8 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮣﮤﮥ
102:1 Sumugih iku nglalekake anggonira ngabekti ing Allah
ﮦﮧﮨﮩ
102:2 Nganti tekan anggonira ngalih marang kubur
ﮪﮫﮬﮭ
102:3 Anggonira sumugih iku luput, ing tembe sira mesthi weruh nyatane
ﮮﮯﮰﮱﯓ
102:4 Luput temenan panemu ira, ing tembe sira weruh temenan nyatane
ﯔﯕﯖﯗﯘﯙ
102:5 Temen, menawa sira weruh ilmu kang nyata mesthi ora lali ngabekti ing Allah
ﯚﯛﯜ
102:6 Ing tembe sira mesthi andeleng neraka jahim
ﯝﯞﯟﯠﯡ
102:7 Handeleng kelawan kasat mata
ﯢﯣﯤﯥﯦﯧ
102:8 Sira banjur didangu sarupaning kabungahan paparinging Allah nalika ing donya, ya gene ora padha syukur

Al-Quran


Tuesday, September 29, 2026

Don't forget us in your sincere prayers