سورة النازعات بالجاوية

  1. استمع للسورة
  2. سور أخرى
  3. ترجمة السورة
القرآن الكريم | ترجمة معاني القرآن | اللغة الجاوية | سورة النازعات | Naziat - عدد آياتها 46 - رقم السورة في المصحف: 79 - معنى السورة بالإنجليزية: Those Who Tear Out.

وَالنَّازِعَاتِ غَرْقًا(1)

Demi (Malaikat - Malaikat) kang medhoti nyawane kelawan sora

وَالنَّاشِطَاتِ نَشْطًا(2)

Demi (Malaikat - Malaikat) kang nglolosi nyawa kelawan alon (marang wong mukmin)

وَالسَّابِحَاتِ سَبْحًا(3)

Demi (Malaikat) kang tumurun saka langit kanti rikat

فَالسَّابِقَاتِ سَبْقًا(4)

Lan (Malaikat) kang dhisiki banter

فَالْمُدَبِّرَاتِ أَمْرًا(5)

Lan (Malaikat) kang ngatur urusan (donya)

يَوْمَ تَرْجُفُ الرَّاجِفَةُ(6)

(Satemene sira bakal ditangekake) ana dina nalika paniyupe slompret kawitan horege alam kabeh

تَتْبَعُهَا الرَّادِفَةُ(7)

Nuli ditungka horege maneh kang kapindho

قُلُوبٌ يَوْمَئِذٍ وَاجِفَةٌ(8)

Ing kono atine wong kang padha maido padha teratapan

أَبْصَارُهَا خَاشِعَةٌ(9)

Pandelenge padha konjem (wedi)

يَقُولُونَ أَإِنَّا لَمَرْدُودُونَ فِي الْحَافِرَةِ(10)

Padha celathu, "Apa aku iki dibalekake urip maneh

أَإِذَا كُنَّا عِظَامًا نَّخِرَةً(11)

Sawise dadi balung kang pisah - pisah urip maneh

قَالُوا تِلْكَ إِذًا كَرَّةٌ خَاسِرَةٌ(12)

Padha celathu, "Yen mangkono baliku urup maneh aku bali kapitunan

فَإِنَّمَا هِيَ زَجْرَةٌ وَاحِدَةٌ(13)

Ananging iku mung petak sapisan wae

فَإِذَا هُم بِالسَّاهِرَةِ(14)

Lan mara delengen dheweke padha tangi

هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ مُوسَىٰ(15)

Apa ora wis teka marang sira ceritane Musa

إِذْ نَادَاهُ رَبُّهُ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًى(16)

Nalikane dipangandikani Pangerane ana jurang Thuwa

اذْهَبْ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ إِنَّهُ طَغَىٰ(17)

Lungoo marang panggonane Fir’aun, awit kebangetan anggone kafir

فَقُلْ هَل لَّكَ إِلَىٰ أَن تَزَكَّىٰ(18)

Dhawuha, "Punapa paduka kepengin anuceni sarira

وَأَهْدِيَكَ إِلَىٰ رَبِّكَ فَتَخْشَىٰ(19)

Sarta kula badhe nuntun paduka dhateng Pangeran supados ajrih

فَأَرَاهُ الْآيَةَ الْكُبْرَىٰ(20)

Banjur panjenengane ngatonake tondha kang gedhe marang dheweke

فَكَذَّبَ وَعَصَىٰ(21)

Ananging dheweke anggorohake (kasunyatan) sarta pra ambangun turut

ثُمَّ أَدْبَرَ يَسْعَىٰ(22)

Tumuli dheweke bali kalawan rerikatan

فَحَشَرَ فَنَادَىٰ(23)

Banjur ngumpulake (wong - wong) tumuli dhawuh

فَقَالَ أَنَا رَبُّكُمُ الْأَعْلَىٰ(24)

Celathune, "Aku iki Pangeranira Kang Maha Luhur

فَأَخَذَهُ اللَّهُ نَكَالَ الْآخِرَةِ وَالْأُولَىٰ(25)

Ananging Allah amatrapi dheweke kelawan pidana ing akherat sarta ing uripe kang dhisik

إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَعِبْرَةً لِّمَن يَخْشَىٰ(26)

Lelakone Fir’aun kasebut mesthi dadi wewulang kanggo wong kang wedi ing Allah

أَأَنتُمْ أَشَدُّ خَلْقًا أَمِ السَّمَاءُ ۚ بَنَاهَا(27)

Apa Allah angone nguripake sira saka pati luwuh angel tinimbang anggone gawe langit

رَفَعَ سَمْكَهَا فَسَوَّاهَا(28)

Andhuwurake payoning langit banjur warata tanpa cacat

وَأَغْطَشَ لَيْلَهَا وَأَخْرَجَ ضُحَاهَا(29)

Gawe peteng wayahe wengi, sarta gawe padhang wayahe awan

وَالْأَرْضَ بَعْدَ ذَٰلِكَ دَحَاهَا(30)

Sawuse mangkono Allah gelar bumi

أَخْرَجَ مِنْهَا مَاءَهَا وَمَرْعَاهَا(31)

Alah metokake banyu lan thethukulan saka bumi

وَالْجِبَالَ أَرْسَاهَا(32)

Lan ngukuhake gunung ana bumi

مَتَاعًا لَّكُمْ وَلِأَنْعَامِكُمْ(33)

Kabeh dadi bebungah marang sira lan ingon - ingonira raja kaya

فَإِذَا جَاءَتِ الطَّامَّةُ الْكُبْرَىٰ(34)

Ing besuk tekane horeg - horegan (malapetaka) gedhe teka

يَوْمَ يَتَذَكَّرُ الْإِنسَانُ مَا سَعَىٰ(35)

Dinane manungsa padha eling apa kang wus ditindhakake

وَبُرِّزَتِ الْجَحِيمُ لِمَن يَرَىٰ(36)

Lan neraka dipitontonake tumrap sapa sing deleng

فَأَمَّا مَن طَغَىٰ(37)

Wondene wong kang ambalasar (kafir)

وَآثَرَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا(38)

Sarta milih kauripan dunya

فَإِنَّ الْجَحِيمَ هِيَ الْمَأْوَىٰ(39)

Sayekti neraka iku panggonane

وَأَمَّا مَنْ خَافَ مَقَامَ رَبِّهِ وَنَهَى النَّفْسَ عَنِ الْهَوَىٰ(40)

Dene wong kang wedi anggone ngadhep ing ngarsaning Pangerane sarta anahan jiwane saka pepenginan asor

فَإِنَّ الْجَنَّةَ هِيَ الْمَأْوَىٰ(41)

Lah sayekti suwarga iku panggonane

يَسْأَلُونَكَ عَنِ السَّاعَةِ أَيَّانَ مُرْسَاهَا(42)

Dheweke padha takon marang sira prakara wayahe, endhi ketentuane (Qiyamat)

فِيمَ أَنتَ مِن ذِكْرَاهَا(43)

Tumrap prakara apa? Sira iku wong kang angelingake prakara iku

إِلَىٰ رَبِّكَ مُنتَهَاهَا(44)

Marang pangeranira pantoging tujune prakara iku

إِنَّمَا أَنتَ مُنذِرُ مَن يَخْشَاهَا(45)

Sira iku mung juru pepeling tumrap wong kang wedi marang prakra iku

كَأَنَّهُمْ يَوْمَ يَرَوْنَهَا لَمْ يَلْبَثُوا إِلَّا عَشِيَّةً أَوْ ضُحَاهَا(46)

Ing dinane dheweke andeleng kaya - kaya anggone manggon ora liya kajaba mung sasore utawa sakesuk


المزيد من السور باللغة الجاوية:

سورة البقرة آل عمران سورة النساء
سورة المائدة سورة يوسف سورة ابراهيم
سورة الحجر سورة الكهف سورة مريم
سورة السجدة سورة يس سورة الدخان
سورة النجم سورة الرحمن سورة الواقعة
سورة الحشر سورة الملك سورة الحاقة

تحميل سورة النازعات بصوت أشهر القراء :

قم باختيار القارئ للاستماع و تحميل سورة النازعات كاملة بجودة عالية
سورة النازعات أحمد العجمي
أحمد العجمي
سورة النازعات خالد الجليل
خالد الجليل
سورة النازعات سعد الغامدي
سعد الغامدي
سورة النازعات سعود الشريم
سعود الشريم
سورة النازعات عبد الباسط عبد الصمد
عبد الباسط
سورة النازعات عبد الله عواد الجهني
عبد الله الجهني
سورة النازعات علي الحذيفي
علي الحذيفي
سورة النازعات فارس عباد
فارس عباد
سورة النازعات ماهر المعيقلي
ماهر المعيقلي
سورة النازعات محمد جبريل
محمد جبريل
سورة النازعات محمد صديق المنشاوي
المنشاوي
سورة النازعات الحصري
الحصري
سورة النازعات العفاسي
مشاري العفاسي
سورة النازعات ناصر القطامي
ناصر القطامي
سورة النازعات ياسر الدوسري
ياسر الدوسري



Thursday, May 16, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب