Al-Kahf · 21/110
Terjemah Transliterasi — Surat Al-Kahf
وَكَذَٰلِكَ أَعْثَرْنَا عَلَيْهِمْ لِيَعْلَمُوا أَنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ وَأَنَّ السَّاعَةَ لَا رَيْبَ فِيهَا إِذْ يَتَنَازَعُونَ بَيْنَهُمْ أَمْرَهُمْ ۖ فَقَالُوا ابْنُوا عَلَيْهِم بُنْيَانًا ۖ رَّبُّهُمْ أَعْلَمُ بِهِمْ ۚ قَالَ الَّذِينَ غَلَبُوا عَلَىٰ أَمْرِهِمْ لَنَتَّخِذَنَّ عَلَيْهِم مَّسْجِدًا ۝٢١
Wa kazaalika a`sarnaa `alaihim liya`lamooo anna wa`dal laahi haqqunw wa annas Saa`ata laa raiba feehaa iz yatanaaza`oona bainahum amrahum faqaalub noo `alaihim bunyaanaa; Rabbuhum a`lamu bihim; qaalal lazeena ghalaboo `alaaa amrihim lanat takhizanna `alaihim masjidaa
📖 Ing Basa Jawa
Mengkono uga Ingsun ngatonake kahanane wong - wong Ashabul Kahfi iku marang wong - wong mau, supaya wongkang padha durung percaya bakal tangine wong mati ing dina Qiyamat, pada sumurup yen tangine wong mati ing dina qiyamat kang wis didawuhake dening Allah iku ing tembe bakal kaleksanan, apa dene tekane dina Qiyamat iku wis ora perlu dimamang-mamangi maneh mesthi bakal kelakone. Nalika semana wong - wong ing mau lagi rame padha pasulayan perkara kang bakal tangine wong kang wis mati, banjur katungka pasulayan bab kahanane Ashabul Kahfi. Bareng ora bisa rampung dening panemuning wong - wong akeh banjur padha ngucap, "Sira padha ngedhegna gedung ana ing lawanging guwa. Pangerane wong - wong mau (Ashabul Kahfi) luwih ngudaneni kahanane dheweke". Wong - wong kang padha ngalahake perkarane padha ngucap, "Yekti ing lawange guwa iku tak bangun Masjid

M Mishary Rashid Alafasy ✓
M Mahmoud Khalil Al-Husary ✓
A Abdurrahman As-Sudais ✓
M Mohamed Siddiq Al-Minshawi ✓
A Abdul Basit Abdul Samad ✓
A Ali Al-Hudhaify ✓
A Ahmed ibn Ali al-Ajamy ✓
A Abu Bakr Ash-Shaatree ✓
M Muhammad Ayyoub ✓
A Abdullah Basfar ✓
A Abdullah Al-Juhani ✓
M Maher Al Muaiqly ✓
0:00
0:00
📜

Terjemah — Tafsir

1) Tegese tembung-tembung kang perlu dijlentrehake:

  • أَعْثَرْنَا (a'tsarna): ngelakokake wong liya supaya weruh utawa nemu.
  • يَتَنَازَعُونَ (yatanaza'un): padha padu utawa ora setuju.
  • بُنْيَانًا (bunyanan): bangunan.
  • مَسْجِدًا (masjidan): panggonan kanggo sujud/ibadah.

2) Katrangan ayat:

Kaya dene carane Ingsun (Allah) nggawe wong-wong mau turu nganti pirang-pirang taun, banjur Ingsun tangekake maneh, ya kaya mangkono uga Ingsun ngelakokake wong-wong ing jaman iku padha nemu lan ngerti kahanane para pemuda ahli guwa (Ashabul Kahfi). Tujuane supaya wong-wong padha ngerti yen janjine Allah iku bener, yaiku anane dina kebangkitan lan dina kiamat iku mesthi kelakon, ora ana keraguan bab iku. Nalika iku wong-wong padha padu lan ora setuju babagan apa kang kudu ditindakake marang para pemuda mau. Sawise ngerti kahanane lan para pemuda mau padha seda, ana golongan kang ngomong: "Ayo padha mbangun bangunan ing lawang guwa kanggo nutupi lan njaga dheweke." Ana uga kang ngomong: "Pangerane dheweke luwih ngerti kahanane dheweke." Dene para pemimpin lan wong-wong kang duwe panguwasa ing kono padha ngomong: "Kita mesthi bakal nggawe panggonan ibadah (masjid) ing panggonane dheweke."

3) Piwulang lan faedah kang bisa dijupuk:

  • Ayat iki nuduhake yen Allah iku Maha Kuwasa. Panjenengane bisa nggawe wong turu nganti atusan taun banjur tangi maneh. Iki dadi bukti yen Allah uga bisa nguripake manungsa sawise seda ing dina kiamat.
  • Kisah iki ngelingake kita yen dina kiamat iku mesthi kelakon, ora ana sing kudu diragu-ragu. Mula, kita kudu tansah nyiapake awake dhewe kanthi nindakake amal saleh.
  • Ayat iki uga mulangake babagan pentinge nguri-uri lan ngeling-eling wong-wong saleh, nanging kudu ngati-ati supaya ora kaluputan ing babagan iki. Rasulullah SAW wis nglarang nggawe kuburan dadi panggonan ibadah utawa mbangun bangunan ing ndhuwure, amarga iku bisa nuntun marang tumindak kang nyimpang.
  • Saka crita iki, kita sinau yen beda panemu iku lumrah, nanging kudu diselesaikan kanthi cara kang bener lan ora nglanggar syariat.
  • Ayat iki nuwuhake rasa tresna marang Islam, amarga Islam mulangake babagan tauhid, kebangkitan, lan ngajeni marang wong-wong saleh kanthi cara kang bener.


📜 Ayat 19-23 — Surat Al-Kahf

19وَكَذَٰلِكَ بَعَثْنَاهُمْ لِيَتَسَاءَلُوا بَيْنَهُمْ ۚ قَالَ قَائِلٌ مِّنْهُمْ كَمْ لَبِثْتُمْ ۖ قَالُوا لَبِثْنَا يَوْمًا أَوْ بَعْضَ يَوْمٍ ۚ قَالُوا رَبُّكُمْ أَعْلَمُ بِمَا لَبِثْتُمْ فَابْعَثُوا أَحَدَكُم بِوَرِقِكُمْ هَٰذِهِ إِلَى الْمَدِينَةِ فَلْيَنظُرْ أَيُّهَا أَزْكَىٰ طَعَامًا فَلْيَأْتِكُم بِرِزْقٍ مِّنْهُ وَلْيَتَلَطَّفْ وَلَا يُشْعِرَنَّ بِكُمْ أَحَدًا
Lan kaya mengkono uga sawise Ingsun nurokake para Ashabul Kahfi, banjur Ingsun tangekake, supaya padha tekon tinakon marang kancane. Saweneh para Ashabul Kahfi mau sawise pada tangi banjur ana kang takon marang kancane, "Sapira suwne sira manggon ana ing guwa iki?", wangsulane sing ditakoni, "Aku manggon ana ing kene sedina utawa setengah dina". Wusanawong - wong mau padha mufakat ngucap, "Pangeranira kang luwih ngudaneni sapira suwene sira manggon ana ing kene". Saiki sira kongkona salah sawijining kancanira anggawa dhuwit salaka menyeng kutho golek pangan endi kang luwih resik, nuli dheweke gawa rejeki marang sira saka panggonan mau, lan dheweke ana ing dalan sarta ing negara mau, kudu andhap asor, lan poma dipoma aja ana wongkang mengerti ing sira
20إِنَّهُمْ إِن يَظْهَرُوا عَلَيْكُمْ يَرْجُمُوكُمْ أَوْ يُعِيدُوكُمْ فِي مِلَّتِهِمْ وَلَن تُفْلِحُوا إِذًا أَبَدًا
Jalaran yen dheweke nganti padha weruh ing sira, yekti sira bakal diranjam utawa mbalekake sira marang agamane. Dene menawa sira kongsi bali marang agamane (kafi), yekti selawase sira ora bakal pikantuk kabegjan
21وَكَذَٰلِكَ أَعْثَرْنَا عَلَيْهِمْ لِيَعْلَمُوا أَنَّ وَعْدَ اللَّهِ حَقٌّ وَأَنَّ السَّاعَةَ لَا رَيْبَ فِيهَا إِذْ يَتَنَازَعُونَ بَيْنَهُمْ أَمْرَهُمْ ۖ فَقَالُوا ابْنُوا عَلَيْهِم بُنْيَانًا ۖ رَّبُّهُمْ أَعْلَمُ بِهِمْ ۚ قَالَ الَّذِينَ غَلَبُوا عَلَىٰ أَمْرِهِمْ لَنَتَّخِذَنَّ عَلَيْهِم مَّسْجِدًا
Mengkono uga Ingsun ngatonake kahanane wong - wong Ashabul Kahfi iku marang wong - wong mau, supaya wongkang padha durung percaya bakal tangine wong mati ing dina Qiyamat, pada sumurup yen tangine wong mati ing dina qiyamat kang wis didawuhake dening Allah iku ing tembe bakal kaleksanan, apa dene tekane dina Qiyamat iku wis ora perlu dimamang-mamangi maneh mesthi bakal kelakone. Nalika semana wong - wong ing mau lagi rame padha pasulayan perkara kang bakal tangine wong kang wis mati, banjur katungka pasulayan bab kahanane Ashabul Kahfi. Bareng ora bisa rampung dening panemuning wong - wong akeh banjur padha ngucap, "Sira padha ngedhegna gedung ana ing lawanging guwa. Pangerane wong - wong mau (Ashabul Kahfi) luwih ngudaneni kahanane dheweke". Wong - wong kang padha ngalahake perkarane padha ngucap, "Yekti ing lawange guwa iku tak bangun Masjid
22سَيَقُولُونَ ثَلَاثَةٌ رَّابِعُهُمْ كَلْبُهُمْ وَيَقُولُونَ خَمْسَةٌ سَادِسُهُمْ كَلْبُهُمْ رَجْمًا بِالْغَيْبِ ۖ وَيَقُولُونَ سَبْعَةٌ وَثَامِنُهُمْ كَلْبُهُمْ ۚ قُل رَّبِّي أَعْلَمُ بِعِدَّتِهِم مَّا يَعْلَمُهُمْ إِلَّا قَلِيلٌ ۗ فَلَا تُمَارِ فِيهِمْ إِلَّا مِرَاءً ظَاهِرًا وَلَا تَسْتَفْتِ فِيهِم مِّنْهُمْ أَحَدًا
Sawenehe wong - wong kang pada padudon (wong - wong Nasrani ing jamane Nabi Muhammad) mau bakal ngucap, "Hai Ashabul Kahfi iku telu, papat sak asune". sawenehe meneh pada ngucap, "lima, enem sak asune". Pangucape mau mung kira - kira. Sawenehe maneh ana pangucap, "Pitu, wolu sak asune". (Muhammad) dhawuha, "Pangeraningsun sing luwih uninga cacahe ora ana kang sumurup cacahe kang sak benere kajaba mung setitik". Jalaran saksiku, poma dipoma sira kabeh aja pada padudon perkara akehe Ashabul Kahfi, kejaba perka kang ceta katon (keterangan saka al-Quran) lan poma dipoma sira aja pitakon salah sijining wong - wong mau saka cacahe Ashabul Kahfi
23وَلَا تَقُولَنَّ لِشَيْءٍ إِنِّي فَاعِلٌ ذَٰلِكَ غَدًا
Lan poma dipoma sira (Muhammad) sak wise neja nglakoni sawijining perkara aja ngucap, "Sak temene ingsun arep nindakake perkara iku sesuk
Al-KahfDhaptar Al-Quran
110Ayat
MeccanRevelation
21Ayat

Terjemah — Al-Kahf 21

Surat Al-Kahf Ayat 21 - Waca, Rungokna, Terjemah, Jawa : Mengkono uga Ingsun ngatonake kahanane wong - wong Ashabul Kahfi…

Surat Ayat 21/110 — Surat Al-Kahf الكهف (Meccan). Waca Rungokna Terjemah (Jawa). Rungokna: Surat Al-Kahf Rungokna, Surat Al-Kahf Terjemah, Surat Al-Kahf mp3, Surat Al-Kahf pdf. Ayat 19–23. Ing Basa Jawa: Bahasa Indonesia.





Al-Quran


Thursday, October 1, 2026

Don't forget us in your sincere prayers