Wa qaala lahum Nabiy yuhum innal laaha qad ba`asa lakum Taaloota malikaa; qaalooo annaa yakoonu lahul mulku `alainaa wa nahnu ahaqqu bilmulki minhu wa lam yu`ta sa`atamminal maal; qaala innallaahas tafaahu `alaikum wa zaadahoo bastatan fil`ilmi waljismi wallaahu yu`tee mulkahoo mai yashaaa`; wallaahu Waasi`un `Aleem
📖 Terjemah (Ing Basa Jawa)
📖 Ing Basa Jawa
Nabine wong Bani Israil mau dhawuh mangkene: "Temen Allah wis ngutus ing Thalut dadi raja tumrap sira kabeh". Wong Bani Israil mau mbanjur matur, "Kados pundi dene pun Thalut teka dados ratu mrentah dhumateng kita, kang mangka leresipun kita punika langkung prayogi dados ratu tinimbang Thalut mboten diparingi sugih arta". Pangandikane Nabi, "Satemene Allah wis milih Thalut ngratoni lan mrintah ing sira kabeh, lan Allah nambahi jembaring kaweruhe marang ilmu, kerato, sarta sembadaning badane, Allah iku maringake keratone marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene Allah iku Maha Jembar sarta Ngudaneni
🌐 Additional reference in Bahasa Indonesia
🌐 Bahasa Indonesia
Nabi mereka mengatakan kepada mereka: "Sesungguhnya Allah telah mengangkat Thalut menjadi rajamu". Mereka menjawab: "Bagaimana Thalut memerintah kami, padahal kami lebih berhak mengendalikan pemerintahan daripadanya, sedang diapun tidak diberi kekayaan yang cukup banyak?" Nabi (mereka) berkata: "Sesungguhnya Allah telah memilih rajamu dan menganugerahinya ilmu yang luas dan tubuh yang perkasa". Allah memberikan pemerintahan kepada siapa yang dikehendaki-Nya. Dan Allah Maha Luas pemberian-Nya lagi Maha Mengetahui.
طَالُوتَ (Thalut): jeneng raja kang dipilih dening Allah kanggo Bani Israil.
أَنَّىٰ (anna): kepriye, saka ngendi.
اصْطَفَاهُ (ishthafahu): milih lan ngutamakake.
بَسْطَةً (basthah): jembar, akeh, lan gedhe.
وَاسِعٌ (wasi'un): Mahaluas ing kanugrahan lan kawruh.
عَلِيمٌ ('alimun): Maha Ngerti.
Tafsir Ayat:
Nabi Bani Israil ngandhani marang umate, "Saktemene Allah wis ngangkat Thalut dadi raja kanggo kowe kabeh, supaya dheweke mimpin perang nglawan mungsuh kaya kang wis padha dijaluk." Nanging para panggedhene Bani Israil padha mbantah lan takon, "Kepriye bisa Thalut dadi raja ing ndhuwur awake dhewe, padahal awake dhewe luwih pantes dadi raja tinimbang dheweke? Dheweke dudu keturunan raja, lan ora diparingi bandha akeh kanggo nyengkuyung kekuasaane." Nabi banjur mangsuli, "Saktemene Allah wis milih dheweke dadi raja ing ndhuwur kowe, lan Allah wis nambahi dheweke kanugrahan kang jembar ing bab kawruh lan kekuwatan awak. Allah iku maringi kekuasaan marang sapa wae kang dikarepake, lan Allah iku Mahaluas kanugrahane sarta Maha Ngerti marang kabeh perkara."
Faedah-faedah kang bisa dijupuk:
Kekuasaan lan kepemimpinan iku saka Allah, dudu mung saka keturunan utawa bandha.
Allah milih sapa wae kang dikarepake dadi pemimpin, lan menehi kaluwihan kawruh lan kekuwatan.
Kita kudu percaya marang pilihan Allah, amarga Allah luwih ngerti apa kang paling apik kanggo hamba-hamba-Ne.
Allah iku Mahaluas ing kanugrahan lan Maha Ngerti, mula ora ana kang kudu dibantah babagan keputusan-Ne.
Ayat iki mulangake supaya kita ora sombong lan ora ngremehake wong liya, amarga bisa wae Allah menehi kaluwihan marang sapa wae kang dikarepake.
Nabine wong Bani Israil mau dhawuh mangkene: "Temen Allah wis ngutus ing Thalut dadi raja tumrap sira kabeh". Wong Bani Israil mau mbanjur matur, "Kados pundi dene pun Thalut teka dados ratu mrentah dhumateng kita, kang mangka leresipun kita punika langkung prayogi dados ratu tinimbang Thalut mboten diparingi sugih arta". Pangandikane Nabi, "Satemene Allah wis milih Thalut ngratoni lan mrintah ing sira kabeh, lan Allah nambahi jembaring kaweruhe marang ilmu, kerato, sarta sembadaning badane, Allah iku maringake keratone marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene Allah iku Maha Jembar sarta Ngudaneni
Sing sapa wonge ngutangi ing Allah kelawan piutang kabecikan Allah mesthi nikeli marang wong-wong mau, piwalese tikel pirang-pirang. Dene Allah iku kang nampi lan kang nggelar peparinge, lan sira kabeh bakal padha disowanake marang panjenengane
Apa sira (Muhammad) durung weruh cerita lelakone bani Israil sawise Nabi Musa? Nalika padha matur marang Nabine "Panjenengan mugi jumenengaken raja kangge kita sadaya, supados kita perang sabilillah". Nabine nuli ngandika, "Manawa sira padha didhawuhi perang gek mengko sira kabeh ora padha ngestokake tumindak perang?". Wong-wong bani Israil mau matur maneh: "Kenging punapa kita sami mboten purun ngestokaken tumindak perang sabilillah, mongka kita sampun kalajeng dipun tundhung saking negari kita, (kapisah) saking anak-anak kita." Bareng wong Bani Israil mau kaleksanan padha didawuhi perang, dheweke padha mlengos, kajaba mung sethithik. Dene Allah iku ngudaneni wong kang padha nganiaya
Nabine wong Bani Israil mau dhawuh mangkene: "Temen Allah wis ngutus ing Thalut dadi raja tumrap sira kabeh". Wong Bani Israil mau mbanjur matur, "Kados pundi dene pun Thalut teka dados ratu mrentah dhumateng kita, kang mangka leresipun kita punika langkung prayogi dados ratu tinimbang Thalut mboten diparingi sugih arta". Pangandikane Nabi, "Satemene Allah wis milih Thalut ngratoni lan mrintah ing sira kabeh, lan Allah nambahi jembaring kaweruhe marang ilmu, kerato, sarta sembadaning badane, Allah iku maringake keratone marang wong kang dadi keparenging kersane. Dene Allah iku Maha Jembar sarta Ngudaneni
Nabine wong Bani Israil mau dhawuh maneh: "Satemene kang dadi tandha yekti yen Thalut iku dikersakake dadi Raja iku bakal ana pethi teka mrene, isi sakinah (katentreman) saka Pangeranira. lan isi pusaka tetinggalan keluargane Nabi Musa lan keluargane Nabi Harun, dipikul dening para Malaikat. Satemene kang mengkono mau dadi tandha yekti tumrap sira kabeh, yen nyata sira iku padha percaya
Bareng Raja Thalut miyos ngangsahake wadyabalane, paring pangandika mangkene, "Satemene Allah kersa nyoba marang sira kabeh sarana (banyune) bengawan. Sing sapa ngombe banyu bengawan mau, ora bakal dadi kancaku, kajaba wong kang mung nyuwuk banyu nganggo tangane". Para wadya bala mau nuli padha ngombe saka bengawan, kajaba mung sethithik kang ora ngombe. Bareng Raja Thalut sak balane kang padha mukmin wis nyabrang ing bengawan wong kang padha ngombe ing bengawan mau padha matur, "Ing dinten punika kita sadaya mbiten saged badhe nanggulangi perangipun Raja Jalut sak wadyabalanipun". Dene wong kang padha percaya yen bakal padha suwan ing ngarsane Allah padha matur, "Akeh golongan sethithik bisa nglindhih (ngalahake) golongan akeh kelawan izining Allah. Dene Allah iku jangkung marang wong kang padha sabar
Surat Al-Baqarah Ayat 247 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Nabine wong Bani Israil mau dhawuh mangkene: "Temen Allah wis…
Surat Ayat 247/286 — Surat Al-Baqarah البقرة (Medinan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Al-Baqarah Rungokna, Surat Al-Baqarah Terjemah, Surat Al-Baqarah mp3, Surat Al-Baqarah pdf. Ayat 245–249. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.
SurahQuran.com was founded as a humble effort to serve the Noble Book and the pure Sunnah, to invite people to Allah, and to make the religious sciences accessible according to the methodology of the Quran and Sunnah. We praise and thank Allah for His grace, and we ask Him to accept our work and make it sincere for His noble Face.