Surah Ta-Ha with Jawa

  1. Surah mp3
  2. More
  3. Jawa
The Holy Quran | Quran translation | Language Jawa | Surah TaHa | طه - Ayat Count 135 - The number of the surah in moshaf: 20 - The meaning of the surah in English: Ta-Ha.

طه(1)

 Thaa Haa

مَا أَنزَلْنَا عَلَيْكَ الْقُرْآنَ لِتَشْقَىٰ(2)

 Ingsun ora nurunake kitab Al-Quran marang sira (Muhammad) supaya dadi rekasa

إِلَّا تَذْكِرَةً لِّمَن يَخْشَىٰ(3)

 Nanging Ingsun nurunake kitab al-Quran supaya dadi pepenget marang wong kang bekti marang Allah

تَنزِيلًا مِّمَّنْ خَلَقَ الْأَرْضَ وَالسَّمَاوَاتِ الْعُلَى(4)

 Kitab al-Quran iku tumurn saka ngarsane Allah, pangera kang nitahake bumi lan langit kang duwur

الرَّحْمَٰنُ عَلَى الْعَرْشِ اسْتَوَىٰ(5)

 Panjenengane Pangeran kang Maha murah iku mrintah anindakake murba wasesa ana ing ’Arsy

لَهُ مَا فِي السَّمَاوَاتِ وَمَا فِي الْأَرْضِ وَمَا بَيْنَهُمَا وَمَا تَحْتَ الثَّرَىٰ(6)

 Allah iku kagungan kabeh ana ing langit - langit lan bumi, lan kabeh kang ana antarane bumi lan langit, sarta barang kang ana ing sangisore bumi

وَإِن تَجْهَرْ بِالْقَوْلِ فَإِنَّهُ يَعْلَمُ السِّرَّ وَأَخْفَى(7)

 Lan menawa sira nyerukake pangucapira, temen panjenengane Allah iku ngawuningani kang disidhem lan kang dibatin

اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۖ لَهُ الْأَسْمَاءُ الْحُسْنَىٰ(8)

 Panjenengane Allah, ora ana Pangeran kajaba mung panjenengane piyambak. Panjenengane kagungan asma kang becik

وَهَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ مُوسَىٰ(9)

 (Muhammad) apa sira wis sumurup ceritane Nabi Musa

إِذْ رَأَىٰ نَارًا فَقَالَ لِأَهْلِهِ امْكُثُوا إِنِّي آنَسْتُ نَارًا لَّعَلِّي آتِيكُم مِّنْهَا بِقَبَسٍ أَوْ أَجِدُ عَلَى النَّارِ هُدًى(10)

 Nalika dheweke nabi .usa sumurup geni, banjur ngendika marang ahline, "Sira padha lerena ana ing kene dhisik, geni kae tak paranane, tak nyumet obor, banjur tak bali mrene, utawa bokmenawa ing kana aku ketemu wong kang nuduhake dalan

فَلَمَّا أَتَاهَا نُودِيَ يَا مُوسَىٰ(11)

 Bareng nabi Musa wis tekan panggonane geni, ditimbali dening Allah. Pangandikane,"He Musa

إِنِّي أَنَا رَبُّكَ فَاخْلَعْ نَعْلَيْكَ ۖ إِنَّكَ بِالْوَادِ الْمُقَدَّسِ طُوًى(12)

 Saktemene ingsun iki pangeranira. Mara copoten trumpahira, jalaran saktemene sira saiki ana ing jurang suci kang aran jurang Thuwaa

وَأَنَا اخْتَرْتُكَ فَاسْتَمِعْ لِمَا يُوحَىٰ(13)

 Lan Ingsun wis milih sira, ingsun junjung dadi utusaningsun, lan ingsun parengake imbal pangandika lan Ingsun. Sira ngestokakna (ngrungokna) apa kang wis kawacakake marang sira

إِنَّنِي أَنَا اللَّهُ لَا إِلَٰهَ إِلَّا أَنَا فَاعْبُدْنِي وَأَقِمِ الصَّلَاةَ لِذِكْرِي(14)

 Saktemene Ingsun iki Allah, ora ana Pangeran kajaba Ingsun. Jalaran saka iku sira manembaha marang Ingsun, sarta nindakake shalat klawan eling marang Ingsun

إِنَّ السَّاعَةَ آتِيَةٌ أَكَادُ أُخْفِيهَا لِتُجْزَىٰ كُلُّ نَفْسٍ بِمَا تَسْعَىٰ(15)

 Saktemene bakal tekane dina Qiyamat iku mesthi kaleksanan, meh - meh Ingsun gawe dadi tekane Qiyamat iku kanggo males sakabehing badan apa kang wis ditindakake (ala lan becik)

فَلَا يَصُدَّنَّكَ عَنْهَا مَن لَّا يُؤْمِنُ بِهَا وَاتَّبَعَ هَوَاهُ فَتَرْدَىٰ(16)

 Awit saka iku, sira aja nganti kelu (dienggokake) marang wong kang ora percaya marang bakal kelakone dina qiyamat sarta nuruti karepe hawa napsu. Manawa sira kelu mesthi bakal rusak

وَمَا تِلْكَ بِيَمِينِكَ يَا مُوسَىٰ(17)

 Lan apa kang sira cekel ana ing tanganira tengen iku, Musa

قَالَ هِيَ عَصَايَ أَتَوَكَّأُ عَلَيْهَا وَأَهُشُّ بِهَا عَلَىٰ غَنَمِي وَلِيَ فِيهَا مَآرِبُ أُخْرَىٰ(18)

 Nabi Musa munjuk, "Punika teken kawula. Kawula angge teteken, sarta kawula angge nggegepyok ron - ronan kangge pakanipun menda kawula, saha kangge sanes - sanesipun

قَالَ أَلْقِهَا يَا مُوسَىٰ(19)

 Panjenengane Allah paring dhawuh, "He, Musa, mara uncalna tekenira iku

فَأَلْقَاهَا فَإِذَا هِيَ حَيَّةٌ تَسْعَىٰ(20)

 Nabi Musa banjur nguncalake teken mau. Dumadakan teken iku dadi ula gede kang mlaku (nlosor)

قَالَ خُذْهَا وَلَا تَخَفْ ۖ سَنُعِيدُهَا سِيرَتَهَا الْأُولَىٰ(21)

 Allah paring pangandika, "Mara ula iku jupuken, aja wedi. Ingsun bakal balekake ula iku marang kahanane sekawit, dadi teken maneh

وَاضْمُمْ يَدَكَ إِلَىٰ جَنَاحِكَ تَخْرُجْ بَيْضَاءَ مِنْ غَيْرِ سُوءٍ آيَةً أُخْرَىٰ(22)

 Lan mara tanganira (epek - epekira) kempitna ana ing caklaanira yekti bakal malih dadi putih mencorong tanpa cacat (dudu putih belang). Iku dadi tanda yekti siji maneh kang mratandhani menawa sira dadi utusaningsun

لِنُرِيَكَ مِنْ آيَاتِنَا الْكُبْرَى(23)

 (Kejaba tanda yekti loro iku) sira Ingsun tuduhake tondaha yektiningsun kang luwih gedhe

اذْهَبْ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ إِنَّهُ طَغَىٰ(24)

 Saiki sira mangkata, ingsun utus ketemu Fir’aun. Satemene dheweke iku banget lacute

قَالَ رَبِّ اشْرَحْ لِي صَدْرِي(25)

 Nabi Musa munjuk, "Dhu Pangeran pepundhen kawula, mugi panjenengan paring pepadhang manah (anjemberaken dhadha) kawula

وَيَسِّرْ لِي أَمْرِي(26)

 Saha mugi panjenengan paring gampil anggen kawula nglampahi ajakan kawula

وَاحْلُلْ عُقْدَةً مِّن لِّسَانِي(27)

 Saha mugi mantunaken cidaliput ilat kawula

يَفْقَهُوا قَوْلِي(28)

 Supados Fir’aun dalah para kaumipun sami mangertos wicantenan kawula

وَاجْعَل لِّي وَزِيرًا مِّنْ أَهْلِي(29)

 Saha kawula mugi kaparingan pembantu ingkang klebet ahli kawula

هَارُونَ أَخِي(30)

 Inggih punika Harun, sedherek kawula kaliyan piyambakipun

اشْدُدْ بِهِ أَزْرِي(31)

 Saha mugi panjenengan ngiyataken geger kawula kaliyan piyambakipun

وَأَشْرِكْهُ فِي أَمْرِي(32)

 Saha mugi nyarengaken Harun ambantu kawula wonten ing padamelan kawula punika

كَيْ نُسَبِّحَكَ كَثِيرًا(33)

 Supados kita kekalih sami ngathah - ngathahaken anggen kula maha nucekaken Panjenengan

وَنَذْكُرَكَ كَثِيرًا(34)

 Punapa malih ngathah - ngathahaken anggen kita enget dhateng panjenengan

إِنَّكَ كُنتَ بِنَا بَصِيرًا(35)

 Saestunipun Panjenengan punika ngawuningani dhateng kita sedaya

قَالَ قَدْ أُوتِيتَ سُؤْلَكَ يَا مُوسَىٰ(36)

 Allah paring pangandika, "He Musa, temen Ingsun wis gnabulake apa sing dadi panyuwunira

وَلَقَدْ مَنَنَّا عَلَيْكَ مَرَّةً أُخْرَىٰ(37)

 (Liyane iki) temen Ingsun wis paring kanugrahan sepisan maneh marang sira sadurunge iki

إِذْ أَوْحَيْنَا إِلَىٰ أُمِّكَ مَا يُوحَىٰ(38)

 Yaiku nalika Ingsun paring wahyu (ilham) marang ibunira, kaya kan gwis Ingsun dhawuhake mengkene

أَنِ اقْذِفِيهِ فِي التَّابُوتِ فَاقْذِفِيهِ فِي الْيَمِّ فَلْيُلْقِهِ الْيَمُّ بِالسَّاحِلِ يَأْخُذْهُ عَدُوٌّ لِّي وَعَدُوٌّ لَّهُ ۚ وَأَلْقَيْتُ عَلَيْكَ مَحَبَّةً مِّنِّي وَلِتُصْنَعَ عَلَىٰ عَيْنِي(39)

 (Sarehne sira kuwatir mbok menawa anakira dipateni Fir’aun), anakira iku sira wadhahana ing peti, nuli kentirna (cemplungna) ana ing bengawan (Nil). Bengawan nil bakal minggerake peti mau marang pinggir anakira bakal ditemu (dijupuk) dening mungsuh Ingsun lan mungsuh ira (yaiku Fir’aun). Lan Ingsun paring asih marang sira (Musa), supaya sira, kinasih lan supaya diopeni kanthi pikantuk penjagaan

إِذْ تَمْشِي أُخْتُكَ فَتَقُولُ هَلْ أَدُلُّكُمْ عَلَىٰ مَن يَكْفُلُهُ ۖ فَرَجَعْنَاكَ إِلَىٰ أُمِّكَ كَيْ تَقَرَّ عَيْنُهَا وَلَا تَحْزَنَ ۚ وَقَتَلْتَ نَفْسًا فَنَجَّيْنَاكَ مِنَ الْغَمِّ وَفَتَنَّاكَ فُتُونًا ۚ فَلَبِثْتَ سِنِينَ فِي أَهْلِ مَدْيَنَ ثُمَّ جِئْتَ عَلَىٰ قَدَرٍ يَا مُوسَىٰ(40)

 Dheksamana sedulurira wadon (Maryam) lumaku perlu ngodhol marang sira. Bareng sira ditemu dening para abdining Fir’aun, dheweke banjur celathu marang kang nemu, "Punapa panjenengan kersa kula tedahi tiyang ingkang saget ngopeni lan nyesepi bayi punika?" (wong kang nemu bayi mau banjur setuju, Maryam banjur ngundang ibune). Ingsun nuli mbalekake sira marang ibunira supaya atine seneng sarta ora sedhih. Lan sira wis mateni sawijining wong (Qibthi), sira Ingsun paringi selamet saka kesusahan jalaran anggonira mateni iku. Lan Ingsun maringi pirang - pirang coba mawarna - mawarna (lan uga Ingsun paringi selamet), sira nuli manggon ana ing ahli Madyan (dalane nabi Syu’aib) pirang - pirang tahun (kurang luwih tahun) (sarta ngrabeni putrane), sira banjur bali maneh sawise tumeka mongsa kang wis Ingsun temtokake marang sira

وَاصْطَنَعْتُكَ لِنَفْسِي(41)

 Ln sira wis Ingsun pilih supaya nampa wahyu lan risalah saka ngarsaningsun

اذْهَبْ أَنتَ وَأَخُوكَ بِآيَاتِي وَلَا تَنِيَا فِي ذِكْرِي(42)

 Sira karo sedulurira (Harun) padha mangkata, perlu ngundangake dhawuhingsun marang manungsa kabeh, kanthi ngampil ayat ingsun. Lan sira sakloron aja kendhat - kendhat eling ngundhangake dhawuhingsun

اذْهَبَا إِلَىٰ فِرْعَوْنَ إِنَّهُ طَغَىٰ(43)

 Sira sakloron padha mangkata nemoni raja Fir’aun, jalaran dheweke iku banget lacute

فَقُولَا لَهُ قَوْلًا لَّيِّنًا لَّعَلَّهُ يَتَذَكَّرُ أَوْ يَخْشَىٰ(44)

 Sira sakloron padha dhawuhna raja Fir’aun kanthi aris (andhap asor), muga - muga dheweke gelem nampa pepeling utawa wedi marang Ingsun

قَالَا رَبَّنَا إِنَّنَا نَخَافُ أَن يَفْرُطَ عَلَيْنَا أَوْ أَن يَطْغَىٰ(45)

 Sak karone padha munjuk, "Dhuh Allah Pangeran kawula, sayektosipun kawula punika kuwatos mbokmenawi Fir’aun lajeng misakit utawi mejahi dhateng kawula, utawi mbokmenawi sang saya sanget anggenipun siya - siya dhateng kawula

قَالَ لَا تَخَافَا ۖ إِنَّنِي مَعَكُمَا أَسْمَعُ وَأَرَىٰ(46)

 Allah paring pangandika, "Sira aja padha kuwatir, saktemene Ingsun anjangkung marang sira, ingsun mireng aturira lan mirsani marang sak solah tingkahira

فَأْتِيَاهُ فَقُولَا إِنَّا رَسُولَا رَبِّكَ فَأَرْسِلْ مَعَنَا بَنِي إِسْرَائِيلَ وَلَا تُعَذِّبْهُمْ ۖ قَدْ جِئْنَاكَ بِآيَةٍ مِّن رَّبِّكَ ۖ وَالسَّلَامُ عَلَىٰ مَنِ اتَّبَعَ الْهُدَىٰ(47)

 Sira sak kloron tekoa marang Fir’aun sarta dhawuha mengkene: kula kekalih punika utusanipun Allah pangeran panjenengan, jalaran saking punika tiyang - tiyang bani Israil sarta kula mugi kalepasna saking pandamelan sarta sampun panjenengan siksa. Sayektosipun kula dhateng panjenengan punika ambekta tandha yekti saking pangeran panjenengan. Lan kawilujengan tetep dhateng tiyang ingkang manut pitedah

إِنَّا قَدْ أُوحِيَ إِلَيْنَا أَنَّ الْعَذَابَ عَلَىٰ مَن كَذَّبَ وَتَوَلَّىٰ(48)

 Sayektosipun kula sami kaparing wahyu, bilih siksa punika kaptrapaken dhateng tiyang ingkang anggorohaken para utusan tuwin mlengos

قَالَ فَمَن رَّبُّكُمَا يَا مُوسَىٰ(49)

 Fir’aun banjur pitakon, "He Musa lan Harun sapa pangeranira iku

قَالَ رَبُّنَا الَّذِي أَعْطَىٰ كُلَّ شَيْءٍ خَلْقَهُ ثُمَّ هَدَىٰ(50)

 Musa mangsuli, "Dene pangeran kula inggih punika Allah ingkang sampun paring sadoya kabetahanipun para titah. Saklajengipun panjenenganipun paring pitedah marginipun kawilujengan

قَالَ فَمَا بَالُ الْقُرُونِ الْأُولَىٰ(51)

 Fir’aun pitakon maneh, "Kepriye kahanane ummat kang wis kapungkur

قَالَ عِلْمُهَا عِندَ رَبِّي فِي كِتَابٍ ۖ لَّا يَضِلُّ رَبِّي وَلَا يَنسَى(52)

 Musa banjur mangsuli, "Ingkang wuninga lelampahanipun para ummat ingkang sampun kapengker punika namung Allah pangeran kawula, perkawis punika sampun kaserat wonten Lauhil Mahfudz. pangeran kula boten badhe klento lan boten kesupen

الَّذِي جَعَلَ لَكُمُ الْأَرْضَ مَهْدًا وَسَلَكَ لَكُمْ فِيهَا سُبُلًا وَأَنزَلَ مِنَ السَّمَاءِ مَاءً فَأَخْرَجْنَا بِهِ أَزْوَاجًا مِّن نَّبَاتٍ شَتَّىٰ(53)

 (Panjenengane pangeran) kang wis nitahake bumi iki jumereng kanggo sira kabeh, sarta panjenengane wis ndadekake pirang - pirang dalan ana ing bumi kanggo sira kabeh, sarta panjenengane nurunake banyu saka ing langit. Ingsun nuli ngetokkake sarwane thethukulan kang beda - beda rupane

كُلُوا وَارْعَوْا أَنْعَامَكُمْ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّأُولِي النُّهَىٰ(54)

 (He para manungsa) sira padha mangana thethukulane bumi lan padha angona raja kayanira. Saktemene kang mengkono iku temen dadi tonda yekti tumrap wong kang duwe akal

۞ مِنْهَا خَلَقْنَاكُمْ وَفِيهَا نُعِيدُكُمْ وَمِنْهَا نُخْرِجُكُمْ تَارَةً أُخْرَىٰ(55)

 Sira padha ingsun titahake saka ing bumi, lan bakal ingsun balkake ana ing bumi maneh, sakbanjure sira bakal ingsun wetokake sangka bumi sapisan maneh

وَلَقَدْ أَرَيْنَاهُ آيَاتِنَا كُلَّهَا فَكَذَّبَ وَأَبَىٰ(56)

 Lan temen ingsun wis meruhake kabeh ayat - ayat Ingsun marang Fir’aun nanging dheweke malah anggorohake lan ora gelem nampa

قَالَ أَجِئْتَنَا لِتُخْرِجَنَا مِنْ أَرْضِنَا بِسِحْرِكَ يَا مُوسَىٰ(57)

 Fir’aun banjur ngucap, "he Musa paa tekamu iki tegel nundhung aku sak kukuban saka ing bumi negaraku kene (negara Mesir sarana sihirmu iku)

فَلَنَأْتِيَنَّكَ بِسِحْرٍ مِّثْلِهِ فَاجْعَلْ بَيْنَنَا وَبَيْنَكَ مَوْعِدًا لَّا نُخْلِفُهُ نَحْنُ وَلَا أَنتَ مَكَانًا سُوًى(58)

 Temen aku bakal nekakake sihir marang sira kanggo nandingi. Jalaran saka iku mara gawea perjanjian ora kena disulayani dening aku lan sira ana ing panggonan kang adil

قَالَ مَوْعِدُكُمْ يَوْمُ الزِّينَةِ وَأَن يُحْشَرَ النَّاسُ ضُحًى(59)

 Musa mangsuli, "Panjenengan temtokaken benjing dinten ageng kemawon mangsanipun tiyang sami mangangge pameran, ing mriku para tiyang sami dipun klempakakke ing wanci injing

فَتَوَلَّىٰ فِرْعَوْنُ فَجَمَعَ كَيْدَهُ ثُمَّ أَتَىٰ(60)

 Fir’aun nuli mlengos dhawuh nglumpukake juru sihir, sakwise nglumpuk banjur diirit marang panggonan kang ditemtokake, ing dina kang wis ditemtokake. Ana ing kono tempok karo Musa

قَالَ لَهُم مُّوسَىٰ وَيْلَكُمْ لَا تَفْتَرُوا عَلَى اللَّهِ كَذِبًا فَيُسْحِتَكُم بِعَذَابٍ ۖ وَقَدْ خَابَ مَنِ افْتَرَىٰ(61)

 Musa banjur celathu marang wong - wong sihir mau, "He para juru sihir, cilaka temen kowe, aja wani - wani gawe celathu goroh ngarani tandha yektine Allah iku sihir. Allah bakal numpes kowe kabeh kanthi siksa, lan wong kang gawe - gawe iku bakal nandhang kapitunan

فَتَنَازَعُوا أَمْرَهُم بَيْنَهُمْ وَأَسَرُّوا النَّجْوَىٰ(62)

 Para juru sihir mau banjur padha kumpul rerembugan padha papadhon (ana kang ngarani Mukjizat nabi Musa iku sihir lan ana ing ngarani dudu sihir) sarta padha nyidhemake anggone padha rerembugan

قَالُوا إِنْ هَٰذَانِ لَسَاحِرَانِ يُرِيدَانِ أَن يُخْرِجَاكُم مِّنْ أَرْضِكُم بِسِحْرِهِمَا وَيَذْهَبَا بِطَرِيقَتِكُمُ الْمُثْلَىٰ(63)

 Para juru sihir mau banjur padha ngucap, "Saktemene wong loro iku (Musa lan Harun) yekti juru sihir kang arep nundung sira saka bumi-nira kanthi ilmu sihire. Lan arep ngilangake dedalane agamanira kang pancen utama

فَأَجْمِعُوا كَيْدَكُمْ ثُمَّ ائْتُوا صَفًّا ۚ وَقَدْ أَفْلَحَ الْيَوْمَ مَنِ اسْتَعْلَىٰ(64)

 Jalaran saka iku digolong anggonmu padha ngetokake keluwihanmu ing ilmu sihir, nuli padha majua kanthi saktata barisan. Ing dina iku sing sapa sihire unggul lan menang mesthi beja

قَالُوا يَا مُوسَىٰ إِمَّا أَن تُلْقِيَ وَإِمَّا أَن نَّكُونَ أَوَّلَ مَنْ أَلْقَىٰ(65)

 Para juru sihir banjur celathu, "He nabi Musa punapa panjenengan nguncalaken teken rumiyin punapa kula ingkang rumiyin nguncalaken teken lan tampar kula

قَالَ بَلْ أَلْقُوا ۖ فَإِذَا حِبَالُهُمْ وَعِصِيُّهُمْ يُخَيَّلُ إِلَيْهِ مِن سِحْرِهِمْ أَنَّهَا تَسْعَىٰ(66)

 Musa banur mangsuli, "Sira nguncalaken dhisik" (para juru sihir padha nguncalake teken lan tampare) sak naliko iku sihire para juru sihir tumama marang nabi Musa, tampar lan teken katon padha dadi ula, padha mlaku pating talesep

فَأَوْجَسَ فِي نَفْسِهِ خِيفَةً مُّوسَىٰ(67)

 Musa krasa wedi ana ing sakjroneng atine

قُلْنَا لَا تَخَفْ إِنَّكَ أَنتَ الْأَعْلَىٰ(68)

 (Pangandikane Allah), "Ingsun dhawuh marang Musa, Sira aja wedi lan kuwati, jalaran saktemene sira kang bakal luwih unggul lan menang

وَأَلْقِ مَا فِي يَمِينِكَ تَلْقَفْ مَا صَنَعُوا ۖ إِنَّمَا صَنَعُوا كَيْدُ سَاحِرٍ ۖ وَلَا يُفْلِحُ السَّاحِرُ حَيْثُ أَتَىٰ(69)

 Lan teken kang ana tangan tengenira iku sira uncalna (mesthi dadi ula gedhe) banjur nguntali ulane para juru sihir mau, awit ula mau dudu ula temenan, mung pangreka dayane juru sihir bae. Lan para juru sihir iku ana ing endi - endi panggonan ora bakal beja lan menang

فَأُلْقِيَ السَّحَرَةُ سُجَّدًا قَالُوا آمَنَّا بِرَبِّ هَارُونَ وَمُوسَىٰ(70)

 (Sakwise tekene Musa diuncalake lan nguntal kabeh ulane para juru sihir mau) para juru sihir mau tumuli padha njungkel sujud ing Allah. Bareng wis tangi banjur padha matur, "Kula sami pitados dhateng pangeranipun Harun lan Musa

قَالَ آمَنتُمْ لَهُ قَبْلَ أَنْ آذَنَ لَكُمْ ۖ إِنَّهُ لَكَبِيرُكُمُ الَّذِي عَلَّمَكُمُ السِّحْرَ ۖ فَلَأُقَطِّعَنَّ أَيْدِيَكُمْ وَأَرْجُلَكُم مِّنْ خِلَافٍ وَلَأُصَلِّبَنَّكُمْ فِي جُذُوعِ النَّخْلِ وَلَتَعْلَمُنَّ أَيُّنَا أَشَدُّ عَذَابًا وَأَبْقَىٰ(71)

 (Fir’aun banget nepsune marang juru sihire) pengucape, "Ya gene kowe durung oleh palilahku teka banjur percaya marang Musa. Yen mengkono Musa iku penggedhemu kang mulang sirih marang kowe. Lah ya rasakna, kowe mesthi bakal tan junjang, tak kethok tanganmu tengen lan sikilmu kiwa, lan bakal tak penthang ana wit kurma. Ing kono kowe bakal sumur sapa kang siksane luwih abot lan langgeng

قَالُوا لَن نُّؤْثِرَكَ عَلَىٰ مَا جَاءَنَا مِنَ الْبَيِّنَاتِ وَالَّذِي فَطَرَنَا ۖ فَاقْضِ مَا أَنتَ قَاضٍ ۖ إِنَّمَا تَقْضِي هَٰذِهِ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا(72)

 Para juru sihir banjur padha matur, "Kula sami boten badhe milih panjenengan, maiben tandha yekti ingkang sampun kula sumerapi kanthi terang punika babar pisan bote. Dene pangancam panjengan dhateng kula kathah - kathah inggih sumangga panjenengan tindakaken. Demi Allah ingkang sampun angawontenaken kula, anggen panjenengan badhe misakit dhateng kula punika namung tumrap wonten ing donya kemawon

إِنَّا آمَنَّا بِرَبِّنَا لِيَغْفِرَ لَنَا خَطَايَانَا وَمَا أَكْرَهْتَنَا عَلَيْهِ مِنَ السِّحْرِ ۗ وَاللَّهُ خَيْرٌ وَأَبْقَىٰ(73)

 Sak estunipun kita punika iman dhateng Allah Pangeran kula, supados Allah paring pangapunten kalepatan kula sadaya langkung-langkung malih anggen kula purun panjenengan peksa sinau sarta nindakake sihir. Dene ganjaranipun ALlah punika langkung sae ngungkuli ganjaran panjenengan saha langgeng

إِنَّهُ مَن يَأْتِ رَبَّهُ مُجْرِمًا فَإِنَّ لَهُ جَهَنَّمَ لَا يَمُوتُ فِيهَا وَلَا يَحْيَىٰ(74)

 Saktemene wong kang padha sowan (mati) marang pangerane kalayan dosa (kafir) iku bakal pikantuk (kaptrapan neraka jahanam). Ana ing kono dheweke iku ora mati lan ora urip

وَمَن يَأْتِهِ مُؤْمِنًا قَدْ عَمِلَ الصَّالِحَاتِ فَأُولَٰئِكَ لَهُمُ الدَّرَجَاتُ الْعُلَىٰ(75)

 Dene wong kang sowan marang ngarsane pangerane kalayan percaya (iman) lan wis nindakake laku becik, iku dheweke bakal pikantuk pangkat kang luhur (ana ing suwarga)

جَنَّاتُ عَدْنٍ تَجْرِي مِن تَحْتِهَا الْأَنْهَارُ خَالِدِينَ فِيهَا ۚ وَذَٰلِكَ جَزَاءُ مَن تَزَكَّىٰ(76)

 Yaiku suwarga ’Adn panggonan langgeng, kang sangisore ana bengawane mili, ana ing kono wong - wong mau padha langgeng. Mengkono iku ganjarane wong kang suci saka dosa

وَلَقَدْ أَوْحَيْنَا إِلَىٰ مُوسَىٰ أَنْ أَسْرِ بِعِبَادِي فَاضْرِبْ لَهُمْ طَرِيقًا فِي الْبَحْرِ يَبَسًا لَّا تَخَافُ دَرَكًا وَلَا تَخْشَىٰ(77)

 (Pangandikane Allah), "Lan temen Ingsun wis paring wahyu marang Musa, ’He Musa lungoa (lumakua) ing wayah bengi (saka ing tanah Mesir) bareng karo kawulaningsun (bani Israil). tekenira sira sabetna ing segara, mesthi banjur piyak, dalan gedhe, asat tur resik. Sira lumaku ing kona tanpa kuwatir kecandhak Fir’aun, lan ora kuwatir kerem ing segara

فَأَتْبَعَهُمْ فِرْعَوْنُ بِجُنُودِهِ فَغَشِيَهُم مِّنَ الْيَمِّ مَا غَشِيَهُمْ(78)

 Musa sarta sapendhereke nuli diburu (disusul) dening Fir’aun sawadya balane, (miturut cerita cacahe . lan dipenggedheni dening Opsir wadyabala kang tangguh padha melu mlebu ing segara) banjur padha tumpes tinungkep ing banyu segara

وَأَضَلَّ فِرْعَوْنُ قَوْمَهُ وَمَا هَدَىٰ(79)

 Fir’aun mau tetep nasarake para kaume kabeh padha mati kafir, padha ora pikantuk pituduh

يَا بَنِي إِسْرَائِيلَ قَدْ أَنجَيْنَاكُم مِّنْ عَدُوِّكُمْ وَوَاعَدْنَاكُمْ جَانِبَ الطُّورِ الْأَيْمَنَ وَنَزَّلْنَا عَلَيْكُمُ الْمَنَّ وَالسَّلْوَىٰ(80)

 (Pangandikane Allah), "He wong Bani Israil. Temen Ingsun wis paring selamet marang sira ucul saka satrunira Fir’aun, lan Ingsun wis janji marang sira supaya sira teka marang gegering gunung sisih tengen (Tursina), sarta nalika ana ing ara - ara teh, sira Ingsun paringi pangan rupa manna lan salwa

كُلُوا مِن طَيِّبَاتِ مَا رَزَقْنَاكُمْ وَلَا تَطْغَوْا فِيهِ فَيَحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبِي ۖ وَمَن يَحْلِلْ عَلَيْهِ غَضَبِي فَقَدْ هَوَىٰ(81)

 (Dhawuh Ingsun), "Sira padha mangana peparingingsun rejeki kang becik - becik, lan poma dipoma sira aja padha ngluwihi wates, mundhak kena bebenduningsun. Lan sapa kang kena ing bebenduningsun, mesthi kacemplung ing neraka

وَإِنِّي لَغَفَّارٌ لِّمَن تَابَ وَآمَنَ وَعَمِلَ صَالِحًا ثُمَّ اهْتَدَىٰ(82)

 Satemene Ingsun iku Maha Pangapura marang wong kang gelem tobat, lan iman sarta nindakake kebecikan, lestari netepi pituduh bener nganti tumeka ing waktune mati

۞ وَمَا أَعْجَلَكَ عَن قَوْمِكَ يَا مُوسَىٰ(83)

 He Musa, sebab apa sira teka kesusu anggonira seba marang Ingsun, nganti ngelancangi para kaumira

قَالَ هُمْ أُولَاءِ عَلَىٰ أَثَرِي وَعَجِلْتُ إِلَيْكَ رَبِّ لِتَرْضَىٰ(84)

 Nabi Musa matur, "Tetiyang wau wonten ing wingking kawula mboten tebih, persasat sareng kemawon kaliyan kawula. Dhuh Pangeran kawula. WOndene anggen kawula kesesa kedhangkalan mareg ing panjenengan punika supados paringa karidhaan panjenengan dhateng kawula

قَالَ فَإِنَّا قَدْ فَتَنَّا قَوْمَكَ مِن بَعْدِكَ وَأَضَلَّهُمُ السَّامِرِيُّ(85)

 Allah paring pangandika, "Sapungkurira, para kaumira padha Ingsun paringi coba, padha disasarake dening wong golongan Samiri (padha diajak manembah pedhet mas)

فَرَجَعَ مُوسَىٰ إِلَىٰ قَوْمِهِ غَضْبَانَ أَسِفًا ۚ قَالَ يَا قَوْمِ أَلَمْ يَعِدْكُمْ رَبُّكُمْ وَعْدًا حَسَنًا ۚ أَفَطَالَ عَلَيْكُمُ الْعَهْدُ أَمْ أَرَدتُّمْ أَن يَحِلَّ عَلَيْكُمْ غَضَبٌ مِّن رَّبِّكُمْ فَأَخْلَفْتُم مَّوْعِدِي(86)

 Nabi Musa (bareng wis patang puluh dina anggone ana ing gunung lan wis diparingi kitab Taurat) banjur bali marang panggonane para kaume (wong Bani Israil) Musa ngendika, "he para kaumku. Pangeranmu apa ora wis paring perjanjian becik marang kowe (kowe bakal diparingi kitab Taurat) lan apa kesuwen anggonmu padha ngenteni tekaningsun (saka ing gunung anggawa kitab Taurat kang wis dijanjekake dening Allah) utawa apa sira pancen njarag supaya kena bebenduning Allah Pangeranira, (dene sira teka manembah pedhet mas) nyidrani perjanjianira marang ingsun

قَالُوا مَا أَخْلَفْنَا مَوْعِدَكَ بِمَلْكِنَا وَلَٰكِنَّا حُمِّلْنَا أَوْزَارًا مِّن زِينَةِ الْقَوْمِ فَقَذَفْنَاهَا فَكَذَٰلِكَ أَلْقَى السَّامِرِيُّ(87)

 Para kaume Musa, (yaiku para kaum Bani Israil) banjur padha matur, "Anggen kita nyidrani perjanjian kita dhateng panjenengan punika boten saking kajeng kula piyambak, lugunipun makaten: nalika kesah kita saking Mesir punika rumiyin, sami mbekta rajabrana gadahanipun tiyang mesir. Sarehning barang punika sanes leresipun dados gadhahan kita, saking pembujuking tiyang golongan Samiri

فَأَخْرَجَ لَهُمْ عِجْلًا جَسَدًا لَّهُ خُوَارٌ فَقَالُوا هَٰذَا إِلَٰهُكُمْ وَإِلَٰهُ مُوسَىٰ فَنَسِيَ(88)

 Rajabrana wau dipun klempakaken, lajeng dipun cithak dados pedhet mas, ingkang mawa daging lan ruh, tur saget nyuwanten pangucapipun (tiyang Samiri), "Iki Pangeranmu lan Pangerane Musa uga, dheweke kelalen

أَفَلَا يَرَوْنَ أَلَّا يَرْجِعُ إِلَيْهِمْ قَوْلًا وَلَا يَمْلِكُ لَهُمْ ضَرًّا وَلَا نَفْعًا(89)

 Wong kang padha manembah pedhet mas mau apa ora duwe panemu menawa pedhet mas ikuora bisa mangsuli pitakon apa - apa, lan ora bisa agawe kemlaratan, apa dene piguno marang dheweke

وَلَقَدْ قَالَ لَهُمْ هَارُونُ مِن قَبْلُ يَا قَوْمِ إِنَّمَا فُتِنتُم بِهِ ۖ وَإِنَّ رَبَّكُمُ الرَّحْمَٰنُ فَاتَّبِعُونِي وَأَطِيعُوا أَمْرِي(90)

 Sadurunge iku, Harus wis paring pituru mengkene, "He para kaumku. Satemene sira iku padha kena coba pedhet mas. lan satemene pangeranira iku Allah Kang Maha Welas. Awit saka iku sira padha manuta marang agamaningsun lan manuta marang dhawuhingsun

قَالُوا لَن نَّبْرَحَ عَلَيْهِ عَاكِفِينَ حَتَّىٰ يَرْجِعَ إِلَيْنَا مُوسَىٰ(91)

 Wong - wong bani Israil padha mangsuli, "Inggih kajengipun. Kula boten badhe kendel anggen kula manembah pedhet mas, kantenipun benjing menawi Musa sampun kondur" (punapa duka, punapa lajeng tumut manembah pedhet mas)

قَالَ يَا هَارُونُ مَا مَنَعَكَ إِذْ رَأَيْتَهُمْ ضَلُّوا(92)

 Musa banjur pitaken, "Dhuh Kang mas harun punapa ingkang angalang-alangi nalika panjenengan sumerep tiyang - tiyang Bani Israil sami sasar (manembah pedhet mas)

أَلَّا تَتَّبِعَنِ ۖ أَفَعَصَيْتَ أَمْرِي(93)

 Panjenengan boten enggal - enggal manut kula (nerangaken kemsyurikanipun tiyang - tiyang bani Israil). Punapa pancen panjenengan jarag sengaja nyulayani piweling kula

قَالَ يَا ابْنَ أُمَّ لَا تَأْخُذْ بِلِحْيَتِي وَلَا بِرَأْسِي ۖ إِنِّي خَشِيتُ أَن تَقُولَ فَرَّقْتَ بَيْنَ بَنِي إِسْرَائِيلَ وَلَمْ تَرْقُبْ قَوْلِي(94)

 Harun mangsuli, "Dhuh putrane sibu. Sira aja nyekeli jenggot lan sirahku. Satemene Ingsun kuwatir yen sira ngucap mengkene, "Dhuh kangma Harun, Satemene sira wis misahake kaum Bani Israil, lan sira ora ngreksa marang ucapaningsun

قَالَ فَمَا خَطْبُكَ يَا سَامِرِيُّ(95)

 Musa takon, "Apa kang nyebabake sira manembah pedhet iku he Samiri

قَالَ بَصُرْتُ بِمَا لَمْ يَبْصُرُوا بِهِ فَقَبَضْتُ قَبْضَةً مِّنْ أَثَرِ الرَّسُولِ فَنَبَذْتُهَا وَكَذَٰلِكَ سَوَّلَتْ لِي نَفْسِي(96)

 Samiri matur, "Kawula sumerep satunggaling perkawis ingkang boten dipun sumerepi dening tetiyang kathah (Bani Israil). Kawula lajeng ngepel siti sakepel saking tapakipun utusan (malaikat Jibril), lajeng kawula lebetaken dhateng cangkemipun pedhet (wekdal punika lajeng saget nyuwanten kados lembu sayektos) Lan kados makaten punika nafsu kawula sampun memaesi kawula tumindak makaten punika

قَالَ فَاذْهَبْ فَإِنَّ لَكَ فِي الْحَيَاةِ أَن تَقُولَ لَا مِسَاسَ ۖ وَإِنَّ لَكَ مَوْعِدًا لَّن تُخْلَفَهُ ۖ وَانظُرْ إِلَىٰ إِلَٰهِكَ الَّذِي ظَلْتَ عَلَيْهِ عَاكِفًا ۖ لَّنُحَرِّقَنَّهُ ثُمَّ لَنَنسِفَنَّهُ فِي الْيَمِّ نَسْفًا(97)

 Musa banjur dhawuh, "He Samiri. Sira lungaa (aja mrene maneh salawase urip). Satemene kanggo piwalesira ana ing panguripan donya sira ngucap, "Ora gepok senggol" (sira aja awor marang para manungsa lan sira ora kena dicampuri dening sapa bae). Lan sayekti sira duwe mangsa (bakal kapatrapan siksa kang luwih abot ana ing akherat), kang ora bisa sira sulayani. Lan delengen Pangeranira kang salawase sira sembah, yekti bakal ingsun obong, sarta awune bakal ingsun sawurake ana ing segara

إِنَّمَا إِلَٰهُكُمُ اللَّهُ الَّذِي لَا إِلَٰهَ إِلَّا هُوَ ۚ وَسِعَ كُلَّ شَيْءٍ عِلْمًا(98)

 Satemene Pangeranira kabeh iku Allah, kang ora ana sesembahan kang bener kajaba mung Panjenengane piyambak, kang kawruhing Allah iku jembar banget anglimputi kabeh perkara

كَذَٰلِكَ نَقُصُّ عَلَيْكَ مِنْ أَنبَاءِ مَا قَدْ سَبَقَ ۚ وَقَدْ آتَيْنَاكَ مِن لَّدُنَّا ذِكْرًا(99)

 Kaya mengkono anggoningsun nyritakake lelakone Ummat ing zaman kuna marang sira (Muhammad). Lan tmen Ingsun wis paring marang sira pitutur (Qur’an) saka ngarsaningsun

مَّنْ أَعْرَضَ عَنْهُ فَإِنَّهُ يَحْمِلُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ وِزْرًا(100)

 Sing sapa mlengso, ora percaya marang al-Qur’an, temen dheweke iku besuk ing dina Qiyamat bakal nggendhong dosa

خَالِدِينَ فِيهِ ۖ وَسَاءَ لَهُمْ يَوْمَ الْقِيَامَةِ حِمْلًا(101)

 Anggone padha nandang siksa patrapaning dosa mau langgeng. Lan ala teman anggone padha nggendhong dosa besuk dina Qiyamat

يَوْمَ يُنفَخُ فِي الصُّورِ ۚ وَنَحْشُرُ الْمُجْرِمِينَ يَوْمَئِذٍ زُرْقًا(102)

 Iya iku ana ing dina nalika slomprette Malaikat Israfil kang isi sakehing nyawa disebul. Ing dina iku Ingsun nglumpukake wong - wong kang padha dosa, mripate pada wuta

يَتَخَافَتُونَ بَيْنَهُمْ إِن لَّبِثْتُمْ إِلَّا عَشْرًا(103)

 Dheweke padha pating klesik crita marang kancane, "Anggonmu ana ing donya biyen, kira - kira apa mung tahun lawase

نَّحْنُ أَعْلَمُ بِمَا يَقُولُونَ إِذْ يَقُولُ أَمْثَلُهُمْ طَرِيقَةً إِن لَّبِثْتُمْ إِلَّا يَوْمًا(104)

 Ingsun luwih ngudanenn ing kabeh kang padha diucapake nalika wong kang luwih pinter dhewe mangsuli, "Anggonira padha ana ing donya iku kira - kira mung sedina

وَيَسْأَلُونَكَ عَنِ الْجِبَالِ فَقُلْ يَنسِفُهَا رَبِّي نَسْفًا(105)

 Muhammad, dheweke padha pitakon marang sira saka kahanane gunung - gunung besuk ing dina Qiyamat, sira dhawuha, "Besuk dina Qiyamat, gunung - gunung iku padha dibedholi dening Pangeranku, bakal diawur - awurake dening Pangranku kadadekake lebu kang mawur

فَيَذَرُهَا قَاعًا صَفْصَفًا(106)

 Ing kono bumi banjur warata ngethak - ngenthak

لَّا تَرَىٰ فِيهَا عِوَجًا وَلَا أَمْتًا(107)

 Sira ora sumurup ana ing bumi kono ana kang mendhak - mendhukul

يَوْمَئِذٍ يَتَّبِعُونَ الدَّاعِيَ لَا عِوَجَ لَهُ ۖ وَخَشَعَتِ الْأَصْوَاتُ لِلرَّحْمَٰنِ فَلَا تَسْمَعُ إِلَّا هَمْسًا(108)

 Ana ing dina iku, kabeh wae pada manut marang panguwuhe (pangajake) Malaikat Israil (kabeh padha didhawuhi nglumpuk sowan ing ngarsane Pangeran) ora ana kang nyleweng. Suwora - suwora padha meneng, konjem karana wedi marang pangeran kang Maha Welas. Kowe ora krungu suwara apa - apa, kajaba mung suwara kleset - kleset

يَوْمَئِذٍ لَّا تَنفَعُ الشَّفَاعَةُ إِلَّا مَنْ أَذِنَ لَهُ الرَّحْمَٰنُ وَرَضِيَ لَهُ قَوْلًا(109)

 Ing dina iku ora ana syafa’at (pitulung) kang migunani, kajaba syafa’ate wong kang pikantuk idzine Pangeran kang Maha Welas, sarta kang ngucapake pangucap kang njalari oleh syafa’at (yaiku pangucap: Laa Ilaaha Illallah, Muhammadaur Rasulullah)

يَعْلَمُ مَا بَيْنَ أَيْدِيهِمْ وَمَا خَلْفَهُمْ وَلَا يُحِيطُونَ بِهِ عِلْمًا(110)

 Panjenengane ngudaneni kabeh kahanane para kawulane, padha uga kang wis kelakon lan kang durung kelakon. Lan ilmune wong - wong iku ora bisa nglimputi marang perkara kang kalimputan dening ilmune Allah

۞ وَعَنَتِ الْوُجُوهُ لِلْحَيِّ الْقَيُّومِ ۖ وَقَدْ خَابَ مَنْ حَمَلَ ظُلْمًا(111)

 Lan kabeh rahi padha konjem sujud marang Pangeran Kang Sugeng lan kang Jumeleng pribadi. Lan yekti kapitunan wong kang padha mikul dosa (besuk dina Qiyamat)

وَمَن يَعْمَلْ مِنَ الصَّالِحَاتِ وَهُوَ مُؤْمِنٌ فَلَا يَخَافُ ظُلْمًا وَلَا هَضْمًا(112)

 Dene wong kang nindakake kebecikan sarta dheweke iki iman, ora kuwatir yen ta dikaniaya (klawan ditambah alane) lan ora sumelang (kanthi dikurangi kebecikane)

وَكَذَٰلِكَ أَنزَلْنَاهُ قُرْآنًا عَرَبِيًّا وَصَرَّفْنَا فِيهِ مِنَ الْوَعِيدِ لَعَلَّهُمْ يَتَّقُونَ أَوْ يُحْدِثُ لَهُمْ ذِكْرًا(113)

 Lan mengkono iku Ingsun wis nurunake kitab al-Qur’an kanthi basa Arab, lan Ingsun nerangake ancaman ana ing kitab al-Qur’an iku. Muga - muga wong - wong mau padha wedi marang Allah utawa dadi pepeling marang dheweke

فَتَعَالَى اللَّهُ الْمَلِكُ الْحَقُّ ۗ وَلَا تَعْجَلْ بِالْقُرْآنِ مِن قَبْلِ أَن يُقْضَىٰ إِلَيْكَ وَحْيُهُ ۖ وَقُل رَّبِّ زِدْنِي عِلْمًا(114)

 Panjenengane Allah Raja kang sejati iku Maha Luhur. (Muhammad), sira aja age-age ndhawuhake Qur’an, yen durung nampani saka Malaikat Jibril klawan lahir kang nganti terang tegese. Lan sira nyenyuwuna marang Allah mengkene, "Dhuh Pangeran kawula. Mugi panjenengan kersa nambahi kawruh dhumateng kawula

وَلَقَدْ عَهِدْنَا إِلَىٰ آدَمَ مِن قَبْلُ فَنَسِيَ وَلَمْ نَجِدْ لَهُ عَزْمًا(115)

 Lan sadurunge kedadeyan wong- wong mau ngudari perjanjian, yekti Ingsun luwih dhisik wus paring perjanjian marang Nabi Adam yaiku Ingsun larangi ora kena cedhak - cedhak, (luwih maneh mangan woh Khuldi) dheweke nuli lali marang janjine, lan Ingsun ora nemu dheweke iku duwe kesabaran

وَإِذْ قُلْنَا لِلْمَلَائِكَةِ اسْجُدُوا لِآدَمَ فَسَجَدُوا إِلَّا إِبْلِيسَ أَبَىٰ(116)

 (Muhammad)sira nyaritakna nalika Ingsun dhawuh marang para Malaikat kabeh, "Sira padha sujuda marang Nabi Adam". Ing kono kabeh Malaikat padha sujud marang Nabi Adam, kajaba mung Iblis. dheweke bangkang ora gelem sujud marang Nabi Adam

فَقُلْنَا يَا آدَمُ إِنَّ هَٰذَا عَدُوٌّ لَّكَ وَلِزَوْجِكَ فَلَا يُخْرِجَنَّكُمَا مِنَ الْجَنَّةِ فَتَشْقَىٰ(117)

 Ingsun nuli ngendeika, "He Adam, satemene Iblis iki satrunira lan satrune rabinira. Jalaran saka iku sira wong sakloron, ngati - ngati aja nganti Iblis bisa ngetokake sira sakloron saka suwarga, jalaran ing mengkono sira mundhak cilaka

إِنَّ لَكَ أَلَّا تَجُوعَ فِيهَا وَلَا تَعْرَىٰ(118)

 Yekti sira ana ing suwarga kono (wis kapenak) ora nate keluwen lan ora kawudan

وَأَنَّكَ لَا تَظْمَأُ فِيهَا وَلَا تَضْحَىٰ(119)

 Lan satemene sira ana ing suwarga kono ora ngelak lan ora kena panasing srengenge

فَوَسْوَسَ إِلَيْهِ الشَّيْطَانُ قَالَ يَا آدَمُ هَلْ أَدُلُّكَ عَلَىٰ شَجَرَةِ الْخُلْدِ وَمُلْكٍ لَّا يَبْلَىٰ(120)

 Ing kono syetan banjur anggoda marang Adam, ature: "Dhuh Adam. Punapa panjenengan kersa kula tedhahaken wit langgeng sarta kraton ingkang boten saged risak? (menawi panjenengan dhahar woh wit wau panjenengan langgeng wonten ing suwarga boten pejah)

فَأَكَلَا مِنْهَا فَبَدَتْ لَهُمَا سَوْآتُهُمَا وَطَفِقَا يَخْصِفَانِ عَلَيْهِمَا مِن وَرَقِ الْجَنَّةِ ۚ وَعَصَىٰ آدَمُ رَبَّهُ فَغَوَىٰ(121)

 Adam sakloron karo garwane banjur padha mangan woh mau, sanalika banjur rumangsa wuda, katon kawirangane, nuli padha nganggu tutp (awer - awer) ron-ronan suwarga. Marga saka iku Adam kadukan ing Allah, lan luput pangarep - arepe

ثُمَّ اجْتَبَاهُ رَبُّهُ فَتَابَ عَلَيْهِ وَهَدَىٰ(122)

 Sawise kadukan banur kapilih maneh dening Allah Pangerane, sarta diapura kaluputane, lan dituduhake dalan bener

قَالَ اهْبِطَا مِنْهَا جَمِيعًا ۖ بَعْضُكُمْ لِبَعْضٍ عَدُوٌّ ۖ فَإِمَّا يَأْتِيَنَّكُم مِّنِّي هُدًى فَمَنِ اتَّبَعَ هُدَايَ فَلَا يَضِلُّ وَلَا يَشْقَىٰ(123)

 Panjenengane Allah paring pangandika, "Sira sakloron padha mudhuna saka suwarga. Sira saturun - turunira dadi satrune iblis saturun - turune. Ing mengkono menawa ana pituduh saka ngarsaningsun, sing sapa manut pituduh Ingsun, yekti dheweke ora bakal kesasar lan cilaka

وَمَنْ أَعْرَضَ عَن ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ مَعِيشَةً ضَنكًا وَنَحْشُرُهُ يَوْمَ الْقِيَامَةِ أَعْمَىٰ(124)

 Dene sing sapa mlengos saka pepeling Ingsun (kitab al-Qur’an) yekti dheweke bakal nduweni panguripan kang rupeg. Ign besuk dina Qiyamat, wong mau Ingsun kelumpukake nanging mripate wuta

قَالَ رَبِّ لِمَ حَشَرْتَنِي أَعْمَىٰ وَقَدْ كُنتُ بَصِيرًا(125)

 Wong mau munjuk ing Allah, "Dhuh pangeran kawula, Kados pundi panjenengan nglempakaken kawula kanthi mripat wuta, ing mangka rumiyinipun kawula punika melek awas boten wuta

قَالَ كَذَٰلِكَ أَتَتْكَ آيَاتُنَا فَنَسِيتَهَا ۖ وَكَذَٰلِكَ الْيَوْمَ تُنسَىٰ(126)

 Panjenengane ALlah ngendika, "Iya mengkono kersaningsun. Awit nalika ana ing donya, sira wis ketekan ayat - ayatingsun, nanging sira lirwakake. mula ing dina iki sira uga dilalekake (ana ing neraka)

وَكَذَٰلِكَ نَجْزِي مَنْ أَسْرَفَ وَلَمْ يُؤْمِن بِآيَاتِ رَبِّهِ ۚ وَلَعَذَابُ الْآخِرَةِ أَشَدُّ وَأَبْقَىٰ(127)

 Lan mengkono iku Ingsun paring piwales marang wong kang ngluwihi wates lan ora percaya (Iman) marang ayat - ayatte Pangerane. Yekti siksa ing akherat iku luwih banget lan luwih langgeng

أَفَلَمْ يَهْدِ لَهُمْ كَمْ أَهْلَكْنَا قَبْلَهُم مِّنَ الْقُرُونِ يَمْشُونَ فِي مَسَاكِنِهِمْ ۗ إِنَّ فِي ذَٰلِكَ لَآيَاتٍ لِّأُولِي النُّهَىٰ(128)

 Apa Qur’an durung nedahake, wis kaping pira Ingsun ngrusak sadurunge wong-wong mau saka ummat kang wis kuna kang negarane sok diliwati dening wong-wong mau? Satemene kang mengkono mau iku temen dadi tandha yekti tumrap wong kang duwe akal

وَلَوْلَا كَلِمَةٌ سَبَقَتْ مِن رَّبِّكَ لَكَانَ لِزَامًا وَأَجَلٌ مُّسَمًّى(129)

 Lan saupama luwih dhisik ora wis diputusake saka ngarsane Pangeranira (yaiku ngakhirake siksa) lan ora ditetepake mangsane kang kasebut (ing dina Qiyamat), yekti siksa ikukapatrapake marang dheweke ana ing donya iki

فَاصْبِرْ عَلَىٰ مَا يَقُولُونَ وَسَبِّحْ بِحَمْدِ رَبِّكَ قَبْلَ طُلُوعِ الشَّمْسِ وَقَبْلَ غُرُوبِهَا ۖ وَمِنْ آنَاءِ اللَّيْلِ فَسَبِّحْ وَأَطْرَافَ النَّهَارِ لَعَلَّكَ تَرْضَىٰ(130)

 Mulane (sira Muhammad) sabar krungu pangucape wong - wong kafir lan Maha Sucekna Allah sarta shalata klawan ngunjukake puji marang Pangeranira sadurunge mlethek srengenge lan sadurunge surupe (yaiku Shalat Shubuh lan ’Ashar) lan ing wayah wengi (Maghrib lan Isya), uga shalata ing wayah awan (Dzuhur), supaya sira nampa paringe Pangran ganjaran marang sira

وَلَا تَمُدَّنَّ عَيْنَيْكَ إِلَىٰ مَا مَتَّعْنَا بِهِ أَزْوَاجًا مِّنْهُمْ زَهْرَةَ الْحَيَاةِ الدُّنْيَا لِنَفْتِنَهُمْ فِيهِ ۚ وَرِزْقُ رَبِّكَ خَيْرٌ وَأَبْقَىٰ(131)

 Lan maneh mripatira loro aja andeleng marang peparingingsun kabungahan ing donya marang wong-wong kafir warna-warna. Sumurupa, kabeh mau minangka kanggo nyoba marang wong-wong kafir. Dene rejekine Allah kang wujud suwarga iku luwih becik sarta langgeng, ngungkuli peparing Ingsun marang wong-wong kafir mau

وَأْمُرْ أَهْلَكَ بِالصَّلَاةِ وَاصْطَبِرْ عَلَيْهَا ۖ لَا نَسْأَلُكَ رِزْقًا ۖ نَّحْنُ نَرْزُقُكَ ۗ وَالْعَاقِبَةُ لِلتَّقْوَىٰ(132)

 Lan sira prentaha marang ummatira supaya padha shalat, kanthi mantep (tlaten). Ingsun ora mundhut rejeki marang sira, nanging Ingsun kang paring rejeki. Dene wekasan kang becik utawa ganjaran suwarga, iku kaparingake marang wong kang bekti marang Panjenengane Allah

وَقَالُوا لَوْلَا يَأْتِينَا بِآيَةٍ مِّن رَّبِّهِ ۚ أَوَلَمْ تَأْتِهِم بَيِّنَةُ مَا فِي الصُّحُفِ الْأُولَىٰ(133)

 Lan wong - wong kafir (musyrik) padha ngucap mengkene, "geneya (Muhammad) ora nekakake tandha yekti marang Ingsun saka Pangerane?" Apa wong-wong mau durung ketekan keterangan-keterangan kang ana ing kitab kang dhisik (Taurat)

وَلَوْ أَنَّا أَهْلَكْنَاهُم بِعَذَابٍ مِّن قَبْلِهِ لَقَالُوا رَبَّنَا لَوْلَا أَرْسَلْتَ إِلَيْنَا رَسُولًا فَنَتَّبِعَ آيَاتِكَ مِن قَبْلِ أَن نَّذِلَّ وَنَخْزَىٰ(134)

 Lan saupama Ingsun ngrusak (numpes) wong kafir iku kanthi siksa, tanpa ngutus Rasul dhisik, lan tanpa nurunake al-Qur’an, wong kafir mau besuk ing dina Qiyamat, mesthi sesambat mengkene, "Dhuh Pangeran kawula. Awit saking punapa Panjenengan mboten kersa ngutus Rasul, ingkang nerang - nerangaken dhumateng kawula. Upami Panjenengan ngutus Rasul kawula temtu ngestokaken dhawuh lan prentah Panjenengan, saderengipun kawula dipun remehaken lan dipun siksa wonten ing neraka jahanam

قُلْ كُلٌّ مُّتَرَبِّصٌ فَتَرَبَّصُوا ۖ فَسَتَعْلَمُونَ مَنْ أَصْحَابُ الصِّرَاطِ السَّوِيِّ وَمَنِ اهْتَدَىٰ(135)

 (Muhammad) sira dhawuha, "Kabeh (aku lan kowe) iki padha ngenteni (giliranne zaman). Jalaran saka iku sira padha ngentenana, yekti sira bakal sumurp, sapa kang nduweni dalan kang bener lan sapa kang pikantuk pitedah


More surahs in Jawa:


Al-Baqarah Al-'Imran An-Nisa'
Al-Ma'idah Yusuf Ibrahim
Al-Hijr Al-Kahf Maryam
Al-Hajj Al-Qasas Al-'Ankabut
As-Sajdah Ya Sin Ad-Dukhan
Al-Fath Al-Hujurat Qaf
An-Najm Ar-Rahman Al-Waqi'ah
Al-Hashr Al-Mulk Al-Haqqah
Al-Inshiqaq Al-A'la Al-Ghashiyah

Download surah Ta-Ha with the voice of the most famous Quran reciters :

surah Ta-Ha mp3 : choose the reciter to listen and download the chapter Ta-Ha Complete with high quality
surah Ta-Ha Ahmed El Agamy
Ahmed Al Ajmy
surah Ta-Ha Bandar Balila
Bandar Balila
surah Ta-Ha Khalid Al Jalil
Khalid Al Jalil
surah Ta-Ha Saad Al Ghamdi
Saad Al Ghamdi
surah Ta-Ha Saud Al Shuraim
Saud Al Shuraim
surah Ta-Ha Abdul Basit Abdul Samad
Abdul Basit
surah Ta-Ha Abdul Rashid Sufi
Abdul Rashid Sufi
surah Ta-Ha Abdullah Basfar
Abdullah Basfar
surah Ta-Ha Abdullah Awwad Al Juhani
Abdullah Al Juhani
surah Ta-Ha Fares Abbad
Fares Abbad
surah Ta-Ha Maher Al Muaiqly
Maher Al Muaiqly
surah Ta-Ha Muhammad Siddiq Al Minshawi
Al Minshawi
surah Ta-Ha Al Hosary
Al Hosary
surah Ta-Ha Al-afasi
Mishari Al-afasi
surah Ta-Ha Yasser Al Dosari
Yasser Al Dosari


Tuesday, April 30, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب