الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَلَهُ الْحَمْدُ فِي الْآخِرَةِ ۚ وَهُوَ الْحَكِيمُ الْخَبِيرُ(1) Sakabehing puji kagungane Allah, kang kagungan samu barang isining bumi lan langit lan besuk ana akhirat (Allah uga kagunga sakehing puji ana donya) Allah iku wicaksana tur waspada |
يَعْلَمُ مَا يَلِجُ فِي الْأَرْضِ وَمَا يَخْرُجُ مِنْهَا وَمَا يَنزِلُ مِنَ السَّمَاءِ وَمَا يَعْرُجُ فِيهَا ۚ وَهُوَ الرَّحِيمُ الْغَفُورُ(2) Allah iku nguningani samu barang kang malebu marang bumi sarana dipendhem utawa liyane, lan barang kang metu saka bumi sarana thukul utawa liyane |
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لَا تَأْتِينَا السَّاعَةُ ۖ قُلْ بَلَىٰ وَرَبِّي لَتَأْتِيَنَّكُمْ عَالِمِ الْغَيْبِ ۖ لَا يَعْزُبُ عَنْهُ مِثْقَالُ ذَرَّةٍ فِي السَّمَاوَاتِ وَلَا فِي الْأَرْضِ وَلَا أَصْغَرُ مِن ذَٰلِكَ وَلَا أَكْبَرُ إِلَّا فِي كِتَابٍ مُّبِينٍ(3) Wong kafir padha celathu, "Dina Qiyamat iku mangsa kelakona. (Muhammad) sira mangsulana, "Demi Pangeranku kang nguningani barang kang samar - samar ora pisan kasamaran saboboting semut kang cilik dhewe ana bumi lan langit. Apa dene barang kang luwih cilik utawa luwih gedhe tinimbang semut mahu. Kabeh wis tinulis ana Kitab kang cetha (Lauh Mahfudz) |
لِّيَجْزِيَ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ ۚ أُولَٰئِكَ لَهُم مَّغْفِرَةٌ وَرِزْقٌ كَرِيمٌ(4) Allah bakal ganjar para mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik, kabeh padha diapura kaluputane lan diparingi rizki kang mulya |
وَالَّذِينَ سَعَوْا فِي آيَاتِنَا مُعَاجِزِينَ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ مِّن رِّجْزٍ أَلِيمٌ(5) Sarupane wong kang hangarah jugaring al-Qur’an ayatingsung, ngira yen Ingsun iki apes. Wong mangkono mahu bakal Ingsun patrapi siksa kang hala tur ngelarani |
وَيَرَى الَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ الَّذِي أُنزِلَ إِلَيْكَ مِن رَّبِّكَ هُوَ الْحَقَّ وَيَهْدِي إِلَىٰ صِرَاطِ الْعَزِيزِ الْحَمِيدِ(6) Wong kang padha diparingi kaweruh surasane itab kuna, weruh yen al-Qu’an kang didhawuhake dening Pangeranira marang sira iku nyata temen. Lan dadi pituduh marang dalaning Pangeran kang mulya tur pinuji |
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا هَلْ نَدُلُّكُمْ عَلَىٰ رَجُلٍ يُنَبِّئُكُمْ إِذَا مُزِّقْتُمْ كُلَّ مُمَزَّقٍ إِنَّكُمْ لَفِي خَلْقٍ جَدِيدٍ(7) Wong kafir padha celathu marang kancane, "Mara kowe tak tuduhake sawijining wong lanang (hiya iku nabi Muhammad) kang pitutur marang kowe, ing besuk yen kowe wis mati ajur dadi lemah, ing tembe kowe bakal diuripake maneh dadi titah anyar |
أَفْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَم بِهِ جِنَّةٌ ۗ بَلِ الَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ بِالْآخِرَةِ فِي الْعَذَابِ وَالضَّلَالِ الْبَعِيدِ(8) Apa dheweke (Muhammad) pitutur mengkono mahu jaragan gawe - gawe celathu goroh diakokake terang saka Allah apa duwe lara howah ? (Ora) nanging wong kang padha ora ngandel bakal anane akherat iku wong kesasar banget ing tembe bakal padha dipatrapi siksa |
أَفَلَمْ يَرَوْا إِلَىٰ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُم مِّنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۚ إِن نَّشَأْ نَخْسِفْ بِهِمُ الْأَرْضَ أَوْ نُسْقِطْ عَلَيْهِمْ كِسَفًا مِّنَ السَّمَاءِ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِّكُلِّ عَبْدٍ مُّنِيبٍ(9) Ya gene wong kafir padha ora deleng bumi lan langitk kang ana ngarepe lan burine? Kabeh kagungane Ingsun. Menawa ana parenge Ingsun wong kafir mau diuntal bumi, utawa diudane gempalaning langti, mesthi kelakon. Kang kaya mangkono mahu tumrap kawulaningsun kang sumungkem, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun |
۞ وَلَقَدْ آتَيْنَا دَاوُودَ مِنَّا فَضْلًا ۖ يَا جِبَالُ أَوِّبِي مَعَهُ وَالطَّيْرَ ۖ وَأَلَنَّا لَهُ الْحَدِيدَ(10) Ingsun maringi kaluwihan marang Dawud (Pangandikaningsun), "He gunung lan manuk kabeh sira melha Dawud padha nyebuta Maha Suci marang Ingsun." Lan anglemesake wesi ana ing tangane (Dawud) |
أَنِ اعْمَلْ سَابِغَاتٍ وَقَدِّرْ فِي السَّرْدِ ۖ وَاعْمَلُوا صَالِحًا ۖ إِنِّي بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ(11) Yaiku gawea kelambi wesi tranjangane kang rapet. Sira lan kancanira padha nglakonono penggawe becik. Ingsun iki mirsani samu barang kang padha sira lakoni |
وَلِسُلَيْمَانَ الرِّيحَ غُدُوُّهَا شَهْرٌ وَرَوَاحُهَا شَهْرٌ ۖ وَأَسَلْنَا لَهُ عَيْنَ الْقِطْرِ ۖ وَمِنَ الْجِنِّ مَن يَعْمَلُ بَيْنَ يَدَيْهِ بِإِذْنِ رَبِّهِ ۖ وَمَن يَزِغْ مِنْهُمْ عَنْ أَمْرِنَا نُذِقْهُ مِنْ عَذَابِ السَّعِيرِ(12) Ingsun maringi bala angin marang Sulaiman, lakune angin mau satengah dina wiwit esuk padha lelakon sesasi, awit tengahe tekan surup uga kelakon sesai. Lan maneh Ingsun ndhelikake tembaga mili saka ing pelikane kaya kali (kanggo butuhe Sulaiman) apa dene Sulaiman Ingsun wenangake marintah sarupaning Jin. Sawenehing jin mahu ana kang nyambut gawe ngelakoni perintahe Sulaiman kelawan izining Pangerane. Jin mau sing sapa hambangkan parintah Ingsun, banjur Ingsun weruhake siksane neraka Sa’ir |
يَعْمَلُونَ لَهُ مَا يَشَاءُ مِن مَّحَارِيبَ وَتَمَاثِيلَ وَجِفَانٍ كَالْجَوَابِ وَقُدُورٍ رَّاسِيَاتٍ ۚ اعْمَلُوا آلَ دَاوُودَ شُكْرًا ۚ وَقَلِيلٌ مِّنْ عِبَادِيَ الشَّكُورُ(13) Jin mahu padha ngestokake dhawuhe SUlaiman, kang gawekake pirang - pirang masjid, reca, belumbang, kendhil gedhe banget, nganti ora kena dielih. He para kawula-wargane nabi Dawud sira padha ngelakonana syukur ing Allah. Para kawulaningsun kang syukur mung sethithik |
فَلَمَّا قَضَيْنَا عَلَيْهِ الْمَوْتَ مَا دَلَّهُمْ عَلَىٰ مَوْتِهِ إِلَّا دَابَّةُ الْأَرْضِ تَأْكُلُ مِنسَأَتَهُ ۖ فَلَمَّا خَرَّ تَبَيَّنَتِ الْجِنُّ أَن لَّوْ كَانُوا يَعْلَمُونَ الْغَيْبَ مَا لَبِثُوا فِي الْعَذَابِ الْمُهِينِ(14) Bareng Sulaiman wis Ingsun kersakake mati ora ana kang weruh yen wis mati, konangan awit tekne dipangan rayap. Bareng tekene tugel Sulaiman banjur ambruk, Ing kono jin kang ngaku weruh barang ghoib tetela goroh. Awit menawa jin weruh barang ghoib banjur ora gelem ngelakoni pegaweyan abot, prasasat ana sajeroning siksa kang ngremehake |
لَقَدْ كَانَ لِسَبَإٍ فِي مَسْكَنِهِمْ آيَةٌ ۖ جَنَّتَانِ عَن يَمِينٍ وَشِمَالٍ ۖ كُلُوا مِن رِّزْقِ رَبِّكُمْ وَاشْكُرُوا لَهُ ۚ بَلْدَةٌ طَيِّبَةٌ وَرَبٌّ غَفُورٌ(15) Palemahan ing tanah Saba’ kang dienggoni, ana tandha yekti kuwasaning Allah, ing kono ana sisih tengen lan kiwa. Ing kono padha didhawuhi (dening Nabi terang saka Allah), "Kowe padha mangan rizki peparenging Allah Pangeranmu, lan padha syukura ing Pangeranmu." (Negaramu) mau negara kang becik, lan (Pangeranmu) iku Pangeran kang ngapura dosa |
فَأَعْرَضُوا فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ سَيْلَ الْعَرِمِ وَبَدَّلْنَاهُم بِجَنَّتَيْهِمْ جَنَّتَيْنِ ذَوَاتَيْ أُكُلٍ خَمْطٍ وَأَثْلٍ وَشَيْءٍ مِّن سِدْرٍ قَلِيلٍ(16) Wong ing kono padha malengos, mulane banjur Ingsun tekani banjur gedhe. Palemahe kang loh rong panggonan mahu, Ingsun dadekake palemahan cengkar kang metokake woh - wohan pahit lan woh Atsl lan sethithik woh Sidr |
ذَٰلِكَ جَزَيْنَاهُم بِمَا كَفَرُوا ۖ وَهَلْ نُجَازِي إِلَّا الْكَفُورَ(17) Kang mangkono mahu Ingsun anggo matrapi para turunane Saba’. Marga anggone kafir. Sapata kang Ingsun patrapi mangkono kajaba wong kafir |
وَجَعَلْنَا بَيْنَهُمْ وَبَيْنَ الْقُرَى الَّتِي بَارَكْنَا فِيهَا قُرًى ظَاهِرَةً وَقَدَّرْنَا فِيهَا السَّيْرَ ۖ سِيرُوا فِيهَا لَيَالِيَ وَأَيَّامًا آمِنِينَ(18) Ingsun ndokoki desa pirang - pirang kang urut - urutan. Apa antarane desa panggonane wong turun Saba’ lan negara kang Ingsun berkahi (iku negara Syam). Adoh cedhake siji - sijine desa watara sapelerene wong mlaku. Sira padha melaku ana ing dalan iku pirang - pirang dina lan wengi kelawan tentrem |
فَقَالُوا رَبَّنَا بَاعِدْ بَيْنَ أَسْفَارِنَا وَظَلَمُوا أَنفُسَهُمْ فَجَعَلْنَاهُمْ أَحَادِيثَ وَمَزَّقْنَاهُمْ كُلَّ مُمَزَّقٍ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّكُلِّ صَبَّارٍ شَكُورٍ(19) (Wong Saba’) banjur padha munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, paduka mugi nebihna lelampahan kawula punika". (Wong Saba’) mahu padha nganiaya awake dhewe. Mulane banjur Ingsun buyarake dadi pada pating blesar marang negara liya. Lelakone mahu Ingsun dadekake ceritera marang sapungkure, tumrap wong kang teguh atine sarta syukur ing Allah, mesthi dadi tandha yekti kuwasaningsun |
وَلَقَدْ صَدَّقَ عَلَيْهِمْ إِبْلِيسُ ظَنَّهُ فَاتَّبَعُوهُ إِلَّا فَرِيقًا مِّنَ الْمُؤْمِنِينَ(20) Iblis wis gawe kanyataan, titis kaya panyanane wong Saba’. Wong Saba’ banjur padha manut laku jantrane Iblis. Kajaba mung wong mukmin sathihik |
وَمَا كَانَ لَهُ عَلَيْهِم مِّن سُلْطَانٍ إِلَّا لِنَعْلَمَ مَن يُؤْمِنُ بِالْآخِرَةِ مِمَّنْ هُوَ مِنْهَا فِي شَكٍّ ۗ وَرَبُّكَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ حَفِيظٌ(21) Iblis anggone INgsun gadhuhi panguawasa bisa anggoda manungsa, iku ora liya mung supaya Ingsun bisa nguningani kelawan gumelar sapa kang temen pracaya lan sapa kang mamang anane dina akherat mau, Allah Pangeranira iku nyatethi samu barang |
قُلِ ادْعُوا الَّذِينَ زَعَمْتُم مِّن دُونِ اللَّهِ ۖ لَا يَمْلِكُونَ مِثْقَالَ ذَرَّةٍ فِي السَّمَاوَاتِ وَلَا فِي الْأَرْضِ وَمَا لَهُمْ فِيهِمَا مِن شِرْكٍ وَمَا لَهُ مِنْهُم مِّن ظَهِيرٍ(22) (Muhammad) Sira dhawuha marang wong kafir, mara padha njaluka marang brahala kang padha kok anggep pangeran liyane Allah. Brahala mau ora dhuwe isining bumi lan langit sabotoning semut. Melu duwe bae ora. Allah anggone yasa samubarang kang dumadi, tanpa pitulunganing brahala |
وَلَا تَنفَعُ الشَّفَاعَةُ عِندَهُ إِلَّا لِمَنْ أَذِنَ لَهُ ۚ حَتَّىٰ إِذَا فُزِّعَ عَن قُلُوبِهِمْ قَالُوا مَاذَا قَالَ رَبُّكُمْ ۖ قَالُوا الْحَقَّ ۖ وَهُوَ الْعَلِيُّ الْكَبِيرُ(23) Lan ora ana gunane syafa’at ana ngarsane Allah, kacoba barang wong kang wis diaprengake oleh syafa’at mau, malah besuk yen wong kang arep duwe syafa’at wis ilang wedine lan girising atine banjur padha tinakon, "Allah Pangeran sampeyan, ngandika punapa?" Kang tinakonan mangsuli, "Allah ngandika kaliyan nyata", Allah punika Maha Luhur tur Agung |
۞ قُلْ مَن يَرْزُقُكُم مِّنَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ قُلِ اللَّهُ ۖ وَإِنَّا أَوْ إِيَّاكُمْ لَعَلَىٰ هُدًى أَوْ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ(24) (Muhammad) Sira dhawuha, "Sapa kang aweh rizki marang kowe, rupa banyu udan saka langit, lan thetukulan saka bumi?" Dhawuha, "Allah". Dene aku lan kowe iki salah siji oleh pituduh bener, sijine kesasar temenenan |
قُل لَّا تُسْأَلُونَ عَمَّا أَجْرَمْنَا وَلَا نُسْأَلُ عَمَّا تَعْمَلُونَ(25) SIra dhawuha, "Kowe ora bakal diganggun (tanggung jawab) dening Allah bab kaluputanku. Aku hiya ora bakal didangu prakara kang wis padha kok lakoni |
قُلْ يَجْمَعُ بَيْنَنَا رَبُّنَا ثُمَّ يَفْتَحُ بَيْنَنَا بِالْحَقِّ وَهُوَ الْفَتَّاحُ الْعَلِيمُ(26) Sira dhawuha, "Besuk dina qiyamat Pangeranku bakal ngelumpukake aku lan kowe banjur ngrampungi prakaraku lan kwe kelawan bener. Allah iku kang kawasa ngrampungi prakara tur Maha Pirsa |
قُلْ أَرُونِيَ الَّذِينَ أَلْحَقْتُم بِهِ شُرَكَاءَ ۖ كَلَّا ۚ بَلْ هُوَ اللَّهُ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ(27) Sira dhawuha, "Mara aku tuduhna barang kang padha kok golongake ing Allah kanggo mangro-tingal. Ora ta, wis ora bae y en padha Allah. Sabenere Allah iku Maha Mulya tur wicaksana |
وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا كَافَّةً لِّلنَّاسِ بَشِيرًا وَنَذِيرًا وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ(28) Anggoningsun ngutus sira Muhammad, sumarambah marang manungsa sajagat hambebungah kelawan bakal holeh ganjaran suwarga, sarta gawe pepeling. Ewadene manungsa iku kang akeh padha ora weruh |
وَيَقُولُونَ مَتَىٰ هَٰذَا الْوَعْدُ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(29) Wong kafir padha celathu, "Benjing punapa kelampahanipun (siksa neraka ingkang dipun ancamaken punika) manawi ngendika panjenengan leres |
قُل لَّكُم مِّيعَادُ يَوْمٍ لَّا تَسْتَأْخِرُونَ عَنْهُ سَاعَةً وَلَا تَسْتَقْدِمُونَ(30) Dhwuha, "Kowe wis padha diwangeni ing dina bakal matimu, ora bisa maju utawa mundur sak jam bae |
وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لَن نُّؤْمِنَ بِهَٰذَا الْقُرْآنِ وَلَا بِالَّذِي بَيْنَ يَدَيْهِ ۗ وَلَوْ تَرَىٰ إِذِ الظَّالِمُونَ مَوْقُوفُونَ عِندَ رَبِّهِمْ يَرْجِعُ بَعْضُهُمْ إِلَىٰ بَعْضٍ الْقَوْلَ يَقُولُ الَّذِينَ اسْتُضْعِفُوا لِلَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا لَوْلَا أَنتُمْ لَكُنَّا مُؤْمِنِينَ(31) WOng kafir padha ngucap, "AKu ora ngandel hunine al-Qur’an lan kitab - kitab sadurunge". Besuk sira handeleng para wong kafir nalikane padha dijejer - jejer ana ngarsane Pangeran. Siji - sijining wong padha tutur tinutuh karo kancane; pitutuhe kang cilik marang panggehene, "AKu aja kok ajak kafir, mesthi ngandel Allah lan utusane |
قَالَ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا لِلَّذِينَ اسْتُضْعِفُوا أَنَحْنُ صَدَدْنَاكُمْ عَنِ الْهُدَىٰ بَعْدَ إِذْ جَاءَكُم ۖ بَلْ كُنتُم مُّجْرِمِينَ(32) Para panggehene mangsuli pinutuhing wong cilik, "Apa aku nyegah anggonmu arep hangelakoni pituduh bener sawise kowe didhawuhi ing Rasul". (aku ora rumangsa). Nanging kowe padha kafir saka karepmu dhewe |
وَقَالَ الَّذِينَ اسْتُضْعِفُوا لِلَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا بَلْ مَكْرُ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ إِذْ تَأْمُرُونَنَا أَن نَّكْفُرَ بِاللَّهِ وَنَجْعَلَ لَهُ أَندَادًا ۚ وَأَسَرُّوا النَّدَامَةَ لَمَّا رَأَوُا الْعَذَابَ وَجَعَلْنَا الْأَغْلَالَ فِي أَعْنَاقِ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ هَلْ يُجْزَوْنَ إِلَّا مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(33) Celathune wong cilik marang panggedhene, "Kang nyegah anggonku arep ngelakoni pituduh bener, pambujukmu marang aku tanpa kendat, rina lan wengi. AKu tansah kok purih maido ing Allah, kok purih nyembah brahala Pangeran liyane Allah." Hewa dene wong kafir mau nalikane padha handeleng siksa padha nutupi kaduwunge. Gulune wong kafir padha Ingsun blenggu. Kang mangkono mahu mung tumanja patrapaning kaluputan kang wis padha dilakoni |
وَمَا أَرْسَلْنَا فِي قَرْيَةٍ مِّن نَّذِيرٍ إِلَّا قَالَ مُتْرَفُوهَا إِنَّا بِمَا أُرْسِلْتُم بِهِ كَافِرُونَ(34) Menawa Ingsun ngutus rasul ana sawijining desa, panggehdne desa kono mesthi celathu prentah ingkang sampyan dhawuhaken punika kula mahiben |
وَقَالُوا نَحْنُ أَكْثَرُ أَمْوَالًا وَأَوْلَادًا وَمَا نَحْنُ بِمُعَذَّبِينَ(35) Wong kafir padha ngucap, "Kula sugih bondho lan anak punika (tanda yen lampa kula punika sampun dipun parengaken dening Pangeran) lan kula boten padhe dipun siksa |
قُلْ إِنَّ رَبِّي يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَن يَشَاءُ وَيَقْدِرُ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ(36) Sira mangusalana, "Iku dudu tanda yekti, Satemene Allah Pangeranku iku paring rizki akeh marang owng kang dadi parenging karsane, lan ana uga kang diparingi mung cumpen, Hewa dene akeh wong kang padha ora weruh |
وَمَا أَمْوَالُكُمْ وَلَا أَوْلَادُكُم بِالَّتِي تُقَرِّبُكُمْ عِندَنَا زُلْفَىٰ إِلَّا مَنْ آمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَأُولَٰئِكَ لَهُمْ جَزَاءُ الضِّعْفِ بِمَا عَمِلُوا وَهُمْ فِي الْغُرُفَاتِ آمِنُونَ(37) Kang nyedhakake sira marang Ingsun iku dudu bandhanira lan anakira, kejawa owng kang pracaya marang Ingsun lan hangelakoni panggawe becik, iku bakal paha oleh ganjaran tikel tinimbang murwating kabecikan kang wis padha dilakoni, wong mahu ana suwarga padha tentrem atine |
وَالَّذِينَ يَسْعَوْنَ فِي آيَاتِنَا مُعَاجِزِينَ أُولَٰئِكَ فِي الْعَذَابِ مُحْضَرُونَ(38) Sarupane wong kang tumandang ngarah jugare al-Quran ayatingsun, ngira yen Ingsun iki apes ora bisa niksa marang wong mahu. WOng mahu ing tembe bakal dihajokake marang neraka, panggonane siksa |
قُلْ إِنَّ رَبِّي يَبْسُطُ الرِّزْقَ لِمَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ وَيَقْدِرُ لَهُ ۚ وَمَا أَنفَقْتُم مِّن شَيْءٍ فَهُوَ يُخْلِفُهُ ۖ وَهُوَ خَيْرُ الرَّازِقِينَ(39) Sira dhawuha, "Satemene Allah Pangeranku paring rizki akeh marang para kawulane, hendi kang dadi parenging kersane, lan ana uga kang mung dicumpeni. Samu barang kang kok wehake marang wong, Allah bakal paring lirune barang mahu. Allah iku becik - becike paring rizki |
وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ جَمِيعًا ثُمَّ يَقُولُ لِلْمَلَائِكَةِ أَهَٰؤُلَاءِ إِيَّاكُمْ كَانُوا يَعْبُدُونَ(40) Lan sira nyaritakna dina qiyamat nalikane Ingsun ngimpun para wong kafir padha ngalumpuk dadi siji. Allah banjur handangu marang para malaikat, "Opo wong kafir iku padha bekti/nyembah marang Ingsun |
قَالُوا سُبْحَانَكَ أَنتَ وَلِيُّنَا مِن دُونِهِم ۖ بَلْ كَانُوا يَعْبُدُونَ الْجِنَّ ۖ أَكْثَرُهُم بِهِم مُّؤْمِنُونَ(41) Para malaikat padha munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, Paduka punika Maha Suci, Tujuning manah kawula punika dhateng Paduka, boten dhateng tiyang kafir. Sahestunipun tiyang kafir punika ingkang kathah sami ngandel dhateng Jin(Syetan) |
فَالْيَوْمَ لَا يَمْلِكُ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ نَّفْعًا وَلَا ضَرًّا وَنَقُولُ لِلَّذِينَ ظَلَمُوا ذُوقُوا عَذَابَ النَّارِ الَّتِي كُنتُم بِهَا تُكَذِّبُونَ(42) Ing dina iku ora ana wong bisa mekolehake utawa maheka marang liyane. Lan Ingsun dhawuh marang para wong kafir, "Padha ngrasakna siksa neraka, kang padha sira paido biyen |
وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ قَالُوا مَا هَٰذَا إِلَّا رَجُلٌ يُرِيدُ أَن يَصُدَّكُمْ عَمَّا كَانَ يَعْبُدُ آبَاؤُكُمْ وَقَالُوا مَا هَٰذَا إِلَّا إِفْكٌ مُّفْتَرًى ۚ وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِلْحَقِّ لَمَّا جَاءَهُمْ إِنْ هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ مُّبِينٌ(43) WOng kafir mau menawa diwacakne ayatingsun (al-Qur’an) kelawan cetha (terang) padha ngucap, "Wong iki (Muhammad) ora liwat mung wong lanang sumedya ngalang - alangi anggonmu nyembah brahala sesembahane para leluhurmu biyen. al-Qur’an iki ora liwat mung pangucap goroh," wong kafir mau nalikane didhawuhi al-Qur’an kang nayata bener padha ngucap, "Iki ora liwat mung sihir kang tetela |
وَمَا آتَيْنَاهُم مِّن كُتُبٍ يَدْرُسُونَهَا ۖ وَمَا أَرْسَلْنَا إِلَيْهِمْ قَبْلَكَ مِن نَّذِيرٍ(44) Wong kafir ora Ingsun paringi Kitab wacan kang mratelakake yen mangro-tingal iku bener. Lan Ingsun ora ngutus nabi sadurunge sira, kang handhawuhake yen mangro-tingal iku bener |
وَكَذَّبَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ وَمَا بَلَغُوا مِعْشَارَ مَا آتَيْنَاهُمْ فَكَذَّبُوا رُسُلِي ۖ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيرِ(45) Para ummat zman kuna iku hiya padha maido, lan wong kafir ing Mekkah durung madane saparo sepuluhe peparing Ingsun marang ummat sadurunge (kyata dawane ngumur, sugihe bandha lan anak) nanging para ummat mau padha maido marang utusaningsun. Kapriyeta dudukaningsun marang wong mahu. Mesthi Ingsun siksa kang banget |
۞ قُلْ إِنَّمَا أَعِظُكُم بِوَاحِدَةٍ ۖ أَن تَقُومُوا لِلَّهِ مَثْنَىٰ وَفُرَادَىٰ ثُمَّ تَتَفَكَّرُوا ۚ مَا بِصَاحِبِكُم مِّن جِنَّةٍ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا نَذِيرٌ لَّكُم بَيْنَ يَدَيْ عَذَابٍ شَدِيدٍ(46) Sira dhawuha, "Anggonku pitutur marang kowe mung saprakara bahe, hiya iku saiki mundura saka ing kene, nanging banjur padha marsudiya kang bener mungguhing Allah. Rembuka wong loro utawa mikira ijen. Sawise oleh panemu banjur padha kumpula mufakatan anggonmu ngarane yen Muhammad duwe lara owah, kapriye katerangane msthi ora nyata. Muhammad iku Nabi kang ngelengake marang kowe ana ngarepe siksa kang abot |
قُلْ مَا سَأَلْتُكُم مِّنْ أَجْرٍ فَهُوَ لَكُمْ ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَى اللَّهِ ۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ شَهِيدٌ(47) Sira dhawuha, "Anggonku ngundangake dhawuhing Allah ora jajaluk pituwas apa - apa marang kowe, kang mesthi paring ganjarang marang aku mung Allah piyambak, Allah iku mirsani samu barang |
قُلْ إِنَّ رَبِّي يَقْذِفُ بِالْحَقِّ عَلَّامُ الْغُيُوبِ(48) Sira dhawuha, "Satemene Allah pangeranku dhawuhake parintah kang bener tur nguningani samu barang kang samar - samar |
قُلْ جَاءَ الْحَقُّ وَمَا يُبْدِئُ الْبَاطِلُ وَمَا يُعِيدُ(49) Sira dhawuha, "Saiki kebeneran al-Quran kang hanggelarake Islam dhumawuh, Dene barang kang luput saiki sirna lan ora bakal thukul maneh |
قُلْ إِن ضَلَلْتُ فَإِنَّمَا أَضِلُّ عَلَىٰ نَفْسِي ۖ وَإِنِ اهْتَدَيْتُ فَبِمَا يُوحِي إِلَيَّ رَبِّي ۚ إِنَّهُ سَمِيعٌ قَرِيبٌ(50) Sira dhawuha, "Menawa aku nasar, sangsarane (madharate) marang awakku dhewe. Dene manawa aku netepi pituduh bener, iku marga saka al-Quran kang wis didhawuhake Allah Pangeranku marang aku. Satemene Allah iku miyarsa tur cedhak |
وَلَوْ تَرَىٰ إِذْ فَزِعُوا فَلَا فَوْتَ وَأُخِذُوا مِن مَّكَانٍ قَرِيبٍ(51) (Muhammad) Manawa sira handeleng nalikane wong kafir padha giris weruh siksa neraka, iku sira weruh perkara gedhe. Wong kafir wis ora bisa melayu nguncati siksa, padha kapikut saka panggonan cedhak |
وَقَالُوا آمَنَّا بِهِ وَأَنَّىٰ لَهُمُ التَّنَاوُشُ مِن مَّكَانٍ بَعِيدٍ(52) Wong kafir padha ngucap, "Sapunika kula ngandel dhateng Allah, (Pangucape mangkono mahu tanpa gawe). Kapriye bisane katrimo tobate saka panggonan kanggo adoe tanpa wangena". (tegese katrimane tobat iku ana donya, kang mangka wong kafir mau wis ana ing akherat) |
وَقَدْ كَفَرُوا بِهِ مِن قَبْلُ ۖ وَيَقْذِفُونَ بِالْغَيْبِ مِن مَّكَانٍ بَعِيدٍ(53) Lan satemene wong kafir wis padha maido ing Allah sadurung handeleng siksa. Apa dene padha nandukake pangala - ala ngango barang kang ghoib. Celathune mangkono mau adoh banget |
وَحِيلَ بَيْنَهُمْ وَبَيْنَ مَا يَشْتَهُونَ كَمَا فُعِلَ بِأَشْيَاعِهِم مِّن قَبْلُ ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا فِي شَكٍّ مُّرِيبٍ(54) Wong kafir mahu padha dialing - alingi ora bisa kelakon samu - barang kang dikepingin, kaya kanca - kancane ing zaman kuna, awit padha mamang kang banget (mamang marang Rasul lan dina Qiyamat) |