PDF —
52 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Haqqah pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Haqqah pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Haqqah Terjemah. Surat Al-Haqqah (Meccan) 52 Ayat.



52 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮯﮰ
69:1 Dina Qiyamat
ﮱﯓﯔ
69:2 Apa kang aran dina qiyamat
ﯕﯖﯗﯘﯙ
69:3 Lan sapa kang aweh weruh marang sira bab kahanane dina qiyamat mau
ﯚﯛﯜﯝﯞ
69:4 Wong tsamud lan wong ’Aad biyen padha maido dina qiyamat kang gegirisi
ﯟﯠﯡﯢﯣ
69:5 Wong Tsamud padha disirnakake dening Allah kalawan siksa kang banget anggegeteri
ﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪ
69:6 Dene wong ’Aad padha disirnakake sarana prakara gedhe kang suwarane gegirisi
ﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻ
69:7 Angin mau nempuh marang wong ’Aad lawase nganti wolung dina pitung wengi kang tumaruntun, ing kono wong ’Aad padha mati, hanggalasah kaya wit kurma padha rungkat
ﯼﯽﯾﯿﰀﰁ
69:8 Apa sira weruh wong ’Aad mau ana kang keri isih urip
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗ
69:9 Fir’aun lan para umat sadurunge tuwin kutha - kutha sing padha ambruk iku (sebabe) padha nglakoni kaluputan
ﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞ
69:10 Padha duraka ora manut utusane Pangeran (Musa lan Luth) mulane dipatrapi siksa dening Allah kelawan patrapan abot
ﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦ
69:11 Nalika, kena topan bareng banyu wis munggah, sira Ingsun tunggahake perahu
ﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭ
69:12 Kang mangkono supayapa dianggo wewulang supaya dieling - elinga dening wong kang duwe kuping/pangrungu ben krungu iki
ﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴ
69:13 Besuk nalika slomprete (Israfil) dinamu sapisan
ﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻ
69:14 Bumi lan gunung - gunung padha digulung lan dijunjung tuwin remuk kelawan pangremuk sapisan
ﭼﭽﭾﭿ
69:15 Ing dina iku dina qiyamat kelakon
ﮀﮁﮂﮃﮄﮅ
69:16 Langit banjur bengkah bakal dadi ringkih
ﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐ
69:17 Para Malaikat padha nisih lan ing sadhuwure dheweke ing dina iku wowolu bakal nyangga damparing Pangeranira
ﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗ
69:18 Ing dina iku padha diajokake marang panjenenganing Allah ditimbang hala-becike, Allah ora kasamaran marang samu barang kang padha sira singidake
ﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡ
69:19 Sing sapa dielungi layang cathetane lelakune ssaka ing tengen (saking dening bungahe) banjur bakal kondho, "wacanen kitab cathetan lelakonku
ﮢﮣﮤﮥﮦﮧ
69:20 Sayekti aku wis weruh, yen aku bakal ketemu petunganku
ﮨﮩﮪﮫﮬ
69:21 Dadi wong iku mau uripe netepi keparenging Allah
ﮭﮮﮯﮰ
69:22 Manggon ana suwarga kang luhur
ﮱﯓﯔ
69:23 Wowohane cendhek - cendhek (tumiyung cepak)
ﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝ
69:24 (He wong ing suwarga) Sira padha mangan lan ngombea kelawan enak iku ganjarane kebecikan kang padha sira lakone ing dina - dina kang wis kliwat
ﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨ
69:25 Dene wong kang dielungi layang cathetan saka ing kiwa padha ngucap, "Adhuh, bok aja dielungi layang cathetane lelakonku wae
ﯩﯪﯫﯬﯭ
69:26 Aku ora weruh kapriye panimbange hala - becikku
ﯮﯯﯰﯱ
69:27 O, mbok ya iki didadekake wekasanku
ﯲﯳﯴﯵﯶﯷ
69:28 Bandhaku ora pisan bisa mardikake aku
ﯸﯹﯺﯻ
69:29 Kasantosanku wis sirna kabeh
ﯼﯽﯾ
69:30 (Dhawuhing Allah): Dheweke cekelen, nuli sira belenggu
ﯿﰀﰁﰂ
69:31 Tumuli cemplungna ing geni murub
ﰃﰄﰅﰆﰇﰈﰉﰊ
69:32 Banjur tikungen ing rante kang dawane pitung puluh hasta
ﰋﰌﰍﰎﰏﰐﰑ
69:33 Sayekti dheweke iku biyen ora angestu ing Allah ingkang Agung
ﰒﰓﰔﰕﰖﰗ
69:34 Lan ora gelem tetulung ngluari pangan wong miskin
ﰘﰙﰚﰛﰜﰝ
69:35 Mulane ing dina iku dheweke ora duwe mitra tuhu
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖ
69:36 Sarta ora entuk pangan kajaba rereged
ﭗﭘﭙﭚﭛ
69:37 Ora ana wong mangan (rereged) kejaba wong kang anglakoni panggawe luput
ﭜﭝﭞﭟﭠ
69:38 Ingsun supata kelawan barang kang sira weruhi
ﭡﭢﭣﭤ
69:39 Sarta barang kang ora sira weruhi
ﭥﭦﭧﭨﭩ
69:40 Sayekti iku temen pangandikaning utusan kang mulya
ﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲ
69:41 Lan iku dudu tembunge juru kidung, sathitik anggonira padha angestu
ﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺ
69:42 Sarta dudu tembunge juru pethek, sathithik anggonira padha ngangen - angen
ﭻﭼﭽﭾﭿ
69:43 Iku wewedhar (kang dhumawuh) saka pangeraning ngalam kabeh
ﮀﮁﮂﮃﮄﮅ
69:44 Lan saupama dheweke agawe - gawe sawenehing tetembungan (diwadekake) atas (saka) Ingsun
ﮆﮇﮈﮉ
69:45 Amasti dheweke bakal Ingsun candhak tangan tengene
ﮊﮋﮌﮍﮎ
69:46 Banjur bakal Ingsun pedhot tatalining jantunge
ﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕ
69:47 Lan ora ana siji - sijia saka antaranira kang bisa anduwa Ingsun saka dheweke
ﮖﮗﮘﮙ
69:48 Lan sayekti temen, iku pepeling tumrap wong kang padha anjaga dirine (saka ala)
ﮚﮛﮜﮝﮞﮟ
69:49 Satemene Ingsun nguningani yen sira ana kang maido (al-Quran)
ﮠﮡﮢﮣﮤ
69:50 Satemene (al-Quran) bakal andadekake getune dheweke anggone padha maido
ﮥﮦﮧﮨ
69:51 Lan sayekti (al-Quran) iku temen sajati - jatining kasunyatan
ﮩﮪﮫﮬﮭ
69:52 Mulane sira nyebuta Maha suci ing Allah kelawan ngucapake asmane Pangeranira kang Maha Agung

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers