PDF —
19 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-A'la pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-A'la pdf Jawa — Undhuh Surat Al-A'la Terjemah. Surat Al-A'la (Meccan) 19 Ayat.



19 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮟﮠﮡﮢﮣ
87:1 Nyebuta Maha Suci tumrap asmane Allah Pangeranira kang Maha Luhur
ﮤﮥﮦﮧ
87:2 Kang wis gawe samu barang kelawan prayoga
ﮨﮩﮪﮫ
87:3 Lan mesthi kahanane samu barang mau ala lan becik atas kersane pribadi nuli nuduhake barang kang amrih becik
ﮬﮭﮮﮯ
87:4 Lan kang angetokake thethukulan
ﮰﮱﯓﯔ
87:5 Sawuse ijo dikersakake garing warnane abang semu kuning
ﯕﯖﯗﯘ
87:6 Ingsun bakal mulang Qur’an maran sira (Muhammad) lan sira ora bakal lali
ﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣ
87:7 Kajaba barang kang dikersaake Allah, satemene Allah iku nguningani panggawe lan pangucap nyata lan samar - samar
ﯤﯥﯦ
87:8 Lan Ingsun nulungi sira anglakoni dalan kang gampang
ﯧﯨﯩﯪﯫ
87:9 Mulane aweha pepeling, satemene pepeling iku migunani
ﯬﯭﯮﯯ
87:10 Sapa sing wedi ing Allah, bakal ngestokake pepeling
ﭑﭒﭓ
87:11 Dene wong kang cilaka bakal angedohi
ﭔﭕﭖﭗﭘ
87:12 Yaiku kang bakal nyemplung geni gedhe
ﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟ
87:13 Ana ing kana banjur ora mati lan ora urip
ﭠﭡﭢﭣﭤ
87:14 Sayekti bakal begja sapa sing anuceni dhirine
ﭥﭦﭧﭨﭩ
87:15 WOng mau nyebut asmaning Allah pangerane lan anglakoni sholat
ﭪﭫﭬﭭﭮ
87:16 Nanging sira padha milih kauripan dunya
ﭯﭰﭱﭲ
87:17 Kabegjan ing akherat iku luwih becik tur langgeng (ngungkuli kabungahan dunya)
ﭳﭴﭵﭶﭷﭸ
87:18 Wewulang sing wis kasebut mau, uga kasebut ana ing Kitab kang kuna - kuna
ﭹﭺﭻﭼ
87:19 Kitabe(Shuhuf) Ibrahim lan Kitabe (Shuhuf) Musa

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers