سورة هود بالجاوية

  1. استمع للسورة
  2. سور أخرى
  3. ترجمة السورة
القرآن الكريم | ترجمة معاني القرآن | اللغة الجاوية | سورة هود | Hud - عدد آياتها 123 - رقم السورة في المصحف: 11 - معنى السورة بالإنجليزية: Hud.

الر ۚ كِتَابٌ أُحْكِمَتْ آيَاتُهُ ثُمَّ فُصِّلَتْ مِن لَّدُنْ حَكِيمٍ خَبِيرٍ(1)

Ingsun, Allah, Ingkang-Angu- ningani.a Kitab, kang ayat- ayaté ginawé pancasan, tumuli katerangaké awijang, saka ngarsané Ingkang-Wicaksana, Ingkang-Waspada

أَلَّا تَعْبُدُوا إِلَّا اللَّهَ ۚ إِنَّنِي لَكُم مِّنْهُ نَذِيرٌ وَبَشِيرٌ(2)

Supaya sira ora padha anga- wulani kajaba Allah. Sayekti aku iku juru pépéling saka Panjenengané tumrap marang sira sarta juru awèh warta bubungah

وَأَنِ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُمَتِّعْكُم مَّتَاعًا حَسَنًا إِلَىٰ أَجَلٍ مُّسَمًّى وَيُؤْتِ كُلَّ ذِي فَضْلٍ فَضْلَهُ ۖ وَإِن تَوَلَّوْا فَإِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ كَبِيرٍ(3)

Sarta padha nyuwuna panga- pura Pangéranira, tumuli tobata marang Panjenengané; Panjene- ngané bakal anyadhiyani sira pasa- dhiyan kang becik tumeka mangsa kang tinamtu, sarta Panjenengané amaringaké nugraha-Né marang sarupané kang kasinungan nugra- ha; lan manawa sira padha maléngos, sayekti aku iki anguwa- tiraké sira siksa ing dina kang agung

إِلَى اللَّهِ مَرْجِعُكُمْ ۖ وَهُوَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ(4)

Marang Allah anggonira padha bali lan Panjenengané iku marang samubarang kawasa

أَلَا إِنَّهُمْ يَثْنُونَ صُدُورَهُمْ لِيَسْتَخْفُوا مِنْهُ ۚ أَلَا حِينَ يَسْتَغْشُونَ ثِيَابَهُمْ يَعْلَمُ مَا يُسِرُّونَ وَمَا يُعْلِنُونَ ۚ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ(5)

O, sayekti dhèwèké padha nglempit dhadha-dhadhané su- paya padha bisa anyingidaké saka Panjene- ngané; O, sayekti, nalikané dhè- wèké padha krukup sarana san- dhangané, Panjenengané angu- ningani apa kang padha disingid- aké lan apa kang padha dilairaké; sayekti, Panjenengané anguningani apa kang ana ing sajroning dhadha-dhadha

۞ وَمَا مِن دَابَّةٍ فِي الْأَرْضِ إِلَّا عَلَى اللَّهِ رِزْقُهَا وَيَعْلَمُ مُسْتَقَرَّهَا وَمُسْتَوْدَعَهَا ۚ كُلٌّ فِي كِتَابٍ مُّبِينٍ(6)

Lan ora liya, sata ing bumi iku, kajaba dumunung ing Allah rejekiné lan Panjenengané iku uni- nga enggon palèrènané lan enggon pasimpenané; sarupané iku ana ing dalem kitab kang terang

وَهُوَ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ وَكَانَ عَرْشُهُ عَلَى الْمَاءِ لِيَبْلُوَكُمْ أَيُّكُمْ أَحْسَنُ عَمَلًا ۗ وَلَئِن قُلْتَ إِنَّكُم مَّبْعُوثُونَ مِن بَعْدِ الْمَوْتِ لَيَقُولَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ مُّبِينٌ(7)

Lan Panjenengané iku kang anitahaké langit-langit lan bumi ing dalem nem mangsaa – lan kara- ton-É marang banyu – amrih Panjenengané amedharaké sira, sapa sira kang becik dhéwé ing panggawé lan manawa sira calathoni: sayekti sira iku bakal tinangèkaké ing sawisé mati, amasthi para kang padha kafir bakal padha calathu: Iki ora liya kajaba panggorohan kang cetha

وَلَئِنْ أَخَّرْنَا عَنْهُمُ الْعَذَابَ إِلَىٰ أُمَّةٍ مَّعْدُودَةٍ لَّيَقُولُنَّ مَا يَحْبِسُهُ ۗ أَلَا يَوْمَ يَأْتِيهِمْ لَيْسَ مَصْرُوفًا عَنْهُمْ وَحَاقَ بِهِم مَّا كَانُوا بِهِ يَسْتَهْزِئُونَ(8)

Lan manawa Ingsun anyume- nèkna siksa ing dhèwèké tumeka mangsa kang tinamtu amasthi dhèwèké bakal padha calathu: Apa kang murungaké iku? O, sayekti, ing dinané bakal tumibané iku marang dhèwèké ora bakal kena disingkiraké saka dhèwèké, lan apa kang wus padha diguguyu, bakal anglimputi dhèwèké

وَلَئِنْ أَذَقْنَا الْإِنسَانَ مِنَّا رَحْمَةً ثُمَّ نَزَعْنَاهَا مِنْهُ إِنَّهُ لَيَئُوسٌ كَفُورٌ(9)

Lan manawa Ingsun angicip- aké manusa ing wilasa saka Ingsun iku tumuli Ingsun sing- kiraké saka dhèwèké sayekti dhè- wèké masthi nglokro, ora atur panuwun

وَلَئِنْ أَذَقْنَاهُ نَعْمَاءَ بَعْدَ ضَرَّاءَ مَسَّتْهُ لَيَقُولَنَّ ذَهَبَ السَّيِّئَاتُ عَنِّي ۚ إِنَّهُ لَفَرِحٌ فَخُورٌ(10)

Lan manawa Ingsun angicip- aké dhèwéké ing nugraha sawisé sangsara angenani dhèwèké amas- thi dhèwèké bakal padha calathu: Wus birat ala saka ing aku; sayekti dhèwèké padha bungah, umuk

إِلَّا الَّذِينَ صَبَرُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ أُولَٰئِكَ لَهُم مَّغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ كَبِيرٌ(11)

Kajaba para kang padha sabar lan padha anglakoni panggawé be- cik iki bakal padha olèh pangapura sarta pituwas kang gedhé

فَلَعَلَّكَ تَارِكٌ بَعْضَ مَا يُوحَىٰ إِلَيْكَ وَضَائِقٌ بِهِ صَدْرُكَ أَن يَقُولُوا لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْهِ كَنزٌ أَوْ جَاءَ مَعَهُ مَلَكٌ ۚ إِنَّمَا أَنتَ نَذِيرٌ ۚ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ وَكِيلٌ(12)

Lah manawa-manawa sira iku arep aninggal sapérangané apa kang kadhawuhaké marang sira lan dhadhanira bakal dadi rupek marga saka iku, jalaran dhèwèké padha calathu.: Yagéné ora ana bandha katurunaké marang dhèwèké utawa malaikat teka anyartani dhèwèké? Sira iku mung juru-pépéling; lan Allah iku Kang rumeksa marang samubarang. A

أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَاهُ ۖ قُلْ فَأْتُوا بِعَشْرِ سُوَرٍ مِّثْلِهِ مُفْتَرَيَاتٍ وَادْعُوا مَنِ اسْتَطَعْتُم مِّن دُونِ اللَّهِ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(13)

Utawa, apa ta dhèwèké padha calathu: Iku anggitané dhéwé. Ca- lathua: Lah mara, mujudna sepuluh bab anggitan sapadhané iki, lan nyambata sapa sakadugamu, sali- yané Allah, manawa kowé padha temen

فَإِلَّمْ يَسْتَجِيبُوا لَكُمْ فَاعْلَمُوا أَنَّمَا أُنزِلَ بِعِلْمِ اللَّهِ وَأَن لَّا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ فَهَلْ أَنتُم مُّسْلِمُونَ(14)

Lah manawa dhèwèké padha ora anyembadani marang kowé, lah padha weruha, manawa iku kadhawuhaké kalawan kawruhing Allah lan ora ana sesembahan kajaba Panjenengané: Lah apa ta kowé bakal padha sumarah

مَن كَانَ يُرِيدُ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا وَزِينَتَهَا نُوَفِّ إِلَيْهِمْ أَعْمَالَهُمْ فِيهَا وَهُمْ فِيهَا لَا يُبْخَسُونَ(15)

Sapa sing karep ing kauripan donya dalah papaèsé, panggawé- panggawéné ing kono Ingsun bakal amituwasi ganep marang dhèwèké, lan dhèwèké ana ing kono ora bakal padha digawé tuna

أُولَٰئِكَ الَّذِينَ لَيْسَ لَهُمْ فِي الْآخِرَةِ إِلَّا النَّارُ ۖ وَحَبِطَ مَا صَنَعُوا فِيهَا وَبَاطِلٌ مَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ(16)

Iki para sing ana ing akhirat padha ora olèh apa-apa kajaba geni lan muspra sabarang panggawéné ing kono, sarta nglaha apa kang padha dilakoni

أَفَمَن كَانَ عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّهِ وَيَتْلُوهُ شَاهِدٌ مِّنْهُ وَمِن قَبْلِهِ كِتَابُ مُوسَىٰ إِمَامًا وَرَحْمَةً ۚ أُولَٰئِكَ يُؤْمِنُونَ بِهِ ۚ وَمَن يَكْفُرْ بِهِ مِنَ الْأَحْزَابِ فَالنَّارُ مَوْعِدُهُ ۚ فَلَا تَكُ فِي مِرْيَةٍ مِّنْهُ ۚ إِنَّهُ الْحَقُّ مِن رَّبِّكَ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يُؤْمِنُونَ(17)

Lah apa wong kang kadunu- ngan bukti terang saka Pangérané ? Lan sawijining saksi saka Panjenengané amaca iku, sarta sadurungé iku Kitabé Musa, minangka pituduh lan wilasa. Iki padha angèstu marang iku; déné papanthan-papanthan, sapa sing angafiri marang iku, lah iku geni papan kang dijanjèkaké; mulané aja sira semang-semang marang prakara iku; sayekti, iku barang nyata saka Pangéranira, ananging akèh-akèhé manusa padha ora angèstu

وَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا ۚ أُولَٰئِكَ يُعْرَضُونَ عَلَىٰ رَبِّهِمْ وَيَقُولُ الْأَشْهَادُ هَٰؤُلَاءِ الَّذِينَ كَذَبُوا عَلَىٰ رَبِّهِمْ ۚ أَلَا لَعْنَةُ اللَّهِ عَلَى الظَّالِمِينَ(18)

Lan sapa sing luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawé- gawé goroh tumrap marang Allah? Iki bakal padha disébakaké marang Pangérané, lan para saksi bakal padha acalathu: Iki para kang padha anggorohaké marang Pangé- rané. O, sayekti, wewelaking Allah tumiba marang wong kang padha atindak dudu

الَّذِينَ يَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ وَيَبْغُونَهَا عِوَجًا وَهُم بِالْآخِرَةِ هُمْ كَافِرُونَ(19)

Kang padha nyimpang saka dadalaning Allah sarta padha ma- mrih mènggoké iku; lan dhèwèké iku para kang padha kafir marang akhirat

أُولَٰئِكَ لَمْ يَكُونُوا مُعْجِزِينَ فِي الْأَرْضِ وَمَا كَانَ لَهُم مِّن دُونِ اللَّهِ مِنْ أَوْلِيَاءَ ۘ يُضَاعَفُ لَهُمُ الْعَذَابُ ۚ مَا كَانُوا يَسْتَطِيعُونَ السَّمْعَ وَمَا كَانُوا يُبْصِرُونَ(20)

Iki ana ing bumi ora bakal padha bisa angoncati, lan bakal padha ora duwé pangayoman saliyané Allah; siksané tumrap dhèwèké bakal ditikelaké; dhèwèké padha ora kuwat ngrungu apa déné padha ora weruh

أُولَٰئِكَ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ(21)

Iki para kang padha agawé kapitunané jiwa-jiwané, sarta saba- rang, anggoné padha agawé-gawé, sirna saka ing awaké

لَا جَرَمَ أَنَّهُمْ فِي الْآخِرَةِ هُمُ الْأَخْسَرُونَ(22)

Ora kena ora, ana ing akhirat dhèwèké iku wong kang padha luwih déning kapitunan

إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَأَخْبَتُوا إِلَىٰ رَبِّهِمْ أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ(23)

Sayekti para kang padha angèstu sarta padha anglakoni panggawé becik, apa déné padha andhap asor marang Pangérané, iki para wonging patamanan, padha ana ing kono bakal pamanggoné

۞ مَثَلُ الْفَرِيقَيْنِ كَالْأَعْمَىٰ وَالْأَصَمِّ وَالْبَصِيرِ وَالسَّمِيعِ ۚ هَلْ يَسْتَوِيَانِ مَثَلًا ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ(24)

Sanépané rong golongan iku kaya déné wong wuta lan wong tuli karo wong awas lan wong rungon; apa dhèwèké iku padha mungguhing kaanané? Apa ta kowé iku padha ora ngrasak- ngrasakaké

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ إِنِّي لَكُمْ نَذِيرٌ مُّبِينٌ(25)

Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Nuha marang bang- sané: Sayekti aku iki juru-pépéling kang terang tumrap marang sira

أَن لَّا تَعْبُدُوا إِلَّا اللَّهَ ۖ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ أَلِيمٍ(26)

Yaiku sira aja padha anga- wulani sapa-sapa kajaba Allah; sayekti aku anguwatiraké marang sira siksa ing dina kang nglarani

فَقَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِن قَوْمِهِ مَا نَرَاكَ إِلَّا بَشَرًا مِّثْلَنَا وَمَا نَرَاكَ اتَّبَعَكَ إِلَّا الَّذِينَ هُمْ أَرَاذِلُنَا بَادِيَ الرَّأْيِ وَمَا نَرَىٰ لَكُمْ عَلَيْنَا مِن فَضْلٍ بَلْ نَظُنُّكُمْ كَاذِبِينَ(27)

Ananging para panggedhé- ning bangsané kang padha kafir padha acalathu: Ora liya panya- wangku marang kowé kajaba mung wong kaya aku baé, lan panyawangku ora ana wong manut ing kowé, kajaba kang sawangané sagebyaran baé golonganku kang pidak-padarakan, apa déné pa- nyawangku kowé iku ora duwé kaluwihan angungkuli aku; balik panganggepku kowé iku wong goroh

قَالَ يَا قَوْمِ أَرَأَيْتُمْ إِن كُنتُ عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّي وَآتَانِي رَحْمَةً مِّنْ عِندِهِ فَعُمِّيَتْ عَلَيْكُمْ أَنُلْزِمُكُمُوهَا وَأَنتُمْ لَهَا كَارِهُونَ(28)

Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! mara aku kandhanana, ma- nawa aku kadunungan bukti terang saka Pangéranku sarta Panjene- ngané amaringi wilasa aku saka ngarsa-Né, lan iku digawé ora terang ingatasé kowé; apa aku anjiyad kowé iku, kang mangka iku kowé padha gething

وَيَا قَوْمِ لَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مَالًا ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَى اللَّهِ ۚ وَمَا أَنَا بِطَارِدِ الَّذِينَ آمَنُوا ۚ إِنَّهُم مُّلَاقُو رَبِّهِمْ وَلَٰكِنِّي أَرَاكُمْ قَوْمًا تَجْهَلُونَ(29)

Apa manèh, o, bangsaku! aku ora anjaluk bandha kowé kanggo pituwasé aku; pituwasku mung ana ing Allah piyambak, lan aku ora bakal anundhung para kang padha angèstu; sayekti dhèwèké bakal padha ketemu Pangérané, ananging panyawangku kowé iku bangsa kang padha bodho

وَيَا قَوْمِ مَن يَنصُرُنِي مِنَ اللَّهِ إِن طَرَدتُّهُمْ ۚ أَفَلَا تَذَكَّرُونَ(30)

Lan manèh, o, bangsaku! sapa kang bakal mitulungi aku anulak Allah, lamun aku anundhunga dhè- wèké? Lah apa ta kowé iku padha ora ngangen-angen

وَلَا أَقُولُ لَكُمْ عِندِي خَزَائِنُ اللَّهِ وَلَا أَعْلَمُ الْغَيْبَ وَلَا أَقُولُ إِنِّي مَلَكٌ وَلَا أَقُولُ لِلَّذِينَ تَزْدَرِي أَعْيُنُكُمْ لَن يُؤْتِيَهُمُ اللَّهُ خَيْرًا ۖ اللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا فِي أَنفُسِهِمْ ۖ إِنِّي إِذًا لَّمِنَ الظَّالِمِينَ(31)

Lan aku ora kandha marang kowé, yèn gedhong Allah iku ana ing aku, sarta aku ora weruh barang kang ora katon, apa déné aku ora kandha, yèn aku iki malaikat; tuwin aku ora kandha, manawa para kang mungguhing pandelengmu padha ina papa iku Allah ora bakal maringi kabecikan – Allah iku luwih angudanèni apa kang ana ing sajroning atiné – amarga yèn mangkonoa sayekti aku iki dadi éwoné wong kang padha atindak dudu

قَالُوا يَا نُوحُ قَدْ جَادَلْتَنَا فَأَكْثَرْتَ جِدَالَنَا فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ(32)

Dhèwèké padha acalathu: É, Nuh! Temen kowé wus apapadon karo aku, sarta andadawa padu karo aku iku, mulané tekakna marang aku apa kang koancamaké ing aku, manawa kowé iku éwoné wong kang padha temen

قَالَ إِنَّمَا يَأْتِيكُم بِهِ اللَّهُ إِن شَاءَ وَمَا أَنتُم بِمُعْجِزِينَ(33)

Dhèwèké acalathu: Mung Allah kang bakal nekakaké iku ing kowé, manawa dadi karsa-Né, sarta kowé ora bakal padha bisa oncat

وَلَا يَنفَعُكُمْ نُصْحِي إِنْ أَرَدتُّ أَنْ أَنصَحَ لَكُمْ إِن كَانَ اللَّهُ يُرِيدُ أَن يُغْوِيَكُمْ ۚ هُوَ رَبُّكُمْ وَإِلَيْهِ تُرْجَعُونَ(34)

Lan pituturku ora bakal migunani marang kowé yèn aku arep mituturana ing kowé, lamun Allah iku wus angarsakaké adamel leburmu;a Panjenengané iku Pangé- ranmu, lan marang Panjenengané anggonmu bakal dibalèkaké

أَمْ يَقُولُونَ افْتَرَاهُ ۖ قُلْ إِنِ افْتَرَيْتُهُ فَعَلَيَّ إِجْرَامِي وَأَنَا بَرِيءٌ مِّمَّا تُجْرِمُونَ(35)

Apa ta padha acalathu: Iku olèhé bawa-anggit? Calathua: Ma- nawa iku olèhku bawa-anggit, iya dak sangga dhéwé kaluputanku lan aku lebaran saka kaluputan kang padha kolakoni

وَأُوحِيَ إِلَىٰ نُوحٍ أَنَّهُ لَن يُؤْمِنَ مِن قَوْمِكَ إِلَّا مَن قَدْ آمَنَ فَلَا تَبْتَئِسْ بِمَا كَانُوا يَفْعَلُونَ(36)

Lan sabda kawedharaké ma- rang Nuh: ora ana bangsanira kang bakal angèstu kajaba sapa kang wus angèstu, mulané aja sira sedhih marang apa kang padha dilakoni

وَاصْنَعِ الْفُلْكَ بِأَعْيُنِنَا وَوَحْيِنَا وَلَا تُخَاطِبْنِي فِي الَّذِينَ ظَلَمُوا ۚ إِنَّهُم مُّغْرَقُونَ(37)

Lan agawéa prau kalawan Ingsun jenengi sarta dha- wuh-timbalan-Ingsun lan aja sira duwé unjuk marang Ingsun ing bab para kang padha atindak dudu; sayekti dhèwèké bakal padha kinelem

وَيَصْنَعُ الْفُلْكَ وَكُلَّمَا مَرَّ عَلَيْهِ مَلَأٌ مِّن قَوْمِهِ سَخِرُوا مِنْهُ ۚ قَالَ إِن تَسْخَرُوا مِنَّا فَإِنَّا نَسْخَرُ مِنكُمْ كَمَا تَسْخَرُونَ(38)

Lan dhèwéké banjur agawé prau; lan saben-saben ana bangsa- né kang padha dadi kepala liwat ana ing kono, padha amomoyoki dhèwèké. Dhèwèké acalathu: Manawa kowé padha amomoyoki aku, lan sayekti aku iya padha amomoyoki kowé, kaya anggonmu momoyoki

فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ مَن يَأْتِيهِ عَذَابٌ يُخْزِيهِ وَيَحِلُّ عَلَيْهِ عَذَابٌ مُّقِيمٌ(39)

Lah kowé bakal padha weruh, sapa kang bakal katekan siksa kang angasoraké, lan sapa kang bakal katiban siksa kang awèt

حَتَّىٰ إِذَا جَاءَ أَمْرُنَا وَفَارَ التَّنُّورُ قُلْنَا احْمِلْ فِيهَا مِن كُلٍّ زَوْجَيْنِ اثْنَيْنِ وَأَهْلَكَ إِلَّا مَن سَبَقَ عَلَيْهِ الْقَوْلُ وَمَنْ آمَنَ ۚ وَمَا آمَنَ مَعَهُ إِلَّا قَلِيلٌ(40)

Nganti, nalikané paréntah Ingsun wis tumeka sarta banyu metu saka ing jujurang, Ingsun angandika: Angemota ing kono saben-saben barang nyajodho, sarta kulawarganira, _ kajaba sapa kang wus katiban sabda ing sadurungé – apa déné sapa kang angèstu. Lan ora liya réwangé kang angèstu iku kajaba mung sathithik

۞ وَقَالَ ارْكَبُوا فِيهَا بِسْمِ اللَّهِ مَجْرَاهَا وَمُرْسَاهَا ۚ إِنَّ رَبِّي لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ(41)

Lan dhèwèké acalathu: Padha nungganga prau, kalawan asma- ning Allah lalayarané lan labuhé jangkar; sayekti Pangéranku iku temen Aparamarta, Mahaasih

وَهِيَ تَجْرِي بِهِمْ فِي مَوْجٍ كَالْجِبَالِ وَنَادَىٰ نُوحٌ ابْنَهُ وَكَانَ فِي مَعْزِلٍ يَا بُنَيَّ ارْكَب مَّعَنَا وَلَا تَكُن مَّعَ الْكَافِرِينَ(42)

Lan prau iku kalawan momo- tané lumaku ing tengahing alun kang prasasat gunung; sarta Nuh anguwuh anaké lanang, lan iki ana ing kadohan: É, anakku la- nang, nungganga prau karo aku sarta aja anggolong para kafir

قَالَ سَآوِي إِلَىٰ جَبَلٍ يَعْصِمُنِي مِنَ الْمَاءِ ۚ قَالَ لَا عَاصِمَ الْيَوْمَ مِنْ أَمْرِ اللَّهِ إِلَّا مَن رَّحِمَ ۚ وَحَالَ بَيْنَهُمَا الْمَوْجُ فَكَانَ مِنَ الْمُغْرَقِينَ(43)

Wangsulané: Kula badhé ngili dhateng redi, ingkang badhé milujengaken kula saking toya. Ing dina iki ora ana kang bisa nylamet- aké saka siksaning Allah kajaba sapa kang sinihan ing Panjene- ngané; lan ombak angalingi wong sakaroné, mulané dhèwèké kalebu golongané kang padha kinelem

وَقِيلَ يَا أَرْضُ ابْلَعِي مَاءَكِ وَيَا سَمَاءُ أَقْلِعِي وَغِيضَ الْمَاءُ وَقُضِيَ الْأَمْرُ وَاسْتَوَتْ عَلَى الْجُودِيِّ ۖ وَقِيلَ بُعْدًا لِّلْقَوْمِ الظَّالِمِينَ(44)

Lan didhawuhaké: É, bumi! untalen banyunira, lan, é, men- dhung! sumingkira; lan banyuné surut sarta prakara wis kaputus, lan prauné ngandhas ing Judi, sarta didhawuhaké: Sirnaa bangsa kang atindak dudu

وَنَادَىٰ نُوحٌ رَّبَّهُ فَقَالَ رَبِّ إِنَّ ابْنِي مِنْ أَهْلِي وَإِنَّ وَعْدَكَ الْحَقُّ وَأَنتَ أَحْكَمُ الْحَاكِمِينَ(45)

Lan Nuh anguwuh Pangérané unjuké: Pangéran kawula! saèstu anak kawula punika kalebet kula- warga kawula, saha saèstu, janji Tuwan punika nyata, saha Tuwan punika Adil-adilipun para ingkang sami nyepeng pangadilan

قَالَ يَا نُوحُ إِنَّهُ لَيْسَ مِنْ أَهْلِكَ ۖ إِنَّهُ عَمَلٌ غَيْرُ صَالِحٍ ۖ فَلَا تَسْأَلْنِ مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ ۖ إِنِّي أَعِظُكَ أَن تَكُونَ مِنَ الْجَاهِلِينَ(46)

Panjenengané angandika: É, Nuh! Sayekti dhèwèké ora kalebu kulawarganira; satemené dhèwèké iku saliyané pang- gawé becik; mulané aja sira nyuwun marang Ingsun apa kang sira ora kadunungan kaweruhé; sayekti Ingsun amituturi sira, mundhak sira dadi golongan para kang padha bodho

قَالَ رَبِّ إِنِّي أَعُوذُ بِكَ أَنْ أَسْأَلَكَ مَا لَيْسَ لِي بِهِ عِلْمٌ ۖ وَإِلَّا تَغْفِرْ لِي وَتَرْحَمْنِي أَكُن مِّنَ الْخَاسِرِينَ(47)

Dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! saèstu kawula angayom ing Tuwan, sampun ngantos kawu- la nyuwun ing Tuwan samukawis ingkang kawula boten kadunungan kawruhipun; saha, manawi Tuwan boten angampunten ing kawula tuwin boten aparing wilasa ing kawula, kawula badhé kagolong para ingkang sami kapitunan

قِيلَ يَا نُوحُ اهْبِطْ بِسَلَامٍ مِّنَّا وَبَرَكَاتٍ عَلَيْكَ وَعَلَىٰ أُمَمٍ مِّمَّن مَّعَكَ ۚ وَأُمَمٌ سَنُمَتِّعُهُمْ ثُمَّ يَمَسُّهُم مِّنَّا عَذَابٌ أَلِيمٌ(48)

Didhawuhaké É, Nuh! Mudhuna kalawan karahayon saka Panjenenganingsun sarta berkah tumrap marang sira sarta tumrap para bangsa saka golongan kang mèlu sira, lan bakal ana bangsa-bangsa kang bakal Ingsun paringi pasadhiyan, tumuli siksa kang nglarani saka Panjenenga- ningsun bakal angenani dhèwèké

تِلْكَ مِنْ أَنبَاءِ الْغَيْبِ نُوحِيهَا إِلَيْكَ ۖ مَا كُنتَ تَعْلَمُهَا أَنتَ وَلَا قَوْمُكَ مِن قَبْلِ هَٰذَا ۖ فَاصْبِرْ ۖ إِنَّ الْعَاقِبَةَ لِلْمُتَّقِينَ(49)

Iki sawenèhing pawarta- pawarta prakara kang ora katon, kang Ingsun wedharaké marang sira, iku sira ora weruh – sira sarta bangsanira ya ora – ing sadurungé iki; mulané disabar; sayekti, kawu- sanan iku bagéané para kang padha anjaga dhiri

وَإِلَىٰ عَادٍ أَخَاهُمْ هُودًا ۚ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ إِنْ أَنتُمْ إِلَّا مُفْتَرُونَ(50)

Lan marang ‘Ada saduluré, Hud.b Calathu- né: É, bangsaku! padha ngawulaa ing Allah, kowé ora duwé sesem- bahan saliyané Panjenengané; ora liya kowé iku kajaba tukang nganggit-anggit

يَا قَوْمِ لَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ أَجْرًا ۖ إِنْ أَجْرِيَ إِلَّا عَلَى الَّذِي فَطَرَنِي ۚ أَفَلَا تَعْقِلُونَ(51)

É, bangsaku! aku ora njaluk pituwas kowé ing atasé prakara iku; pituwasku mung ana ing Panjene- ngané, kang wus anitahaké aku; lah apa ta kowé iku padha ora ngerti

وَيَا قَوْمِ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُم مِّدْرَارًا وَيَزِدْكُمْ قُوَّةً إِلَىٰ قُوَّتِكُمْ وَلَا تَتَوَلَّوْا مُجْرِمِينَ(52)

Apa déné, o, bangsaku! padha nyuwuna pangapura ing Pangéranira, tumuli tobata marang Panjenengané, Panjenengané bakal angutus mendhung marang ing dhuwurira angesokaké udan ange- mohi, sarta, amuwuhi kakuwatan marang kakuwatanmu tuwin aja kowé padha duraka maléngos

قَالُوا يَا هُودُ مَا جِئْتَنَا بِبَيِّنَةٍ وَمَا نَحْنُ بِتَارِكِي آلِهَتِنَا عَن قَوْلِكَ وَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِينَ(53)

Dhèwèké padha calathu: É, Hud! Kowé ora anekakaké bukti kang terang marang aku, lan aku ora bakal padha ninggal sesemba- hanku marga saka calathumu, lan aku iki dudu wong kang padha angèstu marang kowé

إِن نَّقُولُ إِلَّا اعْتَرَاكَ بَعْضُ آلِهَتِنَا بِسُوءٍ ۗ قَالَ إِنِّي أُشْهِدُ اللَّهَ وَاشْهَدُوا أَنِّي بَرِيءٌ مِّمَّا تُشْرِكُونَ(54)

Ora liya aku iki mung padha kandha, yèn sawenèhing sesem- bahanku anibakaké wilalat marang kowé. Calathuné: Sayekti aku iki aneksèkaké marang Allah lan ko- wé iya padha neksènana, yèn aku iki lebaran saka barang kang padha kok sekutokaké

مِن دُونِهِ ۖ فَكِيدُونِي جَمِيعًا ثُمَّ لَا تُنظِرُونِ(55)

Saliyané Panjenengané mula- né padha anandukna sandi-upaya- mu kabèh baé marang aku; tumuli aku aja kok wènèhi sumené

إِنِّي تَوَكَّلْتُ عَلَى اللَّهِ رَبِّي وَرَبِّكُم ۚ مَّا مِن دَابَّةٍ إِلَّا هُوَ آخِذٌ بِنَاصِيَتِهَا ۚ إِنَّ رَبِّي عَلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ(56)

Sayekti aku iki suméndhé marang Allah, Pangéranku lan Pangéranmu; ora ana titah kang asipat urip kang ora dikawasani Panjenengané; sayekti Pangeranku iku ana ing dalan kang bener

فَإِن تَوَلَّوْا فَقَدْ أَبْلَغْتُكُم مَّا أُرْسِلْتُ بِهِ إِلَيْكُمْ ۚ وَيَسْتَخْلِفُ رَبِّي قَوْمًا غَيْرَكُمْ وَلَا تَضُرُّونَهُ شَيْئًا ۚ إِنَّ رَبِّي عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ حَفِيظٌ(57)

Ananging manawa kowé padha maléngos, lah temen aku wis nekakaké marang kowé ayahan anggonku kautus marang kowé sarta Pangéranku bakal anyalini bangsa saliyané kowé, lan kowé ora bisa amitunani Panjenengané apa-apa; sayekti Pangéranku iku marang samubarang rumeksa

وَلَمَّا جَاءَ أَمْرُنَا نَجَّيْنَا هُودًا وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَنَجَّيْنَاهُم مِّنْ عَذَابٍ غَلِيظٍ(58)

Lan bareng paréntah-Ingsun wis tumeka, Ingsun anyalametaké Hud sarta para kang padha angès- tokaké dhèwèké, kalawan wilasa saka Panjenenganingsun, sarta pa- dha Ingsun selametaké saka siksa kang keras

وَتِلْكَ عَادٌ ۖ جَحَدُوا بِآيَاتِ رَبِّهِمْ وَعَصَوْا رُسُلَهُ وَاتَّبَعُوا أَمْرَ كُلِّ جَبَّارٍ عَنِيدٍ(59)

Lan iya iku ‘Ad dhèwèké padha angemohi timbalan-timbala- ning Pangéran sarta padha andha- ga para utusan-É, tuwin padha manut paréntahing sarupané kang gumedhé angas

وَأُتْبِعُوا فِي هَٰذِهِ الدُّنْيَا لَعْنَةً وَيَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ أَلَا إِنَّ عَادًا كَفَرُوا رَبَّهُمْ ۗ أَلَا بُعْدًا لِّعَادٍ قَوْمِ هُودٍ(60)

Lan dhèwèké dielud ing we- welak ana ing donya ikia sarta ing dina kiyamat; O, lah sayekti, ‘Ad iku angafiri Pangérané; O, lah, ‘Ad bangsané Hud, sirnaa

۞ وَإِلَىٰ ثَمُودَ أَخَاهُمْ صَالِحًا ۚ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ هُوَ أَنشَأَكُم مِّنَ الْأَرْضِ وَاسْتَعْمَرَكُمْ فِيهَا فَاسْتَغْفِرُوهُ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ ۚ إِنَّ رَبِّي قَرِيبٌ مُّجِيبٌ(61)

Lan marang Tsamudb Ingsun angutus saduluré Salih.c Calathuné: O, bangsaku! padha angawulanana Allah, kowé padha ora duwé se- sembahan saliyané Panjenengané; Panjenengané wus andadèkaké ko- wé saka bumi, sarta angenggonaké kowé ana ing kono; mulané padha nyuwuna Pangapura Panjene- ngané, tumuli padha tobata marang Panjenengané; sayekti Pangéranku iku caket, nyembadani

قَالُوا يَا صَالِحُ قَدْ كُنتَ فِينَا مَرْجُوًّا قَبْلَ هَٰذَا ۖ أَتَنْهَانَا أَن نَّعْبُدَ مَا يَعْبُدُ آبَاؤُنَا وَإِنَّنَا لَفِي شَكٍّ مِّمَّا تَدْعُونَا إِلَيْهِ مُرِيبٍ(62)

Dhèwèké padha calathu: O, Salih temen kowé iku wong ing golonganku, ing sadurungé iki dadi dununging pangarep-arep kang gedhé; apa kowé anglarangi aku padha angawulani apa kang dikawulani bapak-bapakku? Lan sayekti aku iki padha ana ing semang-semang kang abanget ma- rang apa kang kok uwuh tumrap ing aku

قَالَ يَا قَوْمِ أَرَأَيْتُمْ إِن كُنتُ عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّي وَآتَانِي مِنْهُ رَحْمَةً فَمَن يَنصُرُنِي مِنَ اللَّهِ إِنْ عَصَيْتُهُ ۖ فَمَا تَزِيدُونَنِي غَيْرَ تَخْسِيرٍ(63)

Calathuné: O, bangsaku! mara aku kandhanana, manawa aku kadunungan bukti kang terang saka Pangéranku, sarta Panjene- ngané amaringi wilasa aku saka Sarirané – lah sapa ta kang bakal mitulungi anulak Allah yèn ta aku andagaa marang Panjenengané. Mulané, ora pisan kowé iku padha angundhaki apa-apa marang aku, saliyané kapitunan

وَيَا قَوْمِ هَٰذِهِ نَاقَةُ اللَّهِ لَكُمْ آيَةً فَذَرُوهَا تَأْكُلْ فِي أَرْضِ اللَّهِ وَلَا تَمَسُّوهَا بِسُوءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ قَرِيبٌ(64)

Lan, O, bangsaku! iki unta wadon kagunganing Allah tumrap marang kowé,a sawijining tandha; mulané karebèn baé mangan ana ing bumining Allah, lan aja kowé anggepok kalawan piala, mundhak siksa kang parek angenani ing kowé

فَعَقَرُوهَا فَقَالَ تَمَتَّعُوا فِي دَارِكُمْ ثَلَاثَةَ أَيَّامٍ ۖ ذَٰلِكَ وَعْدٌ غَيْرُ مَكْذُوبٍ(65)

Ananging padha ambelèh iku tumuli dhèwèké acalathu: Kowé padha abungah-bungaha ing omah- mu telung dina, iku janji kang ora maléca

فَلَمَّا جَاءَ أَمْرُنَا نَجَّيْنَا صَالِحًا وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَمِنْ خِزْيِ يَوْمِئِذٍ ۗ إِنَّ رَبَّكَ هُوَ الْقَوِيُّ الْعَزِيزُ(66)

Lah bareng pancasan Ingsun wis tumeka, Ingsun anyalametaké Salih sarta para kancané kang padha angèstokaké kalawan wilasa saka Ingsun, tuwin saka asoré ing dina iku; sayekti Pangéranira iku Ing- kang-Prakosa, Ingkang-Minulya

وَأَخَذَ الَّذِينَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دِيَارِهِمْ جَاثِمِينَ(67)

Sarta swara gumludhug anye- rang para kang padha atindak dudu,b temahan dhèwèké padha dadi awak kang tanpa mosik ana ing omahé

كَأَن لَّمْ يَغْنَوْا فِيهَا ۗ أَلَا إِنَّ ثَمُودَ كَفَرُوا رَبَّهُمْ ۗ أَلَا بُعْدًا لِّثَمُودَ(68)

Kaya-kaya ing kono iku dhè- wèké ora tau angenggoni; o, sayek- ti Tsamud iku angafiri Pangérané, o, sayekti, sirnaa Tsamud

وَلَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُنَا إِبْرَاهِيمَ بِالْبُشْرَىٰ قَالُوا سَلَامًا ۖ قَالَ سَلَامٌ ۖ فَمَا لَبِثَ أَن جَاءَ بِعِجْلٍ حَنِيذٍ(69)

Lan sayekti temen para utu- san-utusan-Ingsun wus padha anekani Ibrahim kalawan pawarta bubungah. Padha angucap: Raha- yu! Wangsulané: Rahayu! Sarta tanpa taha angladèkaké panggang pedhèt

فَلَمَّا رَأَىٰ أَيْدِيَهُمْ لَا تَصِلُ إِلَيْهِ نَكِرَهُمْ وَأَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيفَةً ۚ قَالُوا لَا تَخَفْ إِنَّا أُرْسِلْنَا إِلَىٰ قَوْمِ لُوطٍ(70)

Bareng dhèwèké weruh, tangan-tangané padha ora angge- pok marang iku, panemuné iku anèh sarta rumasa wedi marang dhèwèké. Padha calathu: sampun sampèyan ajrih, saèstu kula punika sami kautus dhateng umatipun Luth

وَامْرَأَتُهُ قَائِمَةٌ فَضَحِكَتْ فَبَشَّرْنَاهَا بِإِسْحَاقَ وَمِن وَرَاءِ إِسْحَاقَ يَعْقُوبَ(71)

Sarta rabiné ngadeg karo angguguyu; tumuli Ingsun aparing pawarta bubungah marang dhèwèké bakal anak-anak Ishaq, sarta ing sawisé Ishaq Ya’qub

قَالَتْ يَا وَيْلَتَىٰ أَأَلِدُ وَأَنَا عَجُوزٌ وَهَٰذَا بَعْلِي شَيْخًا ۖ إِنَّ هَٰذَا لَشَيْءٌ عَجِيبٌ(72)

Calathuné: O, angéram-éram- aké! punapa badhé kula gadhah anak, tiyang kula punika sampun sepuh sanget, sarta punika, laki kula, sampun sepuh sanget? Saèstu, punika barang ingkang angéram-éramaken

قَالُوا أَتَعْجَبِينَ مِنْ أَمْرِ اللَّهِ ۖ رَحْمَتُ اللَّهِ وَبَرَكَاتُهُ عَلَيْكُمْ أَهْلَ الْبَيْتِ ۚ إِنَّهُ حَمِيدٌ مَّجِيدٌ(73)

Dhèwèké padha calathu: Punapa sampéyan anggumuni pa- réntahipun Allah? Wilasanipun Allah sarta berkah-Ipun dhumawah dhateng sampéyan o, batihing griya; saèstu Panjenenganipun punika Pinuji, Linuhung

فَلَمَّا ذَهَبَ عَنْ إِبْرَاهِيمَ الرَّوْعُ وَجَاءَتْهُ الْبُشْرَىٰ يُجَادِلُنَا فِي قَوْمِ لُوطٍ(74)

Bareng si wedi wis sumingkir saka Ibrahim sarta pawarta bubu- ngah wis tumeka marang dhèwèké, dhèwèké amadoni Ingsun ing dalem umaté Luth

إِنَّ إِبْرَاهِيمَ لَحَلِيمٌ أَوَّاهٌ مُّنِيبٌ(75)

Sayekti Ibrahim iku temen momot lembah manah akèh tobaté

يَا إِبْرَاهِيمُ أَعْرِضْ عَنْ هَٰذَا ۖ إِنَّهُ قَدْ جَاءَ أَمْرُ رَبِّكَ ۖ وَإِنَّهُمْ آتِيهِمْ عَذَابٌ غَيْرُ مَرْدُودٍ(76)

O, Ibrahim! togna baé iki sayekti pancasané Pangéranira te- men wus tumeka, lan sayekti, siksa masthi tumiba marang dhèwèké, tanpa kena ditulak

وَلَمَّا جَاءَتْ رُسُلُنَا لُوطًا سِيءَ بِهِمْ وَضَاقَ بِهِمْ ذَرْعًا وَقَالَ هَٰذَا يَوْمٌ عَصِيبٌ(77)

Lan bareng para utusan- Ingsun wus tumeka marang Luth,a iki nusahaké marang dhèwèké, sarta ora kuwagang angayomi tuwin acalathu: Iki dina kang rekasa

وَجَاءَهُ قَوْمُهُ يُهْرَعُونَ إِلَيْهِ وَمِن قَبْلُ كَانُوا يَعْمَلُونَ السَّيِّئَاتِ ۚ قَالَ يَا قَوْمِ هَٰؤُلَاءِ بَنَاتِي هُنَّ أَطْهَرُ لَكُمْ ۖ فَاتَّقُوا اللَّهَ وَلَا تُخْزُونِ فِي ضَيْفِي ۖ أَلَيْسَ مِنكُمْ رَجُلٌ رَّشِيدٌ(78)

Lan umaté anekani dhèwèké, kalawan lumayu ang- goné amarani dhèwèké, lan ing mau-mauné pancèn gawéné anin- dakaké panggawé ala. Calathuné: É, umatku, iki anak-anak wadon – iku luwih suci – tumrap marang kowé, lah padha diprayitna marang Allah, sarta aja padha anisthakaké aku tumrap marang dhayoh-dhayohku; apa ta kowé iku ora ana siji-sijia sing burus ing budhi

قَالُوا لَقَدْ عَلِمْتَ مَا لَنَا فِي بَنَاتِكَ مِنْ حَقٍّ وَإِنَّكَ لَتَعْلَمُ مَا نُرِيدُ(79)

Dhèwèké padha mangsuli: Kowé rak wis weruh temenan, yèn aku padha ora duwé mélik marang anak-anakmu wadon, lan sayekti kowé iku temen weruh apa kang padha dakkarepaké

قَالَ لَوْ أَنَّ لِي بِكُمْ قُوَّةً أَوْ آوِي إِلَىٰ رُكْنٍ شَدِيدٍ(80)

Calathuné: Ah, lamuna aku duwé kakuwatan kanggo nulak kowé, utawa dak ngungsi marang Panulung Kang Prakosa. A

قَالُوا يَا لُوطُ إِنَّا رُسُلُ رَبِّكَ لَن يَصِلُوا إِلَيْكَ ۖ فَأَسْرِ بِأَهْلِكَ بِقِطْعٍ مِّنَ اللَّيْلِ وَلَا يَلْتَفِتْ مِنكُمْ أَحَدٌ إِلَّا امْرَأَتَكَ ۖ إِنَّهُ مُصِيبُهَا مَا أَصَابَهُمْ ۚ إِنَّ مَوْعِدَهُمُ الصُّبْحُ ۚ أَلَيْسَ الصُّبْحُ بِقَرِيبٍ(81)

Padha calathu: O Luth! kula punika saèstu para utusanipun Pa- ngéran ijengandika; piyambakipun boten badhé sami angéngingi ijengandika; milanipun ijengandika oncataken para pandhèrèka ije- ngandika ing sapéranganing dalu – sarta sampun ngantos wonten satunggal-tunggala golongan ije- ngandika ingkang wangsul – kaja- wi sémah ijengandika, amargi saèstu, punika badhé nandhang punapa ingkang sami dipun san- dhang; saèstu wancinipun ingkang sampun tinamtu punika wanci gagat bangun; punapa wancinipun gagat bangun boten sampun caket

فَلَمَّا جَاءَ أَمْرُنَا جَعَلْنَا عَالِيَهَا سَافِلَهَا وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهَا حِجَارَةً مِّن سِجِّيلٍ مَّنضُودٍ(82)

Lah bareng pancasan-Ingsun wus tumeka, Ingsun walik sarta Ingsun udani watu, barang kang wus pinancasan, tumaruntun

مُّسَوَّمَةً عِندَ رَبِّكَ ۖ وَمَا هِيَ مِنَ الظَّالِمِينَ بِبَعِيدٍ(83)

Tinengeran ing ngarsaning Pangéranira; lan iku ora adoh saka para kang padha atindak dudu

۞ وَإِلَىٰ مَدْيَنَ أَخَاهُمْ شُعَيْبًا ۚ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ وَلَا تَنقُصُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيزَانَ ۚ إِنِّي أَرَاكُم بِخَيْرٍ وَإِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ مُّحِيطٍ(84)

Lan marang Madyan saduluré, Syu’aib.a Cala- thuné: É, Umatku! padha ngawu- lanana Allah, kowé padha ora duwé sesembahan saliyané Panje- nengané, sarta aja padha angurangi ukuran lan timbangan; sayekti pandelengku kowé iku padha gemah ripah, lan sayekti aku iku nguwatiraké kowé marang siksa- ning dina kang anglimputi

وَيَا قَوْمِ أَوْفُوا الْمِكْيَالَ وَالْمِيزَانَ بِالْقِسْطِ ۖ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ أَشْيَاءَهُمْ وَلَا تَعْثَوْا فِي الْأَرْضِ مُفْسِدِينَ(85)

Lan, o, umatku! padha ang- ganepana ukuran lan timbangan kalawan jejeg, sarta aja padha amitunani wong-wong ing barang barangé tuwin aja atindak rusuh ing bumi, agawé wisuna

بَقِيَّتُ اللَّهِ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ ۚ وَمَا أَنَا عَلَيْكُم بِحَفِيظٍ(86)

Apa kang dumunung ing Allah iku luwih becik tumrap ing kowé, manawa kowé iku padha wong angèstu, lan aku iku dudu juru-rumeksa marang kowé

قَالُوا يَا شُعَيْبُ أَصَلَاتُكَ تَأْمُرُكَ أَن نَّتْرُكَ مَا يَعْبُدُ آبَاؤُنَا أَوْ أَن نَّفْعَلَ فِي أَمْوَالِنَا مَا نَشَاءُ ۖ إِنَّكَ لَأَنتَ الْحَلِيمُ الرَّشِيدُ(87)

Dhèwèké padha calathu: O, Syu’aib! apa salatmu iku marén- tahi kowé, supaya aku padha ninggala apa kang padha disembah bapak-bapakku, utawa supaya tu- mrap bandhaku aku ora padha tumindak sakarepku? Sayekti kowé iku temen wong momot, wong burus

قَالَ يَا قَوْمِ أَرَأَيْتُمْ إِن كُنتُ عَلَىٰ بَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّي وَرَزَقَنِي مِنْهُ رِزْقًا حَسَنًا ۚ وَمَا أُرِيدُ أَنْ أُخَالِفَكُمْ إِلَىٰ مَا أَنْهَاكُمْ عَنْهُ ۚ إِنْ أُرِيدُ إِلَّا الْإِصْلَاحَ مَا اسْتَطَعْتُ ۚ وَمَا تَوْفِيقِي إِلَّا بِاللَّهِ ۚ عَلَيْهِ تَوَكَّلْتُ وَإِلَيْهِ أُنِيبُ(88)

Calathuné: O, umatku! kapri- yé panimbangmu, manawa aku kadunungan bukti terang saka ing Pangéranku, sarta Panjenengané angrijekèni aku saka Sarirané, rijeki kang becik; sarta ora pisan aku duwéa karep, yèn anggonku anyulayani kowé iku, arep marani apa kang dak cegahaké ing kowé; ora liya karepku kajaba mung ambecikaké apa sakuwasaku; lan ora liya, pitulung kalaksanané becik prakaraku iki, kajaba ana ing Allah; ing Panjenengané sumén- dhéku sarta marang Panjenengané anggonku adhedhépé

وَيَا قَوْمِ لَا يَجْرِمَنَّكُمْ شِقَاقِي أَن يُصِيبَكُم مِّثْلُ مَا أَصَابَ قَوْمَ نُوحٍ أَوْ قَوْمَ هُودٍ أَوْ قَوْمَ صَالِحٍ ۚ وَمَا قَوْمُ لُوطٍ مِّنكُم بِبَعِيدٍ(89)

Lan manèh, o, umatku! panu- lak marang aku iku aja nganti andadèkaké kowé padha atindak dosa, mundhak kowé bakal padha nandhang padhané sapanandhangé umaté Nuh,a utawa umaté Hudb utawa umaté Salihc lan ora pisan umaté Luthd iku adoh saka ing kowé

وَاسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ ثُمَّ تُوبُوا إِلَيْهِ ۚ إِنَّ رَبِّي رَحِيمٌ وَدُودٌ(90)

Sarta padha nyuwuna nga- pura Pangéranmu, tumuli padha tobata marang Panjenengané; sayekti Pangéranku iku Mahaasih, Sutresna

قَالُوا يَا شُعَيْبُ مَا نَفْقَهُ كَثِيرًا مِّمَّا تَقُولُ وَإِنَّا لَنَرَاكَ فِينَا ضَعِيفًا ۖ وَلَوْلَا رَهْطُكَ لَرَجَمْنَاكَ ۖ وَمَا أَنتَ عَلَيْنَا بِعَزِيزٍ(91)

Padha calathu: É, Syu’aib! aku padha ora mangerti marang apa calathumu kang akèh-akèh iku, lan sayekti, panyawangku, ana ing golonganku kéné, kowé iku temen apes, lan aja angèlingi kula- wangsamu amasthi kowé wis dak bandhemi watu, lan mangsa menanga kowé nglawan aku

قَالَ يَا قَوْمِ أَرَهْطِي أَعَزُّ عَلَيْكُم مِّنَ اللَّهِ وَاتَّخَذْتُمُوهُ وَرَاءَكُمْ ظِهْرِيًّا ۖ إِنَّ رَبِّي بِمَا تَعْمَلُونَ مُحِيطٌ(92)

Calathuné: O, umatku! apa kulawangsaku iku ingatasé kowé luwih aji tinimbang Allah? lan kowé padha anganggep sapélé Panjenengané, kosingkur; sayekti Pangéranku iku anglimputi saba- rang panggawému

وَيَا قَوْمِ اعْمَلُوا عَلَىٰ مَكَانَتِكُمْ إِنِّي عَامِلٌ ۖ سَوْفَ تَعْلَمُونَ مَن يَأْتِيهِ عَذَابٌ يُخْزِيهِ وَمَنْ هُوَ كَاذِبٌ ۖ وَارْتَقِبُوا إِنِّي مَعَكُمْ رَقِيبٌ(93)

Lan manèh, o, umatku! padha tumindaka ing sabisa-bisamu, aku dhéwé iya daktumindak; kowé bakal énggal padha weruh, sapa kang bakal katekan siksa kang angasoraké awaké, lan sapa sing wong goroh, lan padha anga- wasana, sayekti aku iki iya anga- wasaké, barenganmu

وَلَمَّا جَاءَ أَمْرُنَا نَجَّيْنَا شُعَيْبًا وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَهُ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَأَخَذَتِ الَّذِينَ ظَلَمُوا الصَّيْحَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دِيَارِهِمْ جَاثِمِينَ(94)

Lan bareng pancasan-Ingsun wus tumeka, Ingsun anyalametaké Syu’aib sarta kancané kang padha angèstu kalawan wilasa saka Panjenenganingsun, sarta swara gumludhug anyerang para kang padha atindak dudu, temahan dhèwèké padha dadi awak kang tanpa mosik ana ing omahé,a

كَأَن لَّمْ يَغْنَوْا فِيهَا ۗ أَلَا بُعْدًا لِّمَدْيَنَ كَمَا بَعِدَتْ ثَمُودُ(95)

Kaya-kaya ing iku dhèwèké ora tau angenggoni; o, sayekti le- bur Madyan, kaya leburé Tsamud

وَلَقَدْ أَرْسَلْنَا مُوسَىٰ بِآيَاتِنَا وَسُلْطَانٍ مُّبِينٍ(96)

Lan sayekti temen Ingsun wus angutus Musa kalawan tim- balan-timbalan Ingsun sarta wisésa kang cetha

إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ فَاتَّبَعُوا أَمْرَ فِرْعَوْنَ ۖ وَمَا أَمْرُ فِرْعَوْنَ بِرَشِيدٍ(97)

Marang Fir’aun sarta para panggedhé-panggedhéné, ananging iki padha manut paréntahing Fir’aun, lan ora pisan paréntahing Fir’aun iku tuturutan bener

يَقْدُمُ قَوْمَهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فَأَوْرَدَهُمُ النَّارَ ۖ وَبِئْسَ الْوِرْدُ الْمَوْرُودُ(98)

Ana ing dina kiyamat dhè- wèké bakal angirid golongané, sarta padha digiring marang geni: lan ala papanthan kang digiring iku

وَأُتْبِعُوا فِي هَٰذِهِ لَعْنَةً وَيَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ بِئْسَ الرِّفْدُ الْمَرْفُودُ(99)

Lan ana ing iki sarta ing dina kiyamat dhèwèké padha dielud ing wewelak: ala paparing kang bakal pinaringaké

ذَٰلِكَ مِنْ أَنبَاءِ الْقُرَىٰ نَقُصُّهُ عَلَيْكَ ۖ مِنْهَا قَائِمٌ وَحَصِيدٌ(100)

Iki sawenèhing pawarta kutha-kutha, kang Ingsun caritakaké marang sira; sawenèhé ana kang ngadeg lan ana kang rubuh

وَمَا ظَلَمْنَاهُمْ وَلَٰكِن ظَلَمُوا أَنفُسَهُمْ ۖ فَمَا أَغْنَتْ عَنْهُمْ آلِهَتُهُمُ الَّتِي يَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ مِن شَيْءٍ لَّمَّا جَاءَ أَمْرُ رَبِّكَ ۖ وَمَا زَادُوهُمْ غَيْرَ تَتْبِيبٍ(101)

Lan ora pisan Ingsun anga- niaya dhèwèké, balik dhèwèké kang padha anganiaya marang awaké dhéwé; lah para sesemba- hané kang padha disambat-sebuti, saliyané Allah, ora pisan makolèhi apa-apa ing dhèwèké, samangsa pancasané Pangéranira wus tume- ka; lan mung padha muwuhi karu- sakané

وَكَذَٰلِكَ أَخْذُ رَبِّكَ إِذَا أَخَذَ الْقُرَىٰ وَهِيَ ظَالِمَةٌ ۚ إِنَّ أَخْذَهُ أَلِيمٌ شَدِيدٌ(102)

Lan kaya mangkono iku pi- danané Pangéranira nalika amida- nani kutha-kutha, kang padha atindak dudu; sayekti pidana-Né iku anglarani, keras

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لِّمَنْ خَافَ عَذَابَ الْآخِرَةِ ۚ ذَٰلِكَ يَوْمٌ مَّجْمُوعٌ لَّهُ النَّاسُ وَذَٰلِكَ يَوْمٌ مَّشْهُودٌ(103)

Sayekti, ing jeroné iku te- men ana tandha tumrap sapa kang wedi ing siksa akhirat; iki dina enggon kaimpuning para manusa, sarta iki dina adeging pasaksi

وَمَا نُؤَخِّرُهُ إِلَّا لِأَجَلٍ مَّعْدُودٍ(104)

Lan iku ora pisan Ingsun sumenèkaké, kajaba tumeka mang- sa kang wus tinamtu

يَوْمَ يَأْتِ لَا تَكَلَّمُ نَفْسٌ إِلَّا بِإِذْنِهِ ۚ فَمِنْهُمْ شَقِيٌّ وَسَعِيدٌ(105)

Ing dina kang bakal tume- ka, ora ana jiwa sawiji caturan, kajaba kalawan idin Panjenengané, lah sawenèhé padha cilaka sarta padha begja

فَأَمَّا الَّذِينَ شَقُوا فَفِي النَّارِ لَهُمْ فِيهَا زَفِيرٌ وَشَهِيقٌ(106)

Wondéné para kang padha cilaka, lah bakal padha ana ing jero geni, ana ing kono bakal padha kadunungan pangadhuh lan pan- jerit

خَالِدِينَ فِيهَا مَا دَامَتِ السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ إِلَّا مَا شَاءَ رَبُّكَ ۚ إِنَّ رَبَّكَ فَعَّالٌ لِّمَا يُرِيدُ(107)

Padha manggon ing kono sasuwéné langit-langit lan bumi isih, kajaba apa karsané Pangé- ranira; sayekti Pangéranira iku Ingkang-Mahabisa-Anindakaké ma- rang apa kang dikarsakaké

۞ وَأَمَّا الَّذِينَ سُعِدُوا فَفِي الْجَنَّةِ خَالِدِينَ فِيهَا مَا دَامَتِ السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ إِلَّا مَا شَاءَ رَبُّكَ ۖ عَطَاءً غَيْرَ مَجْذُوذٍ(108)

Déné para kang padha ginawé begja, lah bakal padha ing jeroning patamanan, padha mang- gon ing kono, sasuwéné langit- langit lan bumi isih, kajaba apa karsané Pangéranira: paparing kang tanpa ana pedhoté

فَلَا تَكُ فِي مِرْيَةٍ مِّمَّا يَعْبُدُ هَٰؤُلَاءِ ۚ مَا يَعْبُدُونَ إِلَّا كَمَا يَعْبُدُ آبَاؤُهُم مِّن قَبْلُ ۚ وَإِنَّا لَمُوَفُّوهُمْ نَصِيبَهُمْ غَيْرَ مَنقُوصٍ(109)

Mulané aja sira dumunung ing semang-semang tumrap apa kang padha sinembah iki; ora liya dhèwèké iku kajaba padha manem- bah kaya panembahané bapak- bapakné biyèn; lan sayekti, temen Ingsun bakal amituwasi ganep ma- rang dhèwèké apa pandumé, tanpa nganggo sudan

وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ فَاخْتُلِفَ فِيهِ ۚ وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِن رَّبِّكَ لَقُضِيَ بَيْنَهُمْ ۚ وَإِنَّهُمْ لَفِي شَكٍّ مِّنْهُ مُرِيبٍ(110)

Lan sayekti temen Ingsun wus amaringi kitab marang Musa, ananging sing ditindakaké amila- wani ing jeroné; lan lamun sabda saka Pangéranira oraa wus andhisiki,a amasthi prakara ing antarané dhèwèké wis kapancasan; lan sayekti dhèwèké iku temen padha dumunung ing semang kang anguwatiri

وَإِنَّ كُلًّا لَّمَّا لَيُوَفِّيَنَّهُمْ رَبُّكَ أَعْمَالَهُمْ ۚ إِنَّهُ بِمَا يَعْمَلُونَ خَبِيرٌ(111)

Lan sayekti Pangéranira temen bakal amituwasi ganep marang sakèhing panggawéné; sayekti Panjenengané iku waspada marang sabarang kang padha dilakoni

فَاسْتَقِمْ كَمَا أُمِرْتَ وَمَن تَابَ مَعَكَ وَلَا تَطْغَوْا ۚ إِنَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ(112)

Mulané ditetep ngambah dalan bener kaya kang wus dipa- réntahaké marang sira, lan sapa-sapa sartanira kang tobat ; sarta aja padha lacut , sayekti Panjenengané iku amirsani sabarang kang padha sira lakoni

وَلَا تَرْكَنُوا إِلَى الَّذِينَ ظَلَمُوا فَتَمَسَّكُمُ النَّارُ وَمَا لَكُم مِّن دُونِ اللَّهِ مِنْ أَوْلِيَاءَ ثُمَّ لَا تُنصَرُونَ(113)

Sarta aja padha tumiyung marang para kang padha atindak dudu, mundhak geni angenani sira, lan ora pisan sira duwé panga- yoman saliyané Allah, satemah sira ora bakal padha tinulungan

وَأَقِمِ الصَّلَاةَ طَرَفَيِ النَّهَارِ وَزُلَفًا مِّنَ اللَّيْلِ ۚ إِنَّ الْحَسَنَاتِ يُذْهِبْنَ السَّيِّئَاتِ ۚ ذَٰلِكَ ذِكْرَىٰ لِلذَّاكِرِينَ(114)

Lan anjumenengna salat ing rong péranganing raina sarta ana ing wiwitaning wengi; sayekti panggawé becik iku ambirat pang- gawé ala; iki pépéling tumrap para kang padha angalap éling

وَاصْبِرْ فَإِنَّ اللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجْرَ الْمُحْسِنِينَ(115)

Lan di sabar, lah sayekti Allah iku ora bakal angilangaké pituwasé para kang padha atindak becik

فَلَوْلَا كَانَ مِنَ الْقُرُونِ مِن قَبْلِكُمْ أُولُو بَقِيَّةٍ يَنْهَوْنَ عَنِ الْفَسَادِ فِي الْأَرْضِ إِلَّا قَلِيلًا مِّمَّنْ أَنجَيْنَا مِنْهُمْ ۗ وَاتَّبَعَ الَّذِينَ ظَلَمُوا مَا أُتْرِفُوا فِيهِ وَكَانُوا مُجْرِمِينَ(116)

Lah yagéné para kula- wangsa ing sadurungira ora ana kang kadunungan kadibyan, kang anyegah agawé wisuna ing bumi, kajaba mung sathithik, sawenèhé para kang padha Ingsun salametaké? Lah para kang padha atindak dudu padha amburu barang, kang ing kono dhèwèké di- sludhah kasenengané, lan dhèwèké iku padha wong duraka

وَمَا كَانَ رَبُّكَ لِيُهْلِكَ الْقُرَىٰ بِظُلْمٍ وَأَهْلُهَا مُصْلِحُونَ(117)

Lan ora mungguh tumrapé Pangéranira yèn anglebura kutha- kutha karana piandel kang luput kang mangka wongé padha wong atindak becik

وَلَوْ شَاءَ رَبُّكَ لَجَعَلَ النَّاسَ أُمَّةً وَاحِدَةً ۖ وَلَا يَزَالُونَ مُخْتَلِفِينَ(118)

Lan yèn ta Pangéranira angarsakna, Panjenengané amasthi wus andadèkaké manusa dadi umat siji, ananging tansah padha séjé- séjé

إِلَّا مَن رَّحِمَ رَبُّكَ ۚ وَلِذَٰلِكَ خَلَقَهُمْ ۗ وَتَمَّتْ كَلِمَةُ رَبِّكَ لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنَ الْجِنَّةِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ(119)

Kajaba sapa-sapa kang olèh wilasané Pangéranira, lan karana iku anggoné Panjenengané anitah- aké dhéwékè; lan wus kalak- sanan sabdaning Pangéran: Sayekti naraka bakal Dakisèni kumpuling jin lan manusa

وَكُلًّا نَّقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ أَنبَاءِ الرُّسُلِ مَا نُثَبِّتُ بِهِ فُؤَادَكَ ۚ وَجَاءَكَ فِي هَٰذِهِ الْحَقُّ وَمَوْعِظَةٌ وَذِكْرَىٰ لِلْمُؤْمِنِينَ(120)

Lan sarupané pawartané para utusan kang Ingsun caritakaké marang sira, iku minangka sara- nané aneguhaké atinira; lan ing sajroné iki, kasunyatan lan pitutur wus tumeka marang sira, sarta pépéling tumrap para angèstu

وَقُل لِّلَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ اعْمَلُوا عَلَىٰ مَكَانَتِكُمْ إِنَّا عَامِلُونَ(121)

Lan calathua marang para kang angèstu: padha anindakna mi- turut kahananmu, sayekti aku iya padha anindakaké

وَانتَظِرُوا إِنَّا مُنتَظِرُونَ(122)

Sarta padha ngentènana, sayekti aku iya padha angentèni

وَلِلَّهِ غَيْبُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَإِلَيْهِ يُرْجَعُ الْأَمْرُ كُلُّهُ فَاعْبُدْهُ وَتَوَكَّلْ عَلَيْهِ ۚ وَمَا رَبُّكَ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ(123)

Lan kagunganing Allah apa kang tan-katon ing langit-langit lan bumi, lan marang Panjenengané anggoné sakèh ing prakara bakal dibalèkaké; mulanè ngawulanana Panjenengané sarta suméndhéa marang Panjenengané, lan ora pisan Pangéranira iku léna ing sabarang kang padha kolakoni


المزيد من السور باللغة الجاوية:

سورة البقرة آل عمران سورة النساء
سورة المائدة سورة يوسف سورة ابراهيم
سورة الحجر سورة الكهف سورة مريم
سورة السجدة سورة يس سورة الدخان
سورة النجم سورة الرحمن سورة الواقعة
سورة الحشر سورة الملك سورة الحاقة

تحميل سورة هود بصوت أشهر القراء :

قم باختيار القارئ للاستماع و تحميل سورة هود كاملة بجودة عالية
سورة هود أحمد العجمي
أحمد العجمي
سورة هود خالد الجليل
خالد الجليل
سورة هود سعد الغامدي
سعد الغامدي
سورة هود سعود الشريم
سعود الشريم
سورة هود عبد الباسط عبد الصمد
عبد الباسط
سورة هود عبد الله عواد الجهني
عبد الله الجهني
سورة هود علي الحذيفي
علي الحذيفي
سورة هود فارس عباد
فارس عباد
سورة هود ماهر المعيقلي
ماهر المعيقلي
سورة هود محمد جبريل
محمد جبريل
سورة هود محمد صديق المنشاوي
المنشاوي
سورة هود الحصري
الحصري
سورة هود العفاسي
مشاري العفاسي
سورة هود ناصر القطامي
ناصر القطامي
سورة هود ياسر الدوسري
ياسر الدوسري



Sunday, December 22, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب