PDF —
93 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat An-Naml pdf — Undhuh (Jawa)

Surat An-Naml pdf Jawa — Undhuh Surat An-Naml Terjemah. Surat An-Naml (Meccan) 93 Ayat.



93 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘ
27:1 Thaa Siiin. Iki ayat - ayate al-Qur’an iya kitabe Allah kang cetha (anggone nerangake ala lan becik)
ﭙﭚﭛﭜ
27:2 Minangka dadi pitedah lan bebungah marang para wong angestu
ﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦ
27:3 Yaiku wong - wong kang padh anglakoni shalat sarta aweh zakat, apadene yakin ing tembe bakal ana dina Qiyamat lan akherat
ﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱ
27:4 Satemene wong - wong kang padha ora iman menyang bakal anane dina Qiyamat lan Akherat, iuk padha Ingsun pesthi dhemen marang tindak ala, mulane banjur padha bingung
ﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼ
27:5 Wong kang mengkono mau padha pikantuk siksa kang ala lan abot ana ing donya, dene besuk ana ing akherat padha luwih kapitunan
ﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄ
27:6 (Muhammad) Satemene sira wis diparingi al-Qur’an saka ngarsane Allah kang Maha WIcaksana sarta Ngudaneni
ﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕ
27:7 (Muhammad) sira nyritakna lelakone Musa, nalika ana ing ngalas wayah wengi, mituturi (ngendikani) marang garwane, "Ingsun sumurup geni, sira lerena ana kene dhisik Ingsun arep marani geni kae, bokmenawa baliningsun bakal pikantuk warta pitedah dalan bener, utawa pikantuk obor kang murub, supaya kena sira anggo gegeni
ﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤ
27:8 Bareng Musa wis tekan ing panggonan geni, didhawuhi dening Allah, pangandikane, berkahing Allah dhumawaha marang Musa kang ana ing sajrone geni, lan marang para malaikat kang ana ing sakiwa tengene. Maha Suci Allah Pangerane wong ngalam kabeh
ﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫ
27:9 Musa, sumurupa, satemene Ingsun iki Allah Kang Maha Mulya tur Maha Wicaksana
ﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢ
27:10 Lan tekenira iku sira uncalna. Bareng Musa wis nguncalake tekene kaget lan gumeter sumurp tekene dadi ula kang galak. Musa mungkur lumayu tanpa noleh. Allah ngendika, "He Musa sira aja wedi. para Utusaningsnu ana ngarsaningsun tanpa kuwatir lan ora wedi apa - apa
ﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮ
27:11 Kajaba wong kang nganiaya (duraka) nanging banjur padha tobat, sarta banjur ngijoli tumindake ala kanthi kabecikan, iku naliknae rumangsa kaluputan, duwe wedi. Satemene Ingsun iki Maha Pangapura tur Maha Asih
ﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄ
27:12 Lan epek - epekira lebokna ing klambi, nuli wetokna, mesthi dadi putih, dudu putihe belang, (nanging mencorong amblerengi). Saiki sira mangkata, nemonanan lan nerang - nerangna Fir’aun sawadyabalane, kanthi tandha yekti kaelokan sangang werna klebu loro iki, awit Fir’aun sawadyabalane iku klebu wong duraka (fasiq)
ﰅﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌﰍ
27:13 Fir’aun sawadyabale bareng katekan tandha yektiningsun terang katon cetha, banjur padha ngucap mengkene, "Kaelokan iki sihir kang cetha
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝ
27:14 Lan padha maido (angas) marang tandha yekti mau, tur ing bathin dheweke wis sumurp cetha (menawa kaelokan iku temen saka Allah). Anggone maudo mau saking gumedhe, moh manut. Mara sira ndelenga kapriye kawusanane wong kang padha gawe kerusakan ana ing bumi
ﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮ
27:15 Lan yekti Ingsun wis maring kawruh marang Dawud lan Sulaiman, sakarone mau padha manglembana mengkene, "Sedaya pangalembana punika kagunganipun Allah, ingkang sampun paring kautaman dhumateng kawula, ngungkuli para kawulanipun pinten - pinten ingkang sami mukmin
ﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃ
27:16 Sulaiman anggenti kratone Dawud lan kenabiyane apadne kaweruhe, dumunung waris. Sulaiman paring pitutur mengkene, "He para manungsa, Ingsun iki terang nampa kanugrahane Allah, (yaiku kajaba ingsun anggenteni kraton lan kenabiyane mau), ingsun diparingi kawruh mangerti bahasaning manuk (lan kewan liya - liyane) lan uga diparingi kabeh kang diparingake marang para Nabi lan ratu". Sayekti iki temen lubering paparing kang tetela
ﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍ
27:17 Nalika Sulaiman pepara, wadyabalane jin, manungsa lan liya - liyane padha dikumpulake, anggerbeg anggone pepara, sarta ditata ing panggedhene dhewe - dhewe
ﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡ
27:18 Bareng Sulaiman tekan ing jurang negarane semut, ing kono ratune semut (kang jeneng raja Jurma) animbali para semut, "He para semut, sira padha mlebuwa ing lengira dhewe - dhewe aja nganti kepidak ing Sulaiman utawa para wadyabalane, awit saka dene saking cilikira, kang ngidak nganti ora kerasa
ﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛ
27:19 Sulaiman krungu (pangundange raja Jurma) mau mesem, banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, mugi Panjenengan maringi ilham supados kawula saged syukur dhumateng peparingin kabingahan dhumateng kawula, punapa dene mugi saged nindakaken pendamel sae, kados ingkang dados paringipun kersa Panjejengan, saha mugi Panjenengan lebetaken para kawula Panjenengan ingkang sae - sae, tuwuh saking sih panarima Panjenengan
ﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨ
27:20 Ing sawijining dina Sulaiman goleki manuk Hud-hud (kuthilang utawa manuk platuk-bawang) nanging ora bisa ketemu, banjur dangu marang kang padha ngadhep, "Yagene wis sawatara dina ingsun ora sumurp kelanganku manuk, patute apa miruda?" (apa deweke pancen ora teka)
ﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲ
27:21 (Mara padha golekana), menawa ketemu bakal ingsun patrapi kang abot, utawa bakal ingsun beleh, kajaba menawa ngaturake sebab anggone lunga mau
ﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁ
27:22 Ora antara suwe manuk (hud-hud) mau teka, (sowan ing Nabi Sulaiman) ature, "Kesah kit apunika angsal pawartos ingkang panjenengan dereng wuninga Kula dhateng saking negeri Sabaa’ angsal pawartos ingkang nyata
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜ
27:23 Wonten ing Sabaa’ kita sumerep ratu esteri, (endahing warni, nama sang ratu Bilqis) punika ngratoni tiyang saisining negeri Sabaa’, gadhah sedaya kabetahaning ratu, sarta gadhah ngaras ageng
ﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮ
27:24 Kula sumerep, sang ratu (Bilqies) dalah wadyabalanipun sami Mangeran sanesipun Allah, inggih punika sami manembah surya, syetan anggodha dhateng sang ratu. Mila sami remen anglampahi awon, Wasana sami kapepetan marginipun kawilujengan dados boten sami angsal pitedah
ﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽ
27:25 Mila syetan wau anggodha, supados sang ratu Bilqis wau sampun ngantos sujud ing Allah, ingkang ngedalaken simpenan ingkang wonten ing langit lan bumi, sarta nguningani sadaya perkawis ingkang dipun simpen lan dipun lahiraken
ﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇ
27:26 Allah punika Pangeran ingkang sejati, boten wonten sesembahan kaliyan leres, kajawi namung Allah, Pangeranipun ’Arsy ingkang Agung
ﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐ
27:27 Sulaiman paring wangsulan, "Iya, Ingsun bakal deleng nyatane aturira iku teman apa goroh
ﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜ
27:28 Saiki sira mangkata menyang negara Sabaa’, mundhi layang ingsun iki, paringna marang ratu Bilqis, tumuli balia, saka kana, nuli ngrungok - ngrungokna anggone bakal mangsuli (manuk ngistokake dhawuh)
ﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥ
27:29 (Sang ratu Balqis bareng pirsa ana layang kang tumiba saka ing dhuwur kang digawa dening manuk) banjur paring dhawuh, "He para punggawa, iki ingsun tampa layang tiban kang nganggo cap"(iki wujude, mara padha delengen)
ﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮ
27:30 (Bareng layang mau dibukak), unine mengkene, "Layang iki saka Sulaiman (tumekaa marang sang ratu Bilqis ing negara Sabaa’)" klawan nyebut Asma Allah Kang Maha Welas sarta Maha Asih
ﮯﮰﮱﯓﯔﯕ
27:31 (Surasane layang: Ratu Bulqis) sira aja kumaluhur ora gelem ngestokake marang ingsun, mulane satampane layang iki, sira banjur sowana marang ingsun mlebu agama Islam, dalah sawadya balanira
ﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢ
27:32 (Sang Ratu Bilqis bareng mireng surasane layang mau) banjur dhawuh, "He para punggawa, kepriye kang padha dadi aturrira perkara kelakon iki. Ingsun ora nemtokake kang bakal ingsun tindakake, ngenteni panemunira
ﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯ
27:33 (Para punggawa) padha matur, "Kita punika sami gagah perkosa sugih bala, mirantos ing dedamel, tur sami kendel - kendel, sakersanipyn sang ratu sendika nindakake, boten langkung namung sami cumadhong dhawuh
ﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾ
27:34 (Sang ratu Bilqis) dhawuh, "Para ratu iku menawa nglurug, nganti mlebu ing negara, mesthi ngrusakake negara, sarta panggedhene negara kono padha digawe asor, wis mengkono iku pengadate tindake para ratu
ﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅﰆﰇ
27:35 Saiki kersaningsun mengkene, Ingsun utusan arep nyahosi pisungsung marang Sulaiman, lan ingsun ngenteni sabaline utusan mau. (kepriye mungguh keterangan pisungsung mau apa ditampik apa ditampa)
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢ
27:36 (Manuk mau bareng wis sumurup mangkate utusan, banjur miber mulih, nyahosi pirsa marang Sulaiman). Bareng utusane sang ratu Bilqis wis sowan ing Sulaiman, nyahosake pisungsung, Sulaiman dhawuh, "Yagene gustinira teka kudu ngurugi bandha marang ingsun? (iku dudu kersaningsun). Gustinira mesthi gedhe atine dene bisa ngurugi bandha, sumurupa, peparinge Allah marang Ingsun luwih becik lan luwih akeh, ngungkuli pisungsunge gustinira tikel pirang - pirang
ﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰ
27:37 Sira muliha, (lan matura marang gustimu menawa kesuwen anggone sowan perlu mlebu agama Islam) mesthi ingsun lurugi wadyabala kang tanpa wilangan. Dene gustinira lan wong saisine negara ing Sabaa’ bakal ingsun tundhungi lan ingsun siya - siya. Para panggedhe ingsun copoti dadi wong cilik. (Satemene Utusan ing Sabaa’ ngaturake oleh - oleh anggone diutus, sang ratu Bilqis banjur dandan mangkat sowan marang Nabi Sulaiman)
ﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻ
27:38 (Sapungkure utusan ing Sabaa’) Sulaiman dhawuh, "He para kawulaningsun, apa sira bisa anjupuk singgasanane mrene, sadurunge deweke teka mrene, kelawan sumarah mlebu agama Islam
ﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍ
27:39 Sawenehing jin keliwat kendel matur, "Kula punika gagah perkosa tur mitadosi, kula sagah andhatengaken (arasy-ipun ratu Bilqis) mriki, saderengipun sang nata jengkar saking pasekawan". lan kula punika (para jin) kiat lan saget dipun percados
ﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘ
27:40 Kang kadunungan ilmu kitab matur mengkene, "Kula sagah andhatengaken punika mriki saderengipun sang nata kedep". Sanalika Sulaiman mirsani (Arsye ratu Bilqis) wis ana ngarsane. Banjur dhawuh, "Kang mengkene iki tetla saka sih kanugrahane Allah Pangeraningsun, kanggo nyoba marang ingsun, apa syukur marang Allah, apa ora. Dene sing sapa syukur bakal bali marang awake dhewe. Naning sing kafir (ora gelem syukur) iku sumurap satemene Pangeraningsun iku Maha Sugih tur Maha Mulya
ﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥ
27:41 (Sulaiman) dhawuh, "Singgasanane iku owahana pemasange, coba kepriye, dheweke weruh apa ora
ﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶ
27:42 Bareng dheweke wis sowan, banjur didangu dening Sulaiman, "He ratu Bilqis, Arsy ira apa kaya Arsy iku", Ratu Bilqis matur, "Inggih kados mekaten!" Saderengipun kula kaparingan sumere (Mu’jizatipun sang nata). Mila sapunika kula mlebet agama Islam (sumarah)
ﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄ
27:43 (Sulaiman dhawuh) Lan sapa sing manembah saliyane Allah, (yaiku manembah srengenge). Satemene sang ratu Bilqis dhek semona isih klebu wong kafir
ﰅﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌﰍﰎﰏﰐﰑﰒﰓﰔﰕﰖﰗﰘﰙﰚﰛﰜﰝﰞﰟﰠﰡﰢﰣﰤ
27:44 Ratu Bilqis didhawuhi, "He ratu Bilqis, saiki sira mlebuwa ing kedaton (sabrangane menyang bale kambang mau tinutup ing kaca, nanging ora ketara) panyanane ratu Bilqis, sabrangan mau banyu kang sawatara jerone banjur cincing dhuwur nganti katon kempole loro pisan (tuhu anengsemake)". (Sulaiman) dhawuh, "Saestunipun punika kedaton mawi kaca". Sang ratu Bilqis munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika tiyang nandhang dosa, nganiaya dhateng badan kula piyambak, (awit anggen kula manembah surya) sapunika kula nglampahi agami Islam, nunggil agamanipun Sulaiman, ngestokaken dhawuhipun Allah Pangeranipun ngalam sadaya". (Sang ratu bilqis banjur kagarwa ing nabi Sulaiman)
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞ
27:45 Ingsun wis ngutus Shalih andhawuhi para sadulure, yaiku wong Tsamud, dhawuhe Shalih, "He para wong Tsamud sira padha manembaha ing Allah". Ing kono wong Tsamud dadi rong golongan, (kang segolongan ngestokake, dene kang sagolongan padha kafir, maido marang Shalih) mulane padha dikaniaya
ﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬ
27:46 Shalih andhangu, "He para seduluringsun, yagene sira padha nantang tekane siksa, ora malah ngarep -arep sih pangapurane Allah? Yagene sira ora padha nyuwun pangapuraning Allah anggonira padha musyrik? Supaya sira padha pikantuk piwalese Allah
ﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼ
27:47 Wong Tsamud matur mangsuli, "Kita sampun nandhang sangsara jalaran panjenengan lan para kanca panjenengan". Shalih ngandika, "Sangsaranira iku saka kersane Allah, minangka patrapning tindakira kang ala. Sumurupa menawa sira iku diparingi coba dening Allah
ﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇ
27:48 Ana ing sajroning kutho kono ana wong lanang cacahe padha nekad gawe karusakan ing bumi, babar pisan ora gawe kabecikan
ﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖ
27:49 (Wong sanga mau padha antep-antepan supata nyebut asmane Allah) prasetyane, "Kita mesthi mateni Shalih sakeluargane, ingsun cidra ing wayah wengi, lan kita bakal ngucap marang ahli warise temen ora sumurup perkara bab mateni Shalih sakulawargane, lan sejatine kita iki wong - wong sing temen
ﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞ
27:50 (Pangandikane Allah), "Lan dheweke padha ngrancang - rancangan (pangreka daya kaya kang wis dirancang nanging ora bisa kaleksanan) Ingsun uga ngrancang - rancangan, ananging dheweke padha ora ngrasa (ora ngira lan ora mangerteni)
ﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨ
27:51 Mara sira rasakna, kepriye kawusanane rancangane, satemene Ingsun numpes dheweke dalah wong kang padha ambiyantu kabeh
ﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖ
27:52 Apadene omahe (wong mau) padha ambruk, amarga anggone padha nganiaya. Kang mengkono mau mesthi dadi tandha yekti lan piwulang tumrap wong kang padha mangerti marang kuwasaningsun
ﯗﯘﯙﯚﯛﯜ
27:53 Kabeh wong mukmin kang padha ngestokake parentahingsun, padha Ingsun paringi selamet, banjur lestari anggone padha bekti marang Ingsun
ﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥ
27:54 (Lan sira nyritakna lelakone) Luth, nalikane dhawuh marang umate, "Yagene sira padha tumindak ala, (cumbana padha wong lanang) tur sira wis padha sumurp yen mangkono iku tindak sing ala
ﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲ
27:55 Ya gene sira padha dhemen cumbana padha wong lanang nampik marang wong wadon? dadi sira padha tetep wong kang bodho
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢ
27:56 Para umate Luth tanpa mangsuli apa - apa, mung ngucap, "Luth sakulawargane padha tundhungen saka ing negara kene. Satemene dheweke iku ngaku - ngaku wong suci
ﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪ
27:57 Wusana para umate Luth mau Ingsun tumpes. Luth dalah para kulawargane padha Ingsun paringi selamat, mung garwane Ingsun temtokake kari, melu katumpes
ﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲ
27:58 Lan Ingsun nurunake udan watu marang para umate Luth (sabanjure bumine Ingsun walik). Ala temen udane wong kang wis dipepeling nanging padha ora gelem manut
ﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀ
27:59 (Muhammad) sira memujiya, "Sedaya pangalembana punika kagunganipun Allah. Lan mugi - mugi Allah paring kawilujengan dhateng para kawulanipun ingkang kapilih". Becik endi Allah lan brahala kang padha dianggo musyrik? (mesthi becik Allah)
ﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞ
27:60 Sapa kang nitahake langit lan bumi sarta maringi banyu udan saka ing langit marang sira ? Pangandikane Allah, "Banyu udan mau Ingsun anggo nukulake wit - witan kang asri dineleng. Sira padha ora bisa nukulake kekayoning palemahan mau. (Saiki kepriye panemunira) Apa ana Pangeran kang ngembari Allah?" Saiki wong - wong kafir iku tetep wong kang nyimpang saka agama kang bener
ﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗ
27:61 Becik endi brahala karo Pangeran kang ngrata bumi kanggo panggonane manungsa, sarta ngilekake kali - kali ana tengahe bumi mau, dokoki gunung - gunung sarta misahake segara loro, asin lan tawa. (saiki kepriye panemunira), apa ana Pangeran kang ngembari Allah? (mangsa anaha), nanging akhe - akehe wong kafir padha ora sumurup
ﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪ
27:62 Becik endi brahala karo Pangeran kang nyembadani panyuwune kang nemureribet sesambat ing Allah, lan kuwasa ambengkas reribed mau, apa dene anggenggonake sira ana ing bumi, anggenteni para leluhurira. (Saiki kepriye panemunira), Apa ana Pangean kang ngembari Allah? (mangsa anaha). Nanging sethithik banget wong kang padha eling
ﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁ
27:63 Becik endi brahala karo pangeran kang paring pitedah marang sira ana ing pepetenging dharatan lan pepetenging segara? apa dene nglakokake angin dadi cecalane udan, minangka kanggo ambebungah marang sira. (saiki kapriye panemunira). Apa ana Pangeran kang ngembari? (mangsa anaha). Allah iku Maha Luhur, saka barang kang disakuthokake
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦ
27:64 Becik endi brahala karo Pangeran kang miwiti nitahake kabeh kang dumadi, sawise dadi banjur dibalekake kaya maune (sirna) apa dene paring pangan marang sira metu saka bumi lan langit. (saiki kepriye panemunira) Apa ana Pangeran kang ngembari Alah? (mangsa anaha). Menawa pangucapira ana Pangeran kang ngembari Allah iku temen, mara nekakna tandha yekti
ﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶ
27:65 (Muhammad) sira dhawuha, "Sasisine langit lan bumi iki ora ana kang padha sumurup ing barang kang ghaib (samar - samar) kajaba mung Allah piyambak kang wuningani. Sarta dheweke padha ora sumurup. Besuk kapan anggone padha ditangekake saka ing pati (kubur)
ﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇ
27:66 Saiki wong kafir padh amamang bakal anane akherat, malah persasat wuta ora sumurup babar pisan (nanging besuk yen wis ana ing akherat, mesthi sumurup)
ﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑ
27:67 Wong kafir padha ngucap mengkene, "Besuk yen kita wis padha dadi lemah, apa dene para leluhur kita apa nyata bakal padha urip maneh, metu saka ing pakuburan
ﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞ
27:68 Sayekti, temen iki dhek biyen wis dijanjekake marang aku, lan para bapak - bapakku. Ora liwat, mung dedongengane gawe - gawene para wong kuno bae
ﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨ
27:69 Muhammad, sira dhawuha, "Menawa sira padha maido, padha anjajaha ing bumi, delenga sakehing patilaan lupiyane wong kuna kang padha dirusak dening Allah, amarga anggone apdha maido para Rasul, kepriye kedadeyane wong kang wangkot maido marang para Rasul
ﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓ
27:70 SIra aja pisan - pisan susah dening ngrasakake para wong kafir dupeh ora padha gelem percaya, lan aja kuwati menawa direka daya, Ingsun mesthi paring pitulungan marang sira
ﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛ
27:71 Para wong kafir mau padha matur marang Muhammad, "Menaw pangandika panjenengan punika temen, benjing punapa kalampahanipun siksa ingkang dipun anacamaken
ﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥ
27:72 Muhammad, sira dhawuha, "Siksa kang sira ajap iku iya ana sawatara kang wis cedhak mangsani tumiba ing sira
ﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰ
27:73 Lan satemene Allah Pangeranira iku kagungan sih palimarma marang para manungsa, nanging akeh - akehe manungsa padha ora gelem syukur marang Allah
ﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹ
27:74 Lan satemene Pangeranira iku nguningani kabeh barang kang mung dibathin bae dening won gkafir lan barang kang dilahirake (diedhengake)
ﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄ
27:75 Kabeh barang kang ghaib ana ing langit lan bumi iku kabeh mesthi wis tinulis ana ing kitab kang terang
ﰅﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌﰍﰎﰏﰐﰑ
27:76 Satemene al-Qur’an iki nerangake marang wong Bani Israil pirang - pirang perkara bab agama kang padha dadi pasulayan
ﭑﭒﭓﭔﭕ
27:77 Lan satemene al-Qur’an iki dadi pitedah lan rahmat tumrap para wong mukmin
ﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟ
27:78 Satemene (ing besuk dina Qiyamat) Allah Pangeranira mutusi perkara (wong kang padha pasulayan perkara agama), diputus kelawan adiling Allah. Dene Allah iku Maha Mulya tur sarta maha Ngudaneni
ﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨ
27:79 Sira padha ngandle lan pasraha (tawakkala ing Allah bae), awit satemene sira wis terang anglungguhi bener
ﭩﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴ
27:80 Satemene piwulangira ora bisa tumama marang wong kang atine mati, (yaiku wong kafir) apa dene pangundangira ora bisa tumama marang wong kang budheg kang mungkur lan mlengos
ﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄ
27:81 Lan maneh sira ora bisa nuduhake dalan bener marang wong kang atine wuta, supaya nyingkirana penasaran, bisane tumama piwulangira mung tumrap wong kang iman ing al-Qur’an ayatingsun, dadi wong mau padha Islam
ﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖ
27:82 Ing besuk nalinae dhawuh bebenduning Allah wis tumiba marang wong kafir, Ingsun ngetokake titah (kang anggegirisi) metu saka ing bumi bakal anatoi dheweke lan bakal ngucap marang wong - wong mengkene, "Wong kafir iku padha ora gelem iman marang al-Qur’an ayatingsun
ﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢ
27:83 (Muhammad) sira nyritakna bab dina Qiyamat, nalikane Ingsun nglumpukake wong kang padha maido ing ayatingsun. Siji - sijining umat dadi sepantha - pantha, kabeh ora kena lunga
ﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰ
27:84 Bareng wis teka nglumpuk kabeh, Allah paring pangandika, "Ya gene sira padha wani - wani maido marang ayatingsun, tanpa sira pikir, sira ora sumurp katerangane apa bener, apa luput. Saiki endi perintah ingsun kang padha sira tindakake
ﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚ
27:85 Ing kono dhawuhe Allah nemtokake siksane tumeka marang wong kafir mau, amarga anggone tumindak duraka kafir, dadi kabeh banjur padha ora bisa ngucap sakecap - sakecapa
ﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫ
27:86 Yagene padha ora andeleng anggoningsun nitahake wengi kanggo wayahe wong padha leren, sarta nitahake rina kanggo wayahe wong melek andeleng barang - barang? kang mengkono iku dadi tandha yekti sampurnane kuwasaningsun tumrap kaum kang padha iman
ﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾﯿ
27:87 Nalinake (malaikat Israfil) andamu sempronge (slomprete), ing kono saisining langit lan bumi padha giris kabeh, mung sapa kang diparengake dening Allah , iku ora wedi. Kabeh mau (bareng wis padha ditangekake saka ing pati) banjur padha sowan ana ing ngarsane Allah, sarta padha cilik atine
ﰀﰁﰂﰃﰄﰅﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌﰍﰎﰏﰐﰑﰒﰓﰔ
27:88 Nalika iku sira sumurp gunung saking dening gedhene, dikira meneng bae, nanging satemene mlaku rikat, kaya lakune mega ginawa ing angin. Kang mangkono iku pandamele Allah kang nindakake kabeh barang sarwa sampurna. Satemeen Allah iku Maha waspadha marang barang kang sira tindakake
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜ
27:89 Sing sapa nindakake kabecikan (ngucap laa ilaaha illallah), wong iku (ana ing akherat), pikantuk ganjaran kang luwih becik tinimbang kabecikan kang ditindakake. Sarta ana ing dina Qiyamat selamet saka barang kang diewedeni
ﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪ
27:90 Dene sing sapa nindakake ala (kafir, musyrik) wong mau rahine dijungkelake ing neraka. (malaikat kang anjaga neraka ngucap), "Siksa mengkene iki piwalese apa ta? ora liya iya piwale ala kang padha sira tindakake biyen
ﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽ
27:91 (Muhammad) sira dhawuha, "Satemeen Ingsun diperintah manembah ing Allah, Pangerane negara (Mekkah) kang dimulyakake iki, kabeh barang iku kagungane Allah, lan Ingsun didhawuhi nglakoni agama Islam
ﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏ
27:92 Lan maneh Ingsun didawuhi taberi macakake al-Quran (marang sira para manungsa kabeh, apadene ngajak percaya marang Allah). lan sing sapa pikantuk pitedah, (banjur percaya marang Allah) ganjarane maedahi marang awake dhewe, dene sing sapa kesasar, ngucapa, "Kewajibaningsun ora liya mung nekakake dhawuh, panunggalane juru pepeling
ﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜ
27:93 Lan sira dhawuha, "Kabeh pangalemba iku kagungane Allah, Allah bakal maringi sumurp ayat - ayat marang sira kanggo tandha yekti kuwasane Allah, sira bakal padha sumurup tandha yekti mau, Dene Allah Pangeranira ora pisa - pisan kesupen marang kabeh barang kang padha sira tindakake

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers