La sourate Al-Muzzammil en Javanais
يَا أَيُّهَا الْمُزَّمِّلُ(1) He wong kang kemulan (Muhammad) |
قُمِ اللَّيْلَ إِلَّا قَلِيلًا(2) Sira tangiya sholat ing wayah wengi mung kena leren sedhela (kanggo turu) |
نِّصْفَهُ أَوِ انقُصْ مِنْهُ قَلِيلًا(3) Sholata setengah wengi utawa suda sethithik (dadi mung saprotelone wengi) |
أَوْ زِدْ عَلَيْهِ وَرَتِّلِ الْقُرْآنَ تَرْتِيلًا(4) Utawa tambahan (dari rong protelon wengi) sarta macaa al-Quran kang patitis wacanira |
إِنَّا سَنُلْقِي عَلَيْكَ قَوْلًا ثَقِيلًا(5) Ingsun bakal dhawuhake al-Quran kang abot marang sira |
إِنَّ نَاشِئَةَ اللَّيْلِ هِيَ أَشَدُّ وَطْئًا وَأَقْوَمُ قِيلًا(6) Satemen sholat ing wektu wengi (sawuse turu) empaning ponco driya condhong banget lan ati, kanggo benerake pengucap |
إِنَّ لَكَ فِي النَّهَارِ سَبْحًا طَوِيلًا(7) Satemene sira ing wayah awan wis nyambut gawe suwe |
وَاذْكُرِ اسْمَ رَبِّكَ وَتَبَتَّلْ إِلَيْهِ تَبْتِيلًا(8) Sira nyebuta asmaning Allah Pangeranira sarta melenga ngabekti |
رَّبُّ الْمَشْرِقِ وَالْمَغْرِبِ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ فَاتَّخِذْهُ وَكِيلًا(9) Allah iku Pangeraning jagad sisih wetan lan sisih kulon, ora ana sesembahan kelawan bener kejaba Allah, sira nyumanggakna samu barang prakara marang Allah |
وَاصْبِرْ عَلَىٰ مَا يَقُولُونَ وَاهْجُرْهُمْ هَجْرًا جَمِيلًا(10) Sabara marang pangucape (wong kafir) kang nglarakake ati tokna kelawan becik |
وَذَرْنِي وَالْمُكَذِّبِينَ أُولِي النَّعْمَةِ وَمَهِّلْهُمْ قَلِيلًا(11) Lan Ingsun togna wae, mangkana uga wongkang anggorohake kang sarwa mubra - mubru (kecukupan) togna wae sedhela |
إِنَّ لَدَيْنَا أَنكَالًا وَجَحِيمًا(12) Satemene Ingsun kagungan dhadhung kang santosa lan kagungan neraka jahanam |
وَطَعَامًا ذَا غُصَّةٍ وَعَذَابًا أَلِيمًا(13) Sarta kagungan pepanganan kang nglalekake lan siksa kang nglarani |
يَوْمَ تَرْجُفُ الْأَرْضُ وَالْجِبَالُ وَكَانَتِ الْجِبَالُ كَثِيبًا مَّهِيلًا(14) Kelakone kang mangkono mau ing dinane bumi lan gunung - gunung gonjang - ganjing, gunung - gunung padha dadi wedhi kang mawur - mawur |
إِنَّا أَرْسَلْنَا إِلَيْكُمْ رَسُولًا شَاهِدًا عَلَيْكُمْ كَمَا أَرْسَلْنَا إِلَىٰ فِرْعَوْنَ رَسُولًا(15) Ingsun wis ngutus rasul nerangkae marang sira bakal anggoningsun ngutus rasul marang Fir’aun |
فَعَصَىٰ فِرْعَوْنُ الرَّسُولَ فَأَخَذْنَاهُ أَخْذًا وَبِيلًا(16) Nanging Fir’aun ambangkang marang parenthe rosul (Musa) mulane banjur dipatrapi siksa abot |
فَكَيْفَ تَتَّقُونَ إِن كَفَرْتُمْ يَوْمًا يَجْعَلُ الْوِلْدَانَ شِيبًا(17) Kapriye olehmu bakal anjaga awakmu, manawa padha maido, ing dinane kang para bocah adha didadekake kaki (tuwa uwanen) |
السَّمَاءُ مُنفَطِرٌ بِهِ ۚ كَانَ وَعْدُهُ مَفْعُولًا(18) Ing dina iku sanadyan langit hiya sigar, kang wis ditemtokake dening Allah, mesthi kaleksanan |
إِنَّ هَٰذِهِ تَذْكِرَةٌ ۖ فَمَن شَاءَ اتَّخَذَ إِلَىٰ رَبِّهِ سَبِيلًا(19) Satemene ayat (tanda) iki dadi wewulang sing sapa kepengen selamet ngestokna ayat mau, minangka dalan marang ngarsaning Allah Pangerane |
۞ إِنَّ رَبَّكَ يَعْلَمُ أَنَّكَ تَقُومُ أَدْنَىٰ مِن ثُلُثَيِ اللَّيْلِ وَنِصْفَهُ وَثُلُثَهُ وَطَائِفَةٌ مِّنَ الَّذِينَ مَعَكَ ۚ وَاللَّهُ يُقَدِّرُ اللَّيْلَ وَالنَّهَارَ ۚ عَلِمَ أَن لَّن تُحْصُوهُ فَتَابَ عَلَيْكُمْ ۖ فَاقْرَءُوا مَا تَيَسَّرَ مِنَ الْقُرْآنِ ۚ عَلِمَ أَن سَيَكُونُ مِنكُم مَّرْضَىٰ ۙ وَآخَرُونَ يَضْرِبُونَ فِي الْأَرْضِ يَبْتَغُونَ مِن فَضْلِ اللَّهِ ۙ وَآخَرُونَ يُقَاتِلُونَ فِي سَبِيلِ اللَّهِ ۖ فَاقْرَءُوا مَا تَيَسَّرَ مِنْهُ ۚ وَأَقِيمُوا الصَّلَاةَ وَآتُوا الزَّكَاةَ وَأَقْرِضُوا اللَّهَ قَرْضًا حَسَنًا ۚ وَمَا تُقَدِّمُوا لِأَنفُسِكُم مِّنْ خَيْرٍ تَجِدُوهُ عِندَ اللَّهِ هُوَ خَيْرًا وَأَعْظَمَ أَجْرًا ۚ وَاسْتَغْفِرُوا اللَّهَ ۖ إِنَّ اللَّهَ غَفُورٌ رَّحِيمٌ(20) Satemene Allah Pangeranira nguningane yen sira nindakake sholat kira - kira / wengi, lan setengah wengi lan (kala - kala) |
Plus de sourates en Javanais :
Téléchargez la sourate avec la voix des récitants du Coran les plus célèbres :
Téléchargez le fichier mp3 de la sourate Al-Muzzammil : choisissez le récitateur pour écouter et télécharger la sourate Al-Muzzammil complète en haute qualité.















Donnez-nous une invitation valide