PDF —
28 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Jinn pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Jinn pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Jinn Terjemah. Surat Al-Jinn (Meccan) 28 Ayat.

← NuhSurat Al-Jinn Al-Muzammil →


28 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞ
72:1 Dhawuha, "Aku tampa dhawuhe Allah paring pirsa ana sagolongan jin padha ngrungokake anggonku dhawuhake al-Quran, Jin mau ngeram - ngeramake al-Quran marang para kancane celathune, ’Aku krungu anggone Muhammad dhawuhake al-Quran kang helok
ﭟﭠﭡﭢﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩ
72:2 al-Quran nuduhake dalan bener, aku banjur pracaya ora pisan mangro tingal marang Allah Pangeranku lan ora menyang sapa - sapa
ﭪﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳ
72:3 Satemene Allah Pangeranku kang Maha Luhur lan Agung tanpa garwa lan ora kagungan putra
ﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻ
72:4 Satemene kancaku kang bodho ngucap kang ora patut marang Allah, ngarani kagungan putra lan garwa
ﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆ
72:5 Mahune penyanaku ora ana Jin lan manungsa celathu goroh tumrap marang Allah
ﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒ
72:6 Sarta dene saka wong - wong saka antaraning manungsa jaluk pitulungan marang para Jin lanang, kang mangkono mau muwuhi kesasar tumrap dheweke
ﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜ
72:7 Sateme dheweke (Jin) uga padha nyana kaya panyanamu, ing tembe Allah ora bakal nguripake wong siji kang wis mati
ﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥ
72:8 Jin celathu, "Aku neja munggah marang langit, ngrungokake guneme kang padha ana kono, bareng meh tekan ing kono kebak malaekat kang jaga padha gagah prakoso lan panah - panah geni
ﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔ
72:9 Sarta, dene adat sabene aku padha lungguh ing palungguhan, supaya bisa amrungu, ananing saiki sapa sing ngrungokake bakal kapethukake urub (ing geni) kang ngadhang dheweke
ﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢ
72:10 Aku ora weruh sebabe ora pareng ngrungokake guneme para malaekat mau, tumrape wong kang manggon ana bumi becik apa ala
ﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭ
72:11 Sawenehe golonganku padha wong tulus lan sawenehe ora mangkono, aku iki pepanthan kang padha seje - seje dalane
ﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹ
72:12 Panemuku, ora bisa ngoncati siksaning Allah ing bumi sarta ora bisa ngoncati Panjenengane sarana mlayu
ﯺﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅﰆﰇﰈﰉ
72:13 Aku bareng krungu pituduhe al-Quran banjur ngandel marang Allah lan al-Quran. Sing sapa pracaya marang Allah Pangerane mesthi ora kuatir suda kabecikane lan tambah halane
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜ
72:14 Satemen sawenehing golonganku ana wong kang sumarah, lan sawenehing nyimpang. Sapa wonge sing sumarah iku nuju marang dalan kang bener
ﭝﭞﭟﭠﭡﭢ
72:15 Wondene wong kang padha nyimpang padha dadi urub - urubing neraka jahannam
ﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪ
72:16 Dene menawa dheweke padha tetep ngambah dalan (bener) mesthi bakal Ingsun turunake banyu udan kang deres (rizki kang akeh)
ﭫﭬﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶ
72:17 Ingsun anggo nyoba marang dheweke ing dalem prakara iku lan sapa sing malengos saka eling marang Pangerane bakal dilebokake siksa kang nusahake banget
ﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿ
72:18 Lan satemene sarupaning masjid kabeh kagungane Allah, mulane anggonmu padha nyembah Allah aja dicampuri nyembah liyane
ﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊ
72:19 Lan satemene bareng kawulaning Allah (Muhammad) ngadek nyembah Allah para Jin padha rebut dujung tunggang - tinunggang nyedhak (kudo ngurokake al-Quran)
ﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓ
72:20 Dhawuhe (Muhammad), "Satemene aku mung nyembah ing Allah Pangeranku ora pisan tak wori nyembah liyane
ﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜ
72:21 Dhawuha (Muhammad), "Aku iki ora nguasani marang kowe dadi kesasar utawa begja (iku atas kersaning Allah)
ﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩ
72:22 Dhawuha, "(Menawa aku duraka ing Allah) ora ana wong sawiji kang bisa nulak siksaning Allah, lan aku ora oleh pangungsen liyane ngungsi marang Allah
ﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜ
72:23 Kuwasaku mung mratakake dhawuhe Allah marang kowe kabeh (timbalan sarta ayahane) lan sapa wonge nglirwakake Allah lan utusane sayekti bakal oleh geni neraka langgeng salawase
ﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨ
72:24 Nganti padha deleng siksa kang diancamake marang dheweke, banjur bakal padha weruh sapa sing panulunge luwih apes sarta luwih sethithik cacahe
ﯩﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰﯱﯲﯳﯴ
72:25 Dhawuha, "Aku ora weruh siksa kang diancamake marang kowe apa wis cedhak utawa isih lawas kelakone
ﯵﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼ
72:26 Allah iku nguningani barang kang samar kang ora diweruhi manungsa, lan ora kersa medharake barang kang samar mau marang sawijining wong
ﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅﰆﰇﰈﰉﰊ
72:27 Kajaba rasul kang wis diparengake nyumurupi, rasul dijaga (para Malaikat) ana ing ngarep buri lan kiwa tengene
ﰋﰌﰍﰎﰏﰐﰑﰒﰓﰔﰕﰖﰗﰘ
72:28 Supaya Allah nguningani kelawan gumelar yen para Rosul mau temen wis ngundangake dhawuhing Allah Pangerane, kaweruhhing Allah ngalimputi para Rosul kabeh lan bisa nacahake samu barang

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers