سورة نوح بالجاوية

  1. استمع للسورة
  2. سور أخرى
  3. ترجمة السورة
القرآن الكريم | ترجمة معاني القرآن | اللغة الجاوية | سورة نوح | Nuh - عدد آياتها 28 - رقم السورة في المصحف: 71 - معنى السورة بالإنجليزية: Noah.

إِنَّا أَرْسَلْنَا نُوحًا إِلَىٰ قَوْمِهِ أَنْ أَنذِرْ قَوْمَكَ مِن قَبْلِ أَن يَأْتِيَهُمْ عَذَابٌ أَلِيمٌ(1)

Ingsun wis ngutus Nuh, nyurup - nyurupake marang ummate, "He Nuh, elingna para ummattira padha ngelakonono penggawe becik, mupung durung katekan siksaning Allah kang gelarani

قَالَ يَا قَوْمِ إِنِّي لَكُمْ نَذِيرٌ مُّبِينٌ(2)

Dhawuhe Nuh, "Para umatku, aku iki nyurupake lan ngelingake marang kowe

أَنِ اعْبُدُوا اللَّهَ وَاتَّقُوهُ وَأَطِيعُونِ(3)

Kowe padha ngabektia lan nyembaha Allah, apa dhene padha manut mituruta marang pituturku

يَغْفِرْ لَكُم مِّن ذُنُوبِكُمْ وَيُؤَخِّرْكُمْ إِلَىٰ أَجَلٍ مُّسَمًّى ۚ إِنَّ أَجَلَ اللَّهِ إِذَا جَاءَ لَا يُؤَخَّرُ ۖ لَوْ كُنتُمْ تَعْلَمُونَ(4)

Allah bakal ngapura sekabehe dosamu, lan bakal nyarentekake kowe nganti tekan wewangen kang wis tinamtokake yaiku tekan ing pati. Menawa kowe padha weruh wawangening Allah iku yen wis pundhat ora kena disrantekake maneh

قَالَ رَبِّ إِنِّي دَعَوْتُ قَوْمِي لَيْلًا وَنَهَارًا(5)

Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran kawula, kawula punika rinten dalu tansah ngajak - ajak para ummat kawula (supados pitados ing Paduka)

فَلَمْ يَزِدْهُمْ دُعَائِي إِلَّا فِرَارًا(6)

Nanging pangajak kawula punika namung mewahi girasipun para ummat kawula, sami boten purun manut

وَإِنِّي كُلَّمَا دَعَوْتُهُمْ لِتَغْفِرَ لَهُمْ جَعَلُوا أَصَابِعَهُمْ فِي آذَانِهِمْ وَاسْتَغْشَوْا ثِيَابَهُمْ وَأَصَرُّوا وَاسْتَكْبَرُوا اسْتِكْبَارًا(7)

Kawula punika saben ngajak - ajak pitados ing Paduka dhumateng para ummat kawula supados ngapura piyambakipun, lajeng sami nutupi kupinginpun mawi drijinipun, sarta sirahipun dipun krukup mawi sinjangipun. Parta gumedhe

ثُمَّ إِنِّي دَعَوْتُهُمْ جِهَارًا(8)

Sasampunipun makaten para ummat wau sami kawula pituturi kalayan sora (terang - terangan)

ثُمَّ إِنِّي أَعْلَنتُ لَهُمْ وَأَسْرَرْتُ لَهُمْ إِسْرَارًا(9)

Lajeng sami kawula pituturi kalayan sora saha lirih

فَقُلْتُ اسْتَغْفِرُوا رَبَّكُمْ إِنَّهُ كَانَ غَفَّارًا(10)

Dhawuh kawula mekaten, "Para ummatku padha nyuwuna pangapura ing Allah Pangeranmu, awit Allah iku kepareng ngapura

يُرْسِلِ السَّمَاءَ عَلَيْكُم مِّدْرَارًا(11)

(Yen wis kepareng ngapura) banjur nurunake banyu udan deres saka langit

وَيُمْدِدْكُم بِأَمْوَالٍ وَبَنِينَ وَيَجْعَل لَّكُمْ جَنَّاتٍ وَيَجْعَل لَّكُمْ أَنْهَارًا(12)

Apa dene paring wuwuh bandha lan anak, lan maringi palemahan sarta kali kanggo ngoncori palemahan mau

مَّا لَكُمْ لَا تَرْجُونَ لِلَّهِ وَقَارًا(13)

Ya gena kowe padha ora pracaya kaagungane Allah

وَقَدْ خَلَقَكُمْ أَطْوَارًا(14)

Allah wis dadekake awakmu pirang - pirang rambahan kang tumaruntun

أَلَمْ تَرَوْا كَيْفَ خَلَقَ اللَّهُ سَبْعَ سَمَاوَاتٍ طِبَاقًا(15)

Apa ora padha handeleng anggone Allah gawe langit pitu kang sap - sapan

وَجَعَلَ الْقَمَرَ فِيهِنَّ نُورًا وَجَعَلَ الشَّمْسَ سِرَاجًا(16)

Lan andadekake rambulan madhangi langit kabeh, lan dadekake srengenge minangka damar

وَاللَّهُ أَنبَتَكُم مِّنَ الْأَرْضِ نَبَاتًا(17)

Lan maneh Allah gawe awakmu asal saka lemah

ثُمَّ يُعِيدُكُمْ فِيهَا وَيُخْرِجُكُمْ إِخْرَاجًا(18)

Sawise dadi manungsa, Allah banjur balekake awakmu menyang lemah maneh, sawise dadi lemah Allah nguripake kowe lan diwetokake saka kubur

وَاللَّهُ جَعَلَ لَكُمُ الْأَرْضَ بِسَاطًا(19)

Apadene Allah dadekake bumi iki warna - warna mugunani marang kowe

لِّتَسْلُكُوا مِنْهَا سُبُلًا فِجَاجًا(20)

Supaya kowe padha bisa mlaku ana dalan kang jembar

قَالَ نُوحٌ رَّبِّ إِنَّهُمْ عَصَوْنِي وَاتَّبَعُوا مَن لَّمْ يَزِدْهُ مَالُهُ وَوَلَدُهُ إِلَّا خَسَارًا(21)

Nuh munjuk ing Allah, "Dhuh Pangeran, para ummat kawula punika sami boten manut miturut dhumateng parintah kawula, sami manut dhateng tiyang ingkang asor budinipun, kasugihan arta sarta anakipun, namung badhe andadosaken kapitunanipun

وَمَكَرُوا مَكْرًا كُبَّارًا(22)

Para ummat wahu sami damel pakewet ageng

وَقَالُوا لَا تَذَرُنَّ آلِهَتَكُمْ وَلَا تَذَرُنَّ وَدًّا وَلَا سُوَاعًا وَلَا يَغُوثَ وَيَعُوقَ وَنَسْرًا(23)

Pangucapipun (tiyang ingkang asor budinipun), "Aja padha tingal nyembah sesemabahan mu brahala, lan aja padha tinggal (nyembah) Wadd lan Suwaa’, Yaghuts, Ya’uq lan nasr" (nami - nami brahala)

وَقَدْ أَضَلُّوا كَثِيرًا ۖ وَلَا تَزِدِ الظَّالِمِينَ إِلَّا ضَلَالًا(24)

Sejatosipun tiyang asor ing budi wau sami nasaraken tiyang kathah mila panyuwun kula tiyang kafir wahu mugi paduka boten nambahi kajawi siksa awon

مِّمَّا خَطِيئَاتِهِمْ أُغْرِقُوا فَأُدْخِلُوا نَارًا فَلَمْ يَجِدُوا لَهُم مِّن دُونِ اللَّهِ أَنصَارًا(25)

Sarehning gedhe kaluputane mulane padha dikelem banjir topan, ana sajeroning banyu di obong geni. Liyane Allah ora ana kang bisa nulungi

وَقَالَ نُوحٌ رَّبِّ لَا تَذَرْ عَلَى الْأَرْضِ مِنَ الْكَافِرِينَ دَيَّارًا(26)

Nuh munjuk ing Allah, "Pangeran kawula, tiyang kafir wahu mugi Paduka telasaken sampun wonten ingkang kantun gesang ing bumi manggen ing griya

إِنَّكَ إِن تَذَرْهُمْ يُضِلُّوا عِبَادَكَ وَلَا يَلِدُوا إِلَّا فَاجِرًا كَفَّارًا(27)

Manawi Paduka kendelaken kemawon, tamtu badhe nasaraken para kawula Paduka, manawi ing tembe medal anakipun, anak wahu tamtu dados tiyang awon utawi kafir

رَّبِّ اغْفِرْ لِي وَلِوَالِدَيَّ وَلِمَن دَخَلَ بَيْتِيَ مُؤْمِنًا وَلِلْمُؤْمِنِينَ وَالْمُؤْمِنَاتِ وَلَا تَزِدِ الظَّالِمِينَ إِلَّا تَبَارًا(28)

Pangeran kawula, Paduka mugi ngapuraha kalepatan kawula saha kalepatanipun tiyang sepuh kawula kekalih, saha dhumateng tiyang ingkang malebet griya kawula utawi, dhateng tiyang mukmin jaler estri, para tiyang kafir punika mugi Paduka tumpes kemawon


المزيد من السور باللغة الجاوية:

سورة البقرة آل عمران سورة النساء
سورة المائدة سورة يوسف سورة ابراهيم
سورة الحجر سورة الكهف سورة مريم
سورة السجدة سورة يس سورة الدخان
سورة النجم سورة الرحمن سورة الواقعة
سورة الحشر سورة الملك سورة الحاقة

تحميل سورة نوح بصوت أشهر القراء :

قم باختيار القارئ للاستماع و تحميل سورة نوح كاملة بجودة عالية
سورة نوح أحمد العجمي
أحمد العجمي
سورة نوح خالد الجليل
خالد الجليل
سورة نوح سعد الغامدي
سعد الغامدي
سورة نوح سعود الشريم
سعود الشريم
سورة نوح عبد الباسط عبد الصمد
عبد الباسط
سورة نوح عبد الله عواد الجهني
عبد الله الجهني
سورة نوح علي الحذيفي
علي الحذيفي
سورة نوح فارس عباد
فارس عباد
سورة نوح ماهر المعيقلي
ماهر المعيقلي
سورة نوح محمد جبريل
محمد جبريل
سورة نوح محمد صديق المنشاوي
المنشاوي
سورة نوح الحصري
الحصري
سورة نوح العفاسي
مشاري العفاسي
سورة نوح ناصر القطامي
ناصر القطامي
سورة نوح ياسر الدوسري
ياسر الدوسري



Friday, May 17, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب