Surah Al-Furqan with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah Furqan | الفرقان - Ayat Count 77 - The number of the surah in moshaf: 25 - The meaning of the surah in English: The Criterion.

تَبَارَكَ الَّذِي نَزَّلَ الْفُرْقَانَ عَلَىٰ عَبْدِهِ لِيَكُونَ لِلْعَالَمِينَ نَذِيرًا(1)

 Maha luhur (Suci Allah Pangeran) kang wis nurunake al-Furqan (al-QUran) kang mbedakake antarane barang kang bener lan barang kang keleru, didhawuhake marang kawulane (Muhammad), minangka kanggo pepeling an pengancam marang kabeh alam (jin lan manungsa)

الَّذِي لَهُ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَلَمْ يَتَّخِذْ وَلَدًا وَلَمْ يَكُن لَّهُ شَرِيكٌ فِي الْمُلْكِ وَخَلَقَ كُلَّ شَيْءٍ فَقَدَّرَهُ تَقْدِيرًا(2)

 Pangeran kang kagungan kratone langit lan bumi, sarta ora peputra, lan ora ana kang ngembari (nyekuthoni) jumeneng ratu, apadene Allah iku kang nitahake kabeh barang kang dumadi, nuli nindakake lelakone kaya papesthen kang wis tinemtokake

وَاتَّخَذُوا مِن دُونِهِ آلِهَةً لَّا يَخْلُقُونَ شَيْئًا وَهُمْ يُخْلَقُونَ وَلَا يَمْلِكُونَ لِأَنفُسِهِمْ ضَرًّا وَلَا نَفْعًا وَلَا يَمْلِكُونَ مَوْتًا وَلَا حَيَاةً وَلَا نُشُورًا(3)

 Lan wong - wong kafir (musyrik) iku padha ngedegake (ngalap) Pangeran akeh liyane Alah, iya iku brahala kang ora bisa gawe apa - apa, malah dadine brahala mau sarana digawe dening manungsa. Lan ora bisa nulak bebaya kang bakal tumiba ing awake, apadene ora bisa aweh manga’at marang awake, lan ora bisa gawe urip lan gawe pati, lan ora bisa nangekake wong saka ing pati

وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا إِنْ هَٰذَا إِلَّا إِفْكٌ افْتَرَاهُ وَأَعَانَهُ عَلَيْهِ قَوْمٌ آخَرُونَ ۖ فَقَدْ جَاءُوا ظُلْمًا وَزُورًا(4)

 Lan wong - wong kafir mau padha celathu, "Qur’an iki ora liya mung gegorohan (pangamandaka). gaweyane (Muhammad) dhewe, sarta dibantu dening wong - wong liyane". (Pangendikane Allah), "Wong - wong kafir kang padha wani celathu mengkono mau, goroh (panganiaya) lan duraka

وَقَالُوا أَسَاطِيرُ الْأَوَّلِينَ اكْتَتَبَهَا فَهِيَ تُمْلَىٰ عَلَيْهِ بُكْرَةً وَأَصِيلًا(5)

 Lan wong - wong (kafir) mau padha celathu maneh, "Qur’an iku dedongengan kuna kang goroh. (Muhammad) akon nulisi cerita goroh mau, banjur diwacakake saben esuk lan sore, nganti Muhammad dadi apal

قُلْ أَنزَلَهُ الَّذِي يَعْلَمُ السِّرَّ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ إِنَّهُ كَانَ غَفُورًا رَّحِيمًا(6)

 (Muhammad) sira dhawuha, "Qur’an iku diturunake (didhawuhake) dening Allah kang nguningani barang kang winadi ing langit - langit lan bumi. Satemene Panjenengane Allah iku Maha Pangapura sarta maha asih

وَقَالُوا مَالِ هَٰذَا الرَّسُولِ يَأْكُلُ الطَّعَامَ وَيَمْشِي فِي الْأَسْوَاقِ ۙ لَوْلَا أُنزِلَ إِلَيْهِ مَلَكٌ فَيَكُونَ مَعَهُ نَذِيرًا(7)

 Lan wong - wong (kafir) mau padha ngucap, "Yagene wong kang ngaku utusane Allah iki teka mangan pepanganan lan lunga menyang pasar - pasar perlu angupa jiwa? padha wae karo aku? Yo gene ora dikandhani malaikat, supaya dadi kancane aweh pepeling (pangancam) manungsa sarta nekseni manawa temen dadi utusane Allah

أَوْ يُلْقَىٰ إِلَيْهِ كَنزٌ أَوْ تَكُونُ لَهُ جَنَّةٌ يَأْكُلُ مِنْهَا ۚ وَقَالَ الظَّالِمُونَ إِن تَتَّبِعُونَ إِلَّا رَجُلًا مَّسْحُورًا(8)

 Utawa amarga apa ora diparingi gedhong saka ing langit kang isi mas picis raja-brana, utawa sebab apa ora duwe palemahan (pakebonan) kang pemetune nyukupi pipangan (dadi ora susah menyang pasar). Wong - wong kafir padha ngucap marang wong mukmin, "Sira iku ora liya mung manut marang wong kang kena ing sihir

انظُرْ كَيْفَ ضَرَبُوا لَكَ الْأَمْثَالَ فَضَلُّوا فَلَا يَسْتَطِيعُونَ سَبِيلًا(9)

 (Muhammad) mara sira andelenga wong kanfir anggone gawe upama (gegambaran) tumraping sira (ora paitis iya nekad wae). Awit saka iku wong - wong kafir iku padha kesasar, mulane padha ora pikantuk dalan marang keselametan

تَبَارَكَ الَّذِي إِن شَاءَ جَعَلَ لَكَ خَيْرًا مِّن ذَٰلِكَ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ وَيَجْعَل لَّكَ قُصُورًا(10)

 Maha Luhur Pangeran kang menawa ana kepareng kersane andamel kanggo sira (Muhammad) kang luwih becik tinimbang kang diucapake dening wong kafir mau gedong isi mas picis raja-brana, palemahan kang pemetune nyukupi. Allah bakal maringi suwarga marang sira, kang ana bengawane mili ana sangisore wit - witan, sarta bakal maringi gedhong lan panggung pirang - pirang marang sira ana ing suwarga

بَلْ كَذَّبُوا بِالسَّاعَةِ ۖ وَأَعْتَدْنَا لِمَن كَذَّبَ بِالسَّاعَةِ سَعِيرًا(11)

 Wong - wong kafir mau malah padha maido bakal anane dina Qiyamat. Ingsun ngancam siksa neraka sa’ir marang wong kang or apercaya bakal anane dina Qiyamat

إِذَا رَأَتْهُم مِّن مَّكَانٍ بَعِيدٍ سَمِعُوا لَهَا تَغَيُّظًا وَزَفِيرًا(12)

 Menawa (Malaikat Zabaniyah) penjaga neraka iku sumurup wong - wong mau saka kadoha, wong - wong mau padha krungu gembrubug suwarane lan jeritan

وَإِذَا أُلْقُوا مِنْهَا مَكَانًا ضَيِّقًا مُّقَرَّنِينَ دَعَوْا هُنَالِكَ ثُبُورًا(13)

 Lan nalikane wong - wong mau dicemplungake ing panggona kang ciyut ing neraka sarta padha dibelenggu lan dirante tangane lan gulune, ana ing kono padha sesambat, "Adhuh cilaka

لَّا تَدْعُوا الْيَوْمَ ثُبُورًا وَاحِدًا وَادْعُوا ثُبُورًا كَثِيرًا(14)

 (Ing kono banjur ana malaikat kang mangsuli), "Ing dina iki kowe padha tumiba ing cilaka kang ora mung siji bae, cilakamu akeh lan tumpa - tumpa

قُلْ أَذَٰلِكَ خَيْرٌ أَمْ جَنَّةُ الْخُلْدِ الَّتِي وُعِدَ الْمُتَّقُونَ ۚ كَانَتْ لَهُمْ جَزَاءً وَمَصِيرًا(15)

 (Muhammad) sira dhawuha, "Apa neraka kang kaya mengkono iku luwih becik, apa luwih becik suwarga kang langgeng, kang dianggo ngebang - ngebang wong kang padha taqwa marang Allah? Allah wis nguningani menawa suwarga iku dadi ganjarane lan panggonane wong kang padha bekti ing Allah

لَّهُمْ فِيهَا مَا يَشَاءُونَ خَالِدِينَ ۚ كَانَ عَلَىٰ رَبِّكَ وَعْدًا مَّسْئُولًا(16)

 Para wong mukmin ana ing suwarga bakal katurutan apa kang dikarepake, sarta padha langgeng ana ing kono. Dene pangebang - ebange (janji) kang mengkono mau, mesthi dituhoni dening Allah, apadene tansah disuwun dening para wong mukmin

وَيَوْمَ يَحْشُرُهُمْ وَمَا يَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ فَيَقُولُ أَأَنتُمْ أَضْلَلْتُمْ عِبَادِي هَٰؤُلَاءِ أَمْ هُمْ ضَلُّوا السَّبِيلَ(17)

 (Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, nalikane Allah angempalake para wong kafir dalah barang - barang kang disembah dening wong - wong kafir mau (yaiku brahala). Allah banur andangu, "He brahala, apa sira kang nasarake kawulaningsun samono iku, utawa apa kawulaningsun padha nasar saka dalan kang bener

قَالُوا سُبْحَانَكَ مَا كَانَ يَنبَغِي لَنَا أَن نَّتَّخِذَ مِن دُونِكَ مِنْ أَوْلِيَاءَ وَلَٰكِن مَّتَّعْتَهُمْ وَآبَاءَهُمْ حَتَّىٰ نَسُوا الذِّكْرَ وَكَانُوا قَوْمًا بُورًا(18)

 Brahala - brahala banjur padha munjuk ing ALlah, "Maha suci Paduka, kawula boten pisan - pisan mangeran dhateng sanesipun panjenengan (kados pundi menawi kawula kamipuruna ngaken tiyang manembah dhumateng kawula)", nanging tiyang - tiyang kafir punika dalah para leluhuripun sami mboten perduli ngengeti anggenipun dados kawula Panjenengan, kalimput dening peparing Panjenengan kebingahan dhumateng pun kafir wau. Mila sapunika sami dados tiyang ingkang cilaka sanget

فَقَدْ كَذَّبُوكُم بِمَا تَقُولُونَ فَمَا تَسْتَطِيعُونَ صَرْفًا وَلَا نَصْرًا ۚ وَمَن يَظْلِم مِّنكُمْ نُذِقْهُ عَذَابًا كَبِيرًا(19)

 Pangandikane Allah, "Brahala kang sira sembah iku padha ngelaki (ora ngakoni) aturira (ora rumangsa ngaku Pangeran), dadi ora bisa murungake siksa lan ora bisa nulungi marang sira". Dene kabeh, kang mangro tingal (nganiaya), mesthi Ingsun weruhake rasane siksa kang abot ana ing akherat

وَمَا أَرْسَلْنَا قَبْلَكَ مِنَ الْمُرْسَلِينَ إِلَّا إِنَّهُمْ لَيَأْكُلُونَ الطَّعَامَ وَيَمْشُونَ فِي الْأَسْوَاقِ ۗ وَجَعَلْنَا بَعْضَكُمْ لِبَعْضٍ فِتْنَةً أَتَصْبِرُونَ ۗ وَكَانَ رَبُّكَ بَصِيرًا(20)

 Para Rasul ing jaman kuna sadurungira, kang padha Ingsun utus, kabeh mesthi padha mangan pepanganan sarta padha lumaku ana ing pasar - pasar. Dene sira iku siji - sijining wong padha Ingsun anggo nyoba marang liyane (kabegjane siji - sijining wong, nukulake kameren marang liyane). He Manungsa, apa sira padha teguh sabar nerima? Lan Pangeranmu anggatekake sakabehe

۞ وَقَالَ الَّذِينَ لَا يَرْجُونَ لِقَاءَنَا لَوْلَا أُنزِلَ عَلَيْنَا الْمَلَائِكَةُ أَوْ نَرَىٰ رَبَّنَا ۗ لَقَدِ اسْتَكْبَرُوا فِي أَنفُسِهِمْ وَعَتَوْا عُتُوًّا كَبِيرًا(21)

 Lan wong - wong kang ora duwe pangarep - arep bakal sowan ing ngarsaningsun kanthi nggawa kebegjan (yaiku para wong kafir) padha celathu mengkene, "Ya gene aku ora dituruni utusan malaikat utawa diparingi weruh dzat Pangeranku klawan kasat-mata? (kang paring sumurup yen Muhammad iku utusane Allah temenan, dadi aku banjur percaya)". Wong - wong kafir mau padha gumedhe, ngluhur - luhurake awake dhewe lan padha kebangeten anggone nasar

يَوْمَ يَرَوْنَ الْمَلَائِكَةَ لَا بُشْرَىٰ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُجْرِمِينَ وَيَقُولُونَ حِجْرًا مَّحْجُورًا(22)

 (Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, yaiku nalika wong - wong padha ndeleng malaikat padha nguwuh - uwuh, "Ing dina iki wong kafir lan wong duraka ora pisan - pisan duwe kebungahan. Malaikat mau nguwuh - uwuh maneh: Kabungahan iu ora diparingake marang wong kafir

وَقَدِمْنَا إِلَىٰ مَا عَمِلُوا مِنْ عَمَلٍ فَجَعَلْنَاهُ هَبَاءً مَّنثُورًا(23)

 Keparenging kersaningsun, kabecikan kang wis ditindakake dening para wong kafir nalika ana ing donya, iku Ingsun dadekake endhog amun - amun kang mabul - mabul. Ora pisan - pisan migunani

أَصْحَابُ الْجَنَّةِ يَوْمَئِذٍ خَيْرٌ مُّسْتَقَرًّا وَأَحْسَنُ مَقِيلًا(24)

 Ing dina QIyaat iu panggonan peleranan wong ing suwarga luwih dening becik, ngungkuli panggonane wong - wong kafir nalika ana ing donya

وَيَوْمَ تَشَقَّقُ السَّمَاءُ بِالْغَمَامِ وَنُزِّلَ الْمَلَائِكَةُ تَنزِيلًا(25)

 (Muhammad) sira nyritakna kahanane dina Qiyamat, nalikane langit pitu padha sigar dening mega kang ana ing sadhuwuring langit pitu, sarta para malaikat padha diturunake marang bumi

الْمُلْكُ يَوْمَئِذٍ الْحَقُّ لِلرَّحْمَٰنِ ۚ وَكَانَ يَوْمًا عَلَى الْكَافِرِينَ عَسِيرًا(26)

 Ing dina Qiyamat iku kraton kang sejati tetela kagungane Allah kang Maha Murah (ora ana kang jejeri lan madhani jumeneng raja). Ing dina iku kabeh wong kafir padha sarwa rekasa

وَيَوْمَ يَعَضُّ الظَّالِمُ عَلَىٰ يَدَيْهِ يَقُولُ يَا لَيْتَنِي اتَّخَذْتُ مَعَ الرَّسُولِ سَبِيلًا(27)

 Ing dina Qiyamt wong - wong kang nganiaya (musyrik) padha nyokoti rangane dhewe, saking banget getune, sarta padha ngucap, "Bok iya aku dhek ana ing donya biyen dhewek ing Rasulullah, nindakake dalan kang bener (yaiku agama Islam)

يَا وَيْلَتَىٰ لَيْتَنِي لَمْ أَتَّخِذْ فُلَانًا خَلِيلًا(28)

 Adhuh cilaka temen aku, mbok iya biyen nalika aku ana ing donya ora memitran karo si Fulan lan Fulan

لَّقَدْ أَضَلَّنِي عَنِ الذِّكْرِ بَعْدَ إِذْ جَاءَنِي ۗ وَكَانَ الشَّيْطَانُ لِلْإِنسَانِ خَذُولًا(29)

 Mitraku si Fulan mau tetela nasarake marang aku. Aku wis didhawuhi surasane al-Qur’an dening Rasulullah, wusanane dibujuk diajak nyimpang saka dhawuhing al-Qur’an. (Pangandikane Allah), "Syetan (mitra kang knyasarake) iku banget anggone kipa - kipa (ora gelem nulung) lan nyelaki marang wong kafir kang disasarake

وَقَالَ الرَّسُولُ يَا رَبِّ إِنَّ قَوْمِي اتَّخَذُوا هَٰذَا الْقُرْآنَ مَهْجُورًا(30)

 (Muhammad Rasulullah) munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Ummat kawula (tiyang turun Quraisy) sami nampik al-Qur’an punika". (boten dipun imanaken tuwin boten dipun amalaken)

وَكَذَٰلِكَ جَعَلْنَا لِكُلِّ نَبِيٍّ عَدُوًّا مِّنَ الْمُجْرِمِينَ ۗ وَكَفَىٰ بِرَبِّكَ هَادِيًا وَنَصِيرًا(31)

 Mengkono uga para Nabi ing jaman biyen iya padha Ingsun anani mungsuh (satru) wong musyrik, ora beda sira (Muhammad) mulane diteteg atinira. Cukup sira percaya ing Pangeranira bakal paring pitedah lan paring pitulung marang sira

وَقَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لَوْلَا نُزِّلَ عَلَيْهِ الْقُرْآنُ جُمْلَةً وَاحِدَةً ۚ كَذَٰلِكَ لِنُثَبِّتَ بِهِ فُؤَادَكَ ۖ وَرَتَّلْنَاهُ تَرْتِيلًا(32)

 Wong - wong kafir padha ngucap mengkene, "Ya gene al-Quran iku anggone diparingake marang (Muhammad) ora babar pisan (wujud buku wutuh), ora kaya kitab Taurat lan Injil?". Pangandikane Allah, "Wis mengkono kersaningsun, al-Qur’an iku Ingsun turunake saka sethithik sarta sranti, supaya atinira tetep lan mantep, lan gampang anggonira ngeling - ngeling lan ngapalake

وَلَا يَأْتُونَكَ بِمَثَلٍ إِلَّا جِئْنَاكَ بِالْحَقِّ وَأَحْسَنَ تَفْسِيرًا(33)

 Lan wong - wong kafir mau ora pisan - pisan sowan marang sira (Muhammad) anggawa alesan (kanggo mbatalake kenabiyanira) kajaba Ingsun mesthi maringi wewaton marang sira kang luwih becik lan bener, kanggo ngalahake alesane wong kafir mau

الَّذِينَ يُحْشَرُونَ عَلَىٰ وُجُوهِهِمْ إِلَىٰ جَهَنَّمَ أُولَٰئِكَ شَرٌّ مَّكَانًا وَأَضَلُّ سَبِيلًا(34)

 Kang ing besuk ana ing kaherat padha dijungkirake lan dilarak, radhine ngambah lemah, sabanjure dicemplungake ing neraka Jahannam. Wong kafir mau panggonane ala banget lan kesasar saka dalan kang bener

وَلَقَدْ آتَيْنَا مُوسَى الْكِتَابَ وَجَعَلْنَا مَعَهُ أَخَاهُ هَارُونَ وَزِيرًا(35)

 Lan temen Ingsun wis maringi kitab (Taurat) marang Musa lan Harun sadulure, Ingsun dadekake pembantu bebarengan karo dheweke

فَقُلْنَا اذْهَبَا إِلَى الْقَوْمِ الَّذِينَ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا فَدَمَّرْنَاهُمْ تَدْمِيرًا(36)

 Dhawuh Ingsun (Marang Musa lan Harun), "Sira padha mangkata marang (tanah Qibthi) panggonane wong kang padha maido ayatingsun", (musa lan Harun padha ngestokake dhawuh, naning Fir’aun sabalane padha maido) mulane padha Ingsun sirnakake kabeh

وَقَوْمَ نُوحٍ لَّمَّا كَذَّبُوا الرُّسُلَ أَغْرَقْنَاهُمْ وَجَعَلْنَاهُمْ لِلنَّاسِ آيَةً ۖ وَأَعْتَدْنَا لِلظَّالِمِينَ عَذَابًا أَلِيمًا(37)

  Para Ummate Nuh mau Ingsun dadekake bukti, kanggo lupiya marang para manungsa. Para Ummate Nuh padha duraka (nganiaya) mau padha Ingsun sedhiyani siksa kang nglarani

وَعَادًا وَثَمُودَ وَأَصْحَابَ الرَّسِّ وَقُرُونًا بَيْنَ ذَٰلِكَ كَثِيرًا(38)

 Mengkono uga wong (Kaum) ’Aad lan Tsamud, apa dene As-habur-Rass, (tegese kaum kang duwe sumur) sarta wong akeh maneh antarane wong Tsamud lan ash-habur-rass iku uga padha Ingsun rusak

وَكُلًّا ضَرَبْنَا لَهُ الْأَمْثَالَ ۖ وَكُلًّا تَبَّرْنَا تَتْبِيرًا(39)

 Kabeh mau padha INgsun dadekake sarana gelari upama lupiya para wong kuna kang elok - elok. bareng wis tita padha wangkot. kabeh mau padha Ingsun rusak

وَلَقَدْ أَتَوْا عَلَى الْقَرْيَةِ الَّتِي أُمْطِرَتْ مَطَرَ السَّوْءِ ۚ أَفَلَمْ يَكُونُوا يَرَوْنَهَا ۚ بَلْ كَانُوا لَا يَرْجُونَ نُشُورًا(40)

 Wong - wong (kafir) wis akeh kang tekan ing negarane wong Tsamud, sarta wis padha nyumurupi patilasan para umate Luth biyen kang dirusak sarana diudani watu (sarta diawlik bumine). apa wong - wong mau (nalikane lumaku marang ing Syam) padha ora andeleng patilasane ? Naning sarehning padha kafir, ora wedi dina Qiyamat

وَإِذَا رَأَوْكَ إِن يَتَّخِذُونَكَ إِلَّا هُزُوًا أَهَٰذَا الَّذِي بَعَثَ اللَّهُ رَسُولًا(41)

 Wong - wong kafir mau menawa andeleng sira, ora liya mung padha anggeguyu kanthi pangucape, "Apa iki wong kang dipuji dening Allah dadi utusane

إِن كَادَ لَيُضِلُّنَا عَنْ آلِهَتِنَا لَوْلَا أَن صَبَرْنَا عَلَيْهَا ۚ وَسَوْفَ يَعْلَمُونَ حِينَ يَرَوْنَ الْعَذَابَ مَنْ أَضَلُّ سَبِيلًا(42)

 Meh bae aku kabeh kena disasarake (dening Muhammad), dikon mareni anggon kita manembah Pangeran brahala. Ajaha teguh - teguh ati kita sida kelulan katut". (pangandikane Allah), "Ing besuk yen wis padha andeleng siksa neraka, wong kafir iku lagi padha weruh sapa kang kesasar saka ing dalan marang keslametan

أَرَأَيْتَ مَنِ اتَّخَذَ إِلَٰهَهُ هَوَاهُ أَفَأَنتَ تَكُونُ عَلَيْهِ وَكِيلًا(43)

 (Muhammad) apa sira sumurup (kepriye panemunira) mungguh wong kang mangeran marang hawa nafsune (kekarepane dhewe)? Apa sira bisa rumeksa marang wong - wong mau, murih aja nganti kebanjur - banjur anggone mangeran marang hawa nafsune (Kekarepane) dhewe ? (mesthi ora bisa)

أَمْ تَحْسَبُ أَنَّ أَكْثَرَهُمْ يَسْمَعُونَ أَوْ يَعْقِلُونَ ۚ إِنْ هُمْ إِلَّا كَالْأَنْعَامِ ۖ بَلْ هُمْ أَضَلُّ سَبِيلًا(44)

 Lan apa sira gira yen won gmau akeh kang ngrungokake pituturira klawan mangerti utawa gelem mikir - mikir? (Tangeh yen mengkonoa). Wong mau ora liwat mung kaya raja-kaya, malah luwih dening nasar saka dalan marang keslametane

أَلَمْ تَرَ إِلَىٰ رَبِّكَ كَيْفَ مَدَّ الظِّلَّ وَلَوْ شَاءَ لَجَعَلَهُ سَاكِنًا ثُمَّ جَعَلْنَا الشَّمْسَ عَلَيْهِ دَلِيلًا(45)

 Apa sira ora sumerep (ndeleng) pendamelane Allah Pangeranira, anggone anggelar ayang - ayangan (eyub warata salumahing bumi, ing wayah bangun esuk nganti tekan mletheking srengenge). Lan upama kersane Pangeranira, eyub - eyub mau dilestarekake, mesthi kelakon). Pangandikane Allah, "Soroting srengenge Ingsun anggo paring pituduh kang mbedakake eyub lan panas

ثُمَّ قَبَضْنَاهُ إِلَيْنَا قَبْضًا يَسِيرًا(46)

 Ayang - ayangan mau nuli Ingsun pundut saka sethithik (sarana soroting srengenge)

وَهُوَ الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ اللَّيْلَ لِبَاسًا وَالنَّوْمَ سُبَاتًا وَجَعَلَ النَّهَارَ نُشُورًا(47)

 Panjenengane Allah iku nitahake wengi mugunani marang sira, akanggo aling - aling, dadi memper sandhangan, sarta nganakake turu kang ngepenakake awak, apadene nganakake awan, kanggo gumelare wong ngupa jiwa

وَهُوَ الَّذِي أَرْسَلَ الرِّيَاحَ بُشْرًا بَيْنَ يَدَيْ رَحْمَتِهِ ۚ وَأَنزَلْنَا مِنَ السَّمَاءِ مَاءً طَهُورًا(48)

 Panjenengane Allah iku kang ngutus (ngiditake) angin minangka bebungah marang para manungsa, dadi cecala tumurune rahmate Allah kang arupa banyu udan. (Pangandikane Allah), "Ingsung nurunake banyu udan saka ing langit kena digawe sesuci

لِّنُحْيِيَ بِهِ بَلْدَةً مَّيْتًا وَنُسْقِيَهُ مِمَّا خَلَقْنَا أَنْعَامًا وَأَنَاسِيَّ كَثِيرًا(49)

 Banyu udan mau Ingsun anggo nguripake palemahan kang bera (mati), lan Ingsun anggo ngombeni titah Ingsun raja-kaya apa dene manungsa akeh

وَلَقَدْ صَرَّفْنَاهُ بَيْنَهُمْ لِيَذَّكَّرُوا فَأَبَىٰ أَكْثَرُ النَّاسِ إِلَّا كُفُورًا(50)

 Banyu udan mau Ingsun siramake ing palemahan pirang - pirang, supaya manungsa padha ngrasak - ngrasakake, sabanjure padha weruha benere wong kang diparingi kebungahan dening Allah, ewadene akeh bae manungsa kang padha wangkot, ora gelem ngrasak - ngrasake peparinge Allah kabungahan dening Allah, ewadene akeh bae manungsa kang padha wangkot, ora gelem ngarasak - ngrasakake peparinge Allah kabungahan mau digawe ilang

وَلَوْ شِئْنَا لَبَعَثْنَا فِي كُلِّ قَرْيَةٍ نَّذِيرًا(51)

 Upama ana keparinging kersaningsun, temen Ingsun Utusan (juru pepeling) marang saben - saben negara

فَلَا تُطِعِ الْكَافِرِينَ وَجَاهِدْهُم بِهِ جِهَادًا كَبِيرًا(52)

 Mulane sira aja pisan - pisan manut marang wong - wong kafir, malah wong kafir iku sira padonana klawan padudon kang pratitis, miturut surasaning al-Quran

۞ وَهُوَ الَّذِي مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ هَٰذَا عَذْبٌ فُرَاتٌ وَهَٰذَا مِلْحٌ أُجَاجٌ وَجَعَلَ بَيْنَهُمَا بَرْزَخًا وَحِجْرًا مَّحْجُورًا(53)

 Iya panjenengane Allah iku kang (ngemorake segara loro sisihan, banyu tawa kang) nyegeri, lan banyu asin kang letih, sarta andokoki aling - aling antarane banyu segara loro mau kanthi kuwasane Allah. Dadi banyu tawa lan banyu asin mau ora bisa carub

وَهُوَ الَّذِي خَلَقَ مِنَ الْمَاءِ بَشَرًا فَجَعَلَهُ نَسَبًا وَصِهْرًا ۗ وَكَانَ رَبُّكَ قَدِيرًا(54)

 Lan iya Panjenengan Allah iku kang gawe manungsa saka banyu (mani). Muulane manungsa mau dititahake duwe sanak lan duwe maratuwa. Panjenengane Allah iku Kuwasa, samu barang kang dikersakake mesthi dadi

وَيَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ مَا لَا يَنفَعُهُمْ وَلَا يَضُرُّهُمْ ۗ وَكَانَ الْكَافِرُ عَلَىٰ رَبِّهِ ظَهِيرًا(55)

 Lan wong - wong kafir padha manembah liyane Allah. Iya brahala kang menawa disembah ora bisa aweh piguna (mikolehi), utawa menawa ora disembah ora bisa mlarati, Wong kafir iku dadi kancane syetan anggone duraka

وَمَا أَرْسَلْنَاكَ إِلَّا مُبَشِّرًا وَنَذِيرًا(56)

 Lan Ingsun ora ngutus sira (Muhammad) kajaba supaya ambebungah lan aweh pepeling, aweh bebungah marang wong kang ngestokake prentah pikatuk ganjaran suwarga, sarta midana wong kafir bakal nandhang siksa ana ing neraka

قُلْ مَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ إِلَّا مَن شَاءَ أَن يَتَّخِذَ إِلَىٰ رَبِّهِ سَبِيلًا(57)

 (Muhammad), sira dhawuha, "He wong kafir, anggoningsun ngundangake dhawuhe Allah iki, Ingsun ora anjaluk pituwas apa - apa. ewadene sing sapa kudu gawe dalan murih keparening Pangerane, sarana anggunakake bandha saka karepe dhewe, iya ora ana pekewuhe

وَتَوَكَّلْ عَلَى الْحَيِّ الَّذِي لَا يَمُوتُ وَسَبِّحْ بِحَمْدِهِ ۚ وَكَفَىٰ بِهِ بِذُنُوبِ عِبَادِهِ خَبِيرًا(58)

 (Muhammad) sira pasraha marang Allah kang kagungan sifat Sugeng ora kena seda, lan nyebuta Maha Suci marang ALlah, apadene memujiya mangalembana marang Panjenengane. Dene peprkara wangkote wong - wong kafir, wis cukup Allah piyambak anggone Waspada marang dosane para kawulane

الَّذِي خَلَقَ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا فِي سِتَّةِ أَيَّامٍ ثُمَّ اسْتَوَىٰ عَلَى الْعَرْشِ ۚ الرَّحْمَٰنُ فَاسْأَلْ بِهِ خَبِيرًا(59)

 Panjenengane Allah iku kang nitahake langit bumi lan kabeh barang kang ana ing antarane langit lan bumi laawse nem masa rampung. Panjenengane Allah kang Maha Murah nuli murba wasesa ing Kratone. He manungsa mungguh kahanane Pangeran kang Maha murah iku sira takona marang Kang wasapada

وَإِذَا قِيلَ لَهُمُ اسْجُدُوا لِلرَّحْمَٰنِ قَالُوا وَمَا الرَّحْمَٰنُ أَنَسْجُدُ لِمَا تَأْمُرُنَا وَزَادَهُمْ نُفُورًا ۩(60)

 Wong - wong kafir iku menawa diprentahi, "Sira padha sujuda marang Pangeran kang Maha Murah", banjur padha mangsuli, "Pangeran ingkang Maha Murah punapa ta? Punapa kula sujud dhumateng brang dumeh panjenengan prentahaken? La mangsa puruna" . Dadi prentah mengkono mau tumrap wong kafir malah nambahi anggone wangkot, ora gelem percaya ing Allah

تَبَارَكَ الَّذِي جَعَلَ فِي السَّمَاءِ بُرُوجًا وَجَعَلَ فِيهَا سِرَاجًا وَقَمَرًا مُّنِيرًا(61)

 Maha Luhur Allah Pangeran kang wis nitahake lintang - lintang (buruj ) ana ing langit gegrombolan, lan Panjenengane wis ndamel srengene kang minangka damaring jagad, apadene rembulan kang uga madhangi jagad

وَهُوَ الَّذِي جَعَلَ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ خِلْفَةً لِّمَنْ أَرَادَ أَن يَذَّكَّرَ أَوْ أَرَادَ شُكُورًا(62)

 Iya panjenengane Allah kang nitahake wengi lan rina gilir gumanti, minangka tandha yekti tumrap wong kang gelem golek pepeling, utawa gelem syukur (ing Allah)

وَعِبَادُ الرَّحْمَٰنِ الَّذِينَ يَمْشُونَ عَلَى الْأَرْضِ هَوْنًا وَإِذَا خَاطَبَهُمُ الْجَاهِلُونَ قَالُوا سَلَامًا(63)

 Dene para kawulane Allah kang Maha murah, iya iku kang padha mlaku ana ing bumi kanthi jatmika lan andhan asor, lan menawa dicelathoni ala dening wong bodho, banjur sumahur klawan aris (salam)

وَالَّذِينَ يَبِيتُونَ لِرَبِّهِمْ سُجَّدًا وَقِيَامًا(64)

 Lan kang padha sujud lan sembahyang ing wayah bengi (shalat tahajud)

وَالَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا اصْرِفْ عَنَّا عَذَابَ جَهَنَّمَ ۖ إِنَّ عَذَابَهَا كَانَ غَرَامًا(65)

 Lan kang padha nyuwun ing Allah, unjuke, "Dhuh Pangeran kawula, mugi - mugi Panjenengan nebihaken siksa neraka jahanam saking kawula, awit siksa neraka jahanam punika tetep awon

إِنَّهَا سَاءَتْ مُسْتَقَرًّا وَمُقَامًا(66)

 Sarta neraka Jahanam punika awon - awoning panggenan. Lan dheweke wong - wong kang menawa nanjakake bandhane or aleluwihan lan ora bethithil, nanging ana ing antarane sifat loro mau

وَالَّذِينَ إِذَا أَنفَقُوا لَمْ يُسْرِفُوا وَلَمْ يَقْتُرُوا وَكَانَ بَيْنَ ذَٰلِكَ قَوَامًا(67)

 Lan para kang samangsa angetokaké bandha ora keladuk lan ora seret, ananging dumunung ana ing saantarané mangkono iku

وَالَّذِينَ لَا يَدْعُونَ مَعَ اللَّهِ إِلَٰهًا آخَرَ وَلَا يَقْتُلُونَ النَّفْسَ الَّتِي حَرَّمَ اللَّهُ إِلَّا بِالْحَقِّ وَلَا يَزْنُونَ ۚ وَمَن يَفْعَلْ ذَٰلِكَ يَلْقَ أَثَامًا(68)

 Lan kang ora mangro tingal (manembah) saliyane Allah, lan ora mateni jiwa kang diharamake dening Allah, kajaba anggone mateni mau nglungguhi bener sarta ora zina. Dene sing sapa nerak pepacuh mau, yekti bakal nemoni piwalesing dosane

يُضَاعَفْ لَهُ الْعَذَابُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَيَخْلُدْ فِيهِ مُهَانًا(69)

 Besuk dina Qiyamat, siksane wong kang marngro tingal (musyrik) mau ditikelake sarta langgeng anaing sajeroning siksa tur diremehake

إِلَّا مَن تَابَ وَآمَنَ وَعَمِلَ عَمَلًا صَالِحًا فَأُولَٰئِكَ يُبَدِّلُ اللَّهُ سَيِّئَاتِهِمْ حَسَنَاتٍ ۗ وَكَانَ اللَّهُ غَفُورًا رَّحِيمًا(70)

 Kajaba wong kang wis tobat sarta banjur percaya ing Allah sarta nindakake tindak kang becik. Wong kang mengkono mau amale kang ala bakal diganti dening Allah kanti kebecikan. Panjenengane Allah iku Maha pangapura sarata Maha Asih

وَمَن تَابَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَإِنَّهُ يَتُوبُ إِلَى اللَّهِ مَتَابًا(71)

 Dene sing sapa tobat, sarta ketara konjem nindakake kabecikan, iku tetap wong kang bali marang ngarsane Allah, bakal pikantuk ganjaran suwarga

وَالَّذِينَ لَا يَشْهَدُونَ الزُّورَ وَإِذَا مَرُّوا بِاللَّغْوِ مَرُّوا كِرَامًا(72)

 Lan wong kang ora dadi saksi goroh (palsu), apadene menawa mrangguli caturan kang ala, ora gelem ngopeni kaya tindake wong mulya

وَالَّذِينَ إِذَا ذُكِّرُوا بِآيَاتِ رَبِّهِمْ لَمْ يَخِرُّوا عَلَيْهَا صُمًّا وَعُمْيَانًا(73)

 Lan wong kang nalika dipituturi (dielengake) kanthi ayat - ayate Pangerane, kabeh diopeni, ora ana kang kecer, ora persasat wong kang budeg lan wuta

وَالَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا هَبْ لَنَا مِنْ أَزْوَاجِنَا وَذُرِّيَّاتِنَا قُرَّةَ أَعْيُنٍ وَاجْعَلْنَا لِلْمُتَّقِينَ إِمَامًا(74)

 Lan wong munjuk andedonga marang ALlah mengkene, "Dhuh Pangran kwula, mugi Panjenengan paring dhating kawula rabi kawula saha anak putu kawula sedaya dadosa sarana asrepipung paningal kawula (margi anggenipun ajrih ing Panjenengan kanthi netepi tindak kelakuwan ingkang sae) punapa dene kawula mugi Panjenengan dadosaken ngajengipun tiyang ingkang taqwa dhateng Panjenengan

أُولَٰئِكَ يُجْزَوْنَ الْغُرْفَةَ بِمَا صَبَرُوا وَيُلَقَّوْنَ فِيهَا تَحِيَّةً وَسَلَامًا(75)

 Ingkang mengkono mau bakal padha diganjar pangkat kang luruh ana ing suwarga, amarga anggone padha teguh atine. Wong - wong mau ana ing suwarga padh adibalekake dening Malaikat. Klawan jumurung selamet lan urip langgeng

خَالِدِينَ فِيهَا ۚ حَسُنَتْ مُسْتَقَرًّا وَمُقَامًا(76)

 Anggone ana ing suwarga padha langgeng. Suwarga iku becik - beciking panggonan kang tetap

قُلْ مَا يَعْبَأُ بِكُمْ رَبِّي لَوْلَا دُعَاؤُكُمْ ۖ فَقَدْ كَذَّبْتُمْ فَسَوْفَ يَكُونُ لِزَامًا(77)

 (Muhammad) sira dhawuha marang para wong mau, "Upama kowe ora nyuwun ing Allah nalikane nampa keribedan, Allah ora perduli marang kowe". Kepriye anggone perduli, awit kowe kabeh wis maido marang Utusane Allah lan marang al-Qur’an. B esuk an aing akherat, siksane Allah iku tetep lestari tumrap wong kafir


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah Al-Furqan with the voice of the most famous Quran reciters :

surah Al-Furqan mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter Al-Furqan Complete with high quality
surah Al-Furqan Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Al-Furqan Bandar Balila
Bandar Balila
surah Al-Furqan Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Al-Furqan Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Al-Furqan Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Al-Furqan Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Al-Furqan Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Al-Furqan Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Al-Furqan Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Al-Furqan Fares Abbad
Fares Abbad
surah Al-Furqan Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Al-Furqan Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Al-Furqan Al Hosary
Al Hosary
surah Al-Furqan Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Al-Furqan Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Tuesday, April 30, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب