Yaa ayyuhal lazeena aamanoo izaa jaaa`akumul mu`minaatu muhaajiraatin famtah inoohunna Allaahu a`lamu bieemaanihinna fa in `alimtumoohunna mu`minaatin falaa tarji`oohunna ilal kuffaar; laa hunna hillul lahum wa laa hum uahilloona lahunna wa aatoohum maa anfaqoo wa laa junaaha `alaikum an tankihoohunna izaaa aataitumoohunna ujoorahunn; wa laa tumsikoo bi `isamil kawaafiri was`aloo maaa anfaqtum walyas`aloo maaa anfaqoo zaalikum hukmul laahi yahkumu bainakum wallaahu `aleemun hakeem
📖 Terjemah (Ing Basa Jawa)
📖 Ing Basa Jawa
Para mukmin! Manawa ana wong wadon (ngaku) Islam lunga (hijrah) saka panggonane wong kafir iku sira coba-a kelawan disumpah temen mung neja dhemen agama Islam, Allah nguningani temen lan gorohe anggone ngaku percaya ing Allah. Dene manawa sira ngira yen Islam temenan marga gelem sumpah aja sira balekake marang wong kafir. Para wadon mau ora wenang dadi rabine wong kafir, uga wong kafir hiya ora wenang dadi rabi wong wadon mau. Dene maskawin kang wis dibayar balekna. Manawa sira arep nikah wong wadon mau ora ana alangane yen sira bayar maskawine. Sira aja mengku rabi wong wadon kafir, lan sira nagiha maskawine rabinira kang wis sira bayar (manawa rabinira dadi kafir). Mangkono maneh wong kafir manawa rabine dadi Islam, hiya nagiha maskawine kang wis dibayar. Mangkono hukume Allah aknggo ngadili sira kabeh. Allah iku nguningani tur wicaksana
🌐 Additional reference in Bahasa Indonesia
🌐 Bahasa Indonesia
Hai orang-orang yang beriman, apabila datang berhijrah kepadamu perempuan-perempuan yang beriman, maka hendaklah kamu uji (keimanan) mereka. Allah lebih mengetahui tentang keimanan mereka; maka jika kamu telah mengetahui bahwa mereka (benar-benar) beriman maka janganlah kamu kembalikan mereka kepada (suami-suami mereka) orang-orang kafir. Mereka tiada halal bagi orang-orang kafir itu dan orang-orang kafir itu tiada halal pula bagi mereka. Dan berikanlah kepada (suami suami) mereka, mahar yang telah mereka bayar. Dan tiada dosa atasmu mengawini mereka apabila kamu bayar kepada mereka maharnya. Dan janganlah kamu tetap berpegang pada tali (perkawinan) dengan perempuan-perempuan kafir; dan hendaklah kamu minta mahar yang telah kamu bayar; dan hendaklah mereka meminta mahar yang telah mereka bayar. Demikianlah hukum Allah yang ditetapkan-Nya di antara kamu. Dan Allah Maha Mengetahui lagi Maha Bijaksana.
1) Tegese tembung-tembung kang perlu dijlentrehake:
مُهَاجِرَاتٍ (muhājirāt): wong-wong wadon kang padha pindhah (hijrah) saka negara kafir menyang negara Islam.
فَامْتَحِنُوهُنَّ (famtaḥinūhunna): padha nyobanen (nguji) dheweke, yaiku nyoba sejati apa ora imane.
عِصَمِ الْكَوَافِرِ (‘iṣamil-kawāfir): tali nikah karo wong wadon kafir; "isam" tegese ikatan utawa tali kang dadi sebab kekancan nikah.
أُجُورَهُنَّ (ujūrahunna): mas kawine (mahar) dheweke.
حِلٌّ (ḥillun): halal, yaiku ora dilarang kanggo nikah.
2) Katrangan tafsir ayat:
Hei wong-wong kang padha iman marang Allah lan nglakoni syari'ate, yen ana wong-wong wadon mukmin kang padha hijrah saka negara kafir menyang negara Islam, padha nyobanen dheweke supaya ngerti sejati apa ora imane. Allah luwih ngerti marang imane dheweke, ora ana barang kang ndhelik ing atine kang ora dingerteni dening Allah. Yen sawise diuji katon nyata yen dheweke pancen wong-wong wadon mukmin, aja padha dibalekake marang bojone kang padha kafir. Wong wadon mukmin iku ora halal nikah karo wong kafir, lan wong kafir uga ora halal nikah karo wong wadon mukmin. Padha wenehanana marang bojone kang kafir dhuwit kang wis dibuwang kanggo mahar. Ora ana dosa tumrap kowe kabeh yen arep nikahi dheweke sawise mbayar mahare. Lan aja padha tetep nyekel tali nikah karo wong wadon kafir, lan padha njaluka marang wong kafir apa kang wis mbok buwang kanggo mahar bojomu kang murtad, lan wong kafir uga padha njaluk apa kang wis dibuwang kanggo mahar bojone kang padha mlebu Islam. Kabeh iku mau yaiku hukume Allah kang diputusake ing antarane kowe kabeh, mula aja padha nglanggar. Allah iku Maha Ngerti marang kahanane para kawulane lan Maha Wicaksana ing sakabehe hukume.
3) Faedah-faedah kang bisa dijupuk saka ayat iki:
Ayat iki mulangake yen iman iku dadi dhasar kang paling utama ing hubungan antarane manungsa, ngungkuli hubungan getih lan hubungan negara.
Islam ngajeni marang wong wadon kanthi menehi perlindungan lan kamulyan; wong wadon mukmin ora dipasrahake marang wong kafir kang bisa ngrusak agamane.
Ayat iki nuduhake yen Islam iku agama kang adil, ora mung mihak siji, nanging uga ngatur hak-hak saben pihak kanthi seimbang, kalebu mbalekake mahar marang bojone kang kafir.
Kabeh aturan ing ayat iki minangka hukume Allah kang kudu dituruti kanthi ikhlas, amarga Allah iku Maha Ngerti lan Maha Wicaksana marang apa kang paling apik kanggo kawulane.
Ayat iki nuwuhake rasa tresna marang Islam, amarga Islam ora mung ngatur bab ibadah, nanging uga ngatur urusan kulawarga lan masyarakat kanthi cara kang paling apik lan paling adil.
Para mukmin! Manawa ana wong wadon (ngaku) Islam lunga (hijrah) saka panggonane wong kafir iku sira coba-a kelawan disumpah temen mung neja dhemen agama Islam, Allah nguningani temen lan gorohe anggone ngaku percaya ing Allah. Dene manawa sira ngira yen Islam temenan marga gelem sumpah aja sira balekake marang wong kafir. Para wadon mau ora wenang dadi rabine wong kafir, uga wong kafir hiya ora wenang dadi rabi wong wadon mau. Dene maskawin kang wis dibayar balekna. Manawa sira arep nikah wong wadon mau ora ana alangane yen sira bayar maskawine. Sira aja mengku rabi wong wadon kafir, lan sira nagiha maskawine rabinira kang wis sira bayar (manawa rabinira dadi kafir). Mangkono maneh wong kafir manawa rabine dadi Islam, hiya nagiha maskawine kang wis dibayar. Mangkono hukume Allah aknggo ngadili sira kabeh. Allah iku nguningani tur wicaksana
Allah ora nglarangi marang sira, gawe becik lan nindakake adil utawa tepa - tepa marang para wong kafir kang ora perang ngelawan sira perkara rebutan agama, lan ora ngusir saka imahira. Satemene Allah iku remen wong kang padha nindakake tepa utawa adil
Kang mesthi dilarang dening Allah menawa sira gawe becik utawa asih marang wong kafir kang perang nglawan sira omahira (negaramu) lan bantu (wong liya) kanggo ngusir sira. Sing sapa asih utawa gawe becik marang wong kafir mau iku dheweke nganiaya awake dhewe
Para mukmin! Manawa ana wong wadon (ngaku) Islam lunga (hijrah) saka panggonane wong kafir iku sira coba-a kelawan disumpah temen mung neja dhemen agama Islam, Allah nguningani temen lan gorohe anggone ngaku percaya ing Allah. Dene manawa sira ngira yen Islam temenan marga gelem sumpah aja sira balekake marang wong kafir. Para wadon mau ora wenang dadi rabine wong kafir, uga wong kafir hiya ora wenang dadi rabi wong wadon mau. Dene maskawin kang wis dibayar balekna. Manawa sira arep nikah wong wadon mau ora ana alangane yen sira bayar maskawine. Sira aja mengku rabi wong wadon kafir, lan sira nagiha maskawine rabinira kang wis sira bayar (manawa rabinira dadi kafir). Mangkono maneh wong kafir manawa rabine dadi Islam, hiya nagiha maskawine kang wis dibayar. Mangkono hukume Allah aknggo ngadili sira kabeh. Allah iku nguningani tur wicaksana
Menawa sira ora bisa nagih maskawine rabinira kang dadikafir kang mangka sira banjur menang perang ngelawan wong kafir mau iku kang rabine lunga dadi kafir mau sira paringana panduman jarahan sapira akehe maskawin kang wis dibayar, sira padha bektia ing Allah kang sira percaya
Hai Nabi (Muhammad) manawa sira katekan wong mukmin wadon prasetya ing sira ora bakal mangro tinggal percayane ing Allah, ora bakal ngolong, zina, mateni anake lan ora bakal ngapusi (gawe - gawe) ngaku anak (bocah) kang satemene dudu anake diakokake anak patutan saka lakine marga wedi dipegat jalaran ora ngalihare anak, lan ora nglirwakake panggawe becik kang sira perintahake sira tampanana prasetyane sarta suwuna pangapuraning Allah, satemene Allah kepareng ngapura tur maha asih
Surat Al-Mumtahanah Ayat 10 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Para mukmin! Manawa ana wong wadon (ngaku) Islam lunga (hijrah)…
Surat Ayat 10/13 — Surat Al-Mumtahanah الممتحنة (Medinan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Al-Mumtahanah Rungokna, Surat Al-Mumtahanah Terjemah, Surat Al-Mumtahanah mp3, Surat Al-Mumtahanah pdf. Ayat 8–12. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.
SurahQuran.com was founded as a humble effort to serve the Noble Book and the pure Sunnah, to invite people to Allah, and to make the religious sciences accessible according to the methodology of the Quran and Sunnah. We praise and thank Allah for His grace, and we ask Him to accept our work and make it sincere for His noble Face.