PDF —
35 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Ahqaf pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Ahqaf pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Ahqaf Terjemah. Surat Al-Ahqaf (Meccan) 35 Ayat.



35 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮑﮒ
46:1 Haa Miim
ﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙ
46:2 Tumurune al-Quran iki terang saka Allah kang Maha Mulya tur Wicaksana
ﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪ
46:3 Anggoningsun gawe bumi lan langti apa dene barang kang ana antarane mesthi kelawan nyata lan adege mau ana watese wektu kang tinemtokake. Dene wong kafir padha mlengos saka barang kang dielingake (surasane al-Quran)
ﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪ
46:4 Dhawuha, "Apa sira padha sumurup barang saliyane Allah kang padha kok sembah (brahala)? Tuduhna barang isen - isene bumi iki hendi gaweyane brahala, apa melu gawe langit ngrewangi Allah? Menawa panemumu bener nekakna kitab sadurunge al-Quran iki utawa kaweruh liyan - liyane kang cocok panemumu
ﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽ
46:5 Ora ana wong kang luwih kesasar tinimbang wong kang nyembah liyane Allah. Salawase ora tau bisa nurut panjaluke kang nyembah. Tekan qiyamat pisan hoya ora bisa. Brahala mau ora ngerti yen disembah dening wong kafir
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚ
46:6 Besuk dina qiyamat nalika manungsa diklumpukake ana ngarsane Pangeran, sakabehing brahala padha disatroni wong kang nyembah, sarta padha nutuh kang padha nyembah
ﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩ
46:7 Manungsa nalikane diwacakake al-Quran ayatingsun kelawan cetha wong kang kafir padha maido, padha ngucap al-Quran iki tetela sihir
ﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇ
46:8 Apa wong kafir padha ngucap, "Quran iki gaweyane Muhammad dhewe." Sira dhawuha, "Manawa al-Quran gaweyanku dhewe Allah mesthi nyiksa aku saiki." Kowe ora bisa nulak siksane Allah marang aku sethithik wae. Allah pirsa anggonmu maido al-Quran. Anggonku pasulayan karo kowe iki cukup disekseni Allah lan Panjenengane Allah ngapura wong kang taubat tur Maha Asih
ﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡ
46:9 (Muhammad) Dhawuha, "Aku iki dudu rasul kang kawitan lan aku ora weruh kang bakal ditindakake marang aku lan kowe. Aku mung manut surasaning al-Quran kang didhawuhake marang aku. Wajibku mung ngelengake lan pitutur
ﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜ
46:10 Dhawuha, "Terangna piye panemumu upama al-Quran iki temen dhawuhing Allah, kang mangko kowe padha maido." Lan ana uga saksine wong Bani Israil nerangake yen al-Quran iku temen dhawuhing Allah padha uga Taurat. Saksi siji saka wong Bani Israil mau banjur percaya. Satemene Allah iku ora kersa nuduhake dalan bener marang wong kang padha nganiaya
ﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱ
46:11 Wong kafir padha kondho marang wong mukmin manawa percaya marang al-Quran becik tenan, aku ora kedhisikan wongmukmin anggonku percaya. Wong kafir ora bisa oleh pituduh bener saka al-Quran Bakal padha ngucap al-Quran iku wiwit mula biyen goroh
ﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃ
46:12 Sadurunge al-Quran wis ana kitabe Musa dadi pengarep lan dadi rahmat tumrap wong kang padha percaya. Dene al-Quran iki kitab kang nerangake yen kitab kang kuna - kuna bener kabeh, tembunge al-Quran Arab kanggo ngancam wong kang nganiaya lan bebungah wong kang padha becik
ﰄﰅﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌﰍﰎﰏﰐﰑ
46:13 Sarupane wong kang padha ngucap, "Pangeranku Allah", banjur padha setiya tuhu ngestokake dhawuhing Allah besuk ana akherat ora bakal wedi lan kasusahan
ﰒﰓﰔﰕﰖﰗﰘﰙﰚﰛ
46:14 Wong mangkono mau bakal mlebu suwarga kang langgeng minongko ganjaran kabecikan kang wis dilakoni
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂ
46:15 Dhawuhing Ingsun Allah marang manungsa, "Padha tresnaha lan gawea becik marang wong tuane loro. Awit manungsa mau dikandhut ana wetenge biyunge lan dilahirake kanthi rekasa. Awit anggone diwetengake nganti tekan penyapihane lawase sasi. Bareng bayi mau wis tua lan wis tekan umur tahun munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran, Paduka mugi paringa pitedah ngebahna manah kula ingkang ngantos kawula syukur dhateng paring paduka kabingahan ingkang Paduka paringaken dhumateng kawula soho tiyang sepuh kawula kekalih, punapa dene supados kawula nglampahi pendamel sahe ingkang dados keparingipn kersa panjenengan. Para turun kula mugi panjenengan dadosaken sahe kawula tobat lan kawula punika tiyang Islam
ﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖ
46:16 Hiya iku wong kang padha Ingsun terima anggone padha nglakone panggawe becik, lan padha Ingsun cegah nglakoni panggawe hala, Padha wong suwarga hiya iku prasetyaning Allah temen mesthi kelakon
ﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔ
46:17 Dene won kang wani kondho marang wong tuane loro, "Hus" yagene padha nemtokake ing tembe bakal ditangekake saka kubur kelawan urip kang mongko wong kuna biyen kang wis mati pirang - pirang atus tahun ora ana siji wae kang urip maneh. Wong tuwane loro banjur matur ing Allah lan mangsuli marang anake, "Cilaka temen kowe, percaya ing Allah lan bakal uripe wong kang wis padha mati. Prasetyaning Allah bakal kelakon tenan. Anake mangsuli, "Mangkono mau gawe - gawene wong kuna
ﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧ
46:18 Wong mangkono mau wis ditemtokake dening pepesten. Pangandikaning Allah bakal dipatrapi siksa klebu golongane ummat kuna biyen rupa jin lan manungsa, temen wong kang kapitunan
ﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲ
46:19 Lan kanggo siji - sijining wong mau diparingi drajat miturut apa kang wis padha dilakoni.Allah mesthi nyukupi kanggo dheweke ganjaran utawa patrapan ing lakune samurwate lan ora ana kang kaniaya
ﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌﰍﰎ
46:20 Ing dina nalika wong kafir diweruhake neraka, ing kono padha didhawuhi, "Saiki kabungahanira ana donya kang apik wis sira entekake kanggo bungah - bungah. Ing dina iki dipatrapi siksa kang ngremehake marga aggonira padha gumedhe ing bumi kelawan ora bener lan marga anggonira duroko
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫ
46:21 (Muhammad), Nyeritakna (Hud) sedulure kaum ’Aad nalika mulang lan ngelengake ummate ana jurang al-Ahqaaf. Satemene wis didhisiki pirang - pirang wong sing ngelingake sakdurunge lan sawise (kanthi kondho), "Aja nyembah kajaba mung Allah, satemene aku kuatir yen ing tembe kowe dipatrapi siksa gedhe
ﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸ
46:22 Wong ’Aad padha mangsuli, "Punapa sampyan mrintah dhateng kula supados ngoncati anggen kula nyembah pangeran kula?" Manawi ngendika punika leres sumonggo sampyan dhatengaken siksa ingkang sampyan ancamaken punika
ﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆ
46:23 (Hud) mangsuli, "Mung Allah piyambak kang nguningani dina tekane siksa, dene wajibku mung handhawuhake parentahing Allah kang tak emban. Barang kowe padha hanggege siksa, panemuku kowe iku wong bodho
ﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛ
46:24 Bareng (wong ’Aad) weruh siksa arupa mendhung malang ngarepe jurang. Pangucape (wong ’Aad), "Mendung iki bakal nganaake udan, beneran ing kene wis lawas ora udan". (Pangandikaning Allah) Iki siksa kang padha sira naggege iku, angin siksa kang nglarani dudu mendhung
ﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫ
46:25 Angin mau numpes wong ’Aad kabeh, ngestokake dhawuhe Pangerane. Wong ’Aad dalah omahe sirna kabeh mung kari katon patilasane. Hiya iku anggoningsun nandukake wewales marang wong kafir
ﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭ
46:26 Lan satemene wong ’Aad mau padha Ingsun bisakake barang kang kowe ora bisa (kayata banget rosane, dawa umure, lan akeh bandhane) lan padha Ingsun paringi pangrungu pandelen lan pikir. Hewa dene bareng tinempuh ing siksa pangrungu pandeleng lan pikire ora kena dianggo madoni ayating Allah padha tinempuh siksa kang padha digeguyu
ﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸ
46:27 Lan satemene Ingsun wis numpe wong padesan sakirake tondho yekti ayatingsun supaya wong kafir padha mareni anggone nasar
ﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌ
46:28 Ya gene wong kang padha mangeran liyane Allah dadi Pangerane kanggo nyedhak ing Allah amarga brahalane ora bisa nulungi dheweke. Malah sabisa-bisa padha mlayu nyingkir. Dadi anggone mangeran brahala mau tetela padha luput lan goroh
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤ
46:29 (Muhammad) sira nyaritakna nalikane Ingsun nekakake sak rombongan jin ngrungokake anggonira maca al-Quran Bareng Jin mau wis ngrungokake padha kondha, "Para kancaku padha menenga ngrungokna unine al-Quran iki". Bareng wis rampung pamacane, jin mau bali marang panggonane banjur mulang al-Quran marang kancane
ﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸ
46:30 (Para jin) kondho, "Kancaku, saiki aku krungu kitab kang diturunake dening Allah sapungkure Musa nerangake yen kitab kang kuna - kuna kabeh bener. Aweh pituduh marang dalan bener (Islam)
ﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇ
46:31 Hai kancaku (jin kabeh) padha ngistokna dhawuhing Allah (kang diemban Muhammad) sarta padha percayaa Allah. Allahbakal ngapura kaluputanmu lan bakal paring slamet ora kena siksa neraka kang nglarani
ﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛ
46:32 Sing sapa ora ngistokake dhawuhing Allah, ora bisa ngunci siksaning Allah ana bumi lan ora duwe pangayom liyane Allah. Wong mangkono mau cetha yen kesasar
ﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕ
46:33 Wong kafir apa ora deleng yen Allah iku gawe bumi lan langit. Sarehne Allah iku kuasa gawe barang kang semono gedhene, opo ora sansaya kuasa nguripake wong kang wis padha mati. Allah iku kuasa samu barang
ﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪ
46:34 Ing besuk dina Qiyamat, nalika wong kafir padha dituduhake neraka, (Dhawuhing Allah) wis benera sira dicemplungake. (Wangsulane) "Dhemi Pangeran kawula, sampun leresipun". Dhawuhing Allah, "Saiki padha ngrasakna siksa neraka marga anggonira kafir
ﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅﰆﰇﰈﰉ
46:35 (Muhammad), Mulane sira sabara, kaya sabare para rosul ing zaman kuna kang padha duwe ati tetep. Aja kesusu tekane siksa marang wong kafir. Besuk yen wis deleng neraka kang diancamake. Pangrasane anggone ana donya iki mung sedhela ana ing wayah awan. Iki lho pituduh kang cukup. Besuk yen wis deleng siksa, ora bakal disengsarakake kajaba wong kafir

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers