Surah Maryam with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah Maryam | مريم - Ayat Count 98 - The number of the surah in moshaf: 19 - The meaning of the surah in English: Mary.

كهيعص(1)

 Kaaf Haa Yaa ’Aiin Shaad

ذِكْرُ رَحْمَتِ رَبِّكَ عَبْدَهُ زَكَرِيَّا(2)

 (Dene kang sira waca iki Muhammad), nyaritakake rahmate Pangeranira kang kaparingake marang kawulane, yaiku Nabi Zakariya

إِذْ نَادَىٰ رَبَّهُ نِدَاءً خَفِيًّا(3)

 Nalika dheweke (Zkariya) ngedonga mrang Pangerane kalawan pandonga kang disidemake

قَالَ رَبِّ إِنِّي وَهَنَ الْعَظْمُ مِنِّي وَاشْتَعَلَ الرَّأْسُ شَيْبًا وَلَمْ أَكُن بِدُعَائِكَ رَبِّ شَقِيًّا(4)

 Unjkke, "Dhuh Pangeran kwula, kawula punika sampun sepuh, balung kula sampun ringkih, sira kula sampun mabluk uwanipun, namung senajana makaten kawula boten cilaka kalayan ndodonga Panjenengan punika dhuh Pangeran kawula

وَإِنِّي خِفْتُ الْمَوَالِيَ مِن وَرَائِي وَكَانَتِ امْرَأَتِي عَاقِرًا فَهَبْ لِي مِن لَّدُنكَ وَلِيًّا(5)

 Sarta saestunipun kawula kuwatos dhateng ahli waris kawula (ajrih boten leres anggenipun nyepeng khilafah) sapengker kawula, ing mangka simah kawula punika gabug. Jalaran saking punika, muga Panjenengan paring dhateng kawula sesulih (anak ingkang karidhan) saking ngarsa Panjenengan

يَرِثُنِي وَيَرِثُ مِنْ آلِ يَعْقُوبَ ۖ وَاجْعَلْهُ رَبِّ رَضِيًّا(6)

 Anak kala wau ingkang badhe nampi warisan saking kawula tuwin saking kulawarga Ya’qub, sarta mugi Panjenengan dadosaken lare ingkang pikantuk karidhan Panjenengan, dhuh Pangeran kwula

يَا زَكَرِيَّا إِنَّا نُبَشِّرُكَ بِغُلَامٍ اسْمُهُ يَحْيَىٰ لَمْ نَجْعَل لَّهُ مِن قَبْلُ سَمِيًّا(7)

 (Dhawuhe Allah), "He Zakariya, satemene Ingsun paring pawarta bungah marang sira bakal keparingan anak aran Yahya. Sadurunge iku, ora ana wong siji - sijiya kang Ingsun paringi jeneng kaya mangkono

قَالَ رَبِّ أَنَّىٰ يَكُونُ لِي غُلَامٌ وَكَانَتِ امْرَأَتِي عَاقِرًا وَقَدْ بَلَغْتُ مِنَ الْكِبَرِ عِتِيًّا(8)

 Nabi Zakariya munjuk, "Dhuh Pangeran kawula. Kados pundi kawula badhe gadhah anak, ing mangka semah kawula punika gabug, tuwin kawula sampun sepuh banget

قَالَ كَذَٰلِكَ قَالَ رَبُّكَ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌ وَقَدْ خَلَقْتُكَ مِن قَبْلُ وَلَمْ تَكُ شَيْئًا(9)

 Allah paring pangandika minangka wangsulan marang Nabi Zakariya, "Mula bener mengkono. Pangeranmu wis dhawuh, "Perkara iku gampang utumrap Ingsun, lan satemene Ingsun wis nitahake sira sadurunge Yahya, sarta sira uga durung dadi apa - apa (Pangeranmu iya kuwasa)

قَالَ رَبِّ اجْعَل لِّي آيَةً ۚ قَالَ آيَتُكَ أَلَّا تُكَلِّمَ النَّاسَ ثَلَاثَ لَيَالٍ سَوِيًّا(10)

 Nabi Zakariya matur, "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan paring tetenger dhateng kawula". Pangandikane Allah, "Iya, tandha yekti sira bakal duwe anak lanang mengkene: sajrone telung dina telung bengi, sira aja caturan karo manungsa, tur kowe ora lara apa - apa (ora bisu)

فَخَرَجَ عَلَىٰ قَوْمِهِ مِنَ الْمِحْرَابِ فَأَوْحَىٰ إِلَيْهِمْ أَن سَبِّحُوا بُكْرَةً وَعَشِيًّا(11)

 Nabi Zakariya banjur metu saka ing Pangimaman (mikhrab, panggonan anggone munajat), ketemu para kaume. Sarehning ora pareng guneman, mula mung aweh isyarat marang para kaume, "Sira kabeh padha shalata (Maha sucekake marang Allah) saben isuk lan sore

يَا يَحْيَىٰ خُذِ الْكِتَابَ بِقُوَّةٍ ۖ وَآتَيْنَاهُ الْحُكْمَ صَبِيًّا(12)

 (Ringkese Nabi Zakariya duwe anak lanang sarta banjur dijenengake Yahya). Yahya mau Ingsun junjung dadi Nabi, Ingsun paringi kawicaksana, tur isih bocah. Pangandikaningsun, "He yahya, saiki sira nyekela (amalna) kitab Taurat klawan temen - temen

وَحَنَانًا مِّن لَّدُنَّا وَزَكَاةً ۖ وَكَانَ تَقِيًّا(13)

 Lan maneh Nabi Yahya mau Ingsun paringi bebuden welasan marang sepapadhaning manungsa sarta resikan (uga atine), lan dheweje iku wong kang taqwa (wedi, ngabekti) marang Pangerane

وَبَرًّا بِوَالِدَيْهِ وَلَمْ يَكُن جَبَّارًا عَصِيًّا(14)

 Lan samono uga bekti marang wong tuwane loro, apa maneh dheweke iku ora duwe sifat gumedhe sarta ora duraka

وَسَلَامٌ عَلَيْهِ يَوْمَ وُلِدَ وَيَوْمَ يَمُوتُ وَيَوْمَ يُبْعَثُ حَيًّا(15)

 Nabi yahya mau Ingsun paringi selamet saka sakehing ribet wiwit nalika metu saka ing guwa-garbane keng ibu, lan nalika tumekane janji (sedane) sarta besuk nalikane Ingsun uripake, tangi saka ing pati

وَاذْكُرْ فِي الْكِتَابِ مَرْيَمَ إِذِ انتَبَذَتْ مِنْ أَهْلِهَا مَكَانًا شَرْقِيًّا(16)

 He Muhammad, sira nyritakna lelakone Maryam ana ing kitab (al-Qur’an), nalika dheweke (Maryam) dhelik anenepi (sumungkir) ana ing panggonan sawetane Baitul Muqaddas saka para kawulawargane

فَاتَّخَذَتْ مِن دُونِهِمْ حِجَابًا فَأَرْسَلْنَا إِلَيْهَا رُوحَنَا فَتَمَثَّلَ لَهَا بَشَرًا سَوِيًّا(17)

 Dheweke (Maryam) mau nuli gawe aling - aling, dienggo ngaling - alingi para kawulawargane. Ingsun nuli ngutus Malaikat Jibril supaya nemoni Maryam, sarta tekane Jibril iku nyaru arupa manungsa kang sampurna

قَالَتْ إِنِّي أَعُوذُ بِالرَّحْمَٰنِ مِنكَ إِن كُنتَ تَقِيًّا(18)

 Maryam banjur matur marang Malaikat Jibril, "Sayektosipun kula nyuwun reksa dhateng Ingkang Maha Welas saking panjenengan, menawi panjenengan bekti dhateng Panjenenganipun Allah, sampun ngantos kenging paggodha jalaran panjenengan

قَالَ إِنَّمَا أَنَا رَسُولُ رَبِّكِ لِأَهَبَ لَكِ غُلَامًا زَكِيًّا(19)

 (Malaikat Jibril mangsuli), "Sajatosipun kula punika satunggaling Utusanipun Pangeran Panjenengan, supados kula paring satunggaling putra jaler dhateng panjenengan ingkang suci

قَالَتْ أَنَّىٰ يَكُونُ لِي غُلَامٌ وَلَمْ يَمْسَسْنِي بَشَرٌ وَلَمْ أَكُ بَغِيًّا(20)

 Maryam mangsuli matur, "Kados pundi sagedipun kaleksanan kula badhe gadhah anak, ing mangka boten wonten manungsa (bojo) ingkang anggepok kaliyan kula, sarta kula punika sanes tiyang isteri awon

قَالَ كَذَٰلِكِ قَالَ رَبُّكِ هُوَ عَلَيَّ هَيِّنٌ ۖ وَلِنَجْعَلَهُ آيَةً لِّلنَّاسِ وَرَحْمَةً مِّنَّا ۚ وَكَانَ أَمْرًا مَّقْضِيًّا(21)

 (Malaikat Jibril) paring wangsulan, "Leres, mila mekaten, nanging Pangeran panjenengan sampun paring dhawuh, "Perkara anggoningsun maringi anak lanang marang maryam tanpa bapa, iku ingatase Ingsun gampang bae. KLang Ingsun damel kang koyo mangkono iku supaya dadi tandha yekti kuwasaningsun marang para manungsa dadi rakhmat saka ngarsaningsun. Lan perkara nitahake ’Isa iku perkara kang wis diputusake

۞ فَحَمَلَتْهُ فَانتَبَذَتْ بِهِ مَكَانًا قَصِيًّا(22)

 (Malaikat Jibril banjur ndamoni Maryam), sanalika Maryam banjur bobot, sarta sawse mbobot iku, dheweke nuli nyingkir marang panggonan kang adoh

فَأَجَاءَهَا الْمَخَاضُ إِلَىٰ جِذْعِ النَّخْلَةِ قَالَتْ يَا لَيْتَنِي مِتُّ قَبْلَ هَٰذَا وَكُنتُ نَسْيًا مَّنسِيًّا(23)

 Bareng wis tekan wancine nglahirake jabang bayi, Maryam nglarani, nuli lunga menyang sangisore wit kurma sarta banjur celathu, "Adhuh, bok ya aku mati sadurunge nglakoni lara lan wirang kang mengkene iku sarta muga - muga kahananku dilalekake lan ora disebut - sebut

فَنَادَاهَا مِن تَحْتِهَا أَلَّا تَحْزَنِي قَدْ جَعَلَ رَبُّكِ تَحْتَكِ سَرِيًّا(24)

 Malaikat Jibril banjur mangsuli nguwuh - nguwuh ana ngisore Maryam, "He Maryam, panjenengan sampun sisah. Allah Pangeran panjenengan sapunika angawontenaken lepen ingkang mili wonten ngandhap panjenengan punika

وَهُزِّي إِلَيْكِ بِجِذْعِ النَّخْلَةِ تُسَاقِطْ عَلَيْكِ رُطَبًا جَنِيًّا(25)

 Lan ugi angoyagna wit kurma ingkang panjenengan sendheni punika. Saking kersanipun Allah wit kurma ingkang sampun garing punika samangke dados ijem seger sarta medal wohipun sanalika kangge panjenengan

فَكُلِي وَاشْرَبِي وَقَرِّي عَيْنًا ۖ فَإِمَّا تَرَيِنَّ مِنَ الْبَشَرِ أَحَدًا فَقُولِي إِنِّي نَذَرْتُ لِلرَّحْمَٰنِ صَوْمًا فَلَنْ أُكَلِّمَ الْيَوْمَ إِنسِيًّا(26)

 Samangke panjenengan kula aturi dhahar lan ngunjuk, sarta dipun tentremaken panggalih panjenengan. Menawi panjenengan kepanggih kaliyan tetiyang ingkang pitaken, supados kajawab, "Satemene Ingsun wis nadzar marang Pangeran Kang Maha Welas kalawan pasa, dina iki aku ora bakal guneman karo manungsa

فَأَتَتْ بِهِ قَوْمَهَا تَحْمِلُهُ ۖ قَالُوا يَا مَرْيَمُ لَقَدْ جِئْتِ شَيْئًا فَرِيًّا(27)

 Maryam baeng wis rancag, waras lan resik, banjur bali marang panggonane para kaume kanthi mbopong putrane. Para kaume banjur padha nyruwe, pangucape, " He Maryam, yekti sira nglakone penggawe kang ngeram - eramake kang ora disenengi (yaiku peputra tanpa bapa)

يَا أُخْتَ هَارُونَ مَا كَانَ أَبُوكِ امْرَأَ سَوْءٍ وَمَا كَانَتْ أُمُّكِ بَغِيًّا(28)

 He sedulure Harun (He wong wadon kang suci prasasat Nabi Harun)Ramamu kyai Imron iku dudu wong ala lan ibumu dudu wong wadon serong

فَأَشَارَتْ إِلَيْهِ ۖ قَالُوا كَيْفَ نُكَلِّمُ مَن كَانَ فِي الْمَهْدِ صَبِيًّا(29)

 Siti Maryam nuli aweh isarah (sasmita) supaya padha takon marang bayi mau. Kaume nuli padha takon kapriye anggoningsun ngajak catur bayi kang ana ing bandulan

قَالَ إِنِّي عَبْدُ اللَّهِ آتَانِيَ الْكِتَابَ وَجَعَلَنِي نَبِيًّا(30)

 Ing kono bayi (Isa) mau banjur mangsuli, "Saktemene ingsun iki kawulane Allah, ing tembe panjenengane Allah bakal maringi kitab (Injil) marang ingsun, sarta panjenengane bakal ngangkat ingsun kadadekake Nabi

وَجَعَلَنِي مُبَارَكًا أَيْنَ مَا كُنتُ وَأَوْصَانِي بِالصَّلَاةِ وَالزَّكَاةِ مَا دُمْتُ حَيًّا(31)

 Lan ana ing ngendi wae panggonanku, Allah bakal amberkahi marang Ingsun maedahi marang manungsa, sarta aku wis didhawuhi sak jeroningsun isih urip kudu nindakake shalat lan aweh zakat

وَبَرًّا بِوَالِدَتِي وَلَمْ يَجْعَلْنِي جَبَّارًا شَقِيًّا(32)

 Sarta Ingsun wis didhawuhi supaya bekti marang ibuningsun, Sarta panjenengane ora ngersakake ingsun wong kang gumedhe lan duraka

وَالسَّلَامُ عَلَيَّ يَوْمَ وُلِدتُّ وَيَوْمَ أَمُوتُ وَيَوْمَ أُبْعَثُ حَيًّا(33)

 Sarta ingsun diparingi keslametan ing dina ingsun dilahirake, lan ing dina ingsun mati sarta ing dina ingsun katangekake maneh

ذَٰلِكَ عِيسَى ابْنُ مَرْيَمَ ۚ قَوْلَ الْحَقِّ الَّذِي فِيهِ يَمْتَرُونَ(34)

 Kang wis mengucap mangkono mau yaiku Isa putrane Maryam, kanti pangucap kang dianggep padudon deniing wong - wong mau. (Yaiku bab kahanane Isa)

مَا كَانَ لِلَّهِ أَن يَتَّخِذَ مِن وَلَدٍ ۖ سُبْحَانَهُ ۚ إِذَا قَضَىٰ أَمْرًا فَإِنَّمَا يَقُولُ لَهُ كُن فَيَكُونُ(35)

 Ora pisan - pisan Allah mundhut putra, Maha Suci Allah sangka peputra. Dene menawa panjenengane ngersakake nitahake sawijining perkara, panjenengane dhawuh, "Kun" anaa sira, ing kono barang mau banjur ana

وَإِنَّ اللَّهَ رَبِّي وَرَبُّكُمْ فَاعْبُدُوهُ ۚ هَٰذَا صِرَاطٌ مُّسْتَقِيمٌ(36)

 Lan saktemene panjenengane Allah Pangeraningsun lan Pangeranira. Awit saka iku sira padha manembaha marang panjenengane. Ya iki dalan kang bener

فَاخْتَلَفَ الْأَحْزَابُ مِن بَيْنِهِمْ ۖ فَوَيْلٌ لِّلَّذِينَ كَفَرُوا مِن مَّشْهَدِ يَوْمٍ عَظِيمٍ(37)

 (Bareng Isa ngandiko mangkono) para manungsa (golongan nasrani) banjur pada sulaya panemune (Dadi telung golongan). Dene siksa neraka kang banget larane iku disediakake kanggo wong kang mungkir (kafir) anggone nekseni dina kang banget gedhene (dina Qiyamat)

أَسْمِعْ بِهِمْ وَأَبْصِرْ يَوْمَ يَأْتُونَنَا ۖ لَٰكِنِ الظَّالِمُونَ الْيَوْمَ فِي ضَلَالٍ مُّبِينٍ(38)

 Anggumunake wong - wong mau, dene wus padha krungu sarta wis padha sumurup tanda yekti, padha ora percaya anane dina Qiyamat yaiku dina dheweke padha disowanake marang ngarsaningsun nanging wong - wong kang aniaya (kafir) ana ing dina iku tetep ana ing sasar kang nyata

وَأَنذِرْهُمْ يَوْمَ الْحَسْرَةِ إِذْ قُضِيَ الْأَمْرُ وَهُمْ فِي غَفْلَةٍ وَهُمْ لَا يُؤْمِنُونَ(39)

 (Muhammad) sira ngelingna wong - wong kafir mau ing dina Hasraah (dina nalangsa dina Qiyamat) yaiku nalika kabeh perkara diputus dening Allah lan wong - wong mau ana ing donya padha lali ora padha percaya marang Allah

إِنَّا نَحْنُ نَرِثُ الْأَرْضَ وَمَنْ عَلَيْهَا وَإِلَيْنَا يُرْجَعُونَ(40)

 Saktemene Ingusn bakal nampa warise bumi (dalah wong sak isine bumi kabeh) lan mung marang ngarsaningsun piyambak wong - wong mau bakal disowanake

وَاذْكُرْ فِي الْكِتَابِ إِبْرَاهِيمَ ۚ إِنَّهُ كَانَ صِدِّيقًا نَّبِيًّا(41)

 Muhammad sira nyritakna critane Ibrahim ana ing sajroning al-Qur’an. Saktemene Ibrahim iku wong kang temen lan dadi nabi

إِذْ قَالَ لِأَبِيهِ يَا أَبَتِ لِمَ تَعْبُدُ مَا لَا يَسْمَعُ وَلَا يُبْصِرُ وَلَا يُغْنِي عَنكَ شَيْئًا(42)

 Yaiku critane Ibrahim nalika matur marang bapakne, "Dhuh rama kenging punapa panjenengan teka manembah brahala ingkang mboten mireng lan mirsani, sarta mboten saget ngalang - alangi siksane Allah saking panjenengan

يَا أَبَتِ إِنِّي قَدْ جَاءَنِي مِنَ الْعِلْمِ مَا لَمْ يَأْتِكَ فَاتَّبِعْنِي أَهْدِكَ صِرَاطًا سَوِيًّا(43)

 Dhuh rama sajatosipun kula sampun kaparingan ngilmu (kabatisan sarta syariat) ingkang dereng nate kaparingaken dateng panjenengan. Awit saking punika mugi - mugi panjenengan manut ing kula, kula badhe nedahaken margi ingkang leres

يَا أَبَتِ لَا تَعْبُدِ الشَّيْطَانَ ۖ إِنَّ الشَّيْطَانَ كَانَ لِلرَّحْمَٰنِ عَصِيًّا(44)

 Dhuh rama, panjenengan sampun pisan - pisan manembah dhateng syetan, jalaran sejatosipun syetan punika duraka dhateng Pangeran ingkang Maha Welas

يَا أَبَتِ إِنِّي أَخَافُ أَن يَمَسَّكَ عَذَابٌ مِّنَ الرَّحْمَٰنِ فَتَكُونَ لِلشَّيْطَانِ وَلِيًّا(45)

 Dhuh rama sejatosipun kula ajrih menawi panjenengan kapatrapan siksa saking pangeran kang Maha Welas, lajeng panjenengan dados kekasih saking Pangeran kang maha Welas, lajeng panjenengan dados kekasihipun syetan

قَالَ أَرَاغِبٌ أَنتَ عَنْ آلِهَتِي يَا إِبْرَاهِيمُ ۖ لَئِن لَّمْ تَنتَهِ لَأَرْجُمَنَّكَ ۖ وَاهْجُرْنِي مَلِيًّا(46)

 Ramane Ibrahim mangsuli, "He Ibrahim, yogene gething marang brahala sesembahanku. Menawa kowe ora gelem mareni, yekti Ingsun ranjam, lan nyingkira saka aku saklawase urip

قَالَ سَلَامٌ عَلَيْكَ ۖ سَأَسْتَغْفِرُ لَكَ رَبِّي ۖ إِنَّهُ كَانَ بِي حَفِيًّا(47)

 Ibrahim banjur matur maneh, "Kawilujengan mugi tetep ing panjenegan. (Panjenengan badhe kula suwunaken ing Allah pangeran kula mugi - mugi panjenegan dipun tedahna dhateng agami Islam) saha kula badhe nyuwunaken pangapunten dhateng pangeran kula kangge panjenengan, sejatosipun panjenengane Allah sae (welas asih) dhateng kula

وَأَعْتَزِلُكُمْ وَمَا تَدْعُونَ مِن دُونِ اللَّهِ وَأَدْعُو رَبِّي عَسَىٰ أَلَّا أَكُونَ بِدُعَاءِ رَبِّي شَقِيًّا(48)

 (Ibrahim ngendika marang kaume:) "Lan ingsun bakal sumingkir saka sira kabeh lan saka barang kang padha sira sembah sakliyane Allah, lan ingsun bakal manembah marang Pangeraningsun, muga - muga kanthi panembah ingsun marang pangeran iku, ingsun ora dadi wong kang cilaka

فَلَمَّا اعْتَزَلَهُمْ وَمَا يَعْبُدُونَ مِن دُونِ اللَّهِ وَهَبْنَا لَهُ إِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ ۖ وَكُلًّا جَعَلْنَا نَبِيًّا(49)

 Bareng Ibrahim wis sumingkir sangka wong - wong mau lan saka sesembahan sak liyane Allah, dheweke nuli ingsun paringi anak, yaiku ishaq lan Ya’kub, sarta sak klorone iku ingsun angkat dadi nabi

وَوَهَبْنَا لَهُم مِّن رَّحْمَتِنَا وَجَعَلْنَا لَهُمْ لِسَانَ صِدْقٍ عَلِيًّا(50)

 Lan ingsun paring marang dheweke (marang putra wayahe Ibrahim) saka rohmat ingsun, sarta ingsun dadekake dadi wong - wong kang pinuji lan becik sarta diluhurake (ana ing antarane ahli agama)

وَاذْكُرْ فِي الْكِتَابِ مُوسَىٰ ۚ إِنَّهُ كَانَ مُخْلَصًا وَكَانَ رَسُولًا نَّبِيًّا(51)

 (Muhammad) nyritakna critane Musa ana ing kitab Qur’an. Saktemene dheweke iku sawijining wong kang tulus lan resik ati, lan dheweke iku dadi rosul lan dadi nabi

وَنَادَيْنَاهُ مِن جَانِبِ الطُّورِ الْأَيْمَنِ وَقَرَّبْنَاهُ نَجِيًّا(52)

 Lan ingsun nimbali dheweke Musa saka gunung Tursina (gunung Sinai) kang ana ing sisih tengen (nalika Musa mlaku saka Madyan) sarta ingsun cedhakake, ingsun paringake timbal pangandika karo Ingsun

وَوَهَبْنَا لَهُ مِن رَّحْمَتِنَا أَخَاهُ هَارُونَ نَبِيًّا(53)

 Lan ingsun wis paring marang Musa saka asih ingsun (minangka dadi pembantune), yaiku sedulure Harun uga kadadekake nabi

وَاذْكُرْ فِي الْكِتَابِ إِسْمَاعِيلَ ۚ إِنَّهُ كَانَ صَادِقَ الْوَعْدِ وَكَانَ رَسُولًا نَّبِيًّا(54)

 (Muhammad) nyritakna critane ’Ismail ana ing kitab Qur’an. Saktemene dheweke iku wong kang setia tuhu ing janji, lan dheweke iku dadi Rosul lan dadi Nabi

وَكَانَ يَأْمُرُ أَهْلَهُ بِالصَّلَاةِ وَالزَّكَاةِ وَكَانَ عِندَ رَبِّهِ مَرْضِيًّا(55)

 Lan Ismail dhawuh marang para ahline supaya padha nindakake sholat lan ngetokake zakat, lan dheweke iku diriloi ana ing ngersane Pangeran

وَاذْكُرْ فِي الْكِتَابِ إِدْرِيسَ ۚ إِنَّهُ كَانَ صِدِّيقًا نَّبِيًّا(56)

 Muhammad nyritakna critane Idris ana ing kitab al-Qur’an. Saktemene dheweke iku sawijining wong kang temen dadi nabi

وَرَفَعْنَاهُ مَكَانًا عَلِيًّا(57)

 Lan Ingsun wis ngluhurake dheweke (Idris) ana ing panggonan kang mulya

أُولَٰئِكَ الَّذِينَ أَنْعَمَ اللَّهُ عَلَيْهِم مِّنَ النَّبِيِّينَ مِن ذُرِّيَّةِ آدَمَ وَمِمَّنْ حَمَلْنَا مَعَ نُوحٍ وَمِن ذُرِّيَّةِ إِبْرَاهِيمَ وَإِسْرَائِيلَ وَمِمَّنْ هَدَيْنَا وَاجْتَبَيْنَا ۚ إِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُ الرَّحْمَٰنِ خَرُّوا سُجَّدًا وَبُكِيًّا ۩(58)

 Kabeh para nabi kang wis kasebut mau kang wis diparingi kanikmatan dening Allah saka golongane nabi - nabi, saka anak turune Adam lan anak turune wong - wong kang ingsun tunggangake prau bareng karo Nuh, lan saka anak turune Ibrahim lan Israil (Ya’kub) lan saka anak turune wong kang wis ingsun paringi pituduh sarta ingsu pilih. Menawa dheweke iku diwacakake ayat - ayate Pangeran kang Maha Welas, wong - wong mau pada sungkem sujud sarta nangis jalaran saka konjeme

۞ فَخَلَفَ مِن بَعْدِهِمْ خَلْفٌ أَضَاعُوا الصَّلَاةَ وَاتَّبَعُوا الشَّهَوَاتِ ۖ فَسَوْفَ يَلْقَوْنَ غَيًّا(59)

 Sak pungkure para nabi lan kaum - kaum kang padha becik tumuli ketungka para kaum (Yahudi) kang padha ninggalake sholat sarta mung manut marang kasenengane dhewe. Yekti dheweke bakal padha nemoni piwales jalaran kalacutane

إِلَّا مَن تَابَ وَآمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا فَأُولَٰئِكَ يَدْخُلُونَ الْجَنَّةَ وَلَا يُظْلَمُونَ شَيْئًا(60)

 Kajaba wong kang banjur padha tobat lan percaya sarta nindakake kabecikan, wong kang mengkono mau ing tembe bakal mlebu suwarga lan ora dikaniaya sethithik - thithika

جَنَّاتِ عَدْنٍ الَّتِي وَعَدَ الرَّحْمَٰنُ عِبَادَهُ بِالْغَيْبِ ۚ إِنَّهُ كَانَ وَعْدُهُ مَأْتِيًّا(61)

 Yaiku swarga ’Adn panggonan tetep langgeng kang wis dijanjekake dening Pangeran Kang Maha Welas marang kawulane kanthi ghoib. Saktemene janjine Allah iku mesthi teka

لَّا يَسْمَعُونَ فِيهَا لَغْوًا إِلَّا سَلَامًا ۖ وَلَهُمْ رِزْقُهُمْ فِيهَا بُكْرَةً وَعَشِيًّا(62)

 Wong - wong mu’min kang ana ing suwarga ora padha krungu suwara lacut (kang ora nyenengake) kajaba mung keslametan, lan ana ing kono bakal kaparingan rejeki saben esuk lan sore

تِلْكَ الْجَنَّةُ الَّتِي نُورِثُ مِنْ عِبَادِنَا مَن كَانَ تَقِيًّا(63)

 Swarga iku ingsun warisake (cawisake) marang kawulaningsung kang wedi marang Allah

وَمَا نَتَنَزَّلُ إِلَّا بِأَمْرِ رَبِّكَ ۖ لَهُ مَا بَيْنَ أَيْدِينَا وَمَا خَلْفَنَا وَمَا بَيْنَ ذَٰلِكَ ۚ وَمَا كَانَ رَبُّكَ نَسِيًّا(64)

 (Malaikat Jibril matur marang Nabi Muhammad), "Anggen kula tumurun dhateng ing donya sowan ing panjenengan punika, mboten sanes saking dhawuhing pangeran panjenengan. Allah punika ngawuningani (kagungan) sedaya barang ingkang badhe kelampahan (ingkang wonten ngajeng kula) lan ingkang sampun kelampahan (ingkang wonten wingking kula) sarta ingkang wonten ing antawasipin punika. Dene Pangeran panjenengan punika mboten badhe nyupekaken dhateng kawulaningpun

رَّبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا فَاعْبُدْهُ وَاصْطَبِرْ لِعِبَادَتِهِ ۚ هَلْ تَعْلَمُ لَهُ سَمِيًّا(65)

 Inggin panjenenganipun punika Pangeraning langit lan bumi sarta sedaya ingkang wonten saantawisipun. awit saking punika panjenengan mugi manembah dhateng Panjenenganipun lan mugi dipun sabarna (mantepna) anggen panjenengan ngibadah dhateng Allah. Punapa panjenengan pirsa bilih sanesipun Allah ngangge nama Allah

وَيَقُولُ الْإِنسَانُ أَإِذَا مَا مِتُّ لَسَوْفَ أُخْرَجُ حَيًّا(66)

 (Allah) ngendika, "(Muhammad) wong kafir kang ora percaya bakal tangi saka kubur padha ngucap, "Punapa menawi kula sampun pejah, yektos badhe dipun wedalaken malih

أَوَلَا يَذْكُرُ الْإِنسَانُ أَنَّا خَلَقْنَاهُ مِن قَبْلُ وَلَمْ يَكُ شَيْئًا(67)

 Apa para manungsa (kafir) mau ora eling (ora rumangsa, menawa ingsun wis nitahake dheweke sekawit, lan dheweke iku asale dudu apa - apa)

فَوَرَبِّكَ لَنَحْشُرَنَّهُمْ وَالشَّيَاطِينَ ثُمَّ لَنُحْضِرَنَّهُمْ حَوْلَ جَهَنَّمَ جِثِيًّا(68)

 Demi pangeranira (Muhammad) temen ingsun bakal nangekake (ngumpulake) wong - wong kafir mau lan para syetan - syetane. Ingsun banjur nekakake kabeh wong - wong mau ana ing sakkiwa tengen neraka jahannam kanthi padha mbrangkang

ثُمَّ لَنَنزِعَنَّ مِن كُلِّ شِيعَةٍ أَيُّهُمْ أَشَدُّ عَلَى الرَّحْمَٰنِ عِتِيًّا(69)

 Ingsun banjur milih sangka saben - saben golongan, endi kang luwih gedhe dosane marang pangeran kang Maha welas

ثُمَّ لَنَحْنُ أَعْلَمُ بِالَّذِينَ هُمْ أَوْلَىٰ بِهَا صِلِيًّا(70)

 Ingsun banjur luwih mungingani marang wong - wong kang luwih banget lan patut dicemplungake ana neraka jahanam

وَإِن مِّنكُمْ إِلَّا وَارِدُهَا ۚ كَانَ عَلَىٰ رَبِّكَ حَتْمًا مَّقْضِيًّا(71)

 Lan oara ana siji - sijia sangka sira (kang duwe dosa), kajaba teka marang neraka jahanam. Dene anggone ditekake marang neraka jahanam iku minangka ukuman kang wis katemtokake dening pangeranira

ثُمَّ نُنَجِّي الَّذِينَ اتَّقَوا وَّنَذَرُ الظَّالِمِينَ فِيهَا جِثِيًّا(72)

 (Skawise teka ing neraka) ingsun banjur nylametake wong - wong kang padha taqwa sarta ingsun ninggalake wong - wong kang padha aniaya langgeng ana ing neraka jahannam

وَإِذَا تُتْلَىٰ عَلَيْهِمْ آيَاتُنَا بَيِّنَاتٍ قَالَ الَّذِينَ كَفَرُوا لِلَّذِينَ آمَنُوا أَيُّ الْفَرِيقَيْنِ خَيْرٌ مَّقَامًا وَأَحْسَنُ نَدِيًّا(73)

 Lan nalika para manungsa iku padha diwacakake ayat - ayatingsung kang cetha, wong - wong kafir padha ngucap marang wong kang iman, "Endi antarane rong golongan (ahli agama) iki kang luwih pangkate lan luwih becik panggonane

وَكَمْ أَهْلَكْنَا قَبْلَهُم مِّن قَرْنٍ هُمْ أَحْسَنُ أَثَاثًا وَرِئْيًا(74)

 (Pangandikane Allah mangkene), Biyen sak durunge wong kafir iku, pira wae kehe wong kang ingsun tumpes kanthi siksa, tur padha sugih bandha, omahe becik - becik ujude lan tandange bregas - bregas, dideleng andemenakake

قُلْ مَن كَانَ فِي الضَّلَالَةِ فَلْيَمْدُدْ لَهُ الرَّحْمَٰنُ مَدًّا ۚ حَتَّىٰ إِذَا رَأَوْا مَا يُوعَدُونَ إِمَّا الْعَذَابَ وَإِمَّا السَّاعَةَ فَسَيَعْلَمُونَ مَنْ هُوَ شَرٌّ مَّكَانًا وَأَضْعَفُ جُندًا(75)

 (Muhammad)dhawuha marang wong - wong kafir, "Sing sapa ana ing sakjeroning sasar yekti pangeran kang maha welas andawake umure (karoben suwe anggone sasar) nganti menawa padha weruh kang dijanjekake marang dheweke padha uga bab siksa utawa dina Qiyamat, yekti dheweke padha mangerti sapa kang luwih ala panggonane lan luwih apes balane

وَيَزِيدُ اللَّهُ الَّذِينَ اهْتَدَوْا هُدًى ۗ وَالْبَاقِيَاتُ الصَّالِحَاتُ خَيْرٌ عِندَ رَبِّكَ ثَوَابًا وَخَيْرٌ مَّرَدًّا(76)

 Lan panjenengane ALlah bakal nambahi pitedah marang wong - wong kang padha nampa pituduh. Dene kabeh amal kebecikan iku mungguhe pangeranira luwih becik ganjarane lan luwih becik wekasane

أَفَرَأَيْتَ الَّذِي كَفَرَ بِآيَاتِنَا وَقَالَ لَأُوتَيَنَّ مَالًا وَوَلَدًا(77)

 (Muhammad) nerangna critane wong kang kafir marang ayat - ayate ingsun, lan dheweke padha ngucap, "Yekti menawa perkara kang disebut - sebut dening Muhammad ing kaherat iku bener temen ing kono aku bakal kaparingan bandha lan anak

أَطَّلَعَ الْغَيْبَ أَمِ اتَّخَذَ عِندَ الرَّحْمَٰنِ عَهْدًا(78)

 Apa dheweke wis sumurup perkara ghoib, utawa dheweke wis gawe perjanjian marang pangeran kang maha welas

كَلَّا ۚ سَنَكْتُبُ مَا يَقُولُ وَنَمُدُّ لَهُ مِنَ الْعَذَابِ مَدًّا(79)

 Babar pisa ora, Ingsun bakal nulis apa kang diucapake (ing tembe ingsun kanggo melehake) sarta ingsun bakal nambahi siksa marang dheweke

وَنَرِثُهُ مَا يَقُولُ وَيَأْتِينَا فَرْدًا(80)

 Lan ingsun bakal maris apa kang diucapake dening dheweke lan bakal sowan marang ngarsaningsun ijen (tanpa anak tanpa bondha tanpa kanca)

وَاتَّخَذُوا مِن دُونِ اللَّهِ آلِهَةً لِّيَكُونُوا لَهُمْ عِزًّا(81)

 Lan wong - wong kafir mau padha ngalap pangeran sakliyane ALlah kang pamrihe supaya ngalang - alangi dheweke saka siksa

كَلَّا ۚ سَيَكْفُرُونَ بِعِبَادَتِهِمْ وَيَكُونُونَ عَلَيْهِمْ ضِدًّا(82)

 Babar pisa ora bisa. Brahala sembahan iku bakal mungkiri ing pangibadahe wong - wong musyrik mau, lan ana ing akherat bakal dadi satru

أَلَمْ تَرَ أَنَّا أَرْسَلْنَا الشَّيَاطِينَ عَلَى الْكَافِرِينَ تَؤُزُّهُمْ أَزًّا(83)

 Apa sira durung sumuru, menawa saktemen ingsun wis ngutus syetan - syetan marang wong kang padha kafir kang perlune godha lan anjlomprongake marang wong - wong kafir mau

فَلَا تَعْجَلْ عَلَيْهِمْ ۖ إِنَّمَا نَعُدُّ لَهُمْ عَدًّا(84)

 Awit saka iku sira aja nyuwun enggal - enggal dheweke kapatrapan siksa satemene wis ngetung - etung marang wong - wong mau (nganti tumeka mangsa kang katemtokake kanggo nyiksa)

يَوْمَ نَحْشُرُ الْمُتَّقِينَ إِلَى الرَّحْمَٰنِ وَفْدًا(85)

 (He Muhammad) sira nyritakna bab dina QIyamat yaiku dinane ingsun ngumpulake wong - wong kang padha taqwa padha sowan marang ngarsaning pangeran kang maha welas

وَنَسُوقُ الْمُجْرِمِينَ إِلَىٰ جَهَنَّمَ وِرْدًا(86)

 Lan ingsun giring wong - wong kang padha dosa mau marang neraka jahanam kanthi mlaku darat lan banget ngelake

لَّا يَمْلِكُونَ الشَّفَاعَةَ إِلَّا مَنِ اتَّخَذَ عِندَ الرَّحْمَٰنِ عَهْدًا(87)

 Ing dina iku wong mau padha ora duweni pitulungan, kajaba wong kang duwe perjanjian ana ing ngersane pangeran kang maha welas

وَقَالُوا اتَّخَذَ الرَّحْمَٰنُ وَلَدًا(88)

 Lan wong - wong kafir mau pdha ngucap, "Allah kang maha murah iku peputra

لَّقَدْ جِئْتُمْ شَيْئًا إِدًّا(89)

 Yekti saktemene sira kabeh wis nekakake perkara kang kotor temenan

تَكَادُ السَّمَاوَاتُ يَتَفَطَّرْنَ مِنْهُ وَتَنشَقُّ الْأَرْضُ وَتَخِرُّ الْجِبَالُ هَدًّا(90)

 Meh bae pangucapmu iku ngigarake langit lan abengkahake bumi sarta angrubuhake gunung saka dedukaning Allah

أَن دَعَوْا لِلرَّحْمَٰنِ وَلَدًا(91)

 AMarga dheweke padha ngarani menawa Pangeran kang Maha murah iku peputra

وَمَا يَنبَغِي لِلرَّحْمَٰنِ أَن يَتَّخِذَ وَلَدًا(92)

 Ora pantes babar pisan menawa pangeran kang maha welas iku mundhut putra

إِن كُلُّ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ إِلَّا آتِي الرَّحْمَٰنِ عَبْدًا(93)

 Ora ana barang kang kumelit ana ing langit lan bumi, kajaba padha siwan marang ngarsaning Pangeran kang maha welas nganti temen - temen ngaku anggone dadi kawula

لَّقَدْ أَحْصَاهُمْ وَعَدَّهُمْ عَدًّا(94)

 Saktemene panjenengane wis nguningani cacahe manungsa kabeh, sarta wis ngetung marang siji - sijine wong sarta ala becike

وَكُلُّهُمْ آتِيهِ يَوْمَ الْقِيَامَةِ فَرْدًا(95)

 Mbesuk ing dina Qiyamat kabeh wong padha sowan marang ngarsaning Allah ijen tanpa bandha tanpa anak tanpa kanca

إِنَّ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ سَيَجْعَلُ لَهُمُ الرَّحْمَٰنُ وُدًّا(96)

 (Pangandikaning Allah) saktemene wong - wong kang padha iman lan nindakake kebecikan yekti pangeran kang Maha welas bakal andadekake wong - wong mau kang kinasih

فَإِنَّمَا يَسَّرْنَاهُ بِلِسَانِكَ لِتُبَشِّرَ بِهِ الْمُتَّقِينَ وَتُنذِرَ بِهِ قَوْمًا لُّدًّا(97)

 Saktemene ingsun wis gampangake kitab al-Qur’an iki kawoca dening lisanira, supaya sira bebungah marang won g- wong kang taqwa kanthi kitab al-Qur’an marang wong - wong kang banget anggone madoni iya kanthi al-Qur’an iki

وَكَمْ أَهْلَكْنَا قَبْلَهُم مِّن قَرْنٍ هَلْ تُحِسُّ مِنْهُم مِّنْ أَحَدٍ أَوْ تَسْمَعُ لَهُمْ رِكْزًا(98)

 Lan wis pira kehe anggoningsun ngrusak kaum - kaum sakdurungira saka umat - umat kang kepungkur. Apa sira isih nemu salah sijining wong - wong mau, utawa apa sira krungu suwara lamat - lamat sakwise dirusak, wong - wong mau


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah Maryam with the voice of the most famous Quran reciters :

surah Maryam mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter Maryam Complete with high quality
surah Maryam Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Maryam Bandar Balila
Bandar Balila
surah Maryam Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Maryam Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Maryam Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Maryam Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Maryam Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Maryam Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Maryam Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Maryam Fares Abbad
Fares Abbad
surah Maryam Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Maryam Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Maryam Al Hosary
Al Hosary
surah Maryam Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Maryam Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Monday, April 29, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب