Surat Al-Ghasyiyah pdf — Undhuh (Jawa)
Surat Al-Ghasyiyah pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Ghasyiyah Terjemah. Surat Al-Ghasyiyah (Meccan) 26 Ayat.
Related
- Surat Al-Ghasyiyah TerjemahJawa
- Surat Al-Ghasyiyah mp3Rungokna
- Quran Index Jawa114
More Surat PDF
Surat Al-Ghasyiyah

ﭽﭾﭿﮀﮁ
88:1
Apa sira wis tampa dhawuh bab dina Piwales
ﮂﮃﮄﮅ
88:2
Ing dina iku akeh awak padha konjem
ﮆﮇﮈ
88:3
Padha ngelakoni kangelan lan rekasa
ﮉﮊﮋﮌ
88:4
Lumebu ing geni murub
ﮍﮎﮏﮐﮑ
88:5
Diombeni saka sumber umob (kang panase hangluwihi)
ﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘ
88:6
Ora padha oleh pangan, kejaba eri
ﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟ
88:7
Ora bisa ngelemoni lan ora maregi
ﮠﮡﮢﮣ
88:8
Ing dina iku uga akeh awak padha kapenak
ﮤﮥﮦ
88:9
Padha lega atine marga anggone ngelakoni panggawe becik
ﮧﮨﮩﮪ
88:10
Manggon ana ing taman kang linuhung
ﮫﮬﮭﮮﮯ
88:11
Ana ing kono sira ora tahu krungu pangucap hala
ﮰﮱﯓﯔ
88:12
Ing kono ana bengawane mili
ﯕﯖﯗﯘ
88:13
Ing kono ada dhampare kang tinata dhuwur
ﯙﯚﯛ
88:14
Sarta pinggan unjukan kang wus tinata
ﯜﯝﯞ
88:15
Lan bantal kang jejer - jejer
ﯟﯠﯡ
88:16
Apa dene babut kang gumelar
ﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨ
88:17
Lah apa ta dheweke padha ora angawase marang onta kapriye anggone tinitahake
ﯩﯪﯫﯬﯭ
88:18
Lan marang langit kapriye anggone ginawe dhuwur
ﯮﯯﯰﯱﯲ
88:19
Lan gunung - gunung anggone padha didegake
ﯳﯴﯵﯶﯷ
88:20
Lan bumi anggone di gelar
ﯸﯹﯺﯻﯼ
88:21
Sira Ingsun kersakake memulang, mulane memulang (menehi pepiling)
ﯽﯾﯿﰀ
88:22
Sira dudu wajibe meksa marang dheweke
ﭑﭒﭓﭔﭕ
88:23
Amung wong - wong kang malengos lan maido
ﭖﭗﭘﭙﭚ
88:24
Allah bakal nyiksa kelawan siksa kang gedhe
ﭛﭜﭝﭞ
88:25
Satemene manungsa iku kabeh bakal padha bali marang ngarsaningsun (Allah)
ﭟﭠﭡﭢﭣ
88:26
Nuli padha Ingsun timbang hala becike
Al-Quran
Wednesday, September 9, 2026
Don't forget us in your sincere prayers







