PDF —
25 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Insyiqaq pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Insyiqaq pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Insyiqaq Terjemah. Surat Al-Insyiqaq (Meccan) 25 Ayat.



25 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﭣﭤﭥﭦ
84:1 Nalikane langit iku pecah
ﭧﭨﭩﭪ
84:2 Ngestokake kersane Pangerane, wis benere kudu diestokake
ﭫﭬﭭﭮ
84:3 Lan nalikane bumi dirata
ﭯﭰﭱﭲﭳ
84:4 Lan metokake isen - isene nganti resik kothong
ﭴﭵﭶﭷ
84:5 Saeta angestokake karsaning Pangerane, wis benere kudu diestokake
ﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀ
84:6 Hai manungsa! Sira iku tansah lumaku seba ing ngarsane Allah Pangeranira, ing mengko sira oleh piwalese lakunira kelawan becik
ﮁﮂﮃﮄﮅﮆ
84:7 Sing sapa dipasrahi layang cathetan lelakone saka tengen (hiya iku para kang angestu)
ﮇﮈﮉﮊﮋ
84:8 Bakal ditimbang kelawan entheng
ﮌﮍﮎﮏﮐ
84:9 Lan bali marang panggonaning kancane ana suwarga, kelawan suka bungah
ﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗ
84:10 Dene sing sapa diparingi layang cathetaning lakune saka buri gegere (hiya iku wong kafir)
ﮘﮙﮚﮛ
84:11 Bakal dilakokake wong cilaka lan rusak
ﮜﮝﮞ
84:12 Banjur dicemplungake ing neraka Sa’ir
ﮟﮠﮡﮢﮣﮤ
84:13 Satemene dheweke biyen (ing dunya) padha bungah - bungah karo kancane (padha kafir)
ﮥﮦﮧﮨﮩﮪ
84:14 Panyanane ora bakal bali, diseksekake ana ngarsane Allah
ﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓ
84:15 Luput panyanane, Allah Pangerane, mirsani dheweke (kafir)
ﯔﯕﯖﯗ
84:16 Ingsun supata, "Demi mega abang
ﯘﯙﯚﯛ
84:17 Demi wengi, lan barang kang leren ing wektu wengi
ﯜﯝﯞﯟ
84:18 Demi rembulan lan nalikane purnama
ﯠﯡﯢﯣﯤ
84:19 Sira mesthi nglakoni tingkat kang solan - salin
ﯥﯦﯧﯨﯩ
84:20 Ya gene manungsa ora padha percaya (ing Allah)
ﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱ
84:21 Nalika diwacakake Al-Quran padha ora gelem sujud
ﯲﯳﯴﯵﯶ
84:22 Wong kafir malah padha maido al-Qur’an
ﯷﯸﯹﯺﯻ
84:23 Allah nguningani luguning atine anggone maido
ﯼﯽﯾﯿ
84:24 Wong kafir mangkono iku, sira kandhanana bakal dipatrapi siksa kang nglarani
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚ
84:25 Kajaba para wong angestu (Mukmin) kang padha nglakoni panggawe becik padha diganjar suwarga salawase tanpa pedhot

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers