سوره ص به زبان جاوی

  1. گوش دادن به سوره
  2. سورهای دیگر
  3. ترجمه سوره
قرآن کریم | ترجمه معانی قرآن | زبان جاوی | سوره ص | ص - تعداد آیات آن 88 - شماره سوره در مصحف: 38 - معنی سوره به انگلیسی: Sad.

ص ۚ وَالْقُرْآنِ ذِي الذِّكْرِ(1)

 Shaad, Demi al-Quran kang terang lan mulya

بَلِ الَّذِينَ كَفَرُوا فِي عِزَّةٍ وَشِقَاقٍ(2)

 Ora kaya pangucape si kafir (anggone nganggep Pangeran iku ora mung siji) iku gumedhe nyulayani Allah lan rasule

كَمْ أَهْلَكْنَا مِن قَبْلِهِم مِّن قَرْنٍ فَنَادَوا وَّلَاتَ حِينَ مَنَاصٍ(3)

 Pira bahe akehe ummat ing zaman kuna, sadurunge si kafir, padha Ingsun tumpes marga saka dosane. Nalika tampa ing siksa para ummat mau padha sesambat. Saiki ora ana pangungsen

وَعَجِبُوا أَن جَاءَهُم مُّنذِرٌ مِّنْهُمْ ۖ وَقَالَ الْكَافِرُونَ هَٰذَا سَاحِرٌ كَذَّابٌ(4)

 Si kafir padha gumun, dene katekan utusaning Allah juru pangeling saka kancane dhewe, Pangucape si kafir, "iki juru-sihir kang goroh

أَجَعَلَ الْآلِهَةَ إِلَٰهًا وَاحِدًا ۖ إِنَّ هَٰذَا لَشَيْءٌ عُجَابٌ(5)

 Ya gene panemune (Muhammad), Pangeran iku mung siji bahe, perkara iki hanggumunake banget

وَانطَلَقَ الْمَلَأُ مِنْهُمْ أَنِ امْشُوا وَاصْبِرُوا عَلَىٰ آلِهَتِكُمْ ۖ إِنَّ هَٰذَا لَشَيْءٌ يُرَادُ(6)

 Panggedhene si kafir banjur nglungani, pangucape, "Ayo padha bubaran, kowe padha mantepa anggonmu padha sumungkem marang brahala (pangeranmu)". Panemune (Muhammad) iki wis kersaning Pangeran

مَا سَمِعْنَا بِهَٰذَا فِي الْمِلَّةِ الْآخِرَةِ إِنْ هَٰذَا إِلَّا اخْتِلَاقٌ(7)

 Agama kang keri dhewe iki (Agamane Isa) aku ora krungu yen mulangake kang kaya mangkono, ora liwat goroh kang digawe - gawe

أَأُنزِلَ عَلَيْهِ الذِّكْرُ مِن بَيْنِنَا ۚ بَلْ هُمْ فِي شَكٍّ مِّن ذِكْرِي ۖ بَل لَّمَّا يَذُوقُوا عَذَابِ(8)

 Apa (Muhammad) diparingi al-Quran dening Allah? Kang mongka iku mung sapapake wong bahe. Pangandikaning Allah, "Si kafir padha mamang marang al-Quran kang Ingsun dhawuhake apa dupeh durung ngrasakake siksaningsun

أَمْ عِندَهُمْ خَزَائِنُ رَحْمَةِ رَبِّكَ الْعَزِيزِ الْوَهَّابِ(9)

 Apa si kafir nyekel gedhong pasimpenane rahmate Pangeranira kang menang tur wenang paring marang wong kang dadi parenging kersane

أَمْ لَهُم مُّلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا ۖ فَلْيَرْتَقُوا فِي الْأَسْبَابِ(10)

 Apa wong kafir iku duwe keraon bumi lan langit, nguwasani barang kang ana antarane (mesthi ora) yen padha ngaku duwe maa padha munggaha ing ondho menyang langit

جُندٌ مَّا هُنَالِكَ مَهْزُومٌ مِّنَ الْأَحْزَابِ(11)

 (Si kafir iku kawula kang asor) mulane sak pantho prajurit kang gedhe kang ana ing kono saka golongan - golongan kang ngumpul bakal kalah

كَذَّبَتْ قَبْلَهُمْ قَوْمُ نُوحٍ وَعَادٌ وَفِرْعَوْنُ ذُو الْأَوْتَادِ(12)

 Akeh ummat padha maido ing rasul sadurunge dheweke umate Nuh, ’Aad, Fira’un kang duwe wadya bala akeh

وَثَمُودُ وَقَوْمُ لُوطٍ وَأَصْحَابُ الْأَيْكَةِ ۚ أُولَٰئِكَ الْأَحْزَابُ(13)

 Wong Tsamud maido ing Sholih, ummate Luth lan panduduk Aikah (maido ing Su’aib) kabeh kang kasebut mau duwe bala akeh

إِن كُلٌّ إِلَّا كَذَّبَ الرُّسُلَ فَحَقَّ عِقَابِ(14)

 Siji - sijine ummat samono mau padha maido para rasul, mulane wis benerre ngrasakake siksaningsun

وَمَا يَنظُرُ هَٰؤُلَاءِ إِلَّا صَيْحَةً وَاحِدَةً مَّا لَهَا مِن فَوَاقٍ(15)

 Wong kafir padha ngenteni pangundange (malaikat) sapisan besuk dina qiyamat banjur mati ora bisa bali marang donya

وَقَالُوا رَبَّنَا عَجِّل لَّنَا قِطَّنَا قَبْلَ يَوْمِ الْحِسَابِ(16)

 Pangucape, "Dhuh Pangeran kawula, serat cathetanipun mugi padhuka paringaken dhumateng kafula sapunika saderengipun dinten qiyamat

اصْبِرْ عَلَىٰ مَا يَقُولُونَ وَاذْكُرْ عَبْدَنَا دَاوُودَ ذَا الْأَيْدِ ۖ إِنَّهُ أَوَّابٌ(17)

 (Muhammad) Pangucape tokno bahe, saiki sira nyaritakna lelakone kawulanginsun Dawud kang rosa ngabekti, satemene Dawudh mau setiya tuhu

إِنَّا سَخَّرْنَا الْجِبَالَ مَعَهُ يُسَبِّحْنَ بِالْعَشِيِّ وَالْإِشْرَاقِ(18)

 Sarupaning gungung Ingsun sungkemake marang Dawud padha melu nyebut maha suci marang Ingsun ing wayah isuk lan sore

وَالطَّيْرَ مَحْشُورَةً ۖ كُلٌّ لَّهُ أَوَّابٌ(19)

 Apa dene manuk padha nglumpuk melu Dawud memuji ing Allah, kabeh padha murih keparengig Allah

وَشَدَدْنَا مُلْكَهُ وَآتَيْنَاهُ الْحِكْمَةَ وَفَصْلَ الْخِطَابِ(20)

 Ingsun ngentasake keratone Dawud lan diparingi pangkat Nabi sarta kabeneran samu barang kang dilakoni diparingi kaweruh bisa ngrampungi pasulayaning uwong

۞ وَهَلْ أَتَاكَ نَبَأُ الْخَصْمِ إِذْ تَسَوَّرُوا الْمِحْرَابَ(21)

 Sira apa wis weruh cerita lelakone Dawud, nalika ana malaikat loro mendho - mendho wong perkaran munggah ing panggung papane Dawud

إِذْ دَخَلُوا عَلَىٰ دَاوُودَ فَفَزِعَ مِنْهُمْ ۖ قَالُوا لَا تَخَفْ ۖ خَصْمَانِ بَغَىٰ بَعْضُنَا عَلَىٰ بَعْضٍ فَاحْكُم بَيْنَنَا بِالْحَقِّ وَلَا تُشْطِطْ وَاهْدِنَا إِلَىٰ سَوَاءِ الصِّرَاطِ(22)

 Nalika dheweke mlebu nemoni Dawud, dheweke kaget sebab ana wong mlebu ing panggonane. (Wong loro sing prakaran mau) padha matur, "Panjenengan sampun ajrih kula punika tiyang pasulayan ingkan satunggal nandukake pangaihaya dhateng satunggalipun, panjenengan mug andhawuhake karampungane Pangadilan dhaten gkula kalayan leres, sampun ngantos mlenceng mugi anedhana margi ingkan leres

إِنَّ هَٰذَا أَخِي لَهُ تِسْعٌ وَتِسْعُونَ نَعْجَةً وَلِيَ نَعْجَةٌ وَاحِدَةٌ فَقَالَ أَكْفِلْنِيهَا وَعَزَّنِي فِي الْخِطَابِ(23)

 Sayektosipun sedherek kula punika gadhah menda estri , kula namung gadhah setunggal. Wicantenipun, "Wedusmu siji iku tak pekke wae; panedhanipun hanggujeg piyambakipun ngawonaken kula wonten ing rembagan wahu

قَالَ لَقَدْ ظَلَمَكَ بِسُؤَالِ نَعْجَتِكَ إِلَىٰ نِعَاجِهِ ۖ وَإِنَّ كَثِيرًا مِّنَ الْخُلَطَاءِ لَيَبْغِي بَعْضُهُمْ عَلَىٰ بَعْضٍ إِلَّا الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ وَقَلِيلٌ مَّا هُمْ ۗ وَظَنَّ دَاوُودُ أَنَّمَا فَتَنَّاهُ فَاسْتَغْفَرَ رَبَّهُ وَخَرَّ رَاكِعًا وَأَنَابَ ۩(24)

 Dawud ngandika, "Sedulurmu iku nakal, nganiaya marang kowe anggone anjaluk wedhusmu kang maung siji kudu dikumpulake wedhuse kang ". Wong kang bathon ngemorake bandhane kang akaeh ana kang nakal. Kajaba wong kang pracaya ing Allah sarta ngelakoni penggawe becik. Nanging wong kang mangkono iku arang - arang. Dawud banjur kelingan rumasa kena cobaningsun, Sanalika Dawud junggel ruku’ lan sujud tobat ing Allah

فَغَفَرْنَا لَهُ ذَٰلِكَ ۖ وَإِنَّ لَهُ عِندَنَا لَزُلْفَىٰ وَحُسْنَ مَآبٍ(25)

 Ingsun banjur ngapura kaluputane. Kajaba pangapura, Dawud Ingsun paringi panggonan cedha karo Ingsun hiya kawusanan kang becik

يَا دَاوُودُ إِنَّا جَعَلْنَاكَ خَلِيفَةً فِي الْأَرْضِ فَاحْكُم بَيْنَ النَّاسِ بِالْحَقِّ وَلَا تَتَّبِعِ الْهَوَىٰ فَيُضِلَّكَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ ۚ إِنَّ الَّذِينَ يَضِلُّونَ عَن سَبِيلِ اللَّهِ لَهُمْ عَذَابٌ شَدِيدٌ بِمَا نَسُوا يَوْمَ الْحِسَابِ(26)

 He Dawud! Sira Ingsun dadekake panguasa Ingsun ana bumi mulane sira nindakna hukum adil marang manungsa, aja mung nuruti karepira dhewe, awit karepira iku nasarake sira saka dalaning Allah, sarupaning wong kang kesasar dalaing Allah bakal dipatrapi siksa kang abot, marga anggone padha lalai ora perduli dina qiyamat

وَمَا خَلَقْنَا السَّمَاءَ وَالْأَرْضَ وَمَا بَيْنَهُمَا بَاطِلًا ۚ ذَٰلِكَ ظَنُّ الَّذِينَ كَفَرُوا ۚ فَوَيْلٌ لِّلَّذِينَ كَفَرُوا مِنَ النَّارِ(27)

 Anggoningsun gawe bumi lan langit, apa dene samu barang kang ana antarane iku ora dolanan. Panemune si kafir iku dolanan wae, si kafir padha cilaka marga bakal kacemplung neraka

أَمْ نَجْعَلُ الَّذِينَ آمَنُوا وَعَمِلُوا الصَّالِحَاتِ كَالْمُفْسِدِينَ فِي الْأَرْضِ أَمْ نَجْعَلُ الْمُتَّقِينَ كَالْفُجَّارِ(28)

 Para wong mukmin kang padha ngelakoni panggawe becik apa Ingsun gawe padha wae karo wong kang gawe rusak ana bumi? Apa wong kang bekti iku wong hala? (Panemune si kafir iku memper wae ora)

كِتَابٌ أَنزَلْنَاهُ إِلَيْكَ مُبَارَكٌ لِّيَدَّبَّرُوا آيَاتِهِ وَلِيَتَذَكَّرَ أُولُو الْأَلْبَابِ(29)

 Al-Quran iki kitab kang Ingsun dhawuhake marang sira (Muhammad) becike lan pigunane akeh supaya manungsa padha ngrasakake surasaning ayate. Wong kang duwe akal padha ngestokna

وَوَهَبْنَا لِدَاوُودَ سُلَيْمَانَ ۚ نِعْمَ الْعَبْدُ ۖ إِنَّهُ أَوَّابٌ(30)

 Lan Ingsun paringi kanugrahan marang Dawud anak lanang aran Sulaiman, kawulaning Allah kang sholih awit banget sumungkeme ing Allah

إِذْ عُرِضَ عَلَيْهِ بِالْعَشِيِّ الصَّافِنَاتُ الْجِيَادُ(31)

 Dhek semana nuju wayah lingsir Sulaiman meriksa jaran jarahan. Yen meneng, menenge anteng, yen mlayu luwih dening rikat. (jaran mau cacah becik - becik kabeh. Ketungkul anggone mriksa ngati surup srengenge kelalen ora sholat ashar)

فَقَالَ إِنِّي أَحْبَبْتُ حُبَّ الْخَيْرِ عَن ذِكْرِ رَبِّي حَتَّىٰ تَوَارَتْ بِالْحِجَابِ(32)

 (Sulaiman banget nelongso ing Pangeran) Pangucape, "Aku iki arep demen jaran nganti kelimput elingku ing Pangeranku nganti surupe srengenge

رُدُّوهَا عَلَيَّ ۖ فَطَفِقَ مَسْحًا بِالسُّوقِ وَالْأَعْنَاقِ(33)

 Nuli ana malaikat dhawuh, "Kepel ingkang sampun lajeng dipun priksa inggal dipun wangsulaken (cahosaken) Allah". Nuli Sulaiman ngelus - elus sikile lan gulune

وَلَقَدْ فَتَنَّا سُلَيْمَانَ وَأَلْقَيْنَا عَلَىٰ كُرْسِيِّهِ جَسَدًا ثُمَّ أَنَابَ(34)

 Ingsun nyoba marang Sulaiman, lan Ingsun dadekake dheweke gelethak ana dhampare (kursi emas) sarirane lemes (marga gerah) tumuli taubat

قَالَ رَبِّ اغْفِرْ لِي وَهَبْ لِي مُلْكًا لَّا يَنبَغِي لِأَحَدٍ مِّن بَعْدِي ۖ إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ(35)

 Sulaiman nalongsa munjuk ing Allah: "Dhuh Pangeran kawula, paduka mugi ngapura dhumateng kawula, saha paringa kraton ageng dhumateng kawula. Ingkang ing tembe sapengker kawula boten wonten satunggaling tiyang gadhah keraton ingkang sami. Saestunipun Paduka punika kuwasa peparing

فَسَخَّرْنَا لَهُ الرِّيحَ تَجْرِي بِأَمْرِهِ رُخَاءً حَيْثُ أَصَابَ(36)

 Ingsun banjur nyungkemake angin (marang Sulaiman), angin mahu mlaku ngidit ngestokake parentah sing dikersakake

وَالشَّيَاطِينَ كُلَّ بَنَّاءٍ وَغَوَّاصٍ(37)

 Sarupaning syetan padha ngestokake parentahe (Sulaiman)

وَآخَرِينَ مُقَرَّنِينَ فِي الْأَصْفَادِ(38)

 Lan ana maneh syetan liyane padha diblenggu ana ing belukan

هَٰذَا عَطَاؤُنَا فَامْنُنْ أَوْ أَمْسِكْ بِغَيْرِ حِسَابٍ(39)

 (Sulaiman) iki peparing Ingsun marang sira kang tanpa kira - kira. Sira kena peparing marang wong kang sira karepake lan kena ora peparing

وَإِنَّ لَهُ عِندَنَا لَزُلْفَىٰ وَحُسْنَ مَآبٍ(40)

 (Sulaiman) Ingsun paringi panggonan ing suwarga cedhak karo Ingsun yaiku kawusanan kang becik

وَاذْكُرْ عَبْدَنَا أَيُّوبَ إِذْ نَادَىٰ رَبَّهُ أَنِّي مَسَّنِيَ الشَّيْطَانُ بِنُصْبٍ وَعَذَابٍ(41)

 (Muhammad) sira nyaritakna lelakone kawulaningsun Ayub nalika munjuk ing Pangerane, kawula pnika dipun paheka ing syetan, gesang kawula sarwa rekahos, saha badan kawula sakit

ارْكُضْ بِرِجْلِكَ ۖ هَٰذَا مُغْتَسَلٌ بَارِدٌ وَشَرَابٌ(42)

 (Pangandikaning Allah marang Ayub): "Hanggejlokna sikilmu ing lemah"; nuli banjur dadi sumber banyu, Iki banyu anyeb kanggo adus lan ngombe

وَوَهَبْنَا لَهُ أَهْلَهُ وَمِثْلَهُم مَّعَهُمْ رَحْمَةً مِّنَّا وَذِكْرَىٰ لِأُولِي الْأَلْبَابِ(43)

 Lan Ingsun paringi Ayub (kanthi nguripake maneh) ahline (anakke cacah enem) lan Ingsun wuwuhi semono maneh minongko rahmat saka Ingsun kang mangkono mahu dadia wewulang marang wong kang ana akale

وَخُذْ بِيَدِكَ ضِغْثًا فَاضْرِب بِّهِ وَلَا تَحْنَثْ ۗ إِنَّا وَجَدْنَاهُ صَابِرًا ۚ نِّعْمَ الْعَبْدُ ۖ إِنَّهُ أَوَّابٌ(44)

 He Ayub sira jupuka suket satekem nuli sira gitikna ing rabinira, minongka ngluwawi nadhzar ira kanthi supata. Sira aja nyidrani nadhzar lan aja nerjang supata. Ingsun nguningan i nyata yen Ayub iku wong shabar temenan. (Nalikane Ayub lara nadhzar kelawan supata, samangsa larane waras bakal gitik rabine ping ). Kawula kang becik iku Ayub, awit banget anggone murih keparengingsun

وَاذْكُرْ عِبَادَنَا إِبْرَاهِيمَ وَإِسْحَاقَ وَيَعْقُوبَ أُولِي الْأَيْدِي وَالْأَبْصَارِ(45)

 (Muhammad) sira nyaritakna kesabarane kawulaningsun Ibrahim lan Ishak, apa dene Ya’qub kang padha rosa anggone ngabekti

إِنَّا أَخْلَصْنَاهُم بِخَالِصَةٍ ذِكْرَى الدَّارِ(46)

 Ingsun ngresikake atine dheweke (nabi telu mau) kanthi budi dhuwur maligi ngelingake (manungsa) marang akherat

وَإِنَّهُمْ عِندَنَا لَمِنَ الْمُصْطَفَيْنَ الْأَخْيَارِ(47)

 Dheweke (nabi telu mau) mungguh Ingsun, kaleb wong pilihan kang suci saka rereget

وَاذْكُرْ إِسْمَاعِيلَ وَالْيَسَعَ وَذَا الْكِفْلِ ۖ وَكُلٌّ مِّنَ الْأَخْيَارِ(48)

 Lan sira nyaritakna kahutamane Ismail, Ilyasa’, Zulkifli, kabeh kalebu wong pilihaningsun

هَٰذَا ذِكْرٌ ۚ وَإِنَّ لِلْمُتَّقِينَ لَحُسْنَ مَآبٍ(49)

 Kang wis kasebut iki carita isi wewulang becik sarupane wong kang bekti ing Allah iku bakal becik wekasane

جَنَّاتِ عَدْنٍ مُّفَتَّحَةً لَّهُمُ الْأَبْوَابُ(50)

 Hiya iku padha oleh ganjaran suwarga ’Adn kang lawang - lawange padha menga, nyediani malebune wong kang padha bekti

مُتَّكِئِينَ فِيهَا يَدْعُونَ فِيهَا بِفَاكِهَةٍ كَثِيرَةٍ وَشَرَابٍ(51)

 Wong mau ana suwarga padha linggih sendhen tur padha diladeni sawarnaning woh - wohan akeh sarta homben - homben

۞ وَعِندَهُمْ قَاصِرَاتُ الطَّرْفِ أَتْرَابٌ(52)

 Sarta padha nyandhing (widadari pirang - pirang) kang indah warnane lan rampak enome (umure)

هَٰذَا مَا تُوعَدُونَ لِيَوْمِ الْحِسَابِ(53)

 Hiya iku ganjaran kang wis dijanjekake

إِنَّ هَٰذَا لَرِزْقُنَا مَا لَهُ مِن نَّفَادٍ(54)

 Isining suwarga iki rizki peparingsun kang ora bisa entek. (Kang wis kasebut mau ganjaran marang para wong mukmin)

هَٰذَا ۚ وَإِنَّ لِلطَّاغِينَ لَشَرَّ مَآبٍ(55)

 Dene wong kafir kabeh bakal hala wekasane

جَهَنَّمَ يَصْلَوْنَهَا فَبِئْسَ الْمِهَادُ(56)

 Bakal padha kacemplung neraka jahannam panggonan kang hala banget

هَٰذَا فَلْيَذُوقُوهُ حَمِيمٌ وَغَسَّاقٌ(57)

 Padha ngrasakna wedang panas kang melonyohake, lan banyu sing adhem banget

وَآخَرُ مِن شَكْلِهِ أَزْوَاجٌ(58)

 Apa dene siksa liyan - liyane warna - warna sapadhane

هَٰذَا فَوْجٌ مُّقْتَحِمٌ مَّعَكُمْ ۖ لَا مَرْحَبًا بِهِمْ ۚ إِنَّهُمْ صَالُو النَّارِ(59)

 Ing kono ana dhawuh, "Wong akeh iki uga dicemplungake neraka, bareng kowe para pangarepe". Wong kafir padha celathu, "Saiki wong iku ora oleh papan kang omber. Mesthi dicemplungake ing neraka

قَالُوا بَلْ أَنتُمْ لَا مَرْحَبًا بِكُمْ ۖ أَنتُمْ قَدَّمْتُمُوهُ لَنَا ۖ فَبِئْسَ الْقَرَارُ(60)

 Wong kang manut dadai kafir padha mangsuli, "Kowe saiki kang ora oleh papan omber, kowe dhisiki kafir, aku kang kari. Ora ana pangucap, Sugeng rawuh, marang sira". saiki panggonanmu lan panggonanku hala banget

قَالُوا رَبَّنَا مَن قَدَّمَ لَنَا هَٰذَا فَزِدْهُ عَذَابًا ضِعْفًا فِي النَّارِ(61)

 Wong kang manut mau banjur munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, tiyang ingkang ngajani kawula dados kafir punika siksanpun wonten neraka mugi paduka wewahi tikel katimbang kaliyan kawula

وَقَالُوا مَا لَنَا لَا نَرَىٰ رِجَالًا كُنَّا نَعُدُّهُم مِّنَ الْأَشْرَارِ(62)

 Pangarepe wong kafir iku ana neraka padha celathu, "Ya gene aku ana kene ora weruh wong - wong kang nalika ana donya padha anggep hala lan asor?" Pandhereke Muhammad

أَتَّخَذْنَاهُمْ سِخْرِيًّا أَمْ زَاغَتْ عَنْهُمُ الْأَبْصَارُ(63)

 Dhek ana donya wong mau tak anggo geguyon. Saiki apa ora ana ing neraka kene. nanging pandelengku dadi katilapan ora weruh

إِنَّ ذَٰلِكَ لَحَقٌّ تَخَاصُمُ أَهْلِ النَّارِ(64)

 Kang wis kasebut bab padune wong ing neraka mau nyata

قُلْ إِنَّمَا أَنَا مُنذِرٌ ۖ وَمَا مِنْ إِلَٰهٍ إِلَّا اللَّهُ الْوَاحِدُ الْقَهَّارُ(65)

 (Muhammad) dhawuha marang si kafir, "Aku ngelengake marang kowe. Ora ana sesembahan kelawan bener kajaba mung Allah kang Esa tur masesa

رَبُّ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا الْعَزِيزُ الْغَفَّارُ(66)

 Hiya iku, Pangerane bumi lan langit lan samu barang kang ana antarane bumi lan langit kang menang tur kepareng ngapura dosa

قُلْ هُوَ نَبَأٌ عَظِيمٌ(67)

 Sira dhawuha, "AL-Quran iku cerita gedhe

أَنتُمْ عَنْهُ مُعْرِضُونَ(68)

 Hewa dene kowe padha malengos marang Al-Quran

مَا كَانَ لِيَ مِنْ عِلْمٍ بِالْمَلَإِ الْأَعْلَىٰ إِذْ يَخْتَصِمُونَ(69)

 Aku ora duweni kaweruh ing ngalam dhuwur nalikane para malaikat padha bantah - bantahan (bab nabi Adam biyen)

إِن يُوحَىٰ إِلَيَّ إِلَّا أَنَّمَا أَنَا نَذِيرٌ مُّبِينٌ(70)

 Hewa dene aku bisa nyaritakake iku saka apa, kajaba oleh dhawuhing Allah, Aku iki nabi temenan, kang diutus ngelingake marang kowe

إِذْ قَالَ رَبُّكَ لِلْمَلَائِكَةِ إِنِّي خَالِقٌ بَشَرًا مِّن طِينٍ(71)

 Para malaikat anggone padha bantah - bantahan mau ceritane mangkene, Allah dhawuh (Dhek samana Pangeranira ngandika marang para malaikat) Ingsun gawe manugsa saka lemah

فَإِذَا سَوَّيْتُهُ وَنَفَخْتُ فِيهِ مِن رُّوحِي فَقَعُوا لَهُ سَاجِدِينَ(72)

 Bareng wis dadai, sarta wis Ingsun panjingi ruh peparing Ingsun, maungsa banjur urip. Ingsun banjur dhawuh marang para malaikat, "Sira padha sumungkema sujud marang manungsa (Adam)

فَسَجَدَ الْمَلَائِكَةُ كُلُّهُمْ أَجْمَعُونَ(73)

 Para malaikat kabeh banjur padha sungkem

إِلَّا إِبْلِيسَ اسْتَكْبَرَ وَكَانَ مِنَ الْكَافِرِينَ(74)

 Kajaba mung Iblis, iku gumedhe. Mopo ora gelem sujud banjur dadi kafir

قَالَ يَا إِبْلِيسُ مَا مَنَعَكَ أَن تَسْجُدَ لِمَا خَلَقْتُ بِيَدَيَّ ۖ أَسْتَكْبَرْتَ أَمْ كُنتَ مِنَ الْعَالِينَ(75)

 Allah duka, Pangandikane, "He Iblis apa sebabe dene sira teka mopo (mogok) sujud marang manungsa, kang Ingsun gawe kelawan astaningsun pribadi. Sira rumongsa gedhe apa luhur, ngungkuli liyane

قَالَ أَنَا خَيْرٌ مِّنْهُ ۖ خَلَقْتَنِي مِن نَّارٍ وَخَلَقْتَهُ مِن طِينٍ(76)

 Iblim munjuk, "Kawula punika langkung sahe, ngungkuli manungsa. Hawit Paduka handadosaken kawula saking latu, lan handadosaken maungsa saking siti

قَالَ فَاخْرُجْ مِنْهَا فَإِنَّكَ رَجِيمٌ(77)

 Allah ngandika, "He Iblis, sira lungaha saka langit, sira kena dedukaningsun

وَإِنَّ عَلَيْكَ لَعْنَتِي إِلَىٰ يَوْمِ الدِّينِ(78)

 Lan sira kena beneduningsun sanadyan tekan dina qiyamat, bakal nandhang siksaningsun

قَالَ رَبِّ فَأَنظِرْنِي إِلَىٰ يَوْمِ يُبْعَثُونَ(79)

 Iblis munjuk, "Dhuh Pangeran kawula, mugi panjenengan srantosaken dinten qiyamat

قَالَ فَإِنَّكَ مِنَ الْمُنظَرِينَ(80)

 Allah ngandika, "Hiya, sira Ingsun serantekake

إِلَىٰ يَوْمِ الْوَقْتِ الْمَعْلُومِ(81)

 Nganti tekan dina qiyamat kang wis tinamtokake

قَالَ فَبِعِزَّتِكَ لَأُغْوِيَنَّهُمْ أَجْمَعِينَ(82)

 Iblis munjuk, "Demi kamulyan Paduka, kawula mesthi anggodha dhateng Adam saturunipun sadaya

إِلَّا عِبَادَكَ مِنْهُمُ الْمُخْلَصِينَ(83)

 Kajawi para kawula Paduka ingkang sami resik manahipun anggenipun pitados ing Paduka

قَالَ فَالْحَقُّ وَالْحَقَّ أَقُولُ(84)

 Allah ngandika, "Pangandikaningsun yekti temen

لَأَمْلَأَنَّ جَهَنَّمَ مِنكَ وَمِمَّن تَبِعَكَ مِنْهُمْ أَجْمَعِينَ(85)

 Saktemene Ingsun mesti arep ngebeki neraka jahannam iku kelawan sapanunggalmu (manungsa) yaiku wong sing antarane manut marang kowe kabeh

قُلْ مَا أَسْأَلُكُمْ عَلَيْهِ مِنْ أَجْرٍ وَمَا أَنَا مِنَ الْمُتَكَلِّفِينَ(86)

 (Muhammad) Sira dhawuha, "Anggonku ngundhangake, dhawuhing Allah iku aku ora aweh pituwas apa - apa saka kowe, lan aku ora gawe - gawe

إِنْ هُوَ إِلَّا ذِكْرٌ لِّلْعَالَمِينَ(87)

 Al-Quran iki pitutur becik marang wong sejagad

وَلَتَعْلَمُنَّ نَبَأَهُ بَعْدَ حِينٍ(88)

 Dene ceritane al-Quran iki ing tembe sira bakal weruh kenyataane sawise mongsa iki


سورهای بیشتر به زبان جاوی:

سوره البقره آل عمران سوره نساء
سوره مائده سوره يوسف سوره ابراهيم
سوره حجر سوره کهف سوره مریم
سوره حج سوره قصص سوره عنکبوت
سوره سجده سوره یس سوره دخان
سوره فتح سوره حجرات سوره ق
سوره نجم سوره رحمن سوره واقعه
سوره حشر سوره ملک سوره حاقه
سوره انشقاق سوره أعلى سوره غاشية

دانلود سوره ص با صدای معروف‌ترین قراء:

انتخاب خواننده برای گوش دادن و دانلود کامل سوره ص با کیفیت بالا.
سوره ص را با صدای احمد العجمی
أحمد العجمي
سوره ص را با صدای ابراهيم الاخضر
ابراهيم الاخضر
سوره ص را با صدای بندر بليلة
بندر بليلة
سوره ص را با صدای خالد الجليل
خالد الجليل
سوره ص را با صدای حاتم فريد الواعر
حاتم فريد الواعر
سوره ص را با صدای خليفة الطنيجي
خليفة الطنيجي
سوره ص را با صدای سعد الغامدي
سعد الغامدي
سوره ص را با صدای سعود الشريم
سعود الشريم
سوره ص را با صدای الشاطري
الشاطري
سوره ص را با صدای صلاح ابوخاطر
صلاح بوخاطر
سوره ص را با صدای عبد الباسط عبد الصمد
عبد الباسط
سوره ص را با صدای عبد الرحمن العوسي
عبدالرحمن العوسي
سوره ص را با صدای عبد الرشيد صوفي
عبد الرشيد صوفي
سوره ص را با صدای عبد العزيز الزهراني
عبدالعزيز الزهراني
سوره ص را با صدای عبد الله بصفر
عبد الله بصفر
سوره ص را با صدای عبد الله عواد الجهني
عبد الله الجهني
سوره ص را با صدای علي الحذيفي
علي الحذيفي
سوره ص را با صدای علي جابر
علي جابر
سوره ص را با صدای غسان الشوربجي
غسان الشوربجي
سوره ص را با صدای فارس عباد
فارس عباد
سوره ص را با صدای ماهر المعيقلي
ماهر المعيقلي
سوره ص را با صدای محمد أيوب
محمد أيوب
سوره ص را با صدای محمد المحيسني
محمد المحيسني
سوره ص را با صدای محمد جبريل
محمد جبريل
سوره ص را با صدای محمد صديق المنشاوي
المنشاوي
سوره ص را با صدای الحصري
الحصري
سوره ص را با صدای العفاسي
مشاري العفاسي
سوره ص را با صدای ناصر القطامي
ناصر القطامي
سوره ص را با صدای وديع اليمني
وديع اليمني
سوره ص را با صدای ياسر الدوسري
ياسر الدوسري


Sunday, May 12, 2024

به قرآن کریم چنگ بزنید