85 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﭥﭦ
40:1 Haa Miim
ﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭ
40:2 Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulia tur nguningani samu barang
ﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾ
40:3 Kang kuasa ngapura dosa lan narima tobat, tur kang siksane abot. Kang kagungan kasugihan tur kepareng paring kabungahan warna - warna. Ora ana sesembahan kang bener kajaba Allah piyambak. Samu barang iki ing tembe padha bali marang ngarsane Allah
ﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌ
40:4 Ora ana kang madoni al-Quran kajaba wong kafir, mulane sira aja kalorob anggone lunga-teka (bebas) saka kutho siji marang kutho liyane
ﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥ
40:5 Sakdurunge dheweke, para ummate Nuh lan para kumpulan sawuse padha maido marang Rosule, siji - sijining ummat mahu padha madoni kelawan nasar murih sirnane agama kang bener. Wusana ummat mau padha Ingsun tumpes. Mara sira pikira kapriye kahanane siksaningsun
ﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰ
40:6 Wis mangkono Pangandikane Allah Pangeranira, nemtokake saruane wong kafir padha dadi hisining neraka
ﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯮ
40:7 (Malaikat) kang padha mikul ’Arsy lan kang padha baris ana kiwa tengene padha nyebut Maha Suci memuji ing Allah Pangerane, padha setiya tuhu ing Allah, sarta padha nyuwunake pangapura kaluputane wong kang padha percaya Allah tembunge, "Pangeran kawula pangawikan saha ramat paduka langkung jembar maradini samu kawis. Paduka mugi ngapuraha kaleparanipun para kawula ingkang sami tobat, sarta sami manut margi panjenengan (agama Islam).Mugi kareksa saking siksa neraka Jahim
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢ
40:8 Pangeran, kawula para Mukmin sadaya dalah para leluhuripun bojonipun para turunipun ingkang alampah sahe, mugi paduka parengaken mlebet suwarga. Ingkang sampun Paduka prasetyakaken badhe kaparingaken dhumateng kula sadaya. Paduka punika Maha mulya tur wicaksana
ﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱ
40:9 Para luhuripun, turunipun, bojonipun para mukmin mugi paduka reksa sampun ngantos kenging patrapipun tiyang nglampahi awon. Patrapan dinten punika sinten ngatos - ngatos boten nglampahi pihawon, temtu angsal sih paduka. Makaten punika nama kabegjan ageng
ﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁ
40:10 Sarupane wong kafir padha didhawuhi mangkene: "Siksaning Allah marang kowe luwih abot tinimbang anggonmu nyiksa marang awakmu dhewe. Awit biyen kowe didhawuhi percaya ing Allah nanging padha maido
ﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏ
40:11 Wong kafir matur, "Pangeran, kawula punika paduka pejahi rambah kaping kalih, sarta panjenengan gesangaken ugi kaping kalih. Sapunika kula ngakeni kalepatan kawula sadaya. Punapa kepareng sakpunika nyuwun medal saking neraka. Lajeng wangsul dhateng donya
ﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠ
40:12 Anane siksa mangkono mahu marga manawa Allah piyambak disebut tanpa nyebut brahala, sira padha maido. Nanging manawa anggone nyebut Allah mau dibarengi nyebut brahala sira padha percaya. Dene hukum siksa iku ana panguasane Allah kang Maha Luhur tur Maha Agung
ﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰ
40:13 Allah kang nuntun sira marang tandha yekti pirang - pirang. Sarta nurunake rizki saka langit. Dene kang ngestokake pitutur iki kajaba wong - wong kang padha bali (marang Allah)
ﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚ
40:14 Mula sira padha nyembaha Allah kalawan suci murni ngawula marang Panjenengane, sanadiyan wong kafir padha gething
ﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫ
40:15 Allah iku kang junjung derajat wong mukmin ana suwarga tur kang yasa ’Ars, kang ngutus Jibril kanthi ngasta dhawuhe (pangandikane Allah) marang kawulane kang dadi parenging kersane, supaya ngelingake marang manungsa bakal kelakone Qiyamat
ﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾ
40:16 Hiya iku dina nalikane wong kang wis mati padha tangi saka kubure. Ing kono Allah ora kasamaran sethithik - thithika marang wong kang padha tangi saka kubur mau. Ing dina iku kang nguwasani (jumeneng - marintah) mung Allah kang Esa lan Masesa
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠ
40:17 Ing dina iku sarupane wong padha diwales miturut kang wis dilakoni nalika ing donya. Ora ana wong kang kinaniaya. Satemene Allah rikat panimbange
ﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱ
40:18 Manungsa padha sira elinga dina Qiyamat, nalika atine manjuluk tekan gulu saking weine, sakehing wong padha nekem gulune. Sarupane wong kafir ora duwe mitra lan handel - handel kang mikolehake
ﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸ
40:19 Allah nguningani (pandelenging) mripat kang khianat lan krenteking ati
ﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊ
40:20 Allah ngukumi kelawan ’adil. Dene brahala kang disembah dening wong kafir ora bisa ngukumi apa - apa, Allah iku miyarsa tur ningali sapari polahe lan pangucape
ﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫ
40:21 Apa dheweke (kafir) padha ora hanjajah bumi, yen hanjajah mesthi weruh patilasane wong kuna pirang - pirang kang padha dirusak dening Allah marga dosane. Kapriye wekasane para ummat zaman kuna sadurunge wong kafir. Dheweke duwe kekuatan luwih hebat lan (luwih akeh) patilasane ana ing bumi. Hewadene Allah nyiksa wong mau marga dosane. Dheweke tanpa daya lan ora duwe mitra kang ngreksa awake nulak siksane Allah
ﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛ
40:22 Anane siksa mangkono mau, awit para ummat kuna katekan rasule kanthi tandha yekti pirang - pirang nanging padha maido mulane Allah ngrusak ummat mau. Satemene Allah iku santosa sarta siksane abot
ﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢ
40:23 Ingsun temen wis ngutus Musa kanthi tonda yekti pirang - pirang lan wewaton kang nyata
ﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪ
40:24 Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir’aun lan Haman lan Qarun. Nanging kabeh padha ngucap, "Musa iku jur sihir, pangucape kabeh goroh
ﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿ
40:25 Bareng Musa menehi tandha yekti saka ngarsaningsun (Fir’aun lan Haman) banjur parintah balane, "Wong kang percaya marang Musa lan anake lanang padha patenana. Nanging anake wadon ben padha urip". Hewa dene pahekane wong kafir mau tanpa gawe
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤ
40:26 Fir’aun dhawuh, "Aku togna bae. Musa tak patenane. Hiya sambata Pangerane, aku mongsa wediya, awit aku kuatir bok menawa Musa bakal ngijoli agamamu lan gawe rusak ana bumi
ﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲ
40:27 Musa dhawuh (marang Bani Israil), "Satemene aku ngayom ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu. Supaya aja nganti kena pahekane wong kang padha gumedhe. Ora percaya marang Qiyamat
ﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝ
40:28 Ing kono ana wong mukmin klebu sentanane Fir’aun, percaya ing Allah kelawan delikan, matur marang Fir’aun, "Manapa panjenegan padha mejahi tiyang jaler dupeh wicanten Pangeranku Allah. Ing mangkono sowanipun Musa dhateng panjenengan kanthi tandha yekti kehelokan pinten - pinten saking Pangeran. Manawi Musa dora temtu badhe tinempuh siksa patrapipun anggenipun dora (duraka). Dene menawi Musa wahu temen lan panjenengan pahiben badhe tinempuh dosa, ingkang dipun ancamaken Allah utawi Musa. Sayektosipun Allah boten kersa nedahaken margi ingkang leres dhateng tiyang ingkang kasangeten anggenipun mahiben
ﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚ
40:29 (Musa ngandika), "Para sedherek, ing dinten punika sampyan sami luhur, menang wonten bumi Mesir. Kaluhuran sarta kamenangan ingkang samanten wahu, mugi sampun karisak piyambak. Bokmenawi kedhatengan siksaning Allah, sinten ingkang kuwawi tetulung dhateng kula?" Fir’aun mangsuli, "Anggonku gelarake rembug iki, meetu saka pamikir kang bening, aku ora nasarake nanging nuduhake dalan bener
ﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥ
40:30 Wong mukmin mau celathu, "Para sedherek, kula kuwatos bokmenawi panjenengan tinempuh siksa kados para ummat kina rumiyin ingkang pepanthan
ﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵ
40:31 Kados siksaning para ummatipun Nuh lan tiyang ’Aad, punapa dene tiyang Tsamud rumiyin". Sarta siksanipun para tiyang kafir sasampunipun ummat kina ingkang kasebat wahu. Allah punika boten pisan remen nganiaya para kawulanipun
ﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼ
40:32 Para sadherek, kula nguwatosaken dhateng panjenengan kados pundi polah panjenengan benjing qiyamat
ﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌﰍﰎ
40:33 Nalika panjenengan mundur saking tampi karampunging Allah, nunten dipun cemplungaken neraka. Panjenengan boten gadhah handel - handel ingkang nulak siksaning Allah. Sinten ingkang dipun pesthi kesasar dening Allah, mesthi boten saged ingkang nedhahaken margi leres
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱ
40:34 Kala rumiyin panjenengan sampun kedhatengan Yusuf kanthi tandha yekti pinten - pinten nanging sampeyan maiben dhateng dhawuhipun. Sareng sampun seda sampeyan sami wicanten, "Sanadyan sapungkure Yusuf, Allah ora bakal ngutus Rasul". Inggih makaten punika Allah anggenipun nasaraken tiyang ingkang kasangaten mamang dhateng agama
ﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋ
40:35 Inggih punika tiyang ingkang sami mabeni ayating Allah tanpa wewantah tandha yekti paringing Allah. Pabenipun ingkang mekaten wahu menggahing Allah lan para mukmin badhe ageng siksanipun. Kados mekaten punika Allah anggenipun mesthi dhateng manahipun tiyang ingkang gumedhe sadaya
ﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕ
40:36 Fir’aun banjur dhawuh, "Hai Hama, aku gawekna panggung dhuwur supaya bisa munggah tekan lawang pirang - pirang
ﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯ
40:37 Hiya iku lawang - lawang langit bok menawa bisa ketemu karo Pangerane Musa. Kiraku kandhane Musa mau goroh. Wis mangkono karsaning Allah. Fir’aun kena godha. Dhemen banget nglestarekake anggone nglakoni penggawe hala. Firaun disasarake saka ing dalan bener. Lekase Fir’aun ngreka daya (ngarah sirnane Musa) tanpa gawe
ﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙ
40:38 Lan (wong kang percaya marang Musa) celathu, "Para sadherek, sampyan manut dhateng kula. Kula tedahaken margi ingkang leres
ﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥ
40:39 Para sadherek, gesang wonten donya punika kabingahan namung sawatawis mongsa, dene gesang wonten akherat punika panggenan ingkang tetep sayektos
ﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾ
40:40 Sinten ingkang nglampahi awon, patrapanipun boten langkung samurwating kalepatanipun. Nanging sinten ingkang ngelampahi kasahenan jaler utawi estri uger tiyang mukmin mesthi mlebet suwarga, wonten ing ngriku sami dipun paringi rizki tanpa wates
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛ
40:41 Para sadherek, sampeyan sami kula jak wilujeng. Kenging punapa sampeyan sami ngajak kula dhateng neraka
ﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫ
40:42 Sampeyan sami ngajak - ngajak kula supados kafir mahiben malih tingal ing Allah, nyembah brahala ingkang kula boten sumerap kateranganipun. Kang mongko kula ngajak - ajak dhateng sampeyan supados sumungkem nyembah Allah ingkang Maha Mulya tur ngapura dosa
ﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂ
40:43 Sampun mesthi kemawon anggen sampeyan ngajak kula nyembah brahala punika tanpa guna. Awit brahala punika wonten donya boten nedha dipun sembah, wonten akherat badhe nyelaki panyembah sampeyan ing benjing kula sampeyan badhe wangsul dhateng ngarsaning Allah. Dene para kafir sami dipun cemplungaken dhateng neraka
ﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑ
40:44 Benjing yen sampeyan sampun ningali neraka mesthi kengetan atur kula. Kula nyumanggakaken kawontenanipun badan kula punika dhateng Allah. Sayektosipun Allah punika mirsani dhateng para kawulanipun
ﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝ
40:45 Allah ngreksa marang wong lanang mukmin mahu, kalis saka pihalane Fir’aun anggone ngancam arep mateni. Fir’aun sabalane padha tinempuh siksa kang hala
ﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬ
40:46 (Pangandikaning Allah), Fir’aun sabalen sawise padha mati saben isuk lan sore padha dikon ngicipi siksa neraka, nganti Qiyamat. Dhawuhing Allah, "Fir’aun sabalane padha cemplungna ing neraka. Siksa kang luwih dening abot
ﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡ
40:47 (Muhammad) Sira nyeritakna ana akherat nalikane wong neraka padha grejegan karo kancane. Wong mong helu - helu bae. Padha celathu marang wong kang gumedhe, "Anggonku kafir biyen mung manut marang kowe. Saiki piye apa kowe bisa nulak neraka iki
ﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮ
40:48 Wong kang gumedhe padha mangsuli, "Apa kang kok ucapake kowe weruh dhewe. Aku lan kowe padha ana neraka. Satemene Alah wis nindakake kebenaran marang para kawulane
ﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼ
40:49 Wong kang ana neraka padha matur marang para malaikat kang rumeksa neraka, "Kula panjenengan suwunaken dhateng Pangeran sampeyan supados kula dipun paringana mayar. Sadinten kemawon kula boten kuwawi awerating siksa
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤ
40:50 Para malaikat mangsuli, "Apa biyen kowe ora diterangake dening Rasulmu kanthi pirang - pirang tandha yekti?". Padha mangsuli, "Inggih sampun dipun terangake". Malaikat mangsuli, "Yen mangkono padha nyuwuna dhewe - dhewe ing Allah". Nanging panyuwune wong kafir ora bakal diparengake
ﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰ
40:51 (Pangandikaning Allah), "Ingsn paring pitulung marang utusaningsun lan para mukmin ana donya lan besuk ana akherat
ﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼ
40:52 Hiya iku dina nalikane wong kang nganiaya ora ana gunane maneh padha nyuwun ngapura, padha kena bebendune Allah lan panggonan (neraka) mau panggonan kang hala dhewe tumrap dheweke
ﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅ
40:53 Ingsun wis paring pituduh bener marang Musa (hiya iku kitab Taurat). Sapungkure Musa wong Bani Israil padha Ingsun parengake lestari nganggo wewaton Kitab
ﮆﮇﮈﮉﮊ
40:54 Minangka pituduh bener lan dadi wewulang marang wong kang ana akale
ﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗ
40:55 (Muhammad) sira shabara, prasetyane Allah bakal paring pitulung marang para kekasihe iku temen. Sira mung nyuwuna pangapuraning dosanira. Lan nyebuta Maha Suci memuji ing Pangeranira ing wayah esuk lan sore
ﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱ
40:56 Sarupane wong kang madoni ayating Allah tanpa tandha yekti paparinging Allah. Wong mangkono mahu atine kisenan gumedhe kumudu ngungkuli sira. Sira banjur ngayom (nyuwun rineksa) ing Allah dikalisake saka pihalane wong gumedhe mahu. Allah iku miyarsa tur mirsani
ﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟ
40:57 Gawe bumi lan langit kang samono gedhene iku luwih angel tinimbang gawe manungsa (ewa dene Allah kaleksanan) nanging akeh - akehing uwong ora weruh kang mangkono mau
ﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮ
40:58 Lan mesthi ora padha wong wuta lan wong awas, mengkono maneh wong mukmin kang padha ngelakoni penggawe becik hiya ora padha wong ala. Hewa dene wong kang pasrah pitutur iki mung sethithik banget
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜ
40:59 Dina Qiyamat (inggal lawas) mesthi kelakon. Ora sumeleng bakal kelaksanane, hewa dene akeh wong kang ora ngandel
ﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫ
40:60 Allah pangeranira ngandika, "Sira padha nyuwuna marang Ingsun, Ingsun bakal marengake panyuwunira". Sarupane wong kang gumedhe, ngemohi nyembah marang Ingsun, bakal dicemplungake neraka jahannam tanpa aji
ﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁ
40:61 Allah iku kang nganakake wengi kanggo palerenan sarta nganakake awan padhang (kanggo nindhake sabarang panggawean). Allah iku paring kanugrahan marang manungsa, hewa dene akeh wong kang ora syukur
ﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏ
40:62 Kang mangkono mahu Allah Pangeranira hiya iku kang gawe samubarang iki kabeh. Ora ana sesembahan kelawan bener kejaba mung Allah, kapriye anggonira arep ngemahi nyembah Allah
ﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗ
40:63 Mangkono mahu wong kang maido ayating Allah padha disingkirake saka rahmate Allah
ﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯ
40:64 Allah iku kang ngenengake bumi kanggo papan panggonanira apa dene ngenekake langit prasasat dadi payon, wis ngenekake sira, gawe becik rupanira, paring rizki pangan kang enak - enak, mangkono iku Allah Pangeranira Allah Pangerane alam kabeh Maha Luhur
ﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠ
40:65 Allah iku kang gesang, ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah, sira padha nyembaha sarta nyuwuna ing Allah ngelakonona Agama mligi konjuk ing Allah. Sakehing puji kagungane Allah, Pangerane alam kabeh
ﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶ
40:66 (Muhammad) Dhawuha, "Sawise aku diparingi tandha yekti yen Allah iku mung siji, aku dilarangi nyembah liyane Allah, sawise teka keterangan - keterangan saka Pangeranira lan aku didhawuhi manut ing Allah Pangerane alam kabeh
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱ
40:67 Allah iku kang gawe awakira saka lemah, tumuli gawe awakira saka "nutfah" nuli dadi getih kenthel, nuli metokake sira dadi bayi banjur dadi wong dewasa, sawise mempeng nuli dadi wong tua. Mulane ditindakake mangkono, supaya sira tekan ing titi mangsa kang tinemtokake patinira. Kang mangkono mau supaya sira ngrasakake (mikir)
ﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿ
40:68 Allah iku kang nguripi lan mateni. Manawa Allah ngersakake kelakone sawijining perkara, Allah mung ngandika, "Sira anaa, sanalika barang kang dikarsakake banjur ana
ﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊ
40:69 Apa sira ora handeleng wong kang padha madoni ayat - ayate Allah? Kapriye anggone sumingkir saka agama kang bener
ﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕ
40:70 Kang padha maido Kitab al-Quran lan maido barang kang didhawuhake dening para utusaningsun, ing tembe wong mahu bakal weruh patrapane anggone padha maido
ﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜ
40:71 Ing besuk blengguning Allah ana ing gulune wong kafir rantene sinambung ana blenggu mahu
ﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣ
40:72 Dilebokake ing banyu panas, banjur dihurubake ing geni
ﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫ
40:73 Wong kafir mau banjur di dangu, "Hendi rupane barang kang sira nggone mangro tingal biyen
ﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠ
40:74 (Sing dianggo sesembahab) liyane Allah? Dheweke mangsuli, "Sami boten ketingal malih. Kala rumiyin kula boten rumaos nyembah punapa - punapa". Kaya mangkono uga Allah nasarake marang para wong kafir
ﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬ
40:75 Siksa mangkono mahu amarga sira padha bungah - bungah kelawan barang kang ora bener ana bumi, lan marga anggonira padha banget bungah ngelakoni duraka
ﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶ
40:76 Mara padha malebua ing lawanging neraka Jahannam sira padha langgeng ana kono. Hala temen anggone wong kang padha gumedhe
ﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅﰆ
40:77 (Muhammad) Sira shabara, prasetiya lan pangancame Allah iku mesthi nyata. Terkadhang sawenehing kang wis Ingsun ancamake mahu ana uga kang Ingsun tontonake lan ana uga kang Ingsun tindakake sadurunge besuk dina Qiyamat wong kafir padha dihimpun bali marang ngarsaningsun
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳ
40:78 Ingsun temen wis ngutus rasul pirang - pirang. Rasul mahu ana kang Ingsun kandhakake, lan ana uga kang ora Ingsun kandhakake. Siji - sijine rasul mau ora gelem handhawuhake ayat kajaba yen wis oleh dhawuhing Allah. Samongsa wis ana dhawuhing Allah pasulayaning Rasul lan kang maido banjur dirampungi kaliyan bener. Pangandikaning Allah, "Para wong kang maido iku tetela padha kapitunan
ﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽ
40:79 Allah iku kang aggawekake raja-kaya marang sira, supaya sira tunggangi lan kena sira pangan daginge
ﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊ
40:80 Raja kaya mau akeh paedahe tumrap sira, hiya iku kena dianggo nekani kekarepanira kang ana ing atinira (gawa barang abot marang liya negara). Sira bisa nunggang raja - kaya ana dharatan, utawa nunggang perahu ana ing segara
ﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑ
40:81 Allah hanuntunake ayate marang sira, kang nuduhake yen Allah iku mung siji. Lan endi ayate Allah kang sira paido
ﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬ
40:82 Manungsa apa ora padha hanjajah ing bumi, banjur padha handeleng patilasane wong kuna pirang - pirang. Kapriye wusanane wong kang padha duraka kafir biyen tur iku luwuh akeh gaweyane, hewa dene dirusak dening Allah. Gawiyane ora bisa nulak siksaning Allah
ﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝ
40:83 Barang wong kafir mau katekan ing rasul kanthi mu’jizat kahelokan banjur bungah, nanging anggeguyu kaweruhe rasul mau Banjur tinempuk siksa anggone geguyu
ﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪ
40:84 Bareng wong kafir padha weruh siksaningsun banjur ngucap, "Kula sapunika ngandel ing Allah piyambak lan mahiben dhateng brahala ingkang sami kula angge malih tingal
ﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾ
40:85 Sarehne wong kafir mau wis handeleng siksaningsun mulane pangandele marang Ingsun wis ora migunani hiya iku prenataning Allah kang wis tumindak marang para kawulaning kunamakuna. Ing kono wong kafir padha kapitunan

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers