PDF —
42 Ayat Meccan PDF
Built right in your browser — download starts automatically

Surat 'Abasa pdf — Undhuh (Jawa)

Surat 'Abasa pdf Jawa — Undhuh Surat 'Abasa Terjemah. Surat 'Abasa (Meccan) 42 Ayat.



42 Ayat · Meccan · Jawa
bismillah
ﭑﭒﭓ
80:1 Dheweke (Muhammad) mrengut lan mlengos
ﭔﭕﭖﭗ
80:2 Amarga katekan wong kang wuta (asma Abdullah bin Ummi Maktum)
ﭘﭙﭚﭛﭜ
80:3 Saka apa sira weruh karepa si wuta mau, bok menawa bakal suci atine
ﭝﭞﭟﭠﭡ
80:4 Utawa nganggep wewulang mau migunani
ﭢﭣﭤﭥ
80:5 Dene wong kang sugih bandha
ﭦﭧﭨﭩ
80:6 Sira resep marang wong mau
ﭪﭫﭬﭭﭮ
80:7 Wong kang sugih banda mau anggone ora bisa resik atine ora mekewuhi sira
ﭯﭰﭱﭲﭳ
80:8 Dene wong wuta kang gagancangan sowan
ﭴﭵﭶ
80:9 Iku wong sing taat (tunduk)
ﭷﭸﭹﭺ
80:10 Sira klewa - klewa marang wong wuta mau
ﭻﭼﭽﭾ
80:11 Aja mangkono, iku weweulang, marang prakara dumadi
ﭿﮀﮁﮂ
80:12 Sing sapa gelem ngistokake
ﮃﮄﮅﮆ
80:13 Kasebut sajeroning Kitab kang mulya (al-Qur’an)
ﮇﮈﮉ
80:14 Linuhurake, sinucekake
ﮊﮋﮌ
80:15 Ing tangen juru tulis
ﮍﮎﮏ
80:16 Minulya, tulus
ﮐﮑﮒﮓﮔ
80:17 Binendon manungsa iku! saiba olehe ora weruh panarima
ﮕﮖﮗﮘﮙ
80:18 Saka barang apa ta kadadeyane
ﮚﮛﮜﮝﮞ
80:19 Saka nutfah, Panjenengane kang dadekake lan aparing kekuatan marang dheweke
ﮟﮠﮡﮢ
80:20 Dene (prakara) dalan, Panjenengane anggampangake tumrap dheweke (dalan lahire bayi)
ﮣﮤﮥﮦ
80:21 Sawise dadi manungsa Allah banjur mateni nuli dipendhem
ﮧﮨﮩﮪﮫ
80:22 Ing tembe manawa Allah ngersakake banjur nguripake wong sing wis mati mau
ﮬﮭﮮﮯﮰﮱ
80:23 Temen dheweke iku ora ngestokake parentahe Allah
ﯓﯔﯕﯖﯗ
80:24 Manungsa padha delenga pangane kang padha dipangan
ﯘﯙﯚﯛﯜ
80:25 Ingsun ngesokake banyu udan saka mega
ﯝﯞﯟﯠﯡ
80:26 Sawise udan tumurun, bumi banjur padha pecah metu thetukulane
ﯢﯣﯤﯥ
80:27 Ingsun banjur nukulake wiji ana bumi
ﯦﯧﯨ
80:28 Lan anggur sarta woh kang migunani
ﯩﯪﯫ
80:29 Lan wit zaitun, apa dene wit kurma
ﯬﯭﯮ
80:30 Lan palemahan kang ana kayone gadhe
ﯯﯰﯱ
80:31 Lan warna - warna woh - wohan, lan suket panganing raja kaya
ﯲﯳﯴﯵ
80:32 Kabeh dadi bebungah, panganira lan raja kayanira
ﯶﯷﯸﯹ
80:33 Ing besuk nalika teka peteking dina qiyamat
ﯺﯻﯼﯽﯾﯿ
80:34 Dinane wong aninggal lumayu sadulure
ﰀﰁﰂ
80:35 Lan ngedohi bapa - biyunge
ﰃﰄﰅ
80:36 Lan ngedohi bojone apadene anak - putune
ﰆﰇﰈﰉﰊﰋﰌ
80:37 Ing dina iku siji-sijining wong padha golek selamete awake dhewe - dhewe, ora mikir liyane
ﰍﰎﰏﰐ
80:38 Akeh rahi kang mencorong cahyane
ﰑﰒﰓ
80:39 Gumuyu tur katon bungah (hiya iku para mukmin)
ﰔﰕﰖﰗﰘ
80:40 Ing dina iku uga akeh rahi kang kaya geluprut lemah
ﭑﭒﭓ
80:41 Saking dening ireng lan petening hulate
ﭔﭕﭖﭗﭘ
80:42 Hiya iku wong kang padha kafir lan anglakoni panggawe ala

Al-Quran


Wednesday, September 9, 2026

Don't forget us in your sincere prayers