Fatır suresi çevirisi Cava dili

  1. Suresi mp3
  2. Başka bir sure
  3. Cava dili
Kuranı Kerim türkçe meali | Kur'an çevirileri | Cava dili dili | Fatır Suresi | فاطر - Ayet sayısı 45 - Moshaf'taki surenin numarası: 35 - surenin ingilizce anlamı: The Originator.

الْحَمْدُ لِلَّهِ فَاطِرِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ جَاعِلِ الْمَلَائِكَةِ رُسُلًا أُولِي أَجْنِحَةٍ مَّثْنَىٰ وَثُلَاثَ وَرُبَاعَ ۚ يَزِيدُ فِي الْخَلْقِ مَا يَشَاءُ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلَىٰ كُلِّ شَيْءٍ قَدِيرٌ(1)

 Sakabehaning puji iku kagungane Allah, kang gawe bumi lan langit sarta kang ngutus Malaikat kang padha mawa suwiwi ana kang ngeloro, nelu, lan papat ana kang ditambahi ciptane maneh sakparenge kersaning Allah. Satemene Allah iku nguwasani samu barang

مَّا يَفْتَحِ اللَّهُ لِلنَّاسِ مِن رَّحْمَةٍ فَلَا مُمْسِكَ لَهَا ۖ وَمَا يُمْسِكْ فَلَا مُرْسِلَ لَهُ مِن بَعْدِهِ ۚ وَهُوَ الْعَزِيزُ الْحَكِيمُ(2)

 Sadhengah rahmat kang diparingake dening allah marang manungsa (kaya dene rizki, banyu udan lan sapadhane) iku ora ana kang bisa ngalangi. Dene menawa Allah karsa mepet rahmat, mesthi ora ana kang bisa ngelungakake rahmat mau. Allah iku Maha Mulya tur Wicaksana

يَا أَيُّهَا النَّاسُ اذْكُرُوا نِعْمَتَ اللَّهِ عَلَيْكُمْ ۚ هَلْ مِنْ خَالِقٍ غَيْرُ اللَّهِ يَرْزُقُكُم مِّنَ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ ۚ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ فَأَنَّىٰ تُؤْفَكُونَ(3)

 He para manungsa, sira padha elinga peparinging Allah kabungahan marang sira. Apa anata liyane Allah kang bisa gawe utawa nganakake barng - barang kang dumadi? Utawa aweh rizki marang sira saka ing langit utawa thetukulaning bumi (mangsa anaha). Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah. Kapriye anggonira balekake

وَإِن يُكَذِّبُوكَ فَقَدْ كُذِّبَتْ رُسُلٌ مِّن قَبْلِكَ ۚ وَإِلَى اللَّهِ تُرْجَعُ الْأُمُورُ(4)

 Menawa wong kafir padha maido marang sira, iku ora handhewekake. Para Rasul sadurunge sira, iya dipaido dening para ummate. Semu barang perkara iku, besuk ana ing akherat dibalekake konjuk ing Allah kang kuwasa ngerampungi

يَا أَيُّهَا النَّاسُ إِنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ ۖ فَلَا تَغُرَّنَّكُمُ الْحَيَاةُ الدُّنْيَا ۖ وَلَا يَغُرَّنَّكُم بِاللَّهِ الْغَرُورُ(5)

 He para manungsa, prasetyaning Allah bakal anane dina qiyamat mesthi bakal kelakon temenan. Mulane sira aja kajelemprong kasengsem kabungahan ing donya, lan aja manut panggodhaning syetan ngalirwakake parintahing Allah

إِنَّ الشَّيْطَانَ لَكُمْ عَدُوٌّ فَاتَّخِذُوهُ عَدُوًّا ۚ إِنَّمَا يَدْعُو حِزْبَهُ لِيَكُونُوا مِنْ أَصْحَابِ السَّعِيرِ(6)

 Satemene syetan iku satrunira, mulane hiya sira sateru. Kang mesthi syetan mau ngajak - ajak wong kang dikumpuli supaya dadiya isene neraka sya’ir

الَّذِينَ كَفَرُوا لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيدٌ ۖ وَالَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ لَهُم مَّغْفِرَةٌ وَأَجْرٌ كَبِيرٌ(7)

 Sarupane wong kafir iku bakal padha dipatrapi siksa kang abot. Dene sarupane wong mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik, iku bakal padha oleh pangapura kaluputane lan oleh ganjaran gedhe

أَفَمَن زُيِّنَ لَهُ سُوءُ عَمَلِهِ فَرَآهُ حَسَنًا ۖ فَإِنَّ اللَّهَ يُضِلُّ مَن يَشَاءُ وَيَهْدِي مَن يَشَاءُ ۖ فَلَا تَذْهَبْ نَفْسُكَ عَلَيْهِمْ حَسَرَاتٍ ۚ إِنَّ اللَّهَ عَلِيمٌ بِمَا يَصْنَعُونَ(8)

 Wong kang kena panggodhaning syetan, banjur kasengsem lakune kang hala, pangersane iku prayoga. Satemene Allah iku nasarake wongkang dadi parenging kersane. Mulane ngati - atia aja nganti kerusakan awakira dening cilaka. Satemene Allah iku nguningani samu barang kang apdha dilakoni dening manungsa

وَاللَّهُ الَّذِي أَرْسَلَ الرِّيَاحَ فَتُثِيرُ سَحَابًا فَسُقْنَاهُ إِلَىٰ بَلَدٍ مَّيِّتٍ فَأَحْيَيْنَا بِهِ الْأَرْضَ بَعْدَ مَوْتِهَا ۚ كَذَٰلِكَ النُّشُورُ(9)

 Allah iku kang ngidikake angin, ngimpun mega kang banjur dadi udan. Udan mau Ingsun siramake negara utawa lemahan kang mati. Ingsun anggo nguripake palemahan kang mati (bera). Besuk anggoningsun nguripake wong kang wis padha mati hiya kaya mangkono

مَن كَانَ يُرِيدُ الْعِزَّةَ فَلِلَّهِ الْعِزَّةُ جَمِيعًا ۚ إِلَيْهِ يَصْعَدُ الْكَلِمُ الطَّيِّبُ وَالْعَمَلُ الصَّالِحُ يَرْفَعُهُ ۚ وَالَّذِينَ يَمْكُرُونَ السَّيِّئَاتِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيدٌ ۖ وَمَكْرُ أُولَٰئِكَ هُوَ يَبُورُ(10)

 Sing sapa kepengin mulya, nyuwuna kamulyan ing Allah, awit kamulyan iku kabeh kagungane Allah. Dene pangucap kang becik (Laa Ilaaha Illallah) konjuk ing allah. Pangucap becik mahu ngunjukake kabecikan ing Allah. Sarupane wong kang ngelakoni panggawe hala bakal padha dipatrapi siksa abot pihalane wong mahu ana akhirat bakal jugar

وَاللَّهُ خَلَقَكُم مِّن تُرَابٍ ثُمَّ مِن نُّطْفَةٍ ثُمَّ جَعَلَكُمْ أَزْوَاجًا ۚ وَمَا تَحْمِلُ مِنْ أُنثَىٰ وَلَا تَضَعُ إِلَّا بِعِلْمِهِ ۚ وَمَا يُعَمَّرُ مِن مُّعَمَّرٍ وَلَا يُنقَصُ مِنْ عُمُرِهِ إِلَّا فِي كِتَابٍ ۚ إِنَّ ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ يَسِيرٌ(11)

 Allah iku kang gawe sira saka lemah. Banjur gawe awakira saka nutfah (mani). Sira iku digawe warna - warna, lang lan wadon. Dene wong wadon anggone meteng lan ngelahirake bayi mesthi titis lan kaweruhake Allah. Dene umure siji - sijining wong lan suda wuwuhing umure mesthi tinulis ana kitab. Kang mangkono mahu kanggone Allah gampang

وَمَا يَسْتَوِي الْبَحْرَانِ هَٰذَا عَذْبٌ فُرَاتٌ سَائِغٌ شَرَابُهُ وَهَٰذَا مِلْحٌ أُجَاجٌ ۖ وَمِن كُلٍّ تَأْكُلُونَ لَحْمًا طَرِيًّا وَتَسْتَخْرِجُونَ حِلْيَةً تَلْبَسُونَهَا ۖ وَتَرَى الْفُلْكَ فِيهِ مَوَاخِرَ لِتَبْتَغُوا مِن فَضْلِهِ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ(12)

 Segara loro, tawa lan asin, ora padha marata. Sira delenga iku banyu tawa bening seger diombe, dene iki banyu asin kang letih. Sira bisa oleh pangan rupa iwak saka siji - sijining segara mahu. Uga bisa oleh raja pati kanggo rerenggan kayata mutiara, lan marjan. Mangkono maneh sira handeleng perahu padha mlaku ana segara sira anggo dagang ngupaya sih paringing Allah yaiku rizki, supaya sira padha syukur ing Allah

يُولِجُ اللَّيْلَ فِي النَّهَارِ وَيُولِجُ النَّهَارَ فِي اللَّيْلِ وَسَخَّرَ الشَّمْسَ وَالْقَمَرَ كُلٌّ يَجْرِي لِأَجَلٍ مُّسَمًّى ۚ ذَٰلِكُمُ اللَّهُ رَبُّكُمْ لَهُ الْمُلْكُ ۚ وَالَّذِينَ تَدْعُونَ مِن دُونِهِ مَا يَمْلِكُونَ مِن قِطْمِيرٍ(13)

 Allah ngelajokake wengi marang awan, sarta awan marang wengi, apa dene marentah marang srengenge lan rembulan, kabeh padha melaku ana ing cakrawalene nganti qiyamat. Hiya iku Allah Pangeranira kang Kagungan Keraton. Dene brahala kang padha sira anggep pangeran liyane Allah, iku ora duwe apa - apa. Sanajan mung kelamudaning isi bae hiya ora duwe

إِن تَدْعُوهُمْ لَا يَسْمَعُوا دُعَاءَكُمْ وَلَوْ سَمِعُوا مَا اسْتَجَابُوا لَكُمْ ۖ وَيَوْمَ الْقِيَامَةِ يَكْفُرُونَ بِشِرْكِكُمْ ۚ وَلَا يُنَبِّئُكَ مِثْلُ خَبِيرٍ(14)

 Brahala mau manawa sira undang, ora bisa krungu. Upama krungu ora bisa mangsuli pangundangira. Besuk dina qiyamat brahala mau padha ngelaki anggonira maro tingal nyembah brahala mau, apadene ora bisa pitutur apa - apa marang sira. Ora kaya Allah kang waspada marang samu barang

۞ يَا أَيُّهَا النَّاسُ أَنتُمُ الْفُقَرَاءُ إِلَى اللَّهِ ۖ وَاللَّهُ هُوَ الْغَنِيُّ الْحَمِيدُ(15)

 He manungsa, sira iku butuh marang kabecikaning Allah. Dene Allah ora pisan butuh apa - apa marang liyane wis benere Allah hangalembana kabecikane

إِن يَشَأْ يُذْهِبْكُمْ وَيَأْتِ بِخَلْقٍ جَدِيدٍ(16)

 Manawa ana parenge karsaning Allah sira iku disirnakake kabeh. allah banjur nganakake titah anyar

وَمَا ذَٰلِكَ عَلَى اللَّهِ بِعَزِيزٍ(17)

 Kelakone kang mangkono mau mungguhing Allah ora angel

وَلَا تَزِرُ وَازِرَةٌ وِزْرَ أُخْرَىٰ ۚ وَإِن تَدْعُ مُثْقَلَةٌ إِلَىٰ حِمْلِهَا لَا يُحْمَلْ مِنْهُ شَيْءٌ وَلَوْ كَانَ ذَا قُرْبَىٰ ۗ إِنَّمَا تُنذِرُ الَّذِينَ يَخْشَوْنَ رَبَّهُم بِالْغَيْبِ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ ۚ وَمَن تَزَكَّىٰ فَإِنَّمَا يَتَزَكَّىٰ لِنَفْسِهِ ۚ وَإِلَى اللَّهِ الْمَصِيرُ(18)

 (Besuk dina qiyamat) siji - sijining wong mau mikul dosane dhewe, ora mikul dosane liyan. Manawa ana wong kabotan mikul dosane dhewe, ora mikul dosane liyan. Manawa ana wong kabotan mikul dosane dhewe banjur hanjaluk tulung marang liyane supaya direwangi mikul, sanajan kang dijaluki tulung iku kalebu sanak sedulure mesthi ora gelem hangrewangi mikul sathithik - thitika. (Muhammad) wong kang sira elingake mung wong kang wedi marang siksane Allah, sanajan siksane ora katon, sarta padha nglakoni sholat. Dene sing sapa ngarah suci kelawan ngabekti ing Allah iku nucekake awake dhewe. Besuk manungsa padha bali marang ngarsane Allah

وَمَا يَسْتَوِي الْأَعْمَىٰ وَالْبَصِيرُ(19)

 Wong wuta lan wong handeleng mesthi ora padha

وَلَا الظُّلُمَاتُ وَلَا النُّورُ(20)

 Padhang lan peteng hiya ora padha

وَلَا الظِّلُّ وَلَا الْحَرُورُ(21)

 Apa dene heyub lan panas hiya mangsa podhoa

وَمَا يَسْتَوِي الْأَحْيَاءُ وَلَا الْأَمْوَاتُ ۚ إِنَّ اللَّهَ يُسْمِعُ مَن يَشَاءُ ۖ وَمَا أَنتَ بِمُسْمِعٍ مَّن فِي الْقُبُورِ(22)

 Wong urip lan mati mesthi ora padha (kaya mangkono sanepane wong mukmin mesthi beda karo wong kafir). Allah gawe pangrungune wong kang dadi parenging kersane. Nanging sira ora bisa gawe pangrungune wong kang ana sajeroning kubur

إِنْ أَنتَ إِلَّا نَذِيرٌ(23)

 Sira iku ora liwat mung juru pepenget bahe

إِنَّا أَرْسَلْنَاكَ بِالْحَقِّ بَشِيرًا وَنَذِيرًا ۚ وَإِن مِّنْ أُمَّةٍ إِلَّا خَلَا فِيهَا نَذِيرٌ(24)

 Satemene anggoningsun ngutus sira iku ferdhune ngelingake siksaningsun lan ngebang - ngebang kelawan ganjaraningsun. Dene sarupane ummat zaman kuna biyen wis mesthi ana nabine dhewe - dhewe kang nyurup - nyurupake

وَإِن يُكَذِّبُوكَ فَقَدْ كَذَّبَ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ جَاءَتْهُمْ رُسُلُهُم بِالْبَيِّنَاتِ وَبِالزُّبُرِ وَبِالْكِتَابِ الْمُنِيرِ(25)

 Menawa wong kafir padha maido (ing Muhammad) iku ora handheweki. Para ummat sadurunge wong kafir iku biyen, uga padha maido marang rasule. Tur para Rasule anggone handhawuhake kitab, kanthi terang lan mu’jizat (kahelokan)

ثُمَّ أَخَذْتُ الَّذِينَ كَفَرُوا ۖ فَكَيْفَ كَانَ نَكِيرِ(26)

 Ingsun banjur nyiksa marang wong kafir kang padha maido mau. Marata (weruha) kapriye bebenduningsun marang wong kafir mau

أَلَمْ تَرَ أَنَّ اللَّهَ أَنزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَخْرَجْنَا بِهِ ثَمَرَاتٍ مُّخْتَلِفًا أَلْوَانُهَا ۚ وَمِنَ الْجِبَالِ جُدَدٌ بِيضٌ وَحُمْرٌ مُّخْتَلِفٌ أَلْوَانُهَا وَغَرَابِيبُ سُودٌ(27)

 Apa sira ora handeleng Allah anggone nurunake banyu udan saka ing langit banjur Ingsun anggo metokake woh - wohan kang warnane beda - beda. Dene dalan pating jelereh ana gungung uga warna - warna ana kang putih lan ana kang abang ireng banget

وَمِنَ النَّاسِ وَالدَّوَابِّ وَالْأَنْعَامِ مُخْتَلِفٌ أَلْوَانُهُ كَذَٰلِكَ ۗ إِنَّمَا يَخْشَى اللَّهَ مِنْ عِبَادِهِ الْعُلَمَاءُ ۗ إِنَّ اللَّهَ عَزِيزٌ غَفُورٌ(28)

 Mangkono uga manungsa lan gegremetan, apa dene raja kaya hiya warna - warna. Dene kawulaning Allah kang mesthi padha bekti ing Allah iku mung para "Ulama". Satemene Allah iku Maha Mulya, ngapura dosa

إِنَّ الَّذِينَ يَتْلُونَ كِتَابَ اللَّهِ وَأَقَامُوا الصَّلَاةَ وَأَنفَقُوا مِمَّا رَزَقْنَاهُمْ سِرًّا وَعَلَانِيَةً يَرْجُونَ تِجَارَةً لَّن تَبُورَ(29)

 Sarupane wong kang taberi maca al-Qur’an kitabe Allah lan hangelakoni sholat apa dene mewehake paparing Ingsun rizki marang wong mahu, kelawan weruh wong akeh utawa ora, padha ngarep - arep mungguh lakune kang mangkon mahu dadiya dagangan kang ora kena tuna

لِيُوَفِّيَهُمْ أُجُورَهُمْ وَيَزِيدَهُم مِّن فَضْلِهِ ۚ إِنَّهُ غَفُورٌ شَكُورٌ(30)

 Supaya Allah maringana ganjaran marang owng mahu lan muwuhana sih kanugerahan. Satemene Allah iku ngapura dosa tur paring syukur

وَالَّذِي أَوْحَيْنَا إِلَيْكَ مِنَ الْكِتَابِ هُوَ الْحَقُّ مُصَدِّقًا لِّمَا بَيْنَ يَدَيْهِ ۗ إِنَّ اللَّهَ بِعِبَادِهِ لَخَبِيرٌ بَصِيرٌ(31)

 Kitab al-Qur’an kang wis Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad), iku nyata bener cocok surasane karo kitab kuna cecekelane (wong Yahudi). Satemene Allah mirsani tur waspada marang para kawulane

ثُمَّ أَوْرَثْنَا الْكِتَابَ الَّذِينَ اصْطَفَيْنَا مِنْ عِبَادِنَا ۖ فَمِنْهُمْ ظَالِمٌ لِّنَفْسِهِ وَمِنْهُم مُّقْتَصِدٌ وَمِنْهُمْ سَابِقٌ بِالْخَيْرَاتِ بِإِذْنِ اللَّهِ ۚ ذَٰلِكَ هُوَ الْفَضْلُ الْكَبِيرُ(32)

 Ingsun banjur handhawuhake kitab al-Qur’an marang kawulaningsun kang pilihan (ummate Muhammad) hewadene ana kang nganiaya marang hawake dhewe hiya iku kang sembrono anggone ngistokake dhawuh. Lana ana uga kang akeh setiya tuhune, apadene ana kang kaduk kabecikane (ora pisan ngelakoni hala) kelawan idzining Allah kang mangono mahu kanugrahan gedhe

جَنَّاتُ عَدْنٍ يَدْخُلُونَهَا يُحَلَّوْنَ فِيهَا مِنْ أَسَاوِرَ مِن ذَهَبٍ وَلُؤْلُؤًا ۖ وَلِبَاسُهُمْ فِيهَا حَرِيرٌ(33)

 Wong telung warna mahu besuk padha mlebu suwarga ’Adn ana kono padha dianggoni gelang emas lan mutiara, dene sandangan sarwa sutra

وَقَالُوا الْحَمْدُ لِلَّهِ الَّذِي أَذْهَبَ عَنَّا الْحَزَنَ ۖ إِنَّ رَبَّنَا لَغَفُورٌ شَكُورٌ(34)

 Wong ing suwarga padha memuji Allah, "Sakabehing puji kagungane Allah kang wis ngilangake kasusahan. Satemene Allah Pangeranku ngapura dosa tur paring Syukur

الَّذِي أَحَلَّنَا دَارَ الْمُقَامَةِ مِن فَضْلِهِ لَا يَمَسُّنَا فِيهَا نَصَبٌ وَلَا يَمَسُّنَا فِيهَا لُغُوبٌ(35)

 Kang wis mernahake aku marang panggonan ana suwarga panggonan kang tetep, ana suwarga aku ora tahu kangelan lan ora tahu sayah

وَالَّذِينَ كَفَرُوا لَهُمْ نَارُ جَهَنَّمَ لَا يُقْضَىٰ عَلَيْهِمْ فَيَمُوتُوا وَلَا يُخَفَّفُ عَنْهُم مِّنْ عَذَابِهَا ۚ كَذَٰلِكَ نَجْزِي كُلَّ كَفُورٍ(36)

 Dene para wong kafir padha dipatrapi siksa neraka jahannam, ora dipungkasi sarana mati lan ora diparingi gambaran siksane. Sarupane wong kafir hiya padha Ingsun patrapi

وَهُمْ يَصْطَرِخُونَ فِيهَا رَبَّنَا أَخْرِجْنَا نَعْمَلْ صَالِحًا غَيْرَ الَّذِي كُنَّا نَعْمَلُ ۚ أَوَلَمْ نُعَمِّرْكُم مَّا يَتَذَكَّرُ فِيهِ مَن تَذَكَّرَ وَجَاءَكُمُ النَّذِيرُ ۖ فَذُوقُوا فَمَا لِلظَّالِمِينَ مِن نَّصِيرٍ(37)

 Wong kafir ana ing neraka padha ngadhuh - adhuh sambate, "Dhuh Pangeran kawula, kawula mugi panjenengan hentasaken saking neraka, kawula sagah ngelampahi pandamel sahe, boten maleh badhe ngelampahi pendhamel hawon, kados ingkang sampun kawula lampahi rumiyin." (Allah banjur melehake) Ingsun apa ora wis maringi ngumur dawa marang sira kang cukup dianggo eling. Sarta sira wis tampa dhawuhing Nabi. Mulane sahiki padha ngrasakna siksa. Wong kafir mangsa duwe handel - handel, kang bisa murungake siksaningsun

إِنَّ اللَّهَ عَالِمُ غَيْبِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ إِنَّهُ عَلِيمٌ بِذَاتِ الصُّدُورِ(38)

 Satemene Allah iku nguningani kang samar - sama ana ing bumi lan langit, Satemene Allah iku nguningani sakrenteging ati

هُوَ الَّذِي جَعَلَكُمْ خَلَائِفَ فِي الْأَرْضِ ۚ فَمَن كَفَرَ فَعَلَيْهِ كُفْرُهُ ۖ وَلَا يَزِيدُ الْكَافِرِينَ كُفْرُهُمْ عِندَ رَبِّهِمْ إِلَّا مَقْتًا ۖ وَلَا يَزِيدُ الْكَافِرِينَ كُفْرُهُمْ إِلَّا خَسَارًا(39)

 Allah iku kang paring panggonan marang sira ana bumi hanggenteni wong kang wis padha mati. Sing sapa kafir patrapane bakal disongga dhewe, kafire mau mung arep nambahi siksa marang awake lan ngarsane Pangerane, lan bakal nambahi kapitunan marang awake dhewe

قُلْ أَرَأَيْتُمْ شُرَكَاءَكُمُ الَّذِينَ تَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ أَرُونِي مَاذَا خَلَقُوا مِنَ الْأَرْضِ أَمْ لَهُمْ شِرْكٌ فِي السَّمَاوَاتِ أَمْ آتَيْنَاهُمْ كِتَابًا فَهُمْ عَلَىٰ بَيِّنَتٍ مِّنْهُ ۚ بَلْ إِن يَعِدُ الظَّالِمُونَ بَعْضُهُم بَعْضًا إِلَّا غُرُورًا(40)

 (Muhammad) Dhawuha marang wong kafir, "Apa kowe wis padha ndeleng brahala kang dianggep Pangeran saliyane Allah. Tuduhna isen - isening bumi iki kang gawehane brahala sing endi? Apa brahala mau melu gawe langit? Apa brahala mau diapringi cekelan kitab kang mratelakake yen brahala mau melu jumenenge Pangeran" (mukal yen mangono). Wong kafir padha golong karo kancane. Yen brahala iku bakal bisa hambumbung prakara ana ngarsane Allah iku luput

۞ إِنَّ اللَّهَ يُمْسِكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ أَن تَزُولَا ۚ وَلَئِن زَالَتَا إِنْ أَمْسَكَهُمَا مِنْ أَحَدٍ مِّن بَعْدِهِ ۚ إِنَّهُ كَانَ حَلِيمًا غَفُورًا(41)

 Allah ngukuhake hadeging bumi lan langit kelawan panguasane, ora pisa bisa rubuh utawa jomplang. Upama bumi langit rubuh utawa jomplang mesthi ora ana sing bisa ngukuhake liyane Allah. Satemene ALlah welas - asih lan ngapura dosa

وَأَقْسَمُوا بِاللَّهِ جَهْدَ أَيْمَانِهِمْ لَئِن جَاءَهُمْ نَذِيرٌ لَّيَكُونُنَّ أَهْدَىٰ مِنْ إِحْدَى الْأُمَمِ ۖ فَلَمَّا جَاءَهُمْ نَذِيرٌ مَّا زَادَهُمْ إِلَّا نُفُورًا(42)

 Wong kafir padha supata pethenthengan nyebut asmaning Allah, sanggem menawa ana Rasul teka mulang marang wong mahu. Mesthi bakal netepi pituduh bener (ngungkuli marang wong Yahudi lan Nasrani bareng wis ditekani Rasul/Muhammad) wong - wong malah padha mundhak munyal - munyal

اسْتِكْبَارًا فِي الْأَرْضِ وَمَكْرَ السَّيِّئِ ۚ وَلَا يَحِيقُ الْمَكْرُ السَّيِّئُ إِلَّا بِأَهْلِهِ ۚ فَهَلْ يَنظُرُونَ إِلَّا سُنَّتَ الْأَوَّلِينَ ۚ فَلَن تَجِدَ لِسُنَّتِ اللَّهِ تَبْدِيلًا ۖ وَلَن تَجِدَ لِسُنَّتِ اللَّهِ تَحْوِيلًا(43)

 Padha gumedhe ana bumi sartapadha nglakoni panggawe hala maeka marang utusane Allah, nanging ora pisan melarati pahekane mau, malah melarati marang awake dhewe lan amrang wangsane. wong kafir mung ngenteni siksane Allah. Kaya kang wis ditindakake marang ummat zaman kuna. Awit sira wis weruh yen pranataning Allah ora kena diowahi, uga siksane Allah ora kena diowahi

أَوَلَمْ يَسِيرُوا فِي الْأَرْضِ فَيَنظُرُوا كَيْفَ كَانَ عَاقِبَةُ الَّذِينَ مِن قَبْلِهِمْ وَكَانُوا أَشَدَّ مِنْهُمْ قُوَّةً ۚ وَمَا كَانَ اللَّهُ لِيُعْجِزَهُ مِن شَيْءٍ فِي السَّمَاوَاتِ وَلَا فِي الْأَرْضِ ۚ إِنَّهُ كَانَ عَلِيمًا قَدِيرًا(44)

 Dheweke apa ora hanjajah ing bumi supaya weruh patilasane wong kuna biyen sadurunge. (kang padha ditumpes dening Allah marga anggone madio rasule). Tur wong kuna mau gagah prakosane ngungkuli dheweke? Hisen - hisening bumi lan langit ora ana kang bisa ngapesake Allah, murungake anggone nyiksa wong kang dadi parenging kersane. Satemene Allah iku nguningani samu barang tur kuasa

وَلَوْ يُؤَاخِذُ اللَّهُ النَّاسَ بِمَا كَسَبُوا مَا تَرَكَ عَلَىٰ ظَهْرِهَا مِن دَابَّةٍ وَلَٰكِن يُؤَخِّرُهُمْ إِلَىٰ أَجَلٍ مُّسَمًّى ۖ فَإِذَا جَاءَ أَجَلُهُمْ فَإِنَّ اللَّهَ كَانَ بِعِبَادِهِ بَصِيرًا(45)

 Upama Allah matrapi manungsa kelawan sabenering kaluputan kang wis padha dilakoni , mesthi ora ana gegremetan ana lumahing bumi kang keliwatan kabeh sira. Hewa dene kersaning Allah ora mangkono. Penyiksaning manungsa disrantekake tekaning wewangen kang tinemtokake (Hiya iku besuk dina qiyamat). Besuk yen wis tekan wewangene Allah mesthi mirsani para kawulane


Cava dili diğer sureler:

Bakara suresi Âl-i İmrân Nisâ suresi
Mâide suresi Yûsuf suresi İbrâhîm suresi
Hicr suresi Kehf suresi Meryem suresi
Hac suresi Kasas suresi Ankebût suresi
As-Sajdah Yâsîn suresi Duhân suresi
fetih suresi Hucurât suresi Kâf suresi
Necm suresi Rahmân suresi vakıa suresi
Haşr suresi Mülk suresi Hâkka suresi
İnşikâk suresi Alâ suresi Gâşiye suresi

En ünlü okuyucuların sesiyle Fatır Suresi indirin:

Surah Fatir mp3: yüksek kalitede dinlemek ve indirmek için okuyucuyu seçerek
Fatır Suresi Ahmed El Agamy
Ahmed El Agamy
Fatır Suresi Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
Fatır Suresi Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
Fatır Suresi Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
Fatır Suresi Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
Fatır Suresi Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
Fatır Suresi Ali Al Hudhaifi
Ali Al Hudhaifi
Fatır Suresi Fares Abbad
Fares Abbad
Fatır Suresi Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
Fatır Suresi Muhammad Jibril
Muhammad Jibril
Fatır Suresi Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
Fatır Suresi Al Hosary
Al Hosary
Fatır Suresi Al-afasi
Mishari Al-afasi
Fatır Suresi Nasser Al Qatami
Nasser Al Qatami
Fatır Suresi Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Sunday, November 24, 2024

Bizim için dua et, teşekkürler