Surat Al-A'la Arab lan Basa Jawa

Wacanen Surat Al-A'la kanthi terjemahan Basa Jawa sing jangkep lan audio murottal. Terjemah ayat siji-sijine. (19 Ayat — مكية). Al-A'la Rungokna, Al-A'la Terjemah, Al-A'la mp3, Al-A'la pdf.

Wacanen lan Rungokna Surat Al-A'la

🎧 Ayat
M Mishary Rashid Alafasy
M Mahmoud Khalil Al-Husary
A Abdurrahman As-Sudais
M Mohamed Siddiq Al-Minshawi
A Abdul Basit Abdul Samad
A Ali Al-Hudhaify
A Ahmed ibn Ali al-Ajamy
A Abu Bakr Ash-Shaatree
M Muhammad Ayyoub
A Abdullah Basfar
A Abdullah Al-Juhani
M Maher Al Muaiqly
x1
سَبِّحِ اسْمَ رَبِّكَ الْأَعْلَى ۝١
📖 Terjemah Ayat 1
Nyebuta Maha Suci tumrap asmane Allah Pangeranira kang Maha Luhur
الَّذِي خَلَقَ فَسَوَّىٰ ۝٢
📖 Terjemah Ayat 2
Kang wis gawe samu barang kelawan prayoga
وَالَّذِي قَدَّرَ فَهَدَىٰ ۝٣
📖 Terjemah Ayat 3
Lan mesthi kahanane samu barang mau ala lan becik atas kersane pribadi nuli nuduhake barang kang amrih becik
وَالَّذِي أَخْرَجَ الْمَرْعَىٰ ۝٤
📖 Terjemah Ayat 4
Lan kang angetokake thethukulan
فَجَعَلَهُ غُثَاءً أَحْوَىٰ ۝٥
📖 Terjemah Ayat 5
Sawuse ijo dikersakake garing warnane abang semu kuning
سَنُقْرِئُكَ فَلَا تَنسَىٰ ۝٦
📖 Terjemah Ayat 6
Ingsun bakal mulang Qur’an maran sira (Muhammad) lan sira ora bakal lali
إِلَّا مَا شَاءَ اللَّهُ ۚ إِنَّهُ يَعْلَمُ الْجَهْرَ وَمَا يَخْفَىٰ ۝٧
📖 Terjemah Ayat 7
Kajaba barang kang dikersaake Allah, satemene Allah iku nguningani panggawe lan pangucap nyata lan samar - samar
وَنُيَسِّرُكَ لِلْيُسْرَىٰ ۝٨
📖 Terjemah Ayat 8
Lan Ingsun nulungi sira anglakoni dalan kang gampang
فَذَكِّرْ إِن نَّفَعَتِ الذِّكْرَىٰ ۝٩
📖 Terjemah Ayat 9
Mulane aweha pepeling, satemene pepeling iku migunani
سَيَذَّكَّرُ مَن يَخْشَىٰ ۝١٠
📖 Terjemah Ayat 10
Sapa sing wedi ing Allah, bakal ngestokake pepeling
وَيَتَجَنَّبُهَا الْأَشْقَى ۝١١
📖 Terjemah Ayat 11
Dene wong kang cilaka bakal angedohi
الَّذِي يَصْلَى النَّارَ الْكُبْرَىٰ ۝١٢
📖 Terjemah Ayat 12
Yaiku kang bakal nyemplung geni gedhe
ثُمَّ لَا يَمُوتُ فِيهَا وَلَا يَحْيَىٰ ۝١٣
📖 Terjemah Ayat 13
Ana ing kana banjur ora mati lan ora urip
قَدْ أَفْلَحَ مَن تَزَكَّىٰ ۝١٤
📖 Terjemah Ayat 14
Sayekti bakal begja sapa sing anuceni dhirine
وَذَكَرَ اسْمَ رَبِّهِ فَصَلَّىٰ ۝١٥
📖 Terjemah Ayat 15
WOng mau nyebut asmaning Allah pangerane lan anglakoni sholat
بَلْ تُؤْثِرُونَ الْحَيَاةَ الدُّنْيَا ۝١٦
📖 Terjemah Ayat 16
Nanging sira padha milih kauripan dunya
وَالْآخِرَةُ خَيْرٌ وَأَبْقَىٰ ۝١٧
📖 Terjemah Ayat 17
Kabegjan ing akherat iku luwih becik tur langgeng (ngungkuli kabungahan dunya)
إِنَّ هَٰذَا لَفِي الصُّحُفِ الْأُولَىٰ ۝١٨
📖 Terjemah Ayat 18
Wewulang sing wis kasebut mau, uga kasebut ana ing Kitab kang kuna - kuna
صُحُفِ إِبْرَاهِيمَ وَمُوسَىٰ ۝١٩
📖 Terjemah Ayat 19
Kitabe(Shuhuf) Ibrahim lan Kitabe (Shuhuf) Musa
← 86 Al-A'la (87/114) 88 →
Waca Surat Al-A'la Basa Jawa – Terjemah lan Audio

87الأعلى Al-A'la 📚 19 Ayat مكية

Ayat siji-sijine – Surat Al-A'la — 19 Ayat




Al-Quran


Tuesday, August 18, 2026

Don't forget us in your sincere prayers