Surah Ar-Rahman with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah Rahman | الرحمن - Ayat Count 78 - The number of the surah in moshaf: 55 - The meaning of the surah in English: The Most Merciful.

الرَّحْمَٰنُ(1)

 Pangeran kang Maha Murah

عَلَّمَ الْقُرْآنَ(2)

 Iku mulang Qur’an

خَلَقَ الْإِنسَانَ(3)

 Agawe manungsa

عَلَّمَهُ الْبَيَانَ(4)

 Mulang manungsa supaya pinter guneman

الشَّمْسُ وَالْقَمَرُ بِحُسْبَانٍ(5)

 Srengenge lan rembulan iku padha mlaku ajeg ana ing cakrawalane dhewe - dhewe cocok pitungane

وَالنَّجْمُ وَالشَّجَرُ يَسْجُدَانِ(6)

 Thetukulan lan kekayon padha sujud ing Allah

وَالسَّمَاءَ رَفَعَهَا وَوَضَعَ الْمِيزَانَ(7)

 Allah iku dhuwurake langit lan dhawuhake jejeg yen nimbang (adil)

أَلَّا تَطْغَوْا فِي الْمِيزَانِ(8)

 Supaya sira aja nakal anggonmu nimbang

وَأَقِيمُوا الْوَزْنَ بِالْقِسْطِ وَلَا تُخْسِرُوا الْمِيزَانَ(9)

 Lan jejega anggonmu padha nimbang kelawan bener, aja padha ngurangi bobot

وَالْأَرْضَ وَضَعَهَا لِلْأَنَامِ(10)

 Allah ngrata bumi kanggo panggonane titahe (manungsa)

فِيهَا فَاكِهَةٌ وَالنَّخْلُ ذَاتُ الْأَكْمَامِ(11)

 Isi woh - wohan warna - warna lan wit kurma kang duweni mancung

وَالْحَبُّ ذُو الْعَصْفِ وَالرَّيْحَانُ(12)

 Lan isi wiji kang ana kulite lan kembang - kembang kang arum ambune

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(13)

 Endi peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido

خَلَقَ الْإِنسَانَ مِن صَلْصَالٍ كَالْفَخَّارِ(14)

 Allah gawe manungsa saka lemah garing, memper lemah kang wis diobong

وَخَلَقَ الْجَانَّ مِن مَّارِجٍ مِّن نَّارٍ(15)

 Lan gawe jin saka urubing geni

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(16)

 Endi ta peparinge kabungahan Pangeranira kang padha dipaido

رَبُّ الْمَشْرِقَيْنِ وَرَبُّ الْمَغْرِبَيْنِ(17)

 Allah iku pangeraning rong panggonan metune srengenge lan pangeraning rong panggonan surupe srengenge

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(18)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

مَرَجَ الْبَحْرَيْنِ يَلْتَقِيَانِ(19)

 Allah nitahake segara loro (tawa lan asin) dinengake wae padha mili banjur padha ketemu

بَيْنَهُمَا بَرْزَخٌ لَّا يَبْغِيَانِ(20)

 Antarane segara loro mau ana watese kang ora kasat mata

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(21)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

يَخْرُجُ مِنْهُمَا اللُّؤْلُؤُ وَالْمَرْجَانُ(22)

 Segara loro mau padha metu mutiara lan marjan

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(23)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

وَلَهُ الْجَوَارِ الْمُنشَآتُ فِي الْبَحْرِ كَالْأَعْلَامِ(24)

 Allah iku kagungan prahu pirang - pirang (gaweane manungsa) kumambang ana segara gedhene kaya gunung

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(25)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

كُلُّ مَنْ عَلَيْهَا فَانٍ(26)

 Samu barang kang gumelar ana bumi wekasane rusak

وَيَبْقَىٰ وَجْهُ رَبِّكَ ذُو الْجَلَالِ وَالْإِكْرَامِ(27)

 Nanging sarirane Pangeranira Allah kang Agung kersa ngajeni (wong mukmin) langgeng tanpa rusak

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(28)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paidho

يَسْأَلُهُ مَن فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ ۚ كُلَّ يَوْمٍ هُوَ فِي شَأْنٍ(29)

 Saisining langit lan bumi kabeh padha nyenyuwun ing Allah saben Allah nindhakake lestarine samu barang kang wis pinanthi ing zaman azali

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(30)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

سَنَفْرُغُ لَكُمْ أَيُّهَ الثَّقَلَانِ(31)

 Ing tembe sira padha Ingsun timbang ala lan becikira

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(32)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeranira kang padha sira paido

يَا مَعْشَرَ الْجِنِّ وَالْإِنسِ إِنِ اسْتَطَعْتُمْ أَن تَنفُذُوا مِنْ أَقْطَارِ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ فَانفُذُوا ۚ لَا تَنفُذُونَ إِلَّا بِسُلْطَانٍ(33)

 He Jin lan Manungsa kang padha ora nrima pepesthen Ingsun, menawa sira bisa lunga saka telatahe bumi lan langit mara padha lungaha. Nanging mangsa bisa lunga. Kejaba yen sira kuasa

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(34)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

يُرْسَلُ عَلَيْكُمَا شُوَاظٌ مِّن نَّارٍ وَنُحَاسٌ فَلَا تَنتَصِرَانِ(35)

 He Jin lan Manungsa (nalikane padha metu saka kubure) pada tinempuh urubing geni lan tembaga, sira ora bisa ngundurake

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(36)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

فَإِذَا انشَقَّتِ السَّمَاءُ فَكَانَتْ وَرْدَةً كَالدِّهَانِ(37)

 Nalikane langit sigar warnane jambon kaya mawar tua kaya lenga zaitun

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(38)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

فَيَوْمَئِذٍ لَّا يُسْأَلُ عَن ذَنبِهِ إِنسٌ وَلَا جَانٌّ(39)

 Ing dina iku jin lan manungsa durung padha diperiksa dosane

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(40)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

يُعْرَفُ الْمُجْرِمُونَ بِسِيمَاهُمْ فَيُؤْخَذُ بِالنَّوَاصِي وَالْأَقْدَامِ(41)

 Pawa wong kafir padha ketitik kelawan tegengere banjur padha dijambak kuncunge lan sikile

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(42)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

هَٰذِهِ جَهَنَّمُ الَّتِي يُكَذِّبُ بِهَا الْمُجْرِمُونَ(43)

 (Dhawuhing Malaikat) Iki neraka jahannam kang dipaido dening wong kang padha dosa biyen

يَطُوفُونَ بَيْنَهَا وَبَيْنَ حَمِيمٍ آنٍ(44)

 Wong kafir padha mlaku pating bilulung ana antarane neraka geni lan wedang panas

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(45)

 Endi peparinge kabungahan pangeranira kang padha sira paido

وَلِمَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ جَنَّتَانِ(46)

 Dene wong kang pada wedi nalika arep sowan marang Pangerane padha diparingi ganjarang suwarga loro (suwargane jin lan manungsa)

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(47)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

ذَوَاتَا أَفْنَانٍ(48)

 Suwarga luru mau ana kekayone (wit - witan) woh - wohan

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(49)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

فِيهِمَا عَيْنَانِ تَجْرِيَانِ(50)

 Suwarga loro mau ana bengawane mili

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(51)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

فِيهِمَا مِن كُلِّ فَاكِهَةٍ زَوْجَانِ(52)

 Suwarga loro mau isi sarupane woh - wohan warna loro garing lan teles

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(53)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

مُتَّكِئِينَ عَلَىٰ فُرُشٍ بَطَائِنُهَا مِنْ إِسْتَبْرَقٍ ۚ وَجَنَى الْجَنَّتَيْنِ دَانٍ(54)

 Wong kang bekti mau padha sendhen ana palungguhan kang lemeke babut sutra, dene woh - wohane cedhek bisa dipethik ana ing suwarga loro

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(55)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

فِيهِنَّ قَاصِرَاتُ الطَّرْفِ لَمْ يَطْمِثْهُنَّ إِنسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَانٌّ(56)

 Suwarga loro mau isine widadari kang endah - endah rupane sadurunge diwengku ing suwarga mau durung tau winasesa ing resmi (kumpul) dening jin utawa manungsa

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(57)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

كَأَنَّهُنَّ الْيَاقُوتُ وَالْمَرْجَانُ(58)

 Para widadari mau hendah - hendah kaya inten lan mutiara

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(59)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

هَلْ جَزَاءُ الْإِحْسَانِ إِلَّا الْإِحْسَانُ(60)

 Pituasing laku becik ora liya holeh becik

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(61)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

وَمِن دُونِهِمَا جَنَّتَانِ(62)

 Kajaba suwarga loro mau, ana rong suwarga maneh

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(63)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

مُدْهَامَّتَانِ(64)

 Suwarga loro mau kekayone ijo banget warnane

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(65)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

فِيهِمَا عَيْنَانِ نَضَّاخَتَانِ(66)

 Sajerone suwarga loro mau ana bengawane loro, padha mili ajeg tanpa suda banyune

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(67)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

فِيهِمَا فَاكِهَةٌ وَنَخْلٌ وَرُمَّانٌ(68)

 Sajerone suwarga loro mau ana woh - wohan kabeh ana wite kurma lan delima

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(69)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

فِيهِنَّ خَيْرَاتٌ حِسَانٌ(70)

 Suwarga loro mau dalah isen - isene kabeh sarwa becik

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(71)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

حُورٌ مَّقْصُورَاتٌ فِي الْخِيَامِ(72)

 Para widadari mau padha endah warnane, padha siningkit ana sajeroning gedhong kang gginawe saka mutiara

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(73)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

لَمْ يَطْمِثْهُنَّ إِنسٌ قَبْلَهُمْ وَلَا جَانٌّ(74)

 Para widadari mau sadurunge diwengku wong ing suwarga durung tau winasesa ing rasmi (kumpul) dening jin lan manungsa

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(75)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

مُتَّكِئِينَ عَلَىٰ رَفْرَفٍ خُضْرٍ وَعَبْقَرِيٍّ حِسَانٍ(76)

 Wong ing suwarga padha sendhen ing bantal sutra ijo kang endah warnane

فَبِأَيِّ آلَاءِ رَبِّكُمَا تُكَذِّبَانِ(77)

 Endi ta peparinge kebungahan pangeraira kang padha sira paido

تَبَارَكَ اسْمُ رَبِّكَ ذِي الْجَلَالِ وَالْإِكْرَامِ(78)

 Maha luruh asmane pangeranira, Allah kang Kagungan SIfat Agung sarta Kerja Ngajeni para mukmin


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah Ar-Rahman with the voice of the most famous Quran reciters :

surah Ar-Rahman mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter Ar-Rahman Complete with high quality
surah Ar-Rahman Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Ar-Rahman Bandar Balila
Bandar Balila
surah Ar-Rahman Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Ar-Rahman Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Ar-Rahman Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Ar-Rahman Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Ar-Rahman Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Ar-Rahman Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Ar-Rahman Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Ar-Rahman Fares Abbad
Fares Abbad
surah Ar-Rahman Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Ar-Rahman Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Ar-Rahman Al Hosary
Al Hosary
surah Ar-Rahman Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Ar-Rahman Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Monday, April 29, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب