Summa anzala `alaikum mim ba`dil ghammi amanatan nu`aasai yaghshaa taaa` ifatam minkum wa taaa`ifatun qad ahammathum anfusuhum yazunnoona billaahi ghairal haqqi zannal jaahiliyyati yaqooloona hal lanaa minal amri min shai`; qul innal amra kullahoo lillaah; yukhfoona fee anfusihim maa laa yubdoona laka yaqooloona law kaana lanaa minal amri shai`ummaa qutilnaa haahunaa; qul law kuntum fee buyootikum labarazal lazeena kutiba `alaihimul qatlu ilaa madaaji`ihim wa liyabtaliyal laahu maa fee sudoorikum wa liyumah hisa maa fee quloobikum; wallaahu `aleemum bizaatis sudoor
📖 Terjemah (Ing Basa Jawa)
📖 Ing Basa Jawa
Nuli sawise sira padha nandhang susah, Allah mbanjur maringi kasantosan (katentreman) marang sira kabeh, nganti kancanira wong sak golongan padha mukmin padha ngantuk, lana ana wong sak golongan kang munafik iku isih padha ngandhut susah, padha ngira marang Allah yen ora bakal nyata anggone saguh tetulung marang Rasulullah, kaya penyanane wong kafir kang bodho, pangucape, "Aku mangsa padha ditulungana Allah sathithik-thithika", (Muhammad) sira dhawuha, "Samubarang perkara iku kagungane Allah kabeh". Wong minafiq mau padha mbatin ing sajroning atine, ora kawetu marang sira (Muhammad) dheweke padha ngucap, "Saupama aku padha duwe panduman pitulunging Allah sathithik wae, mesthi mangsa kelakon aku dimangsahake perang kang wekasane mati kaya kang kelakon iki". (Muhammad) sira dhawuha, "Sanajan sira padha ngunder ana ing ngomahira bae, yen wis ditakdirake (pinasthi) mati iku mesthi kelakon metu marang panggonan kang wis ditemtokake wong mau bakal mati ana ing kono.", kersane Allah dhawuh perang mau dienggo nyoba temen lan lamise atinira, lan beda-bedane atinira kelawan gumelara, "Dene Allah iku ngudaneni barang kang ana ing ati
🌐 Additional reference in Bahasa Indonesia
🌐 Bahasa Indonesia
Kemudian setelah kamu berdukacita, Allah menurunkan kepada kamu keamanan (berupa) kantuk yang meliputi segolongan dari pada kamu, sedang segolongan lagi telah dicemaskan oleh diri mereka sendiri, mereka menyangka yang tidak benar terhadap Allah seperti sangkaan jahiliyah. Mereka berkata: "Apakah ada bagi kita barang sesuatu (hak campur tangan) dalam urusan ini?". Katakanlah: "Sesungguhnya urusan itu seluruhnya di tangan Allah". Mereka menyembunyikan dalam hati mereka apa yang tidak mereka terangkan kepadamu; mereka berkata: "Sekiranya ada bagi kita barang sesuatu (hak campur tangan) dalam urusan ini, niscaya kita tidak akan dibunuh (dikalahkan) di sini". Katakanlah: "Sekiranya kamu berada di rumahmu, niscaya orang-orang yang telah ditakdirkan akan mati terbunuh itu keluar (juga) ke tempat mereka terbunuh". Dan Allah (berbuat demikian) untuk menguji apa yang ada dalam dadamu dan untuk membersihkan apa yang ada dalam hatimu. Allah Maha Mengetahui isi hati.
1) Tegese tembung-tembung kang perlu dijlentrehake:
أَمَنَةً: rasa aman, tentrem ati.
نُعَاسًا: rasa ngantuk, turu entheng.
يَغْشَىٰ: nutupi, ngliputi.
أَهَمَّتْهُمْ أَنفُسُهُمْ: mung mikirake awake dhewe, ora mikirake liyan.
ظَنَّ الْجَاهِلِيَّةِ: panganggep kang ala kaya wong jahiliyah (jaman biyen sadurunge Islam).
مَضَاجِعِهِمْ: panggonan patine, papan kang wis ditemtokake kanggo mati.
وَلِيُمَحِّصَ: supaya ngresiki, misahake kang ala saka kang becik.
2) Tegese ayat iki:
Ing ayat iki, Allah SWT nyritakake bab kahanan para sahabat Nabi ing Perang Uhud. Sawise padha ngrasakake susah lan sedhih amarga kekalahan, Allah banjur paring katentreman marang wong-wong mukmin kang temen-temen atine. Katentreman mau kaya rasa ngantuk kang nutupi sebagian saka wong-wong mau, dadi padha bisa turu sanajan lagi ana ing medan perang. Iki tandha yen atine padha mantep lan percaya marang janjine Allah.
Nanging ana kelompok liya, yaiku wong-wong munafik, kang ora ngrasakake katentreman mau. Sing dipikirake mung keslametane awake dhewe, ora mikirake Nabi lan para sahabat liyane. Padha duwe panganggep kang ala marang Allah, kaya panganggepe wong jahiliyah, yaiku ngira yen Allah ora bakal nulungi Rasulullah lan ora bakal menangake agama Islam. Padha ngomong, "Apa kita iki ora duwe pilihan babagan perang iki?" Padha uga ndhelikake rasa getun ing atine, lan ngomong, "Yen kita duwe pilihan, mesthi ora bakal mati ing kene."
Allah banjur paring dhawuh marang Nabi Muhammad SAW supaya ngendika yen kabeh perkara iku ana ing tangane Allah. Allah kang nemtokake sapa kang mati lan ing ngendi panggonane mati. Sanajan wong-wong mau tetep ana ing omah, wong-wong kang wis ditakdirke mati mesthi bakal metu menyang panggonan patine. Kabeh iki kedadeyan supaya Allah nyoba apa kang ana ing atine manungsa, lan supaya ngresiki ati saka sifat munafik lan nampakake sapa kang bener-bener iman. Allah iku ngerti kabeh isi atine manungsa, ora ana kang bisa didhelikake saka Panjenengane.
3) Piwulang kang bisa dijupuk:
Ayat iki mulangake yen sabar lan percaya marang Allah bakal ngasilake katentreman ing ati, sanajan lagi ana ing kahanan kang angel.
Wong kang imane kuwat bakal tansah duwe panganggep becik marang Allah, ora gampang putus asa lan ora gampang nyalahake Allah.
Kabeh kedadeyan ing urip iki wis ditakdirke dening Allah, mula ora perlu getun kelawan apa kang wis kelakon.
Ujian lan cobaan iku cara Allah kanggo ngresiki ati lan nampakake sapa kang temen-temen iman lan sapa kang mung ethok-ethok.
Ayat iki uga nuduhake yen Allah iku Maha Ngerti marang isi atine manungsa, mula kita kudu tansah njaga ati supaya tetep resik lan cedhak marang Allah.
Nuli sawise sira padha nandhang susah, Allah mbanjur maringi kasantosan (katentreman) marang sira kabeh, nganti kancanira wong sak golongan padha mukmin padha ngantuk, lana ana wong sak golongan kang munafik iku isih padha ngandhut susah, padha ngira marang Allah yen ora bakal nyata anggone saguh tetulung marang Rasulullah, kaya penyanane wong kafir kang bodho, pangucape, "Aku mangsa padha ditulungana Allah sathithik-thithika", (Muhammad) sira dhawuha, "Samubarang perkara iku kagungane Allah kabeh". Wong minafiq mau padha mbatin ing sajroning atine, ora kawetu marang sira (Muhammad) dheweke padha ngucap, "Saupama aku padha duwe panduman pitulunging Allah sathithik wae, mesthi mangsa kelakon aku dimangsahake perang kang wekasane mati kaya kang kelakon iki". (Muhammad) sira dhawuha, "Sanajan sira padha ngunder ana ing ngomahira bae, yen wis ditakdirake (pinasthi) mati iku mesthi kelakon metu marang panggonan kang wis ditemtokake wong mau bakal mati ana ing kono.", kersane Allah dhawuh perang mau dienggo nyoba temen lan lamise atinira, lan beda-bedane atinira kelawan gumelara, "Dene Allah iku ngudaneni barang kang ana ing ati
Lan Allah temen wis nuhoni janjine marang sira kabeh nulungi nalika sira padha mangsah merangi wong kafir kanthi idzining Allah nganti nalika sira padha pasulayan ana ing dhawuhe (para Nabi) lan sira padha mbangkang, sawisa sira dituduhake barang kang sira dhemenei (jarahan) saweneh ira ana kang ngarepake bandha donya lan sawenehira ana kang ngarepake ganjaran akherat. Nuli Allah ngalahake sira kabeh saka wong-wong kafir, jalaran Allah kersa nyoba marang sira kabeh. Allah temen wis paring pangapura marang sira kabeh. Dene Allah iku kagungan kanugrahan kaparingake marang wong kang padha mukmin
Sira padha elinga nalika sira padha keplayu, ingkono ora ana sawijining wong kang noleh utawa ngadeg ngenteni marang kancane. Dene Rasulullah ana ing burinira nimbali dhawuh mandheg marang sira kabeh. Allah mbanjur paring piwales marang sira kabeh, padha diparingi kesusahan keplayu. Marga anggonira padha nglirwakake dhawuhing Rasulu. Mangkono iku sira padha getuna anggone ora sida oleh jarahan lan anggonira padha kena coba. Dene Allah iku Maha Waspada marang samu barang kang sira tindakake
Nuli sawise sira padha nandhang susah, Allah mbanjur maringi kasantosan (katentreman) marang sira kabeh, nganti kancanira wong sak golongan padha mukmin padha ngantuk, lana ana wong sak golongan kang munafik iku isih padha ngandhut susah, padha ngira marang Allah yen ora bakal nyata anggone saguh tetulung marang Rasulullah, kaya penyanane wong kafir kang bodho, pangucape, "Aku mangsa padha ditulungana Allah sathithik-thithika", (Muhammad) sira dhawuha, "Samubarang perkara iku kagungane Allah kabeh". Wong minafiq mau padha mbatin ing sajroning atine, ora kawetu marang sira (Muhammad) dheweke padha ngucap, "Saupama aku padha duwe panduman pitulunging Allah sathithik wae, mesthi mangsa kelakon aku dimangsahake perang kang wekasane mati kaya kang kelakon iki". (Muhammad) sira dhawuha, "Sanajan sira padha ngunder ana ing ngomahira bae, yen wis ditakdirake (pinasthi) mati iku mesthi kelakon metu marang panggonan kang wis ditemtokake wong mau bakal mati ana ing kono.", kersane Allah dhawuh perang mau dienggo nyoba temen lan lamise atinira, lan beda-bedane atinira kelawan gumelara, "Dene Allah iku ngudaneni barang kang ana ing ati
Satemene para kancanira kang padha mlayu nguci, nalika tempuking golongan loro (wadyabala Islam lan kafir) iku mesthi saka panggodhaning (diplesetake) syetan marang wong mau, jalaran saka dosa sawetara kang wis ditindakake. Sayekti Allah wis paring pangapura marang wong mau. Satemene Allah iku Maha Pangapura sarta Maha Aris (welas)
He para mukmin kabeh, sira aja padha kaya wong kafir padha ngucap marang kanca-kancane, nalika padha lelungan ana ing bumi (banjur mati ana paran) utawa kang padha mangsah perang (banjur kasambut ing payudan) pangucape, "Saupama wong-wong mau ana kene bae, mesthi ora mati lan ora kesambut ing payudan", wusana kersane Allah pangucap mangkono mau dienggo sebab kaduwung ing atine si kafir kabeh. Dene Allah iku kang nguripi lan mateni. Allah mirsani samu barang kang sira tindakake
Surat Ali Imran Ayat 154 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Nuli sawise sira padha nandhang susah, Allah mbanjur maringi kasantosan…
Surat Ayat 154/200 — Surat Ali Imran آل عمران (Medinan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Ali Imran Rungokna, Surat Ali Imran Terjemah, Surat Ali Imran mp3, Surat Ali Imran pdf. Ayat 152–156. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.
SurahQuran.com was founded as a humble effort to serve the Noble Book and the pure Sunnah, to invite people to Allah, and to make the religious sciences accessible according to the methodology of the Quran and Sunnah. We praise and thank Allah for His grace, and we ask Him to accept our work and make it sincere for His noble Face.