PDF —
44 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat Al-Ma'arij pdf — Undhuh (Jawa)

Surat Al-Ma'arij pdf Jawa — Undhuh Surat Al-Ma'arij Terjemah. Surat Al-Ma'arij (Meccan) 44 Ayat.

← Al-HaqqahSurat Al-Ma'arij Nuh →


44 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮮﮯﮰﮱﯓ
70:1 Sawijining wong, anjaluk siksa kang mesthi bakal tiba
ﯔﯕﯖﯗﯘ
70:2 Tumrap para kafir, ora ana wong bisa nulak
ﯙﯚﯛﯜﯝ
70:3 Saka Allah kang Kagungan dalaning munggah
ﯞﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩ
70:4 Para malaikat lan ruh (Jibril) padha munggah marang Allah ing sadina ingkang kadaripun sarupi kaliyan tahun. [padha munggah marang panggonan tumuruning parentahing Allah. Kelakone siksa mau tinamtokake ana ing dina Qiyamat yaiku dina kang ukurane tahun]
ﯪﯫﯬﯭ
70:5 (Muhammad) sira shabara kelawan tenteram
ﯮﯯﯰﯱ
70:6 Pangrasane dheweke siksa iku isih lawas banget kelakone
ﯲﯳﯴ
70:7 Nanging Ingsun ngarani wis cedhak
ﯵﯶﯷﯸﯹ
70:8 Ing dina samangsa langite kaya jer - jeran tembaga
ﯺﯻﯼﯽ
70:9 Dene gunung - gunung kaya kapuk mabul - mabul
ﯾﯿﰀﰁﰂ
70:10 Lan ora ana wong tetakon marang sanake
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙﭚﭛ
70:11 Padha deleng marang sanake nanging ora wani takon, pangarep - arepe siksa mau wurunga sarana nyahosake anak - anake
ﭜﭝﭞ
70:12 Sarta rabine (garwane) tuwin sadulure
ﭟﭠﭡﭢ
70:13 Lan nyahosake batihe kang dadi wewengkone
ﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩ
70:14 Upama duwea saisining bumi kaduga nyaosake kabeh tumuli (pangarep - arepe) diselametake saka siksa
ﭪﭫﭬﭭﭮ
70:15 Ora pisan - pisan! sayekti iku geni mulad - mulad
ﭯﭰﭱ
70:16 Nglonyomake kulit
ﭲﭳﭴﭵﭶ
70:17 Ngundang - ngundang kang mungkur (ora percaya Allah) lan mlengos (marang nabi)
ﭷﭸﭹ
70:18 Sarta anumpuk - numpuk tuwin anyinggahake bondho
ﭺﭻﭼﭽﭾﭿ
70:19 Sayekti manungsa iku tinitah sarwa angewuhake
ﮀﮁﮂﮃﮄ
70:20 Samangsa kataman kojur ngersula
ﮅﮆﮇﮈﮉ
70:21 Lan samongsa kataman begja, cethil
ﮊﮋﮌ
70:22 Kajaba wong kang padha sholat
ﮍﮎﮏﮐﮑﮒ
70:23 Kang tetep olehe padha sholat
ﮓﮔﮕﮖﮗﮘ
70:24 Sarta kang ing sajeroning bandhane ana saperangan kang tartamtu (kanggo zakat)
ﮙﮚﮛ
70:25 Tumrap para kang anjajaluk sarta wong kasrakat
ﮜﮝﮞﮟﮠ
70:26 Lan kang padha ngandel anane dina Qiyamat
ﮡﮢﮣﮤﮥﮦﮧ
70:27 Lan kang padha wedi siksaning Pangerane
ﮨﮩﮪﮫﮬﮭ
70:28 Awit ora ana wong kuasa mesthi kalis siksaning Pangerane
ﮮﮯﮰﮱﯓ
70:29 Sarta padha angreksa marang awak-kawirangane
ﯔﯕﯖﯗﯘﯙﯚﯛﯜﯝﯞ
70:30 Kajaba tumrap bojone utawa wong kang dadi darbeke iku dudu larangan
ﯟﯠﯡﯢﯣﯤﯥﯦ
70:31 Sapa wonge nerajang (cumbana) wong saliyane iku wong kang mlangkah wates
ﯧﯨﯩﯪﯫﯬ
70:32 Lan kang padha tuhu ora nyidrani sasanggemane lan rumeksa barang titipan
ﯭﯮﯯﯰﯱ
70:33 Lan kang padha dadi seksi (ing Pangadilan) kelawan saktemene
ﯲﯳﯴﯵﯶﯷ
70:34 Lan padha ngelakoni sholat tetep ana waktune
ﯸﯹﯺﯻﯼ
70:35 Wong kang mangkono mau bakal manggon ana suwarga kinurmatan
ﯽﯾﯿﰀﰁﰂ
70:36 Wong kafir padha rebut dujung ngrungokake pituturira apa gunane ora mekolehi marang awake
ﰃﰄﰅﰆﰇﰈ
70:37 Padha grombolan ana ing kiwanira lan tengenira
ﰉﰊﰋﰌﰍﰎﰏﰐﰑ
70:38 Ana siji - sijine wong kafir mau padha kepengin dilebokake ing suwarga Na’im
ﰒﰓﰔﰕﰖﰗﰘ
70:39 Tangeh yen kelakon, sayekti Ingsun dadekake dheweke saka rang padha diweruhi
ﰙﰚﰛﰜﰝﰞﰟﰠ
70:40 Ingsun supata demi Pangeraning Wetan lan Kulon (Panggon metu lan surupe srengenge) sayekti temen Ingsun iki kuwasa
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖﭗﭘﭙ
70:41 Bisa nyalini gawe manungsa liya kang becike ngungkuli dheweke mukal yen Ingsun ora bisa
ﭚﭛﭜﭝﭞﭟﭠﭡﭢ
70:42 Mulane dheweke iku togna wae karo ben padha selulub ana ing panasaran sarta abungah - bungah nganti tumeka dinane kang diancamake siksa
ﭣﭤﭥﭦﭧﭨﭩﭪﭫﭬ
70:43 Dinane dheweke padha metu saka kuburan kelawan gagancangan kaya dene amlayoni kang tinuju (marani brahalane)
ﭭﭮﭯﭰﭱﭲﭳﭴﭵﭶﭷ
70:44 Pandelenge padha tumungkul nistha bakal tumiba marang dheweke, dina iku dina qiyamat kang diancamake marang dheweke

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers