وَالطُّورِ(1) Demi gunung Thur |
وَكِتَابٍ مَّسْطُورٍ(2) Demi Kitab Qur’an kang tinulis |
فِي رَقٍّ مَّنشُورٍ(3) Ana ing papan kang gumelar |
وَالْبَيْتِ الْمَعْمُورِ(4) Demi "Baitul Makmur" (Omah kang dimulyakake) |
وَالسَّقْفِ الْمَرْفُوعِ(5) Demi payon kang dhuwur (langit) |
وَالْبَحْرِ الْمَسْجُورِ(6) Demi segara kang banyune agung |
إِنَّ عَذَابَ رَبِّكَ لَوَاقِعٌ(7) Siksaning Allah Pangeranira kelakon temenan |
مَّا لَهُ مِن دَافِعٍ(8) Siksa mau ora ana kang bisa nulak |
يَوْمَ تَمُورُ السَّمَاءُ مَوْرًا(9) Kelakone besuk dina qiyamat nalika langit obah lan mubeng |
وَتَسِيرُ الْجِبَالُ سَيْرًا(10) Lan gunung - gunung padha mlaku |
فَوَيْلٌ يَوْمَئِذٍ لِّلْمُكَذِّبِينَ(11) Ing dina iku siksa kang abot dadi patrapane wong kang padha maido (Rasul) |
الَّذِينَ هُمْ فِي خَوْضٍ يَلْعَبُونَ(12) Kang padha ketungkul nglakoni barang kang luput |
يَوْمَ يُدَعُّونَ إِلَىٰ نَارِ جَهَنَّمَ دَعًّا(13) Hiya iku nalikane wong kafir padha dijorokake marang neraka jahannam |
هَٰذِهِ النَّارُ الَّتِي كُنتُم بِهَا تُكَذِّبُونَ(14) Sarta didhawuhi, iki neraka kang padha sira paido biyen |
أَفَسِحْرٌ هَٰذَا أَمْ أَنتُمْ لَا تُبْصِرُونَ(15) Apa iki sihir, apa pandelengira rusak dadi ora weruh |
اصْلَوْهَا فَاصْبِرُوا أَوْ لَا تَصْبِرُوا سَوَاءٌ عَلَيْكُمْ ۖ إِنَّمَا تُجْزَوْنَ مَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(16) Padha rasakna piye rasane sira bantah panase utawa ora, iku padha wae, kang dipatrapi siksa neraka iku kaluputan kang wis sira lakoni biyen |
إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَنَعِيمٍ(17) Para wong kang padha bekti ing Allah padha ana suwarga panggonan kapenak |
فَاكِهِينَ بِمَا آتَاهُمْ رَبُّهُمْ وَوَقَاهُمْ رَبُّهُمْ عَذَابَ الْجَحِيمِ(18) Padha enak - enak nampani ganjaran paringe Pangeran sarta direksa ora kecemplung neraka jahannam |
كُلُوا وَاشْرَبُوا هَنِيئًا بِمَا كُنتُمْ تَعْمَلُونَ(19) Padha tampa dhawuh padha mangana lan ngombea, kelawan enak ana suwarga ganjarane penggawe becik kang wis sira lakoni biyen |
مُتَّكِئِينَ عَلَىٰ سُرُرٍ مَّصْفُوفَةٍ ۖ وَزَوَّجْنَاهُم بِحُورٍ عِينٍ(20) Wong ing suwarga padha linggih sendhen ing kursi kang ditata jejer - jejer, lan padha Ingsun dhawuhake widadari kang mripate blalak - blalak |
وَالَّذِينَ آمَنُوا وَاتَّبَعَتْهُمْ ذُرِّيَّتُهُم بِإِيمَانٍ أَلْحَقْنَا بِهِمْ ذُرِّيَّتَهُمْ وَمَا أَلَتْنَاهُم مِّنْ عَمَلِهِم مِّن شَيْءٍ ۚ كُلُّ امْرِئٍ بِمَا كَسَبَ رَهِينٌ(21) Wong - wong kang percaya ing Allah kang anake ngatur melu manut percaya anak mau Ingsun helokake bapakne, diganjar padha ganjarane Bapa tanpa disuda sethitik - sethitika. Saben manungsa iku gandhenge karo ngamal sing ditindakake |
وَأَمْدَدْنَاهُم بِفَاكِهَةٍ وَلَحْمٍ مِّمَّا يَشْتَهُونَ(22) Wong ing suwarga padha Ingsun paringi tambahan woh - wohan lan daging kang dipingini |
يَتَنَازَعُونَ فِيهَا كَأْسًا لَّا لَغْوٌ فِيهَا وَلَا تَأْثِيمٌ(23) Ana ing suwarga dheweke padha rebutan gelas kang isine tanpa agawe mendem lan ora dadi pasulayan apa dene anggone ngombe ora duraka |
۞ وَيَطُوفُ عَلَيْهِمْ غِلْمَانٌ لَّهُمْ كَأَنَّهُمْ لُؤْلُؤٌ مَّكْنُونٌ(24) Lan padha ngubengi sacedhake dheweke punakawane kang rupane bagus - bagus kaya mutiara kang isih ana ing congkoke |
وَأَقْبَلَ بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ يَتَسَاءَلُونَ(25) Padha hadhep - hadhepan takon - tinakon karo kancane |
قَالُوا إِنَّا كُنَّا قَبْلُ فِي أَهْلِنَا مُشْفِقِينَ(26) Pangucape, "Kala rumiyen kula nalika wonten ing tengah - tengahing keluarga ajrih sanget dhateng siksaning Allah |
فَمَنَّ اللَّهُ عَلَيْنَا وَوَقَانَا عَذَابَ السَّمُومِ(27) Allah lajeng paring pitulung dhateng kula, dipun reksa biten mlebet neraka |
إِنَّا كُنَّا مِن قَبْلُ نَدْعُوهُ ۖ إِنَّهُ هُوَ الْبَرُّ الرَّحِيمُ(28) Sayektosipun rumiyen kula bektos ing Allah, sayektosipun Allah punika damel sahe tur Maha Asih |
فَذَكِّرْ فَمَا أَنتَ بِنِعْمَتِ رَبِّكَ بِكَاهِنٍ وَلَا مَجْنُونٍ(29) Sira ditaberi nyurup - nyurupake (nerangake). Sira dudu guru pagorohan lan dudu wong edan, nanging diparingi kabungahan ing Pangeranira |
أَمْ يَقُولُونَ شَاعِرٌ نَّتَرَبَّصُ بِهِ رَيْبَ الْمَنُونِ(30) Wong mangro tingal malah padha kondha, "(Muhammad) iku pinter nganggit tembang, Hiya tak entenane horeging jagad kang wecana |
قُلْ تَرَبَّصُوا فَإِنِّي مَعَكُم مِّنَ الْمُتَرَبِّصِينَ(31) Dhawuha, "Hiya padha ngentenana, aku uga ngenteni karo kowe |
أَمْ تَأْمُرُهُمْ أَحْلَامُهُم بِهَٰذَا ۚ أَمْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُونَ(32) Wong mangro tingal anggone kondha mangkono mau, thukul saka akale kang nasar, utawa saka kebangeten anggone dhemen padu |
أَمْ يَقُولُونَ تَقَوَّلَهُ ۚ بَل لَّا يُؤْمِنُونَ(33) Dheweke (wong mangro tingal) malah padha kandha, "Dheweke (Muhammad) iku anggone gawe - gawe". Satemene wong mangro tingal mau ora padha iman |
فَلْيَأْتُوا بِحَدِيثٍ مِّثْلِهِ إِن كَانُوا صَادِقِينَ(34) Manawa pangucape temen padha gawea Kitab kang madhani al-Quran (terange lan bergase) |
أَمْ خُلِقُوا مِنْ غَيْرِ شَيْءٍ أَمْ هُمُ الْخَالِقُونَ(35) Ana wong mangro tingal iku padha digawe nanging ora ana kang gawe, utawa dheweke iku gawe awake dhewe |
أَمْ خَلَقُوا السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضَ ۚ بَل لَّا يُوقِنُونَ(36) Utawa dheweke padha gawe bumi lan langit? Sejatine dheweke ora ngandel (kang kandhakake dhewe) |
أَمْ عِندَهُمْ خَزَائِنُ رَبِّكَ أَمْ هُمُ الْمُصَيْطِرُونَ(37) Utawa dheweke mau nyekel gedhong pasimpene Pangeranira utawa dheweke kang kuasa |
أَمْ لَهُمْ سُلَّمٌ يَسْتَمِعُونَ فِيهِ ۖ فَلْيَأْتِ مُسْتَمِعُهُم بِسُلْطَانٍ مُّبِينٍ(38) Apa dheweke duwe ondho (nyang langit) kanggo ngrungokake guneme malaikat ana ing andha mau. Yen mangkono, iya wong kang ngrungokake mau nganakna tandha yekti kang cetha |
أَمْ لَهُ الْبَنَاتُ وَلَكُمُ الْبَنُونَ(39) Apa nyata Allah peputra putri, lan kowe (kang mangro tingal) padha manak lanang |
أَمْ تَسْأَلُهُمْ أَجْرًا فَهُم مِّن مَّغْرَمٍ مُّثْقَلُونَ(40) Apa anggonira ngondhangake perintah Ku, kango jaluk pituwas marang dheweke, nganti dheweke padha abot anggone nganakake pituwas |
أَمْ عِندَهُمُ الْغَيْبُ فَهُمْ يَكْتُبُونَ(41) Apa dheweke padha kadunungan kaweruh ghoib, weruh samu barang kang samar banjur padha ditulisi (kena dianggo madoni Muhammad) |
أَمْ يُرِيدُونَ كَيْدًا ۖ فَالَّذِينَ كَفَرُوا هُمُ الْمَكِيدُونَ(42) Apa dheweke neja maheka marang Sira, pahekane malah bakal balik marang si kafir kabeh |
أَمْ لَهُمْ إِلَٰهٌ غَيْرُ اللَّهِ ۚ سُبْحَانَ اللَّهِ عَمَّا يُشْرِكُونَ(43) Apa dheweke mau ngaku duwe Pangeran liyane Allah. Allah iku maha suci , adoh banget yen kaya panemune wong mangro tingal |
وَإِن يَرَوْا كِسْفًا مِّنَ السَّمَاءِ سَاقِطًا يَقُولُوا سَحَابٌ مَّرْكُومٌ(44) Manawa wong kafir mau padha deleng gempalaning langit runtuh, padha ngucap, "iki mega kang tumpuk - tumpuk |
فَذَرْهُمْ حَتَّىٰ يُلَاقُوا يَوْمَهُمُ الَّذِي فِيهِ يُصْعَقُونَ(45) Padha tokna wae nganti tekan dina anggone padha mati |
يَوْمَ لَا يُغْنِي عَنْهُمْ كَيْدُهُمْ شَيْئًا وَلَا هُمْ يُنصَرُونَ(46) Yaiku dina kang ora ana gunane pahekane si kafir marang awake sethithik - thithika lan ora ana kang bisa nulungi marang dheweke |
وَإِنَّ لِلَّذِينَ ظَلَمُوا عَذَابًا دُونَ ذَٰلِكَ وَلَٰكِنَّ أَكْثَرَهُمْ لَا يَعْلَمُونَ(47) Lan satemene kanggo wong kang nganiaya ana siksa sak durunge mati. Ananging kang akeh ora padha weruh |
وَاصْبِرْ لِحُكْمِ رَبِّكَ فَإِنَّكَ بِأَعْيُنِنَا ۖ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ حِينَ تَقُومُ(48) Lan padha sabara narima pranataning Pangeranira awit sira tansah Ingsun huningani lan sira nyebuta, "Maha suci" lan memuji ing Pangeranira nalikane sira ngadeg (arep sholat) |
وَمِنَ اللَّيْلِ فَسَبِّحْهُ وَإِدْبَارَ النُّجُومِ(49) Lan ing wayah wengi apadene ing wayah surupe lintang (waktu fajar) sira hiya nyebuta "Maha Suci" ing Allah |