Yooseekumul laahu feee awlaadikum liz zakari mislu hazzil unsayayn; fa in kunna nisaaa`an fawqas nataini falahunna suhusaa maa taraka wa in kaanat waahidatan falahan nisf; wa li abawaihi likulli waahidim minhumas sudusu mimmma taraka in kaana lahoo walad; fa il lam yakul lahowaladunw wa warisahooo abawaahu fali ummihis sulus; fa in kaana lahoo ikhwatun fali ummihis sudus; mim ba`di wasiyyatiny yoosee bihaaa aw dayn; aabaaa`ukum wa abnaaa`ukum laa tadroona aiyuhum aqrabu lakum naf`aa; fareedatam minallaah; innal laaha kaana `Aleeman Hakeemaa
📖 Terjemah (Ing Basa Jawa)
📖 Ing Basa Jawa
Allah wis paring dhawuh marang sira kabeh tumrap anak tinggalanira, pandumaning anak lanang siji padha karo pandumaning anak wadon loro, dene yen anak mau wadon kabeh kehe loro sapendhuwur, pandumaning rong proteloning barang tinggalan. Dene yen anak wadon mau mung siji, iku pandumane oleh separoning barang tinggalan. Dene bapa lan biyunge wong kang mati siji-sijine oleh panduman sakpraneme barang tinggalan, semono iku manawa kang mati mau tinggal anak. Dene yen ora tinggal anak, mung tinggal bapa lan biyung wae (utawa nganggo tinggal bojo) iku pandumaning biyung oleh saperteluning barang tinggalan. Dene manawa kang mati mau tinggal sadulur (lanang lan wadon loro sak pendhuwur) iku pandumaning biyung oleh sakpranem, samono iku saturahe dienggo nglestarekake wewekas kang diwekasahe (wasiyat) utawa dienggo nglunasi utange wong kang mati mau. Bapakinge sapenduwuran para anakira ora ana kang weruh mungguh bapa ana kang weruh mungguh bapa lan anak mau endi kang akeh lerege mikolehi marang sira. Pangendum kang mangkono mau ditemtokake dening Allah. Satemene Allah iku Nguningani lan Wicaksana
🌐 Additional reference in Bahasa Indonesia
🌐 Bahasa Indonesia
Allah mensyari'atkan bagimu tentang (pembagian pusaka untuk) anak-anakmu. Yaitu: bahagian seorang anak lelaki sama dengan bagahian dua orang anak perempuan; dan jika anak itu semuanya perempuan lebih dari dua, maka bagi mereka dua pertiga dari harta yang ditinggalkan; jika anak perempuan itu seorang saja, maka ia memperoleh separo harta. Dan untuk dua orang ibu-bapa, bagi masing-masingnya seperenam dari harta yang ditinggalkan, jika yang meninggal itu mempunyai anak; jika orang yang meninggal tidak mempunyai anak dan ia diwarisi oleh ibu-bapanya (saja), maka ibunya mendapat sepertiga; jika yang meninggal itu mempunyai beberapa saudara, maka ibunya mendapat seperenam. (Pembagian-pembagian tersebut di atas) sesudah dipenuhi wasiat yang ia buat atau (dan) sesudah dibayar hutangnya. (Tentang) orang tuamu dan anak-anakmu, kamu tidak mengetahui siapa di antara mereka yang lebih dekat (banyak) manfaatnya bagimu. Ini adalah ketetapan dari Allah. Sesungguhnya Allah Maha Mengetahui lagi Maha Bijaksana.
يُوصِيكُمُ: menehi wasiat utawa dhawuh marang kowe kabeh.
حَظِّ: bagian utawa jatah.
فَرِيضَةً: bab kang wis ditemtokake lan diwajibake dening Allah.
عَصَبَةٌ: ahli waris kang nampa sisa warisan sawise para ahli waris liyane entuk bagian.
يَحْجُبُونَ: padha ngalangi utawa nyuda bagian warisan.
تَعْصِيبًا: cara mbagi warisan kanthi menehi sisa marang ahli waris tartamtu.
2) Katrangan babagan ayat:
Allah SWT paring dhawuh lan wasiat marang para manungsa babagan carane mbagi warisan marang anak-anak. Yen wong tilar donya lan ninggalake anak lanang lan wadon, mula bagian anak lanang iku tikel loro saka bagian anak wadon. Dadi, yen ana anak wadon loro utawa luwih tanpa anak lanang, mula kabeh anak wadon mau entuk rong pertelu (2/3) saka harta warisan. Yen mung ana anak wadon siji, dheweke entuk setengah (1/2) saka harta warisan.
Bapak lan ibune wong kang tilar donya uga entuk bagian. Saben-saben saka bapak lan ibune entuk sepernem (1/6) yen wong kang tilar donya duwe anak, ora ketompo anak lanang utawa wadon. Yen wong kang tilar donya ora duwe anak lan mung ditinggal bapak lan ibune, mula ibune entuk sepertelu (1/3) lan bapake entuk sisa warisan. Nanging, yen wong kang tilar donya duwe sedulur loro utawa luwih, ora ketompo lanang utawa wadon, mula ibune mung entuk sepernem (1/6), lan bapake entuk sisa warisan. Sedulur-sedulur mau ora entuk bagian warisan yen isih ana bapak.
Kabeh pembagian warisan iki ditindakake sawise ditunaikake wasiat saka wong kang tilar donya (yen ana) lan sawise dibayar utange. Wasiat kudu ora ngluwihi sepertelu saka harta warisan.
Allah SWT paring pangeling yen kita minangka manungsa ora ngerti sapa ing antarane bapak lan anak-anak kang luwih migunani kanggo kita ing donya lan akhirat. Bisa uga kita ngira yen salah siji luwih apik, nanging sejatine bisa uga sewalike. Mula, Allah kang Maha Ngerti lan Maha Bijaksana wis nemtokake pembagian warisan iki minangka kewajiban saka Panjenengane. Allah iku Maha Ngerti babagan kabeh perkara lan Maha Bijaksana ing kabeh ketetapane.
3) Faedah utawa piwulang saka ayat iki:
Ayat iki nuduhake yen Islam iku agama kang ngatur kabeh aspek urip, kalebu babagan warisan, supaya ora ana perselisihan lan ketidakadilan ing antarane ahli waris.
Pembagian warisan kang wis ditemtokake dening Allah iku wujud kasih sayang lan keadilan Panjenengane marang para hamba, amarga Allah luwih ngerti babagan apa kang paling migunani kanggo kita.
Ayat iki ngelingake yen harta donya iku mung titipan lan bakal ditinggalake. Mula, kita kudu nggunakake harta kasebut kanthi bener lan adil, kalebu nalika mbagi warisan.
Ketaatan marang aturan warisan iki minangka wujud iman lan taqwa marang Allah, amarga Panjenengane wis nemtokake kanthi jelas lan rinci.
Ayat iki uga mulangake babagan pentingnya nglakokake wasiat lan mbayar utang sadurunge mbagi warisan, supaya ora ana hak kang dilanggar.
Kanthi ngetutake aturan iki, kita bisa nuwuhake rasa adil, tanggung jawab, lan kepedulian marang kulawarga, saengga bisa nuwuhake kerukunan lan katentreman ing masyarakat.
Allah wis paring dhawuh marang sira kabeh tumrap anak tinggalanira, pandumaning anak lanang siji padha karo pandumaning anak wadon loro, dene yen anak mau wadon kabeh kehe loro sapendhuwur, pandumaning rong proteloning barang tinggalan. Dene yen anak wadon mau mung siji, iku pandumane oleh separoning barang tinggalan. Dene bapa lan biyunge wong kang mati siji-sijine oleh panduman sakpraneme barang tinggalan, semono iku manawa kang mati mau tinggal anak. Dene yen ora tinggal anak, mung tinggal bapa lan biyung wae (utawa nganggo tinggal bojo) iku pandumaning biyung oleh saperteluning barang tinggalan. Dene manawa kang mati mau tinggal sadulur (lanang lan wadon loro sak pendhuwur) iku pandumaning biyung oleh sakpranem, samono iku saturahe dienggo nglestarekake wewekas kang diwekasahe (wasiyat) utawa dienggo nglunasi utange wong kang mati mau. Bapakinge sapenduwuran para anakira ora ana kang weruh mungguh bapa ana kang weruh mungguh bapa lan anak mau endi kang akeh lerege mikolehi marang sira. Pangendum kang mangkono mau ditemtokake dening Allah. Satemene Allah iku Nguningani lan Wicaksana
Lan sira padha nguwarna wong kang padha lara banget, kang manawa mati sarta sapungkure tinggal anak cilik. Anak cilik mau dikuwatirake mbokmanawa ora kopen, mulane sira padha bektia marang Allah, lan mituturana marang wong kang lara mau kelawan pitutur kang becik
Satemene wong kang padha mangan bandhane bocah yatim kelawan panganiaya iku prasasat ngiseni wetenge kelawan geni neraka, ing besuk bakal dicemplungake ing neraka Sa’ir
Allah wis paring dhawuh marang sira kabeh tumrap anak tinggalanira, pandumaning anak lanang siji padha karo pandumaning anak wadon loro, dene yen anak mau wadon kabeh kehe loro sapendhuwur, pandumaning rong proteloning barang tinggalan. Dene yen anak wadon mau mung siji, iku pandumane oleh separoning barang tinggalan. Dene bapa lan biyunge wong kang mati siji-sijine oleh panduman sakpraneme barang tinggalan, semono iku manawa kang mati mau tinggal anak. Dene yen ora tinggal anak, mung tinggal bapa lan biyung wae (utawa nganggo tinggal bojo) iku pandumaning biyung oleh saperteluning barang tinggalan. Dene manawa kang mati mau tinggal sadulur (lanang lan wadon loro sak pendhuwur) iku pandumaning biyung oleh sakpranem, samono iku saturahe dienggo nglestarekake wewekas kang diwekasahe (wasiyat) utawa dienggo nglunasi utange wong kang mati mau. Bapakinge sapenduwuran para anakira ora ana kang weruh mungguh bapa ana kang weruh mungguh bapa lan anak mau endi kang akeh lerege mikolehi marang sira. Pangendum kang mangkono mau ditemtokake dening Allah. Satemene Allah iku Nguningani lan Wicaksana
Lan sira padha duwe panduman separoning barang tetinggalan rabinira kang mati, iku manawa rabinira mau ora tinggal anak. Dene yen tinggal anak, sira mung oleh panduman saprapating branang tetinggalane rabinira, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening rabinira, sarta dienggo mundhuti (nyauri) utange. Para rabinira duwe panduman saprapating barang tinggalanira yen sira mati, iku manawa sira ora tinggal anak. Dene yen sira tinggal anak, rabinira mung oleh panduman saprawoluning barang tinggalanira, iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang sira wasiyatake, sarta dienggo mundhati utange. Dene manawa ana wong lanang utawa wong wadon mati ora tinggal bapa utawa kaku utawa anak, ing mangka tinggal sedulur kang mung tunggal tinggal sedulur kang mung tunggal biyung wae lanang utawa wadon, iku yen sedulur tinggal biyung mung siji wae, pandumane sapranem barang tinggalan. Nanging yen sedulur tunggal biyung mau luwih saka siji, pandumane saprateluning barang tinggalan, diendum rampak sakancane padha sedulur tunggal sakancane padha sedulur tunggal biyung (lanang wadon padha wae), mangkono iku saturahe dienggo nglestarekake wasiyat kang diwasiyatake dening kang mati mau, apa dene dienggo mundhati utange, tur wasiyat mau ora ndadekake kemlarataning (kapitunaning) ahli waris kang kasebut mau. Iku dhawuh saka Allah. Dene Allah Maha Ngudaneni sarta Maha Sabar
Kabeh kang wis kasebut mau iku angger-anggere Allah. Lan sing sapa ngestokake (dhawuhe) Allah lan Utusane, Allah mesti ngganjar marang wong mau, dilebokake suwarga kang ana bengawane mili ana sangisore wit-witan, ana kono padha langgeng, iya kaya mangkono kabegjan kang agung
Surat An-Nisa Ayat 11 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Allah wis paring dhawuh marang sira kabeh tumrap anak tinggalanira,…
Surat Ayat 11/176 — Surat An-Nisa النساء (Medinan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat An-Nisa Rungokna, Surat An-Nisa Terjemah, Surat An-Nisa mp3, Surat An-Nisa pdf. Ayat 9–13. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.
SurahQuran.com was founded as a humble effort to serve the Noble Book and the pure Sunnah, to invite people to Allah, and to make the religious sciences accessible according to the methodology of the Quran and Sunnah. We praise and thank Allah for His grace, and we ask Him to accept our work and make it sincere for His noble Face.