سورة الواقعة بالجاوية

  1. استمع للسورة
  2. سور أخرى
  3. ترجمة السورة
القرآن الكريم | ترجمة معاني القرآن | اللغة الجاوية | سورة الواقعة | Waqiah - عدد آياتها 96 - رقم السورة في المصحف: 56 - معنى السورة بالإنجليزية: The Inevitable, The Event.

إِذَا وَقَعَتِ الْوَاقِعَةُ(1)

Besuk nalikane dina qiyamat kelakon

لَيْسَ لِوَقْعَتِهَا كَاذِبَةٌ(2)

Kelakone dina qiyamat mau ora bakal goroh

خَافِضَةٌ رَّافِعَةٌ(3)

Ing dina iku kenyataan ngasorake (wong kafir) lan junjung (wong mukmin)

إِذَا رُجَّتِ الْأَرْضُ رَجًّا(4)

Ing dina iku ana lindhu gedhe, bumi gonjang - ganjing

وَبُسَّتِ الْجِبَالُ بَسًّا(5)

Sakabehe gunung nganti padha ajur kabeh

فَكَانَتْ هَبَاءً مُّنبَثًّا(6)

Nganti dadi bleduk kang mabul - mabul

وَكُنتُمْ أَزْوَاجًا ثَلَاثَةً(7)

Ing kono sira diperang dadi telung warna

فَأَصْحَابُ الْمَيْمَنَةِ مَا أَصْحَابُ الْمَيْمَنَةِ(8)

Kang sapisan golongan tengen, iku wong begja banget

وَأَصْحَابُ الْمَشْأَمَةِ مَا أَصْحَابُ الْمَشْأَمَةِ(9)

Kang kapindho golongan kiwa, iku wong cilaka banget

وَالسَّابِقُونَ السَّابِقُونَ(10)

Kaping telu wong kang dhisik dhewe anggone nglakone becik (para nabi)

أُولَٰئِكَ الْمُقَرَّبُونَ(11)

Yaiku wong kang kecedhak Allah

فِي جَنَّاتِ النَّعِيمِ(12)

Bakal diganjar suwarga Na’im

ثُلَّةٌ مِّنَ الْأَوَّلِينَ(13)

WOng mangkono mau kang akeh ummat kuna

وَقَلِيلٌ مِّنَ الْآخِرِينَ(14)

Dene ummat zaman wekasan iki mung sethithik

عَلَىٰ سُرُرٍ مَّوْضُونَةٍ(15)

Dheweke ana suwarga padha linggih ing kursi kang dipaesi emas lan berlian

مُّتَّكِئِينَ عَلَيْهَا مُتَقَابِلِينَ(16)

Padha sendhen adhep - adhepan karo kancane

يَطُوفُ عَلَيْهِمْ وِلْدَانٌ مُّخَلَّدُونَ(17)

Dheweke diladeni bocah enom kang ora bisa tua

بِأَكْوَابٍ وَأَبَارِيقَ وَكَأْسٍ مِّن مَّعِينٍ(18)

Padha ngladekake gelas, ceret lan pangomben kang dijupuk saka banyu kang mili

لَّا يُصَدَّعُونَ عَنْهَا وَلَا يُنزِفُونَ(19)

Anggone ngombe mung enak, tanpa mendem utawa ngelu

وَفَاكِهَةٍ مِّمَّا يَتَخَيَّرُونَ(20)

Lan ngladekake wong - wohan akeh tur warna - warna bisa milih

وَلَحْمِ طَيْرٍ مِّمَّا يَشْتَهُونَ(21)

Lan uga ngladekake daging manuk kang bisa milih

وَحُورٌ عِينٌ(22)

Ana widadari kang paningale padha kocak

كَأَمْثَالِ اللُّؤْلُؤِ الْمَكْنُونِ(23)

Kaya dene mutiawa kang kasimpen becik

جَزَاءً بِمَا كَانُوا يَعْمَلُونَ(24)

Tumanjak ganjaraning kabecikan kang wis padha dilakoni

لَا يَسْمَعُونَ فِيهَا لَغْوًا وَلَا تَأْثِيمًا(25)

Ana suwarga ora tau krungu celathu hala kang dadi dosa

إِلَّا قِيلًا سَلَامًا سَلَامًا(26)

Mung krungu pangucap, "Wilujeng, wilujeng" kang ngresepake

وَأَصْحَابُ الْيَمِينِ مَا أَصْحَابُ الْيَمِينِ(27)

Denen golongan tengen, begja banget golongan tengen

فِي سِدْرٍ مَّخْضُودٍ(28)

Manggon ing suwarga kang ana wite Widora tanpa eri

وَطَلْحٍ مَّنضُودٍ(29)

Lan ana wite gedhang kang susun - susun

وَظِلٍّ مَّمْدُودٍ(30)

Kang eyub salawase

وَمَاءٍ مَّسْكُوبٍ(31)

Lan ana banyu umbu anget salawase

وَفَاكِهَةٍ كَثِيرَةٍ(32)

Lan ana woh - wohane akeh tur warna - warna

لَّا مَقْطُوعَةٍ وَلَا مَمْنُوعَةٍ(33)

Ora tau entek ora usah tuku (kena jupuk sak karepe)

وَفُرُشٍ مَّرْفُوعَةٍ(34)

Lan ana kasur kandel kang empuk

إِنَّا أَنشَأْنَاهُنَّ إِنشَاءً(35)

Allah gawe sarupaning widadari mau tanpa lahir dhisik (saka guwa garbaning ibu)

فَجَعَلْنَاهُنَّ أَبْكَارًا(36)

Pada Ingsun dadhekake perawan selawase

عُرُبًا أَتْرَابًا(37)

Padha sih tresna, kang nomerampak

لِّأَصْحَابِ الْيَمِينِ(38)

Padha Ingsun paringake dadi jodhone golongan tengen

ثُلَّةٌ مِّنَ الْأَوَّلِينَ(39)

Ummate (nabi) zaman kuna

وَثُلَّةٌ مِّنَ الْآخِرِينَ(40)

Lan para umat kang wekasan iki

وَأَصْحَابُ الشِّمَالِ مَا أَصْحَابُ الشِّمَالِ(41)

Lan golongan kiwa, sapa ta golongan kiwa

فِي سَمُومٍ وَحَمِيمٍ(42)

Padha disiksa angin samun (kang panas banget) lan banyu kang umop

وَظِلٍّ مِّن يَحْمُومٍ(43)

Lan anan pepeteng saka kukus kang ireng banget

لَّا بَارِدٍ وَلَا كَرِيمٍ(44)

Ora pisan adhem lan ora nyenengake

إِنَّهُمْ كَانُوا قَبْلَ ذَٰلِكَ مُتْرَفِينَ(45)

Nalika urip ana donya uripe padha leluwihan

وَكَانُوا يُصِرُّونَ عَلَى الْحِنثِ الْعَظِيمِ(46)

Lan dheweke terus - terusan anggone nindhakake dosa gedhe

وَكَانُوا يَقُولُونَ أَئِذَا مِتْنَا وَكُنَّا تُرَابًا وَعِظَامًا أَإِنَّا لَمَبْعُوثُونَ(47)

Lan padha ngucap, "Apa nyata besuk yen aku wis mati sarta dadi lemah, lan dadi balung, jarene bakal diuripake maneh

أَوَآبَاؤُنَا الْأَوَّلُونَ(48)

Apa dene bapak - bapakku zaman kuna, apa hiya diuripake maneh

قُلْ إِنَّ الْأَوَّلِينَ وَالْآخِرِينَ(49)

Sira dhawuha, "Para bapakmu ing zaman kuna, lan para turunanmu kang saiki durung ana

لَمَجْمُوعُونَ إِلَىٰ مِيقَاتِ يَوْمٍ مَّعْلُومٍ(50)

Besuk dina Qiyamat kang wis tinamtokake dening Allah, bakal padha dikumpulake

ثُمَّ إِنَّكُمْ أَيُّهَا الضَّالُّونَ الْمُكَذِّبُونَ(51)

He wong kang padha kesaar maido pangandikaning Allah

لَآكِلُونَ مِن شَجَرٍ مِّن زَقُّومٍ(52)

Sawise mangkono sira padha mangan wohe kayu zaqum

فَمَالِئُونَ مِنْهَا الْبُطُونَ(53)

Nganti padha kebak wetenge

فَشَارِبُونَ عَلَيْهِ مِنَ الْحَمِيمِ(54)

Nuli padha ngombe weang kang panas gegirisi

فَشَارِبُونَ شُرْبَ الْهِيمِ(55)

Anggone ngombe kaya onta kang ngelak banget

هَٰذَا نُزُلُهُمْ يَوْمَ الدِّينِ(56)

Iki pangancame Allah marang para wong kafir, kelakone besuk dina qiyamat

نَحْنُ خَلَقْنَاكُمْ فَلَوْلَا تُصَدِّقُونَ(57)

Ingsun (Allah) iki kang gawe awakira, yagene sira padha ora ngandel (dina qiyamat)

أَفَرَأَيْتُم مَّا تُمْنُونَ(58)

Kapriye panemunira bab nuthfah marang peranakane wong wadon? (banjur dadi bayi)

أَأَنتُمْ تَخْلُقُونَهُ أَمْ نَحْنُ الْخَالِقُونَ(59)

Kang gawe bayi mau sira apa Ingsun

نَحْنُ قَدَّرْنَا بَيْنَكُمُ الْمَوْتَ وَمَا نَحْنُ بِمَسْبُوقِينَ(60)

Ingsun nemtokake mati marang sira kabeh, Ingsun kuwasa, ora ana kang bisa murungake karsaningsun

عَلَىٰ أَن نُّبَدِّلَ أَمْثَالَكُمْ وَنُنشِئَكُمْ فِي مَا لَا تَعْلَمُونَ(61)

Sanadyan Ingsun kersa gawe wong kang rupane ceples (padha) sarta disalini rupa sedhengah rupa kang sira ora weruh mesthi kaleksanan

وَلَقَدْ عَلِمْتُمُ النَّشْأَةَ الْأُولَىٰ فَلَوْلَا تَذَكَّرُونَ(62)

Sira wis weruh bakale manungsa kawitan (hiya iku lemah) yagene sira ora padha niti periksa (yengingsun iki kawasa)

أَفَرَأَيْتُم مَّا تَحْرُثُونَ(63)

Kapriye panemumu bab angginmu tetanen

أَأَنتُمْ تَزْرَعُونَهُ أَمْ نَحْنُ الزَّارِعُونَ(64)

Kang nukulake wiji iku sira apa Ingsun

لَوْ نَشَاءُ لَجَعَلْنَاهُ حُطَامًا فَظَلْتُمْ تَفَكَّهُونَ(65)

Umpama ana parenge karsa ningsun, metune woh mau Ingsun gawe gabug mesthi kelakon. sira banjur getun

إِنَّا لَمُغْرَمُونَ(66)

Pangucapmu, "Aku iki kapitunan

بَلْ نَحْنُ مَحْرُومُونَ(67)

Aku iki dipenet rizkiku

أَفَرَأَيْتُمُ الْمَاءَ الَّذِي تَشْرَبُونَ(68)

Kapriye panemumu bab banyu udan kang padha sira ombe

أَأَنتُمْ أَنزَلْتُمُوهُ مِنَ الْمُزْنِ أَمْ نَحْنُ الْمُنزِلُونَ(69)

Kang nurunake banyu udan saka mega, sira apa Ingsun

لَوْ نَشَاءُ جَعَلْنَاهُ أُجَاجًا فَلَوْلَا تَشْكُرُونَ(70)

Upama ana parenge karsaningsun, banyu udan Ingsun dadekake asin mesthi kelakon. Yagene ora padha gedhe panuwunmu

أَفَرَأَيْتُمُ النَّارَ الَّتِي تُورُونَ(71)

Kapriye panemumu, mungguh geni anggonira ngurubake

أَأَنتُمْ أَنشَأْتُمْ شَجَرَتَهَا أَمْ نَحْنُ الْمُنشِئُونَ(72)

Kang nganakake kayu sira apa Ingsun

نَحْنُ جَعَلْنَاهَا تَذْكِرَةً وَمَتَاعًا لِّلْمُقْوِينَ(73)

Geni iku Ingsun anggo sasmitaning (geni nerika) lan dianggo kabungahaning wong kang padha melaku

فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيمِ(74)

Mulane sira nyebutho Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung

۞ فَلَا أُقْسِمُ بِمَوَاقِعِ النُّجُومِ(75)

Ingsun supata kelawan panggonan metune lan suruping lintang

وَإِنَّهُ لَقَسَمٌ لَّوْ تَعْلَمُونَ عَظِيمٌ(76)

Manawa sira weruh, supata mau supata gedhe

إِنَّهُ لَقُرْآنٌ كَرِيمٌ(77)

Kang didhawuhake marang sira iku Quran kang mulya

فِي كِتَابٍ مَّكْنُونٍ(78)

Tinuli ana kitab kang rineksa (Lauhil Mahfudz)

لَّا يَمَسُّهُ إِلَّا الْمُطَهَّرُونَ(79)

Ora bakal anggeplok Qur’an kajaba wong kang padha suci, (saka hadast cilik lan gedhe)

تَنزِيلٌ مِّن رَّبِّ الْعَالَمِينَ(80)

Diturunake saka Allah pangerane wong sajagad

أَفَبِهَٰذَا الْحَدِيثِ أَنتُم مُّدْهِنُونَ(81)

Apa sira padha ngremehake utawa maido Qur’an iki

وَتَجْعَلُونَ رِزْقَكُمْ أَنَّكُمْ تُكَذِّبُونَ(82)

Sira ganthi rizki (kang diparingake Allah) kanti gorohake (Allah)

فَلَوْلَا إِذَا بَلَغَتِ الْحُلْقُومَ(83)

Ya gene nalika nywane mayit lagi tekan gurung

وَأَنتُمْ حِينَئِذٍ تَنظُرُونَ(84)

Ing kono sira mung padha ngedeleng marang mayit

وَنَحْنُ أَقْرَبُ إِلَيْهِ مِنكُمْ وَلَٰكِن لَّا تُبْصِرُونَ(85)

Ingsun luwih cedhak marang wong lelaku mau tinimbang sira, ewodene sira padha ora weruh

فَلَوْلَا إِن كُنتُمْ غَيْرَ مَدِينِينَ(86)

Ya gene yen sira ngaku ora kawengku wasesaning Allah

تَرْجِعُونَهَا إِن كُنتُمْ صَادِقِينَ(87)

Teka ora bisa balekake nyawa marang wadhage, yen pengakuira temen, mara sira balekna nyawa mau

فَأَمَّا إِن كَانَ مِنَ الْمُقَرَّبِينَ(88)

Manawa mayit mau ewone wong kachedak ing Allah

فَرَوْحٌ وَرَيْحَانٌ وَجَنَّتُ نَعِيمٍ(89)

Matine mesthi kepenak kanthi bungah lan oleh ganjaran suwarga kanikmatan

وَأَمَّا إِن كَانَ مِنْ أَصْحَابِ الْيَمِينِ(90)

Dene yen kalebu golongan tengen

فَسَلَامٌ لَّكَ مِنْ أَصْحَابِ الْيَمِينِ(91)

Wong mau mesthi selamet amarga sira klebu golongan tengen

وَأَمَّا إِن كَانَ مِنَ الْمُكَذِّبِينَ الضَّالِّينَ(92)

Dene yen hewone wong maido pangandikanging Allah kang padha kesasar

فَنُزُلٌ مِّنْ حَمِيمٍ(93)

Mesthi kecemplung wedang kang umop (panas banget)

وَتَصْلِيَةُ جَحِيمٍ(94)

Lan diobong ana neraka

إِنَّ هَٰذَا لَهُوَ حَقُّ الْيَقِينِ(95)

(Kang kasebut iki) satemene keyakinan kang bener

فَسَبِّحْ بِاسْمِ رَبِّكَ الْعَظِيمِ(96)

Mulane sira nyebuto Maha Suci asmaning Pangeranira kang Maha Agung


المزيد من السور باللغة الجاوية:

سورة البقرة آل عمران سورة النساء
سورة المائدة سورة يوسف سورة ابراهيم
سورة الحجر سورة الكهف سورة مريم
سورة السجدة سورة يس سورة الدخان
سورة النجم سورة الرحمن سورة الواقعة
سورة الحشر سورة الملك سورة الحاقة

تحميل سورة الواقعة بصوت أشهر القراء :

قم باختيار القارئ للاستماع و تحميل سورة الواقعة كاملة بجودة عالية
سورة الواقعة أحمد العجمي
أحمد العجمي
سورة الواقعة خالد الجليل
خالد الجليل
سورة الواقعة سعد الغامدي
سعد الغامدي
سورة الواقعة سعود الشريم
سعود الشريم
سورة الواقعة عبد الباسط عبد الصمد
عبد الباسط
سورة الواقعة عبد الله عواد الجهني
عبد الله الجهني
سورة الواقعة علي الحذيفي
علي الحذيفي
سورة الواقعة فارس عباد
فارس عباد
سورة الواقعة ماهر المعيقلي
ماهر المعيقلي
سورة الواقعة محمد جبريل
محمد جبريل
سورة الواقعة محمد صديق المنشاوي
المنشاوي
سورة الواقعة الحصري
الحصري
سورة الواقعة العفاسي
مشاري العفاسي
سورة الواقعة ناصر القطامي
ناصر القطامي
سورة الواقعة ياسر الدوسري
ياسر الدوسري



Thursday, May 16, 2024

لا تنسنا من دعوة صالحة بظهر الغيب