المص(1) Ingsun, Allah, Ingkang-Maha- wikan, Ingkang-Mahayakti |
كِتَابٌ أُنزِلَ إِلَيْكَ فَلَا يَكُن فِي صَدْرِكَ حَرَجٌ مِّنْهُ لِتُنذِرَ بِهِ وَذِكْرَىٰ لِلْمُؤْمِنِينَ(2) Kitab, kadhawuhaké marang sira – mulané, aja ana rupeké ing atinira amarga saka iku – supaya iku sira anggoa amémélingi sarta pépéling tumrap para angèstu |
اتَّبِعُوا مَا أُنزِلَ إِلَيْكُم مِّن رَّبِّكُمْ وَلَا تَتَّبِعُوا مِن دُونِهِ أَوْلِيَاءَ ۗ قَلِيلًا مَّا تَذَكَّرُونَ(3) Padha manuta apa kang kadhawuhaké marang sira saka Pangéranira lan aja padha manut pangayoman-pangayoman saliyané Panjenengané; sathithik temen anggonira padha angélingi |
وَكَم مِّن قَرْيَةٍ أَهْلَكْنَاهَا فَجَاءَهَا بَأْسُنَا بَيَاتًا أَوْ هُمْ قَائِلُونَ(4) Lan wus sapira kèhé kutha kang wus Ingsun rusak, lah pidana- Ningsun anggoné anekani ing wayah bengi utawa nalikané dhè- wèké padha turu ing wayah awan |
فَمَا كَانَ دَعْوَاهُمْ إِذْ جَاءَهُم بَأْسُنَا إِلَّا أَن قَالُوا إِنَّا كُنَّا ظَالِمِينَ(5) Lah ora liya panguwuhé, nalika pidana-Ningsun anekani dhèwèké, kajaba mung padha angucap: Sayekti aku iki wus padha atindak dudu |
فَلَنَسْأَلَنَّ الَّذِينَ أُرْسِلَ إِلَيْهِمْ وَلَنَسْأَلَنَّ الْمُرْسَلِينَ(6) Lah sayekti temen Ingsun nuli bakal andangu para kang padha karawuhan para utusan lan sayekti temen Ingsun bakal andangu para kang padha kautus |
فَلَنَقُصَّنَّ عَلَيْهِم بِعِلْمٍ ۖ وَمَا كُنَّا غَائِبِينَ(7) Lah sayekti temen Ingsun bakal anyaritani marang dhèwèké kalawan kawruh, lan Ingsun iki ora kasamaran |
وَالْوَزْنُ يَوْمَئِذٍ الْحَقُّ ۚ فَمَن ثَقُلَتْ مَوَازِينُهُ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ(8) Lan panrajuné ing dina iku jejeg; lah sapa sing abot timbangé – ya iki wong kang padha begja |
وَمَنْ خَفَّتْ مَوَازِينُهُ فَأُولَٰئِكَ الَّذِينَ خَسِرُوا أَنفُسَهُم بِمَا كَانُوا بِآيَاتِنَا يَظْلِمُونَ(9) Lan sapa sing ènthèng timbangané, ya iki para kang jiwané padha kapitunan, amarga saka anggoné padha angafiri ing timbalan-timbalan- Ingsun |
وَلَقَدْ مَكَّنَّاكُمْ فِي الْأَرْضِ وَجَعَلْنَا لَكُمْ فِيهَا مَعَايِشَ ۗ قَلِيلًا مَّا تَشْكُرُونَ(10) Lan sayekti temen Ingsun anetepaké sira ana ing bumi, sarta ing kono Ingsun andadèkaké panguripan tumrap ing sira; sathi- thik temen anggonira padha atur panuwun |
وَلَقَدْ خَلَقْنَاكُمْ ثُمَّ صَوَّرْنَاكُمْ ثُمَّ قُلْنَا لِلْمَلَائِكَةِ اسْجُدُوا لِآدَمَ فَسَجَدُوا إِلَّا إِبْلِيسَ لَمْ يَكُن مِّنَ السَّاجِدِينَ(11) Lan sayekti temen Ingsun ani- tahaké sira, tumuli Ingsun amangun sira, banjur Ingsun angandika ma- rang para malaikat: Padha sujuda marang Adam.a Mulané banjur pa- dha sujud, kajaba Iblis;b dhèwèké iku ora kagolong para kang padha sujud |
قَالَ مَا مَنَعَكَ أَلَّا تَسْجُدَ إِذْ أَمَرْتُكَ ۖ قَالَ أَنَا خَيْرٌ مِّنْهُ خَلَقْتَنِي مِن نَّارٍ وَخَلَقْتَهُ مِن طِينٍ(12) Panjenengané angandika: Apa ta kang angalang-alangi sira, déné sira ora sujud nalikané aku marén- tahi sira? Unjuké: Kula langkung saé tinimbang piyambakipun: Tu- wan andadosaken kula saking latu, sarta Tuwan andadosaken piyam- bakipun saking lebu |
قَالَ فَاهْبِطْ مِنْهَا فَمَا يَكُونُ لَكَ أَن تَتَكَبَّرَ فِيهَا فَاخْرُجْ إِنَّكَ مِنَ الصَّاغِرِينَ(13) Panjenengané ngandika: Lah, lungaa saka ing kono amarga ora mungguh tumrapé sira, yèn ta gumedhéa ana ing kono, mulané metua; sayekti sira iku golongané kang padha asor |
قَالَ أَنظِرْنِي إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ(14) Unjuké: Mugi kula Tuwan paringi sumené dumugi ing din- tenipun titiyang sami dipun tangèkaken |
قَالَ إِنَّكَ مِنَ الْمُنظَرِينَ(15) Pangandikané: sayekti sira iku golongané kang padha pina- ringan sumené |
قَالَ فَبِمَا أَغْوَيْتَنِي لَأَقْعُدَنَّ لَهُمْ صِرَاطَكَ الْمُسْتَقِيمَ(16) Unjuké: Ing sarèhné Tuwan sampun adamel cuwa ing kula, saèstu kula badhé angadhang ambidhung piyambakipun ing margi Tuwan ingkang leres |
ثُمَّ لَآتِيَنَّهُم مِّن بَيْنِ أَيْدِيهِمْ وَمِنْ خَلْفِهِمْ وَعَنْ أَيْمَانِهِمْ وَعَن شَمَائِلِهِمْ ۖ وَلَا تَجِدُ أَكْثَرَهُمْ شَاكِرِينَ(17) Tumunten saèstu kula badhé andhatengi piyambakipun saking ngajengipun sarta saking wing- kingipun tuwin saking tengenipun punapa déné saking kiwanipun; saha Tuwan badhé manoni kathah- kathahipun sami boten atur panu- wun |
قَالَ اخْرُجْ مِنْهَا مَذْءُومًا مَّدْحُورًا ۖ لَّمَن تَبِعَكَ مِنْهُمْ لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنكُمْ أَجْمَعِينَ(18) Pangandikané: Metua saka ing kono, cinacad, tinun- dhung; temen sapa-sapa dhèwèké sing manut sira, sayekti Aku bakal angisèni jahanam kalawan sira kabèh |
وَيَا آدَمُ اسْكُنْ أَنتَ وَزَوْجُكَ الْجَنَّةَ فَكُلَا مِنْ حَيْثُ شِئْتُمَا وَلَا تَقْرَبَا هَٰذِهِ الشَّجَرَةَ فَتَكُونَا مِنَ الظَّالِمِينَ(19) Lan : É, Adam! manggona, sira karo jodho- nira, ing taman;a lah sakaloron padha mangana endi ing saka- repira, ananging aja anyedhaki wit iki, mundhak sira sakaloron dadi golongané para kang atindak dudu |
فَوَسْوَسَ لَهُمَا الشَّيْطَانُ لِيُبْدِيَ لَهُمَا مَا وُورِيَ عَنْهُمَا مِن سَوْآتِهِمَا وَقَالَ مَا نَهَاكُمَا رَبُّكُمَا عَنْ هَٰذِهِ الشَّجَرَةِ إِلَّا أَن تَكُونَا مَلَكَيْنِ أَوْ تَكُونَا مِنَ الْخَالِدِينَ(20) Tumuli sétan ambubujuk ma- rang sakaroné, pamrihé dhèwèké arep ambukak ing sakaroné apa kang mauné winadi ing sakaroné kang arupa krenteg ala, lan dhè- wèké calathu: Pangéranmu anggo- né anglarangi kowé sakaloron ing wit iki ora liya kajaba mundhak kowé sakaloron dadi malaikat sakaroné utawa mundhak kowé sakaloron dadi golongané para kang luput saka ing pati |
وَقَاسَمَهُمَا إِنِّي لَكُمَا لَمِنَ النَّاصِحِينَ(21) Lan dhèwèké asumpah ma- rang sakaroné: Sayekti aku iki, tumrapé kowé sakaloron, sawiji- ning juru-pitutur kang tuhu-tuhu |
فَدَلَّاهُمَا بِغُرُورٍ ۚ فَلَمَّا ذَاقَا الشَّجَرَةَ بَدَتْ لَهُمَا سَوْآتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفَانِ عَلَيْهِمَا مِن وَرَقِ الْجَنَّةِ ۖ وَنَادَاهُمَا رَبُّهُمَا أَلَمْ أَنْهَكُمَا عَن تِلْكُمَا الشَّجَرَةِ وَأَقُل لَّكُمَا إِنَّ الشَّيْطَانَ لَكُمَا عَدُوٌّ مُّبِينٌ(22) Tumuli dhèwèké anibakaké sakaroné kalawan apus; lah bareng sakaroné wus angrasakaké wit iku, krentegé ala cumetha tumrap saka- roné, sarta sakaroné banjur wiwit anutupi awaké kalawan gogodho- nganing taman; sarta Pangérané anguwuh sakaroné: Apa Aku ora wus anglarangi sira sakaloron ing wit iki lan apa Aku ora wus angan- dika marang sira sakaloron, yèn sétan iku sayekti mungsuhira kang tétéla |
قَالَا رَبَّنَا ظَلَمْنَا أَنفُسَنَا وَإِن لَّمْ تَغْفِرْ لَنَا وَتَرْحَمْنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ(23) Sakaroné padha munjuk: Pa- ngéran kawula! Kawula sampun sami anganiaya jiwa kawula pi- yambak, lan manawi Tuwan boten angapunten ing kawula sarta amelasi kawula, saèstu kawula badhé dados éwonipun ingkang sami kapitunan |
قَالَ اهْبِطُوا بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۖ وَلَكُمْ فِي الْأَرْضِ مُسْتَقَرٌّ وَمَتَاعٌ إِلَىٰ حِينٍ(24) Pangandikané: Padha lungaa, sawenèhira mungsuh ing sawe- nèhé, lan ana ing bumi sira padha olèh papan sarta pasadhiyan nganti sawatara mangsa |
قَالَ فِيهَا تَحْيَوْنَ وَفِيهَا تَمُوتُونَ وَمِنْهَا تُخْرَجُونَ(25) Pangandikané: Ana ing kono uripira lan ana ing kono bakal mati- nira lan saka ing kono anggonira bakal padha diwetokaké |
يَا بَنِي آدَمَ قَدْ أَنزَلْنَا عَلَيْكُمْ لِبَاسًا يُوَارِي سَوْآتِكُمْ وَرِيشًا ۖ وَلِبَاسُ التَّقْوَىٰ ذَٰلِكَ خَيْرٌ ۚ ذَٰلِكَ مِنْ آيَاتِ اللَّهِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُونَ(26) É, turuning Adam! temen Ingsun wus anurunaké sandhangan marang sira, kanggo nutupi wawa- dinira sarta minangka papaès; lan sandhangan panang- gulanging ala, iki kang luwih becik. Iki kalebu timbalan- timbalaning Allah, supaya dhè- wèké padha angalap éling |
يَا بَنِي آدَمَ لَا يَفْتِنَنَّكُمُ الشَّيْطَانُ كَمَا أَخْرَجَ أَبَوَيْكُم مِّنَ الْجَنَّةِ يَنزِعُ عَنْهُمَا لِبَاسَهُمَا لِيُرِيَهُمَا سَوْآتِهِمَا ۗ إِنَّهُ يَرَاكُمْ هُوَ وَقَبِيلُهُ مِنْ حَيْثُ لَا تَرَوْنَهُمْ ۗ إِنَّا جَعَلْنَا الشَّيَاطِينَ أَوْلِيَاءَ لِلَّذِينَ لَا يُؤْمِنُونَ(27) É, turuning Adam! Aja nganti sétan pitenahé angenani sira, kaya anggoné dhèwèké ngetokaké wong tuwanira saka patamanan, angrucat sandhangané sakaroné, pamrihé dhèwèké arep mbukak krentegé sakaroné kang ala. Sayekti dhè- wèké iku angingeti sira, dhèwèké sakulawangsané, saka ing ngendi sira ora bisa angingeti dhèwèké. Sayekti Ingsun anda- dèkaké para sétan dadi panga- yoman tumrapé para kang padha ora angèstu |
وَإِذَا فَعَلُوا فَاحِشَةً قَالُوا وَجَدْنَا عَلَيْهَا آبَاءَنَا وَاللَّهُ أَمَرَنَا بِهَا ۗ قُلْ إِنَّ اللَّهَ لَا يَأْمُرُ بِالْفَحْشَاءِ ۖ أَتَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ(28) Lan nalikané padha ang- lakoni panggawé nistha padha acalathu: Aku padha nemu bapak- bapakku padha nglakoni iki lan iku Allah iya maréntahaké marang aku. Calathua: Sayekti Allah ora amaréntahaké panggawé nistha; apa ta kowé padha angucap kang amitunani Allah, barang kang kowé padha ora weruh |
قُلْ أَمَرَ رَبِّي بِالْقِسْطِ ۖ وَأَقِيمُوا وُجُوهَكُمْ عِندَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَادْعُوهُ مُخْلِصِينَ لَهُ الدِّينَ ۚ كَمَا بَدَأَكُمْ تَعُودُونَ(29) Calathua: Pangéranku wus maréntahaké adil. lan padha anjejegna adhepira ing saben- saben wayahé salat sarta padha anguwuha Panjenengané, kalawan tulus ing pambangunturut ing Panjenengané; kaya anggoné Pan- jenengané andadèkaké sira ing wiwitan, iya mangkono uga ang- gonira bakal padha bali |
فَرِيقًا هَدَىٰ وَفَرِيقًا حَقَّ عَلَيْهِمُ الضَّلَالَةُ ۗ إِنَّهُمُ اتَّخَذُوا الشَّيَاطِينَ أَوْلِيَاءَ مِن دُونِ اللَّهِ وَيَحْسَبُونَ أَنَّهُم مُّهْتَدُونَ(30) Panjenengané wus nuntun kang sapantha, déné kang sapantha karusakan iku wis beneré tetep ingatasé dhèwèké; sayekti dhèwèké padha ngalap para sétan minangka pangayoman saliyané Allah, sarta padha ngira yèn awaké iku kang padha ngambah dadalan kang bener |
۞ يَا بَنِي آدَمَ خُذُوا زِينَتَكُمْ عِندَ كُلِّ مَسْجِدٍ وَكُلُوا وَاشْرَبُوا وَلَا تُسْرِفُوا ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُسْرِفِينَ(31) É, para turuning Adam! padha angalapa papaèsira ing saben-saben wayahé salat, sarta padha mangana tuwin ngombéa lan aja padha keladuk; sayekti Panjenengané ora remen marang para kang padha keladuk |
قُلْ مَنْ حَرَّمَ زِينَةَ اللَّهِ الَّتِي أَخْرَجَ لِعِبَادِهِ وَالطَّيِّبَاتِ مِنَ الرِّزْقِ ۚ قُلْ هِيَ لِلَّذِينَ آمَنُوا فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا خَالِصَةً يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ كَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَعْلَمُونَ(32) Calathua: Sapa ta sing angla- rangi papaèsing Allah, kang wus diwetokaké tumrap para kawula- Né sarta rezeki kang apik-apik? Calathua: Iku tumrap para kang padha angèstu ana ing kauripan donya iki, mligi ana ing dina kiyamat, kaya mangkono anggon-Ingsun amijang-mijangaké timbalan-timbalan iku tumrap wong kang padha weruh |
قُلْ إِنَّمَا حَرَّمَ رَبِّيَ الْفَوَاحِشَ مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ وَالْإِثْمَ وَالْبَغْيَ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَأَن تُشْرِكُوا بِاللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِ سُلْطَانًا وَأَن تَقُولُوا عَلَى اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ(33) Calathua: Pangéranku mung anglarangi panggawé-panggawé nistha, kang wujudé cumetha lan kang sumamar, apa déné dosa lan pamirong kalawan ora bener, tu- win yèn ta sira padha anjèjèrna sisihan kalawan Allah, barang kang ing kono Panjene- ngané ora anurunaké wewenang, sarta yèn ta sira padha angucap kang amitunani Allah, barang kang kowé ora weruh |
وَلِكُلِّ أُمَّةٍ أَجَلٌ ۖ فَإِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ لَا يَسْتَأْخِرُونَ سَاعَةً ۖ وَلَا يَسْتَقْدِمُونَ(34) Lan tumrap siji-sijining umat iku ana semayaning mangsané, mulané samangsa semayaning mangsané wis tumeka, sadhéla baé ora bakal mundur lan ora bakal maju |
يَا بَنِي آدَمَ إِمَّا يَأْتِيَنَّكُمْ رُسُلٌ مِّنكُمْ يَقُصُّونَ عَلَيْكُمْ آيَاتِي ۙ فَمَنِ اتَّقَىٰ وَأَصْلَحَ فَلَا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ(35) É, para turuning Adam! manawa ana utusan-utusan saka antaranira anekani sira, anyari- takaké timbalan-timbalan-Ingsun marang sira, lah, sapa sing anjaga awaké sarta atindak becik, iya ora bakal padha kataman wedi sarta ora bakal padha susah |
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَاسْتَكْبَرُوا عَنْهَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ(36) Wondéné para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun sarta padha gume- dhé maléngos saka ing kono, iki para wonging geni, bakal padha manggon ana ing kono |
فَمَنْ أَظْلَمُ مِمَّنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ كَذِبًا أَوْ كَذَّبَ بِآيَاتِهِ ۚ أُولَٰئِكَ يَنَالُهُمْ نَصِيبُهُم مِّنَ الْكِتَابِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا جَاءَتْهُمْ رُسُلُنَا يَتَوَفَّوْنَهُمْ قَالُوا أَيْنَ مَا كُنتُمْ تَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ ۖ قَالُوا ضَلُّوا عَنَّا وَشَهِدُوا عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ أَنَّهُمْ كَانُوا كَافِرِينَ(37) Lah sapa ta kang luwih atindak dudu tinimbang wong kang agawé-gawé goroh ditibak-aké marang Allah utawa anggoroh-aké marang timbalan-timbalan-É? Iki pandumé Kitab bakal tumeka dhèwèké, nganti samangsa para utusan-Ingsun anekani dhèwèké arep agawé patiné padha calathu: Endi ta barang saliyané Allah kang adaté padha sira uwuh-uwuh? Bakal padha acalathu: Sami ical angoncati kawula; sarta dhèwèké bakal padha aneksèni marang awaké dhéwé, yèn dhèwèké iku para wong kafir |
قَالَ ادْخُلُوا فِي أُمَمٍ قَدْ خَلَتْ مِن قَبْلِكُم مِّنَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ فِي النَّارِ ۖ كُلَّمَا دَخَلَتْ أُمَّةٌ لَّعَنَتْ أُخْتَهَا ۖ حَتَّىٰ إِذَا ادَّارَكُوا فِيهَا جَمِيعًا قَالَتْ أُخْرَاهُمْ لِأُولَاهُمْ رَبَّنَا هَٰؤُلَاءِ أَضَلُّونَا فَآتِهِمْ عَذَابًا ضِعْفًا مِّنَ النَّارِ ۖ قَالَ لِكُلٍّ ضِعْفٌ وَلَٰكِن لَّا تَعْلَمُونَ(38) Panjenengané angandika: Pa- dha malebua ing geni gumolong para umat kang wus kaliwat ing sadurungira, yaiki jin lan para manusa; saben-saben umat sawiji malebu, saduluré ambendoni, nganti nalikané wis padha tumeka ing jeroné kabèh, kang kèri angunjukaké kang dhingin. Pangéran kawula! Punika sami anasaraken kawula; milanipun mugi Tuwan amaringi siksa latu atitikelan dhateng piyambakipun. Pangandikané: Siji-sijiné bakal oléh tikel, ananging kowé ora padha weruh |
وَقَالَتْ أُولَاهُمْ لِأُخْرَاهُمْ فَمَا كَانَ لَكُمْ عَلَيْنَا مِن فَضْلٍ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنتُمْ تَكْسِبُونَ(39) Lan kang dhingin acalathu marang kang kari: Kowé ora luwih becik sathithik-thithika tinimbang aku, mulané padha angrasakna siksané, amarga saka barang kang wis padha kolakoni |
إِنَّ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَاسْتَكْبَرُوا عَنْهَا لَا تُفَتَّحُ لَهُمْ أَبْوَابُ السَّمَاءِ وَلَا يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ حَتَّىٰ يَلِجَ الْجَمَلُ فِي سَمِّ الْخِيَاطِ ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُجْرِمِينَ(40) Sayekti, para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun sarta padha gume- dhé maléngos saka ing kono, lawang-lawangé langit ora bakal diwengakaké tumrap dhèwèké, lan ora bakal padha malebu ing taman nganti unta malebu ing bolonga- ning dom; lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun males para wong duraka |
لَهُم مِّن جَهَنَّمَ مِهَادٌ وَمِن فَوْقِهِمْ غَوَاشٍ ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الظَّالِمِينَ(41) Dhèwèké bakal padha olèh paturon geni naraka sarta tutup saka ing sadhuwuré dhèwèké; lan kaya mangkono iku anggon-Ingsun males para kang atindak dudu |
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَا نُكَلِّفُ نَفْسًا إِلَّا وُسْعَهَا أُولَٰئِكَ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ ۖ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ(42) Wondéné para kang padha angèstu sarta alaku becik – Ingsun ora amomoti sawijining jiwa, kajaba sakuwawané – iku wonging patamanan; padha manggon ana ing kono |
وَنَزَعْنَا مَا فِي صُدُورِهِم مِّنْ غِلٍّ تَجْرِي مِن تَحْتِهِمُ الْأَنْهَارُ ۖ وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي هَدَانَا لِهَٰذَا وَمَا كُنَّا لِنَهْتَدِيَ لَوْلَا أَنْ هَدَانَا اللَّهُ ۖ لَقَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ ۖ وَنُودُوا أَن تِلْكُمُ الْجَنَّةُ أُورِثْتُمُوهَا بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(43) Lan Ingsun angilangi saba- rang pangigit-igit kang ana ing sajroning dhadhané; kali-kaliné pa- dha mili sangisoré dhèwèké, sarta padha calathu: Sadaya pangalem- bana kagunganipun Allah, Ingkang sampun anuntun kawula dhateng punika, saha boten badhé kawula angambah margi punika manawi ta Allah botena anuntun kawula; saèstu sampun rawuh para utusanipun Pangéran kawula ambekta yakti. Lan bakal diuwuhaké marang dhèwèké, yèn iku patamanan, kang diwarisaké marang sira, amarga saka barang kang wus padha sira lakoni |
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ الْجَنَّةِ أَصْحَابَ النَّارِ أَن قَدْ وَجَدْنَا مَا وَعَدَنَا رَبُّنَا حَقًّا فَهَلْ وَجَدتُّم مَّا وَعَدَ رَبُّكُمْ حَقًّا ۖ قَالُوا نَعَمْ ۚ فَأَذَّنَ مُؤَذِّنٌ بَيْنَهُمْ أَن لَّعْنَةُ اللَّهِ عَلَى الظَّالِمِينَ(44) Wong-wonging patamanan bakal padha anguwuh wong- wonging geni: Sayekti, apa saguhé Pangéranku marang aku, aku wis nemu nyata; lah apa kowé iya padha nemu nyata apa saguhé Pangéranmu? Calathuné: Iya. Tu- muli antarané dhèwèké ana juru- nguwuh anguwuh-uwuh, yèn we- welaking Allah tumiba marang para kang atindak dudu |
الَّذِينَ يَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ وَيَبْغُونَهَا عِوَجًا وَهُم بِالْآخِرَةِ كَافِرُونَ(45) Yaiku kang padha angèng- gokaké awaké saka dadalaning Allah, lan padha mamrih iku bèngkonga, lan dhèwèké iku para wong kafir marang akhirat |
وَبَيْنَهُمَا حِجَابٌ ۚ وَعَلَى الْأَعْرَافِ رِجَالٌ يَعْرِفُونَ كُلًّا بِسِيمَاهُمْ ۚ وَنَادَوْا أَصْحَابَ الْجَنَّةِ أَن سَلَامٌ عَلَيْكُمْ ۚ لَمْ يَدْخُلُوهَا وَهُمْ يَطْمَعُونَ(46) Lan saantarané sakaroné ana aling-alingé; lan ing panggonan- panggonan kang luhur ana wongé kang padha weruh marang sakabèhé déning tetengeré; lan pa- dha anguwuh-uwuh marang wong- wonging patamanan: Rahayu muga tetepa ing sira; durung bakal padha malebu mrono, sanajan padha angajap-ajapa |
۞ وَإِذَا صُرِفَتْ أَبْصَارُهُمْ تِلْقَاءَ أَصْحَابِ النَّارِ قَالُوا رَبَّنَا لَا تَجْعَلْنَا مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ(47) Lan samangsa pandelengé diènggokaké marang peneré wong- wonging geni, padha munjuk: Pangéran kawula, mugi kawula sampun Tuwan dadosaken golo- nganipun titiyang ingkang sami atindak dédé |
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ الْأَعْرَافِ رِجَالًا يَعْرِفُونَهُم بِسِيمَاهُمْ قَالُوا مَا أَغْنَىٰ عَنكُمْ جَمْعُكُمْ وَمَا كُنتُمْ تَسْتَكْبِرُونَ(48) Para kang manggon ing papan-papan kang luhur padha anguwuh-uwuh marang wong- wong kang padha kinawruhan déning tetengeré, calathuné: Ora migunani ing sira éntukmu keklumpuk, mangkono uga anggonira padha gumedhé |
أَهَٰؤُلَاءِ الَّذِينَ أَقْسَمْتُمْ لَا يَنَالُهُمُ اللَّهُ بِرَحْمَةٍ ۚ ادْخُلُوا الْجَنَّةَ لَا خَوْفٌ عَلَيْكُمْ وَلَا أَنتُمْ تَحْزَنُونَ(49) Apa iki kang padha sira ban- dhani sepata, yèn ora bakal Allah anekakaké wilasa marang dhè- wèké? Padha malebua patamanan, ora bakal sira kataman wedi sarta ora bakal sira susah |
وَنَادَىٰ أَصْحَابُ النَّارِ أَصْحَابَ الْجَنَّةِ أَنْ أَفِيضُوا عَلَيْنَا مِنَ الْمَاءِ أَوْ مِمَّا رَزَقَكُمُ اللَّهُ ۚ قَالُوا إِنَّ اللَّهَ حَرَّمَهُمَا عَلَى الْكَافِرِينَ(50) Wong-wonging geni padha anguwuh wong-wonging patama- nan, panguwuhé: mbok padha angilingna banyu sathithik marang aku, utawa rezeki paparinging Allah marang kowé sathithik . Ca- lathuné: Sayekti Allah anglarangi karo pisan iku tumrap para kafir |
الَّذِينَ اتَّخَذُوا دِينَهُمْ لَهْوًا وَلَعِبًا وَغَرَّتْهُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا ۚ فَالْيَوْمَ نَنسَاهُمْ كَمَا نَسُوا لِقَاءَ يَوْمِهِمْ هَٰذَا وَمَا كَانُوا بِآيَاتِنَا يَجْحَدُونَ(51) Yaiku kang padha anganggep agamané minangka lalahan sarta dolanan, apa déné padha kacin- thung ing kauripan donya; mulané ing dina iki Ingsun anègakaké dhè- wèké, kaya déné anggoné dhèwèké wus padha anglirwakaké sapate- mon ing dinané iki sarta déning anggoné padha maido ing tim- balan-timbalan-Ingsun |
وَلَقَدْ جِئْنَاهُم بِكِتَابٍ فَصَّلْنَاهُ عَلَىٰ عِلْمٍ هُدًى وَرَحْمَةً لِّقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ(52) Lan sayekti temen Ingsun wus anekani Kitab dhèwèké, kang Ingsun wijang-wijangaké kalawan kawruh, minangka tuntunan lan wilasa tumrap para wong kang padha angèstu |
هَلْ يَنظُرُونَ إِلَّا تَأْوِيلَهُ ۚ يَوْمَ يَأْتِي تَأْوِيلُهُ يَقُولُ الَّذِينَ نَسُوهُ مِن قَبْلُ قَدْ جَاءَتْ رُسُلُ رَبِّنَا بِالْحَقِّ فَهَل لَّنَا مِن شُفَعَاءَ فَيَشْفَعُوا لَنَا أَوْ نُرَدُّ فَنَعْمَلَ غَيْرَ الَّذِي كُنَّا نَعْمَلُ ۚ قَدْ خَسِرُوا أَنفُسَهُمْ وَضَلَّ عَنْهُم مَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ(53) Dhèwèké padha ngentèni apa ta, kajaba kawusanané iku? Ing dina tekaning kawusanané, para kang mauné padha anglirwakaké iku, bakal calathu: Temen wus rawuh para utusaning Pangéranku anggawa yakti; lah apa ta sameng- ko aku duwé juru-syafa’at kang banjur padha amakolèhaké marang aku? Utawa apa ta aku iki kena padha dibalèkaké, supaya aku padha anglakoni liya- né kang wis padha daklakoni? Temen dhèwèké padha amitunani jiwané dhéwé, lan sabarang gogo- rohan gawèané wus ilang saka ing awaké |
إِنَّ رَبَّكُمُ اللَّهُ الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ يُغْشِي اللَّيْلَ النَّهَارَ يَطْلُبُهُ حَثِيثًا وَالشَّمْسَ وَالْقَمَرَ وَالنُّجُومَ مُسَخَّرَاتٍ بِأَمْرِهِ ۗ أَلَا لَهُ الْخَلْقُ وَالْأَمْرُ ۗ تَبَارَكَ اللَّهُ رَبُّ الْعَالَمِينَ(54) Sayekti, Pangéranira iku Allah, Kang anitahaké langit-langit lan bumi ing sajroné nem mangsaa, sartab Panjenengané angasta purba wisésa ing karaton iku; Panje- nengané anutupaké wengi ing raina, kang tansah angoyak iku; lan sre- ngéngé lan rembulan sarta lintang- lintang, ginawé manut kalawan paréntah-É; sayekti dumadi lan paréntah iku ana ing Panjene- ngané; Mahabarkah Allah iku, Pangéraning ngalam kabèh |
ادْعُوا رَبَّكُمْ تَضَرُّعًا وَخُفْيَةً ۚ إِنَّهُ لَا يُحِبُّ الْمُعْتَدِينَ(55) Padha nyunyuwuna Pangéra- nira kalawan adhedhépé tuwin sisidheman; sayekti Panjenengané iku ora remen marang kang padha mlangkah wates |
وَلَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا وَادْعُوهُ خَوْفًا وَطَمَعًا ۚ إِنَّ رَحْمَتَ اللَّهِ قَرِيبٌ مِّنَ الْمُحْسِنِينَ(56) Lan aja sira padha agawé wisuna ana ing bumi sawisé olèhé didandani, lan padha nyunyuwuna ing Panjenengané kalawan wedi lan pangarep-arep; sayekti wilasa- ning Allah iku cedhak marang para kang agawé becik |
وَهُوَ الَّذِي يُرْسِلُ الرِّيَاحَ بُشْرًا بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا أَقَلَّتْ سَحَابًا ثِقَالًا سُقْنَاهُ لِبَلَدٍ مَّيِّتٍ فَأَنزَلْنَا بِهِ الْمَاءَ فَأَخْرَجْنَا بِهِ مِن كُلِّ الثَّمَرَاتِ ۚ كَذَٰلِكَ نُخْرِجُ الْمَوْتَىٰ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ(57) Lan Panjenengané iku kang angutus angin-angin anggawa war- ta becik sangareping kamurahan- É, nganti samangsa wus ang- gawa mendhung angendanu, iku Ingsun giring marang tanah kang mati; tumuli Ingsun anurunaké banyu mrono, banjur Ingsun anggo ametokaké sawarnaning wo- wohan; kaya mangkono anggon- Ingsun bakal anguripaké wong- wong mati, supaya sira padha élinga |
وَالْبَلَدُ الطَّيِّبُ يَخْرُجُ نَبَاتُهُ بِإِذْنِ رَبِّهِ ۖ وَالَّذِي خَبُثَ لَا يَخْرُجُ إِلَّا نَكِدًا ۚ كَذَٰلِكَ نُصَرِّفُ الْآيَاتِ لِقَوْمٍ يَشْكُرُونَ(58) Wondéné tanah kang becik, metu tutuwuhané kala- wan idining Pangérané, lan kang cengkar, ora metu kajaba mung sathithik; kaya mang- kono anggon-Ingsun angambal- ambali timbalan-timbalan tumrap wong kang padha atur panuwun |
لَقَدْ أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ فَقَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ إِنِّي أَخَافُ عَلَيْكُمْ عَذَابَ يَوْمٍ عَظِيمٍ(59) Sayekti temen Ingsun wis angutus Nuh marang bangsané, tumuli acalathu: É bangsaku, padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjene- ngané; sayekti aku nguwatiraké sira marang siksa ing dina kang agung |
قَالَ الْمَلَأُ مِن قَوْمِهِ إِنَّا لَنَرَاكَ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ(60) Para panggedhéning bangsa- né acalathu: Sayekti, panyawang- ku, kowé iku ana ing sajroning sasar kang tétéla |
قَالَ يَا قَوْمِ لَيْسَ بِي ضَلَالَةٌ وَلَٰكِنِّي رَسُولٌ مِّن رَّبِّ الْعَالَمِينَ(61) Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! Ora pisan ana sasaré aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangéraning kabèh ngalam |
أُبَلِّغُكُمْ رِسَالَاتِ رَبِّي وَأَنصَحُ لَكُمْ وَأَعْلَمُ مِنَ اللَّهِ مَا لَا تَعْلَمُونَ(62) Aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku lan apitutur becik marang sira, lan aku weruh saka Allah apa kang sira padha ora weruh |
أَوَعَجِبْتُمْ أَن جَاءَكُمْ ذِكْرٌ مِّن رَّبِّكُمْ عَلَىٰ رَجُلٍ مِّنكُمْ لِيُنذِرَكُمْ وَلِتَتَّقُوا وَلَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ(63) Apa! Apa sira padha gumun, déné ana péling saka Pangéranira anekani sira, alantaran wong lanang golonganira, amrih angé- lingaké sira lan supaya sira anjaga dhiri sarta supaya sira padha diwelasi |
فَكَذَّبُوهُ فَأَنجَيْنَاهُ وَالَّذِينَ مَعَهُ فِي الْفُلْكِ وَأَغْرَقْنَا الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمًا عَمِينَ(64) Ananging padha anggorohaké dhèwèké, mulané Ingsun anyala- metaké dhèwèké dalasan para pandhèrèk ing prau, sarta Ingsun angèrem para kang padha ang- gorohaké ing timbalan-timbalan- Ingsun; sayekti dhèwèké iku bangsa kang wuta |
۞ وَإِلَىٰ عَادٍ أَخَاهُمْ هُودًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۚ أَفَلَا تَتَّقُونَ(65) Lan marang ‘Ad saduluré, Hud. Dhèwèké acalathu: É, bangsaku! Padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané; lah apa ta sira ora arep anjaga dhiri |
قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِن قَوْمِهِ إِنَّا لَنَرَاكَ فِي سَفَاهَةٍ وَإِنَّا لَنَظُنُّكَ مِنَ الْكَاذِبِينَ(66) Para panggedhéning bangsa- né para kang padha kafir acalathu: Sayekti panyawangku kowé iku ana ing sajroning kabodhoan, lan sayekti temen aku nyana, kowé iku éwoné para kang goroh |
قَالَ يَا قَوْمِ لَيْسَ بِي سَفَاهَةٌ وَلَٰكِنِّي رَسُولٌ مِّن رَّبِّ الْعَالَمِينَ(67) Dhèwèké acalathu: É, bang- saku! Ora pisan ana kabodhoané aku iki, ananging aku iki utusan saka Pangéraning kabèh ngalam |
أُبَلِّغُكُمْ رِسَالَاتِ رَبِّي وَأَنَا لَكُمْ نَاصِحٌ أَمِينٌ(68) Aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku lan aku iki juru-pitutur becik kang mitayani tumrap marang sira |
أَوَعَجِبْتُمْ أَن جَاءَكُمْ ذِكْرٌ مِّن رَّبِّكُمْ عَلَىٰ رَجُلٍ مِّنكُمْ لِيُنذِرَكُمْ ۚ وَاذْكُرُوا إِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاءَ مِن بَعْدِ قَوْمِ نُوحٍ وَزَادَكُمْ فِي الْخَلْقِ بَسْطَةً ۖ فَاذْكُرُوا آلَاءَ اللَّهِ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ(69) Apa! Apa sira padha gumun, déné ana péling saka Pangéranira anekani sira, alantaran wong lanang golonganira, amrih angéli- ngaké sira? Lan padha angélingana nalikané Panjenengané andadè- kaké sira dadi para Pamaréntah ing sapungkuré umaté Nuh sarta amewahi sira ing dalem prakosa- ning dumadinira; mulané padha diéling marang paparingé Allah, supaya sira padha begja |
قَالُوا أَجِئْتَنَا لِنَعْبُدَ اللَّهَ وَحْدَهُ وَنَذَرَ مَا كَانَ يَعْبُدُ آبَاؤُنَا ۖ فَأْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ(70) Dhèwèké padha calathu: Apa tekamu marang aku kéné iki supa- ya aku padha anguwuh ing Allah kang Sawiji, sarta aninggal apa kang dikawulani bapak-bapakku? Lah tekakna marang aku kéné apa kang koancamaké aku, manawa kowé iku kalebu wong kang padha temen |
قَالَ قَدْ وَقَعَ عَلَيْكُم مِّن رَّبِّكُمْ رِجْسٌ وَغَضَبٌ ۖ أَتُجَادِلُونَنِي فِي أَسْمَاءٍ سَمَّيْتُمُوهَا أَنتُمْ وَآبَاؤُكُم مَّا نَزَّلَ اللَّهُ بِهَا مِن سُلْطَانٍ ۚ فَانتَظِرُوا إِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُنتَظِرِينَ(71) Dhèwèké acalathu: temen wus tumiba marang sira lelethek sarta bebendu saka Pangéranira; apa kowé padha madoni aku ing dalem aran-aran, kang sira sebut-sebut, sira lan bapak- bapakira? Allah ora anurunaké wewenang tumrap iku; mulané padha entènana, sayekti aku iki kalawan sira éwoné wong kang padha angentèni |
فَأَنجَيْنَاهُ وَالَّذِينَ مَعَهُ بِرَحْمَةٍ مِّنَّا وَقَطَعْنَا دَابِرَ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۖ وَمَا كَانُوا مُؤْمِنِينَ(72) Tumuli Ingsun anyalametaké dhèwèké dalah para pandhèrèké kalawan wilasa saka Ingsun, sarta Ingsun amedhot oyodé para kang padha anggorohaké marang tim- balan-timbalan-Ingsun tuwin kang dudu wong-wong angèstu |
وَإِلَىٰ ثَمُودَ أَخَاهُمْ صَالِحًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ قَدْ جَاءَتْكُم بَيِّنَةٌ مِّن رَّبِّكُمْ ۖ هَٰذِهِ نَاقَةُ اللَّهِ لَكُمْ آيَةً ۖ فَذَرُوهَا تَأْكُلْ فِي أَرْضِ اللَّهِ ۖ وَلَا تَمَسُّوهَا بِسُوءٍ فَيَأْخُذَكُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ(73) Lan marang Tsa- mud sadu- luréa, Shalih. Dhèwèké acalathu: É, bangsaku, padha angabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané. Temen wus tumeka ing sira tandha yekti cetha saka Pangéranira: iki untané wa- don Allah, tumrapé sira sawijining tandha; mulané iku togna baé mangan ing bumining Allah lan aja sira arubiru, mundhak siksa kang nglarani anibani sira |
وَاذْكُرُوا إِذْ جَعَلَكُمْ خُلَفَاءَ مِن بَعْدِ عَادٍ وَبَوَّأَكُمْ فِي الْأَرْضِ تَتَّخِذُونَ مِن سُهُولِهَا قُصُورًا وَتَنْحِتُونَ الْجِبَالَ بُيُوتًا ۖ فَاذْكُرُوا آلَاءَ اللَّهِ وَلَا تَعْثَوْا فِي الْأَرْضِ مُفْسِدِينَ(74) Lan padha élinga nalikané Panjenengané andadèkaké sira dadi para pamaréntah ing sapung- kuré bangsa ‘Ada sarta anetepaké sira ana ing bumi – sira padha yasa pura ana ing tanahé rata sarta padha anatahi gunung minangka omah – mulané padha élinga kadarmaning Allah, sarta aja padha agawé piala ing bumi, agawé wisuna |
قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا مِن قَوْمِهِ لِلَّذِينَ اسْتُضْعِفُوا لِمَنْ آمَنَ مِنْهُمْ أَتَعْلَمُونَ أَنَّ صَالِحًا مُّرْسَلٌ مِّن رَّبِّهِ ۚ قَالُوا إِنَّا بِمَا أُرْسِلَ بِهِ مُؤْمِنُونَ(75) Kepala-kepalaning bangsané para kang padha gumedhé acalathu marang para kang padha ingang- gep apes, marang para kang padha angèstu saka ing antarané: Apa kowé padha weruh, yèn Shalih iku utusan saka Pangérané? Dhèwèké padha acalathu: Sayekti aku iki padha wong angèstu marang ba- rang kang diampil anggoné kautus |
قَالَ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا إِنَّا بِالَّذِي آمَنتُم بِهِ كَافِرُونَ(76) Para kang padha gumedhé acalathu: Sayekti aku iki para wong kang angafiri kang padha koèstu |
فَعَقَرُوا النَّاقَةَ وَعَتَوْا عَنْ أَمْرِ رَبِّهِمْ وَقَالُوا يَا صَالِحُ ائْتِنَا بِمَا تَعِدُنَا إِن كُنتَ مِنَ الْمُرْسَلِينَ(77) Banjur padha ambelèh unta wadon iku sarta padha andaga paréntahing Pangérané lan padha acalathu: É, Shalih, tekakna ma- rang aku apa kang koancamaké ing aku manawa kowé iku éwoné para utusan |
فَأَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دَارِهِمْ جَاثِمِينَ(78) Tumuli lindhu anekani dhè- wèké, banjur padha dadi awak kang ora obah ana ing omahé |
فَتَوَلَّىٰ عَنْهُمْ وَقَالَ يَا قَوْمِ لَقَدْ أَبْلَغْتُكُمْ رِسَالَةَ رَبِّي وَنَصَحْتُ لَكُمْ وَلَٰكِن لَّا تُحِبُّونَ النَّاصِحِينَ(79) Tumuli dhèwèké aninggal kono kalawan calathu: É, bangsa- ku! Sayekti temen aku anekakaké marang sira ayahaning Pangéranku sarta aku apitutur becik ing sira, ananging sira iku padha ora dhemen para juru-pitutur becik |
وَلُوطًا إِذْ قَالَ لِقَوْمِهِ أَتَأْتُونَ الْفَاحِشَةَ مَا سَبَقَكُم بِهَا مِنْ أَحَدٍ مِّنَ الْعَالَمِينَ(80) Lan Luth, nalikané acalathu marang bangsané: Apa! apa sira padha anindakaké panggawé nistha, kang ora ana wong siji-sijia ing jagad ing sadurungira kang nindakaké mangkono |
إِنَّكُمْ لَتَأْتُونَ الرِّجَالَ شَهْوَةً مِّن دُونِ النِّسَاءِ ۚ بَلْ أَنتُمْ قَوْمٌ مُّسْرِفُونَ(81) Sayekti sira iku padha aneka- ni karep karo padha wong lanang ora karo wong wadon, lah, sira iku bangsa kang langkah |
وَمَا كَانَ جَوَابَ قَوْمِهِ إِلَّا أَن قَالُوا أَخْرِجُوهُم مِّن قَرْيَتِكُمْ ۖ إِنَّهُمْ أُنَاسٌ يَتَطَهَّرُونَ(82) Lan ora ana liya wangsulané bangsané kajaba mung padha calathu: Padha wetokna saka ing kuthanira, sayekti dhèwèké iku wong-wong kang arep anucèni dhiri |
فَأَنجَيْنَاهُ وَأَهْلَهُ إِلَّا امْرَأَتَهُ كَانَتْ مِنَ الْغَابِرِينَ(83) Mulané Ingsun anyalametaké dhèwèké dalah pandhèrèké, A kajaba rabiné; iku kalebu wong kang padha kèri |
وَأَمْطَرْنَا عَلَيْهِم مَّطَرًا ۖ فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُجْرِمِينَ(84) Lan Ingsun anibani udan marang dhèwèké: Lah angen- angenen, kapriyé wasanané para wong kang padha dosa |
وَإِلَىٰ مَدْيَنَ أَخَاهُمْ شُعَيْبًا ۗ قَالَ يَا قَوْمِ اعْبُدُوا اللَّهَ مَا لَكُم مِّنْ إِلَٰهٍ غَيْرُهُ ۖ قَدْ جَاءَتْكُم بَيِّنَةٌ مِّن رَّبِّكُمْ ۖ فَأَوْفُوا الْكَيْلَ وَالْمِيزَانَ وَلَا تَبْخَسُوا النَّاسَ أَشْيَاءَهُمْ وَلَا تُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ بَعْدَ إِصْلَاحِهَا ۚ ذَٰلِكُمْ خَيْرٌ لَّكُمْ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ(85) Lan marang Ma- dyan sadu- luré, Syu’aib. Dhèwèké calathu: É, bangsaku! Padha ngabdia ing Allah, sira ora duwé sesembahan liyané Panjenengané. Temen wus tumeka ing sira tandha yekti cetha saka Pangéranira: mulané padha dikebak ing panaker lan panim- bang sarta aja padha angèlongi barang-barangé wong, tuwin aja gawé wisuna ing bumi sawisé anggoné dibecikaké; iku luwih becik tumrapé sira manawa sira iku padha wong angèstu |
وَلَا تَقْعُدُوا بِكُلِّ صِرَاطٍ تُوعِدُونَ وَتَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ مَنْ آمَنَ بِهِ وَتَبْغُونَهَا عِوَجًا ۚ وَاذْكُرُوا إِذْ كُنتُمْ قَلِيلًا فَكَثَّرَكُمْ ۖ وَانظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِينَ(86) Lan aja padha angalang- alangi ing sawarnaning dalan wong kang angèstu ing Panjene- ngané, kalawan angancam sarta anyimpangaké saka dadalaning Allah, lan mamrih supaya iku malèncènga; sarta padha diéling nalikané sira iku sathithik, tumuli Panjenengané angakèhaké sira; lan padha angen-angenen, kapriyé wu- sanané para kang agawé wisuna |
وَإِن كَانَ طَائِفَةٌ مِّنكُمْ آمَنُوا بِالَّذِي أُرْسِلْتُ بِهِ وَطَائِفَةٌ لَّمْ يُؤْمِنُوا فَاصْبِرُوا حَتَّىٰ يَحْكُمَ اللَّهُ بَيْنَنَا ۚ وَهُوَ خَيْرُ الْحَاكِمِينَ(87) Lan manawa golonganira ana sapantha kang padha angèstu ing barang kang dakampil anggonku kautus, sarta ana sapantha kang padha ora angèstu, lah padha disabar nganti Allah amancasi antarané aku kabèh; lan Panjene- ngané iku becik-beciké para juru- mancasi |
۞ قَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ اسْتَكْبَرُوا مِن قَوْمِهِ لَنُخْرِجَنَّكَ يَا شُعَيْبُ وَالَّذِينَ آمَنُوا مَعَكَ مِن قَرْيَتِنَا أَوْ لَتَعُودُنَّ فِي مِلَّتِنَا ۚ قَالَ أَوَلَوْ كُنَّا كَارِهِينَ(88) Para kepala-kepalané bangsa- né kang padha gumedhé-gumedhé, acalathu: Yekti aku bakal nge- tokaké kowé, é, Syu’aib, sarta kancamu kang padha angèstu, saka kuthaku, utawa kowé balia ing agamaku. Dhèwèké calathu: Apa! apa sanajan aku gething |
قَدِ افْتَرَيْنَا عَلَى اللَّهِ كَذِبًا إِنْ عُدْنَا فِي مِلَّتِكُم بَعْدَ إِذْ نَجَّانَا اللَّهُ مِنْهَا ۚ وَمَا يَكُونُ لَنَا أَن نَّعُودَ فِيهَا إِلَّا أَن يَشَاءَ اللَّهُ رَبُّنَا ۚ وَسِعَ رَبُّنَا كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا ۚ عَلَى اللَّهِ تَوَكَّلْنَا ۚ رَبَّنَا افْتَحْ بَيْنَنَا وَبَيْنَ قَوْمِنَا بِالْحَقِّ وَأَنتَ خَيْرُ الْفَاتِحِينَ(89) Tetep agawé goroh tumrap marang Allah aku, yèn ta aku padha balia ing agamamu, ing sawisé Allah anyalametaké aku saka ing kono; lan ora layak tumrapé aku, yèn ta aku padha balia mrono, kajaba manawa Allah, Pangéranku, angarsakaké: Pangéranku iku ngélmuné ang- limputi ing samubarang; marang Allah anggonku suméndhé. Pangé- ran kawula! mugi Tuwan amancasi antawisipun kawula sarta bangsa kawula kaliyan leres; sarta Tuwan punika saé-saénipun para juru- mancasi |
وَقَالَ الْمَلَأُ الَّذِينَ كَفَرُوا مِن قَوْمِهِ لَئِنِ اتَّبَعْتُمْ شُعَيْبًا إِنَّكُمْ إِذًا لَّخَاسِرُونَ(90) Lan kepala-kepalaning bang- sané, para kang padha kafir, acalathua: Manawa kowé padha manut Syu’aib, sayekti kowé iku padha wong kapitunan |
فَأَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ فَأَصْبَحُوا فِي دَارِهِمْ جَاثِمِينَ(91) Tumuli lindhu anekani dhè- wèké; mulané banjur padha dadi awak kang tan obah ana ing omahé |
الَّذِينَ كَذَّبُوا شُعَيْبًا كَأَن لَّمْ يَغْنَوْا فِيهَا ۚ الَّذِينَ كَذَّبُوا شُعَيْبًا كَانُوا هُمُ الْخَاسِرِينَ(92) Para kang padha anggoro- haké Syu’aib dadi kaya-kaya ora tau manggon ana ing kono; para kang padha anggorohaké Syu’aib, iku para wong kang kapitunan |
فَتَوَلَّىٰ عَنْهُمْ وَقَالَ يَا قَوْمِ لَقَدْ أَبْلَغْتُكُمْ رِسَالَاتِ رَبِّي وَنَصَحْتُ لَكُمْ ۖ فَكَيْفَ آسَىٰ عَلَىٰ قَوْمٍ كَافِرِينَ(93) Mulané dhèwèké aninggal bangsané sarta calathu: É, Bang- saku, sayekti temen aku iki anekakaké marang sira ayahané Pangéranku sarta aku apitutur becik marang sira, mulané kapriyé olèhku bakal sedih tumrap bangsa kang padha kafir |
وَمَا أَرْسَلْنَا فِي قَرْيَةٍ مِّن نَّبِيٍّ إِلَّا أَخَذْنَا أَهْلَهَا بِالْبَأْسَاءِ وَالضَّرَّاءِ لَعَلَّهُمْ يَضَّرَّعُونَ(94) Lan Ingsun ora angutus sawijining Nabi ing sajroning nagara, kajaba masthi wongé Ingsun tekani kasusahan sarta kasangsaran, supaya padha adhedhépéa |
ثُمَّ بَدَّلْنَا مَكَانَ السَّيِّئَةِ الْحَسَنَةَ حَتَّىٰ عَفَوا وَّقَالُوا قَدْ مَسَّ آبَاءَنَا الضَّرَّاءُ وَالسَّرَّاءُ فَأَخَذْنَاهُم بَغْتَةً وَهُمْ لَا يَشْعُرُونَ(95) Tumuli kang mauné kasusa- han Ingsun salini katentreman, nganti mundhak cacah jiwané sarta padha calathu: Temen kasangsaran lan karaharjan iku wus anekani bapak-bapakku. Tumuli padha Ing- sun pundhut kalawan tanpa antan- antan sarta padha ora rumasa |
وَلَوْ أَنَّ أَهْلَ الْقُرَىٰ آمَنُوا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِم بَرَكَاتٍ مِّنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ وَلَٰكِن كَذَّبُوا فَأَخَذْنَاهُم بِمَا كَانُوا يَكْسِبُونَ(96) Lan manawa wongé kutha- kutha iku padha angèstu sarta anjaga awaké , yekti Ingsun angengakaké nugraha- nugraha saka ing langit lan bumi marang dhèwèké, ananging dhè- wèké padha anggorohaké, mulané padha Ingsun patrapi, amarga saka pakolihing |
أَفَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَىٰ أَن يَأْتِيَهُم بَأْسُنَا بَيَاتًا وَهُمْ نَائِمُونَ(97) Apa! apa wongé kutha-kutha iku rumasa aman saka siksa- Ningsun kang anekani dhèwèké ing wayah bengi, sajroné padha turu |
أَوَأَمِنَ أَهْلُ الْقُرَىٰ أَن يَأْتِيَهُم بَأْسُنَا ضُحًى وَهُمْ يَلْعَبُونَ(98) Apa! apa wongé kutha-kutha rumasa aman saka siksa-Ningsun kang anekani dhèwèké ing wayah ésuk, sajroné padha dolanan |
أَفَأَمِنُوا مَكْرَ اللَّهِ ۚ فَلَا يَأْمَنُ مَكْرَ اللَّهِ إِلَّا الْقَوْمُ الْخَاسِرُونَ(99) Apa! lah apa padha rumasa aman saka rancanganing Allah? Ananging ora ana kang rumasa aman saka rancanganing Allah, kajaba wong-wong kang bakal sirna |
أَوَلَمْ يَهْدِ لِلَّذِينَ يَرِثُونَ الْأَرْضَ مِن بَعْدِ أَهْلِهَا أَن لَّوْ نَشَاءُ أَصَبْنَاهُم بِذُنُوبِهِمْ ۚ وَنَطْبَعُ عَلَىٰ قُلُوبِهِمْ فَهُمْ لَا يَسْمَعُونَ(100) Apa ta ora terang tumrapé para kang padha amaris bumi ing sapungkuré kang angenggoni , yèn, upama Ingsun angarsakna, bakal padha Ingsun patrapi amarga saka dosané sarta bakal padha Ingsun ecap atiné; wusana bakal padha ora krungu |
تِلْكَ الْقُرَىٰ نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ أَنبَائِهَا ۚ وَلَقَدْ جَاءَتْهُمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ فَمَا كَانُوا لِيُؤْمِنُوا بِمَا كَذَّبُوا مِن قَبْلُ ۚ كَذَٰلِكَ يَطْبَعُ اللَّهُ عَلَىٰ قُلُوبِ الْكَافِرِينَ(101) Iki kutha-kutha – Ingsun anyaritakaké marang sira sawe- nèhing carita-caritané, lan sayekti temen para utusané wus anekani dhèwèké kalawan bukti-bukti, ananging dhèwèké padha ora arep angèstu ing barang kang mauné padha digorohaké; kaya mang- kono Allah angecap marang ati- atiné para wong kafir |
وَمَا وَجَدْنَا لِأَكْثَرِهِم مِّنْ عَهْدٍ ۖ وَإِن وَجَدْنَا أَكْثَرَهُمْ لَفَاسِقِينَ(102) Lan Ingsun ora nemu janji ing kèkè- hané dhèwèké, lan Ingsun anemu kèkèhané dhèwèké iku temen padha wong murang yekti |
ثُمَّ بَعَثْنَا مِن بَعْدِهِم مُّوسَىٰ بِآيَاتِنَا إِلَىٰ فِرْعَوْنَ وَمَلَئِهِ فَظَلَمُوا بِهَا ۖ فَانظُرْ كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُفْسِدِينَ(103) Tumuli, ing sapungkuré Musa akanthi timbalan-timbalan- Ingsun marang Fir’aun lan para wong gedhéné, ananging padha ora angèstu marang iku;a lah angen- angenen, kapriyé wusanané para kang agawé wisuna. A |
وَقَالَ مُوسَىٰ يَا فِرْعَوْنُ إِنِّي رَسُولٌ مِّن رَّبِّ الْعَالَمِينَ(104) Lan Musa acalathu: Dhuh, Fir’aun! saèstu kula punika utusan saking Pangéraning ngalam sadaya |
حَقِيقٌ عَلَىٰ أَن لَّا أَقُولَ عَلَى اللَّهِ إِلَّا الْحَقَّ ۚ قَدْ جِئْتُكُم بِبَيِّنَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ فَأَرْسِلْ مَعِيَ بَنِي إِسْرَائِيلَ(105) layak boten angucapaken punapa-punapa ing atasing Allah, kajawi ingkang nya- ta: saèstu kula andhatengi paduka kalayan bukti saking Pangéran paduka; milanipun para turuning Israil sami kadhawuhana anyartani kula |
قَالَ إِن كُنتَ جِئْتَ بِآيَةٍ فَأْتِ بِهَا إِن كُنتَ مِنَ الصَّادِقِينَ(106) Calathuné: Manawa teka- nira kalawan tandha, lah coba iku tekakna, manawa sira iku éwoning para wong temen |
فَأَلْقَىٰ عَصَاهُ فَإِذَا هِيَ ثُعْبَانٌ مُّبِينٌ(107) Mulané dhèwèké banjur anguncalaké tekené, lah padha sakala, iku terang ula |
وَنَزَعَ يَدَهُ فَإِذَا هِيَ بَيْضَاءُ لِلنَّاظِرِينَ(108) Lan dhèwèké andudut tanga- né, lah padha sakala, iku putih tu- mrap para kang padha andeleng |
قَالَ الْمَلَأُ مِن قَوْمِ فِرْعَوْنَ إِنَّ هَٰذَا لَسَاحِرٌ عَلِيمٌ(109) Para panggedhéné wongé Fir’aun acalathu: Sayekti iki ahli kemayan kang sugih kawruh |
يُرِيدُ أَن يُخْرِجَكُم مِّنْ أَرْضِكُمْ ۖ فَمَاذَا تَأْمُرُونَ(110) Karepé arep angetokaké kowé saka ing nagaramu; mulané padha kapriyé rembugmu |
قَالُوا أَرْجِهْ وَأَخَاهُ وَأَرْسِلْ فِي الْمَدَائِنِ حَاشِرِينَ(111) Dhèwèké padha calathu: Piyambakipun mugi kadhawuhan angentosi, sarta mugi paduka kaparenga utusan para juru-angem- palaken ing kitha-kitha |
يَأْتُوكَ بِكُلِّ سَاحِرٍ عَلِيمٍ(112) Supados sami ambekta sawarnining ahli kemayan ingkang sugih kawruh dhateng ngarsa paduka |
وَجَاءَ السَّحَرَةُ فِرْعَوْنَ قَالُوا إِنَّ لَنَا لَأَجْرًا إِن كُنَّا نَحْنُ الْغَالِبِينَ(113) Para ahli kemayan padha teka marang Fir’aun, aturé: Saèstu kawula kedah sami angsal pituwas, manawi kawula ingkang sami menang |
قَالَ نَعَمْ وَإِنَّكُمْ لَمِنَ الْمُقَرَّبِينَ(114) Dhèwèké calathu: Iya, sarta sira yekti bakal dadi éwoné wong kang padha kaparek |
قَالُوا يَا مُوسَىٰ إِمَّا أَن تُلْقِيَ وَإِمَّا أَن نَّكُونَ نَحْنُ الْمُلْقِينَ(115) Dhèwèké padha calathu: É, Musa, apa kowé arep anguncalaké, apa aku kang padha anguncalaké dhisik |
قَالَ أَلْقُوا ۖ فَلَمَّا أَلْقَوْا سَحَرُوا أَعْيُنَ النَّاسِ وَاسْتَرْهَبُوهُمْ وَجَاءُوا بِسِحْرٍ عَظِيمٍ(116) Calathuné: Padha anguncal- na! Lah bareng wis padha angun- calaké, padha ambawur pandelengé wong-wong sarta padha anggigiris tuwin anekaké kemayan kang gedhé |
۞ وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ أَنْ أَلْقِ عَصَاكَ ۖ فَإِذَا هِيَ تَلْقَفُ مَا يَأْفِكُونَ(117) Lan Ingsun aparing dhawuh marang Musa kalawan pangan- dika: Uncalna tekenira! Lah padha sakala, iku anguntali sabarang sulapané |
فَوَقَعَ الْحَقُّ وَبَطَلَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(118) Lah barang nyata wis tetep lah wus jugar apa kang wus padha dilakoni |
فَغُلِبُوا هُنَالِكَ وَانقَلَبُوا صَاغِرِينَ(119) Lah ing kono dhèwèké pa- dha kalindhih sarta padha bali dadi asor |
وَأُلْقِيَ السَّحَرَةُ سَاجِدِينَ(120) Lan para ahli kemayan padha karubuhaké, padha sumung- kem |
قَالُوا آمَنَّا بِرَبِّ الْعَالَمِينَ(121) Padha calathu: Kula sami angèstu dhateng Pangéranipun ngalam sadaya |
رَبِّ مُوسَىٰ وَهَارُونَ(122) Pangéranipun Musa lan Harun |
قَالَ فِرْعَوْنُ آمَنتُم بِهِ قَبْلَ أَنْ آذَنَ لَكُمْ ۖ إِنَّ هَٰذَا لَمَكْرٌ مَّكَرْتُمُوهُ فِي الْمَدِينَةِ لِتُخْرِجُوا مِنْهَا أَهْلَهَا ۖ فَسَوْفَ تَعْلَمُونَ(123) Fir’aun calathu: Apa kowé angèstu ing dhèwèké sadurungé aku angidini marang kowe? Sayekti iki temen sandi upaya kang padha korancang sajroning kutha, pamrihmu arep padha angetokaké wongé saka ing kono; ananging kowé bakal padha weruh |
لَأُقَطِّعَنَّ أَيْدِيَكُمْ وَأَرْجُلَكُم مِّنْ خِلَافٍ ثُمَّ لَأُصَلِّبَنَّكُمْ أَجْمَعِينَ(124) Sayekti aku bakal padha angethok tangan-tanganmu lan sikil-sikilmu seling sisih, tumuli temen bakal padha dak penthèng kabèh |
قَالُوا إِنَّا إِلَىٰ رَبِّنَا مُنقَلِبُونَ(125) Dhèwèké padha calathu: Saèstu, dhateng Pangéran kawula anggèn kawula sami badhé wangsul |
وَمَا تَنقِمُ مِنَّا إِلَّا أَنْ آمَنَّا بِآيَاتِ رَبِّنَا لَمَّا جَاءَتْنَا ۚ رَبَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْرًا وَتَوَفَّنَا مُسْلِمِينَ(126) Saha Panjenengan boten ba- dhé anandukaken wawales, kajawi amargi anggèn kula sami angèstu ing timbalan-timbalanipun Pangé- ran kula nalika sami dumugi ing kula: Pangéran kawula! Mugi Tuwan anjawahaken kasabaran dhateng kawula saha mugi Tuwan andadosaken pejah kawula suma- rah |
وَقَالَ الْمَلَأُ مِن قَوْمِ فِرْعَوْنَ أَتَذَرُ مُوسَىٰ وَقَوْمَهُ لِيُفْسِدُوا فِي الْأَرْضِ وَيَذَرَكَ وَآلِهَتَكَ ۚ قَالَ سَنُقَتِّلُ أَبْنَاءَهُمْ وَنَسْتَحْيِي نِسَاءَهُمْ وَإِنَّا فَوْقَهُمْ قَاهِرُونَ(127) Lan para gedhéné wongé Fir’aun calathu: Punapa Panjene- ngan kèndelaken kémawon Musa dalah titiyangipun sami adamel wisuna ing bumi saha anilar Pan- jenengan sarta sesembahan Panje- nengan? Calathuné: Aku bakal matèni anak-anaké lanang sarta anguripi para wadoné, lan sayekti aku iki kang murba-wisésa marang dhèwèké |
قَالَ مُوسَىٰ لِقَوْمِهِ اسْتَعِينُوا بِاللَّهِ وَاصْبِرُوا ۖ إِنَّ الْأَرْضَ لِلَّهِ يُورِثُهَا مَن يَشَاءُ مِنْ عِبَادِهِ ۖ وَالْعَاقِبَةُ لِلْمُتَّقِينَ(128) Musa acalathu marang wongé: Padha nyuwuna pitulung ing Allah sarta padha disabar: sayekti bumi iku kagungané Allah; iku Panjenengané amarisaké ma- rang kawula-Né, sapa kang dadi kapareng-É, lan wekasan iku kadarbé para kang anjaga dhiriné |
قَالُوا أُوذِينَا مِن قَبْلِ أَن تَأْتِيَنَا وَمِن بَعْدِ مَا جِئْتَنَا ۚ قَالَ عَسَىٰ رَبُّكُمْ أَن يُهْلِكَ عَدُوَّكُمْ وَيَسْتَخْلِفَكُمْ فِي الْأَرْضِ فَيَنظُرَ كَيْفَ تَعْمَلُونَ(129) Dhèwèké padha calathu: Kula punika sami dipun sia-sia saking sadèrèngipun panjenengan rawuh ing ngriki sarta sasampun- ipun panjenengan rawuh ing ngri- ki. Calathuné: Manawa-manawa Pangéranira karsa anyirnakaké mungsuhira sarta amisuda sira dadi pamaréntah ing bumi; tumuli Pan- jenengané bakal amirsani kapriyé panggawénira |
وَلَقَدْ أَخَذْنَا آلَ فِرْعَوْنَ بِالسِّنِينَ وَنَقْصٍ مِّنَ الثَّمَرَاتِ لَعَلَّهُمْ يَذَّكَّرُونَ(130) Lan sayekti temen Ingsun wus amatrapi wong-wongé Fir’aun kalawan bethatan sarta sudaning woh-wohana supaya dhèwèké pa- dha élinga |
فَإِذَا جَاءَتْهُمُ الْحَسَنَةُ قَالُوا لَنَا هَٰذِهِ ۖ وَإِن تُصِبْهُمْ سَيِّئَةٌ يَطَّيَّرُوا بِمُوسَىٰ وَمَن مَّعَهُ ۗ أَلَا إِنَّمَا طَائِرُهُمْ عِندَ اللَّهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ(131) Anaging samangsa becik tumeka marang dhèwèké, padha calathu: Iki labet saka aku dhéwé; lan manawa ala angenani dhèwèké, padha dilabetaké saka kojuré Musa sakanthiné; sayekti, kojuré iki mung saka ngarsaning Allah, ana- nging kèh-kèhané padha ora we- ruh |
وَقَالُوا مَهْمَا تَأْتِنَا بِهِ مِنْ آيَةٍ لِّتَسْحَرَنَا بِهَا فَمَا نَحْنُ لَكَ بِمُؤْمِنِينَ(132) Sarta padha calathu: Kowé nekakna tandha apa baé marang aku, kang supaya aku kena ing kemayan, lah ora bakal aku padha angèstu marang kowé |
فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الطُّوفَانَ وَالْجَرَادَ وَالْقُمَّلَ وَالضَّفَادِعَ وَالدَّمَ آيَاتٍ مُّفَصَّلَاتٍ فَاسْتَكْبَرُوا وَكَانُوا قَوْمًا مُّجْرِمِينَ(133) Mulané Ingsun angutus pageblug anekani dhèwèké sarta ama walang lan tengu, kodhok tuwin getih tandha-tandha kang terang-awijang; ananging dhè- wèké padha ambeg gumedhé lan dhèwèké iku bangsa kang dosa |
وَلَمَّا وَقَعَ عَلَيْهِمُ الرِّجْزُ قَالُوا يَا مُوسَى ادْعُ لَنَا رَبَّكَ بِمَا عَهِدَ عِندَكَ ۖ لَئِن كَشَفْتَ عَنَّا الرِّجْزَ لَنُؤْمِنَنَّ لَكَ وَلَنُرْسِلَنَّ مَعَكَ بَنِي إِسْرَائِيلَ(134) Lan bareng wewelak anibani dhèwèké, padha calathu: O, Musa, sampéyan nyuwunaken kula dhateng Pangéran sampéyan punapa janji-Nipun kaliyan sampé- yan; manawi sampéyan anyirnak- aken wewelak punika saèstu kula badhé sami angèstu dhateng sam- péyan, sarta saèstu kula badhé sami akèn para turun Israil anyar- tani sampéyan |
فَلَمَّا كَشَفْنَا عَنْهُمُ الرِّجْزَ إِلَىٰ أَجَلٍ هُم بَالِغُوهُ إِذَا هُمْ يَنكُثُونَ(135) Ananging bareng Ingsun wus anyirnakaké wewelak saka ing kono tumeka semayané mangsa, kang dhèwèké bakal tumeka ing kono, padha sakala padha ambalik |
فَانتَقَمْنَا مِنْهُمْ فَأَغْرَقْنَاهُمْ فِي الْيَمِّ بِأَنَّهُمْ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَكَانُوا عَنْهَا غَافِلِينَ(136) Mulané dhèwèké padha Ing- sun patrapi wawales sarta padha Ingsun kelem ing sagaraa marga anggoné anggorohaké tandha-tan- dha-Ningsun sarta anggoné padha anglirwakaké marang iku |
وَأَوْرَثْنَا الْقَوْمَ الَّذِينَ كَانُوا يُسْتَضْعَفُونَ مَشَارِقَ الْأَرْضِ وَمَغَارِبَهَا الَّتِي بَارَكْنَا فِيهَا ۖ وَتَمَّتْ كَلِمَتُ رَبِّكَ الْحُسْنَىٰ عَلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ بِمَا صَبَرُوا ۖ وَدَمَّرْنَا مَا كَانَ يَصْنَعُ فِرْعَوْنُ وَقَوْمُهُ وَمَا كَانُوا يَعْرِشُونَ(137) Lan Ingsun amarisaké bumi wétanan lan kang kulonan, kang ing kono wus Ingsun barkahi, marang bangsa kang padha di- anggep apes lan wis sampurna sabdaning Pangéranira kang utama ana ing turuning Israil amarga anggoné padha ambek sabar; lan Ingsun anyirnakaké sabarang yaya- sané Fir’aun lan wongé lan apa kang wus padha didegaké |
وَجَاوَزْنَا بِبَنِي إِسْرَائِيلَ الْبَحْرَ فَأَتَوْا عَلَىٰ قَوْمٍ يَعْكُفُونَ عَلَىٰ أَصْنَامٍ لَّهُمْ ۚ قَالُوا يَا مُوسَى اجْعَل لَّنَا إِلَٰهًا كَمَا لَهُمْ آلِهَةٌ ۚ قَالَ إِنَّكُمْ قَوْمٌ تَجْهَلُونَ(138) Lan Ingsun wus anyabra- ngaké sagaraa para turuning Israil; banjur tumeka marang bangsa kang manembah brahalané padha calathu: Dhuh Musa! kula sampé- yan damelaken sesembahan kados sesembahan gadhahanipun. Wang- sulané: Temen kowé iku padha wong atindak bodho |
إِنَّ هَٰؤُلَاءِ مُتَبَّرٌ مَّا هُمْ فِيهِ وَبَاطِلٌ مَّا كَانُوا يَعْمَلُونَ(139) iki sayekti apa kang dhèwèké padha ana ing kono iku bakal disirnakaké, lan muspra apa kang padha dilakoni |
قَالَ أَغَيْرَ اللَّهِ أَبْغِيكُمْ إِلَٰهًا وَهُوَ فَضَّلَكُمْ عَلَى الْعَالَمِينَ(140) Dhèwèké calathu: Apa iya aku anggolèkaké sesembahan ko- wé saliyané Allah, ing mangka Panjenengané iku wus angunggu- laké kowé angungkuli titah |
وَإِذْ أَنجَيْنَاكُم مِّنْ آلِ فِرْعَوْنَ يَسُومُونَكُمْ سُوءَ الْعَذَابِ ۖ يُقَتِّلُونَ أَبْنَاءَكُمْ وَيَسْتَحْيُونَ نِسَاءَكُمْ ۚ وَفِي ذَٰلِكُم بَلَاءٌ مِّن رَّبِّكُمْ عَظِيمٌ(141) Lan nalikané Ingsun nyala- metaké sira saka wongé Fir’aun, kang anibakaké sira ing siksa kang kerasb amatèni anak-anakira lanang lan anguripi wadon-wadonira,c lan ana ing kono iku coba kang gedhé saka Pangéranira |
۞ وَوَاعَدْنَا مُوسَىٰ ثَلَاثِينَ لَيْلَةً وَأَتْمَمْنَاهَا بِعَشْرٍ فَتَمَّ مِيقَاتُ رَبِّهِ أَرْبَعِينَ لَيْلَةً ۚ وَقَالَ مُوسَىٰ لِأَخِيهِ هَارُونَ اخْلُفْنِي فِي قَوْمِي وَأَصْلِحْ وَلَا تَتَّبِعْ سَبِيلَ الْمُفْسِدِينَ(142) Ingsun wus anamtokaké waktu marang Musa telung puluh wengi sarta iku Ingsun ganepi sapuluh , dadi waktuning Pangérané kang tinamtu iku ganep patang puluh wengi.a Lan Musa calathu marang saduluré, Harun: anyulihana lulungguhku ana ing sajroning bangsaku sarta agawéa becik tuwin aja miturut dada- laning wong kang padha gawé wisuna |
وَلَمَّا جَاءَ مُوسَىٰ لِمِيقَاتِنَا وَكَلَّمَهُ رَبُّهُ قَالَ رَبِّ أَرِنِي أَنظُرْ إِلَيْكَ ۚ قَالَ لَن تَرَانِي وَلَٰكِنِ انظُرْ إِلَى الْجَبَلِ فَإِنِ اسْتَقَرَّ مَكَانَهُ فَسَوْفَ تَرَانِي ۚ فَلَمَّا تَجَلَّىٰ رَبُّهُ لِلْجَبَلِ جَعَلَهُ دَكًّا وَخَرَّ مُوسَىٰ صَعِقًا ۚ فَلَمَّا أَفَاقَ قَالَ سُبْحَانَكَ تُبْتُ إِلَيْكَ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُؤْمِنِينَ(143) Lan bareng Musa wus tekan mangsa-Ningsun kang wus tinamtu sarta Pangérané mangandikani dhè- wèké unjuké: Pangéran kawula! mugi angatingali kawula, supados kawula saged sumerep dhateng Tuwan. Pangandi- kané: Ora bisa sira sumurup Ningsun, ananging andelenga marang gunung iku lah manawa iku tetep panggonané, sira bakal iya sumurup Ningsun; ana- nging bareng Pangérané amedhar kaluhuran-É marang gunung iku, iki dadi jugrug sarta Musa ambruk sumaput; lah bareng wis éling munjuk: Mahasuci Tuwan, punika, kawula tobat ing Tuwan saha kawula punika wiwi-tanipun para angèstu |
قَالَ يَا مُوسَىٰ إِنِّي اصْطَفَيْتُكَ عَلَى النَّاسِ بِرِسَالَاتِي وَبِكَلَامِي فَخُذْ مَا آتَيْتُكَ وَكُن مِّنَ الشَّاكِرِينَ(144) Panjenengané angandika: É, Musa, sayekti Ingsun amiji ing sira angungkuli para manusa kalawan ayahan-Ingsun sarta kalawan sabda-Ningsun; mulané cekelana apa kang wus Ingsun paringaké sira, sarta dadia éwoné para kang weruh ing panarima |
وَكَتَبْنَا لَهُ فِي الْأَلْوَاحِ مِن كُلِّ شَيْءٍ مَّوْعِظَةً وَتَفْصِيلًا لِّكُلِّ شَيْءٍ فَخُذْهَا بِقُوَّةٍ وَأْمُرْ قَوْمَكَ يَأْخُذُوا بِأَحْسَنِهَا ۚ سَأُرِيكُمْ دَارَ الْفَاسِقِينَ(145) Lan Ingsun wus anetepaké ing angger tumrap dhèwèké ana ing balèbèkan-balèbèkan arupa sarupaning pitutur sarta pamijang tumrap samubarang; mulané iku sira cekelana kalawan kukuh sarta maréntahana wong-wongira supa- ya padha cekelana iku endi kang luwih becik: Ingsun bakal me- ruhaké panggonané para wong kang murang yekti |
سَأَصْرِفُ عَنْ آيَاتِيَ الَّذِينَ يَتَكَبَّرُونَ فِي الْأَرْضِ بِغَيْرِ الْحَقِّ وَإِن يَرَوْا كُلَّ آيَةٍ لَّا يُؤْمِنُوا بِهَا وَإِن يَرَوْا سَبِيلَ الرُّشْدِ لَا يَتَّخِذُوهُ سَبِيلًا وَإِن يَرَوْا سَبِيلَ الْغَيِّ يَتَّخِذُوهُ سَبِيلًا ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَكَانُوا عَنْهَا غَافِلِينَ(146) Ingsun bakal angéngokaké saka timbalan-timbalan-Ingsun pa- ra kang padha ambek gumedhé ing bumi ora kalawan bener; lan manawa padha andeleng saben tandha, iku dhèwèké padha ora angèstu; lan manawa padha andeleng dalaning katulusan, iku dhèwèké padha ora angalap mi- nangka dalan; lan manawa padha andeleng dalan sasar, iku dhèwèké padha ngalap minangka dalan; iki amarga saka anggoné padha ang- gorohaké marang timbalan-timba- lan-Ingsun sarta padha anglirwak- aké marang iku |
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَلِقَاءِ الْآخِرَةِ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ ۚ هَلْ يُجْزَوْنَ إِلَّا مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(147) Lan para kang padha anggorohaké marang timbalan- timbalan-Ingsun lan sapatemon ing delahan, iku panggawé-pangga- wéné muspra. Apa dhèwèké bakal padha pinaringan pituas saka liyané kajaba apa kang wus padha dilakoni |
وَاتَّخَذَ قَوْمُ مُوسَىٰ مِن بَعْدِهِ مِنْ حُلِيِّهِمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهُ خُوَارٌ ۚ أَلَمْ يَرَوْا أَنَّهُ لَا يُكَلِّمُهُمْ وَلَا يَهْدِيهِمْ سَبِيلًا ۘ اتَّخَذُوهُ وَكَانُوا ظَالِمِينَ(148) Lan wongé Musa ing sa- pungkuré dhèwèké, agawé pedhèta bakalé raja brana papaèsé mung sawijining awak, mawa uni. Apa ta dhèwèké padha ora weruh yèn iku ora calathu marang dhèwèké sarta ora anuduhaké dalan marang dhèwèké. Dhèwèké padha angalap iku sarta padha atindak dudu |
وَلَمَّا سُقِطَ فِي أَيْدِيهِمْ وَرَأَوْا أَنَّهُمْ قَدْ ضَلُّوا قَالُوا لَئِن لَّمْ يَرْحَمْنَا رَبُّنَا وَيَغْفِرْ لَنَا لَنَكُونَنَّ مِنَ الْخَاسِرِينَ(149) Lan bareng dhèwèké wis padha kaduwung sarta weruh, yèn awaké temen padha sasar, padha calathu: saupama Pangéran- ku ora welas marang aku sarta ora angapura marang aku, amasthi aku iki bakal padha dadi éwoné wong kang padha kapitunan |
وَلَمَّا رَجَعَ مُوسَىٰ إِلَىٰ قَوْمِهِ غَضْبَانَ أَسِفًا قَالَ بِئْسَمَا خَلَفْتُمُونِي مِن بَعْدِي ۖ أَعَجِلْتُمْ أَمْرَ رَبِّكُمْ ۖ وَأَلْقَى الْأَلْوَاحَ وَأَخَذَ بِرَأْسِ أَخِيهِ يَجُرُّهُ إِلَيْهِ ۚ قَالَ ابْنَ أُمَّ إِنَّ الْقَوْمَ اسْتَضْعَفُونِي وَكَادُوا يَقْتُلُونَنِي فَلَا تُشْمِتْ بِيَ الْأَعْدَاءَ وَلَا تَجْعَلْنِي مَعَ الْقَوْمِ الظَّالِمِينَ(150) Lan bareng Musa wis bali marang wong-wongé, anawung bendu lan prihatén banget, acala- thu: Ala barang kang kotindakaké ing sapungkurku: apa kowé ange- mohi paréntahé Pangéranmu? Dhèwèké ambanting blèbèkan- blèbèkané sarta anyandhak sirahé saduluré, dicènèng marang awaké. Calathuné: Putra lanangé si ibu! Sayekti wong-wong iku padha angapesaké aku, mèh baé padha matèni aku; mulané aja kowé ambungahaké mungsuh- mungsuh asarana aku sarta aja kowé anganggep aku éwoné wong- wong atindak dudu |
قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِي وَلِأَخِي وَأَدْخِلْنَا فِي رَحْمَتِكَ ۖ وَأَنتَ أَرْحَمُ الرَّاحِمِينَ(151) Dhèwèké munjuk: Pangé- ran kawula! Mugi Tuwan aparing pangapuntena dhateng kawula sarta dhateng sadhèrèk kawula, saha mugi kawula sami Tuwan lebetaken ing wilasa Tuwan, saha Tuwan punika Asih-asihipun para ingkang sami ambek asih |
إِنَّ الَّذِينَ اتَّخَذُوا الْعِجْلَ سَيَنَالُهُمْ غَضَبٌ مِّن رَّبِّهِمْ وَذِلَّةٌ فِي الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۚ وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي الْمُفْتَرِينَ(152) Sayekti, para kang padha ngalap pedhèt , bebendu saka Pangérané bakal anekani dhèwèké mangkono uga asoré ing dalem kauripan donya, lan kaya mangkono iku anggon Ingsun males para kang padha agawé-gawé goroh |
وَالَّذِينَ عَمِلُوا السَّيِّئَاتِ ثُمَّ تَابُوا مِن بَعْدِهَا وَآمَنُوا إِنَّ رَبَّكَ مِن بَعْدِهَا لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ(153) Lan para kang padha ang- lakoni panggawé ala, tumuli ing sawisé iku padha kaduwung sarta padha angèstu, sayekti, sawisé iku, Pangéranira tuhu Aparamarta, Mahaasih |
وَلَمَّا سَكَتَ عَن مُّوسَى الْغَضَبُ أَخَذَ الْأَلْوَاحَ ۖ وَفِي نُسْخَتِهَا هُدًى وَرَحْمَةٌ لِّلَّذِينَ هُمْ لِرَبِّهِمْ يَرْهَبُونَ(154) Lan bareng benduné Musa wus andhèh, dhèwèké anjupuk blèbèkan-blèbèkané iku, lan ing dalem tulisé kono ana tuntunan sarta wilasa tumrap para kang padha wedi marang Pangérané |
وَاخْتَارَ مُوسَىٰ قَوْمَهُ سَبْعِينَ رَجُلًا لِّمِيقَاتِنَا ۖ فَلَمَّا أَخَذَتْهُمُ الرَّجْفَةُ قَالَ رَبِّ لَوْ شِئْتَ أَهْلَكْتَهُم مِّن قَبْلُ وَإِيَّايَ ۖ أَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ السُّفَهَاءُ مِنَّا ۖ إِنْ هِيَ إِلَّا فِتْنَتُكَ تُضِلُّ بِهَا مَن تَشَاءُ وَتَهْدِي مَن تَشَاءُ ۖ أَنتَ وَلِيُّنَا فَاغْفِرْ لَنَا وَارْحَمْنَا ۖ وَأَنتَ خَيْرُ الْغَافِرِينَ(155) Lan Musa wus milih wongé, wong lanang pitungpuluh, tumrap waktu kang wus Ingsun tamtokaké; lah bareng lindhu anempuh dhèwèké,a dhèwèké munjuk: Pangéran kawula! Upami Tuwan angarsakna, piyambakipun sampun sami Tuwan lebur ing sadèrèng-dèrèngipun sarta kawula : Punapa Tuwan badhé anglebur ing kawula sami jalaran saking pandamelipun para titiyang cubluk panunggilan kawu- la? Punika boten sanès kajawi panglèlèr Tuwan; punika Tuwan anggé anasaraken sintena ingkang Tuwan karsakakena saha anuntun sintena ingkang Tuwan karsak- aken; Tuwan punika pangayoman kawula; milanipun mugi Tuwan angapunten ing kawula saha ame- lasi kawula, saha Tuwan punika saé-saénipun para ingkang sami ngapunten |
۞ وَاكْتُبْ لَنَا فِي هَٰذِهِ الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ إِنَّا هُدْنَا إِلَيْكَ ۚ قَالَ عَذَابِي أُصِيبُ بِهِ مَنْ أَشَاءُ ۖ وَرَحْمَتِي وَسِعَتْ كُلَّ شَيْءٍ ۚ فَسَأَكْتُبُهَا لِلَّذِينَ يَتَّقُونَ وَيُؤْتُونَ الزَّكَاةَ وَالَّذِينَ هُم بِآيَاتِنَا يُؤْمِنُونَ(156) Saha mugi Tuwan amasthi ing kawula kasaénan ing dalem donya punika saha ing dalem akhirat, saèstu kawula sami wang- sul dhateng Tuwan. Pangandikané: Siksa-Ningsun Ingsun kenakaké sapa kang Ingsun karsakaké, lan wilasa-Ningsun anglimputi samu- barang; mulané iku bakal Ingsun pasthi tumrap para kang padha anjaga dhiri sarta padha awèh zakat tuwin padha angèstu marang timbalan-timba- lan-Ingsun. A |
الَّذِينَ يَتَّبِعُونَ الرَّسُولَ النَّبِيَّ الْأُمِّيَّ الَّذِي يَجِدُونَهُ مَكْتُوبًا عِندَهُمْ فِي التَّوْرَاةِ وَالْإِنجِيلِ يَأْمُرُهُم بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَاهُمْ عَنِ الْمُنكَرِ وَيُحِلُّ لَهُمُ الطَّيِّبَاتِ وَيُحَرِّمُ عَلَيْهِمُ الْخَبَائِثَ وَيَضَعُ عَنْهُمْ إِصْرَهُمْ وَالْأَغْلَالَ الَّتِي كَانَتْ عَلَيْهِمْ ۚ فَالَّذِينَ آمَنُوا بِهِ وَعَزَّرُوهُ وَنَصَرُوهُ وَاتَّبَعُوا النُّورَ الَّذِي أُنزِلَ مَعَهُ ۙ أُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ(157) Para kang padha manut Utusan, Nabi, kang ummi, kang dhèwèké padha nemu pan- jenengané tinulis ing dalem Taurat lan Injil kang ana ing dhèwèké, maréntahi dhèwèké marang becik sarta menging dhèwèké saka ing ala, lan angenakaké barang kang apik-apik tuwin anglarangi barang kang jember-jember ma- rang dhèwèké, tuwin angilangaké momotané saka ing awaké apa déné balenggu kang tumrap ma- rang dhèwèké; mulané para kang padha angèstu ing panjenengané lan angajèni panjenengané tuwin amitulungi panjenengané, apa déné padha manut papadhang kang katurunaké kaampil panjenengané, iki para kang padha begja |
قُلْ يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنِّي رَسُولُ اللَّهِ إِلَيْكُمْ جَمِيعًا الَّذِي لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۖ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ يُحْيِي وَيُمِيتُ ۖ فَآمِنُوا بِاللَّهِ وَرَسُولِهِ النَّبِيِّ الْأُمِّيِّ الَّذِي يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَكَلِمَاتِهِ وَاتَّبِعُوهُ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ(158) Calathua: É, para manusa! sayekti aku iki utusaning Allah marang kowé kabèh, Kang karatoning langit-langit lan bumi iku kagungan-É, ora ana sesem- bahan kajaba Panjenengané; Panje- nengané agawé urip lan agawé pati; mulané padha angèstua ing Allah lan utusan-É, Nabi Ummi, kang angèstu ing Allah lan sabda-sabda-Né, lan padha manuta dhèwèké, supaya kowé padha ngambah dalan kang bener |
وَمِن قَوْمِ مُوسَىٰ أُمَّةٌ يَهْدُونَ بِالْحَقِّ وَبِهِ يَعْدِلُونَ(159) Lan sawenèhé wong-wongé Musa ana sapantha, kang padha nuntun kalawan bebener, sarta kalawan iku anggoné padha anindakaké adil |
وَقَطَّعْنَاهُمُ اثْنَتَيْ عَشْرَةَ أَسْبَاطًا أُمَمًا ۚ وَأَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ إِذِ اسْتَسْقَاهُ قَوْمُهُ أَنِ اضْرِب بِّعَصَاكَ الْحَجَرَ ۖ فَانبَجَسَتْ مِنْهُ اثْنَتَا عَشْرَةَ عَيْنًا ۖ قَدْ عَلِمَ كُلُّ أُنَاسٍ مَّشْرَبَهُمْ ۚ وَظَلَّلْنَا عَلَيْهِمُ الْغَمَامَ وَأَنزَلْنَا عَلَيْهِمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوَىٰ ۖ كُلُوا مِن طَيِّبَاتِ مَا رَزَقْنَاكُمْ ۚ وَمَا ظَلَمُونَا وَلَٰكِن كَانُوا أَنفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ(160) Lan Ingsun wus amecah- mecah dhèwèké dadi rolas pancer, dadi para bangsa; lan Ingsun ame- dhar sabda marang Musa nalikané wong-wongé anjaluk banyu: Ang- gebuga watu iku kalawan teke- nira;a tumuli ambuwal tuk rolas, siji-sijining pancer padha weruh pangombéné dhéwé-dhéwé;b lan Ingsun angayomaké méga ing sadhuwuré,c sarta Ingsun anuru- naké manna lan salwa marang dhèwèké;d padha mangana barang- barang becik paparing-Ingsun ing sira. Lan ora padha atindak dudu marang Ingsun;e balik atindak dudu marang jiwané dhéwé |
وَإِذْ قِيلَ لَهُمُ اسْكُنُوا هَٰذِهِ الْقَرْيَةَ وَكُلُوا مِنْهَا حَيْثُ شِئْتُمْ وَقُولُوا حِطَّةٌ وَادْخُلُوا الْبَابَ سُجَّدًا نَّغْفِرْ لَكُمْ خَطِيئَاتِكُمْ ۚ سَنَزِيدُ الْمُحْسِنِينَ(161) Lan nalikané padha dipa- ngandikani: Padha angenggonana kutha iki,f sarta padha mangana wetuné kono endi sakarepira, lan padha munjuka: Mugi Tuwan ambirat sasanggèn kawula ingkang awrat punika;g lan padha malebua lawangé kalawan tumundhuk;h Ingsun bakal ngapura marang sira ing kaluputanira; Ingsun bakal amuwuhi paparing marang wong kang agawé becik |
فَبَدَّلَ الَّذِينَ ظَلَمُوا مِنْهُمْ قَوْلًا غَيْرَ الَّذِي قِيلَ لَهُمْ فَأَرْسَلْنَا عَلَيْهِمْ رِجْزًا مِّنَ السَّمَاءِ بِمَا كَانُوا يَظْلِمُونَ(162) Ananging sawenèhé, para kang atindak dudu, padha anyalini kalawan pangucap saliyané kang didhawuhaké marang dhèwèké; mulané Ingsun angutus siksa saka langit anibani dhèwèké, amarga saka anggoné atindak dudu.i |
وَاسْأَلْهُمْ عَنِ الْقَرْيَةِ الَّتِي كَانَتْ حَاضِرَةَ الْبَحْرِ إِذْ يَعْدُونَ فِي السَّبْتِ إِذْ تَأْتِيهِمْ حِيتَانُهُمْ يَوْمَ سَبْتِهِمْ شُرَّعًا وَيَوْمَ لَا يَسْبِتُونَ ۙ لَا تَأْتِيهِمْ ۚ كَذَٰلِكَ نَبْلُوهُم بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ(163) Lan padha takonana prakara kutha, kang angongkang sagara; nalika dhèwèké padha mlangkah wawalering Sabbat, nalika iwaké ing dinané Sabbat padha teka marani dhèwèké ngambang, lan ing dina kang dhèwèké padha ora amulyakaké Sabbat ora padha teka marani dhèwèké; kaya mangkono anggon-Ingsun nyoba dhèwèké amarga saka anggoné padha murang yekti |
وَإِذْ قَالَتْ أُمَّةٌ مِّنْهُمْ لِمَ تَعِظُونَ قَوْمًا ۙ اللَّهُ مُهْلِكُهُمْ أَوْ مُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيدًا ۖ قَالُوا مَعْذِرَةً إِلَىٰ رَبِّكُمْ وَلَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ(164) Lan nalikané ana sagolo- ngan saka dhèwèké acalathu: Yagéné kowé amituturi wong kang bakal padha linebur déning Allah utawa bakal padha siniksa kalawan siksa kang abanget? Padha mang- suli: Supaya luputa saka ing cacad ing ngarsané Pangéranmu, lan manawa-manawa dhèwèké bakal padha anjaga dhiri |
فَلَمَّا نَسُوا مَا ذُكِّرُوا بِهِ أَنجَيْنَا الَّذِينَ يَنْهَوْنَ عَنِ السُّوءِ وَأَخَذْنَا الَّذِينَ ظَلَمُوا بِعَذَابٍ بَئِيسٍ بِمَا كَانُوا يَفْسُقُونَ(165) Lah bareng padha anglir- waké barang kang dhèwèké padha diélingaké, Ingsun anylametaké para kang padha anyegah ing ala sarta Ingsun amatrapi para kang padha atindak dudu, kalawan siksa kang ala, amarga saka anggoné padha murang yekti |
فَلَمَّا عَتَوْا عَن مَّا نُهُوا عَنْهُ قُلْنَا لَهُمْ كُونُوا قِرَدَةً خَاسِئِينَ(166) Mulané, bareng padha andalarung paneraké ing barang papacuh tumrap dhèwèké, Ingsun ngandika marang dhèwèké: Padha dadia kethèk, inginakaké lan sinengitan.a |
وَإِذْ تَأَذَّنَ رَبُّكَ لَيَبْعَثَنَّ عَلَيْهِمْ إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ مَن يَسُومُهُمْ سُوءَ الْعَذَابِ ۗ إِنَّ رَبَّكَ لَسَرِيعُ الْعِقَابِ ۖ وَإِنَّهُ لَغَفُورٌ رَّحِيمٌ(167) Lan nalikané Pangéranira angundhangaké, yèn Panjenengané yekti bakal utusan anekani dhèwèké, tumeka dina kiyamat, yaiku kang bakal ani- bakaké siksa kang ala marang dhèwèké; sayekti Pangéranira iku rikat temenan ing pamales , lan sayekti Panje- nengané iku satuhu Aparamarta, Mahaasih |
وَقَطَّعْنَاهُمْ فِي الْأَرْضِ أُمَمًا ۖ مِّنْهُمُ الصَّالِحُونَ وَمِنْهُمْ دُونَ ذَٰلِكَ ۖ وَبَلَوْنَاهُم بِالْحَسَنَاتِ وَالسَّيِّئَاتِ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ(168) Lan Ingsun wus amecah- mecah dhèwèké ing bumi dadi para bangsa, sawenèhé padha wong tulus lan sawenèhé ora mangkono, lan Ingsun anyoba dhèwèké kalawan mujur lan kojur, supaya dhèwèké padha bali |
فَخَلَفَ مِن بَعْدِهِمْ خَلْفٌ وَرِثُوا الْكِتَابَ يَأْخُذُونَ عَرَضَ هَٰذَا الْأَدْنَىٰ وَيَقُولُونَ سَيُغْفَرُ لَنَا وَإِن يَأْتِهِمْ عَرَضٌ مِّثْلُهُ يَأْخُذُوهُ ۚ أَلَمْ يُؤْخَذْ عَلَيْهِم مِّيثَاقُ الْكِتَابِ أَن لَّا يَقُولُوا عَلَى اللَّهِ إِلَّا الْحَقَّ وَدَرَسُوا مَا فِيهِ ۗ وَالدَّارُ الْآخِرَةُ خَيْرٌ لِّلَّذِينَ يَتَّقُونَ ۗ أَفَلَا تَعْقِلُونَ(169) Tumuli, ing sapungkuré dhèwèké, kang gumanti, turun kang ala, kang maris Kitab, mung padha ngalap barang ora langgeng ing kauripan kang asor iki sarta padha acalathu: Bakal ingapura aku. Lan manawa ana ba- rang padhané iku tumeka marang dhèwèké, iku dhèwèké bakal nampani. Apa aprajanji ing dalem Kitab ora wus kapundhut marang dhèwèké, yaiku yèn dhèwèké ora bakal padha acalathu ingatasé Allah kajaba kang sanyata, lan dhèwèké wis padha maca apa kang ana ing jeroné; lan padunungan akhirat iku luwih becik tumrap para kang padha anjaga diri . Lah apa ta kowé padha ora ngerti |
وَالَّذِينَ يُمَسِّكُونَ بِالْكِتَابِ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ إِنَّا لَا نُضِيعُ أَجْرَ الْمُصْلِحِينَ(170) Wondéné para kang padha gondhèlan marang Kitab lan padha anjumenengaké salat, _ sayekti, Ingsun ora angilangaké ganjarané wong kang padha agawé becik |
۞ وَإِذْ نَتَقْنَا الْجَبَلَ فَوْقَهُمْ كَأَنَّهُ ظُلَّةٌ وَظَنُّوا أَنَّهُ وَاقِعٌ بِهِمْ خُذُوا مَا آتَيْنَاكُم بِقُوَّةٍ وَاذْكُرُوا مَا فِيهِ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ(171) Lan nalikané Ingsun ango- yag gunung ing sadhuwuré dhèwèké, kaya-kaya iku payon, lan padha nyana, yèn iku bakal anibani awaké: Padha gondhèlana kalawan kukuh apa kang wus Ingsun paringaké marang sira sarta padha angélingana apa kang ana ing jeroné, supaya sira padha anjaga dhiri saka ing ala |
وَإِذْ أَخَذَ رَبُّكَ مِن بَنِي آدَمَ مِن ظُهُورِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَأَشْهَدَهُمْ عَلَىٰ أَنفُسِهِمْ أَلَسْتُ بِرَبِّكُمْ ۖ قَالُوا بَلَىٰ ۛ شَهِدْنَا ۛ أَن تَقُولُوا يَوْمَ الْقِيَامَةِ إِنَّا كُنَّا عَنْ هَٰذَا غَافِلِينَ(172) Lan nalikané Pangéranira andadèkaké turuning anak-anak Adam saka ing gegeré sarta aneksekaké dhèwèké atas jiwa-jiwané dhéwé: Apa Ingsun iki dudu Pangéranira? padha munjuk: Inggih, kawula sami aneksèni. Supaya sira ing dina kiyamat ora bakal angucap: Saèstu, kawula punika, tumrap punika sami léna |
أَوْ تَقُولُوا إِنَّمَا أَشْرَكَ آبَاؤُنَا مِن قَبْلُ وَكُنَّا ذُرِّيَّةً مِّن بَعْدِهِمْ ۖ أَفَتُهْلِكُنَا بِمَا فَعَلَ الْمُبْطِلُونَ(173) Utawa sira ora bakal padha ngucap: Namung bapak-bapak kawula ingkang kala rumiyin anjèjèraken sarta kawula punika turun ing sapengkeripun; lah puna- pa Tuwan badhé anglebur kawula amargi saking pandamelipun para ingkang atindak lepat |
وَكَذَٰلِكَ نُفَصِّلُ الْآيَاتِ وَلَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ(174) Lan kaya mangkono anggon-Ingsun amijang-mijangaké timbalan-timbalan, lan supayané manawa-manawa dhèwèké bakal padha bali |
وَاتْلُ عَلَيْهِمْ نَبَأَ الَّذِي آتَيْنَاهُ آيَاتِنَا فَانسَلَخَ مِنْهَا فَأَتْبَعَهُ الشَّيْطَانُ فَكَانَ مِنَ الْغَاوِينَ(175) Lan sira macakna marang dhèwèké wartané wong kang Ingsun paringi timbalan-timbalan Ingsun, ananging oncat saka ing kono, mulané sétan anglud dhèwèké, dadi dhèwèké kalebu éwoné wong kang padha lebur |
وَلَوْ شِئْنَا لَرَفَعْنَاهُ بِهَا وَلَٰكِنَّهُ أَخْلَدَ إِلَى الْأَرْضِ وَاتَّبَعَ هَوَاهُ ۚ فَمَثَلُهُ كَمَثَلِ الْكَلْبِ إِن تَحْمِلْ عَلَيْهِ يَلْهَثْ أَوْ تَتْرُكْهُ يَلْهَث ۚ ذَّٰلِكَ مَثَلُ الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا ۚ فَاقْصُصِ الْقَصَصَ لَعَلَّهُمْ يَتَفَكَّرُونَ(176) Manawa Ingsun angarsak- na, sayekti, amarga saka iku, dhè- wèké Ingsun luhuraké, ananging karaket marang bumi sarta manut pépénginané kang asor; mulané, sanépané kaya sanépané asu: manawa sira serang mèlèd- mèlèd, utawa sira togaké baé mèlèd-mèlèd; iki sanépané wong kang padha anggorohaké marang timbalan-timbalan-Ingsun; mulané nyaritakna carita iki, supaya dhè- wèké padha mikir-mikira |
سَاءَ مَثَلًا الْقَوْمُ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا وَأَنفُسَهُمْ كَانُوا يَظْلِمُونَ(177) Ala sanépané wong kang padha anggorohaké marang tim- balan-timbalan-Ingsun lan kang padha atindak dudu marang jiwané dhéwé |
مَن يَهْدِ اللَّهُ فَهُوَ الْمُهْتَدِي ۖ وَمَن يُضْلِلْ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْخَاسِرُونَ(178) Sapa sing tinuntun déning Allah, lah ya iku sing angambah dalan kang bener, lan sapa sing kasasaraké déning Panjenengané, lah yaiku sing padha kapitunan |
وَلَقَدْ ذَرَأْنَا لِجَهَنَّمَ كَثِيرًا مِّنَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ ۖ لَهُمْ قُلُوبٌ لَّا يَفْقَهُونَ بِهَا وَلَهُمْ أَعْيُنٌ لَّا يُبْصِرُونَ بِهَا وَلَهُمْ آذَانٌ لَّا يَسْمَعُونَ بِهَا ۚ أُولَٰئِكَ كَالْأَنْعَامِ بَلْ هُمْ أَضَلُّ ۚ أُولَٰئِكَ هُمُ الْغَافِلُونَ(179) Lan sayekti temen Ingsun anitahaké sapirang-pirang jin lan manusa tumrap naraka; padha duwé ati, iku ora dianggo manger- tèni; lan padha duwé mripat, iku ora dianggo andeleng; lan padha duwé kuping, iku ora dinggo angrungokaké; iki kaya raja-kaya, malah padha luwih sasar; iki para wong kang léna |
وَلِلَّهِ الْأَسْمَاءُ الْحُسْنَىٰ فَادْعُوهُ بِهَا ۖ وَذَرُوا الَّذِينَ يُلْحِدُونَ فِي أَسْمَائِهِ ۚ سَيُجْزَوْنَ مَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(180) Lan kagunganing Allah asma-asma minulya iku, mulané padha nyunyuwuna Panjenengané kalawan iku lan padha ninggala para kang padha anerak kasucia- ning asma-asma-Né; dhèwèké bakal padha winales apa kang wus padha dilakoni |
وَمِمَّنْ خَلَقْنَا أُمَّةٌ يَهْدُونَ بِالْحَقِّ وَبِهِ يَعْدِلُونَ(181) Lan sawenèhé kang Ingsun titahaké, ana umat sawiji, kang anuntun kalawan yakti, sarta kalawan iku anggoné atindak adil |
وَالَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا سَنَسْتَدْرِجُهُم مِّنْ حَيْثُ لَا يَعْلَمُونَ(182) Lan para kang padha ang- gorohaké ing timbalan-timbalan- Ingsun, padha Ingsun cedhakaké kalawan sa- renti, dhèwèké padha ora weruh saka ngendi |
وَأُمْلِي لَهُمْ ۚ إِنَّ كَيْدِي مَتِينٌ(183) Lan ingsun aparing sumené marang dhèwèké; sayekti ranca- ngan Ingsun iku kukuh |
أَوَلَمْ يَتَفَكَّرُوا ۗ مَا بِصَاحِبِهِم مِّن جِنَّةٍ ۚ إِنْ هُوَ إِلَّا نَذِيرٌ مُّبِينٌ(184) Apa ta dhèwèké ora padha mikir-mikir, yèn mitrané iku ora lara èngetan: dhèwèké iku ora liya kajaba juru-pépéling kang terang |
أَوَلَمْ يَنظُرُوا فِي مَلَكُوتِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا خَلَقَ اللَّهُ مِن شَيْءٍ وَأَنْ عَسَىٰ أَن يَكُونَ قَدِ اقْتَرَبَ أَجَلُهُمْ ۖ فَبِأَيِّ حَدِيثٍ بَعْدَهُ يُؤْمِنُونَ(185) Apa ta ora padha angawas- aké karatoning langit-langit lan bumi sarta barang apa baé kang wis katitahaké déning Allah, lan mbok manawa kena uga karusa- kané wis cedhak; lah undhang apa sing dhèwèké padha angestokaké sawisé iku |
مَن يُضْلِلِ اللَّهُ فَلَا هَادِيَ لَهُ ۚ وَيَذَرُهُمْ فِي طُغْيَانِهِمْ يَعْمَهُونَ(186) Sapa sing disasaraké déning Allaha dhèwèké ya ora dhuwé panuntun, sarta Panjenengané angetogaké dhèwèké ing dalem pandaluyané kalawan padha bi- ngung mak-makan |
يَسْأَلُونَكَ عَنِ السَّاعَةِ أَيَّانَ مُرْسَاهَا ۖ قُلْ إِنَّمَا عِلْمُهَا عِندَ رَبِّي ۖ لَا يُجَلِّيهَا لِوَقْتِهَا إِلَّا هُوَ ۚ ثَقُلَتْ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ لَا تَأْتِيكُمْ إِلَّا بَغْتَةً ۗ يَسْأَلُونَكَ كَأَنَّكَ حَفِيٌّ عَنْهَا ۖ قُلْ إِنَّمَا عِلْمُهَا عِندَ اللَّهِ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَ النَّاسِ لَا يَعْلَمُونَ(187) Dhèwèké padha takon ma- rang sira prakara wayahé kapan bakal kalakoné? Calathua: Kawruh prakara iku mung dumunung ing Pangéranku; iku ora ana kang bakal ambuka ing waktuné kajaba Panjenengané; bakal abot sang- gané ing langit-langit lan bumi; ora bakal anekani sira kajaba kalawan ngegèt. Dhèwèké padha takon marang sira, kaya-kaya sira iku marang sira, kaya-kaya sira iku mrihatinaké prakara iku. Calathua: Kawruh prakara iku mung dumu- nung ing Allah, nanging kèh- kèhané manusa padha ora weruh |
قُل لَّا أَمْلِكُ لِنَفْسِي نَفْعًا وَلَا ضَرًّا إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۚ وَلَوْ كُنتُ أَعْلَمُ الْغَيْبَ لَاسْتَكْثَرْتُ مِنَ الْخَيْرِ وَمَا مَسَّنِيَ السُّوءُ ۚ إِنْ أَنَا إِلَّا نَذِيرٌ وَبَشِيرٌ لِّقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ(188) Calathua: Aku iki ora angu- wasani paédah lan ora pituna tumrap jiwaku dhéwé, kajaba apa sing Allah angarsakaké; lan saupama aku iki weruha kang ora katon, sayekti aku wis anga- kèh-akèhaké kabecikan lan ora bakal ala anggepok aku; aku iki ora liya mung juru-pépéling sarta juru-martani becik tumrap para wong-wong kang padha angèstu |
۞ هُوَ الَّذِي خَلَقَكُم مِّن نَّفْسٍ وَاحِدَةٍ وَجَعَلَ مِنْهَا زَوْجَهَا لِيَسْكُنَ إِلَيْهَا ۖ فَلَمَّا تَغَشَّاهَا حَمَلَتْ حَمْلًا خَفِيفًا فَمَرَّتْ بِهِ ۖ فَلَمَّا أَثْقَلَت دَّعَوَا اللَّهَ رَبَّهُمَا لَئِنْ آتَيْتَنَا صَالِحًا لَّنَكُونَنَّ مِنَ الشَّاكِرِينَ(189) Panjenengané iku Kang wus anitahaké sira saka babakalan sawiji, sarta agawé jodhoné saka iku a supaya dhèwèké tumiyunga mrono; mulané, ba- reng dhèwèké wus angrukubi iki, iki angandhut kandhutan kang ènthèng, banjur gina- wa lumaku, ananging barang iku dadi abot sakaroné nyunyuwun ing Allah, Pangérané: Manawi Tuwan amaringi kawula ingkang saé, sa- èstu kawula badhé sami dados éwonipun ingkang sami sukur |
فَلَمَّا آتَاهُمَا صَالِحًا جَعَلَا لَهُ شُرَكَاءَ فِيمَا آتَاهُمَا ۚ فَتَعَالَى اللَّهُ عَمَّا يُشْرِكُونَ(190) Ananging bareng Panjene- ngané wus amaringi sakaroné kang becik, sakaroné angadegaké sisi- han-sisihan tumrap Panjenengané ing dalem barang paparing-É marang sakaroné; ananging Maha- luhur Allah iku saka apa kang dianggo nisihi |
أَيُشْرِكُونَ مَا لَا يَخْلُقُ شَيْئًا وَهُمْ يُخْلَقُونَ(191) Apa! Dhèwèké padha anisi- hi barang kang ora anitahaké apa-apa, malah padha tinitahaké |
وَلَا يَسْتَطِيعُونَ لَهُمْ نَصْرًا وَلَا أَنفُسَهُمْ يَنصُرُونَ(192) Lan padha ora kawasa atu- tulung marang dhèwèké sarta ora atutulung awaké dhéwé |
وَإِن تَدْعُوهُمْ إِلَى الْهُدَىٰ لَا يَتَّبِعُوكُمْ ۚ سَوَاءٌ عَلَيْكُمْ أَدَعَوْتُمُوهُمْ أَمْ أَنتُمْ صَامِتُونَ(193) Lan manawa dhèwèké pa- dha sira ajak marang tuntunan, ora bakal padha manut ing sira; padha ingatasé sira, apa sira angajak dhè- wèké apa ta sira meneng baé |
إِنَّ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ عِبَادٌ أَمْثَالُكُمْ ۖ فَادْعُوهُمْ فَلْيَسْتَجِيبُوا لَكُمْ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(194) Sayekti para kang padha sira uwuh saliyané Allah, iku du- munung ing kahanan batur, papa- dhanira; lah coba padha nyuwu- na marang dhèwèké, cikbèn pdha anyembadani marang sira, manawa sira iku padha wong temen |
أَلَهُمْ أَرْجُلٌ يَمْشُونَ بِهَا ۖ أَمْ لَهُمْ أَيْدٍ يَبْطِشُونَ بِهَا ۖ أَمْ لَهُمْ أَعْيُنٌ يُبْصِرُونَ بِهَا ۖ أَمْ لَهُمْ آذَانٌ يَسْمَعُونَ بِهَا ۗ قُلِ ادْعُوا شُرَكَاءَكُمْ ثُمَّ كِيدُونِ فَلَا تُنظِرُونِ(195) Apa padha duwé sikil kang- go mlaku, apa ta duwé tangan kanggo nyenyekel, apa ta duwé tangan kanggo nyekel, apa ta duwé mripat kanggo andeleng, apa ta duwé kuping kanggo ngrurungu? Calathua: Padha nguwuha para sisihanira, banjur padha anandukna upaya marang aku, lan aja awèh sumené marang aku |
إِنَّ وَلِيِّيَ اللَّهُ الَّذِي نَزَّلَ الْكِتَابَ ۖ وَهُوَ يَتَوَلَّى الصَّالِحِينَ(196) Sayekti, pangayomanku iku Allah, Kang wus anurunaké Kitab, lan Panjenengané iku amawong- mitra para wong tulus |
وَالَّذِينَ تَدْعُونَ مِن دُونِهِ لَا يَسْتَطِيعُونَ نَصْرَكُمْ وَلَا أَنفُسَهُمْ يَنصُرُونَ(197) Lan para kang padha sira uwuh saliyané Panjenengané iku ora kawasa mitulungi sira lan ora kawasa mitulungi awaké dhéwé |
وَإِن تَدْعُوهُمْ إِلَى الْهُدَىٰ لَا يَسْمَعُوا ۖ وَتَرَاهُمْ يَنظُرُونَ إِلَيْكَ وَهُمْ لَا يُبْصِرُونَ(198) Lan manawa dhèwèké padha sira ajak marang tuntunan, padha ora ngrungokaké; lan sira weruh dhèwèké padha andeleng marang sira, ananging padha ora weruh |
خُذِ الْعَفْوَ وَأْمُرْ بِالْعُرْفِ وَأَعْرِضْ عَنِ الْجَاهِلِينَ(199) Asikepa pangapura lan apa- réntaha marang kabecikan sarta anyingkira saka wong bodho- bodho |
وَإِمَّا يَنزَغَنَّكَ مِنَ الشَّيْطَانِ نَزْغٌ فَاسْتَعِذْ بِاللَّهِ ۚ إِنَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ(200) Lan manawa pangala-ala saka sétan angenani sira lah nyuwuna ngayom ing Allah; sa- yekti Panjenengané iku Amiyarsa, Angudanèni |
إِنَّ الَّذِينَ اتَّقَوْا إِذَا مَسَّهُمْ طَائِفٌ مِّنَ الشَّيْطَانِ تَذَكَّرُوا فَإِذَا هُم مُّبْصِرُونَ(201) Sayekti, para kang padha anjaga dhirine iku, samangsa pangrancanganing sé- tan angenani awaké, pa- dha éling, tumuli padha sakala padha awas |
وَإِخْوَانُهُمْ يَمُدُّونَهُمْ فِي الْغَيِّ ثُمَّ لَا يُقْصِرُونَ(202) Lan para saduluré padha angundhaki dhèwèké ing dalem panasaran, tumuli ora padha uwis- uwis |
وَإِذَا لَمْ تَأْتِهِم بِآيَةٍ قَالُوا لَوْلَا اجْتَبَيْتَهَا ۚ قُلْ إِنَّمَا أَتَّبِعُ مَا يُوحَىٰ إِلَيَّ مِن رَّبِّي ۚ هَٰذَا بَصَائِرُ مِن رَّبِّكُمْ وَهُدًى وَرَحْمَةٌ لِّقَوْمٍ يُؤْمِنُونَ(203) Lan samangsa sira ora anekani tandha yekti ing dhèwèké, padha calathu: Ya géné kowé ora anjaluk iku? Calathua: Aku iki mung miturut apa kang diwedhar- aké marang aku saka Pangéranku: iki bukti-bukti kang terang saka Pangéranira sarta tuntunan tuwin wilasa tumrap wong kang padha angèstu |
وَإِذَا قُرِئَ الْقُرْآنُ فَاسْتَمِعُوا لَهُ وَأَنصِتُوا لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ(204) Lan samangsa Qur’an wina- ca lah iku sira padha angrungokna sarta dipadha sidhem, supaya sira padha pinaringan wilasa |
وَاذْكُر رَّبَّكَ فِي نَفْسِكَ تَضَرُّعًا وَخِيفَةً وَدُونَ الْجَهْرِ مِنَ الْقَوْلِ بِالْغُدُوِّ وَالْآصَالِ وَلَا تَكُن مِّنَ الْغَافِلِينَ(205) Lan élinga Pangéranira ing dalem atinira kalawan adhedhépé sarta wedi tuwin ucap kang ora sora, ing wayah ésuk lan soré, sarta sira aja dadi éwoné wong kang padha léna |
إِنَّ الَّذِينَ عِندَ رَبِّكَ لَا يَسْتَكْبِرُونَ عَنْ عِبَادَتِهِ وَيُسَبِّحُونَهُ وَلَهُ يَسْجُدُونَ ۩(206) Sayekti, para kang padha parek Pangéranira, iku padha ora gumedhé anggoné laladi Panjene- ngané, sarta padha mahamulya- kaké Panjenengané tuwin padha sumungkem marang Panjenengané |