Surat Al-Ghasyiyah Arab lan Basa Jawa

Wacanen Surat Al-Ghasyiyah kanthi terjemahan Basa Jawa sing jangkep lan audio murottal. Terjemah ayat siji-sijine. (26 Ayat — مكية). Al-Ghasyiyah Rungokna, Al-Ghasyiyah Terjemah, Al-Ghasyiyah mp3, Al-Ghasyiyah pdf.

Wacanen lan Rungokna Surat Al-Ghasyiyah

🎧 Ayat
M Mishary Rashid Alafasy
M Mahmoud Khalil Al-Husary
A Abdurrahman As-Sudais
M Mohamed Siddiq Al-Minshawi
A Abdul Basit Abdul Samad
A Ali Al-Hudhaify
A Ahmed ibn Ali al-Ajamy
A Abu Bakr Ash-Shaatree
M Muhammad Ayyoub
A Abdullah Basfar
A Abdullah Al-Juhani
M Maher Al Muaiqly
x1
هَلْ أَتَاكَ حَدِيثُ الْغَاشِيَةِ ۝١
📖 Terjemah Ayat 1
Apa sira wis tampa dhawuh bab dina Piwales
وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ خَاشِعَةٌ ۝٢
📖 Terjemah Ayat 2
Ing dina iku akeh awak padha konjem
عَامِلَةٌ نَّاصِبَةٌ ۝٣
📖 Terjemah Ayat 3
Padha ngelakoni kangelan lan rekasa
تَصْلَىٰ نَارًا حَامِيَةً ۝٤
📖 Terjemah Ayat 4
Lumebu ing geni murub
تُسْقَىٰ مِنْ عَيْنٍ آنِيَةٍ ۝٥
📖 Terjemah Ayat 5
Diombeni saka sumber umob (kang panase hangluwihi)
لَّيْسَ لَهُمْ طَعَامٌ إِلَّا مِن ضَرِيعٍ ۝٦
📖 Terjemah Ayat 6
Ora padha oleh pangan, kejaba eri
لَّا يُسْمِنُ وَلَا يُغْنِي مِن جُوعٍ ۝٧
📖 Terjemah Ayat 7
Ora bisa ngelemoni lan ora maregi
وُجُوهٌ يَوْمَئِذٍ نَّاعِمَةٌ ۝٨
📖 Terjemah Ayat 8
Ing dina iku uga akeh awak padha kapenak
لِّسَعْيِهَا رَاضِيَةٌ ۝٩
📖 Terjemah Ayat 9
Padha lega atine marga anggone ngelakoni panggawe becik
فِي جَنَّةٍ عَالِيَةٍ ۝١٠
📖 Terjemah Ayat 10
Manggon ana ing taman kang linuhung
لَّا تَسْمَعُ فِيهَا لَاغِيَةً ۝١١
📖 Terjemah Ayat 11
Ana ing kono sira ora tahu krungu pangucap hala
فِيهَا عَيْنٌ جَارِيَةٌ ۝١٢
📖 Terjemah Ayat 12
Ing kono ana bengawane mili
فِيهَا سُرُرٌ مَّرْفُوعَةٌ ۝١٣
📖 Terjemah Ayat 13
Ing kono ada dhampare kang tinata dhuwur
وَأَكْوَابٌ مَّوْضُوعَةٌ ۝١٤
📖 Terjemah Ayat 14
Sarta pinggan unjukan kang wus tinata
وَنَمَارِقُ مَصْفُوفَةٌ ۝١٥
📖 Terjemah Ayat 15
Lan bantal kang jejer - jejer
وَزَرَابِيُّ مَبْثُوثَةٌ ۝١٦
📖 Terjemah Ayat 16
Apa dene babut kang gumelar
أَفَلَا يَنظُرُونَ إِلَى الْإِبِلِ كَيْفَ خُلِقَتْ ۝١٧
📖 Terjemah Ayat 17
Lah apa ta dheweke padha ora angawase marang onta kapriye anggone tinitahake
وَإِلَى السَّمَاءِ كَيْفَ رُفِعَتْ ۝١٨
📖 Terjemah Ayat 18
Lan marang langit kapriye anggone ginawe dhuwur
وَإِلَى الْجِبَالِ كَيْفَ نُصِبَتْ ۝١٩
📖 Terjemah Ayat 19
Lan gunung - gunung anggone padha didegake
وَإِلَى الْأَرْضِ كَيْفَ سُطِحَتْ ۝٢٠
📖 Terjemah Ayat 20
Lan bumi anggone di gelar
فَذَكِّرْ إِنَّمَا أَنتَ مُذَكِّرٌ ۝٢١
📖 Terjemah Ayat 21
Sira Ingsun kersakake memulang, mulane memulang (menehi pepiling)
لَّسْتَ عَلَيْهِم بِمُصَيْطِرٍ ۝٢٢
📖 Terjemah Ayat 22
Sira dudu wajibe meksa marang dheweke
إِلَّا مَن تَوَلَّىٰ وَكَفَرَ ۝٢٣
📖 Terjemah Ayat 23
Amung wong - wong kang malengos lan maido
فَيُعَذِّبُهُ اللَّهُ الْعَذَابَ الْأَكْبَرَ ۝٢٤
📖 Terjemah Ayat 24
Allah bakal nyiksa kelawan siksa kang gedhe
إِنَّ إِلَيْنَا إِيَابَهُمْ ۝٢٥
📖 Terjemah Ayat 25
Satemene manungsa iku kabeh bakal padha bali marang ngarsaningsun (Allah)
ثُمَّ إِنَّ عَلَيْنَا حِسَابَهُم ۝٢٦
📖 Terjemah Ayat 26
Nuli padha Ingsun timbang hala becike
← 87 Al-Ghasyiyah (88/114) 89 →
Waca Surat Al-Ghasyiyah Basa Jawa – Terjemah lan Audio

88الغاشية Al-Ghashiyah 📚 26 Ayat مكية

Ayat siji-sijine – Surat Al-Ghasyiyah — 26 Ayat




Al-Quran


Tuesday, August 18, 2026

Don't forget us in your sincere prayers