken panuwun |
فَلَمَّا أَنجَاهُمْ إِذَا هُمْ يَبْغُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ ۗ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّمَا بَغْيُكُمْ عَلَىٰ أَنفُسِكُم ۖ مَّتَاعَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ ثُمَّ إِلَيْنَا مَرْجِعُكُمْ فَنُنَبِّئُكُم بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(23) Ananging bareng padha Di- slametaké, ing kono banjur padha mirong ana ing bumi kalawan ora bener. É, para manusa! Pamirong- ira iku mung mitunani marang jiwanira dhéwé – pasadhi- yané kauripan donya iki – tumuli marang Ingsun bakal enggonira bali, banjur Ingsun bakal amartani sira tumrap apa kang wus padha sira lakoni |
إِنَّمَا مَثَلُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا كَمَاءٍ أَنزَلْنَاهُ مِنَ السَّمَاءِ فَاخْتَلَطَ بِهِ نَبَاتُ الْأَرْضِ مِمَّا يَأْكُلُ النَّاسُ وَالْأَنْعَامُ حَتَّىٰ إِذَا أَخَذَتِ الْأَرْضُ زُخْرُفَهَا وَازَّيَّنَتْ وَظَنَّ أَهْلُهَا أَنَّهُمْ قَادِرُونَ عَلَيْهَا أَتَاهَا أَمْرُنَا لَيْلًا أَوْ نَهَارًا فَجَعَلْنَاهَا حَصِيدًا كَأَن لَّمْ تَغْنَ بِالْأَمْسِ ۚ كَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَتَفَكَّرُونَ(24) Sanépané kauripan donya iku mung kaya banyu, kang Ingsun turunaké saka ing mendhung, ban- jur nuwuhaké angrembaka tutuwu- haning bumi, kang minangka panganing manusa lan rajakaya; nganti, samangsa bumi manganggo panganggoné mas-masan sarta apapaès, lan wongé padha nyana yèn dhèwèké anguwasani marang iku, paréntah-Ingsun tumeka mro- no ing wengi utawa ing raina; mulané, iku Ingsun dadèkaké kaya wus dienèni, kaya-kaya iku dhèk wingi ora ana; kaya mangkono Ingsun amijangaké timbalan- timbalan tumrap wong kang padha mikir-mikir |
وَاللَّهُ يَدْعُو إِلَىٰ دَارِ السَّلَامِ وَيَهْدِي مَن يَشَاءُ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ(25) Lan Allah iku anguwuh ma- rang enggon karahayon sarta anun- tun sapa kang dadi karsané marang dalan kang bener |
۞ لِّلَّذِينَ أَحْسَنُوا الْحُسْنَىٰ وَزِيَادَةٌ ۖ وَلَا يَرْهَقُ وُجُوهَهُمْ قَتَرٌ وَلَا ذِلَّةٌ ۚ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ(26) Tumrap para kang padha anindakaké kabecikan, becik, lan luwih ; sarta keluwus ora bakal anglimputi rai-rainé, mangkono uga ina; yaiki wonging patamanan, padha ana ing kono pamanggoné |
وَالَّذِينَ كَسَبُوا السَّيِّئَاتِ جَزَاءُ سَيِّئَةٍ بِمِثْلِهَا وَتَرْهَقُهُمْ ذِلَّةٌ ۖ مَّا لَهُم مِّنَ اللَّهِ مِنْ عَاصِمٍ ۖ كَأَنَّمَا أُغْشِيَتْ وُجُوهُهُمْ قِطَعًا مِّنَ اللَّيْلِ مُظْلِمًا ۚ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ(27) Wondéné para kang padha amakolih ing ala, pidanané ala iku samurwaté, sarta ina bakal anekani dhèwèké – ora bakal duwé tata- mèng panulaking Allah – kaya- kaya rainé kalimputan ing péra- nganing wengi kang peteng lilimengan: ya iki wonging geni, padha ana ing kono pamanggoné |
وَيَوْمَ نَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا ثُمَّ نَقُولُ لِلَّذِينَ أَشْرَكُوا مَكَانَكُمْ أَنتُمْ وَشُرَكَاؤُكُمْ ۚ فَزَيَّلْنَا بَيْنَهُمْ ۖ وَقَالَ شُرَكَاؤُهُم مَّا كُنتُمْ إِيَّانَا تَعْبُدُونَ(28) Lan ing dina bakalé Ingsun angimpun dhèwèké kabèh, tumuli Ingsun bakal angandika marang para kang padha anjèjèraké sesem- bahan : Tetepa ing panggonanira, sira sarta jèjèranira! Tumuli bakal Ingsun pisahaké antarané dhèwèké, sarta jèjèrané acalathu: Rak ora marang aku anggonira padha angawula |
فَكَفَىٰ بِاللَّهِ شَهِيدًا بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ إِن كُنَّا عَنْ عِبَادَتِكُمْ لَغَافِلِينَ(29) Lah wis cukup Allah minang- ka saksi antarané aku lan kowé, yèn aku marang pangawulamu temen ora ngrumangsani |
هُنَالِكَ تَبْلُو كُلُّ نَفْسٍ مَّا أَسْلَفَتْ ۚ وَرُدُّوا إِلَى اللَّهِ مَوْلَاهُمُ الْحَقِّ ۖ وَضَلَّ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ(30) Ing kono siji-sijining jiwa padha dadi weruh apa kang wus padha dilakoni ing dhingin-dhi- ngin, sarta bakal padha dibalèkaké marang Allah, Bandarané kang satuhu, sarta sirna saka ing dhè- wèké apa bawa-anggité dhéwé |
قُلْ مَن يَرْزُقُكُم مِّنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ أَمَّن يَمْلِكُ السَّمْعَ وَالْأَبْصَارَ وَمَن يُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَيُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ وَمَن يُدَبِّرُ الْأَمْرَ ۚ فَسَيَقُولُونَ اللَّهُ ۚ فَقُلْ أَفَلَا تَتَّقُونَ(31) Calathua: Sapa sing angrije- kèni sira saka ing langit lan bumi? Utawa sapa kang anguwasani pangrungu lan pandeleng? Lan sapa kang angetokaké barang urip saka barang mati sarta angetokaké barang mati saka barang urip? Lan sapa kang mranata sakèhing pra- kara? Lah dhèwèké bakal padha mangsuli: Allah. Tumuli calathua: Lah apa ta sira ora bakal anjaga dhiri |
فَذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمُ الْحَقُّ ۖ فَمَاذَا بَعْدَ الْحَقِّ إِلَّا الضَّلَالُ ۖ فَأَنَّىٰ تُصْرَفُونَ(32) Lah yaiku Allah, Pangéra- nira, kang satuhu. Lah apa manèh saliyané kang satuhu kajaba kang sasar; lah kapriyé anggonira padha diéngokaké |
كَذَٰلِكَ حَقَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ عَلَى الَّذِينَ فَسَقُوا أَنَّهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ(33) Kaya mangkono, kayektèn sabdaning Pangéranira anibani para kang padha murang yekti, déné padha ora angèstu |
قُلْ هَلْ مِن شُرَكَائِكُم مَّن يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ ۚ قُلِ اللَّهُ يَبْدَأُ الْخَلْقَ ثُمَّ يُعِيدُهُ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ(34) Calathua: Apa sawenèhé para jèjèranira ana kang bisa analesi dumadi, banjur andadèkaké iku? Calathua: Allah kang analesi dumadi banjur andadèkaké iku; lah kapriyé anggonira padha diéngokaké |
قُلْ هَلْ مِن شُرَكَائِكُم مَّن يَهْدِي إِلَى الْحَقِّ ۚ قُلِ اللَّهُ يَهْدِي لِلْحَقِّ ۗ أَفَمَن يَهْدِي إِلَى الْحَقِّ أَحَقُّ أَن يُتَّبَعَ أَمَّن لَّا يَهِدِّي إِلَّا أَن يُهْدَىٰ ۖ فَمَا لَكُمْ كَيْفَ تَحْكُمُونَ(35) Calathua: Apa sawenèhé para jèjèranira ana kang nuntun marang yakti? Calathua: Allah kang nun- tun marang yakti, iku sing luwih bener tinuruta, apa ta sing ora ngambah dalan bener kajaba yèn tinuntuna? Lah apa ta iku tumrapé sira: kapriyé anggonira padha mutusi |
وَمَا يَتَّبِعُ أَكْثَرُهُمْ إِلَّا ظَنًّا ۚ إِنَّ الظَّنَّ لَا يُغْنِي مِنَ الْحَقِّ شَيْئًا ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِمَا يَفْعَلُونَ(36) Lan akèh-akèhé ora liya kajaba padha manut panyana; sayekti panyana iku ora makolèhi apa-apa ingatasé barang yekti; sayekti Allah iku udani marang apa kang padha dilakoni |
وَمَا كَانَ هَٰذَا الْقُرْآنُ أَن يُفْتَرَىٰ مِن دُونِ اللَّهِ وَلَٰكِن تَصْدِيقَ الَّذِي بَيْنَ يَدَيْهِ وَتَفْصِيلَ الْكِتَابِ لَا رَيْبَ فِيهِ مِن رَّبِّ الْعَالَمِينَ(37) Lan ora pisan kok Quran iki kena dianggit ing saliyané Allah, ananging iku minangka ambe- neraké kang sangarepéa sarta kate- rangan awijang kitab, ora ana semangé ing kono, saka Pangéraning ngalam ka- bèh |
أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَاهُ ۖ قُلْ فَأْتُوا بِسُورَةٍ مِّثْلِهِ وَادْعُوا مَنِ اسْتَطَعْتُم مِّن دُونِ اللَّهِ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(38) Apa ta dhèwèké padha cala- thu: Iku dhèwèké sing nganggit? Calathua: lah mara nekakna saebab kang padha karo iku, sarta ngajaka sapa sabisamu, saliyané Allah, manawa kowé padha temen.a |
بَلْ كَذَّبُوا بِمَا لَمْ يُحِيطُوا بِعِلْمِهِ وَلَمَّا يَأْتِهِمْ تَأْوِيلُهُ ۚ كَذَٰلِكَ كَذَّبَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۖ فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الظَّالِمِينَ(39) Ora, balik padha anggoro- haké marang barang kang dhèwèké ora amumpuni kawruhé, sarta wekasaning kadadéané durung tumeka marang dhèwèké; kaya mangkono para ing sadurungé anggorohaké ; lah delengen, kapriyé temahané para wong atindak dudu |
وَمِنْهُم مَّن يُؤْمِنُ بِهِ وَمِنْهُم مَّن لَّا يُؤْمِنُ بِهِ ۚ وَرَبُّكَ أَعْلَمُ بِالْمُفْسِدِينَ(40) Lan sawenèhé ana kang angèstu ing iku, sarta sawenèhé ana kang ora angèstu iku, lan Pangéranira iku luwih Angudanèni marang para kang agawé wisuna |
وَإِن كَذَّبُوكَ فَقُل لِّي عَمَلِي وَلَكُمْ عَمَلُكُمْ ۖ أَنتُم بَرِيئُونَ مِمَّا أَعْمَلُ وَأَنَا بَرِيءٌ مِّمَّا تَعْمَلُونَ(41) Lan manawa dhèwèké padha anggorohaké sira, lah calathua: Tumanja aku dhéwé panggawéku, lan tumanja sira dhéwé panggawé- nira; sira lebaran saka panggawéku lan aku lebaran saka panggawé sira |
وَمِنْهُم مَّن يَسْتَمِعُونَ إِلَيْكَ ۚ أَفَأَنتَ تُسْمِعُ الصُّمَّ وَلَوْ كَانُوا لَا يَعْقِلُونَ(42) Lan sawenèhé ana kang padha angrungokaké marang sira, nanging apa ta sira bisa awèh rungu wong budheg, sanajan padha ora gelem ngerti |
وَمِنْهُم مَّن يَنظُرُ إِلَيْكَ ۚ أَفَأَنتَ تَهْدِي الْعُمْيَ وَلَوْ كَانُوا لَا يُبْصِرُونَ(43) Lan sawenèhé ana kang ang- ingetaké marang sira, ananging apa ta sira bisa anuduhaké dalan wong wuta sanajan padha ora gelem andeleng |
إِنَّ اللَّهَ لَا يَظْلِمُ النَّاسَ شَيْئًا وَلَٰكِنَّ النَّاسَ أَنفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ(44) Sayekti Allah iku ora atindak dudu marang manusa, ananging manusa iku kang atindak dudu marang awaké dhéwé |
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ كَأَن لَّمْ يَلْبَثُوا إِلَّا سَاعَةً مِّنَ النَّهَارِ يَتَعَارَفُونَ بَيْنَهُمْ ۚ قَدْ خَسِرَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِلِقَاءِ اللَّهِ وَمَا كَانُوا مُهْتَدِينَ(45) Lan ing dinané Panjenengané bakal angimpun dhèwèké, kaya- kaya ora liya mung saejam ing wayah raina anggoné manggon, bakal padha weruh siji marang sijiné. Temen rusak para kang padha anggorohaké marang sapa- temon karo Allah, sarta dudu wong kang padha manut dadalan bener |
وَإِمَّا نُرِيَنَّكَ بَعْضَ الَّذِي نَعِدُهُمْ أَوْ نَتَوَفَّيَنَّكَ فَإِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ ثُمَّ اللَّهُ شَهِيدٌ عَلَىٰ مَا يَفْعَلُونَ(46) Lan lamuna Ingsun ameruh- aké sira sawenèhé kang Ingsun ancamaké dhèwèké, utawa Ingsun agawé patinira, lah iya marang Ingsun baliné, sartaa Allah iku Saksi tumrap sabarang panggawé- né |
وَلِكُلِّ أُمَّةٍ رَّسُولٌ ۖ فَإِذَا جَاءَ رَسُولُهُمْ قُضِيَ بَيْنَهُم بِالْقِسْطِ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ(47) Lan tumrap siji-sijining bang- sa wis ana Utusan; Lah sa- mangsa Utusané wis teka, prakara antarané dhèwèké dipancasi kala- wan jejeg, sarta ora bakal padha kinaniaya |
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(48) Lan dhèwèké padha calathu: Kapan kalakoné pangancam iki, manawa kowé temen |
قُل لَّا أَمْلِكُ لِنَفْسِي ضَرًّا وَلَا نَفْعًا إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۗ لِكُلِّ أُمَّةٍ أَجَلٌ ۚ إِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ فَلَا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً ۖ وَلَا يَسْتَقْدِمُونَ(49) Calathua: Marang awakku dhéwé aku ora anguwasani kang mitunani lan kang migunani, ka- jaba apa kaparenging Allah; siji-sijining bangsa iku ana wa- wangening mangsané; samangsa wawange-ning mangsané wis teka, lah ora bakal angèrèni saejam sarta ora bakal andhisiki |
قُلْ أَرَأَيْتُمْ إِنْ أَتَاكُمْ عَذَابُهُ بَيَاتًا أَوْ نَهَارًا مَّاذَا يَسْتَعْجِلُ مِنْهُ الْمُجْرِمُونَ(50) Calathua: Aku kandhanana manawa siksa-Né anekani sira ing wengi utawa raina! Apa ta kara- nané, déné prakara iku para wong duraka padha anggégé |
أَثُمَّ إِذَا مَا وَقَعَ آمَنتُم بِهِ ۚ آلْآنَ وَقَدْ كُنتُم بِهِ تَسْتَعْجِلُونَ(51) Apa ta samangsa wis kalakon sira bakal angèstu ing iku? Apa! saiki ! lan temen sira wus padha anggégé ing prakara iku |
ثُمَّ قِيلَ لِلَّذِينَ ظَلَمُوا ذُوقُوا عَذَابَ الْخُلْدِ هَلْ تُجْزَوْنَ إِلَّا بِمَا كُنتُمْ تَكْسِبُونَ(52) Tumuli dipangandikakaké marang para kang padha atindak dudu: Padha ngrasakana siksa kang awèt; ora pisan sira winales kajaba karana apa kang wus padha sira pakolih |
۞ وَيَسْتَنبِئُونَكَ أَحَقٌّ هُوَ ۖ قُلْ إِي وَرَبِّي إِنَّهُ لَحَقٌّ ۖ وَمَا أَنتُم بِمُعْجِزِينَ(53) Lan dhèwèké padha nyuwun nerang marang sira: Apa nyata iku? Kandhanana: Iya, dhemi Pa- ngéranku, sayekti iku temen nyata, lan ora bakal sira bisa suminggah |
وَلَوْ أَنَّ لِكُلِّ نَفْسٍ ظَلَمَتْ مَا فِي الْأَرْضِ لَافْتَدَتْ بِهِ ۗ وَأَسَرُّوا النَّدَامَةَ لَمَّا رَأَوُا الْعَذَابَ ۖ وَقُضِيَ بَيْنَهُم بِالْقِسْطِ ۚ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ(54) Lan manawa siji-sijining jiwa kang atindak dudu andarbènana sabarang kang ana ing bumi, iku masthi arep dienggo nebusi sarta angatonaké piduwungé kalané andeleng siksa lan ing kono prakara iku dipancasi kalawan jejeg, tuwin dhèwèké padha ora dianiaya |
أَلَا إِنَّ لِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۗ أَلَا إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ(55) O, sayekti kagungané Allah sabarang kang ana ing langit-langit lan bumi; O, sayekti janjiné Allah iku nyata, ananging kèh-kèhané padha ora weruh |
هُوَ يُحْيِي وَيُمِيتُ وَإِلَيْهِ تُرْجَعُونَ(56) Panjenengané iku kang apa- ring urip lan aparing pati, lan marang Panjenengané sira bakal dibalèkaké |
يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَتْكُم مَّوْعِظَةٌ مِّن رَّبِّكُمْ وَشِفَاءٌ لِّمَا فِي الصُّدُورِ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِّلْمُؤْمِنِينَ(57) É, para manusa! temen wis tumeka marang sira pitutur saka Pangéranira, sarta tamba tumrap apa kang ana ing sajroning ati-ati, sarta tuntunan tuwin wilasa tumrap para angèstu |
قُلْ بِفَضْلِ اللَّهِ وَبِرَحْمَتِهِ فَبِذَٰلِكَ فَلْيَفْرَحُوا هُوَ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُونَ(58) Calathua: Kalawan lubèring paparingé Allah sarta kalawan wilasa-Né, _ lah iya kalawan iku anggoné bakal padha seneng; iku luwih becik tinimbang apa kang diklumpukaké |
قُلْ أَرَأَيْتُم مَّا أَنزَلَ اللَّهُ لَكُم مِّن رِّزْقٍ فَجَعَلْتُم مِّنْهُ حَرَامًا وَحَلَالًا قُلْ آللَّهُ أَذِنَ لَكُمْ ۖ أَمْ عَلَى اللَّهِ تَفْتَرُونَ(59) Calatuhua: aku kandhanana barang kang katurunaké déning Allah marang sira arupa rejeki, banjur iku kang sawenèh sira dadèkaké larangan sarta kaidèn. Calathua: Apa Allah aparing idin marang sira apa ta sira agawé-gawé goroh tumrap marang Allah |
وَمَا ظَنُّ الَّذِينَ يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ إِنَّ اللَّهَ لَذُو فَضْلٍ عَلَى النَّاسِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَشْكُرُونَ(60) Lan apa baya panyanané para kang padha agawé-gawé goroh tumrap marang Allah ing dinané kiyamat? Sayekti Allah iku temen Kang kagungan lubèring paparing marang para manusa, ananging kèh-kèhané padha ora atur panu- wun |
وَمَا تَكُونُ فِي شَأْنٍ وَمَا تَتْلُو مِنْهُ مِن قُرْآنٍ وَلَا تَعْمَلُونَ مِنْ عَمَلٍ إِلَّا كُنَّا عَلَيْكُمْ شُهُودًا إِذْ تُفِيضُونَ فِيهِ ۚ وَمَا يَعْزُبُ عَن رَّبِّكَ مِن مِّثْقَالِ ذَرَّةٍ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ وَلَا أَصْغَرَ مِن ذَٰلِكَ وَلَا أَكْبَرَ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُّبِينٍ(61) Lah ora kena ora, manawa sira lagi anglakoni apa-apa, utawa lagi maca sapérangané Quran, utawa lagi anindakaké sawijining panggawé masthi Ingsun dadi Saksi ingatasé sira, kalané sira tumindak ing kono apa déné ora pisan kasamaran ing Pangéranira bobot samen- dhang ing bumi utawa ing langit, sarta ora kena ora kang luwih cilik saka iku utawa luwih gedhé, masthi ana ing jeroning kitab kang terang |
أَلَا إِنَّ أَوْلِيَاءَ اللَّهِ لَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ(62) O, sayekti para mitraning Allah – iku ora bakal padha kata- man wedi sarta ora bakal susah |
الَّذِينَ آمَنُوا وَكَانُوا يَتَّقُونَ(63) Para kang padha angèstu sarta padha prayitna |
لَهُمُ الْبُشْرَىٰ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَفِي الْآخِرَةِ ۚ لَا تَبْدِيلَ لِكَلِمَاتِ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَوْزُ الْعَظِيمُ(64) Bakal padha olèh warta bubu- ngah ing dalem kauripan donya lan ing dalem akhirat; Ora ana owah-owahé tumrap sabdaning Allah; iku pakolèh kang gedhé |
وَلَا يَحْزُنكَ قَوْلُهُمْ ۘ إِنَّ الْعِزَّةَ لِلَّهِ جَمِيعًا ۚ هُوَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ(65) Lan aja nganti pangucapé anusahaké sira, sayekti kawasa iku kagungané Allah kabèh; Panjene- ngané iku Ingkang-Miyarsa, Ing- kang-Ngudanèni |
أَلَا إِنَّ لِلَّهِ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَمَن فِي الْأَرْضِ ۗ وَمَا يَتَّبِعُ الَّذِينَ يَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ شُرَكَاءَ ۚ إِن يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ وَإِنْ هُمْ إِلَّا يَخْرُصُونَ(66) O, sayekti kagungané Allah sadhéngah kang ana ing langit- langit lan sadhéngah kang ana ing bumi; lan para kang padha anguwuh saliyané Allah iku ora temenan manuté sekuthoné; ora liya kajaba mung padha manut panyana lan ora liya kajaba mung padha goroh |
هُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ اللَّيْلَ لِتَسْكُنُوا فِيهِ وَالنَّهَارَ مُبْصِرًا ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّقَوْمٍ يَسْمَعُونَ(67) Panjenengané iku Kang anda- dèkaké wengi tumrap ing sira, supaya ing kono sira padha lerem, sarta raina kang amadhangi; sayekti ing kono iku temen ana tandha-tandha tumrap wong ngru- ngokaké |
قَالُوا اتَّخَذَ اللَّهُ وَلَدًا ۗ سُبْحَانَهُ ۖ هُوَ الْغَنِيُّ ۖ لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ إِنْ عِندَكُم مِّن سُلْطَانٍ بِهَٰذَا ۚ أَتَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ(68) Dhèwèké padha calathu: Allah iku angalap putra! Mahasuci Panjenengané; Panjenengané iku Ingkang-Sugih; kagungan-É samu- barang kang ana ing langit-langit lan samubarang kang ana ing bumi; sira ora duwé wisésa tumrap iki; apa ta sira iku padha calathu amitunani Allah barang kang sira padha ora weruh |
قُلْ إِنَّ الَّذِينَ يَفْتَرُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ لَا يُفْلِحُونَ(69) Calathua: Sayekti, para kang padha agawé-gawé goroh marang Allah, iku ora bakal begja |
مَتَاعٌ فِي الدُّنْيَا ثُمَّ إِلَيْنَا مَرْجِعُهُمْ ثُمَّ نُذِيقُهُمُ الْعَذَابَ الشَّدِيدَ بِمَا كَانُوا يَكْفُرُونَ(70) pasadhiyan ing donya, tumuli marang Ingsun bakal padha baliné, banjur bakal padha Ingsun icipaké siksa kang abanget, amarga saka anggoné padha angafiri |
۞ وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ نُوحٍ إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ يَا قَوْمِ إِن كَانَ كَبُرَ عَلَيْكُم مَّقَامِي وَتَذْكِيرِي بِآيَاتِ اللَّهِ فَعَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْتُ فَأَجْمِعُوا أَمْرَكُمْ وَشُرَكَاءَكُمْ ثُمَّ لَا يَكُنْ أَمْرُكُمْ عَلَيْكُمْ غُمَّةً ثُمَّ اقْضُوا إِلَيَّ وَلَا تُنظِرُونِ(71) Lan sira macakna marang dhèwèké warta marang lalakoné Nuha nalika calathu marang bangsané: É, bangsaku! Manawa pamanggonku sarta pépélingku kalawan timba- lan-timbalané Allah abot ingatasé sira, _ lah marang Allah anggonku suméndhé – lah pancasana praka- ranira sarta para seku- tonira, tumuli aja nganti prakara- nira iku semang-semang ing atasé sira, banjur padha ngrampungana marang aku, ora susah aku sira wènèhi sumené |
فَإِن تَوَلَّيْتُمْ فَمَا سَأَلْتُكُم مِّنْ أَجْرٍ ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَى اللَّهِ ۖ وَأُمِرْتُ أَنْ أَكُونَ مِنَ الْمُسْلِمِينَ(72) Déné manawa sira padha mlèngos, lah ora pisan aku anjaluk pituwas ing sira; ora liya pitu- wasku kajaba ana ing Allah, sarta aku didhawuhi supaya aku dadi golongané wong sing padha sumarah |
فَكَذَّبُوهُ فَنَجَّيْنَاهُ وَمَن مَّعَهُ فِي الْفُلْكِ وَجَعَلْنَاهُمْ خَلَائِفَ وَأَغْرَقْنَا الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۖ فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُنذَرِينَ(73) Ananging padha angemohi dhèwèké, mulané Ingsun anyala- metaké dhèwèké karo réwangé ana ing prau sarta padha Ingsun dadèkaké pamaréntah lan para kang padha angemohi ing timba- lan-timbalan Ingsun padha Ingsun kelem;a Lah delengan kapriyé katemahané wong kang padha diélingaké |
ثُمَّ بَعَثْنَا مِن بَعْدِهِ رُسُلًا إِلَىٰ قَوْمِهِمْ فَجَاءُوهُم بِالْبَيِّنَاتِ فَمَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا بِمَا كَذَّبُوا بِهِ مِن قَبْلُ ۚ كَذَٰلِكَ نَطْبَعُ عَلَىٰ قُلُوبِ الْمُعْتَدِينَ(74) Tumuli ing sawisé dhèwèké Ingsun anjumenengaké utusan- utusan marang bangsa-bangsané; mulané padha anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti cetha, ana- nging dhèwèké padha ora gelem angèstu marang apa kang padha diemohi dhèk sadurungé; kaya mangkono Ingsun angecap ati-ati- né para kang mlangkah wates |
ثُمَّ بَعَثْنَا مِن بَعْدِهِم مُّوسَىٰ وَهَارُونَ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ بِآيَاتِنَا فَاسْتَكْبَرُوا وَكَانُوا قَوْمًا مُّجْرِمِينَ(75) Tumuli ing sawisé dhèwèké Ingsun anjumenengaké Musa lan Harun marang Fir’aun sarta kepala-kepalanéa kalawan tandha- tandha-Ningsun,b ananging dhèwè- ké padha gumedhé sarta dhèwèké iku bangsa kang duraka |
فَلَمَّا جَاءَهُمُ الْحَقُّ مِنْ عِندِنَا قَالُوا إِنَّ هَٰذَا لَسِحْرٌ مُّبِينٌ(76) Lah bareng kanyataan saka ngarsa-Ningsun anekani dhèwèké, padha calathu: Sayekti iki temen kemayan kang terang |
قَالَ مُوسَىٰ أَتَقُولُونَ لِلْحَقِّ لَمَّا جَاءَكُمْ ۖ أَسِحْرٌ هَٰذَا وَلَا يُفْلِحُ السَّاحِرُونَ(77) Musa calathu: Apa sira padha angarani barang yakti bareng wus anekani sira? Apa ta iki kemayan? Lan para ahli kemayan iku ora bakal begja |
قَالُوا أَجِئْتَنَا لِتَلْفِتَنَا عَمَّا وَجَدْنَا عَلَيْهِ آبَاءَنَا وَتَكُونَ لَكُمَا الْكِبْرِيَاءُ فِي الْأَرْضِ وَمَا نَحْنُ لَكُمَا بِمُؤْمِنِينَ(78) Dhèwèké padha calathu: Apa tekanira mréné amriha aku padha oncat saka apa kang padha dak temu ing bapak-bapakku, sarta kaagungan ing bumi dadia darbèkira wong loro? Lan ora pisan aku bakal angèstu ing sira sakaroné |
وَقَالَ فِرْعَوْنُ ائْتُونِي بِكُلِّ سَاحِرٍ عَلِيمٍ(79) Lan Fir’aun calathu: Tekakna mréné sarupané ahli kemayan kang wegig |
فَلَمَّا جَاءَ السَّحَرَةُ قَالَ لَهُم مُّوسَىٰ أَلْقُوا مَا أَنتُم مُّلْقُونَ(80) Lah bareng para ahli kema- yan wus padha teka, Musa acalathu marang dhèwèké kabèh: Padha tibakna apa kang bakal padha kok tibakaké |
فَلَمَّا أَلْقَوْا قَالَ مُوسَىٰ مَا جِئْتُم بِهِ السِّحْرُ ۖ إِنَّ اللَّهَ سَيُبْطِلُهُ ۖ إِنَّ اللَّهَ لَا يُصْلِحُ عَمَلَ الْمُفْسِدِينَ(81) Lah bareng dhèwèké wis padha anibakaké, Musa acalathu: Apa kang padha kotekakaké iku kemayan; sayekti Allah bakal anjugaraké iku;a sayekti Allah iku ora bakal nyempuluraké pangga- wéné para kang agawé wisuna |
وَيُحِقُّ اللَّهُ الْحَقَّ بِكَلِمَاتِهِ وَلَوْ كَرِهَ الْمُجْرِمُونَ(82) Lah Allah bakal anetepaké kayektèning barang yakti kalawan sabda-sabda-Né sanajan para dura- ka padha gething |
فَمَا آمَنَ لِمُوسَىٰ إِلَّا ذُرِّيَّةٌ مِّن قَوْمِهِ عَلَىٰ خَوْفٍ مِّن فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِمْ أَن يَفْتِنَهُمْ ۚ وَإِنَّ فِرْعَوْنَ لَعَالٍ فِي الْأَرْضِ وَإِنَّهُ لَمِنَ الْمُسْرِفِينَ(83) Ananging ora ana wong angèstu marang Musa kajaba turuning bangsané, saking wediné marang Fir’aun sarta kepala- kepalané yèn bakal padha kinuya- kuya; lan sayekti Fir’aun iku luhur temenan ana ing bumi , lan sayekti dhèwèké iku èwoné wong kang padha keladuk |
وَقَالَ مُوسَىٰ يَا قَوْمِ إِن كُنتُمْ آمَنتُم بِاللَّهِ فَعَلَيْهِ تَوَكَّلُوا إِن كُنتُم مُّسْلِمِينَ(84) Lan Musa acalathu: É, bang- saku, manawa kowé padha angèstu ing Allah, lah padha suméndhéa marang Panjenengané , manawa kowé iku padha wong sumarah |
فَقَالُوا عَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْنَا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا فِتْنَةً لِّلْقَوْمِ الظَّالِمِينَ(85) Mulané dhèwèké padha cala- thu: Ing Allah sèndhèn kawula: Dhuh Pangéran kawula! mugi kawula sampun Tuwan dadosaken puruging panguya-uyanipun titi- yang ingkang atindak aniaya |
وَنَجِّنَا بِرَحْمَتِكَ مِنَ الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ(86) Saha mugi kawula Tuwan wilujengaken saking titiyang ing- kang kafir kalayan wilasa Tuwan |
وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ وَأَخِيهِ أَن تَبَوَّءَا لِقَوْمِكُمَا بِمِصْرَ بُيُوتًا وَاجْعَلُوا بُيُوتَكُمْ قِبْلَةً وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ ۗ وَبَشِّرِ الْمُؤْمِنِينَ(87) Lan Ingsun amedhar sabda marang Musa sarta saduluré, sabda-Ningsun: Ameka omah ing Mesir kanggo wong-wongira, sarta omah-omahira padha sira dadèkna pasalatan, tuwin padha anju- menengna salat, apa déné awèha warta bubungah marang para angèstu |
وَقَالَ مُوسَىٰ رَبَّنَا إِنَّكَ آتَيْتَ فِرْعَوْنَ وَمَلَأَهُ زِينَةً وَأَمْوَالًا فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا رَبَّنَا لِيُضِلُّوا عَن سَبِيلِكَ ۖ رَبَّنَا اطْمِسْ عَلَىٰ أَمْوَالِهِمْ وَاشْدُدْ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَلَا يُؤْمِنُوا حَتَّىٰ يَرَوُا الْعَذَابَ الْأَلِيمَ(88) Sarta Musa munjuk: Pangé- ran kawula! Saèstu Tuwan sampun maringi Fir’aun dalah para kepala- kepalanipun papaès saha bandha ing salebetipun gesang ing donya, Pangéran kawula! temah sami dipun anggé nasaraken saking margi Tuwan: Pangéran kawula! mugi Tuwan nyirnakaken bandhanipun saha angatosaken manah-manahipun, lah piyam- bakipun sami boten angèstu ngan- tos sami aningali siksa ingkang nyakiti |
قَالَ قَدْ أُجِيبَت دَّعْوَتُكُمَا فَاسْتَقِيمَا وَلَا تَتَّبِعَانِّ سَبِيلَ الَّذِينَ لَا يَعْلَمُونَ(89) Panjenengané angandika: Te- men wis sinembadan panyuwunira wong loro, mulané padha ditetep ing dadalan kang bener lan aja padha manut dadalané para kang padha ora weruh |
۞ وَجَاوَزْنَا بِبَنِي إِسْرَائِيلَ الْبَحْرَ فَأَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ وَجُنُودُهُ بَغْيًا وَعَدْوًا ۖ حَتَّىٰ إِذَا أَدْرَكَهُ الْغَرَقُ قَالَ آمَنتُ أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا الَّذِي آمَنَتْ بِهِ بَنُو إِسْرَائِيلَ وَأَنَا مِنَ الْمُسْلِمِينَ(90) Lan Ingsun ngarsakaké ing turuning Israil anyabrang sagara,a tumuli Fir’aun sawadyabalané anututi dhèwèké karana panindhe- san lan panganiaya, nganti nalika pangelem anempuh dhèwèké, dhè- wèké acalathu: kula angèstu, bilih boten wonten sesembahan kajawi ingkang dipun èstu para turun Israil, sarta kula punika èwonipun para ingkang sami sumarah |
آلْآنَ وَقَدْ عَصَيْتَ قَبْلُ وَكُنتَ مِنَ الْمُفْسِدِينَ(91) Apa! saiki! Lan temen mauné sira andaga lan sira dadi èwoné para kang agawé wisuna |
فَالْيَوْمَ نُنَجِّيكَ بِبَدَنِكَ لِتَكُونَ لِمَنْ خَلْفَكَ آيَةً ۚ وَإِنَّ كَثِيرًا مِّنَ النَّاسِ عَنْ آيَاتِنَا لَغَافِلُونَ(92) Ananging tumrap badanira, ing dina iki sira bakal Ingsun slametaké, supaya sira dadia tan- dha tumrap sapa-sapa ing sa- pungkurira, lan sayekti kèh-kèhé manusa iku marang tandha-tandha- Ningsun temen padha léna |
وَلَقَدْ بَوَّأْنَا بَنِي إِسْرَائِيلَ مُبَوَّأَ صِدْقٍ وَرَزَقْنَاهُم مِّنَ الطَّيِّبَاتِ فَمَا اخْتَلَفُوا حَتَّىٰ جَاءَهُمُ الْعِلْمُ ۚ إِنَّ رَبَّكَ يَقْضِي بَيْنَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فِيمَا كَانُوا فِيهِ يَخْتَلِفُونَ(93) Lan sayekti temen Ingsun agenggonaké turuning Israil ana ing panggonan kang utama sarta padha Ingsun paringi rejeki arupa barang apik-apik; lah dhèwèké pa- dha ora pasulayan nganti satekané kawruh ing dhèwèké; sayekti Pangéranira bakal amancasi ing antarané dhèwèké, ing dina kiya- mat, tumrap prakara, kang ing kono dhèwèké padha apasulayan |
فَإِن كُنتَ فِي شَكٍّ مِّمَّا أَنزَلْنَا إِلَيْكَ فَاسْأَلِ الَّذِينَ يَقْرَءُونَ الْكِتَابَ مِن قَبْلِكَ ۚ لَقَدْ جَاءَكَ الْحَقُّ مِن رَّبِّكَ فَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُمْتَرِينَ(94) Lah lamun sira ana ing dalem semang-semang marang apa kang wus Ingsun dhawuhaké ma- rang sira, lah takokna para kang padha maca Kitab ing saduru- ngira; sayekti temen wus tumeka marang sira kanyataan saka Pangé- ranira, mulané aja sira dadi éwoné wong kang padha amadoni |
وَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِ اللَّهِ فَتَكُونَ مِنَ الْخَاسِرِينَ(95) Lan aja sira dadi èwoné para wong kang padha anggorohaké marang timbalan-timbalaning Allah, mundhak sira dadi èwoné wong kang padha kapitunan |
إِنَّ الَّذِينَ حَقَّتْ عَلَيْهِمْ كَلِمَتُ رَبِّكَ لَا يُؤْمِنُونَ(96) Sayekti ora bakal angèstu para kang sabdaning Pangéranira wus kanyataan anibani dhèwèké |
وَلَوْ جَاءَتْهُمْ كُلُّ آيَةٍ حَتَّىٰ يَرَوُا الْعَذَابَ الْأَلِيمَ(97) Lan sanajan sarupané tandha- tandha wus tumeka dhèwèké, nganti tumeka dhèwèké padha amanoni siksa kang nglarani |
فَلَوْلَا كَانَتْ قَرْيَةٌ آمَنَتْ فَنَفَعَهَا إِيمَانُهَا إِلَّا قَوْمَ يُونُسَ لَمَّا آمَنُوا كَشَفْنَا عَنْهُمْ عَذَابَ الْخِزْيِ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا وَمَتَّعْنَاهُمْ إِلَىٰ حِينٍ(98) Lah yagéné ora ana kutha sa- wiji kang angèstu, kang satemah anggoné angèstu iku amigunani marang dhèwèké, kajaba bangsané Yunus? Bareng padha angèstu, Ingsun ambirat siksa kang anga- soraké ing dalem kauripan donya saka dhèwèké, sarta Ingsun apa- ring pasadhiyan dhèwèké tumeka samangsa |
وَلَوْ شَاءَ رَبُّكَ لَآمَنَ مَن فِي الْأَرْضِ كُلُّهُمْ جَمِيعًا ۚ أَفَأَنتَ تُكْرِهُ النَّاسَ حَتَّىٰ يَكُونُوا مُؤْمِنِينَ(99) Lan lamun Pangéranira angar- sakna, amasthi sapa baé sarupané kang ana ing bumi padha angèstu kabèh; lah apa ta sira bakal meksa wong-wong iku nganti dadi wong angèstu |
وَمَا كَانَ لِنَفْسٍ أَن تُؤْمِنَ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ وَيَجْعَلُ الرِّجْسَ عَلَى الَّذِينَ لَا يَعْقِلُونَ(100) Lan ora mungguh tumrapé jiwa yèn ta angèstua, kajaba kala- wan idining Allah; Panjenengané andhawahaké jejember marang pa- ra kang padha ora gelem ngerti |
قُلِ انظُرُوا مَاذَا فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ وَمَا تُغْنِي الْآيَاتُ وَالنُّذُرُ عَن قَوْمٍ لَّا يُؤْمِنُونَ(101) Calathua: Padha awasna, apa ta kang ana ing langit-langit lan ing bumi. Lan tandha-tandha sarta juru-pépéling iku ora mako- lèhi marang wong kang padha ora angèstu |
فَهَلْ يَنتَظِرُونَ إِلَّا مِثْلَ أَيَّامِ الَّذِينَ خَلَوْا مِن قَبْلِهِمْ ۚ قُلْ فَانتَظِرُوا إِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُنتَظِرِينَ(102) Lah dhèwèké padha anga- rep-arep apa ta kajaba sapadhané dina-dinané para kang wus padha kliwat sadurungé? Calathua: Lah padha angarep-arepa; lan sayekti, aku iki barenganira, éwoné para wong kang padha angarep-arep |
ثُمَّ نُنَجِّي رُسُلَنَا وَالَّذِينَ آمَنُوا ۚ كَذَٰلِكَ حَقًّا عَلَيْنَا نُنجِ الْمُؤْمِنِينَ(103) Tumuli Ingsun anylametaké para utusan-Ingsun sarta para kang padha angèstu – kaya mangkono, wus wajib ingatasé Ingsun Ingsun anyalametaké para wong kang padha angèstu |
قُلْ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِن كُنتُمْ فِي شَكٍّ مِّن دِينِي فَلَا أَعْبُدُ الَّذِينَ تَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ وَلَٰكِنْ أَعْبُدُ اللَّهَ الَّذِي يَتَوَفَّاكُمْ ۖ وَأُمِرْتُ أَنْ أَكُونَ مِنَ الْمُؤْمِنِينَ(104) Calathua: É, para manusa, manawa sira padha dumunung ana ing sajroning semang-semang ma- rang agamaku, lah aku ora angawulani kang padha sira kawulani saliyané Allah, ananging aku ngawulani Allah, kang bakal agawé patinira, sarta aku didhawuhi supaya aku dadi golongané wong kang padha angèstu |
وَأَنْ أَقِمْ وَجْهَكَ لِلدِّينِ حَنِيفًا وَلَا تَكُونَنَّ مِنَ الْمُشْرِكِينَ(105) Sarta supaya sira anjejegna adhepira marang agama kanthi tulus, lan aja sira dadi golongané wong kang manembah pangéran akèh |
وَلَا تَدْعُ مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَنفَعُكَ وَلَا يَضُرُّكَ ۖ فَإِن فَعَلْتَ فَإِنَّكَ إِذًا مِّنَ الظَّالِمِينَ(106) Lan aja anyunyuwun ing saliyané Allah, sabarang kang ora bisa amakolèhi sira sarta ora bisa amitunani sira; amarga manawa sira tumindak , lah sayekti sira ing kono bakal dadi golongané para kang atindak dudu |
وَإِن يَمْسَسْكَ اللَّهُ بِضُرٍّ فَلَا كَاشِفَ لَهُ إِلَّا هُوَ ۖ وَإِن يُرِدْكَ بِخَيْرٍ فَلَا رَادَّ لِفَضْلِهِ ۚ يُصِيبُ بِهِ مَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۚ وَهُوَ الْغَفُورُ الرَّحِيمُ(107) Lan manawa Allah ange- nani sira kalawan pituna, lah iku ora ana kang bisa ambirat kajaba Panjenengané; lan manawa Panje- nengané angarsakaké sira antuk becik, lah ora ana kang bisa nulak ing lubèring-paparing-É; Panjene- ngané amatedhakaké iku marang kawula-Né, endi kang dadi kapa- reng-É; lan Panjenengané iku Kang-Aparamarta, Kang-Mahaasih |
قُلْ يَا أَيُّهَا النَّاسُ قَدْ جَاءَكُمُ الْحَقُّ مِن رَّبِّكُمْ ۖ فَمَنِ اهْتَدَىٰ فَإِنَّمَا يَهْتَدِي لِنَفْسِهِ ۖ وَمَن ضَلَّ فَإِنَّمَا يَضِلُّ عَلَيْهَا ۖ وَمَا أَنَا عَلَيْكُم بِوَكِيلٍ(108) Calathua: É, para manusa! temen wis tumeka ing sira kasu- nyatan saka Pangéranira; mulané, sapa sing angambah dalan bener, pangambahé dalan bener iku iya mung makolèhi marang jiwané dhéwé, lan sapa sing nasar, lah nasaré iku uga mung mitunani mrono, lan aku iki dudu kang rumeksa marang sira |
وَاتَّبِعْ مَا يُوحَىٰ إِلَيْكَ وَاصْبِرْ حَتَّىٰ يَحْكُمَ اللَّهُ ۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحَاكِمِينَ(109) Lan mituruta apa kang dhinawuhaké marang sira sarta disabar nganti Allah aparing pan- casan, lan Panjenengané iku becik- beciké para ahli mancasi |