Yaa ayyuhal lazeena aamanoo izaa tadaayantum bidinin ilaa ajalimmusamman faktubooh; walyaktub bainakum kaatibum bil`adl; wa laa yaaba kaatibun ai yaktuba kamaa `allamahul laah; falyaktub walyumlilil lazee `alaihil haqqu walyattaqil laaha rabbahoo wa laa yabkhas minhu shai`aa; fa in kaanal lazee `alaihil lhaqqu safeehan aw da`eefan aw laa yastatee`u ai yumilla huwa falyumlil waliyyuhoo bil`adl; wastash hidoo shaheedaini mir rijaalikum fa il lam yakoonaa rajulaini farajulunw wamra ataani mimman tardawna minash shuhadaaa`i an tadilla ihdaahumaa fatuzakkira ihdaahumal ukhraa; wa laa yaabash shuhadaaa`u izaa maadu`oo; wa laa tas`amooo an taktuboohu sagheeran awkabeeran ilaaa ajalih; zaalikum aqsatu `indal laahi wa aqwamu lishshahaadati wa adnaaa allaa tartaabooo illaaa an takoona tijaaratan haadiratan tudeeroonahaa bainakum falaisa `alaikum junaahun allaa taktuboohan; wa ashidooo izaa tabaaya`tum; wa laa yudaaarra kaatibunw wa laa shaheed; wa in taf`aloo fa innahoo fusooqum bikum; wattaqul laaha wa yu`allimu kumul laah; wallaahu bikulli shai`in `Aleem
📖 Terjemah (Ing Basa Jawa)
📖 Ing Basa Jawa
Para wong mukmin kabeh, menawa risa padha nyambut gawe nganggo potang sarta wis tekan semayane, padha sira tulisen. Dene para jurutulis nulise perjanjianira kelawansak benere (adil), lan maneh jurutulis aja emoh panulisa miturut dhawuhe Allah kang tumrap marang jurutulis mau, mulane tulisan sak perlune. Dene wong kang nandhang utang, ngrungokna unining tulisane, lan bektiya ing Allah, yen nganti nyelaki, lan aja wani-wani ngurangi utange senajan mung sethithik. Dene manawa wong apes utawa ora bisa ngrungokake, iku waline bae ngrungokna kelawan sak benere. Lan padha neksekna anggonira potang mau nganggo seksi loro kang padha lanange, dene yen saksi mau ora ana wong lanang loro, kena nganggo wong lanang siji sarta wong wadon loro kang padha kena dadi saksi supaya yen saksi kang siji lali, seksi sijine mbanjur ngelingake marang seksi liyane. Para seksi aja emoh yen padha diundang, lan aja bosen nulis barang kang padha sira sekseni, utang mau cilik gedhe tulisna wektune semaya. Mungguhing Allah, utang nganggo ditulisi iku luwih dening bener lan nulung banget marang jejeging seksi, apa dene cedhak banget marang ilaning kamamanganira, kajaba yen dagangan kang diadhep sarta anggonira, tampan tinampan kelawan kenceng iku ora ana pakewuhe tanpa sira tulisi. Dadi jurutulis lan seksi padha ora magepokan perkara iku, ewadene manawa sira padha dol-tinuku prayogane padha neksekna. Dene manawa sira padha nerak larangan mau sira padha dadi wong fasiq lan sira padha bektia ing Allah. Allah wis maringi sumurup ing sira kabeh, dene Allah iku Ngudaneni marang samu barang
🌐 Additional reference in Bahasa Indonesia
🌐 Bahasa Indonesia
Hai orang-orang yang beriman, apabila kamu bermu'amalah tidak secara tunai untuk waktu yang ditentukan, hendaklah kamu menuliskannya. Dan hendaklah seorang penulis di antara kamu menuliskannya dengan benar. Dan janganlah penulis enggan menuliskannya sebagaimana Allah mengajarkannya, meka hendaklah ia menulis, dan hendaklah orang yang berhutang itu mengimlakkan (apa yang akan ditulis itu), dan hendaklah ia bertakwa kepada Allah Tuhannya, dan janganlah ia mengurangi sedikitpun daripada hutangnya. Jika yang berhutang itu orang yang lemah akalnya atau lemah (keadaannya) atau dia sendiri tidak mampu mengimlakkan, maka hendaklah walinya mengimlakkan dengan jujur. Dan persaksikanlah dengan dua orang saksi dari orang-orang lelaki (di antaramu). Jika tak ada dua oang lelaki, maka (boleh) seorang lelaki dan dua orang perempuan dari saksi-saksi yang kamu ridhai, supaya jika seorang lupa maka yang seorang mengingatkannya. Janganlah saksi-saksi itu enggan (memberi keterangan) apabila mereka dipanggil; dan janganlah kamu jemu menulis hutang itu, baik kecil maupun besar sampai batas waktu membayarnya. Yang demikian itu, lebih adil di sisi Allah dan lebih menguatkan persaksian dan lebih dekat kepada tidak (menimbulkan) keraguanmu. (Tulislah mu'amalahmu itu), kecuali jika mu'amalah itu perdagangan tunai yang kamu jalankan di antara kamu, maka tidak ada dosa bagi kamu, (jika) kamu tidak menulisnya. Dan persaksikanlah apabila kamu berjual beli; dan janganlah penulis dan saksi saling sulit menyulitkan. Jika kamu lakukan (yang demikian), maka sesungguhnya hal itu adalah suatu kefasikan pada dirimu. Dan bertakwalah kepada Allah; Allah mengajarmu; dan Allah Maha Mengetahui segala sesuatu.
1) Tegesing tembung-tembung kang perlu dijlentrehake:
تَدَايَنتُم: padha tetuku utawa utang-piutang.
أَجَلٍ مُّسَمًّى: wektu kang wis ditemtokake.
فَاكْتُبُوهُ: mula padha tulisen utange.
بِالْعَدْلِ: kanthi adil lan bener.
وَلَا يَأْبَ: aja nganti ora gelem.
وَلْيُمْلِلِ: lan kudu ngucapake (ngimlakake).
سَفِيهًا: bodho utawa ora ngerti carane ngurus.
ضَعِيفًا: ringkih, bisa uga amarga isih cilik utawa wis tuwa.
وَلِيُّهُ: wali utawa kang ngurus dheweke.
وَاسْتَشْهِدُوا: lan padha golekana saksi.
أَن تَضِلَّ: amarga lali utawa kliru.
وَلَا تَسْأَمُوا: aja padha bosen.
أَقْسَطُ: luwih adil.
أَقْوَمُ: luwih kuwat lan bener.
أَدْنَى: luwih cedhak.
تَرْتَابُوا: padha mangu-mangu.
جُنَاحٌ: dosa utawa salah.
فُسُوقٌ: wujud duraka utawa metu saka ketaatan.
2) Panjlentrehan ayat:
Hei wong-wong kang padha iman marang Allah lan nuruti Rasulullah, yen padha nindakake utang-piutang kanthi wektu kang wis ditemtokake, mula padha tulisen utang kasebut. Sing nulis kudu wong kang bisa dipercaya lan nulis kanthi adil, ora mihak siji-sijia. Aja ana penulis kang ora gelem nulis, amarga kaprigelan nulis iku wujud kanugrahan saka Allah kang kudu digunakake kanggo kabecikan. Sing duwe utang kudu ngucapake (ngimlakake) isine utang kanthi bener, lan kudu wedi marang Allah, ora kena ngurangi sithik wae saka utange. Yen sing duwe utang ora bisa ngurus dhewe — bisa amarga bodho, ringkih, isih cilik, utawa ora bisa ngomong — mula waline kang kudu ngimlakake kanthi adil.
Padha golekana saksi loro saka wong lanang kang bisa dipercaya. Yen ora ana loro wong lanang, bisa siji wong lanang lan loro wong wadon kang padha diridhoi dadi saksi, supaya yen siji lali, sijine bisa ngelingake. Para saksi aja padha ora gelem yen diundang kanggo menehi kesaksian. Aja padha bosen nulis utang, sithik utawa akeh, nganti tekan wektune. Kuwi kabeh luwih adil ing ngarsane Allah, luwih kuwat kanggo kesaksian, lan luwih cedhak supaya ora mangu-mangu. Nanging yen transaksine awujud dagang barang kang langsung dibayar lan langsung ditampa ing wektu iku uga, ora ana dosa yen ora ditulis. Nanging tetep padha golekana saksi nalika padha dagang. Aja ana kang gawe cilaka marang penulis utawa saksi, lan aja padha gawe cilaka marang sapa wae kang mbutuhake tulisan utawa kesaksiane. Yen padha nglakoni kang dilarang, kuwi wujud duraka. Padha wedi marang Allah, lan Allah bakal mulang marang kowe kabeh bab kang migunani. Allah iku ngerti samubarang kabeh, ora ana kang samar saka Panjenengane.
3) Faedah-faedah kang bisa dijupuk:
Ayat iki mulangake marang umat Islam supaya tansah njaga kaadilan lan katentreman ing urusan utang-piutang, supaya ora ana pasulayan ing tembe mburine.
Nulis utang iku wujud ikhtiar kanggo njaga hak-hak saben wong, lan iki nuduhake yen Islam iku agama kang ngatur urip kanthi tertib lan rinci.
Ana piwulang babagan tolong-tinulung: wong kang bisa nulis kudu gelem nulung, lan wong kang bisa dadi saksi kudu gelem menehi kesaksian.
Ayat iki uga ngangkat drajate wong wadon kanthi menehi peran dadi saksi, lan ngajeni kahanan saben wong, kalebu sing ringkih utawa ora bisa ngurus awake dhewe.
Kabeh aturan iki ndadekake urip dadi luwih tentrem, adil, lan berkah, sarta nyedhakake manungsa marang ketaatan marang Allah.
Allah iku Maha Ngerti lan Maha Adil, mula sapa wae kang nindakake kabecikan lan njaga aturan-aturan kasebut bakal oleh ganjaran lan berkah saka Panjenengane.
Para wong mukmin kabeh, menawa risa padha nyambut gawe nganggo potang sarta wis tekan semayane, padha sira tulisen. Dene para jurutulis nulise perjanjianira kelawansak benere (adil), lan maneh jurutulis aja emoh panulisa miturut dhawuhe Allah kang tumrap marang jurutulis mau, mulane tulisan sak perlune. Dene wong kang nandhang utang, ngrungokna unining tulisane, lan bektiya ing Allah, yen nganti nyelaki, lan aja wani-wani ngurangi utange senajan mung sethithik. Dene manawa wong apes utawa ora bisa ngrungokake, iku waline bae ngrungokna kelawan sak benere. Lan padha neksekna anggonira potang mau nganggo seksi loro kang padha lanange, dene yen saksi mau ora ana wong lanang loro, kena nganggo wong lanang siji sarta wong wadon loro kang padha kena dadi saksi supaya yen saksi kang siji lali, seksi sijine mbanjur ngelingake marang seksi liyane. Para seksi aja emoh yen padha diundang, lan aja bosen nulis barang kang padha sira sekseni, utang mau cilik gedhe tulisna wektune semaya. Mungguhing Allah, utang nganggo ditulisi iku luwih dening bener lan nulung banget marang jejeging seksi, apa dene cedhak banget marang ilaning kamamanganira, kajaba yen dagangan kang diadhep sarta anggonira, tampan tinampan kelawan kenceng iku ora ana pakewuhe tanpa sira tulisi. Dadi jurutulis lan seksi padha ora magepokan perkara iku, ewadene manawa sira padha dol-tinuku prayogane padha neksekna. Dene manawa sira padha nerak larangan mau sira padha dadi wong fasiq lan sira padha bektia ing Allah. Allah wis maringi sumurup ing sira kabeh, dene Allah iku Ngudaneni marang samu barang
Dene menawa ana wong mlarat nandhang utang, iku sira wajib kudu nyrantekake nganti tekan bisane nyaur. Ewadene yen potangira mau mbanjur sira wnehake (lilakake) iku luwih becik, yen sira weruh iku becik sira tindakna
Lan sira padha wediya ing dina (Qiyamat), ing kono sira padha disowanake marang ngarsane Allah, nuli siji-sijining awak padha diwales miturut kang padha ditindakake lan dheweke ora bakal dianiaya
Para wong mukmin kabeh, menawa risa padha nyambut gawe nganggo potang sarta wis tekan semayane, padha sira tulisen. Dene para jurutulis nulise perjanjianira kelawansak benere (adil), lan maneh jurutulis aja emoh panulisa miturut dhawuhe Allah kang tumrap marang jurutulis mau, mulane tulisan sak perlune. Dene wong kang nandhang utang, ngrungokna unining tulisane, lan bektiya ing Allah, yen nganti nyelaki, lan aja wani-wani ngurangi utange senajan mung sethithik. Dene manawa wong apes utawa ora bisa ngrungokake, iku waline bae ngrungokna kelawan sak benere. Lan padha neksekna anggonira potang mau nganggo seksi loro kang padha lanange, dene yen saksi mau ora ana wong lanang loro, kena nganggo wong lanang siji sarta wong wadon loro kang padha kena dadi saksi supaya yen saksi kang siji lali, seksi sijine mbanjur ngelingake marang seksi liyane. Para seksi aja emoh yen padha diundang, lan aja bosen nulis barang kang padha sira sekseni, utang mau cilik gedhe tulisna wektune semaya. Mungguhing Allah, utang nganggo ditulisi iku luwih dening bener lan nulung banget marang jejeging seksi, apa dene cedhak banget marang ilaning kamamanganira, kajaba yen dagangan kang diadhep sarta anggonira, tampan tinampan kelawan kenceng iku ora ana pakewuhe tanpa sira tulisi. Dadi jurutulis lan seksi padha ora magepokan perkara iku, ewadene manawa sira padha dol-tinuku prayogane padha neksekna. Dene manawa sira padha nerak larangan mau sira padha dadi wong fasiq lan sira padha bektia ing Allah. Allah wis maringi sumurup ing sira kabeh, dene Allah iku Ngudaneni marang samu barang
Lan manawa sira ana sajeroning lelungan, kang mangka sira ora pikantuk jurutulis, kena nganggo cecekelan (gadhen) kang tinampanan. Dene menawa sawenehira percaya marang liyane, wong kang dipercaya mau nuhonana mbalekake barang kang dipercayakake, lan bektia ing Allah Pangerane, apa dene anggonira njlentrehake dadi seksi aja nganggo ngumpetake anggonira nekseni iku atine dosa. Dene Allah iku Ngudaneni marang barang kang sira tindakake
Samu barang kang isining langit lan bumi iku kagungane Allah. LAn manawa sira padha nglahirake barang kang ana ing sajeroning atinira utawa sira padha nyamarake iku, yekti Allah bakal ngetung ing barang iku marang sira kabeh. Nuli Allah ngapura marang wong kang dikersakake lan nyiksa marang wong dikersakake. Dene Allah iku Nguwasani marang samu barang
Surat Al-Baqarah Ayat 282 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Para wong mukmin kabeh, menawa risa padha nyambut gawe nganggo…
Surat Ayat 282/286 — Surat Al-Baqarah البقرة (Medinan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Al-Baqarah Rungokna, Surat Al-Baqarah Terjemah, Surat Al-Baqarah mp3, Surat Al-Baqarah pdf. Ayat 280–284. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.
SurahQuran.com was founded as a humble effort to serve the Noble Book and the pure Sunnah, to invite people to Allah, and to make the religious sciences accessible according to the methodology of the Quran and Sunnah. We praise and thank Allah for His grace, and we ask Him to accept our work and make it sincere for His noble Face.