وَالذَّارِيَاتِ ذَرْوًا(1) Demi angin kang ngumbulake bledhuk kang mabul - mabul |
فَالْحَامِلَاتِ وِقْرًا(2) Demi mega kang gawa banyu udan |
فَالْجَارِيَاتِ يُسْرًا(3) Demi perahu kang mlaku ana banyu kelawan gampang |
فَالْمُقَسِّمَاتِ أَمْرًا(4) Demi Malaikat kang andum rizki lan udan |
إِنَّمَا تُوعَدُونَ لَصَادِقٌ(5) Anggonira padha diprasetyani lan diancam dening Allah mesthi bakal kelakon |
وَإِنَّ الدِّينَ لَوَاقِعٌ(6) Pituwase laku hala lan becik mesthi bakal kelakon |
وَالسَّمَاءِ ذَاتِ الْحُبُكِ(7) Demi langit kang ana dalane kanggo mlaku lintang - lintang |
إِنَّكُمْ لَفِي قَوْلٍ مُّخْتَلِفٍ(8) Anggonira padha bedha - bedha panemu (bab Muhammad lan al-Quran) |
يُؤْفَكُ عَنْهُ مَنْ أُفِكَ(9) Wongkang kena digorohi, hiya sida didohake (saka al-Quran lan Nabi Muhammad) |
قُتِلَ الْخَرَّاصُونَ(10) Wongkang padha goroh mau didohake saka rahmate Allah |
الَّذِينَ هُمْ فِي غَمْرَةٍ سَاهُونَ(11) Wongkang padha kesilep bodho padha lali |
يَسْأَلُونَ أَيَّانَ يَوْمُ الدِّينِ(12) Padha takon, "benjing punapa kalampahanipun Kiamat |
يَوْمَ هُمْ عَلَى النَّارِ يُفْتَنُونَ(13) Hiya iku dina nalikane (wong kafir) padha disiksa ing neraka |
ذُوقُوا فِتْنَتَكُمْ هَٰذَا الَّذِي كُنتُم بِهِ تَسْتَعْجِلُونَ(14) (Lan padha dawuh) iki siksa kang padha sira kesusokake biyen, padha rasakna |
إِنَّ الْمُتَّقِينَ فِي جَنَّاتٍ وَعُيُونٍ(15) Sarupane wongkang bekti ing Allah ana suwarga kang ana bengawane mili |
آخِذِينَ مَا آتَاهُمْ رَبُّهُمْ ۚ إِنَّهُمْ كَانُوا قَبْلَ ذَٰلِكَ مُحْسِنِينَ(16) Padha nampani ganjaran paringe Pangeran, dheweke mau sadurunge mlebu suwarga padha nglakoni penggawe becik |
كَانُوا قَلِيلًا مِّنَ اللَّيْلِ مَا يَهْجَعُونَ(17) Wong Mukmin mau yen bengi anggone turu mung sethithik |
وَبِالْأَسْحَارِ هُمْ يَسْتَغْفِرُونَ(18) Lan yen wayah sahur (seprapating wengi kang wekasan) padha nyuwun pangapuraning Allah |
وَفِي أَمْوَالِهِمْ حَقٌّ لِّلسَّائِلِ وَالْمَحْرُومِ(19) Bandhane disediakake dadi duweke wong miskin kang jejaluk lan wong melarat |
وَفِي الْأَرْضِ آيَاتٌ لِّلْمُوقِنِينَ(20) Bumi iku panggonan gumelare tondha yekti tumrap wong kang terang susurupane kang mratandani kuasaning Allah |
وَفِي أَنفُسِكُمْ ۚ أَفَلَا تُبْصِرُونَ(21) Apa sira ora tau deleng kang ana ing awakira |
وَفِي السَّمَاءِ رِزْقُكُمْ وَمَا تُوعَدُونَ(22) Rizkimu lan pituwasing laku kang disediakake marang sira padha ana ing langit |
فَوَرَبِّ السَّمَاءِ وَالْأَرْضِ إِنَّهُ لَحَقٌّ مِّثْلَ مَا أَنَّكُمْ تَنطِقُونَ(23) Demi Pangerane bumi lan langit, sabarang kang diprasetiakake marang sira , mesthi, kelakon nyata kaya anggonmu bisa kandha wis tanpa mamang |
هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ ضَيْفِ إِبْرَاهِيمَ الْمُكْرَمِينَ(24) (Muhammad) Apa wis weruh cerita dayohe Ibrahim yaiku (malaikat - malaikat) kang dimuliakake |
إِذْ دَخَلُوا عَلَيْهِ فَقَالُوا سَلَامًا ۖ قَالَ سَلَامٌ قَوْمٌ مُّنكَرُونَ(25) Nalika padha mlebu ing omahe Ibrahim padha ngucap "Salamun", Ibrahim uga mangsuli "Salamun" sarta takon, "sampiyan sinten kula dereng sumerep |
فَرَاغَ إِلَىٰ أَهْلِهِ فَجَاءَ بِعِجْلٍ سَمِينٍ(26) Ibrahim nuli noleh marang rabine, kang nuli ngeladekake pedhet lemu kang wis diolah mateng |
فَقَرَّبَهُ إِلَيْهِمْ قَالَ أَلَا تَأْكُلُونَ(27) Nuli disuguhake marang dayohe, diaturi dhahar (nanging ora kersa) |
فَأَوْجَسَ مِنْهُمْ خِيفَةً ۖ قَالُوا لَا تَخَفْ ۖ وَبَشَّرُوهُ بِغُلَامٍ عَلِيمٍ(28) Ibrahim banjur wedi marang dayohe. Dayohe banjur matur, "Panjenengan sampun ajrih". Dayohe banjur bebungah diwenehi kabar bakal duwe anak lanang akeh kaweruhe |
فَأَقْبَلَتِ امْرَأَتُهُ فِي صَرَّةٍ فَصَكَّتْ وَجْهَهَا وَقَالَتْ عَجُوزٌ عَقِيمٌ(29) Rabine (aran Sarah) kaget nuli maju lan gumun metek rahine. Pangucape, "Kula sampun pikun ( tahun) laki kula inggih gabuk (umu tahun) punapa yekto kula sambut manak |
قَالُوا كَذَٰلِكِ قَالَ رَبُّكِ ۖ إِنَّهُ هُوَ الْحَكِيمُ الْعَلِيمُ(30) Para dhayohe padha mangsuli, "Sampun mekaten pangandikanipun Pangeran panjenengan (sampun mesthi kelampahan) Allah punika Maha Wicaksana tur Nguningani samu kawis |
۞ قَالَ فَمَا خَطْبُكُمْ أَيُّهَا الْمُرْسَلُونَ(31) Ibrahim takon, "Kawaji punika panjenengan dipun utus punapa |
قَالُوا إِنَّا أُرْسِلْنَا إِلَىٰ قَوْمٍ مُّجْرِمِينَ(32) Para Malaikat padha mangsuli, "Kula diutus numpes para kafir ummatipun Luth |
لِنُرْسِلَ عَلَيْهِمْ حِجَارَةً مِّن طِينٍ(33) Kula kakersakaken jawahi sela utawi banon dhateng tiyang kafir wau |
مُّسَوَّمَةً عِندَ رَبِّكَ لِلْمُسْرِفِينَ(34) Sela wau sampun dipun cireni dening Pangeran panjenengan kangge (nyirnakaken) para tiyang tumindak kesangetan. (Selanipun sampun dipun paringi nami - nami ingkang badhe kataman sela wau) |
فَأَخْرَجْنَا مَن كَانَ فِيهَا مِنَ الْمُؤْمِنِينَ(35) Sapunika kula perlu nyingkiraken para mukmin ingkang sami wonten ngriku |
فَمَا وَجَدْنَا فِيهَا غَيْرَ بَيْتٍ مِّنَ الْمُسْلِمِينَ(36) Salebethipun kitha mriku kula boten manggih kajawi namung satunggal griyanipun tiyang ingkang sampun sumarah (Islam) |
وَتَرَكْنَا فِيهَا آيَةً لِّلَّذِينَ يَخَافُونَ الْعَذَابَ الْأَلِيمَ(37) Kula lajeng nilar tetilas wonten ngriku supados dados ayat tandha yektosipun (anggen kula numpes ummatipun Luth) dadosa penget dhateng para tiyang ingkang ajrih siksa ingkang nyakiti |
وَفِي مُوسَىٰ إِذْ أَرْسَلْنَاهُ إِلَىٰ فِرْعَوْنَ بِسُلْطَانٍ مُّبِينٍ(38) Dene cerita lakone Musa uga dadi tandha yekti maneh yaiku anggone Ingsun utus nyurup - nyurupake marang Fir’aun kanthi tandha yekti kang cetha |
فَتَوَلَّىٰ بِرُكْنِهِ وَقَالَ سَاحِرٌ أَوْ مَجْنُونٌ(39) Fir’aun sabalane padha maido, pangucape, "Musa iku yen dudu juru sihir ya wong edan |
فَأَخَذْنَاهُ وَجُنُودَهُ فَنَبَذْنَاهُمْ فِي الْيَمِّ وَهُوَ مُلِيمٌ(40) Fir’aun lan sabalane padha ingsun tumpes sarana disilepake ana segara, sebab dheweke nindakake gaweyan kang hina |
وَفِي عَادٍ إِذْ أَرْسَلْنَا عَلَيْهِمُ الرِّيحَ الْعَقِيمَ(41) Lan maneh lelakone wong ’Aad uga dadi tandha yekti nalika Ingsun ditekani angin kang ngrusakake |
مَا تَذَرُ مِن شَيْءٍ أَتَتْ عَلَيْهِ إِلَّا جَعَلَتْهُ كَالرَّمِيمِ(42) Angin mau manwa nerjang wong ’Aad utawa darbeke, endi kang katrajang mesthi katiwasan |
وَفِي ثَمُودَ إِذْ قِيلَ لَهُمْ تَمَتَّعُوا حَتَّىٰ حِينٍ(43) Cerita tumpese wong Tsamud (ya dadi tandha yekti sawise belih ontaning Allah) banjur didhawuhi padha bungah - bungaha nganti tekan mangsane |
فَعَتَوْا عَنْ أَمْرِ رَبِّهِمْ فَأَخَذَتْهُمُ الصَّاعِقَةُ وَهُمْ يَنظُرُونَ(44) Wong Tsamud mau wis kebacut gumedhe, nglakoni dhawuhe Pangerane, mulane banjur tumpes dening bledheg kabeh padha deleng dheweke |
فَمَا اسْتَطَاعُوا مِن قِيَامٍ وَمَا كَانُوا مُنتَصِرِينَ(45) Sawise katekan siksa (wong Tsamud) ora bisa ngadek lan mlaku ora ana kang katulungan |
وَقَوْمَ نُوحٍ مِّن قَبْلُ ۖ إِنَّهُمْ كَانُوا قَوْمًا فَاسِقِينَ(46) Sadurunge Ingsun numpes ummate Nuh, awit padha duraka kafir |
وَالسَّمَاءَ بَنَيْنَاهَا بِأَيْدٍ وَإِنَّا لَمُوسِعُونَ(47) Langit Ingsun tekake kelawan kuasaningsun, Ingsun iki kuasa kang sabenere |
وَالْأَرْضَ فَرَشْنَاهَا فَنِعْمَ الْمَاهِدُونَ(48) Dene bumi iku Ingsun gawe gelar, Ingsun iki becik - becike kang hanggelar |
وَمِن كُلِّ شَيْءٍ خَلَقْنَا زَوْجَيْنِ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُونَ(49) Samu barang kang dumadi iku akeh kang Ingsun gawe jodhon (lanang - wadon) supaya sira padha mikir |
فَفِرُّوا إِلَى اللَّهِ ۖ إِنِّي لَكُم مِّنْهُ نَذِيرٌ مُّبِينٌ(50) Mulane padha gelis (age - age) ngistokake dhwuhing Allah Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah |
وَلَا تَجْعَلُوا مَعَ اللَّهِ إِلَٰهًا آخَرَ ۖ إِنِّي لَكُم مِّنْهُ نَذِيرٌ مُّبِينٌ(51) Lan aja padha mangro tingal mangeran liyane Allah, Ingsun iki ngelingake kelawan cetha terang saka Allah |
كَذَٰلِكَ مَا أَتَى الَّذِينَ مِن قَبْلِهِم مِّن رَّسُولٍ إِلَّا قَالُوا سَاحِرٌ أَوْ مَجْنُونٌ(52) Mangkono uga wong kuna saben katekan Rasul mesthi padha ngucap, "Kang ngaku Rasul iku yen ora juru sihir hiya wong edan |
أَتَوَاصَوْا بِهِ ۚ بَلْ هُمْ قَوْمٌ طَاغُونَ(53) Apa dheweke padha mekas marang liyane padha dikon ngucap hala marang Rasul? Wong kang ngucap mangkono iku tetep wong padha kesasar |
فَتَوَلَّ عَنْهُمْ فَمَا أَنتَ بِمَلُومٍ(54) Mulane padha malengosa marang wong mangkono mau sira wis ora kahinan awit wis mratakake dhawuh |
وَذَكِّرْ فَإِنَّ الذِّكْرَىٰ تَنفَعُ الْمُؤْمِنِينَ(55) Lan sira tetap ngelingake awit pepiling iku migunani marang wong mukmin |
وَمَا خَلَقْتُ الْجِنَّ وَالْإِنسَ إِلَّا لِيَعْبُدُونِ(56) Anggoningsun gawe jin lan manungsa karsaningsun supaya padha bektia marang Ingsun |
مَا أُرِيدُ مِنْهُم مِّن رِّزْقٍ وَمَا أُرِيدُ أَن يُطْعِمُونِ(57) Titah mau ora Ingsun kersakkae golek rizki konjuk ing Ingsun, lan Ingsun oran ngersakake kanggo ngingoni aku |
إِنَّ اللَّهَ هُوَ الرَّزَّاقُ ذُو الْقُوَّةِ الْمَتِينُ(58) Satemene Allah iku paring rizki tur prakosa banget |
فَإِنَّ لِلَّذِينَ ظَلَمُوا ذَنُوبًا مِّثْلَ ذَنُوبِ أَصْحَابِهِمْ فَلَا يَسْتَعْجِلُونِ(59) Sarupane wong kang nganiaya awake dhewe iku duwe bagian siksa kaya bageyan kancane wong kafir kuna (kang wis padha tumpes) dadi wis ora anggege siksa |
فَوَيْلٌ لِّلَّذِينَ كَفَرُوا مِن يَوْمِهِمُ الَّذِي يُوعَدُونَ(60) Siksa kang abot patrapane para wong kafir besuk qiyamat kang wis ditemokake dening Allah |