PDF —
55 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Qamar pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Qamar pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Qamar Terjemah. Surat Al-Qamar (Meccan) 55 Ayat.

← An-NajmSurat Al-Qamar Ar-Rahman →


55 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮬﮭﮮﮯﮰ
54:1 Saiki dina qiyamat wis cedhak lan rembulan sigar dadi loro
ﮱﯓﯔﯕﯖﯗﯘﯙ
54:2 Lan menawa dheweke (wong - wong musyrikin) deleng ayat kehelokan (mu’jizat) padha mlengos. Pangucape, "Iki sihir linuwih
ﯚﯛﯜﯝﯞﯟﯠﯡ
54:3 Lan dheweke maido (Nabi) lan gugu karepe dhewe. Samu barang prakara wis ana kepesten kang tetep
ﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩ
54:4 Lan satemene wis teka marang dheweke pirang - pirang cerita isi pitutur pamenging (nyegah kafir)
ﯪﯫﯬﯭﯮﯯﯰ
54:5 Ayat mahu kawicaksanan kang bener banget, mula pepiling mau ora piguna (kanggo dheweke si kafir)
ﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺ
54:6 Mulane sira mlengosa marang wong kafir mau. Besuk qiyamat nalika malaikat damu sempronge sarta ngundang - ngundang marang barang kang dipaido dening wong akeh
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙ
54:7 Pandelenge padha konjem, dene manungsa padha metu saka kubure memper walang kang bingung
ﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢﭣ
54:8 Padha rebut dhujang (rikat) marani pangundang mau. Wong - wong kafir padha ngucap, "iki dina kang rekasa
ﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭﭮ
54:9 Sadurunge dheweke, para umate Nuh biyen hiya padha maido marang kawulaningsun Nuh. Pangucape, "Nuh iku wong edan", lan padha nganiaya
ﭯﭰﭱﭲﭳﭴ
54:10 Bareng wis lawas Nuh banjur nyenyuwun ing Pangerane, "Kawula kawon kaliyan ummat kawula, mila mugi Paduka paring pitulung
ﭵﭶﭷﭸﭹﭺ
54:11 Ingsun (Allah) banjur bukak lawanging langit nuli metu banyu kang sok - sokan
ﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄ
54:12 Apadene bumi Ingsun kersakake ngetokake tuk banyu tanpa wilangan banjur tempuk banyu saka dhuwur lan banyu saka ngisor netepi perintah kang pinasthi
ﮅﮆﮇﮈﮉﮊ
54:13 Nuh sakancane Ingsun tunggangake perahu kang ginawe saka blabag nganggo dipaku
ﮋﮌﮍﮎﮏﮐﮑ
54:14 Mlaku ana ing ngarsaningsun, ganjarane Allah pitulung marang Nuh kang dipaido umate
ﮒﮓﮔﮕﮖﮗﮘ
54:15 Perahu mau dilestarekake nganti lawas minangka tandha yekti, mulane wong kang keri padha elinga lelakon mau
ﮙﮚﮛﮜﮝ
54:16 Mulane kepiye kahanane wewaden lan siksaningsun
ﮞﮟﮠﮡﮢﮣﮤﮥ
54:17 Saiki Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane, mulane padha nyinaua
ﮦﮧﮨﮩﮪﮫﮬ
54:18 Biyen kaum ’Aad padha maido ing Rosule. Kapriye kahanane wewaden lan siksaningsun marang wong ’Aad
ﮭﮮﮯﮰﮱﯓﯔﯕﯖﯗ
54:19 Allah nglakokake angin lesus kang banter nemppuh marang wong ’Aad mau ing dina Sangar kang lestari terus - terusan
ﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞ
54:20 Angin mau numpes kabeh nganti glasah kaya wit kurma padha ambruk
ﯟﯠﯡﯢﯣ
54:21 Kapriye ta hanane wewaden lan siksaningsun
ﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫ
54:22 Satemene Ingsun Allah wis gelarake al-Quran gampang diweruhi surasane mulane padha ngestokna
ﯬﯭﯮﯯ
54:23 Biyen wong Tsamud uga padha maido (wulangane Sholih)
ﯰﯱﯲﯳﯴﯵﯶﯷﯸﯹﯺ
54:24 Pangucape, "Ya gene aku manut marang wong siji tunggalku. yen mangkono aku rak klebu ing penasaran lan diarani wong edan
ﯻﯼﯽﯾﯿﰀﰁﰂﰃﰄ
54:25 Apa dhawuhing Allah mung didhawuake marang wong siji (Sholih wae) liyane ora diparingi dhawuh? Tetela Sholih iku tukang goroh lan gumedhe
ﰅﰆﰇﰈﰉﰊ
54:26 Besuk ing akherat bakal weruh nyatane sapa kang gumedhe lan tukang goroh
ﰋﰌﰍﰎﰏﰐﰑﰒ
54:27 Sejatine Ingsun bakal ngirimake onta wadon minangka tandha yekti lan panyoba, kanggo wong Tsamud. Saiki (Shalih) narimoha wae titenana piye
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚ
54:28 Wong Tsamud padha dhawuhana anane banyu iku didumake marang onta lan dheweke, Kabeh padha kena gilirane. (sakdine kanggo wong Tsamud lan sedina maneh ontane)
ﭛﭜﭝﭞﭟ
54:29 Dheweke wong Tsamud banjur ngundang kancane nedya mateni. Onta mau banjur dicekel banjur dipateni
ﭠﭡﭢﭣﭤ
54:30 Kepriye ta kahanane wewaden lan siksaningsun
ﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬﭭ
54:31 Allah banjur ngutus Jibril kanthi suwara banter, wong Tsamud banjur tumpes sanalika ambruk kaya kayu garing wis mopol
ﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵ
54:32 Satemene Allah wis gampangake al-Quran kanggo diweruhi surasane mulane padha ngestokna
ﭶﭷﭸﭹﭺ
54:33 Biyen umate Luth uga padha maido wulangane
ﭻﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂﮃﮄﮅ
54:34 Para umate Luth padha diudani watu tumpes kabeh kajaba mung Luth sakancane padha diparingi slamet ing wayah esuk
ﮆﮇﮈﮉﮊﮋﮌﮍﮎ
54:35 Peparinge Allah kabungahan kaya mangkono walese marang wong syukur
ﮏﮐﮑﮒﮓﮔ
54:36 Lan satemene Luth wis ngelingake dheweke para ummate siksa ancamane Allah. Nanging padha maido ancaman mau
ﮕﮖﮗﮘﮙﮚﮛﮜﮝﮞ
54:37 Lan para ummate Luth padha bujuk (supaya masrahake) dhayohe. Mulane banjur Ingsun picakake mripate. Padha ngrasakna siksa lan ancaman Ku
ﮟﮠﮡﮢﮣﮤ
54:38 Lan satemene ing wayah esuke dheweke tinempuh ing siksa kang lestari
ﮥﮦﮧﮨ
54:39 Padha ngrasakna siksaningsun lan ancaman - ancamanKu
ﮩﮪﮫﮬﮭﮮﮯﮰ
54:40 Lan satemene Allah wis gampangake al-Quran diweruhi surasane mulane padha ngestokna
ﮱﯓﯔﯕﯖﯗ
54:41 Lan satemene para Rasul wis padha reka nerangake ancaman - ancaman marang Fir’aun
ﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞﯟ
54:42 Nanging dheweke gorohake kabeh tandha yekti kahelokaningsun, mulane padha ditumpes kelawan siksaning Allah kang Maha Mulya tur Maha Kuasa
ﯠﯡﯢﯣﯤﯦﯧﯨﯩﯪ
54:43 He wong kafir, apa kancamu luwih becik karo Firaun sabalane, utawa apa sira wis kasebut ana kitab kang kuna - kuna bakal luput saka siksa
ﯫﯬﯭﯮﯯﯰ
54:44 Utawa dheweke (wong kafir) padha kondo, "Aku iku kumpulan kang ditulungi Allah
ﯱﯲﯳﯴﯵ
54:45 Ing tembe pakumpulane (wong Mekkah) keplayu, wonge padha lumayu sasaran (mundhur)
ﯶﯷﯸﯹﯺﯻﯼ
54:46 Besuk Qiyamat bakal kelakone pangancam marang wong kafir siksane bebayani banget
ﯽﯾﯿﰀﰁﰂ
54:47 Satemene wong sing padha dosa ana donya nandhang siksa lan bakal dicemplungake neraka
ﰃﰄﰅﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌ
54:48 Yaiku nalikane dheweke digeret nyang neraka marang rahi - rahine. Pangandikane Allah, "Padha ngrasakna tumindake siksa neraka Saqor
ﰍﰎﰏﰐﰑﰒ
54:49 Sateme samu barang kang dumadi iku digawe kanthi papesthen
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗ
54:50 Lan dhawuhe Allah mung sapisan wae suwene mung sak kedheping mripat
ﭘﭙﭚﭛﭜﭝﭞ
54:51 Lan satemene biyen Ingsun wis numpes para wong kafir kaya kowe, mulane kowe padha elinga ngestokna perintah
ﭟﭠﭡﭢﭣﭤ
54:52 Kabeh kang wis dilakoni padha dicathet ana buku - buku cathetan
ﭥﭦﭧﭨﭩ
54:53 Lan kabeh perkra gedhe utawa cilik kabeh mesthi ditulis
ﭪﭫﭬﭭﭮﭯ
54:54 Sarupane wong kang bekti ing Allah padha ana suwarga kang ana bengawane
ﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶ
54:55 Ana ing palungguhan kang nyata indah ana ngarsane Allah kang Kuasa

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers