PDF —
8 Ayat Medinan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Bayyinah pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Bayyinah pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Bayyinah Terjemah. Surat Al-Bayyinah (Medinan) 8 Ayat.

← Al-QadrSurat Al-Bayyinah Az-Zalzalah →


8 Ayat · Medinan · Jawa
bismillah
ﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣ
98:1 Sarupane wong kafir kang padha duwe wewatun Kitab, lan wong kang padha nyembah brahala ora gelem mareni kafir ngati katekan tandha yekti
ﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪ
98:2 (Muhammad) iku utusaning Allah ngundhangake Quran kang suci
ﮫﮬﮭﮮ
98:3 Ing jerone mratelakake hukum kang bener
ﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛ
98:4 Lan para kang wis kaparingan kitab mau anggone padha pasulayan (bab pangandel marang Muhammad) sawuse katekan tandha yekti
ﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬﯭ
98:5 Lan dheweke iku ora diparentahi apa - apa kajaba laladi ing Allah jejeg anggone nglakoni agamane, lan nglakoni sholat, bayar zakat, hiya iku agama kang bener
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢ
98:6 Sarupane wong kafir kang nduwe wewaton kitab lan wong kang nyembah brahala, ing tembe disiksa ing neraka Jahanam langgeng salawase awit dheweke titahe Allah kang hala dhewe
ﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬ
98:7 Dene sarupane wong kang angestu lan nindakake panggawe becik yaiku becik-beciking manungsa
ﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷﭸﭹﭺﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄ
98:8 Ana ngarsaning Pangeran bakal padha diganjar suwarga ’Adn kang ana bengawane mili ana sangisore kekayon ing kono langgeng salawase Allah rena marang dheweke lan dheweke rena marang Panjenengane. Mangkono uku tumrap sapa ing wedi marang Pangerane

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers