Wa laa junaaha `alaikum feema `arradtum bihee min khitbatin nisaaa`i aw aknantum feee anfusikum; `alimal laahu annakum satazkuroonahunna wa laakil laa tuwaa`idoohunna sirran illaaa an taqooloo qawlamma`roofaa; wa laa ta`zimoo `uqdatan nikaahi hattaa yablughal kitaabu ajalah; wa`lamooo annal laaha ya`lamumaa feee anfusikum fahzarooh; wa`lamooo annallaaha Ghafoorun Haleem
📖 Terjemah (Ing Basa Jawa)
📖 Ing Basa Jawa
Lan sira ora padha kaptrapan dosa tumrap anggonira nglamar wong wadon (kang isih ana ing sajeroning ’iddah) kelawan pasemon, utawa mung sira bathin ana ing sajeroning atinira. Allah nguningani manawa sira bakal padha nglahirake krenteging atinira marang wong wadon mau, nanging sira aja mrasajakake dhisik anggonira duwe karep ngrabeni wong wadon mau, kajaba yen sira mung nglahirake tembung pasemon kang becik iku kena. Lan sira aja padha netepake ’akad (waktu) nikah, nganti yen wong wadon mau wis rampung ’iddahe, lan sira padha sumurupa manawa Allah iku Ngudaneni barang kang ana ing atinira, jalaran saka iku sira padha ngati-atiya. Lan padha sumurupa satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Welas
🌐 Additional reference in Bahasa Indonesia
🌐 Bahasa Indonesia
Dan tidak ada dosa bagi kamu meminang wanita-wanita itu dengan sindiran atau kamu menyembunyikan (keinginan mengawini mereka) dalam hatimu. Allah mengetahui bahwa kamu akan menyebut-nyebut mereka, dalam pada itu janganlah kamu mengadakan janji kawin dengan mereka secara rahasia, kecuali sekedar mengucapkan (kepada mereka) perkataan yang ma'ruf. Dan janganlah kamu berazam (bertetap hati) untuk beraqad nikah, sebelum habis 'iddahnya. Dan ketahuilah bahwasanya Allah mengetahui apa yang ada dalam hatimu; maka takutlah kepada-Nya, dan ketahuilah bahwa Allah Maha Pengampun lagi Maha Penyantun.
عَرَّضْتُم (ʿarraḍtum): ngomong kanthi ora terang-terangan utawa mung nganggo isyarat (ora blak-blakan).
خِطْبَةِ (khiṭbati): lamaran utawa panjaluk kanggo nikah.
أَكْنَنتُمْ (aknantum): nyimpen ing njero ati utawa ndhelikake ing batin.
تُوَاعِدُوهُنَّ (tuwāʿidūhunna): janji-janji karo wong wadon.
سِرًّا (sirran): kanthi rahasia, bisa uga ateges hubungan badan (jimak).
عَزَمْتُمْ (ʿazamtum): niyat utawa kepengin banget.
الْكِتَابُ (al-kitāb): ing kene ateges wektu iddah (masa nunggu) kang wis ditemtokake.
أَجَلَهُ (ajalahu): wektu rampung utawa pungkasane.
Tafsir Ayat:
Ora ana dosa tumrap kowé kabèh, dhuh para priya, nalika kowé ngomong kanthi cara isyarat (ora blak-blakan) arep nglamar wong wadon kang isih ana ing masa iddah amarga ditinggal mati bojone utawa pegatan ba'in, utawa nalika kowé nyimpen rasa kepingin nikah karo dheweke ing njero ati. Allah wis ngerti yèn kowé bakal tetep kelingan marang wong-wong wadon mau lan ora bisa meneng wae, mula Allah paring kelonggaran marang kowé kanggo nyebutake rasa kepingin mau kanthi isyarat utawa mung ing batin. Nanging, aja nganti kowé janji-janji karo wong wadon mau kanthi rahasia kanggo nindakake perkara kang ora diidini utawa arep nikah nalika isih ana ing masa iddah, kajaba mung ngomong kanthi cara kang becik lan patut. Lan aja nganti kowé niyat arep ngikat akad nikah nganti rampung wektu iddahé. Padha ngertia yèn Allah iku ngerti apa kang ana ing njero atimu, mula padha wedi lan ngati-ati marang Panjenengane. Lan padha ngertia yèn Allah iku Maha Ngapura marang wong kang tobat lan Maha Sabar, ora enggal-enggal menehi paukuman.
Faedah-faedah kang bisa dijupuk:
Islam iku agama kang gampang lan ora ngebot-eboti umate. Allah menehi kelonggaran kanggo ngomong kanthi isyarat nalika arep nglamar wong wadon kang isih ana ing masa iddah, minangka wujud katresnan lan kawicaksanan Allah marang hamba-hamba-Ne.
Allah ngerti apa kang ana ing njero ati manungsa, mula kita kudu tansah ngati-ati lan njaga ati supaya ora ana niyat ala.
Allah iku Maha Ngapura lan Maha Sabar, mula sapa wae kang kepengin tobat lan bali marang dalan kang bener, mesthi bakal ditampa.
Ayat iki mulangake supaya kita tansah ngajeni aturan-aturan Allah, kalebu ing bab nikah, supaya ora ana kedadeyan kang ora dikarepake.
Kanthi mangerteni ayat iki, kita dadi luwih tresna marang Islam amarga Islam iku agama kang ngatur kabeh perkara kanthi becik lan manungsa.
Lan sira ora padha kaptrapan dosa tumrap anggonira nglamar wong wadon (kang isih ana ing sajeroning ’iddah) kelawan pasemon, utawa mung sira bathin ana ing sajeroning atinira. Allah nguningani manawa sira bakal padha nglahirake krenteging atinira marang wong wadon mau, nanging sira aja mrasajakake dhisik anggonira duwe karep ngrabeni wong wadon mau, kajaba yen sira mung nglahirake tembung pasemon kang becik iku kena. Lan sira aja padha netepake ’akad (waktu) nikah, nganti yen wong wadon mau wis rampung ’iddahe, lan sira padha sumurupa manawa Allah iku Ngudaneni barang kang ana ing atinira, jalaran saka iku sira padha ngati-atiya. Lan padha sumurupa satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Welas
Para biyung (kang wis di talaq) iku supaya padha nusoni anake suwene genep tahun, tumrap wong kang nyampurnakake pasuson lan wajib tumrap bapa aweh sandhang lan pangan sak kuwasane marang rabine, ora ana wong kang dipeksa kajaba mung sak kuwasane lan biyung ora kena di peksa (nusoni) anake lan mangkono uga ora kena dipeksa (ngragadi) anake kajaba mung sakkuwasane, lan wabjibing waris mengkono uga. Dene yen bapa lan biyung sakarone wis golong rembuge arep nyapih bocah mau, iku ora ana pakewuhe. Dene yen sira arep nginyakake anakira, manawa sira bayar waragad kang sira saguhake kelawan becik, iya ora ana pekewuhe. Sira padha wediya ing Allah lan padha sumurupa yen Allah iku Ngudaneni marang samubarang kang sira tindakake
Dene wong kang mati saka sira kabeh sarta padha ninggal bojo, wajib tumrap siwadon mau nyrantekake awake (ora kena omah-omah) lawase sasi dina. Dene manawa wis rampung ’iddahe sira ora padha kapatrapan dosa jalaran anggone wong wadon mau padha memaesi awake dhewe. Dene Allah iku Maha Waspada marang barang kang sira tindakake
Lan sira ora padha kaptrapan dosa tumrap anggonira nglamar wong wadon (kang isih ana ing sajeroning ’iddah) kelawan pasemon, utawa mung sira bathin ana ing sajeroning atinira. Allah nguningani manawa sira bakal padha nglahirake krenteging atinira marang wong wadon mau, nanging sira aja mrasajakake dhisik anggonira duwe karep ngrabeni wong wadon mau, kajaba yen sira mung nglahirake tembung pasemon kang becik iku kena. Lan sira aja padha netepake ’akad (waktu) nikah, nganti yen wong wadon mau wis rampung ’iddahe, lan sira padha sumurupa manawa Allah iku Ngudaneni barang kang ana ing atinira, jalaran saka iku sira padha ngati-atiya. Lan padha sumurupa satemene Allah iku Maha Pangapura lan Maha Welas
Ora dosa tumrap sira kabeh megat marang wong wadon sadurunge kumpul (jumbana) utawa sadurunge sira nemtokake maskawine, lan sira aweha bebungah marang wadon mau kelawan becik. Tumrap wong sugih sak kuwate lan tumrap wong mlarat uga sak kuwate, iku tetep kewajiban tumrap wong kang padha nindakake kebecikan
Lan manawa sira padha megat ing wadon sadurunge sira kumpuli, nanging sira wis tentokake maskawin tumrap dheweke, sira (wajib bayar) separoning mas kawin kang wis sira temtokake mau. Kajaba yen rabinira utawa wong lanang kang nguwasani bundhelaning nikah wis padha trima. Dene yen sira padha gelem aweh kemurahan iku nyaketake marang wedi ing Allah. Lan sira aja nglalekake kabecikan antara nira kabeh. Satemene Allah iku mriksani barang kang sira tindakake
Surat Al-Baqarah Ayat 235 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Lan sira ora padha kaptrapan dosa tumrap anggonira nglamar wong…
Surat Ayat 235/286 — Surat Al-Baqarah البقرة (Medinan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Al-Baqarah Rungokna, Surat Al-Baqarah Terjemah, Surat Al-Baqarah mp3, Surat Al-Baqarah pdf. Ayat 233–237. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.
SurahQuran.com was founded as a humble effort to serve the Noble Book and the pure Sunnah, to invite people to Allah, and to make the religious sciences accessible according to the methodology of the Quran and Sunnah. We praise and thank Allah for His grace, and we ask Him to accept our work and make it sincere for His noble Face.