PDF —
59 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Ad-Dukhan pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Ad-Dukhan pdf Jawa — Undhuh Surat Ad-Dukhan Terjemah. Surat Ad-Dukhan (Meccan) 59 Ayat.



59 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﭑﭒ
44:1 Haa miim
ﭓﭔﭕ
44:2 Demi Kitab Al-Quran kang nerangake
ﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟ
44:3 Ingsun nurunake kitab al-Quran mau ana ing wengi kang berkah, Ingsun ngelingake manungsa kelawan al-Quran
ﭠﭡﭢﭣﭤﭥ
44:4 Sarupaning perkara kang tinamtokake padha dipilah - pilan kanthi wicaksana
ﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭ
44:5 Dipilah - pilah terang saka Ingsun, Ingsun kang ngutus para Rasul
ﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶ
44:6 Minangka sih piwalesing Pangeranira, satemene Allah iku mireng tur nguningani samu barang
ﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀ
44:7 Kang ngratoni bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane, menawa sira wis terang (yakin)
ﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌ
44:8 Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang nguripi lan mateni yaiku Pangeranira lan leluhurira ing zaman kuna biyen
ﮍﮎﮏﮐﮑﮒ
44:9 (Wong kafir) padha mamang bakal uripe wong kang wis padha mati sarta nggeguyu
ﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙ
44:10 Sira mung ngentenana qiyamat nalika langit lan bumi ngetokake kebul ngebaki antarane langit lan bumi
ﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠ
44:11 Kebul mau nampek manungsa, siksa kang nglarani
ﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧ
44:12 Manung mau banjur munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, Paduka mugi ngluwarna kawula saking siksa punika, sapunika kula sami pitados
ﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯ
44:13 Manungsa wis padha didhawuhi terang dening Rasul mulane nalika turuning siksa panelangsane ora migunani
ﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗ
44:14 Banjur padha mlengos (marang Muhammad) Pangucape, "Iku muride wong edan
ﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟ
44:15 Hiyata, Ingsun hentas saka siksa sawetara, nanging sira banjur bali kafir maneh
ﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦ
44:16 Ing kono Ingsun niksa marang wong kafir sarana nandukake gegaman kelawan sengit
ﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰ
44:17 Biyen sadurunge dheweke (wong Mekkah) Ingsun nyoba Fir’aun sabalane kang mulya (Musa lan Harun)
ﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻ
44:18 (Dhawuhe Musa), Para kawulane Allah, aku iki utusaning Pangeran, dipercaya nerangake marang kowe padha mituruta marang aku
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛ
44:19 Lan kowe aja padha lumuhur - luhur ora gelem ngertekake dhawuhe Allah, tekaku iki kanthi tandha yekti kang terang. Mratandhani yen aku iki utusane Allah
ﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢ
44:20 Aku nyuwun pitulung ing Allah Pangeranku lan Pangeranmu aja nganti kok balangi watu
ﭣﭤﭥﭦﭧﭨ
44:21 Manawa kowe padha ora ngandel marang aku, mung aja nandukake pihala wae
ﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯ
44:22 (Musa) munjuk ing Pangerane mratelakake yen Fir’aun sabalane padha puguh kafir (muga ditindakna ana kang dadi bener)
ﭰﭱﭲﭳﭴﭵ
44:23 (Dhawuhing Allah marang Musa), "Sira lan para kawulaningsun padha lungaa (saka Mesir) mangkata ing wayah wengi sira bakal diburu
ﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽ
44:24 Menawa sira tekan segara gitikna kelawan tekenira banyune mesthi piyak. Satemene Firaun sabalane bakal Ingsun tungkepi banyu ana satengahe segara
ﭾﭿﮀﮁﮂﮃ
44:25 Fir’aun ninggal palemahan lan kali pirang - pirang kang mili (ing Mesir)
ﮄﮅﮆﮇ
44:26 Lan ninggal tetanduran lan gedhung pirang - pirang kang indah
ﮈﮉﮊﮋﮌ
44:27 Lan ninggal bondho akeh kang mane dianggo bebungah
ﮍﮎﮏﮐﮑﮒ
44:28 Wis mangkono karsaningsun tininggalane Fir’aun sabalane mau, Ingsun paringake dadi warisan marang wong liyane
ﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛ
44:29 Bumi lan langit ora nangisi kasangsarane Fir’aun tumpes tanpa disrantekake maneh
ﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣ
44:30 Wong Bani Israil wis padha Ingsun paringi slamet saka siksa lan siya - siya
ﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬ
44:31 Saka panggawane Fir’aun kang kebangeten anggone gumedhe
ﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔ
44:32 Satemene wong Bani Israil mahu padha Ingsun pilih, kaparingan kaweruh lan kapinteran akeh ngungkuli wong sajagad
ﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜ
44:33 Lan Ingsun gelari kahelokan akeh kang tetela dadi coba
ﯝﯞﯟﯠ
44:34 Satemene dheweke (wong turun Qurais) iku temen - temen padha ngucap
ﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩ
44:35 Anggonku mati mesthi mung sapisan wae, ora bakal diuripake
ﯪﯫﯬﯭﯮﯯ
44:36 Yen pangucapmu mau bener pada uripna para leluhurku kang wis padha mati
ﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽ
44:37 Apa dheweke (wong musyrikin) luwih gagah prakosa lan sugih karo ummate Tubba’ lan para ummat sadurunge. Hewa dene kabeh padha ditumpes awit padha kafir
ﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅ
44:38 Anggon-Ku gawe bumi lan langit apadene barang kang ana antarane ora dolanan tanpa gawe
ﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌﰍﰎ
44:39 Anggon-Ku gawe bumi lan langit mau wis mesthi ana gunane, nanging kang akeh padha ora weruh
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖ
44:40 Satemene besuk Qiyamat nalikane para kawulaningsun padha dipisah - pisah dina mau dadi karampungane perkara kabeh
ﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡ
44:41 Hiya iku dina nalikane para sanak utawa mitra padha ora bisa tulung - tinulung apa - apa, ora bisa nulak siksaning Allah
ﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪ
44:42 Kajaba wong kang diasihi Allah hiya iku para mukmin, satemene Allah iku Maha Mulya tur Maha Asih
ﭫﭬﭭﭮ
44:43 Satemene wit Zakkuum
ﭯﭰﭱ
44:44 Dadi pangane wong duroko
ﭲﭳﭴﭵﭶ
44:45 Rupane koyo lengo kang reged, yen dipangan ana sajeroning weteng umub
ﭷﭸﭹ
44:46 Kaya dene umube wedang
ﭺﭻﭼﭽﭾﭿ
44:47 (Wahai neraka) Wong kafir iku cekelen banjur laraken marang tengahe neraka jahim
ﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇ
44:48 Nuli padha grujugen wedang, siksa saka dhuwuring endhase
ﮈﮉﮊﮋﮌﮍ
44:49 (Hai wong kafir), Rasakna siksaningsun, awit ngaku maha mulya tur wicaksana
ﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔ
44:50 Siksa iki kang padha sira paido biyen
ﮕﮖﮗﮘﮙﮚ
44:51 Sarupane wong kang padha bekti ing Allah, ana panggonan tentrem
ﮛﮜﮝﮞ
44:52 Hiya iku ana ing suwarga kang ana bengawane mili
ﮟﮠﮡﮢﮣﮤ
44:53 Padha nganggo sandhangan sutra tipis lan kandel, serta padha patemon karo kancane
ﮥﮦﮧﮨﮩ
44:54 Wis mangkono karsaningsun wong mukmin padha diparingi jodho widadari kang mripate blalak - blalak
ﮪﮫﮬﮭﮮﮯ
44:55 Wong mukmin mau ana suwarga jaluk woh - wohan warna - warna marang kang ngladeni, woh - wohan mau ora bisa entek
ﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜ
44:56 Ing suwarga ora bakal nglakoni mati salawase, kajaba mati sapisan kang wis dilakoni ing donya. Allah ngreksa wong mukmin ora kacemplung neraka Jahim
ﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥ
44:57 Iku minongka sih kanugrahane Pangeran aran kabegjan kang gedhe
ﯦﯧﯨﯩﯪﯫ
44:58 Surasaning al-Quran iki Ingsun gampangake tembungira (Arab) supaya manungsa padha nampani pitutur
ﯬﯭﯮﯯ
44:59 Sira ngentenana pitulunging Pangeranira, wong kafir hiya padha ngarep - arep rusakira

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers