سورة المدثر بالجاوية

  1. استمع للسورة
  2. سور أخرى
  3. ترجمة السورة
القرآن الكريم | ترجمة معاني القرآن | اللغة الجاوية | سورة المدثر | Muddathir - عدد آياتها 56 - رقم السورة في المصحف: 74 - معنى السورة بالإنجليزية: The One Wrapped Up.

يَا أَيُّهَا الْمُدَّثِّرُ(1)

wengi. Lan shabatira sagolongan hiya padha mangkono. Allah nemtokake dawa cendhake rina lan wengi, nguningani yen sira padha ora kelar sholat samono suwene mau kajaba kelawan rekasa, mulane Allah muwung marang sira. Sarehne mangkono sira macaa al-Quran sakuwasanira ana sajerone sholat. Allah nguningani yen sira iku bakal ana kang nandhang lara banjur rekasa sholat ing wayah wengi lan ana uga kang padha mlaku lelungan ing bumi ngupaya jiwa golek rizki kanugrahaning Allah lan ana uga kang padha perang ing dalaning Allah, mulane sira padhaa maca al-Quran sakuwasanira lan ngakonana sholat, bayar zakat, padha motangna becik marang Allah. Samu barang kabecikan kang padha sira lakoni bakal nemu ganjran becik ana ngarsaning Allah ngungkuli kabecikan kang sira lakoni ing buri. Lan nyuwuna pangapuraning Allah, satemene Allah iku karsa ngapura tur maha asih. . He wong kang mujung (Muhammad)

قُمْ فَأَنذِرْ(2)

Sira ngadeka lan elingna

وَرَبَّكَ فَكَبِّرْ(3)

Lan nyebuta Maha Agung ing Allah Pangeranira

وَثِيَابَكَ فَطَهِّرْ(4)

Tuwin angresikna sasandanganira

وَالرُّجْزَ فَاهْجُرْ(5)

Apa dene angedohna jejember

وَلَا تَمْنُن تَسْتَكْثِرُ(6)

Lan aja weweh murih wewales kang luwih akeh

وَلِرَبِّكَ فَاصْبِرْ(7)

Lan sabara karana ngelakoni parentahe Pangeranira

فَإِذَا نُقِرَ فِي النَّاقُورِ(8)

Amarga samangsa slompret tiniyub

فَذَٰلِكَ يَوْمَئِذٍ يَوْمٌ عَسِيرٌ(9)

Ing dina iku kena diarani dina rekasa

عَلَى الْكَافِرِينَ غَيْرُ يَسِيرٍ(10)

TUmrap engatase para wong kafir ora pisan gampang

ذَرْنِي وَمَنْ خَلَقْتُ وَحِيدًا(11)

Tona wae Ingsun dheweke karo wong kang wus Ingsun titahake

وَجَعَلْتُ لَهُ مَالًا مَّمْدُودًا(12)

Lan wis Ingsun paringi bandha kang omber

وَبَنِينَ شُهُودًا(13)

Uga Ingsun paringin anak lanang akeh padha nglumpuk

وَمَهَّدتُّ لَهُ تَمْهِيدًا(14)

Tuwin perkarane Ingsun tata sarwa tumata

ثُمَّ يَطْمَعُ أَنْ أَزِيدَ(15)

Ewa dene dheweke isih angajab Ingsun wuwuhana

كَلَّا ۖ إِنَّهُ كَانَ لِآيَاتِنَا عَنِيدًا(16)

Ora pisan - pisan! Sayekti dheweke amilawani timbalan - timbalan Ingsun

سَأُرْهِقُهُ صَعُودًا(17)

Ingsun bakal anibakake siksa kang nyusahake marang dheweke

إِنَّهُ فَكَّرَ وَقَدَّرَ(18)

Sayekti, dheweke mikir - mikir sarta anetepake

فَقُتِلَ كَيْفَ قَدَّرَ(19)

Ananging marga siniku, kapriye anggone netepake

ثُمَّ قُتِلَ كَيْفَ قَدَّرَ(20)

Maneh, muga siniku kapriye anggone netepake

ثُمَّ نَظَرَ(21)

Banjur angawasake

ثُمَّ عَبَسَ وَبَسَرَ(22)

Tumuli mrengut sarta nyawang sumengit

ثُمَّ أَدْبَرَ وَاسْتَكْبَرَ(23)

Banjur mungkur sarta gumedhe

فَقَالَ إِنْ هَٰذَا إِلَّا سِحْرٌ يُؤْثَرُ(24)

Banjur celathu, "Al-Quran iki ora liya kajaba sihir kang disinau (saka wong - wong biyen)

إِنْ هَٰذَا إِلَّا قَوْلُ الْبَشَرِ(25)

(Al-Quran) iki ora liya mung pangucaping manungsa wae

سَأُصْلِيهِ سَقَرَ(26)

Dheweke bakal Ingsun cemplungake neraka saqar

وَمَا أَدْرَاكَ مَا سَقَرُ(27)

Kapriye panemunira, apa kang aran neraka saqar

لَا تُبْقِي وَلَا تَذَرُ(28)

Neraka saqar mau ora ngawetake, sadhengah kang kacemplung ing kono mesthi rusak

لَوَّاحَةٌ لِّلْبَشَرِ(29)

Tur gosongake kulit

عَلَيْهَا تِسْعَةَ عَشَرَ(30)

Ing kono ana (Malaikat) kang anjaga

وَمَا جَعَلْنَا أَصْحَابَ النَّارِ إِلَّا مَلَائِكَةً ۙ وَمَا جَعَلْنَا عِدَّتَهُمْ إِلَّا فِتْنَةً لِّلَّذِينَ كَفَرُوا لِيَسْتَيْقِنَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ وَيَزْدَادَ الَّذِينَ آمَنُوا إِيمَانًا ۙ وَلَا يَرْتَابَ الَّذِينَ أُوتُوا الْكِتَابَ وَالْمُؤْمِنُونَ ۙ وَلِيَقُولَ الَّذِينَ فِي قُلُوبِهِم مَّرَضٌ وَالْكَافِرُونَ مَاذَا أَرَادَ اللَّهُ بِهَٰذَا مَثَلًا ۚ كَذَٰلِكَ يُضِلُّ اللَّهُ مَن يَشَاءُ وَيَهْدِي مَن يَشَاءُ ۚ وَمَا يَعْلَمُ جُنُودَ رَبِّكَ إِلَّا هُوَ ۚ وَمَا هِيَ إِلَّا ذِكْرَىٰ لِلْبَشَرِ(31)

Lan ora liya kajaba Malaikat kang Ingsun dadekake panjaganing geni, sarta wilangane iku ora liya kajaba mung Ingsun dadekake coba tumrap wong kang padha kafir, supaya para kang kaparingan Kitab padha yakin, sarta para kang padha iman pada wuwuh imane, apa dene (supaya) ora padha semang - semang para kang kaparingan kitab lan para mukminin, sarta supaya para kang sajeroning atine ana lelarane sarta para kafir padha elathir: apa ta kersaning Allah andamel sanepa iki? Iya kaya mangkono iku anggone Allah andadekake sasare sapa kang dadi karsane, sarta aparing pituduh (marang) sapa sing dadi kersane, lan ora ana kang weruh wedyabalane Pangeranira kajaba mung Panjenengane, lan iki ora liya kajaba pepeling tumrap para manungsa

كَلَّا وَالْقَمَرِ(32)

Demi rembulan, wong kafir ora pisan ngistokake wewulanging al-Quran

وَاللَّيْلِ إِذْ أَدْبَرَ(33)

Demi wengi nalikane mungkur

وَالصُّبْحِ إِذَا أَسْفَرَ(34)

Demi wajah Shubuh nalikane padhang

إِنَّهَا لَإِحْدَى الْكُبَرِ(35)

Temen neraka Saqar iku ewone bebaya kang gedhe

نَذِيرًا لِّلْبَشَرِ(36)

Kanggo medheni marang manungsa

لِمَن شَاءَ مِنكُمْ أَن يَتَقَدَّمَ أَوْ يَتَأَخَّرَ(37)

Tumrap wong kancanira kang arep maju pracaya (al-Quran) utawa mundur ora pracaya

كُلُّ نَفْسٍ بِمَا كَسَبَتْ رَهِينَةٌ(38)

Sarupaning awak iku kaiket (tanggung jawab) karo sabarang panggawene

إِلَّا أَصْحَابَ الْيَمِينِ(39)

Kajaba para kang ana ing tangan tengen

فِي جَنَّاتٍ يَتَسَاءَلُونَ(40)

Ana sajeroning patamanan bakal padha takon - takon

عَنِ الْمُجْرِمِينَ(41)

Prakara wong kang padha dosa

مَا سَلَكَكُمْ فِي سَقَرَ(42)

Punapa marganipun sampeyan wonten ing salebeting neraka

قَالُوا لَمْ نَكُ مِنَ الْمُصَلِّينَ(43)

Bakal padha mangsuli, "Kula punika sanes golonganipun tiyang ingkang sami sholat

وَلَمْ نَكُ نُطْعِمُ الْمِسْكِينَ(44)

Lan kula boten nate nyukani tedha tiyang miskin

وَكُنَّا نَخُوضُ مَعَ الْخَائِضِينَ(45)

Sarta damel kula omong lelahanan kaliyan tiyang ingkang damelipun omong lelahanan

وَكُنَّا نُكَذِّبُ بِيَوْمِ الدِّينِ(46)

Sarta kula punika mahiben badhe kalampahipun dinten piwale

حَتَّىٰ أَتَانَا الْيَقِينُ(47)

Ngantos datengipun pejah kula

فَمَا تَنفَعُهُمْ شَفَاعَةُ الشَّافِعِينَ(48)

(Pangendikaning Allah) Mulane syafa’ate para juru syafaat ora bakal migunani marang dheweke

فَمَا لَهُمْ عَنِ التَّذْكِرَةِ مُعْرِضِينَ(49)

Lan apa ta pakolehe anggone wong mau padha lumuh nistakake saka pepeling (al-Quran)

كَأَنَّهُمْ حُمُرٌ مُّسْتَنفِرَةٌ(50)

Kaya dene kuldi (keledai liar) kang kaget

فَرَّتْ مِن قَسْوَرَةٍ(51)

Kan anggeblas ngoncati: singo barong

بَلْ يُرِيدُ كُلُّ امْرِئٍ مِّنْهُمْ أَن يُؤْتَىٰ صُحُفًا مُّنَشَّرَةً(52)

Balik dheweke, siji - sijine padha angajab diparingana dhewe - dhewe lembaran kang ginelar

كَلَّا ۖ بَل لَّا يَخَافُونَ الْآخِرَةَ(53)

Ora bakal (dipituruti panjaluke) balik dheweke padha ora wedi marang akherat

كَلَّا إِنَّهُ تَذْكِرَةٌ(54)

Temen iku sawijining pepeling

فَمَن شَاءَ ذَكَرَهُ(55)

Lah sapa sing gelem, angelangana iku

وَمَا يَذْكُرُونَ إِلَّا أَن يَشَاءَ اللَّهُ ۚ هُوَ أَهْلُ التَّقْوَىٰ وَأَهْلُ الْمَغْفِرَةِ(56)

Lan ora bakal padha angelingi, kejaba sing dadi kaparenging Allah. Panjenengane iku panthes diestokake dhawuhe lan pantes aparing pangapura


المزيد من السور باللغة الجاوية:

سورة البقرة آل عمران سورة النساء
سورة المائدة سورة يوسف سورة ابراهيم
سورة الحجر سورة الكهف سورة مريم
سورة السجدة سورة يس سورة الدخان
سورة النجم سورة الرحمن سورة الواقعة
سورة الحشر سورة الملك سورة الحاقة

تحميل سورة المدثر بصوت أشهر القراء :

قم باختيار القارئ للاستماع و تحميل سورة المدثر كاملة بجودة عالية
سورة المدثر أحمد العجمي
أحمد العجمي
سورة المدثر خالد الجليل
خالد الجليل
سورة المدثر سعد الغامدي
سعد الغامدي
سورة المدثر سعود الشريم
سعود الشريم
سورة المدثر عبد الباسط عبد الصمد
عبد الباسط
سورة المدثر عبد الله عواد الجهني
عبد الله الجهني
سورة المدثر علي الحذيفي
علي الحذيفي
سورة المدثر فارس عباد
فارس عباد
سورة المدثر ماهر المعيقلي
ماهر المعيقلي
سورة المدثر محمد جبريل
محمد جبريل
سورة المدثر محمد صديق المنشاوي
المنشاوي
سورة المدثر الحصري
الحصري
سورة المدثر العفاسي
مشاري العفاسي
سورة المدثر ناصر القطامي
ناصر القطامي
سورة المدثر ياسر الدوسري
ياسر الدوسري



Thursday, May 16, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب