سوره آل عمران به زبان جاوی

  1. گوش دادن به سوره
  2. سورهای دیگر
  3. ترجمه سوره
قرآن کریم | ترجمه معانی قرآن | زبان جاوی | سوره آل عمران | آل عمران - تعداد آیات آن 200 - شماره سوره در مصحف: 3 - معنی سوره به انگلیسی: The Family of Imraan.

الم(1)

 Alif Lam Miem

اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ الْحَيُّ الْقَيُّومُ(2)

 Panjenengane Allah, ora ana Pangeran Kang sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak, Kang Sugeng sarta Kang Jumeneng Pribadi

نَزَّلَ عَلَيْكَ الْكِتَابَ بِالْحَقِّ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ وَأَنزَلَ التَّوْرَاةَ وَالْإِنجِيلَ(3)

 Panjenengane wis nurunake kitab Qur’an kelawan bener, kang nemenake marang kitab sak durunge, lan panjenengane uga wis nurunake kitab Taurat lan Injil

مِن قَبْلُ هُدًى لِّلنَّاسِ وَأَنزَلَ الْفُرْقَانَ ۗ إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بِآيَاتِ اللَّهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيدٌ ۗ وَاللَّهُ عَزِيزٌ ذُو انتِقَامٍ(4)

 Diturunake sak durunge Quran, minangka dadi pituduuh marang manungsa, lan panjenengane nurunake Furqan (kang misah antarane barang kang bener saka kang luput). Satemene wong kang padha maido ing ayat-ayate Allah iku dheweke bakal kapatrapan sika kang abot. Dene Allah iku Maha Mulya sarta kagungan siksa kang abot

إِنَّ اللَّهَ لَا يَخْفَىٰ عَلَيْهِ شَيْءٌ فِي الْأَرْضِ وَلَا فِي السَّمَاءِ(5)

 Sak temene Allah ora kasamaran anggone nguningani samu barang kang ana bumi lan kang ana langit

هُوَ الَّذِي يُصَوِّرُكُمْ فِي الْأَرْحَامِ كَيْفَ يَشَاءُ ۚ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ(6)

 Panjenengane kang nemtokake rupanira ana pranakaning biyung miturut keparenging kersane. Ora ana Pangeran kang sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak, kang Maha Gagah sarta Maha Wicaksana

هُوَ الَّذِي أَنزَلَ عَلَيْكَ الْكِتَابَ مِنْهُ آيَاتٌ مُّحْكَمَاتٌ هُنَّ أُمُّ الْكِتَابِ وَأُخَرُ مُتَشَابِهَاتٌ ۖ فَأَمَّا الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِمْ زَيْغٌ فَيَتَّبِعُونَ مَا تَشَابَهَ مِنْهُ ابْتِغَاءَ الْفِتْنَةِ وَابْتِغَاءَ تَأْوِيلِهِ ۗ وَمَا يَعْلَمُ تَأْوِيلَهُ إِلَّا اللَّهُ ۗ وَالرَّاسِخُونَ فِي الْعِلْمِ يَقُولُونَ آمَنَّا بِهِ كُلٌّ مِّنْ عِندِ رَبِّنَا ۗ وَمَا يَذَّكَّرُ إِلَّا أُولُو الْأَلْبَابِ(7)

 Panjenengane kang nurunake kitab Qur’an marang isra (Muhammad), ing kono ayat-ayat cetha, yaiku dadi baboning (baku = pokok) kitab lan ana uga liyane ayat-ayat kang madha rupa. Dene wong kang atine menceng banjur padha manut ayat kang surasane madha rupa mau, pamrihe dienggo fitnah lan murih disurasa sakarepe dhewe. Ing mangka ora ana kang bisa mangerti surasane ayat kang sarupa mau, kkajaba mung Allah piyambak. Dene wong kang padha kukuh kaweruhe padha matur: "Kita sami pitados dhumateng Qur’an, sadaya punika terang saking ngarsanipun Allah Pangeran kita". Lan ora padha gelem eling kajaba mung wong kang duwe ’akal

رَبَّنَا لَا تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً ۚ إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ(8)

 Dhuh Pangeran kita, mugi-mugi Panjenengan sampun mlencengaken manah kula sak sampunipun Panjenengan nedahaken dhateng kita. Mugi-Mugi Panjenengan maringi dhumateng kita, rahmat saking ngarsa Panjenengan. Sayektos, Panjenengan punika Pangeran Ingkang Maha Peparing

رَبَّنَا إِنَّكَ جَامِعُ النَّاسِ لِيَوْمٍ لَّا رَيْبَ فِيهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ لَا يُخْلِفُ الْمِيعَادَ(9)

 Dhuh Pangeran kita, yektos Panjenengan punika ingkang ngimpun sadaya manungsa wonten ing dinten ingkang mboten mamang-mamang malih (qiyamat). Saestunipun Allah punika boten badhe nyulayani janji

إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَن تُغْنِيَ عَنْهُمْ أَمْوَالُهُمْ وَلَا أَوْلَادُهُم مِّنَ اللَّهِ شَيْئًا ۖ وَأُولَٰئِكَ هُمْ وَقُودُ النَّارِ(10)

 Satemene wong kang padha kafir iku bandhane lan anak-anake ora bakal bisa nulak saka siksane Allah seththik-thithika. Wong kang mangkono iku bakal padha dadi uru-urubing neraka

كَدَأْبِ آلِ فِرْعَوْنَ وَالَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ ۚ كَذَّبُوا بِآيَاتِنَا فَأَخَذَهُمُ اللَّهُ بِذُنُوبِهِمْ ۗ وَاللَّهُ شَدِيدُ الْعِقَابِ(11)

 Kaya adat sabene kawulawargane Fir’aun lan wong kang sadurunge, iku padha anggorohake ayat-ayat Ingsun. Allah mbanjur nyiksa marang wong-wong mau jalaran saka dosane. Dene Allah iku abot panyiksane

قُل لِّلَّذِينَ كَفَرُوا سَتُغْلَبُونَ وَتُحْشَرُونَ إِلَىٰ جَهَنَّمَ ۚ وَبِئْسَ الْمِهَادُ(12)

 Dhawuha sira (Muhammad) marang wong kang padha kafir, "Sira kabeh bakal padha dikalahake lan bakal padha digiring marang naraka Jahannam, iya iku ala-alaning lemek

قَدْ كَانَ لَكُمْ آيَةٌ فِي فِئَتَيْنِ الْتَقَتَا ۖ فِئَةٌ تُقَاتِلُ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَأُخْرَىٰ كَافِرَةٌ يَرَوْنَهُم مِّثْلَيْهِمْ رَأْيَ الْعَيْنِ ۚ وَاللَّهُ يُؤَيِّدُ بِنَصْرِهِ مَن يَشَاءُ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّأُولِي الْأَبْصَارِ(13)

 Yekti sira wis padha duwe tandha yekti, yaiku wong rong golongan kan padha adhep-adhepan perang (nalika perang ana ing Badar) kang sagolongan ana ing dedalane Allah (sabilillah) dene kang sagolongan liyane wong-wong kafir. Wong kafir mau ndeleng golongane wadyaba Islam kelawan pandeleng matane akehe tikel loro. Dene Allah iku ngukuhake kelawan pitulunge marang wong kang dadi keparengen kersane. Sak temene kang mangkono iku dadi tepa tuladha tumrap wong kang padha duwe pikir

زُيِّنَ لِلنَّاسِ حُبُّ الشَّهَوَاتِ مِنَ النِّسَاءِ وَالْبَنِينَ وَالْقَنَاطِيرِ الْمُقَنطَرَةِ مِنَ الذَّهَبِ وَالْفِضَّةِ وَالْخَيْلِ الْمُسَوَّمَةِ وَالْأَنْعَامِ وَالْحَرْثِ ۗ ذَٰلِكَ مَتَاعُ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا ۖ وَاللَّهُ عِندَهُ حُسْنُ الْمَآبِ(14)

 Manungsa iku dipaesi demen sarupane pepenginan, yaiku: wanita lan anak-anak lan raja brana kang akeh saka mas lan salaka lan jaran kang becik lan raja kaya lan tetanduran. Mangkono oku kesenengan panguripan donya. Dene Allah iku kagungan becik-beciking papan kanggo bali

۞ قُلْ أَؤُنَبِّئُكُم بِخَيْرٍ مِّن ذَٰلِكُمْ ۚ لِلَّذِينَ اتَّقَوْا عِندَ رَبِّهِمْ جَنَّاتٌ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا وَأَزْوَاجٌ مُّطَهَّرَةٌ وَرِضْوَانٌ مِّنَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ بَصِيرٌ بِالْعِبَادِ(15)

 Dhawuha (Muhammad): "Apa sira kabeh gelem padha dak wenehi weruh barang kang luwih becik ngungkuli kabeh mau? Yaiku tumrap wong kang padha bekti (ing Allah) iku besuk ana ing ngarsane Allah Pangerane bakal padha duweni suwarga kang ing ngisore ana kaline mili, anggone manggon ana ing suwarga padha langgeng lan duweni bojo kang padha suci padha oleh karidhaning Allah. Dene Allah iku mirsani para kawula

الَّذِينَ يَقُولُونَ رَبَّنَا إِنَّنَا آمَنَّا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ(16)

 Yaiku wong-wong kang padha matur, "Dhuh Pangeran kita, saestu kita sami pitados. Panjenengan mugi paring pangapunten dosa-dosa kita tuwin mugi ngreksa kita saking siksaning neraka

الصَّابِرِينَ وَالصَّادِقِينَ وَالْقَانِتِينَ وَالْمُنفِقِينَ وَالْمُسْتَغْفِرِينَ بِالْأَسْحَارِ(17)

 Yaiku wong-wong kang padha sabar, padha temen, padha ngabekti, padha gelem dermakake bandhane, lan padha nyuwun pangapura ana ing wayah lingsir wengi

شَهِدَ اللَّهُ أَنَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ وَالْمَلَائِكَةُ وَأُولُو الْعِلْمِ قَائِمًا بِالْقِسْطِ ۚ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ(18)

 Allah wis nyekseni, yen satemene ora ana Pangeran kang wajib sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak, lan para malaekat lan para wong kang padha duwe kaweruh (uga wis padha nyekseni), Allah iku jumeneng kelawan ’adil. Ora ana Pangeran kang wajib sinembah kajaba mung Panjenengane piyambak kang Maha Gagah lan Maha Wicaksana

إِنَّ الدِّينَ عِندَ اللَّهِ الْإِسْلَامُ ۗ وَمَا اخْتَلَفَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ إِلَّا مِن بَعْدِ مَا جَاءَهُمُ الْعِلْمُ بَغْيًا بَيْنَهُمْ ۗ وَمَن يَكْفُرْ بِآيَاتِ اللَّهِ فَإِنَّ اللَّهَ سَرِيعُ الْحِسَابِ(19)

 Satemene agama (kang bener) mungguhing Allah iku mung Agama Islam. Lan ora padha pasulayan wong-wong kang wis padha diparingi kitab kajaba sawise ketekan ’ilmu, pamrihe mung drengki panasten ana ing antarane wong-wong mau. Dene sapa kang maido ing aat-ayate Allah, satemene Allah iku rikat pengetunge

فَإِنْ حَاجُّوكَ فَقُلْ أَسْلَمْتُ وَجْهِيَ لِلَّهِ وَمَنِ اتَّبَعَنِ ۗ وَقُل لِّلَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ وَالْأُمِّيِّينَ أَأَسْلَمْتُمْ ۚ فَإِنْ أَسْلَمُوا فَقَدِ اهْتَدَوا ۖ وَّإِن تَوَلَّوْا فَإِنَّمَا عَلَيْكَ الْبَلَاغُ ۗ وَاللَّهُ بَصِيرٌ بِالْعِبَادِ(20)

 Menawa wong kafir padha mbantah ing sira (Muhammad) sira mbanjur paringa wangsulan, "Aku wis masrahake marang Allah lan wong manut ing aku (uga wis padha masrahake)" Lan dhawuha (Muhammad) marang owng-wong kang padha diparingi kitab lan marang wong-wong kang bodho, "Apa sira kabeh padha gelem nganut agama Islam?", Manawa dheweke wis padha nganut agama Islam, yekti dheweke iku padha oleh pituduh. Dene Menawa dheweke padha mlengos, satemene kewajibanira iku mung nekakake (da’wah). Allah iku Maha Mriksani marang para kawulane

إِنَّ الَّذِينَ يَكْفُرُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَيَقْتُلُونَ النَّبِيِّينَ بِغَيْرِ حَقٍّ وَيَقْتُلُونَ الَّذِينَ يَأْمُرُونَ بِالْقِسْطِ مِنَ النَّاسِ فَبَشِّرْهُم بِعَذَابٍ أَلِيمٍ(21)

 Satemene wong-wong kang padha kafir ing ayat-ayate Allah kang padha merjaya para Nabi kelawan ora bener lan kang padha mateni wong-wong kang padha printah marang para manungsa supaya tumindak ’adil. Awit saka iku sira mbebungaha marang wong-wong mau kelawan siksa kang lara

أُولَٰئِكَ الَّذِينَ حَبِطَتْ أَعْمَالُهُمْ فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ وَمَا لَهُم مِّن نَّاصِرِينَ(22)

 Wong-wong kang mangkono iku padha lebur (rusak) kabeh amale ana ing donya lan ana ing akherat lan ora ana kang bakal mitulungi ing wong mau

أَلَمْ تَرَ إِلَى الَّذِينَ أُوتُوا نَصِيبًا مِّنَ الْكِتَابِ يُدْعَوْنَ إِلَىٰ كِتَابِ اللَّهِ لِيَحْكُمَ بَيْنَهُمْ ثُمَّ يَتَوَلَّىٰ فَرِيقٌ مِّنْهُمْ وَهُم مُّعْرِضُونَ(23)

 (Muhammad) apa sira durung sumurup wong-wong kang padha diparingi panduman saka kitab (Taurat)? Dheweke padha diajak marang kitabe Allah, supaya kitab iku dianggo ngukumi ana ing antarane wong-wong mau, nuli sagolongan saka wong-wong mau ana kang mlengos lan dheweke iku padha ngungkurake

ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَالُوا لَن تَمَسَّنَا النَّارُ إِلَّا أَيَّامًا مَّعْدُودَاتٍ ۖ وَغَرَّهُمْ فِي دِينِهِم مَّا كَانُوا يَفْتَرُونَ(24)

 Kang mangkono iku amarga wong-wong mau padha ngucap, "Neraka iku ora bakal nggepok ing kita, kajaba mung sawatara dina wae", dheweke wis padha kabujuk ana ing (perkara) agamane dening (pandhita-pandhita) kang gawe kabar goroh

فَكَيْفَ إِذَا جَمَعْنَاهُمْ لِيَوْمٍ لَّا رَيْبَ فِيهِ وَوُفِّيَتْ كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ(25)

 Kepriye mungguh bakal kedadeyane wong-wong mau nalika Ingsun ngimpun marang dheweke ana ing dina kang ora mamang maneh, lan sawiji-wiji awak diwales miturut amal kang wis ditindakake lan dheweke ora bakal dianiaya

قُلِ اللَّهُمَّ مَالِكَ الْمُلْكِ تُؤْتِي الْمُلْكَ مَن تَشَاءُ وَتَنزِعُ الْمُلْكَ مِمَّن تَشَاءُ وَتُعِزُّ مَن تَشَاءُ وَتُذِلُّ مَن تَشَاءُ ۖ بِيَدِكَ الْخَيْرُ ۖ إِنَّكَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ(26)

 (Muhammad)! Sira munjuka, "Dhuh Allah, ingkang kagungan kraton. Panjenengan maringaken kraton dhateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken, tuwin Panjenengan mundhut kraton saking tiyang ingkang Panjenengan kersakaken, saha Panjenengan ngluhuraken dhateng tiyang ingkan Panjenengan kersakaken, punapa dene Panjenengan ngasoraken dhateng tiyang ingkang Panjenengan kersakaken. Wonten ing asta Panjenengan sadaya kasaenan. Saestunipun Panjenengan punika Maha Kuwaos ing ngatasipun sadaya perkawis

تُولِجُ اللَّيْلَ فِي النَّهَارِ وَتُولِجُ النَّهَارَ فِي اللَّيْلِ ۖ وَتُخْرِجُ الْحَيَّ مِنَ الْمَيِّتِ وَتُخْرِجُ الْمَيِّتَ مِنَ الْحَيِّ ۖ وَتَرْزُقُ مَن تَشَاءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ(27)

 Para wong kang angèstu aja padha amèk wong-wong kafir dadi pawong mitra, saliyané para wong kang angèstu lan sapa sing olèh (pangreksa) saka ing Allah sathithik-thithika ananging padha jaga-jagaa saka piala(-né), kalawan jaga-jaga kang temenan; lan Allah amedèkaké sira marang (wawales saka) panjenengané; A lan marang Allah pantoging paran

لَّا يَتَّخِذِ الْمُؤْمِنُونَ الْكَافِرِينَ أَوْلِيَاءَ مِن دُونِ الْمُؤْمِنِينَ ۖ وَمَن يَفْعَلْ ذَٰلِكَ فَلَيْسَ مِنَ اللَّهِ فِي شَيْءٍ إِلَّا أَن تَتَّقُوا مِنْهُمْ تُقَاةً ۗ وَيُحَذِّرُكُمُ اللَّهُ نَفْسَهُ ۗ وَإِلَى اللَّهِ الْمَصِيرُ(28)

 Calathua: Sira sidhema ba- rang kang ana ing sajroning ati- atinira, utawa sira wedharna, iku Allah anguningani, lan Panjene- ngané iku anguningani sabarang kang ana ing langit-langit lan sabarang kang ana ing bumi, lan Allah iku marang samubarang kawasa

قُلْ إِن تُخْفُوا مَا فِي صُدُورِكُمْ أَوْ تُبْدُوهُ يَعْلَمْهُ اللَّهُ ۗ وَيَعْلَمُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۗ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ(29)

 Ing dina, kang sakèhing jiwa padha katemu karo sabarang kabecikan kang wis dilakoni sarta sabarang piala kang wis dilakoni, pepakan, pangarep-arep (piala iku) adoha saka dhèwèké let lakon lawas; lan Allah amedèkaké sira marang (wawales saka) Panje- nengané;a lan Allah iku lubèr wilasané marang para kawula

يَوْمَ تَجِدُ كُلُّ نَفْسٍ مَّا عَمِلَتْ مِنْ خَيْرٍ مُّحْضَرًا وَمَا عَمِلَتْ مِن سُوءٍ تَوَدُّ لَوْ أَنَّ بَيْنَهَا وَبَيْنَهُ أَمَدًا بَعِيدًا ۗ وَيُحَذِّرُكُمُ اللَّهُ نَفْسَهُ ۗ وَاللَّهُ رَءُوفٌ بِالْعِبَادِ(30)

 Calathua: Manawa kowé padha tresna ing Allah, lah padha manuta aku, Allah bakal tresna marang kowé sarta angapura marang kowé ing kaluputanmu; lan Allah iku Aparamarta, Mahaasih

قُلْ إِن كُنتُمْ تُحِبُّونَ اللَّهَ فَاتَّبِعُونِي يُحْبِبْكُمُ اللَّهُ وَيَغْفِرْ لَكُمْ ذُنُوبَكُمْ ۗ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(31)

 Calathua: Padha ambangun- turuta ing Allah sarta Utusan; déné manawa kowé padha mléngos, lah sayekti Allah iku ora remen marang para wong kafir

قُلْ أَطِيعُوا اللَّهَ وَالرَّسُولَ ۖ فَإِن تَوَلَّوْا فَإِنَّ اللَّهَ لَا يُحِبُّ الْكَافِرِينَ(32)

 Sayekti Allah amilih Adam sarta Nuh tuwin kulawangsa Ibrahim apa déné kulawangsa ‘Imran, angungkuli sakèhing umat

۞ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَىٰ آدَمَ وَنُوحًا وَآلَ إِبْرَاهِيمَ وَآلَ عِمْرَانَ عَلَى الْعَالَمِينَ(33)

 Trah kang sawiji saka sawenèhé; lan Allah iku Amiyarsa, Angudanèni

ذُرِّيَّةً بَعْضُهَا مِن بَعْضٍ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ(34)

 Ing nalika sawijining wong wadon ‘Imran munjuk: Pangé- ran kawula, saèstu kawula apunagi ing Tuwan, punapa ingkang won- ten salebeting kandhutan kawula punika kawula pasrahaken (alala- dosa ing Tuwan); milanipun mugi Tuwan anembadani ing kawula; saèstu Tuwan punika Ingkang- Miyarsa, Ingkang-Ngudanèni

إِذْ قَالَتِ امْرَأَتُ عِمْرَانَ رَبِّ إِنِّي نَذَرْتُ لَكَ مَا فِي بَطْنِي مُحَرَّرًا فَتَقَبَّلْ مِنِّي ۖ إِنَّكَ أَنتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ(35)

 Mulané, bareng wus anglai- raké anak, munjuk: Pangéran kawula, saèstu kawula sampun anglairaken anak èstri – lan Allah iku luwih Ngudanèni apa sing dilairaké – kaliyan, tiyang jaler punika boten kados tiyang èstri, saha punika kula namakaken Maryam, punapa déné dalah turun- ipun kawula suwunaken pangayo- man ing Tuwan saking sétan ingkang binendon

فَلَمَّا وَضَعَتْهَا قَالَتْ رَبِّ إِنِّي وَضَعْتُهَا أُنثَىٰ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا وَضَعَتْ وَلَيْسَ الذَّكَرُ كَالْأُنثَىٰ ۖ وَإِنِّي سَمَّيْتُهَا مَرْيَمَ وَإِنِّي أُعِيذُهَا بِكَ وَذُرِّيَّتَهَا مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيمِ(36)

 Mulané disembadani déning Pangérané kalawan kasembadan kang becik, sarta diwalagangaké kalawan walagang kang becik sarta dikon ngopèni Zakariya; saben- saben Zakariya lumebu marang pangimaman aniliki dhèwèké, tine- mu ing sandhingé ana panganané. Calathuné: É Maryam, iki olèhmu saka ngendi? Wangsulané: Punika saking ngarsanipun Allah; sayekti Allah amaringi sapa kang dadi kapareng-É, tanpa taker

فَتَقَبَّلَهَا رَبُّهَا بِقَبُولٍ حَسَنٍ وَأَنبَتَهَا نَبَاتًا حَسَنًا وَكَفَّلَهَا زَكَرِيَّا ۖ كُلَّمَا دَخَلَ عَلَيْهَا زَكَرِيَّا الْمِحْرَابَ وَجَدَ عِندَهَا رِزْقًا ۖ قَالَ يَا مَرْيَمُ أَنَّىٰ لَكِ هَٰذَا ۖ قَالَتْ هُوَ مِنْ عِندِ اللَّهِ ۖ إِنَّ اللَّهَ يَرْزُقُ مَن يَشَاءُ بِغَيْرِ حِسَابٍ(37)

 Ing kono Zakariya nyunyu- wun marang Pangérané, unjuké: Pangéran kawula! mugi Tuwan aparing kawula saking ngarsa Tuwan turun ingkang saé; saèstu Tuwan punika Ingkang Midha- ngetaken panyuwun

هُنَالِكَ دَعَا زَكَرِيَّا رَبَّهُ ۖ قَالَ رَبِّ هَبْ لِي مِن لَّدُنكَ ذُرِّيَّةً طَيِّبَةً ۖ إِنَّكَ سَمِيعُ الدُّعَاءِ(38)

 Tumuli para malaikat angu- wuh dhèwèké, kang lagi ngadeg salat ing pangimaman: (Weruha), yèn Allah amaringi warta becik marang sira, yaiku Yahya, minangka kayektèné sabda saka Allah, sarta wirya tuwin susila ing krama, tuwin nabi golongané para wong utama

فَنَادَتْهُ الْمَلَائِكَةُ وَهُوَ قَائِمٌ يُصَلِّي فِي الْمِحْرَابِ أَنَّ اللَّهَ يُبَشِّرُكَ بِيَحْيَىٰ مُصَدِّقًا بِكَلِمَةٍ مِّنَ اللَّهِ وَسَيِّدًا وَحَصُورًا وَنَبِيًّا مِّنَ الصَّالِحِينَ(39)

 Unjuké: Pangéran kawula! Bénjing punapa anggèn kawula badhé kaparingan anak, lan saèstu kawula sampun dumugi umur sepuh sarta tiyang èstri kawula gabug? Panjenengané angandika: Kaya mangkono iku, Allah iku anindakaké apa sing dadi kapa- reng-É

قَالَ رَبِّ أَنَّىٰ يَكُونُ لِي غُلَامٌ وَقَدْ بَلَغَنِيَ الْكِبَرُ وَامْرَأَتِي عَاقِرٌ ۖ قَالَ كَذَٰلِكَ اللَّهُ يَفْعَلُ مَا يَشَاءُ(40)

 Unjuké: Pangéran kawula! Mugi Tuwan anetepaken tandha yekti tumrap dhateng kawula. Pangandikané: tandha yektinira, lah aja sira calathu marang manusa telung dina kajaba kalawan sasmita sarta diakèh élingira marang Pangéranira tuwin ma- ngastutia (ing Panjenengané) ing wayah soré lan ésuk

قَالَ رَبِّ اجْعَل لِّي آيَةً ۖ قَالَ آيَتُكَ أَلَّا تُكَلِّمَ النَّاسَ ثَلَاثَةَ أَيَّامٍ إِلَّا رَمْزًا ۗ وَاذْكُر رَّبَّكَ كَثِيرًا وَسَبِّحْ بِالْعَشِيِّ وَالْإِبْكَارِ(41)

 Nalika para malaikat ngan- dika: É, Maryam! Sayekti Allah amilih ing sira lan anucèkaké sira apa déné amilih ing sira angung- kuli para wadon ing jagad

وَإِذْ قَالَتِ الْمَلَائِكَةُ يَا مَرْيَمُ إِنَّ اللَّهَ اصْطَفَاكِ وَطَهَّرَكِ وَاصْطَفَاكِ عَلَىٰ نِسَاءِ الْعَالَمِينَ(42)

 O, Maryam! diambangun turut marang Pangéranira, lan sujuda sarta rukuka karo para kang padha rukuk

يَا مَرْيَمُ اقْنُتِي لِرَبِّكِ وَاسْجُدِي وَارْكَعِي مَعَ الرَّاكِعِينَ(43)

 Iki kalebu pawarta prakara gaib kang Ingsun wedharaké marang sira; lan sira ora angèstrèni nalikané (wong) padha anguncal- aké qalamé (kanggo mutusi) sapa wong-wong iku sing dikon ngo- pèni Maryam, lan sira iya ora angèstrèni nalikané dhèwèké padha grejegan

ذَٰلِكَ مِنْ أَنبَاءِ الْغَيْبِ نُوحِيهِ إِلَيْكَ ۚ وَمَا كُنتَ لَدَيْهِمْ إِذْ يُلْقُونَ أَقْلَامَهُمْ أَيُّهُمْ يَكْفُلُ مَرْيَمَ وَمَا كُنتَ لَدَيْهِمْ إِذْ يَخْتَصِمُونَ(44)

 Nalika para malaikat angan- dika: O, Maryam! sayekti Allah amaringi bubungah marang sira kalawan sabda saka Panjenenga- né, (wong) arané Al-Masih, ‘Isa putraning Maryam, mulya ing donya lan akhirat sarta kagolong wong kang padha kaparek (ing Allah)

إِذْ قَالَتِ الْمَلَائِكَةُ يَا مَرْيَمُ إِنَّ اللَّهَ يُبَشِّرُكِ بِكَلِمَةٍ مِّنْهُ اسْمُهُ الْمَسِيحُ عِيسَى ابْنُ مَرْيَمَ وَجِيهًا فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ وَمِنَ الْمُقَرَّبِينَ(45)

 ˹ Elingi˺ nalika malaekat ngumumake, "He Maryam! Allah maringi kabar apik babagan pangandika saka Panjenengane, asmane bakal dadi Mesias, Yesus, putrane Maria; diajeni ing donya lan akhirat, lan dheweke bakal dadi salah sawijining wong sing paling cedhak karo Allah˺

وَيُكَلِّمُ النَّاسَ فِي الْمَهْدِ وَكَهْلًا وَمِنَ الصَّالِحِينَ(46)

 Lan dheweke bakal ngomong karo wong-wong nalika isih diwasa lan diwasa lan bakal dadi salah sawijining wong mursid

قَالَتْ رَبِّ أَنَّىٰ يَكُونُ لِي وَلَدٌ وَلَمْ يَمْسَسْنِي بَشَرٌ ۖ قَالَ كَذَٰلِكِ اللَّهُ يَخْلُقُ مَا يَشَاءُ ۚ إِذَا قَضَىٰ أَمْرًا فَإِنَّمَا يَقُولُ لَهُ كُن فَيَكُونُ(47)

 Maryam gumun, "Dhuh Gusti! Kepiye aku bisa duwe anak lanang, nanging ora ana sing nate ndemek aku? " Ana malaekat sing mangsuli, ”Mengkono uga. Allah nyipta apa sing dikarsakake. Nalika nemtokake keputusan, dheweke mung ngandhani, ’Dadi!’ Lan pancen bener

وَيُعَلِّمُهُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَالتَّوْرَاةَ وَالْإِنجِيلَ(48)

 Lan Allah bakal mulang marang dheweke nulis lan kawicaksanan, Taurat lan Injil

وَرَسُولًا إِلَىٰ بَنِي إِسْرَائِيلَ أَنِّي قَدْ جِئْتُكُم بِآيَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ ۖ أَنِّي أَخْلُقُ لَكُم مِّنَ الطِّينِ كَهَيْئَةِ الطَّيْرِ فَأَنفُخُ فِيهِ فَيَكُونُ طَيْرًا بِإِذْنِ اللَّهِ ۖ وَأُبْرِئُ الْأَكْمَهَ وَالْأَبْرَصَ وَأُحْيِي الْمَوْتَىٰ بِإِذْنِ اللَّهِ ۖ وَأُنَبِّئُكُم بِمَا تَأْكُلُونَ وَمَا تَدَّخِرُونَ فِي بُيُوتِكُمْ ۚ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَةً لَّكُمْ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ(49)

 lan akenggawe wong mau dadi utusan kanggo Bani Israel kanggo martakake, "Aku teka karo kowe tandhane saka Pangeranmu: Aku bakal nggawe manuk saka lempung, banjur dakempet, bakal dadi manuk ˹real˺ — miturut Karsane Allah. Aku bakal nambani wong wuta lan wong lara kusta lan nguripake wong mati - kanthi Karsane Allah. Lan aku bakal ngramal apa sing dipangan lan disimpen ing omahmu. Mesthi wae, iki minangka pratandha yen sampeyan precaya

وَمُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيَّ مِنَ التَّوْرَاةِ وَلِأُحِلَّ لَكُم بَعْضَ الَّذِي حُرِّمَ عَلَيْكُمْ ۚ وَجِئْتُكُم بِآيَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ فَاتَّقُوا اللَّهَ وَأَطِيعُونِ(50)

 Lan aku bakal negesake Toret sing wis dicethakake ana ing ngarepku lan bakal ngesahake apa wae sing dilarang sampeyan. Aku nekani kowe karo pratandha saka Pangeranmu, mulane eling marang Allah lan mituhu marang aku

إِنَّ اللَّهَ رَبِّي وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوهُ ۗ هَٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيمٌ(51)

 Ananging bareng ‘Isa ang- graita olèhé padha angemohi, acalathu: Sapa baya réwang- réwangku marang (dadalaning) Allah? Para murid padha matur: Kula punika para réncang (ing margi-)nipun Allah, kula sami angèstu ing Allah saha mugi Pan- jenengan aneksèni, bilih kula pu- nika sami tiyang ingkang sumarah

۞ فَلَمَّا أَحَسَّ عِيسَىٰ مِنْهُمُ الْكُفْرَ قَالَ مَنْ أَنصَارِي إِلَى اللَّهِ ۖ قَالَ الْحَوَارِيُّونَ نَحْنُ أَنصَارُ اللَّهِ آمَنَّا بِاللَّهِ وَاشْهَدْ بِأَنَّا مُسْلِمُونَ(52)

 Nalika Yesus rumangsa ora precaya marang umate, dheweke takon, "Sapa sing bakal ngadeg bareng aku karo Allah?" Para sakabat mangsuli, "Kita bakal jumeneng Allah. Kita pitados marang Allah, mulane padha nekseni manawa kita wis masrahake

رَبَّنَا آمَنَّا بِمَا أَنزَلْتَ وَاتَّبَعْنَا الرَّسُولَ فَاكْتُبْنَا مَعَ الشَّاهِدِينَ(53)

 Lan dhèwèkéa padha angran- cang (laku), déné Allah (iya) angrancang (uga), lan Allah iku becik-beciking para Juru-ngran- cang

وَمَكَرُوا وَمَكَرَ اللَّهُ ۖ وَاللَّهُ خَيْرُ الْمَاكِرِينَ(54)

 Nalika Allah ngandika: É, ‘Isa! Ingsun bakal amatèni sira lan angunggahaké sira marang Ingsun, sarta angresikaké sira saka kang padha kafir apa déné andadèkaké para kang padha manut ing sira angungkuli para kang padha kafir tumeka ing dina kiyamat; tumuli marang Ingsun anggonira bakal padha bali; banjur Ingsun amancasi antaranira ing dalem prakara kang ing kono sira padha sulaya

إِذْ قَالَ اللَّهُ يَا عِيسَىٰ إِنِّي مُتَوَفِّيكَ وَرَافِعُكَ إِلَيَّ وَمُطَهِّرُكَ مِنَ الَّذِينَ كَفَرُوا وَجَاعِلُ الَّذِينَ اتَّبَعُوكَ فَوْقَ الَّذِينَ كَفَرُوا إِلَىٰ يَوْمِ الْقِيَامَةِ ۖ ثُمَّ إِلَيَّ مَرْجِعُكُمْ فَأَحْكُمُ بَيْنَكُمْ فِيمَا كُنتُمْ فِيهِ تَخْتَلِفُونَ(55)

 ˹ Elingi˺ nalika Allah ngandika, "Dhuh, Yesus! Aku bakal njupuk sampeyan lan ngunggahake awakku menyang awakku dhewe. Aku bakal ngluwari kowe saka wong-wong kafir, lan aku bakal ngluhurake pandhereke ngungkuli wong-wong kafir nganti tekan kiamat. Banjur aku bakal bali maneh, lan aku bakal ngrampungake kabeh regejegan sampeyan

فَأَمَّا الَّذِينَ كَفَرُوا فَأُعَذِّبُهُمْ عَذَابًا شَدِيدًا فِي الدُّنْيَا وَالْآخِرَةِ وَمَا لَهُم مِّن نَّاصِرِينَ(56)

 Apa déné para kang padha angèstu lan anindakaké panggawé becik, ganjarané iya banjur bakal pinaringaké ganep; lan Allah iku ora remen marang para kang atindak dudu

وَأَمَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ فَيُوَفِّيهِمْ أُجُورَهُمْ ۗ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ الظَّالِمِينَ(57)

 Iki, Ingsun pangandikakaké marang sira, iku kalebu timbalan- timbalan lan péling kang wicak- sana.a

ذَٰلِكَ نَتْلُوهُ عَلَيْكَ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمِ(58)

 Sayekti, sanépané ‘Isa iku mungguhing Allah kaya sanépané Adam: Panjenengané anitahaké dhèwèké bakalé lemah, banjur dipangandikani: Anaa! Banjur ana

إِنَّ مَثَلَ عِيسَىٰ عِندَ اللَّهِ كَمَثَلِ آدَمَ ۖ خَلَقَهُ مِن تُرَابٍ ثُمَّ قَالَ لَهُ كُن فَيَكُونُ(59)

 Pancen, tuladhane Yesus ing ngarsane Allah kaya Adam. Dheweke nggawe dheweke saka lebu, banjur kandha, "Ayo!" Lan dheweke pancen

الْحَقُّ مِن رَّبِّكَ فَلَا تَكُن مِّنَ الْمُمْتَرِينَ(60)

 Ananging, sapa sing madoni ing dalem prakara iki, ing sawisé ana kawruh kang tumeka marang sira, banjur calathonana: Ayo, mréné, padha angundang anak- anakku lan anak-anakmu, sarta wadon-wadonku lan wadon- wadonmu, tuwin wong-wongku lan wong-wongmu, tumuli ayo padha nyunyuwun sing temenan dimèn bebenduning Allah tumiba marang sing padha goroh

فَمَنْ حَاجَّكَ فِيهِ مِن بَعْدِ مَا جَاءَكَ مِنَ الْعِلْمِ فَقُلْ تَعَالَوْا نَدْعُ أَبْنَاءَنَا وَأَبْنَاءَكُمْ وَنِسَاءَنَا وَنِسَاءَكُمْ وَأَنفُسَنَا وَأَنفُسَكُمْ ثُمَّ نَبْتَهِلْ فَنَجْعَل لَّعْنَتَ اللَّهِ عَلَى الْكَاذِبِينَ(61)

 Sayekti, iki, iku katerangan kang nyata temenan, lan ora ana sesembahan kajaba Allah; lan sayekti, Allah – Panjenengané iku Ingkang-Minulya, Ingkang-Wicak- sana

إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ الْقَصَصُ الْحَقُّ ۚ وَمَا مِنْ إِلَٰهٍ إِلَّا اللَّهُ ۚ وَإِنَّ اللَّهَ لَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ(62)

 Ananging manawa dhèwèké padha maléngos, lah sayekti Allah iku Ngudanèni marang wong kang agawé wisuna

فَإِن تَوَلَّوْا فَإِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِالْمُفْسِدِينَ(63)

 Calathua: É, para pandhèrè- king Kitab! ayo mréné, (padha gu- molong) marang tembung sawiji, kang padha antarané aku lan kowé, yaiku, padha aja ngawula sapa- sapa kajaba Allah, sarta aja padha dirangkep karo sawiji-wiji, tuwin aku kabèh iki aja anganggep pa- ngéran siji marang sijiné saliyané Allah; ananging manawa dhèwèké padha maléngos, lah padha cala- thua: Padha neksènana, manawa aku iki padha Muslim

قُلْ يَا أَهْلَ الْكِتَابِ تَعَالَوْا إِلَىٰ كَلِمَةٍ سَوَاءٍ بَيْنَنَا وَبَيْنَكُمْ أَلَّا نَعْبُدَ إِلَّا اللَّهَ وَلَا نُشْرِكَ بِهِ شَيْئًا وَلَا يَتَّخِذَ بَعْضُنَا بَعْضًا أَرْبَابًا مِّن دُونِ اللَّهِ ۚ فَإِن تَوَلَّوْا فَقُولُوا اشْهَدُوا بِأَنَّا مُسْلِمُونَ(64)

 É, para pandhèrèking Kitab! yagéné kowé padha madoni pra- kara Ibrahim, kang mangka Taurèt lan Injil iku dhumawuhé ora liya kajaba sapungkuré; lah apa ta kowé iku padha ora mangerti

يَا أَهْلَ الْكِتَابِ لِمَ تُحَاجُّونَ فِي إِبْرَاهِيمَ وَمَا أُنزِلَتِ التَّوْرَاةُ وَالْإِنجِيلُ إِلَّا مِن بَعْدِهِ ۚ أَفَلَا تَعْقِلُونَ(65)

 É, lha! kowé iku kang padha amadoni ing prakara kang kowé padha duwé ngèlmuné; lah yagéné kowé saiki padha madoni ing prakara kang kowé padha ora duwé ngèlmuné? Lan Allah iku Ngudanèni, balik kowé padha ora weruh

هَا أَنتُمْ هَٰؤُلَاءِ حَاجَجْتُمْ فِيمَا لَكُم بِهِ عِلْمٌ فَلِمَ تُحَاجُّونَ فِيمَا لَيْسَ لَكُم بِهِ عِلْمٌ ۚ وَاللَّهُ يَعْلَمُ وَأَنتُمْ لَا تَعْلَمُونَ(66)

 Dudu kok Ibrahim iku Ya- hudi, Nasrani iya dudu, ananging (sawijining wong) kang tulus, sa- wijining Muslim sarta dudu éwoné wong kang padha manembah Pangéran akèh

مَا كَانَ إِبْرَاهِيمُ يَهُودِيًّا وَلَا نَصْرَانِيًّا وَلَٰكِن كَانَ حَنِيفًا مُّسْلِمًا وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ(67)

 Sayekti wong-wong kang cedhak dhéwé karo Ibrahim, iku iya para kang padha andhèrèk dhèwèké, apa déné Nabi iki dalah sing padha angèstu; lan Allah iku Ingkang-Rumeksa para kang padha angèstu

إِنَّ أَوْلَى النَّاسِ بِإِبْرَاهِيمَ لَلَّذِينَ اتَّبَعُوهُ وَهَٰذَا النَّبِيُّ وَالَّذِينَ آمَنُوا ۗ وَاللَّهُ وَلِيُّ الْمُؤْمِنِينَ(68)

 Para pandhèrèké Kitab ana sagolongan kang nedya padha anasaraké sira, ananging ora liya kajaba mung anasaraké awaké dhéwé lan padha ora ngrasa

وَدَّت طَّائِفَةٌ مِّنْ أَهْلِ الْكِتَابِ لَوْ يُضِلُّونَكُمْ وَمَا يُضِلُّونَ إِلَّا أَنفُسَهُمْ وَمَا يَشْعُرُونَ(69)

 É, para pandhèrèké Kitab, yagéné kowé padha angemohi timbalan-timbalané Allah, ing mangka kowé padha neksèni

يَا أَهْلَ الْكِتَابِ لِمَ تَكْفُرُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَأَنتُمْ تَشْهَدُونَ(70)

 É, para pandhèrèké Kitab, yagéné kowé padha anyarub barang yakti karo dudu apa déné angumpetaké yakti, ing mangka sira padha weruh

يَا أَهْلَ الْكِتَابِ لِمَ تَلْبِسُونَ الْحَقَّ بِالْبَاطِلِ وَتَكْتُمُونَ الْحَقَّ وَأَنتُمْ تَعْلَمُونَ(71)

 Lan para pandhèrèké Kitab ana sagolongan kang calathu: Padha angèstua marang sing di- dhawuhaké marang para kang padha angèstu, ing pérangan wiwi- taning raina, lan padha emohana ing wekasané, darapon dhèwèké padha ambalik

وَقَالَت طَّائِفَةٌ مِّنْ أَهْلِ الْكِتَابِ آمِنُوا بِالَّذِي أُنزِلَ عَلَى الَّذِينَ آمَنُوا وَجْهَ النَّهَارِ وَاكْفُرُوا آخِرَهُ لَعَلَّهُمْ يَرْجِعُونَ(72)

 Lan aja padha angèstokaké marang sapa baé, kajaba marang sapa sing manut agamamu. calathua: Sayekti tuntunan (kang yekti) iku tuntunaning Allah – yèn ta anaa wong sawiji kang pinari- ngan kaya padhané kang kaparing- aké ing kowé; utawa amadonana kowé ing ngarsané Pangéranmu. Calathua: Sayekti, lubèring papa- ring iku ana ing astaning Allah, di- paringaké marang sapa kang dadi kapareng-É; lan Allah iku jembar paparingé, Angudanèni

وَلَا تُؤْمِنُوا إِلَّا لِمَن تَبِعَ دِينَكُمْ قُلْ إِنَّ الْهُدَىٰ هُدَى اللَّهِ أَن يُؤْتَىٰ أَحَدٌ مِّثْلَ مَا أُوتِيتُمْ أَوْ يُحَاجُّوكُمْ عِندَ رَبِّكُمْ ۗ قُلْ إِنَّ الْفَضْلَ بِيَدِ اللَّهِ يُؤْتِيهِ مَن يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ وَاسِعٌ عَلِيمٌ(73)

 Panjenengané amligèkaké sih- É marang sapa sing dadi kapareng- É; lan Allah iku Ingkang-kagungan nugraha agung

يَخْتَصُّ بِرَحْمَتِهِ مَن يَشَاءُ ۗ وَاللَّهُ ذُو الْفَضْلِ الْعَظِيمِ(74)

 Lan sawenèhé pandhèrèké Kitab, ana kang manawa sira titipi bandha sapirang-pirang, dibalèk- aké marang sira, lan sawenèh ana kang, manawa sira titipi sadinar, ora dibalèkaké marang sira, kajaba sasuwéné sira jaluk kalawan pa- ngungsed; mangkono iku amarga saka padha calathu: Ora ana dadalané (kanggo ngalakaké) ma- rang aku ing dalem prakarané wong-wong sing ora sastra iku; lan padha anibakaké pangucap goroh marang Allah, kang mangka padha weruh

۞ وَمِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ مَنْ إِن تَأْمَنْهُ بِقِنطَارٍ يُؤَدِّهِ إِلَيْكَ وَمِنْهُم مَّنْ إِن تَأْمَنْهُ بِدِينَارٍ لَّا يُؤَدِّهِ إِلَيْكَ إِلَّا مَا دُمْتَ عَلَيْهِ قَائِمًا ۗ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ قَالُوا لَيْسَ عَلَيْنَا فِي الْأُمِّيِّينَ سَبِيلٌ وَيَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ وَهُمْ يَعْلَمُونَ(75)

 O, iya, sapa sing anetepi janjiné sarta bekti, lah sayekti Allah iku remen marang para kang padha bekti

بَلَىٰ مَنْ أَوْفَىٰ بِعَهْدِهِ وَاتَّقَىٰ فَإِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُتَّقِينَ(76)

 Wondéné para sing padha anampani reregan sathithik mi- nangka liliruné janjining Allah lan sumpahé dhéwé – sayekti, iki ora bakal olèh bagéan ana ing akhirat, lan Allah ora bakal mangandikani sarta ora bakal amirsani ing dinané qiyamat lan ora bakal diresikaké, apa déné bakal padha oléh siksa kang nglarani

إِنَّ الَّذِينَ يَشْتَرُونَ بِعَهْدِ اللَّهِ وَأَيْمَانِهِمْ ثَمَنًا قَلِيلًا أُولَٰئِكَ لَا خَلَاقَ لَهُمْ فِي الْآخِرَةِ وَلَا يُكَلِّمُهُمُ اللَّهُ وَلَا يَنظُرُ إِلَيْهِمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وَلَا يُزَكِّيهِمْ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ(77)

 Lan, sayekti, sawenèhé, temen ana sagolongan, kang goroh prakara Kitab amrih sira anganggepa iku (sapéranganing) Kitab, ing mangka iku dudu (péranganing) Kitab, sarta padha calathu: Iku saka ngarsaning Allah, mangka iku ora saka ngarsaning Allah; sarta padha nibakaké pangucap goroh marang Allah, kang mangka padha weruh

وَإِنَّ مِنْهُمْ لَفَرِيقًا يَلْوُونَ أَلْسِنَتَهُم بِالْكِتَابِ لِتَحْسَبُوهُ مِنَ الْكِتَابِ وَمَا هُوَ مِنَ الْكِتَابِ وَيَقُولُونَ هُوَ مِنْ عِندِ اللَّهِ وَمَا هُوَ مِنْ عِندِ اللَّهِ وَيَقُولُونَ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ وَهُمْ يَعْلَمُونَ(78)

 Ora mungguh tumrapé manu- sa, yèn diparingi Kitab déning Allah lan kawicaksanan tuwin kanabian banjur calathu marang wong-wong: Padha dadia kawula- ku, saliyané Allah; ananging (pangucapé masthi): Padha dadia wong kang manembah ing Pangéran, amarga saka anggonira mulang Kitab sarta amarga saka anggonira maca

مَا كَانَ لِبَشَرٍ أَن يُؤْتِيَهُ اللَّهُ الْكِتَابَ وَالْحُكْمَ وَالنُّبُوَّةَ ثُمَّ يَقُولَ لِلنَّاسِ كُونُوا عِبَادًا لِّي مِن دُونِ اللَّهِ وَلَٰكِن كُونُوا رَبَّانِيِّينَ بِمَا كُنتُمْ تُعَلِّمُونَ الْكِتَابَ وَبِمَا كُنتُمْ تَدْرُسُونَ(79)

 Lan ora bakal dhèwèké aparéntah supaya sira padha anganggepa pangéran marang para malaikat sarta para nabi; apa! apa dhèwèké aparéntah kafir marang sira ing sawisé sira padha dadi Muslim? RUKU’

وَلَا يَأْمُرَكُمْ أَن تَتَّخِذُوا الْمَلَائِكَةَ وَالنَّبِيِّينَ أَرْبَابًا ۗ أَيَأْمُرُكُم بِالْكُفْرِ بَعْدَ إِذْ أَنتُم مُّسْلِمُونَ(80)

 Ing nalikané Allah amundhut prajanji lumantar para nabi: Sayekti, sabarang kang wis Ingsun paringaké marang sira arupa Kitab lan kawicaksanan – tumuli tume- kané utusan sawiji, dumunung ambeneraké ing barang kang ana ing sira, kudu padha sira èstokna sarta kudu padha sira réwangana. Panjenengané angandika: Apa sira padha anyandikani sarta nyang- gemi marang prajanjian Ingsun mangkéné iki? Unjuké: Kawula sami anyandikani. Pangandikané: Lah saiki padha aneksènana, dalasan Ingsun (iya) kanthinira, golongané kang padha aneksèni

وَإِذْ أَخَذَ اللَّهُ مِيثَاقَ النَّبِيِّينَ لَمَا آتَيْتُكُم مِّن كِتَابٍ وَحِكْمَةٍ ثُمَّ جَاءَكُمْ رَسُولٌ مُّصَدِّقٌ لِّمَا مَعَكُمْ لَتُؤْمِنُنَّ بِهِ وَلَتَنصُرُنَّهُ ۚ قَالَ أَأَقْرَرْتُمْ وَأَخَذْتُمْ عَلَىٰ ذَٰلِكُمْ إِصْرِي ۖ قَالُوا أَقْرَرْنَا ۚ قَالَ فَاشْهَدُوا وَأَنَا مَعَكُم مِّنَ الشَّاهِدِينَ(81)

 Mulané, sapa sing padha ambalik sawisé mangkono iku, ya iki sing padha murang-yekti

فَمَن تَوَلَّىٰ بَعْدَ ذَٰلِكَ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْفَاسِقُونَ(82)

 Lah, apa ta padha ngupaya saliyané agamané Allah (sing arep dienut) kang mangka sapa sing ana ing langit-langit lan bumi padha sumarah marang Panjenengané, kalawan pambangun-turut lan ka- lawan kepeksa, lan marang Pan- jenengané anggoné bakal padha dibalèkaké

أَفَغَيْرَ دِينِ اللَّهِ يَبْغُونَ وَلَهُ أَسْلَمَ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ طَوْعًا وَكَرْهًا وَإِلَيْهِ يُرْجَعُونَ(83)

 Calathua: Aku padha angèstu ing Allah lan barang kang ka- dhawuhaké marang aku sarta barang kang kadhawuhaké marang Ibrahim lan Isma’il tuwin Ishaq apa déné Ya’qub sarta para pancer tuwin barang kang kaparingaké marang Musa lan ‘Isa sarta para nabi saka Pangérané; aku ora am- bédakaké antarané siji karo sijiné, lan aku iki wong kang padha sumarah marang Panjenengané.a

قُلْ آمَنَّا بِاللَّهِ وَمَا أُنزِلَ عَلَيْنَا وَمَا أُنزِلَ عَلَىٰ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْمَاعِيلَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ وَالْأَسْبَاطِ وَمَا أُوتِيَ مُوسَىٰ وَعِيسَىٰ وَالنَّبِيُّونَ مِن رَّبِّهِمْ لَا نُفَرِّقُ بَيْنَ أَحَدٍ مِّنْهُمْ وَنَحْنُ لَهُ مُسْلِمُونَ(84)

 Ucapake, ˹O Nabi, ˺ "Kita padha precaya marang Allah lan apa sing wis diwedharake marang kita lan apa sing diturunake marang Ibrahim, Ismail, Ishak, Yakub, lan keturunane; lan apa sing diparingake marang Nabi Musa, Yesus lan nabi liyane saka Pangerane - kita ora mbedakake antarane para nabi apa wae, lan kita saestu masrahake

وَمَن يَبْتَغِ غَيْرَ الْإِسْلَامِ دِينًا فَلَن يُقْبَلَ مِنْهُ وَهُوَ فِي الْآخِرَةِ مِنَ الْخَاسِرِينَ(85)

 Kapriyé Allah anggoné anun- tun sawijining kaum kang padha kafir ing sawisé padha angèstu sarta (sawisé) padha aneksèni, manawa utusan iku satuhu nyata tuwin (sawisé) tandha-tandha yekti kang terang padha tumeka marang dhèwèké; lan Allah iku ora anuntun kaum kang atindak dudu

كَيْفَ يَهْدِي اللَّهُ قَوْمًا كَفَرُوا بَعْدَ إِيمَانِهِمْ وَشَهِدُوا أَنَّ الرَّسُولَ حَقٌّ وَجَاءَهُمُ الْبَيِّنَاتُ ۚ وَاللَّهُ لَا يَهْدِي الْقَوْمَ الظَّالِمِينَ(86)

 (Tumrapé) iki, piwalesé, ya- iku katiban bendhuning Allaha lan para malaikat sarta para manusa, sakabèhé.b

أُولَٰئِكَ جَزَاؤُهُمْ أَنَّ عَلَيْهِمْ لَعْنَةَ اللَّهِ وَالْمَلَائِكَةِ وَالنَّاسِ أَجْمَعِينَ(87)

 Padha dumunung ana ing kono; ora bakal diènthèngaké siksané, lan ora padha disume- nèkaké

خَالِدِينَ فِيهَا لَا يُخَفَّفُ عَنْهُمُ الْعَذَابُ وَلَا هُمْ يُنظَرُونَ(88)

 Kajaba para wong kang padha apiduwung ing sawisé mangkono iku sarta ambecikaké kalakuané, lah sayekti Allah iku Aparamarta, Mahaasih

إِلَّا الَّذِينَ تَابُوا مِن بَعْدِ ذَٰلِكَ وَأَصْلَحُوا فَإِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(89)

 Sayekti para kang padha kafir ing sawisé padha angèstu, tumuli padha mundhak-mundhak kafiré, ora bakal tinarima piduwungé, lan yaiki para kang padha sasar

إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا بَعْدَ إِيمَانِهِمْ ثُمَّ ازْدَادُوا كُفْرًا لَّن تُقْبَلَ تَوْبَتُهُمْ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الضَّالُّونَ(90)

 Sayekti para kang padha kafir lan padha mati, kang mangka isih kafir, ya ora bakal tinarima, sanajan siji-sijiné emas angebaki bumi kang kanggo nebusi; iki kang bakal padha olèh siksa kang nglarani sarta ora bakal padha olèh juru-mitulungi

إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا وَمَاتُوا وَهُمْ كُفَّارٌ فَلَن يُقْبَلَ مِنْ أَحَدِهِم مِّلْءُ الْأَرْضِ ذَهَبًا وَلَوِ افْتَدَىٰ بِهِ ۗ أُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ وَمَا لَهُم مِّن نَّاصِرِينَ(91)

 Ora bakal sira padha tumeka ing kautaman kajaba yèn sira wis padha amèwèhaké apa kang sira senengi; lan barang apa baé kang padha sira wèwèhaké, lah iki sayekti Allah Angudanèni

لَن تَنَالُوا الْبِرَّ حَتَّىٰ تُنفِقُوا مِمَّا تُحِبُّونَ ۚ وَمَا تُنفِقُوا مِن شَيْءٍ فَإِنَّ اللَّهَ بِهِ عَلِيمٌ(92)

 Sawarnaning pangan iku tumrapé turuning Israil kena, kajaba apa sing disirik déning Israil dhéwé ing sadurungé Taurèt didhawuhaké. Calathua: Lah padha anjupuka Taurèt, banjur wacanen, manawa kowé padha wong temen

۞ كُلُّ الطَّعَامِ كَانَ حِلًّا لِّبَنِي إِسْرَائِيلَ إِلَّا مَا حَرَّمَ إِسْرَائِيلُ عَلَىٰ نَفْسِهِ مِن قَبْلِ أَن تُنَزَّلَ التَّوْرَاةُ ۗ قُلْ فَأْتُوا بِالتَّوْرَاةِ فَاتْلُوهَا إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(93)

 Mulané sapa sing agawé- gawé goroh ditibakaké marang Allah sawisé mangkono iku, lah yaiki para kang padha atindak dudu

فَمَنِ افْتَرَىٰ عَلَى اللَّهِ الْكَذِبَ مِن بَعْدِ ذَٰلِكَ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الظَّالِمُونَ(94)

 Calathua: Allah iku sabdané temen, mulané padha manuta aga- mané Ibrahim, wong kang tulus, lan ora kalebu golongané para kang manembah Pangéran akèh

قُلْ صَدَقَ اللَّهُ ۗ فَاتَّبِعُوا مِلَّةَ إِبْرَاهِيمَ حَنِيفًا وَمَا كَانَ مِنَ الْمُشْرِكِينَ(95)

 Sayekti, wiwitaning omah, kang disadhiyakaké marang manu- sa, iku kang ana ing Bakkah, kang binarkahan sarta tuntunan tumrap sarupaning bangsa

إِنَّ أَوَّلَ بَيْتٍ وُضِعَ لِلنَّاسِ لَلَّذِي بِبَكَّةَ مُبَارَكًا وَهُدًى لِّلْعَالَمِينَ(96)

 Ing kono ana tandha- tandhané kang terang: enggon pangadhegé Ibrahim, sarta sapa sing malebu mrono amasthi aman, lan jiyarah marang Omah iki iku wajib tumrap para manusa, karana Allah, (yaiku tumrap) sapa kang kasembadan dadalané mrono; lan sapa sing angafiri, lah sayekti Allah iku kecukup piyambak, ora kebutuh marang sakèhing ngalam

فِيهِ آيَاتٌ بَيِّنَاتٌ مَّقَامُ إِبْرَاهِيمَ ۖ وَمَن دَخَلَهُ كَانَ آمِنًا ۗ وَلِلَّهِ عَلَى النَّاسِ حِجُّ الْبَيْتِ مَنِ اسْتَطَاعَ إِلَيْهِ سَبِيلًا ۚ وَمَن كَفَرَ فَإِنَّ اللَّهَ غَنِيٌّ عَنِ الْعَالَمِينَ(97)

 Calathua: É, para pandhè- rèking Kitab! Yagéné kowé padha angemohi timbalan-timbalaning Allah, lan Allah iku saksi tumrap sabarang kang padha kolakoni

قُلْ يَا أَهْلَ الْكِتَابِ لِمَ تَكْفُرُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَاللَّهُ شَهِيدٌ عَلَىٰ مَا تَعْمَلُونَ(98)

 Calathua: É, para pandhèrèk- ing Kitab! Yagéné kowé padha angalang-alangi wong kang angès- tu saka dadalaning Allah? Kowé padha mamrih angénggokaké, kang mangka kowé iku padha seksi, lan ora pisan Allah iku kasupèn ing sabarang kang padha kolakoni

قُلْ يَا أَهْلَ الْكِتَابِ لِمَ تَصُدُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ مَنْ آمَنَ تَبْغُونَهَا عِوَجًا وَأَنتُمْ شُهَدَاءُ ۗ وَمَا اللَّهُ بِغَافِلٍ عَمَّا تَعْمَلُونَ(99)

 É, para kang padha angèstu! manawa sira padha manut sapéra- ngané para kang padha kaparingan kitab, dhèwèké bakal padha amba- likaké sira dadi wong kafir ing sawisé sira angèstu

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِن تُطِيعُوا فَرِيقًا مِّنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ يَرُدُّوكُم بَعْدَ إِيمَانِكُمْ كَافِرِينَ(100)

 Ananging kapriyé anggo- nira padha bisa angafiri, kang mangka sira iku wis diwacakaké timbalan-timbalaning Allah, sarta Utusan-É ana ing antaranira? Lan sapa sing gondhèlan ing Allah, temen masthi katuntun marang dalan kang bener

وَكَيْفَ تَكْفُرُونَ وَأَنتُمْ تُتْلَىٰ عَلَيْكُمْ آيَاتُ اللَّهِ وَفِيكُمْ رَسُولُهُ ۗ وَمَن يَعْتَصِم بِاللَّهِ فَقَدْ هُدِيَ إِلَىٰ صِرَاطٍ مُّسْتَقِيمٍ(101)

 É, para kang padha angèstu! padha di bekti ing Allah kalawan satuhuning bekti kang mungguh marang Panjenengané, sarta aja pisan sira padha mati, kajaba manawa sira padha wong Islam

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنتُم مُّسْلِمُونَ(102)

 Lan padha gondhèlana ing prajanjiné Allah, kabèh baé, lan aja padha pisah-pisah, lan padha angélingana nugrahaning Allah marang sira, nalikané sira padha dadi mungsuh, tumuli Panjene- ngané anggolongaké ati-atinira, temahan, amarga saka nugraha-Né, sira padha dadi sadulur; lan mauné sira padha ana ing lambéning luweng geni, banjur Panjene- ngané anylametaké sira saka ing kono; kaya mangkono iku Allah anggoné anerangaké timbalan- timbalan-É, darapon sira padha nuruta dalan kang bener

وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا ۚ وَاذْكُرُوا نِعْمَتَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ إِذْ كُنتُمْ أَعْدَاءً فَأَلَّفَ بَيْنَ قُلُوبِكُمْ فَأَصْبَحْتُم بِنِعْمَتِهِ إِخْوَانًا وَكُنتُمْ عَلَىٰ شَفَا حُفْرَةٍ مِّنَ النَّارِ فَأَنقَذَكُم مِّنْهَا ۗ كَذَٰلِكَ يُبَيِّنُ اللَّهُ لَكُمْ آيَاتِهِ لَعَلَّكُمْ تَهْتَدُونَ(103)

 Lan anaa saka ing antara- nira golongan kang padha ajak- ajak marang kabecikan, lan padha akon marang bener tuwin nyegah saka luput sarta iki wong kang padha begja

وَلْتَكُن مِّنكُمْ أُمَّةٌ يَدْعُونَ إِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنكَرِ ۚ وَأُولَٰئِكَ هُمُ الْمُفْلِحُونَ(104)

 Lan aja kaya para kang padha dadi pisah-pisah lan sulaya ing sawisé bukti kang terang tumeka marang dhèwèké, lan iki kang bakal padha olèh siksa kang gedhé

وَلَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ تَفَرَّقُوا وَاخْتَلَفُوا مِن بَعْدِ مَا جَاءَهُمُ الْبَيِّنَاتُ ۚ وَأُولَٰئِكَ لَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ(105)

 Ing dinané rai-rai (ana kang) padha dadi putih lan rai-rai (ana kang) padha dadi ireng; wondéné para kang rainé padha dadi ireng: Apa ta sira padha kafir ing sawisé angèstu? Mulané padha rasakna siksané, amarga saka anggonira padha angafiri

يَوْمَ تَبْيَضُّ وُجُوهٌ وَتَسْوَدُّ وُجُوهٌ ۚ فَأَمَّا الَّذِينَ اسْوَدَّتْ وُجُوهُهُمْ أَكَفَرْتُم بَعْدَ إِيمَانِكُمْ فَذُوقُوا الْعَذَابَ بِمَا كُنتُمْ تَكْفُرُونَ(106)

 Apa déné para kang padha dadi putih rainé, bakal (dumunung) ing dalem wilasané Allah; padha ana ing kono olèhé padha manggon

وَأَمَّا الَّذِينَ ابْيَضَّتْ وُجُوهُهُمْ فَفِي رَحْمَةِ اللَّهِ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ(107)

 Iki timbalan-timbalaning Allah kang Ingsun wacakaké ma- rang sira, kalawan nyata, lan ora pisan Allah karsa atindak dudu marang kabèh titah

تِلْكَ آيَاتُ اللَّهِ نَتْلُوهَا عَلَيْكَ بِالْحَقِّ ۗ وَمَا اللَّهُ يُرِيدُ ظُلْمًا لِّلْعَالَمِينَ(108)

 Lan samubarang kang ana ing langit-langit lan bumi iku kagungané Allah; lan marang Allah baliné sakèhing barang

وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ(109)

 Sira iku becik-beciking umat, katimbulaké amrih karahar- janing para manusa; sira padha akon marang bener sarta nyegah saka luput apa déné sira padha angèstu ing Allah; lan, yèn ta para pandhèrèking Kitab iku padha angèstua, amasthi tumrap dhèwèké dadi luwih becik; ana uga sing padha angèstu, ananging sing luwih akèh padha wong murang yekti

كُنتُمْ خَيْرَ أُمَّةٍ أُخْرِجَتْ لِلنَّاسِ تَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَتَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنكَرِ وَتُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ ۗ وَلَوْ آمَنَ أَهْلُ الْكِتَابِ لَكَانَ خَيْرًا لَّهُم ۚ مِّنْهُمُ الْمُؤْمِنُونَ وَأَكْثَرُهُمُ الْفَاسِقُونَ(110)

 Dhèwèké ora bakal amba- bayani ing sira, kajaba mung amitunani sathithik; manawa perang karo sira bakal mungkur acolong playu sarta ora bakal padha tinulungan

لَن يَضُرُّوكُمْ إِلَّا أَذًى ۖ وَإِن يُقَاتِلُوكُمْ يُوَلُّوكُمُ الْأَدْبَارَ ثُمَّ لَا يُنصَرُونَ(111)

 Ina digawé akikinthil dhè- wèké ana ing endi baé tinemuné, kajaba (manawa) kalawan prajan- jian saka ing Allah sarta prajanjian saka manusa, lan wis mungguh olèh bebendhuning Allah, lan asor di gawé akikinthil dhèwèké; mang- kono iku amarga saka anggoné padha angafiri timbalan-timbala- ning Allah lan anyédani para nabi kalawan ora bener; mangkono iku amarga saka anggoné padha am- bangkang lan angliwati wates

ضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الذِّلَّةُ أَيْنَ مَا ثُقِفُوا إِلَّا بِحَبْلٍ مِّنَ اللَّهِ وَحَبْلٍ مِّنَ النَّاسِ وَبَاءُوا بِغَضَبٍ مِّنَ اللَّهِ وَضُرِبَتْ عَلَيْهِمُ الْمَسْكَنَةُ ۚ ذَٰلِكَ بِأَنَّهُمْ كَانُوا يَكْفُرُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ وَيَقْتُلُونَ الْأَنبِيَاءَ بِغَيْرِ حَقٍّ ۚ ذَٰلِكَ بِمَا عَصَوا وَّكَانُوا يَعْتَدُونَ(112)

 Ora pisan kabèh padha; para pandhèrèking Kitab ana sagolongan kang jejeg; padha maca timbalan-timbalaning Allah ing wayah bengi sarta padha sumembah (ing Panjenenganè)

۞ لَيْسُوا سَوَاءً ۗ مِّنْ أَهْلِ الْكِتَابِ أُمَّةٌ قَائِمَةٌ يَتْلُونَ آيَاتِ اللَّهِ آنَاءَ اللَّيْلِ وَهُمْ يَسْجُدُونَ(113)

 Padha angèstu ing Allah lan dina akhir sarta padha akon marang bener tuwin nyegah saka luput apa déné padha arebut dhucung ing kabecikan, lan iki kagolong para wong tulus

يُؤْمِنُونَ بِاللَّهِ وَالْيَوْمِ الْآخِرِ وَيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنكَرِ وَيُسَارِعُونَ فِي الْخَيْرَاتِ وَأُولَٰئِكَ مِنَ الصَّالِحِينَ(114)

 Lan sabarang kabecikan padha dilakoni, iku dhèwèké ora bakal padha disélaki, lan Allah iku anguningani marang para wong bekti

وَمَا يَفْعَلُوا مِنْ خَيْرٍ فَلَن يُكْفَرُوهُ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِالْمُتَّقِينَ(115)

 Dene samubarang kabecikan kang padha ditindakake iku ora bakal diilangake ganjarane. Dene Allah iku Ngudaneni marang wong kang padha bekti ing Allah

إِنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا لَن تُغْنِيَ عَنْهُمْ أَمْوَالُهُمْ وَلَا أَوْلَادُهُم مِّنَ اللَّهِ شَيْئًا ۖ وَأُولَٰئِكَ أَصْحَابُ النَّارِ ۚ هُمْ فِيهَا خَالِدُونَ(116)

 Satemene wong kafir iku bandha lan anak-anake ora bakal bisa maedahi apa-apa ing dheweke saka siksane Allah. Wong kang mangkono iku bakal padha dadi ahli neraka kang langgeng

مَثَلُ مَا يُنفِقُونَ فِي هَٰذِهِ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا كَمَثَلِ رِيحٍ فِيهَا صِرٌّ أَصَابَتْ حَرْثَ قَوْمٍ ظَلَمُوا أَنفُسَهُمْ فَأَهْلَكَتْهُ ۚ وَمَا ظَلَمَهُمُ اللَّهُ وَلَٰكِنْ أَنفُسَهُمْ يَظْلِمُونَ(117)

 Sanepane barang kang ditandjakake (didermakake) dening wong-wong mau ana ing panguripan donya iki, kaya dene angin kang mawa adhem banget anempuh tandurane wong kang padha nganiaya awake dhewe, nuli ngrusak marang tetandurane mau. Allah ora pisan-pisan nganiaya marang wong-wong mau, nanging dheweke dewe kang padha nganiaya marang awake

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَتَّخِذُوا بِطَانَةً مِّن دُونِكُمْ لَا يَأْلُونَكُمْ خَبَالًا وَدُّوا مَا عَنِتُّمْ قَدْ بَدَتِ الْبَغْضَاءُ مِنْ أَفْوَاهِهِمْ وَمَا تُخْفِي صُدُورُهُمْ أَكْبَرُ ۚ قَدْ بَيَّنَّا لَكُمُ الْآيَاتِ ۖ إِن كُنتُمْ تَعْقِلُونَ(118)

 He wong mukmin kabeh, sira aja padha ngalap mitra saka sak liyane kancanira (Islam), dheweke padha ora leren-leren tansah pamrih kecilakan marang sira. Dheweke padha seneng barang kang nyusahake sira, satemene wis nganti kewetu saka lisane anggone gething marang sira lan barang kang diendhem ana ing atine wong-wong mau luwih gede. Temen Ingsun wis nerangake pirang-pirang tandha yekti marang sira kabeh, yen pancen padha gelem mikir-mikir

هَا أَنتُمْ أُولَاءِ تُحِبُّونَهُمْ وَلَا يُحِبُّونَكُمْ وَتُؤْمِنُونَ بِالْكِتَابِ كُلِّهِ وَإِذَا لَقُوكُمْ قَالُوا آمَنَّا وَإِذَا خَلَوْا عَضُّوا عَلَيْكُمُ الْأَنَامِلَ مِنَ الْغَيْظِ ۚ قُلْ مُوتُوا بِغَيْظِكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ(119)

 He wong mukmin kabeh, sira padha dhemen marang wong kang dudu kancanira Islam, ing mangka dheweke padha ora dhemen marang sira. Sira padha percaya marang sakehing kitab (nanging wong-wong mau padha ora perca marang Qur’an). Manawa wong-wong mau padha ketemu lan sira padha ngucap, "Kita padha Iman marang kitab Qur’an", nanging bareng wis dhewekan lan amor kancane, saking bangete nafsune marang sira, persasat padha kerot (padha nyokot drijine dhewe), dhawuha (Muhammad), "Sira padha matiya kagawa saka nafsuninra (muringira)", Satemene Allah Maha Ngudaneni barang kang ana sajroning ati

إِن تَمْسَسْكُمْ حَسَنَةٌ تَسُؤْهُمْ وَإِن تُصِبْكُمْ سَيِّئَةٌ يَفْرَحُوا بِهَا ۖ وَإِن تَصْبِرُوا وَتَتَّقُوا لَا يَضُرُّكُمْ كَيْدُهُمْ شَيْئًا ۗ إِنَّ اللَّهَ بِمَا يَعْمَلُونَ مُحِيطٌ(120)

 Manawa sira kabeh padha pikantuk kebecikan ndadekake susahe wong kafir, dene yen sira kabeh pikantuk kacilakan (keribetan) wong kafir padha bungah. Lan manawa sira padha sabar sarta padha bekti ing Allah, sakehing paeka (pialane) wong kafir mau ora bakal mbebayani sira kabeh sethithika. Satemene Allah Nglimputi samubarang kang sira tindakake

وَإِذْ غَدَوْتَ مِنْ أَهْلِكَ تُبَوِّئُ الْمُؤْمِنِينَ مَقَاعِدَ لِلْقِتَالِ ۗ وَاللَّهُ سَمِيعٌ عَلِيمٌ(121)

 (He Muhammad) elinga nalika sira metu saka negaramu (Madinah) ing wayah esuk, nata barise para wong mukmin bakal mangsah perang. Dene Allah iku Maha Midhanget sarta Maha Ngudaneni

إِذْ هَمَّت طَّائِفَتَانِ مِنكُمْ أَن تَفْشَلَا وَاللَّهُ وَلِيُّهُمَا ۗ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ(122)

 Nalika rong golongan saka sira padha ngusir, Allah nulungi marang wong rong golongan mau. Mulane para wong Mukmin padha pasraha (tawakkal) marang Allah

وَلَقَدْ نَصَرَكُمُ اللَّهُ بِبَدْرٍ وَأَنتُمْ أَذِلَّةٌ ۖ فَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ(123)

 Temen Allah wis nulungi sira kabeh ana ing peperangan Badhar (yaiku panggonan antarane Mekkah lan Madinah) nalika sira kabeh pinuju sarwa apes (kalah santosa). Mulane sira padha bektia ing Allah. Muga-muga sira kabeh padha ngaturna syukur marang Allah

إِذْ تَقُولُ لِلْمُؤْمِنِينَ أَلَن يَكْفِيَكُمْ أَن يُمِدَّكُمْ رَبُّكُم بِثَلَاثَةِ آلَافٍ مِّنَ الْمَلَائِكَةِ مُنزَلِينَ(124)

 Nalika sira (Muhammad) ngendika marang wong mukmin, "Apa durung nyukupi anggone Pangeranira maringi wadiya bala saka para malaikat kang diturunake

بَلَىٰ ۚ إِن تَصْبِرُوا وَتَتَّقُوا وَيَأْتُوكُم مِّن فَوْرِهِمْ هَٰذَا يُمْدِدْكُمْ رَبُّكُم بِخَمْسَةِ آلَافٍ مِّنَ الْمَلَائِكَةِ مُسَوِّمِينَ(125)

 O, ya wis cukup", malah manawa sira padha tetep sabar sarta padha bekti ing Allah, lan mungsuh padha nempuh sanalika iku, ing kono Allah bakal maringi wadyabala cacahe malaikat kang padha mawa tetenger

وَمَا جَعَلَهُ اللَّهُ إِلَّا بُشْرَىٰ لَكُمْ وَلِتَطْمَئِنَّ قُلُوبُكُم بِهِ ۗ وَمَا النَّصْرُ إِلَّا مِنْ عِندِ اللَّهِ الْعَزِيزِ الْحَكِيمِ(126)

 Lan Allah ora damel kabeh kedadeyan iki, kabaja minangka dadi bebungah tumrap sira kabeh, lan supaya atinira dadi tentrem, lan ora ana pitulungan kajaba mung saka ngarsane Allah Kang Maha Gagah lan Maha Wicaksana

لِيَقْطَعَ طَرَفًا مِّنَ الَّذِينَ كَفَرُوا أَوْ يَكْبِتَهُمْ فَيَنقَلِبُوا خَائِبِينَ(127)

 Wasana Allah ngrusak saweneh wong kafir sawetara, utawa bendoni marang dheweke, nuli padha bali klawan kapitunan

لَيْسَ لَكَ مِنَ الْأَمْرِ شَيْءٌ أَوْ يَتُوبَ عَلَيْهِمْ أَوْ يُعَذِّبَهُمْ فَإِنَّهُمْ ظَالِمُونَ(128)

 Sira (Muhammad) ora kuwasa sethithik-thithika tumrap perkara wong kafir mau, apadene nganggep tobate utawa nyiksa marang wong-wong kafir mau. Satemene wong-wong kafir mau nganiaya

وَلِلَّهِ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ ۚ يَغْفِرُ لِمَن يَشَاءُ وَيُعَذِّبُ مَن يَشَاءُ ۚ وَاللَّهُ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(129)

 Samubarang isining langit lan bumi iku kagungane Allah. Allah paring pangapura marang wong kang dikersakake lan nyiksa marang wong kang dikersakake uga. Dene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Asih

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَأْكُلُوا الرِّبَا أَضْعَافًا مُّضَاعَفَةً ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ(130)

 He para wong mukmin kabeh. Sira aja padha mangan riba (barang kang keladik saka wong liya) kanthi tikel-matikel (anakan kang dianakake maneh) lan sira padha bektia ing Allah, supaya sira padha pikantuk kabegjan

وَاتَّقُوا النَّارَ الَّتِي أُعِدَّتْ لِلْكَافِرِينَ(131)

 Lan sira padha wediya neraka ing kang dicawisake tumrap wong kafir

وَأَطِيعُوا اللَّهَ وَالرَّسُولَ لَعَلَّكُمْ تُرْحَمُونَ(132)

 Lan sira padha ngestokna (dhawuhe) Allah lan Utusane. Muga-muga padha diwelasi dening Allah

۞ وَسَارِعُوا إِلَىٰ مَغْفِرَةٍ مِّن رَّبِّكُمْ وَجَنَّةٍ عَرْضُهَا السَّمَاوَاتُ وَالْأَرْضُ أُعِدَّتْ لِلْمُتَّقِينَ(133)

 Lan sira padha gegancangana nyuwun pangapura saka Pangeranira lan wusarga kang jembare madhane ambane langit lan bumi dicawisake marang wong kang padha bekti ing Allah

الَّذِينَ يُنفِقُونَ فِي السَّرَّاءِ وَالضَّرَّاءِ وَالْكَاظِمِينَ الْغَيْظَ وَالْعَافِينَ عَنِ النَّاسِ ۗ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ(134)

 Yaiku wong kang padha dermakake (nanjakake) bandhane sajeroning kacukupan lan sajeroning nandhang kemlaratan lan kang padha ngampet nafsune lan kang padha ngapura keluputane sapepaadhaning manungsa. dene Allah iku remen marang wong kang padha gawe kabecikan

وَالَّذِينَ إِذَا فَعَلُوا فَاحِشَةً أَوْ ظَلَمُوا أَنفُسَهُمْ ذَكَرُوا اللَّهَ فَاسْتَغْفَرُوا لِذُنُوبِهِمْ وَمَن يَغْفِرُ الذُّنُوبَ إِلَّا اللَّهُ وَلَمْ يُصِرُّوا عَلَىٰ مَا فَعَلُوا وَهُمْ يَعْلَمُونَ(135)

 Lan para wong kang nalika nglakoni ala utawa nganiaya marang awake banjur padha gelem eling marang Allah, nuli padha nyuwun pangapura jalaran saka dosane. Ora ana kang bisa paring pangapura kabeh dosa kajaba mung Allah piyambak. Sarta wong-wong mau ora kabanjur-banjur tumindak kaya kang wis dilakoni, ing mangka dheweke padha mangerti (ing dosane)

أُولَٰئِكَ جَزَاؤُهُم مَّغْفِرَةٌ مِّن رَّبِّهِمْ وَجَنَّاتٌ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ وَنِعْمَ أَجْرُ الْعَامِلِينَ(136)

 Wong kang mangkono mau (bakal diparingi) ganjarang saka Pangerane yaiku pangapura lan suwarga kang ngisore ana bengawane mili, tur padha langgeng ana ing kana. Saiba prayoga lan indahe ganjarane wong kang padha nglakoni printahing Allah

قَدْ خَلَتْ مِن قَبْلِكُمْ سُنَنٌ فَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَانظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الْمُكَذِّبِينَ(137)

 Temen wong kelakon pirang-pirang lakone wong kuna saka sadurungira (maune disrantekake, bareng wis tata banjur dipatrapi) mulane padha lelungana ana ing bumi, nuli padha ndhelenga petilasan, kapriye pungkasane wong kang padha nggorohake (marang Utusane Allah)

هَٰذَا بَيَانٌ لِّلنَّاسِ وَهُدًى وَمَوْعِظَةٌ لِّلْمُتَّقِينَ(138)

 Kang kasebut iki dadi keterangan marang para manungsa lan pituduh, apadene dadi piwulang marang wong kang padha bekti ing Allah

وَلَا تَهِنُوا وَلَا تَحْزَنُوا وَأَنتُمُ الْأَعْلَوْنَ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ(139)

 Sira aja padha ngrasa apes lan aja padha susah, sira kabeh padha luwih mulya, manawa sira padha mukmin

إِن يَمْسَسْكُمْ قَرْحٌ فَقَدْ مَسَّ الْقَوْمَ قَرْحٌ مِّثْلُهُ ۚ وَتِلْكَ الْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ النَّاسِ وَلِيَعْلَمَ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا وَيَتَّخِذَ مِنكُمْ شُهَدَاءَ ۗ وَاللَّهُ لَا يُحِبُّ الظَّالِمِينَ(140)

 Menawa sira padha ketaton (nalika perang ana ing gunung Uhud), wong kafir ya padha ketaton. Dina mangkono iku (kalah utawa menang) Ingsun gilir gumantekake ana ing antarane para manungsa, lan maneh kang mangkono mau supaya Allah nguningani wong kang padha percaya lan kersa netepake wong kang padha mati syahid saka sira kabeh. Dene Allah iku ora remen marang wong kang padha nganiaya

وَلِيُمَحِّصَ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا وَيَمْحَقَ الْكَافِرِينَ(141)

 Lan maneh supaya Allah ngresikake wong kang padha mukmin saka ing dosane sarta ngrusak (nglebur) wong kang padha kafir

أَمْ حَسِبْتُمْ أَن تَدْخُلُوا الْجَنَّةَ وَلَمَّا يَعْلَمِ اللَّهُ الَّذِينَ جَاهَدُوا مِنكُمْ وَيَعْلَمَ الصَّابِرِينَ(142)

 Apa sira padha duwe pangira manawa bakal padha mlebu suwarga, kang mangka Allah durung Nguningani wong kang padha perang sabil saka sira lan wong kang padha sabar (tetep atine)

وَلَقَدْ كُنتُمْ تَمَنَّوْنَ الْمَوْتَ مِن قَبْلِ أَن تَلْقَوْهُ فَقَدْ رَأَيْتُمُوهُ وَأَنتُمْ تَنظُرُونَ(143)

 Temen sira padha ngarep-arep pati sadurungira ketekan pati, lha saiki sira wis padha ndeleng ing pati (jalaran perang) kang mangka sira padha weruh (kanthi cetha)

وَمَا مُحَمَّدٌ إِلَّا رَسُولٌ قَدْ خَلَتْ مِن قَبْلِهِ الرُّسُلُ ۚ أَفَإِن مَّاتَ أَوْ قُتِلَ انقَلَبْتُمْ عَلَىٰ أَعْقَابِكُمْ ۚ وَمَن يَنقَلِبْ عَلَىٰ عَقِبَيْهِ فَلَن يَضُرَّ اللَّهَ شَيْئًا ۗ وَسَيَجْزِي اللَّهُ الشَّاكِرِينَ(144)

 Muhammad iku ora liya kajaba mung dadi Utusaning Allah, sadurunge uga wis ana pirang-pirang utusan. Apa manawa Muhammad seda utawa disedani sira padha mbalik marang tungkakira (padha murtad). Lan sapa kang mbalik marang tungkake, iku ora bakal mbebayani marang Allah apa-apa, Allah bakal angganjar marang wong kang padha syukur

وَمَا كَانَ لِنَفْسٍ أَن تَمُوتَ إِلَّا بِإِذْنِ اللَّهِ كِتَابًا مُّؤَجَّلًا ۗ وَمَن يُرِدْ ثَوَابَ الدُّنْيَا نُؤْتِهِ مِنْهَا وَمَن يُرِدْ ثَوَابَ الْآخِرَةِ نُؤْتِهِ مِنْهَا ۚ وَسَنَجْزِي الشَّاكِرِينَ(145)

 Sawijining awak ora bisa mati kajaba kelawan idzining Allah, miturut tulisan kang wis ditamtokake, lan sapa wonge kang ngarep-arep ganjaran ana donya, Ingsun bakal maringi, dene sapa kang ngarep-arep ganjaran akherat, Ingsun uga bakal maringi, lan Ingsun bakal ngganjar wong-wong kang padha syukur

وَكَأَيِّن مِّن نَّبِيٍّ قَاتَلَ مَعَهُ رِبِّيُّونَ كَثِيرٌ فَمَا وَهَنُوا لِمَا أَصَابَهُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ وَمَا ضَعُفُوا وَمَا اسْتَكَانُوا ۗ وَاللَّهُ يُحِبُّ الصَّابِرِينَ(146)

 Pira bae akehing para Nabi kang padha mangsah perang kang didherekake dening wadyabala kang akeh. Dheweke iku ora padha apes jalaran anggone padha kena (bebaya) ana ing sajroning peperangan ngrungkebi agamane Allah (sabilillah), apadene ora padha lembek sarta ora padha tundhuk (kalah), dene Allah iku remen marang wong kang padha sabar

وَمَا كَانَ قَوْلَهُمْ إِلَّا أَن قَالُوا رَبَّنَا اغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ(147)

 Wong-wong mau ora padha duwe penyuwunan apa-apa, kajab mung matur, "Dhuh Pangeran kita, mugi Panjenengan paring pangapunten dosa kita sadaya, utawi anggen kita sami kasangeten pandadra kita. Saha mugi Panjenengan kersa ngekahaken tumapaking delamakan kita (wonten ing payudan), punapa dene panjenengan mugi maringi pitulungan dhateng kita ngawonaken dhateng tiyang kafir sadaya

فَآتَاهُمُ اللَّهُ ثَوَابَ الدُّنْيَا وَحُسْنَ ثَوَابِ الْآخِرَةِ ۗ وَاللَّهُ يُحِبُّ الْمُحْسِنِينَ(148)

 Allah nuli maringi marang wong-wong mau ganjaran donya lan becik-becike ganjaran akherat. Dene Allah iku remen marang kang padha tumindak becik

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِن تُطِيعُوا الَّذِينَ كَفَرُوا يَرُدُّوكُمْ عَلَىٰ أَعْقَابِكُمْ فَتَنقَلِبُوا خَاسِرِينَ(149)

 He para wong mukmin kabeh, manawa sira padha manut marang wong kafir, dheweke bakal mbalekake ana ing tungkakira (dadi kafir) wasana sira padha bali karo nandhang kapitunan

بَلِ اللَّهُ مَوْلَاكُمْ ۖ وَهُوَ خَيْرُ النَّاصِرِينَ(150)

 Nanging Allah iku Bandaranira (kang nulung sira) lan Panjenengane iku becik-becike kang paring pitulung

سَنُلْقِي فِي قُلُوبِ الَّذِينَ كَفَرُوا الرُّعْبَ بِمَا أَشْرَكُوا بِاللَّهِ مَا لَمْ يُنَزِّلْ بِهِ سُلْطَانًا ۖ وَمَأْوَاهُمُ النَّارُ ۚ وَبِئْسَ مَثْوَى الظَّالِمِينَ(151)

 Ingsun bakal ngiseni rasa jirih ana ati-atine wong kafir, jalaran anggone padha nyekuthokake marang Allah karo barang kang ora diturunake minangka tandha yekti dening Allah. Dene panggonane wong mau ana neraka, yaiku ala-alaning panggonan wong kang padha nganiaya

وَلَقَدْ صَدَقَكُمُ اللَّهُ وَعْدَهُ إِذْ تَحُسُّونَهُم بِإِذْنِهِ ۖ حَتَّىٰ إِذَا فَشِلْتُمْ وَتَنَازَعْتُمْ فِي الْأَمْرِ وَعَصَيْتُم مِّن بَعْدِ مَا أَرَاكُم مَّا تُحِبُّونَ ۚ مِنكُم مَّن يُرِيدُ الدُّنْيَا وَمِنكُم مَّن يُرِيدُ الْآخِرَةَ ۚ ثُمَّ صَرَفَكُمْ عَنْهُمْ لِيَبْتَلِيَكُمْ ۖ وَلَقَدْ عَفَا عَنكُمْ ۗ وَاللَّهُ ذُو فَضْلٍ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ(152)

 Lan Allah temen wis nuhoni janjine marang sira kabeh nulungi nalika sira padha mangsah merangi wong kafir kanthi idzining Allah nganti nalika sira padha pasulayan ana ing dhawuhe (para Nabi) lan sira padha mbangkang, sawisa sira dituduhake barang kang sira dhemenei (jarahan) saweneh ira ana kang ngarepake bandha donya lan sawenehira ana kang ngarepake ganjaran akherat. Nuli Allah ngalahake sira kabeh saka wong-wong kafir, jalaran Allah kersa nyoba marang sira kabeh. Allah temen wis paring pangapura marang sira kabeh. Dene Allah iku kagungan kanugrahan kaparingake marang wong kang padha mukmin

۞ إِذْ تُصْعِدُونَ وَلَا تَلْوُونَ عَلَىٰ أَحَدٍ وَالرَّسُولُ يَدْعُوكُمْ فِي أُخْرَاكُمْ فَأَثَابَكُمْ غَمًّا بِغَمٍّ لِّكَيْلَا تَحْزَنُوا عَلَىٰ مَا فَاتَكُمْ وَلَا مَا أَصَابَكُمْ ۗ وَاللَّهُ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ(153)

 Sira padha elinga nalika sira padha keplayu, ingkono ora ana sawijining wong kang noleh utawa ngadeg ngenteni marang kancane. Dene Rasulullah ana ing burinira nimbali dhawuh mandheg marang sira kabeh. Allah mbanjur paring piwales marang sira kabeh, padha diparingi kesusahan keplayu. Marga anggonira padha nglirwakake dhawuhing Rasulu. Mangkono iku sira padha getuna anggone ora sida oleh jarahan lan anggonira padha kena coba. Dene Allah iku Maha Waspada marang samu barang kang sira tindakake

ثُمَّ أَنزَلَ عَلَيْكُم مِّن بَعْدِ الْغَمِّ أَمَنَةً نُّعَاسًا يَغْشَىٰ طَائِفَةً مِّنكُمْ ۖ وَطَائِفَةٌ قَدْ أَهَمَّتْهُمْ أَنفُسُهُمْ يَظُنُّونَ بِاللَّهِ غَيْرَ الْحَقِّ ظَنَّ الْجَاهِلِيَّةِ ۖ يَقُولُونَ هَل لَّنَا مِنَ الْأَمْرِ مِن شَيْءٍ ۗ قُلْ إِنَّ الْأَمْرَ كُلَّهُ لِلَّهِ ۗ يُخْفُونَ فِي أَنفُسِهِم مَّا لَا يُبْدُونَ لَكَ ۖ يَقُولُونَ لَوْ كَانَ لَنَا مِنَ الْأَمْرِ شَيْءٌ مَّا قُتِلْنَا هَاهُنَا ۗ قُل لَّوْ كُنتُمْ فِي بُيُوتِكُمْ لَبَرَزَ الَّذِينَ كُتِبَ عَلَيْهِمُ الْقَتْلُ إِلَىٰ مَضَاجِعِهِمْ ۖ وَلِيَبْتَلِيَ اللَّهُ مَا فِي صُدُورِكُمْ وَلِيُمَحِّصَ مَا فِي قُلُوبِكُمْ ۗ وَاللَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ(154)

 Nuli sawise sira padha nandhang susah, Allah mbanjur maringi kasantosan (katentreman) marang sira kabeh, nganti kancanira wong sak golongan padha mukmin padha ngantuk, lana ana wong sak golongan kang munafik iku isih padha ngandhut susah, padha ngira marang Allah yen ora bakal nyata anggone saguh tetulung marang Rasulullah, kaya penyanane wong kafir kang bodho, pangucape, "Aku mangsa padha ditulungana Allah sathithik-thithika", (Muhammad) sira dhawuha, "Samubarang perkara iku kagungane Allah kabeh". Wong minafiq mau padha mbatin ing sajroning atine, ora kawetu marang sira (Muhammad) dheweke padha ngucap, "Saupama aku padha duwe panduman pitulunging Allah sathithik wae, mesthi mangsa kelakon aku dimangsahake perang kang wekasane mati kaya kang kelakon iki". (Muhammad) sira dhawuha, "Sanajan sira padha ngunder ana ing ngomahira bae, yen wis ditakdirake (pinasthi) mati iku mesthi kelakon metu marang panggonan kang wis ditemtokake wong mau bakal mati ana ing kono.", kersane Allah dhawuh perang mau dienggo nyoba temen lan lamise atinira, lan beda-bedane atinira kelawan gumelara, "Dene Allah iku ngudaneni barang kang ana ing ati

إِنَّ الَّذِينَ تَوَلَّوْا مِنكُمْ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعَانِ إِنَّمَا اسْتَزَلَّهُمُ الشَّيْطَانُ بِبَعْضِ مَا كَسَبُوا ۖ وَلَقَدْ عَفَا اللَّهُ عَنْهُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ حَلِيمٌ(155)

 Satemene para kancanira kang padha mlayu nguci, nalika tempuking golongan loro (wadyabala Islam lan kafir) iku mesthi saka panggodhaning (diplesetake) syetan marang wong mau, jalaran saka dosa sawetara kang wis ditindakake. Sayekti Allah wis paring pangapura marang wong mau. Satemene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Aris (welas)

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا لَا تَكُونُوا كَالَّذِينَ كَفَرُوا وَقَالُوا لِإِخْوَانِهِمْ إِذَا ضَرَبُوا فِي الْأَرْضِ أَوْ كَانُوا غُزًّى لَّوْ كَانُوا عِندَنَا مَا مَاتُوا وَمَا قُتِلُوا لِيَجْعَلَ اللَّهُ ذَٰلِكَ حَسْرَةً فِي قُلُوبِهِمْ ۗ وَاللَّهُ يُحْيِي وَيُمِيتُ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ بَصِيرٌ(156)

 He para mukmin kabeh, sira aja padha kaya wong kafir padha ngucap marang kanca-kancane, nalika padha lelungan ana ing bumi (banjur mati ana paran) utawa kang padha mangsah perang (banjur kasambut ing payudan) pangucape, "Saupama wong-wong mau ana kene bae, mesthi ora mati lan ora kesambut ing payudan", wusana kersane Allah pangucap mangkono mau dienggo sebab kaduwung ing atine si kafir kabeh. Dene Allah iku kang nguripi lan mateni. Allah mirsani samu barang kang sira tindakake

وَلَئِن قُتِلْتُمْ فِي سَبِيلِ اللَّهِ أَوْ مُتُّمْ لَمَغْفِرَةٌ مِّنَ اللَّهِ وَرَحْمَةٌ خَيْرٌ مِّمَّا يَجْمَعُونَ(157)

 Lan manawa sira padha kesambut (dipateni) ana perang sabilillah utawa mati ana paran, temen pangapura sarta shihing Allah luwih becik tumrape sira, tinimbang bandha fonya kang padha dikumpulake dening wong-wong mau

وَلَئِن مُّتُّمْ أَوْ قُتِلْتُمْ لَإِلَى اللَّهِ تُحْشَرُونَ(158)

 Lana manawa sira padha mati utawa dipateni, temen sira kabeh bakal dihimpun marang kersane Allah

فَبِمَا رَحْمَةٍ مِّنَ اللَّهِ لِنتَ لَهُمْ ۖ وَلَوْ كُنتَ فَظًّا غَلِيظَ الْقَلْبِ لَانفَضُّوا مِنْ حَوْلِكَ ۖ فَاعْفُ عَنْهُمْ وَاسْتَغْفِرْ لَهُمْ وَشَاوِرْهُمْ فِي الْأَمْرِ ۖ فَإِذَا عَزَمْتَ فَتَوَكَّلْ عَلَى اللَّهِ ۚ إِنَّ اللَّهَ يُحِبُّ الْمُتَوَكِّلِينَ(159)

 (He Muhammad) amarga saka Rahmat sihing Allah mulane sira mbajur lembah manah marang para kancanira kang padha kurang setia mau. Lan saupama sira iku cukengan (butengan) sarta wengis ing ati, mesthi pada kancanira kang padha kurang setia mau padha bubar (lunga) saka kiwa tengenira. Jalaran saka iku, sira ngapura saka (pialaning) wong-wong mau, lan padha suwuna pangapuraning dosane lan padha sira ajaka rerembugan perkara lakuning perang. Dene yen sira wis nedya nindakake perkara, supaya sira pasraha (tawakkala) marang Allah. Satemene Allah iku remen wong kang padha pasrah (tawakkal) marang Panjenengane

إِن يَنصُرْكُمُ اللَّهُ فَلَا غَالِبَ لَكُمْ ۖ وَإِن يَخْذُلْكُمْ فَمَن ذَا الَّذِي يَنصُرُكُم مِّن بَعْدِهِ ۗ وَعَلَى اللَّهِ فَلْيَتَوَكَّلِ الْمُؤْمِنُونَ(160)

 Manawa Allah nulungi sira kabeh, mesthi ora ana kang bisa ngalahake. Lan manawa Allah nginakake (ngalahake), lan sapa kang kuwagang nulungi ing sira. Para wong mukmin supaya padha tawakkal marang panjenengane Allah

وَمَا كَانَ لِنَبِيٍّ أَن يَغُلَّ ۚ وَمَن يَغْلُلْ يَأْتِ بِمَا غَلَّ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۚ ثُمَّ تُوَفَّىٰ كُلُّ نَفْسٍ مَّا كَسَبَتْ وَهُمْ لَا يُظْلَمُونَ(161)

 Nabi (Muhammad) iku ora bakal kersa cidra (pangeduming jarahan). Awit sing sapa cidra perkara jarahan, besuk dina Qiyamat barang kang dicidrakake mau diwujudake (nuli disunggekake marang wong kang cidra). Sabanjure sarupane awak padha diwales apa benere, miturut apa kang wis padha ditindakake, tur kabeh ora ana kang dianiaya

أَفَمَنِ اتَّبَعَ رِضْوَانَ اللَّهِ كَمَن بَاءَ بِسَخَطٍ مِّنَ اللَّهِ وَمَأْوَاهُ جَهَنَّمُ ۚ وَبِئْسَ الْمَصِيرُ(162)

 Apa iya wong kang dherek keparenging Allah (ora cidra) iku padha bae wong kang nrajang dedukaning Allah (cidra)? (mesthi ora padha). Panggonane wong kang cidra iku ana neraka Jahannam, yaiku ala alaning panggonan bali

هُمْ دَرَجَاتٌ عِندَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ بَصِيرٌ بِمَا يَعْمَلُونَ(163)

 Wong kang padha ndherek keparenging Allah mau ana ngersane Allah padha duwe derajat (pangkat). Dene Allah iku mriksani samu barang kang padha ditindakake

لَقَدْ مَنَّ اللَّهُ عَلَى الْمُؤْمِنِينَ إِذْ بَعَثَ فِيهِمْ رَسُولًا مِّنْ أَنفُسِهِمْ يَتْلُو عَلَيْهِمْ آيَاتِهِ وَيُزَكِّيهِمْ وَيُعَلِّمُهُمُ الْكِتَابَ وَالْحِكْمَةَ وَإِن كَانُوا مِن قَبْلُ لَفِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ(164)

 Allah tetela wis paring kanugrahan (kanikmatan) marang para wong mukmin, awit Allah wis ngutus marang wong-wong mau sawijining utusan saka golongane kang macakake ayat-ayate Allah marang dheweke, sarta ngersikake wong-wong mukmin kabeh saka dosane, mengkono uga mulang kitab Qur’an lan kawicaksanan. Senajan sadurunge teteping Rasul wong mukmin mau isih ana sajroning kesasar kang terang

أَوَلَمَّا أَصَابَتْكُم مُّصِيبَةٌ قَدْ أَصَبْتُم مِّثْلَيْهَا قُلْتُمْ أَنَّىٰ هَٰذَا ۖ قُلْ هُوَ مِنْ عِندِ أَنفُسِكُمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ(165)

 Apa menawa bebaya ngenani sira kabeh (ana ing perang Uhud) kang mangka sira wis padha gawe bebaya marang owng mau (ana perang Badar) tikel lorone, ya gene sira padha matur, "Sebab dening punapa teka mekaten punika?". Sira dhawuha, "Kang mengkono iku amarga saka tindakmu dhewe (awit sira padha kurang setia, ninggal pembarisan". Satemene Allah iku Maha KUwasa marang samubarang)

وَمَا أَصَابَكُمْ يَوْمَ الْتَقَى الْجَمْعَانِ فَبِإِذْنِ اللَّهِ وَلِيَعْلَمَ الْمُؤْمِنِينَ(166)

 Lan bebaya kang ngenani ing sira kabeh ana campuhing golongan loro (wadya bala Islam lan kafir ana gunung Uhud), kabeh mau klawan pikantuk kersane Allah kanggo nguningani wong-wong kang padha percaya marang Panjenengane

وَلِيَعْلَمَ الَّذِينَ نَافَقُوا ۚ وَقِيلَ لَهُمْ تَعَالَوْا قَاتِلُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ أَوِ ادْفَعُوا ۖ قَالُوا لَوْ نَعْلَمُ قِتَالًا لَّاتَّبَعْنَاكُمْ ۗ هُمْ لِلْكُفْرِ يَوْمَئِذٍ أَقْرَبُ مِنْهُمْ لِلْإِيمَانِ ۚ يَقُولُونَ بِأَفْوَاهِهِم مَّا لَيْسَ فِي قُلُوبِهِمْ ۗ وَاللَّهُ أَعْلَمُ بِمَا يَكْتُمُونَ(167)

 Lan Allah ngersakake nguningani wong-wong kang padha munafiq, lan wong kang padha wis didhawuhi, "Sira kabeh padha mrenea, padha mangsaha perang sabilillah, menawa padha ora gelem perang, iya mung padha dadia weweden bae murih ngundurake mungsuh (sabubaring perang)", ature wong-wong munafiq, "Saupami ing wau kula sumerepa yen wonten perang mesthi kula sami ndherek perang sesarengan panjenengan". Pangandikane Allah, "Ing dina iki tetela wong munafiq iku luwih cedhak marang kafir katimbang marang iman". Wong munafiq padha matur lamis klawan lisane, ngaturake barang kang ora ana ing sajroning atine. Dene Allah iku luwih ngudaneni barang kang diumpetake dening wong-wong mau

الَّذِينَ قَالُوا لِإِخْوَانِهِمْ وَقَعَدُوا لَوْ أَطَاعُونَا مَا قُتِلُوا ۗ قُلْ فَادْرَءُوا عَنْ أَنفُسِكُمُ الْمَوْتَ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(168)

 Wong munafiq kang padha ngucap marang kanca-kancane mung padha lungguh bae, ora melu perang, "Saupama dheweke iku padha manut kita, dheweke wis mesthi ora padha dipateni", Dhawuha (sira Muhammad), "Yen dhasar temen pengucapmu lan mara tulaken pati iku saka awakira

وَلَا تَحْسَبَنَّ الَّذِينَ قُتِلُوا فِي سَبِيلِ اللَّهِ أَمْوَاتًا ۚ بَلْ أَحْيَاءٌ عِندَ رَبِّهِمْ يُرْزَقُونَ(169)

 Lan sira aja padha ngira marang wong-wong kang dipateni ana perang sabil iku padha mati, nanging kabeh mau padha urip, ana ngarsane Pangeran padha diparingi rejeki

فَرِحِينَ بِمَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِن فَضْلِهِ وَيَسْتَبْشِرُونَ بِالَّذِينَ لَمْ يَلْحَقُوا بِهِم مِّنْ خَلْفِهِمْ أَلَّا خَوْفٌ عَلَيْهِمْ وَلَا هُمْ يَحْزَنُونَ(170)

 Wong-wong mau padha bungah-bungah (gembira) saka pikantuk kanugrahane Allah, kang kaparingake marang wong-wong kang dipateni ana ing sajroning perang mau, lan padha suka ria marga ngrasakake kanca-kancane kang sapungkure padha durung dipateni ana peperangan. Kabeh mau mesthi padha tanpa kuwatir lan ora bakal padha susah

۞ يَسْتَبْشِرُونَ بِنِعْمَةٍ مِّنَ اللَّهِ وَفَضْلٍ وَأَنَّ اللَّهَ لَا يُضِيعُ أَجْرَ الْمُؤْمِنِينَ(171)

 Dheweke padha bungah-bungah marga padha tampa ganjaran saka Allah lan padha oleh kanugraha. Satemene Allah ora ngilang-ngilangake ganjarane wong kang padha mukmin

الَّذِينَ اسْتَجَابُوا لِلَّهِ وَالرَّسُولِ مِن بَعْدِ مَا أَصَابَهُمُ الْقَرْحُ ۚ لِلَّذِينَ أَحْسَنُوا مِنْهُمْ وَاتَّقَوْا أَجْرٌ عَظِيمٌ(172)

 Kang sawise padha ketaton, malah banjur padha ngestokake netepi dhawuhe Allah lan dhawuhe Rasulullah mengsah perang maneh. para wong kang padha nindakake kebecikan ndherek ing Allah lan bekti ing Panjenengane pikantuk ganjaran kang agung

الَّذِينَ قَالَ لَهُمُ النَّاسُ إِنَّ النَّاسَ قَدْ جَمَعُوا لَكُمْ فَاخْشَوْهُمْ فَزَادَهُمْ إِيمَانًا وَقَالُوا حَسْبُنَا اللَّهُ وَنِعْمَ الْوَكِيلُ(173)

 Yaiku para wong mukmin kang padha diwenehi kabar mengkene, "Satemene para manungsa (wong kafir) wis padha kumpul numpes ing sira, mula sira padha wedia ing dheweke". Wisana pangucape wong-wong mau malah nambahi Imane para wong mukmin mau marang Allah, banjur padha ngucap mengkene, "(Pitulungane) Allah nyukupi ing kita, lan Panjenengan iku becik-becika Pangeran kang pinasrahan (ditawakali)

فَانقَلَبُوا بِنِعْمَةٍ مِّنَ اللَّهِ وَفَضْلٍ لَّمْ يَمْسَسْهُمْ سُوءٌ وَاتَّبَعُوا رِضْوَانَ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ ذُو فَضْلٍ عَظِيمٍ(174)

 Nalika dheweke padha bali kanthi tampa nikmat saka Allah lan kanugrahan, dheweke padha ora ketaman ing sambe kala (ora ketaton lan ora mati) sarta padha ndherek karidhaning Allah. Dene Allah iku kagungan kanugrahan kang Agung

إِنَّمَا ذَٰلِكُمُ الشَّيْطَانُ يُخَوِّفُ أَوْلِيَاءَهُ فَلَا تَخَافُوهُمْ وَخَافُونِ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ(175)

 Satemene kang ngucap kaya mangkono mau syetan, dheweke padha memedeni sira supaya padha wedi marang para pemimpine. Aja padha wedi marang dheweke, nanging padha wedia marang Ingsun, yen nyata sira padha iman marang Panjenenganingsun

وَلَا يَحْزُنكَ الَّذِينَ يُسَارِعُونَ فِي الْكُفْرِ ۚ إِنَّهُمْ لَن يَضُرُّوا اللَّهَ شَيْئًا ۗ يُرِيدُ اللَّهُ أَلَّا يَجْعَلَ لَهُمْ حَظًّا فِي الْآخِرَةِ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ عَظِيمٌ(176)

 Para wong kang padha age-age dadi kafir aja ndadekake susahira (Muhammad). Satemene kabeh mau ora mbebayani apa-apa marang Allah. Allah anggone nitahake mengkono iku, kersane ora bakal maringi panduman kabegjan marang wong mau ana akherat, malah bakal pikantuk kapatrapan siksa kang gedhe

إِنَّ الَّذِينَ اشْتَرَوُا الْكُفْرَ بِالْإِيمَانِ لَن يَضُرُّوا اللَّهَ شَيْئًا وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ(177)

 Satemene wong-wong kang padha nuku (milih, nukar) kafir kelawan iman, iku ora bebayani apa-apa marang Allah sethithik-thithika, lan padha kapatrapan siksa kang lara

وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِينَ كَفَرُوا أَنَّمَا نُمْلِي لَهُمْ خَيْرٌ لِّأَنفُسِهِمْ ۚ إِنَّمَا نُمْلِي لَهُمْ لِيَزْدَادُوا إِثْمًا ۚ وَلَهُمْ عَذَابٌ مُّهِينٌ(178)

 Wong kang padha kafir aja padha duwe panyana yen anggonira nyrantekake marang dheweke iku becik tumrap dheweke. Nanging anggoningsun nyrantekake iku supaya dheweke wuwuh-wuwuh dosane, lan bakal dipatrapi siksa kang ngasorake

مَّا كَانَ اللَّهُ لِيَذَرَ الْمُؤْمِنِينَ عَلَىٰ مَا أَنتُمْ عَلَيْهِ حَتَّىٰ يَمِيزَ الْخَبِيثَ مِنَ الطَّيِّبِ ۗ وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُطْلِعَكُمْ عَلَى الْغَيْبِ وَلَٰكِنَّ اللَّهَ يَجْتَبِي مِن رُّسُلِهِ مَن يَشَاءُ ۖ فَآمِنُوا بِاللَّهِ وَرُسُلِهِ ۚ وَإِن تُؤْمِنُوا وَتَتَّقُوا فَلَكُمْ أَجْرٌ عَظِيمٌ(179)

 Allah ora bakal ngendelake marang wong kang padha mukmin ana ing barang kang sira padha ana ing kana, nganti Panjenengane misah (wong) kang ala saka kang becik. Lan Allah ora bakal meruhake ing sira marang barang kang ghoib, nanging Allah milih saka sira para Utusane kang dikersakake . Awit saka iku sira padha percayaa Allah lan Utusane. Lan menawa sira percaya lan bektiing Allah, sira bakal kaparingan ganjarang kang Agung

وَلَا يَحْسَبَنَّ الَّذِينَ يَبْخَلُونَ بِمَا آتَاهُمُ اللَّهُ مِن فَضْلِهِ هُوَ خَيْرًا لَّهُم ۖ بَلْ هُوَ شَرٌّ لَّهُمْ ۖ سَيُطَوَّقُونَ مَا بَخِلُوا بِهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ وَلِلَّهِ مِيرَاثُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۗ وَاللَّهُ بِمَا تَعْمَلُونَ خَبِيرٌ(180)

 Lan wong-wong kang padha kumet (cethil), ora gelem bayar zakat brang kang wis diparingake dening Allah saking sih kanugrahaning, iku aja padha ngira yen anggone padha kumet mau becik tumrap dheweke, satemene malah ala. Besuk dina Qiyamat, barang mau bakal dikalungake marang wong sing kumet mau. Dene Allah iku kagungan (warisan) saisining langit lan bumi . Allah iku waspada marang samubarang kang sira tindakake

لَّقَدْ سَمِعَ اللَّهُ قَوْلَ الَّذِينَ قَالُوا إِنَّ اللَّهَ فَقِيرٌ وَنَحْنُ أَغْنِيَاءُ ۘ سَنَكْتُبُ مَا قَالُوا وَقَتْلَهُمُ الْأَنبِيَاءَ بِغَيْرِ حَقٍّ وَنَقُولُ ذُوقُوا عَذَابَ الْحَرِيقِ(181)

 Allah temen wis midanget marang pangucape wong kang padha ngucap, "Satemene Allah iku mlarat lan kita iku sugih". Pangucape wong Yahudi mengkono mau Ingsun tulisi, sarta anggone padha mateni para Nabi klawan ora samesthine, iya Ingsung tulisi uga. Ing mbesuk ana ing akherat wong mangkono mau bakal Ingsun dhawuhi, "Sira padha ngicipana (ngrasakake) siksane neraka kang nggosongake

ذَٰلِكَ بِمَا قَدَّمَتْ أَيْدِيكُمْ وَأَنَّ اللَّهَ لَيْسَ بِظَلَّامٍ لِّلْعَبِيدِ(182)

 Kang mengkono iku marga saka tindakira kang sira tindakake tanganira kang wis kelakon biyen. Satemene Allah ora bakal nganiaya marang para kawulane

الَّذِينَ قَالُوا إِنَّ اللَّهَ عَهِدَ إِلَيْنَا أَلَّا نُؤْمِنَ لِرَسُولٍ حَتَّىٰ يَأْتِيَنَا بِقُرْبَانٍ تَأْكُلُهُ النَّارُ ۗ قُلْ قَدْ جَاءَكُمْ رُسُلٌ مِّن قَبْلِي بِالْبَيِّنَاتِ وَبِالَّذِي قُلْتُمْ فَلِمَ قَتَلْتُمُوهُمْ إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(183)

 Iya iku wong Yahudi kang padha duwe atur, "Sayaktosipun Allah sampun paring janji pitados dhumateng sadhengaha para Rasul, kajawi menawi sampun saget dhatengaken Qurban ingkan dipun mangsa latu (saking langit)". Dhawuha sira (Muhammad), "Dhek biyen sakdurunge Ingsun, sira wis padha katekan para Rasul kang uga ngasta tandha yekti kaelokan, lan nekakake Qurban mangsa geni kaya sing sira ucapake. Yen aturmu temen, lan ya gene sira padha nyedani marang para Rasul mau

فَإِن كَذَّبُوكَ فَقَدْ كُذِّبَ رُسُلٌ مِّن قَبْلِكَ جَاءُوا بِالْبَيِّنَاتِ وَالزُّبُرِ وَالْكِتَابِ الْمُنِيرِ(184)

 Menawa wong Yahudi mau meksa padha nggorohake sira (Muhammad) aja ngersula, para Rasul sadurungira kang uga ngasta tandha yekti kang terang, lan pirang-pirang kitab, apa dene kitab kang (bisa) madhangake (ati)

كُلُّ نَفْسٍ ذَائِقَةُ الْمَوْتِ ۗ وَإِنَّمَا تُوَفَّوْنَ أُجُورَكُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۖ فَمَن زُحْزِحَ عَنِ النَّارِ وَأُدْخِلَ الْجَنَّةَ فَقَدْ فَازَ ۗ وَمَا الْحَيَاةُ الدُّنْيَا إِلَّا مَتَاعُ الْغُرُورِ(185)

 Kabeh badan (awak) iku mesthi (bakal) nemahi (ngincipi) pati. Lan satemene sira kabeh bakal padha dituhoni ganjaranira besuk ana ing dina Qiyama. Dene wongkang padha didohake saka neraka lan dilebokake suwarga, temen dheweke iku bagja, lan ora ana panguripan donya iku kajaba mung kasenengan kang nglalekake (ngapusi)

۞ لَتُبْلَوُنَّ فِي أَمْوَالِكُمْ وَأَنفُسِكُمْ وَلَتَسْمَعُنَّ مِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ مِن قَبْلِكُمْ وَمِنَ الَّذِينَ أَشْرَكُوا أَذًى كَثِيرًا ۚ وَإِن تَصْبِرُوا وَتَتَّقُوا فَإِنَّ ذَٰلِكَ مِنْ عَزْمِ الْأُمُورِ(186)

 Temen sira kabeh padha dicoba dening Allah, tumrap awakira lan bandhanira, lan sira kabeh bakal padha krungun ucapan akeh kang nglarakake (ati) saka wong-wong kang wis diparingi kitab sadurungira lan uga saka wong kang padha musyrik. Menawa sira padha sabar lan padha wedi ing Allah, satemene kang mengkono iku klebu becik-beciking perkara

وَإِذْ أَخَذَ اللَّهُ مِيثَاقَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ لَتُبَيِّنُنَّهُ لِلنَّاسِ وَلَا تَكْتُمُونَهُ فَنَبَذُوهُ وَرَاءَ ظُهُورِهِمْ وَاشْتَرَوْا بِهِ ثَمَنًا قَلِيلًا ۖ فَبِئْسَ مَا يَشْتَرُونَ(187)

 (Muhammad) sira nyritakna nalikane Allah mundhut perjanjiane para wong kang padha diparingi kitab Taurat, dhawuhing Allah, "Supaya sira padha nerang-nerangake (isine) kitab iku marang para manungsa lan aja padha ngumpetake", wong Yahudi sawise padha nampa perjanjian, banjur padha mbuang perjanjian ana ing mburine gegere, lan padha milih donya kang sethithik ajine. Lan iku ala-alane barang-barang kang padha dipilih dening wong-wong mau

لَا تَحْسَبَنَّ الَّذِينَ يَفْرَحُونَ بِمَا أَتَوا وَّيُحِبُّونَ أَن يُحْمَدُوا بِمَا لَمْ يَفْعَلُوا فَلَا تَحْسَبَنَّهُم بِمَفَازَةٍ مِّنَ الْعَذَابِ ۖ وَلَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ(188)

 Sira aja duwe pangira marang wong kang padha bungah-bungah anggone jalaran kaleksanan apa kang diupaya lan padha seneng menawa dialem kebecikan kang ora dilakoni, kabeh mau aja sira kira yen alamat saka siksa nanging dheweke bakal padha kapatrapan siksa kang lara

وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۗ وَاللَّهُ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ(189)

 Kratone Bumi lan Langit iku kagungane Allah. Dene Allah iku Nguwasani marang samubarang

إِنَّ فِي خَلْقِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَاخْتِلَافِ اللَّيْلِ وَالنَّهَارِ لَآيَاتٍ لِّأُولِي الْأَلْبَابِ(190)

 Satemene tumitahing langit lan bumi, lan bedane rina lan wengi iku tandha yekti tumrap wong kang padha duwe akal

الَّذِينَ يَذْكُرُونَ اللَّهَ قِيَامًا وَقُعُودًا وَعَلَىٰ جُنُوبِهِمْ وَيَتَفَكَّرُونَ فِي خَلْقِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ رَبَّنَا مَا خَلَقْتَ هَٰذَا بَاطِلًا سُبْحَانَكَ فَقِنَا عَذَابَ النَّارِ(191)

 Yaiku wong kang padha eling marang Allah nalika ngadeg, nalika linggih, nalika turon, lan dheweke padha mikir mungguh tumitahing langit lan bumi, unjuke, "Dhuh Pangeran kita, anggen panjenengan nitahake makaten punika mesthi boten tanpa damel. Panjenengan punika Maha Suci. Kita punika mugi panjenengan reksa saking siksa neraka

رَبَّنَا إِنَّكَ مَن تُدْخِلِ النَّارَ فَقَدْ أَخْزَيْتَهُ ۖ وَمَا لِلظَّالِمِينَ مِنْ أَنصَارٍ(192)

 Dhuh Pangeran kita, saestunipun kersa panjenengan, sinten ingkan penjenengan cemplungaken neraka, mesthi inggih panjenengan asoraken. Dene tiyang ingkang nganiaya punika mesthi boten wonten ingkang saged nulungi

رَّبَّنَا إِنَّنَا سَمِعْنَا مُنَادِيًا يُنَادِي لِلْإِيمَانِ أَنْ آمِنُوا بِرَبِّكُمْ فَآمَنَّا ۚ رَبَّنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَكَفِّرْ عَنَّا سَيِّئَاتِنَا وَتَوَفَّنَا مَعَ الْأَبْرَارِ(193)

 Dhuh Pangeran kita, kita sampun sami mireng tiyang ajak-ajak iman, pangajakipun, "Sira padha percayaa ing Pangeranira. Kita inggih sami pitados". Dhuh Pangeran kita, mugi panjenengan paring pangapunten dhateng sakathahing dosa kita, saha mugi-mugi mundhuta nyawa kita saha mugi-mugi nutupana (nyirnakna) sakathahing piawon (kalepatan), kagolongan para tiyang ingkang sae

رَبَّنَا وَآتِنَا مَا وَعَدتَّنَا عَلَىٰ رُسُلِكَ وَلَا تُخْزِنَا يَوْمَ الْقِيَامَةِ ۗ إِنَّكَ لَا تُخْلِفُ الْمِيعَادَ(194)

 Dhuh Pangeran kita, panjenengan mugi paringa dhumateng kita samu kawis ingkang sampun panjenengan paringaken janji dhumateng kita, punapa dene benjing dinten qiyamat, panjenengan mugi sampun meleh-melehaken dhumateng kita. Sayaktosipun panjenengan punika boten pisan-pisan badhe cidra ing janji

فَاسْتَجَابَ لَهُمْ رَبُّهُمْ أَنِّي لَا أُضِيعُ عَمَلَ عَامِلٍ مِّنكُم مِّن ذَكَرٍ أَوْ أُنثَىٰ ۖ بَعْضُكُم مِّن بَعْضٍ ۖ فَالَّذِينَ هَاجَرُوا وَأُخْرِجُوا مِن دِيَارِهِمْ وَأُوذُوا فِي سَبِيلِي وَقَاتَلُوا وَقُتِلُوا لَأُكَفِّرَنَّ عَنْهُمْ سَيِّئَاتِهِمْ وَلَأُدْخِلَنَّهُمْ جَنَّاتٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ ثَوَابًا مِّنْ عِندِ اللَّهِ ۗ وَاللَّهُ عِندَهُ حُسْنُ الثَّوَابِ(195)

 Nuli Pangerane wong-wong mau maringi (panyuwune), dhawuhe, "Ingsun ora bakal ngilang-ngilangake (ganjarang) ngamale wong kang padha amal. pria, utawa wanita, anggone padha nglakoni prentahingsun, sawenehira saka sawenehe padha wae. Dnee wong kang padha hijrah (keplayu) lan wong kang padha ditundhung saka ngomahe sarta kang padha dipilara ana (jalaran ngrungkebi) dalan Ingsun, lan padha mengsah perang lan banjur dipateni, temen Ingsun bakal nutupi (nyirnakake) kesalahane (piawone). Lan mesthi Ingsun bakal lebokake suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon, yaiku minangka dadi ganjarane saka ngarsane Allah. Dene Allah kagungan ganjaran kang luwih becik

لَا يَغُرَّنَّكَ تَقَلُّبُ الَّذِينَ كَفَرُوا فِي الْبِلَادِ(196)

 Mungguh kemajuane wong kang padha kafir ana negara (bumi) aja pisan-pisan ndadekake kelurupira

مَتَاعٌ قَلِيلٌ ثُمَّ مَأْوَاهُمْ جَهَنَّمُ ۚ وَبِئْسَ الْمِهَادُ(197)

 (Kabeh iku) mung kesenengan sethithik. Nuli wong-wong mau padha manggon ana neraka jahannam, yaiku ala-alane lemek

لَٰكِنِ الَّذِينَ اتَّقَوْا رَبَّهُمْ لَهُمْ جَنَّاتٌ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا نُزُلًا مِّنْ عِندِ اللَّهِ ۗ وَمَا عِندَ اللَّهِ خَيْرٌ لِّلْأَبْرَارِ(198)

 Nanging wong kang padha bekti ing pangerane, iku dheweke padha bakal diparingi suwarga, kang sangisore ana bengawane kang mili, ana kono padha langgeng, suwarga minangka pasugatan (cecawisan) saka ngarsane Allah. Dene ganjaran kang dicawisake dening Allah iku luwih becik tumrap wong kang padha tumindak kebecikan (ngungkuli kebungahan donya)

وَإِنَّ مِنْ أَهْلِ الْكِتَابِ لَمَن يُؤْمِنُ بِاللَّهِ وَمَا أُنزِلَ إِلَيْكُمْ وَمَا أُنزِلَ إِلَيْهِمْ خَاشِعِينَ لِلَّهِ لَا يَشْتَرُونَ بِآيَاتِ اللَّهِ ثَمَنًا قَلِيلًا ۗ أُولَٰئِكَ لَهُمْ أَجْرُهُمْ عِندَ رَبِّهِمْ ۗ إِنَّ اللَّهَ سَرِيعُ الْحِسَابِ(199)

 Satemene sawenehe wong ahli kitab kuna, ana kang percaya marang Allah, lan percaya marang kitab (Qur’an) kang wis diturunake marang wong-wong mau serta padha sumungkem ing Allah, dheweke padha ora ngikoli (nuku) ayat-ayate Allah klawan rega kang murah. Wong-wong kang mengkono iku bakal tampa ganjarane ana ngarsane Allah pangerane. Satemene Allah iku rikat pengetunge

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اصْبِرُوا وَصَابِرُوا وَرَابِطُوا وَاتَّقُوا اللَّهَ لَعَلَّكُمْ تُفْلِحُونَ(200)

 Para Mukmin kabeh, sira padha sabara lan padha nyabarna wangkoting wong kafir, lan padha sediya perang, lan padha bekti ing Allah, supaya sira kabeh padha pikantuk kabegjan


سورهای بیشتر به زبان جاوی:

سوره البقره آل عمران سوره نساء
سوره مائده سوره يوسف سوره ابراهيم
سوره حجر سوره کهف سوره مریم
سوره حج سوره قصص سوره عنکبوت
سوره سجده سوره یس سوره دخان
سوره فتح سوره حجرات سوره ق
سوره نجم سوره رحمن سوره واقعه
سوره حشر سوره ملک سوره حاقه
سوره انشقاق سوره أعلى سوره غاشية

دانلود سوره آل عمران با صدای معروف‌ترین قراء:

انتخاب خواننده برای گوش دادن و دانلود کامل سوره آل عمران با کیفیت بالا.
سوره آل عمران را با صدای احمد العجمی
أحمد العجمي
سوره آل عمران را با صدای ابراهيم الاخضر
ابراهيم الاخضر
سوره آل عمران را با صدای بندر بليلة
بندر بليلة
سوره آل عمران را با صدای خالد الجليل
خالد الجليل
سوره آل عمران را با صدای حاتم فريد الواعر
حاتم فريد الواعر
سوره آل عمران را با صدای خليفة الطنيجي
خليفة الطنيجي
سوره آل عمران را با صدای سعد الغامدي
سعد الغامدي
سوره آل عمران را با صدای سعود الشريم
سعود الشريم
سوره آل عمران را با صدای الشاطري
الشاطري
سوره آل عمران را با صدای صلاح ابوخاطر
صلاح بوخاطر
سوره آل عمران را با صدای عبد الباسط عبد الصمد
عبد الباسط
سوره آل عمران را با صدای عبد الرحمن العوسي
عبدالرحمن العوسي
سوره آل عمران را با صدای عبد الرشيد صوفي
عبد الرشيد صوفي
سوره آل عمران را با صدای عبد العزيز الزهراني
عبدالعزيز الزهراني
سوره آل عمران را با صدای عبد الله بصفر
عبد الله بصفر
سوره آل عمران را با صدای عبد الله عواد الجهني
عبد الله الجهني
سوره آل عمران را با صدای علي الحذيفي
علي الحذيفي
سوره آل عمران را با صدای علي جابر
علي جابر
سوره آل عمران را با صدای غسان الشوربجي
غسان الشوربجي
سوره آل عمران را با صدای فارس عباد
فارس عباد
سوره آل عمران را با صدای ماهر المعيقلي
ماهر المعيقلي
سوره آل عمران را با صدای محمد أيوب
محمد أيوب
سوره آل عمران را با صدای محمد المحيسني
محمد المحيسني
سوره آل عمران را با صدای محمد جبريل
محمد جبريل
سوره آل عمران را با صدای محمد صديق المنشاوي
المنشاوي
سوره آل عمران را با صدای الحصري
الحصري
سوره آل عمران را با صدای العفاسي
مشاري العفاسي
سوره آل عمران را با صدای ناصر القطامي
ناصر القطامي
سوره آل عمران را با صدای وديع اليمني
وديع اليمني
سوره آل عمران را با صدای ياسر الدوسري
ياسر الدوسري


Sunday, December 22, 2024

به قرآن کریم چنگ بزنید