PDF —
46 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat An-Nazi'at pdf — Undhuh (Jawa)

Surat An-Nazi'at pdf Jawa — Undhuh Surat An-Nazi'at Terjemah. Surat An-Nazi'at (Meccan) 46 Ayat.

← An-NabaSurat An-Nazi'at 'Abasa →


46 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﮢﮣﮤ
79:1 Demi (Malaikat - Malaikat) kang medhoti nyawane kelawan sora
ﮥﮦﮧ
79:2 Demi (Malaikat - Malaikat) kang nglolosi nyawa kelawan alon (marang wong mukmin)
ﮨﮩﮪ
79:3 Demi (Malaikat) kang tumurun saka langit kanti rikat
ﮫﮬﮭ
79:4 Lan (Malaikat) kang dhisiki banter
ﮮﮯﮰ
79:5 Lan (Malaikat) kang ngatur urusan (donya)
ﮱﯓﯔﯕ
79:6 (Satemene sira bakal ditangekake) ana dina nalika paniyupe slompret kawitan horege alam kabeh
ﯖﯗﯘ
79:7 Nuli ditungka horege maneh kang kapindho
ﯙﯚﯛﯜ
79:8 Ing kono atine wong kang padha maido padha teratapan
ﯝﯞﯟ
79:9 Pandelenge padha konjem (wedi)
ﯠﯡﯢﯣﯤﯥ
79:10 Padha celathu, "Apa aku iki dibalekake urip maneh
ﯦﯧﯨﯩﯪ
79:11 Sawise dadi balung kang pisah - pisah urip maneh
ﯫﯬﯭﯮﯯﯰ
79:12 Padha celathu, "Yen mangkono baliku urup maneh aku bali kapitunan
ﯱﯲﯳﯴﯵ
79:13 Ananging iku mung petak sapisan wae
ﯶﯷﯸﯹ
79:14 Lan mara delengen dheweke padha tangi
ﯺﯻﯼﯽﯾ
79:15 Apa ora wis teka marang sira ceritane Musa
ﯿﰀﰁﰂﰃﰄﰅ
79:16 Nalikane dipangandikani Pangerane ana jurang Thuwa
ﭑﭒﭓﭔﭕﭖ
79:17 Lungoo marang panggonane Fir’aun, awit kebangetan anggone kafir
ﭗﭘﭙﭚﭛﭜﭝ
79:18 Dhawuha, "Punapa paduka kepengin anuceni sarira
ﭞﭟﭠﭡﭢ
79:19 Sarta kula badhe nuntun paduka dhateng Pangeran supados ajrih
ﭣﭤﭥﭦ
79:20 Banjur panjenengane ngatonake tondha kang gedhe marang dheweke
ﭧﭨﭩ
79:21 Ananging dheweke anggorohake (kasunyatan) sarta pra ambangun turut
ﭪﭫﭬﭭ
79:22 Tumuli dheweke bali kalawan rerikatan
ﭮﭯﭰ
79:23 Banjur ngumpulake (wong - wong) tumuli dhawuh
ﭱﭲﭳﭴﭵ
79:24 Celathune, "Aku iki Pangeranira Kang Maha Luhur
ﭶﭷﭸﭹﭺﭻ
79:25 Ananging Allah amatrapi dheweke kelawan pidana ing akherat sarta ing uripe kang dhisik
ﭼﭽﭾﭿﮀﮁﮂ
79:26 Lelakone Fir’aun kasebut mesthi dadi wewulang kanggo wong kang wedi ing Allah
ﮃﮄﮅﮆﮇﮈﮉﮊ
79:27 Apa Allah angone nguripake sira saka pati luwuh angel tinimbang anggone gawe langit
ﮋﮌﮍﮎ
79:28 Andhuwurake payoning langit banjur warata tanpa cacat
ﮏﮐﮑﮒﮓ
79:29 Gawe peteng wayahe wengi, sarta gawe padhang wayahe awan
ﮔﮕﮖﮗﮘ
79:30 Sawuse mangkono Allah gelar bumi
ﮙﮚﮛﮜﮝ
79:31 Alah metokake banyu lan thethukulan saka bumi
ﮞﮟﮠ
79:32 Lan ngukuhake gunung ana bumi
ﮡﮢﮣﮤ
79:33 Kabeh dadi bebungah marang sira lan ingon - ingonira raja kaya
ﮥﮦﮧﮨﮩ
79:34 Ing besuk tekane horeg - horegan (malapetaka) gedhe teka
ﮪﮫﮬﮭﮮﮯ
79:35 Dinane manungsa padha eling apa kang wus ditindhakake
ﮰﮱﯓﯔﯕ
79:36 Lan neraka dipitontonake tumrap sapa sing deleng
ﯖﯗﯘﯙ
79:37 Wondene wong kang ambalasar (kafir)
ﯚﯛﯜﯝ
79:38 Sarta milih kauripan dunya
ﯞﯟﯠﯡﯢ
79:39 Sayekti neraka iku panggonane
ﯣﯤﯥﯦﯧﯨﯩﯪﯫﯬ
79:40 Dene wong kang wedi anggone ngadhep ing ngarsaning Pangerane sarta anahan jiwane saka pepenginan asor
ﯭﯮﯯﯰﯱ
79:41 Lah sayekti suwarga iku panggonane
ﯲﯳﯴﯵﯶﯷ
79:42 Dheweke padha takon marang sira prakara wayahe, endhi ketentuane (Qiyamat)
ﯸﯹﯺﯻﯼ
79:43 Tumrap prakara apa? Sira iku wong kang angelingake prakara iku
ﯽﯾﯿﰀ
79:44 Marang pangeranira pantoging tujune prakara iku
ﰁﰂﰃﰄﰅﰆ
79:45 Sira iku mung juru pepeling tumrap wong kang wedi marang prakra iku
ﰇﰈﰉﰊﰋﰌﰍﰎﰏﰐ
79:46 Ing dinane dheweke andeleng kaya - kaya anggone manggon ora liya kajaba mung sasore utawa sakesuk

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers