PDF —
56 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Muddassir pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Muddassir pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Muddassir Terjemah. Surat Al-Muddassir (Meccan) 56 Ayat.

← Al-MuzammilSurat Al-Muddassir Al-Qiyamah →


56 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮪﮫﮬ
74:1 wengi. Lan shabatira sagolongan hiya padha mangkono. Allah nemtokake dawa cendhake rina lan wengi, nguningani yen sira padha ora kelar sholat samono suwene mau kajaba kelawan rekasa, mulane Allah muwung marang sira. Sarehne mangkono sira macaa al-Quran sakuwasanira ana sajerone sholat. Allah nguningani yen sira iku bakal ana kang nandhang lara banjur rekasa sholat ing wayah wengi lan ana uga kang padha mlaku lelungan ing bumi ngupaya jiwa golek rizki kanugrahaning Allah lan ana uga kang padha perang ing dalaning Allah, mulane sira padhaa maca al-Quran sakuwasanira lan ngakonana sholat, bayar zakat, padha motangna becik marang Allah. Samu barang kabecikan kang padha sira lakoni bakal nemu ganjran becik ana ngarsaning Allah ngungkuli kabecikan kang sira lakoni ing buri. Lan nyuwuna pangapuraning Allah, satemene Allah iku karsa ngapura tur maha asih. . He wong kang mujung (Muhammad)
ﮭﮮﮯ
74:2 Sira ngadeka lan elingna
ﮰﮱﯓ
74:3 Lan nyebuta Maha Agung ing Allah Pangeranira
ﯔﯕﯖ
74:4 Tuwin angresikna sasandanganira
ﯗﯘﯙ
74:5 Apa dene angedohna jejember
ﯚﯛﯜﯝ
74:6 Lan aja weweh murih wewales kang luwih akeh
ﯞﯟﯠ
74:7 Lan sabara karana ngelakoni parentahe Pangeranira
ﯡﯢﯣﯤﯥ
74:8 Amarga samangsa slompret tiniyub
ﯦﯧﯨﯩﯪ
74:9 Ing dina iku kena diarani dina rekasa
ﯫﯬﯭﯮﯯ
74:10 TUmrap engatase para wong kafir ora pisan gampang
ﯰﯱﯲﯳﯴ
74:11 Tona wae Ingsun dheweke karo wong kang wus Ingsun titahake
ﯵﯶﯷﯸﯹ
74:12 Lan wis Ingsun paringi bandha kang omber
ﯺﯻﯼ
74:13 Uga Ingsun paringin anak lanang akeh padha nglumpuk
ﯽﯾﯿﰀ
74:14 Tuwin perkarane Ingsun tata sarwa tumata
ﰁﰂﰃﰄﰅ
74:15 Ewa dene dheweke isih angajab Ingsun wuwuhana
ﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌ
74:16 Ora pisan - pisan! Sayekti dheweke amilawani timbalan - timbalan Ingsun
ﰍﰎﰏ
74:17 Ingsun bakal anibakake siksa kang nyusahake marang dheweke
ﰐﰑﰒﰓ
74:18 Sayekti, dheweke mikir - mikir sarta anetepake
ﭑﭒﭓﭔ
74:19 Ananging marga siniku, kapriye anggone netepake
ﭕﭖﭗﭘﭙ
74:20 Maneh, muga siniku kapriye anggone netepake
ﭚﭛﭜ
74:21 Banjur angawasake
ﭝﭞﭟﭠ
74:22 Tumuli mrengut sarta nyawang sumengit
ﭡﭢﭣﭤ
74:23 Banjur mungkur sarta gumedhe
ﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫ
74:24 Banjur celathu, "Al-Quran iki ora liya kajaba sihir kang disinau (saka wong - wong biyen)
ﭬﭭﭮﭯﭰﭱ
74:25 (Al-Quran) iki ora liya mung pangucaping manungsa wae
ﭲﭳﭴ
74:26 Dheweke bakal Ingsun cemplungake neraka saqar
ﭵﭶﭷﭸﭹ
74:27 Kapriye panemunira, apa kang aran neraka saqar
ﭺﭻﭼﭽﭾ
74:28 Neraka saqar mau ora ngawetake, sadhengah kang kacemplung ing kono mesthi rusak
ﭿﮀﮁ
74:29 Tur gosongake kulit
ﮂﮃﮄﮅ
74:30 Ing kono ana (Malaikat) kang anjaga
ﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤ
74:31 Lan ora liya kajaba Malaikat kang Ingsun dadekake panjaganing geni, sarta wilangane iku ora liya kajaba mung Ingsun dadekake coba tumrap wong kang padha kafir, supaya para kang kaparingan Kitab padha yakin, sarta para kang padha iman pada wuwuh imane, apa dene (supaya) ora padha semang - semang para kang kaparingan kitab lan para mukminin, sarta supaya para kang sajeroning atine ana lelarane sarta para kafir padha elathir: apa ta kersaning Allah andamel sanepa iki? Iya kaya mangkono iku anggone Allah andadekake sasare sapa kang dadi karsane, sarta aparing pituduh (marang) sapa sing dadi kersane, lan ora ana kang weruh wedyabalane Pangeranira kajaba mung Panjenengane, lan iki ora liya kajaba pepeling tumrap para manungsa
ﯥﯦﯧ
74:32 Demi rembulan, wong kafir ora pisan ngistokake wewulanging al-Quran
ﯨﯩﯪﯫ
74:33 Demi wengi nalikane mungkur
ﯬﯭﯮﯯ
74:34 Demi wajah Shubuh nalikane padhang
ﯰﯱﯲﯳ
74:35 Temen neraka Saqar iku ewone bebaya kang gedhe
ﯴﯵﯶ
74:36 Kanggo medheni marang manungsa
ﯷﯸﯹﯺﯻﯼﯽﯾ
74:37 Tumrap wong kancanira kang arep maju pracaya (al-Quran) utawa mundur ora pracaya
ﯿﰀﰁﰂﰃﰄ
74:38 Sarupaning awak iku kaiket (tanggung jawab) karo sabarang panggawene
ﰅﰆﰇﰈ
74:39 Kajaba para kang ana ing tangan tengen
ﰉﰊﰋﰌ
74:40 Ana sajeroning patamanan bakal padha takon - takon
ﰍﰎﰏ
74:41 Prakara wong kang padha dosa
ﰐﰑﰒﰓﰔ
74:42 Punapa marganipun sampeyan wonten ing salebeting neraka
ﰕﰖﰗﰘﰙﰚ
74:43 Bakal padha mangsuli, "Kula punika sanes golonganipun tiyang ingkang sami sholat
ﰛﰜﰝﰞﰟ
74:44 Lan kula boten nate nyukani tedha tiyang miskin
ﰠﰡﰢﰣﰤ
74:45 Sarta damel kula omong lelahanan kaliyan tiyang ingkang damelipun omong lelahanan
ﰥﰦﰧﰨﰩ
74:46 Sarta kula punika mahiben badhe kalampahipun dinten piwale
ﰪﰫﰬﰭ
74:47 Ngantos datengipun pejah kula
ﭑﭒﭓﭔﭕ
74:48 (Pangendikaning Allah) Mulane syafa’ate para juru syafaat ora bakal migunani marang dheweke
ﭖﭗﭘﭙﭚﭛ
74:49 Lan apa ta pakolehe anggone wong mau padha lumuh nistakake saka pepeling (al-Quran)
ﭜﭝﭞﭟ
74:50 Kaya dene kuldi (keledai liar) kang kaget
ﭠﭡﭢﭣ
74:51 Kan anggeblas ngoncati: singo barong
ﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭ
74:52 Balik dheweke, siji - sijine padha angajab diparingana dhewe - dhewe lembaran kang ginelar
ﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴ
74:53 Ora bakal (dipituruti panjaluke) balik dheweke padha ora wedi marang akherat
ﭵﭶﭷﭸ
74:54 Temen iku sawijining pepeling
ﭹﭺﭻﭼ
74:55 Lah sapa sing gelem, angelangana iku
ﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉ
74:56 Lan ora bakal padha angelingi, kejaba sing dadi kaparenging Allah. Panjenengane iku panthes diestokake dhawuhe lan pantes aparing pangapura

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers